The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by setyawatibethy, 2021-08-31 02:11:49

Dongeng Bethy

dongeng bethy

Dumadine Papan Wisata Kalibiru

(Dumunung ing Desa Hargowilis Kecamatan Kokap Kabupaten Kulon Progo)
Dening: Bethy Mahara Setyawati

1

Kacarita, ana sawijine sentana Kraton Majapait kang lagi nglakoni
pendadaran ngelmu saka gurune, kanthi njajah desa milang kori, munggah
gunung tumurun gunung. Sentana Kraton Majapait mau asmane Ki Gono. Manut
crita Ki Gono gedhe lelabuhane mbrastha kraman lelembut ing embel kang
mapan ing Desa Tirta. Mula kanggo ngeling-eling lelabuhane asmane dadi Ki
Gono Tirta.

Ki Gono Tirta lakune tumuju Gunung Merapi. Tekan Dhusun Teganing, Ki
Gono leren ana ing dhusun kono. Anggone leren ing omahe warga sing lagi
duwe gawe ngedegake omah. Dening sing duwe omah, Ki Gono Tirta ditampa
kanthi becik, malah kepara Ki Gono Tirta ditepungake karo kenya-kenya kang
padha rewang ing omah iku.

Ki Gono Tirta banjur rewang bebarengan karo kenya-kenya utawa wanita
ing kono kang padha rajang-rajang klubanan kanggo slametan. Ki Gono Tirta
sanajan paes priya mudha tumaruna, nanging uga baut rajang-rajang klubanan,
apa maneh Ki Gono Tirta nduweni pengot utawa lading kang linuwih amarga
pengote bisa rajang-rajang dhewe, dene Ki Gono Tirta amung merem sedhakep.
Para kenya mau padha ngungun weruh kahanan kuwi banjur padha kepengin
njajal pengote Ki Gono Tirta. Ki Gono Tirta ngidini salah sawijine kenya nyilih
pengote, nanging mawa syarat yaiku aja nganti pengot mau didelehake ana
pangkon. Kenya mau nyaguhi, nuli wiwit rajang-rajang. Suwe-suwe kenya mau
ngantuk anggone rajang-rajang, pengot nuli tumiba ing pagkone kenya mau. Ki
Gono Tirta sumurup kahanan mau kaget banget. Kenya sing ora liya aran Ayu
Sunthi mau ora rumangsa.

“Ni sanak, kok ndika nyidrani janji, kamangka pengot iki bakal njalari
bebendu menawa kapangku dening wanita kang isih kenya utawa prawan, “
ujare Ki Gono Tirta sumelang.

2

“Wadhuh, lajeng bebendu menapa ingkang kula sandhang, Ki? Pitakone
wanita kang aran Ayu Sunthi mau.

“Ngene Ni Sanak, sesuk menawa ana kadadean nyalawadi tumrape
sliramu kudu kotampa kanthi eklas, pokoke apa wae kang dumadi,” mangkono
ujare Ki Gono Tirta.

Sarampunge kedadean kuwi, Ki Gono Tirta banjur pamitan nerusake laku
tumuju ereng-erenge Gunung Merapi.

Kurang luwih wolung wulan sawise Ki Gono Tirta ninggalake papan iku,
wanita aran Ayu Sunthi mau mbobot tanpa nganggo omah-omah klawan priya.
Sabanjure, sangang wulan sepuluh ari wanita iku nglairake, nanging gawe
pangeram eram. Sing dilairake dudu jabang bayi manungsa nanging wujud ula
kanthi sisik, awake biru kecu, nuduhake menawa kewan mau ngandhut racun
kang banget ampuhe. Aneh meneh, basan wis gedhe ula mau bisa tata jalma.

“Biyung.....!!!!, lha nganti gedhe semene iki, aku kok durung tau ngerti
wong sing nitisake aku, ta, Biyung...! Banjur wong tuwaku lanang kuwi sapa?”
pitakone ula mau kang wis dijenengi Jaka Kali. “Ngger, anakku, satemene
wong kang ngukir jiwa ragamu kuwi dudu wong lumrah wae, ananging isih
sentana saka Kraton Majapait, asmane Ki Gono Tirta, mangkono wangsulane
biyunge.

“Lha, saiki, wong tuwaku ana ngendi, Biyung?” pitakone Jaka Kali.
“Bapakmu utawa ramamu kuwi saiki lagi mertapa ana ing Gunung
Merapi, nanging kowe aja nggoleki ya, Ngger!” wangsulane biyunge Jaka Kali.
Suwe-suwe Jaka Kali dadi sedhih atine. Ora ngrungokake welinge biyunge,
Jaka Kali tanpa pamitan nuli budhal tumuju Gunung Merapi. Sanajan wujude ula
gedhe, ananging Jaka Kali nduweni kaluwihan, mula ora suwe lakune bisa tekan
ereng-erenge Gunung Merapi. Tanpa leren, Jaka Kali banjur ngecakake aji
pameling sing isine nggoleki ramane yaiku Ki Gono Tirta.
Ki Gono Tirta kang lagi metapa, krungu swara mau banjur jugar anggone
tapa, banjur nggoleki swara kang ora liya swarane Jaka Kali mau.

3

“Sapa kowe....???? paes ula sabogkote tal kok bisa tata jalma lan nyebut-
nyebut menawa aku iki wog sing ngukir jiwa ragamu?” pitakone Ki Gono Tirta.

“Nama kula Jaka Kali, miturut ngendikane Biyung Sunthi, kula menika
yoga panjenengan, dene asal kula saking Dhusun Teganing, Bapa,” ature Jaka Kali
sajak seneng wis bisa ketemu bapake.

“Apa tenan aturmu kuwi? ngene Jaka Kali, aku bakal ngakoni kowe iku
anakku, menawa kowe bisa ngubengi pucuke Gunung Merapi iki,“ wangsulane
Ki Gono Tirta sajak ora pecaya.

Sakedhepe mripat, Jaka kali jleg ngringkeli Gunung Merapi, nanging
durung tepung banjur melet. Nyumurupi kadadean mau, Ki Gono Tirta kanthi
cepet nigas ilate Jaka Kali mau banjur tugel dhel dadi pusaka wujud tumbak.
Dene Jaka Kali amung bisa nangis sanajan awujud ula. Suwe-suwe Ki Gono Tirta
luntur atine banjur ngrangkul ula mau lan ngakoni menawa dheweke iku ramane
Jaka Kali.

“Jaka Kali, ora dakselaki menawa sliramu iku pancen anakku kang
kadadean saka bebendune pengot kang kapangku dening ibumu,” wangsulane Ki
Gono Tirta

“Malah aja kesuwen, ndang balia tumuju Dhusun Teganing. Sadurunge
tekan, sliramu kudu mertapaa ana sawijine kali ing sakulone Dhusun Teganing
kana. Yen sliramu bisa mertapa sajrone patang puluh dina ana kali kana, sliramu
bisa malih dadi jalma manugsa kaya salumrahe.” mangkono dhawuhe Ki Gono
Tirta marang anake sing awujud sarpa mau.

“Inggih, Bapa, kula boten badhe ngucemaken asmanipun tiyang sepuh.
Kepareng kula nyuwun pamit tumuju lepen sakilenipun Dhusun Teganing,” ature
Jaka Kali marang ramane, banjur lap ilang tumuju ing desane. Dene Ki Gono Tirta
ora negakake yogane nuli memanuki lakune Jaka Kali saka kadohan. Jaka Kali
banjur nyemplung ana kali sakulone Dhusun Teganing.

Sabanjure, Jaka kali anggone mertapa wis telung puluh enem dina, kurang
patang dina maneh genep patang puluh dina. Sawiise selapan dina kuwi, kali
kang kanggo tapa Jaka Kali banyune dadi sangsaya biru. Ora mokal amarga Jaka

4

kali sawijine ula kang wujude biru kecu amarga sisike ula mau kebak racun kang
ampuh. Banyu kali mau saya katon biru kileng-kileng.

Kocapa Ki Gono Tirta selak kepengin yogane malih dadi manugsa
salumrahe, mula enggal-anggal nggoleki kali ing sakulone Dhusun Teganing. Ki
Gono Tirta ora pangling weruh ana kali sakulone Dhusun Teganing banjur
nyedhaki kanthi ati kang seneng bakal ketemu marang anak turune.

Jaka kali krasa menawa ramane tumeka ana papan iku banjur jugar
anggone mertapa. Kamangka anggone mertapa durung genep patang puluh dina.

“Adhuh, Ngger sliramu durung patang puluh dina kok wis njugarake
anggonmu mertapa. Sliramu bakal cabar anggone duwe gegayuhan malih dadi
manungsa salumrahe,” mangkono ujare Ki Gono Tirta kanthi rasa keranta-ranta.

“Adhuh, Bapa kok saya dangu lepen kraos panas, tur kula dereng dados
manungsa limrah Bapa, kadospundi menika?” pitakone Jaka Kali sedhih atine.

“Mangertia Ngger, anggonmu mertapa durung genep patang puluh dina,
sliramu wis jugar , mula wis dadi kodrate sliramu ora bisa dadi jalma manungsa
kaya gegayuhanmu,” ujare Ki Gono Tirta rumangsa sedhih nyumurupi kahanan
kang nemahi putrane.

Bareng karo ujare Ki Gono Tirta, sanalika ana gludhug jumlegur, kahanan
dadi peteng ndhedhet lelimengan. Kaya-kaya nyekseni sedhihe atine Jaka Kali
kang cabar anggone duwe gegayuhan dadi manungsa salumarhe. Sabubare
gludhug jumlegur, swasana ngelok-eloki. Bareng swasana padhang maneh kali
kang banyune biru kanggo mertapa dening Jaka Kali ilang musna kari dadi kali
cilik sing banyune kemricik lan wis ora biru maneh banyune.

Ki Gono Tirta ora leren-leren rumangsa sedhih batine. Ing swasana ati
kang sedhih mau banjur tumeka ing papane pedhut sakulone Dhusun Teganing.
Panjenengane ninggal piweling menawa desa sakulone Dhusun Teganing iku, ing
besuke bakal kondhang kawentar kanthi jeneng Kalibiru. Ing papan iku bakal
ditekani dening wong saka jaban rangkah saperlu cangkrama lan ngenggar-
enggar penggalihe. Para warga padha ngestokake dhawuhe Ki Gono Tirta. Tekan
saiki papan mau isih kasebut Kalibiru sanajan kaline wis ilang dadi kali cilik.

5

Para warga percaya menawa kudu tansah njaga Kalibiru iku nganti wektu
saiki. Dene Kalibiru saiki dumunung ana sakulone Dhusun Teganing. Amarga
para warga tansah njaga dhawuhe Ki Gono Tirta, ing papan iku jebul dadi
kasunyatan dadi papan kang ditekani wong saka jaban rangkah saperlu padha
wisata. Menawa plesir ana Wadhuk Sermo ngalor sethithik wis tekan papan sing
endah sesawangane, kepenak hawane yaiku papan wisata Kalibiru, kang
dumunung ing Desa Hargowilis Kecamatan Kokap Kabupaten Kulon Progo, kang
kurang luwih 40 km saka Kutha Ngayogyakarta.

Dumadine Jeneng Pesisir Glagah

6

(Dumunung ing Desa Glagah Kecamatan Temon Kabupaten Kulon
Progo)

Dening: Bethy Mahara Setyawati

Kacarita pasowanan ing dina Anggara Kasih ing Kadipaten Purworejo,
sawijining parentahan kang ayom-ayem tentrem, gemah ripah loh jinawi
bebasan nandur gedhang apepupus cindhe. Kang jumeneng adipati, satriya

7

bagus tanpa cinacat jejuluk Kanjeng Adipati Cokro Negoro. Sawijining dina,
Kanjeng Adipati Cokro Negoro kaadhep sowane Patih Wirodigdo kang sarwa
wicaksana, rayi dalem Kanjeng Pangeran Cokro Joyo, Tumenggung Bajul Kawak
kang sarwa brangasan dhasar turasing brandhal, Senapati Notoyuda, sarta
andhering para kawula ing pasowanan. Dumadakan kesaru sowane abdi dalem
kang tinanggenah njaga gedhung pusaka kanthi krenggosan miyak pasowanan.

”Kanjeng Adipati ngaturaken kedrawasan!” Kanjeng Adipati ndangu,
”Ana apa sira ora ingsun timbali miyak pasowanan gawe kageting kang
padha sowan!” Kanthi wedi abdi dalem mau matur,
”Kanjeng Adipati, caos uninga bilih pusaka dalem Keris Kyai Nagarunting
musna saking gedhung pusaka.”
”Kyai Nagarunting ilang?” pitakone Kanjeng Adipati ndrebabak semu
duka.
”Dhimas Pangeran Cokro Joyo, ingsun dhawuh marang sira, upadinen
musnaning Kyai Nagarunting nganti ketemu lan enggal budhala saiki uga!”
”Sendika Kangmas,” mangkono ature rayi dalem, dhasar satriya mudha
kebak ing kasetyan.
”Tumenggung Bajul Kawak, sira ingsun dhawuhi mlapat lakune Dhimas
Pangeran Cokro Joyo, yen adoh cedhakana dene yen cedhak adohana,”
ngendikane Kanjeng Adipati.
”Sendika dhawuh, Kanjeng,” wangsulane Tumenggung Bajul Kawak.
Bareng Kanjeng Pangeran Cokro Joyo lan Tumenggung Bajul Kawak lengser saka
pasowanan, Kanjeng Adipati ngendika maneh,
”Kakang Patih Wirodigdo, pasowanan wus cukup, mula borong bodholing
pasowanan!”
”Sendika.............! Para nayakaning praja, para demang, wara lurah, para
wira tamtama, dalasan para kawula pasowanan ing dina iki bodhol,” mangkono
ature Patih Wiradigdo.
Gantya kang cinarita, ing Taman Kaputren, garwa dalem Kanjeng Adipati
Cokro Negoro, Raden Ajeng Retna Ambarsari dhasar nedheng-nedhenge mbabar

8

asmara tur uga temanten anyar pisan. Nalika semana kaadhep abdi kinasih
katelune, Ki Suto, Ki Noyo, lan Emban Mendes padha suka pari suka jejogedan
lan tetembangan amarga gaweane wis rampung kabeh. Dumadakan ana sowane
Pangeran Cokro Joyo,

”Kula ingkang sowan, Kang Mbok ”
”Dhimas, kene-kene lenggah Dhimas, banjur kepriye wigatine pasowanan
mau? lha, kok kondur kersa pinarak mampir ing kaputren?”
”Inggih, Kang Mbok, kula kadhawuhan ngupadi pusaka dalem Kanjeng
Adipati Kyai Nagarunting ingkang musna saking gedhung pusaka, nanging kula
boten gadhah kanca ateges kaijenan.”
”Banjur kersamu kepriye, Dhimas?” pandangune Raden Ajeng Retna
Ambarsari karo mesam-mesem angujiwat gawe brantaning sapa wae priya kang
nduweni jatining priya.
”Mbok bilih kepareng kula badhe nganthi Suto lan Noyo kangge kanca
kula, Kang Mbok.”
”Lha, ya oleh wae ta, Dhimas, apa wae jer kanggo sliramu, apa ta kang
ora keparingke?” mangkono ngendikane sajak ngadi-adi.
”Nanging ngene ya, Dhimas, sadurunge sliramu tindak, sliramu dakaturi
pinarak dhahar kembul, kersa ya Dhimas?” Kekarone lan katelu abdine mau
banjur padha tumuju ing panti boga. Sawise kuwi Kanjeng Pangeran Cokro Joyo
lan abdi kalorone Suto lan Noyo banjur pamitan bundhal nggoleki pusaka.
Durung wae katelune budhal nggoleki pusaka kesaru tekaning Tumenggung Bajul
Kawak ing ngarepe regol Kaputren.
”O, ngaten ta Panjenengan Kanjeng Pangeran! kadhawuhan ngupadi
pusaka, lha kok ngglanuk malah bebasan ngogek-ogek turus ijo nggebang garwa
dalem Raden Ajeng Retna Ambarsari!”
”Ora bener gunemmu, Bajul Kawak, aku kampir ana kaputren, ora
nggebang garwa dalem Kangmas Adipati Cokro Negoro nanging aku mundhut
bebantu abdine Kang Mbok Raden Ajeng Retno Ambarsari yaiku Paman Suto lan
Paman Noyo kanggo kanca ngupadi pusaka.”

9

”Panjenengan sampun kumbi, Kanjeng Pangeran, sampun pados

pawadan, liripun dhandhang diaturake kuntul, kuntul diaturake dhandhang,

yen mangkono dakaturake Ngarsa Dalem,” ature Tumenggung Bajul Kawak karo

cengkelak klepat oncat saka regol kaputren.

”Kados pundi, Kang Mbok, wonten lelampahan kados makaten,”

ngendikane Kanjeng Pangeran Cokro Joyo sajak keweden kadukanan.

”Aja was sumelang Dhimas, saiki enggal budhala karo Paman Suto lan

Noyo, mengko kareben aku dhewe kang matur ing Ngarsa Dalem Kang Mas

Adipati Cokro Negoro,” mangkono ngendikane Raden Ajeng Retna Ambarsari

banjur ngibrit sowan ing ngarsane Kanjeng Adipati. Dene Kanjeng Pangeran

Cokro Joyo lan abdine sakelorone banjur nerusake laku. Tindake Raden Ajeng

Retna Ambarsari kalah cepet karo playune Tumenggung Bajul Kawak tumekane

pendhapa.

”Lho, ana apa durung suwe sira mlapat tindake Dhimas Pangeran Cokro

Joyo lha kok wus ngadhep maneh kanthi sumengka pengawak braja?”

pandangune Kanjeng Adipati.

”Caos palapuran Kanjeng, jebulipun nalika kula mlapat tindakipun

Kanjeng Pangeran Cokro Joyo, Kanjeng Pangeran malah nedya tumindak nistha

kumawani nggebang garwa dalem Raden Ajeng Retna Ambarsari. Menika leres

Kanjeng, jangga kula sumangga katigas menawi atur kula menika dora!” Durung

wae Kanjeng Adipati ngendika, Raden Ajeng Retna Ambarsari kang sawetara uga

singidan mirengake palapurane Tumenggung Bajul Kawak kanthi duka banget

banjur miyos saka puri.

”Kowe ora nylangkrak, Bajul Kawak, endah-endah sliramu tilasing begal,

mula ya seneng adul-adul. Panjenengan sampun pitados kalihan aturipun Bajul

Kawak menika Kangmas”

”Meneng kabeh, ingsun paring pepancasan lan ingsun luwih percaya karo

ature Bajul kawak, mula sliramu Dhiajeng Ambarsari, sira luput, mula dina iki uga

ingsun ora sudi duwe garwa kaya sliramu. Saiki sliramu kudu mati saka

tanganku!”

10

Sanalika Kanjeng Adipati banjur namakake keris marang Raden Ajeng
Retna Ambarsari, nanging sang Dewi bisa oncat jengkar saka pendhapa. Dene
Tumenggung Bajul Kawak bungah banget atine kasil ngedu kumba Kanjeng
Adipati. Sawise Ngarsa Dalem lejar dukane, Tumenggung Bajul Kawak
kadhawuhan ngoyak playune Raden Ajeng Retna Ambarsari.

Playune Raden Ajeng Retna Ambarsari tumekaning tapel watesing
Kadipaten Purworejo. Jroning penggalih sang Dewi arsa sumusul Kanjeng
Pangeran Cokro Negoro. Pedah apa mapan ing kaputren yen wis ora dadi
garwane sang Adipati. Durung wae leren aggone mlayu saka kadohan wis
katungka pambengoke Bajul Kawak.

”Mandheg ... Mandheg ... Den Ajeng !”
”Bajul Kawak! marem atimu bisa ngedu kumba aku karo Ngarsa Dalem!”
ngono ngendikane sang dewi duka banget.
”Nan Dalem samenika sampun randha ateges sampun boten
dipunkersakaken Kanjeng Adipati minangka garwa malih. Kajeng kula
panjenengan dados semah kula mawon. Kula menika kirangipun menapa, bagus
tur inggih dados tumenggung, temtu saget ngayomi Nan Dalem Den Ajeng!”
mangkono ature Bajul Kawak sesongaran.
”Bajul Kawak, aku ora sudi dadi bojomu, tilasing begal ya kaya kowe!”
”Sampun boten kersa estu? brandhal rak kala rumiyin...., menapa kedah
kula rudapeksa.... candhaaaaaaaak!” ucape Bajul Kawak karo nggrayang salirane
sang Dewi. Nanging sang Dewi ora ulap, mula banjur mlayu sipat kuping
sajeroning alas. Dene Bajul Kawak kang wis nandhang asmara ngoyak playune
sang Dewi karo jejogedan.
Kocapa playune Raden Ajeng Retna Ambarsari mangetan pernahe
nyedhaki wewengkon Padhepokan Kaligesing. Kang dadi pandhita peparab Ajar
Waskito Jati. Esuk kuwi kaya adate, Bapa Ajar Waskito Jati kaadhep para cantrik
mentrik lan putri kinasihe peparab Mas Rara Endhang Wulandari. Dina iku para
cantrik lan mentrik padha ngangsu kawruh marang Bapa Ajar Waskito Jati.
Dumadakan ana tedhake sang Dewi Retna Ambarsari mlebu ing padhepokan.

11

”Bapa, kula ingkang marak,” mangkono kang kawetu ing sela-selaning
napas kang ngongsrong.

”Lho, mangga Den Ajeng, lha kok mlajar-mlajar wonten menapa tedhak
ing Kaligesing ngriki?”

”Dadosna kawuningan Bapa, samenika kula sampun boten dados garwa
Adipati malih awit saking licikipun Tumenggung Bajul Kawak, mila kula nyuwun
pangayoman, Bapa.”

Durung wae Bapa Ajar Waskito Jati ngendika, Bajul Kawak tanpa nganggo
suba sita mbegagah mlebu ing padhepokan.

”Bapa Ajar, amit sewu kula mlebet ing padhepokan mbujung tiyang,
Bapa.”

”Nyuwun pangapunten, kadosipun boten wonten buron wana ingkang
lumebet wonten ing padhepokan, Nak Mas Tumenggung,” pangandikane Bapa
Ajar sareh lan pakoleh.

”Beburon ingkang kula kajengaken inggih menika Raden Ajeng Retna
Ambarsari, malah menawi kepareng sekalian Mas Rara Endhang Wulandari ugi
badhe kula suwun dados semah kula, menawi boten kepareng Bapa Ajar badhe
menapa?”

”Lho, kok mekaten lereging pangandikanipun Nak Mas Tumenggung,
kamangka Nan Dalem menika rawuh ing papan menika minangka tamu kula,
tamtu kersa Nan Dalem badhe kula pepalangi!”

”Bapa Ajar, kula tetep badhe pinanggih Raden Ajeng Retna Ambarsari.
Menawi boten pareng, kula menapa panjenengan ingkang badhe ndrebabah ing
bantala, lha wong wis tuwa wae kok, mlayua ya pedhot napase,” mangkono
guneme Bajul Kawak banjur sumadhiya ing blabar kawat.

Tandhinge Ajar Waskito Jati mungsuh Bajul Kawak padha sektine.
Kalodhangan iku digunakake Raden Ajeng Retna Ambarsari lan Mas Rara
Endhang Wulandari jengkar nylametake awake.

Suwe-suwe, sanajan sekti sang Ajar Wakito Jati kalindhih tandhinge
nganseg mangetan meh tumekaning Alas Randhu Gumbala. Alas Randhu

12

Gumbala papane para brandhal lan begal. Sing dadi gegedhuge jeneng Suro
Bedor lan Wiro Dengkek. Kalorone sedulure Bajul Kawak, sadurunge dadi
tumenggung ing Kadipaten Purworejo. Kaya padatan Suro Bedor lan Wiro
Dengkek ngaglah ing tengahing dalan nyegati para sodagar kang sugih bandha.
Saka kadohan keprungu jeriting wanita. Ora liya Raden Ajeng Retna Ambarsari
lan Mas Rara Endhang Wulandari kang wis tekan Alas Randhu Gumbala. Let
sawetara kasusul Ajar Waskito Jati.

”Tulung............ tuluuuuuuuuug! Katelune nglumpruk ing ngarepe Suro
Bedor lan Wiro Dengkek.

”Sapa iki wong telu, sing loro ayu-ayu, sing siji tuwek pikun sapa kowe?”
ngono pitakone begal sakelorone.

”Sinten pajenengan menika? Kula tetiga nyuwun kawelasan. Nepangaken
menika Raden Ajeng Retna Ambarsari, dene menika anak kula Endhang
Wulandari, lan kula piyambak Ajar Waskito Jati,” ngendikane Bapa Ajar Waskio
Jati kanthi megap-megap.

”Yoh, Bapa takayomi nanging Ndika kudu sarujuk menawa Raden Ajeng
Retna Ambarsari dados semah kula lan Mas Rara Endhang Wulandari dados
semahipun Kakang Suro Bedor,” celathune Wiro Dengkek.

Durung wae Bapa Ajar Waskito Jati paring wangsulan, Mas Rara Endhang
Wulandari sumela,

”Yoh, taksaguhi nanging ana bebanane!” Lagi wae Wiro Dengkek arep
sumaur dumadakan saka kadohan ana ketebange tumenggung Bajul Kawak.

”Adhi........... Adhi Suro Bedor lan Wiro Dengkek……..! lha kok malah
beburonku wus ana tanganmu?” pitakone Bajul Kawak padha kangen-kangenan.

”Dadi, beburon wanita loro iki duwekmu, Kakang Bajul Kawak ? Nanging,
sareh dene kowe wus mukti dadi tumenggung, bok eklasna wanita loro iki
kanggo aku lan adhi Wiro Dengkek!” ngono panyuwune Suro Bedor.

Katelune padha padudon dhewe. Banjur Mas Rara Endhang Wulandari
sumela,

13

”Wis aja padha padudon dhewe-dhewe, kaya kandhaku ing ngarep, aku

saguh dadi bojone sapa wae antarane wong telu, kowe Bajul Kawak, Suro Bedor,

lan kowe Wiro Dengkek, endi sing paling sekti kuwi sing nduweni wenang ngepek

bojo aku lan Raden Ajeng Retna Ambarsari.”

”Yoh, yen ngono sanajan awake dhewe wong telu kuwi sedulur nanging

kudu tegel ngeklasake patine dhewe-dhewe,” ngono wangsulane Bajul Kawak.

Banjur katelune padha ngedu atosing balung lan wuleting kulit.

Kalodhangan kuwi digunakake dening Bapa Ajar Waskito Jati, Raden Ajeng Retna

Wulandari kanggo lunga golek slamet.

Tandhinge katelune rame banget,

”Adhi Suro Bedor, lan kowe adhi Wiro Dengkek krubuten aku, aku wae

sing ngepek bojo Endhang Wulandari lan Raden Ajeng Retna Ambarsari!” ngono

panantange Bajul Kawak nguwuh-uwuh.

”Kakang Bajul Kawak......! saiki tetandhingane leren....leren......leren

kabeh! mripatmu padha ora weruh apa, yen buronane dhewe kae padha lumayu.

Wah, jenenge kecolongan iki, blai tenan iki. Ayo dioyak ..... oyaaaaaaaak! ”

mangkono katelune banjur rebut cepet padha mbujung playune.

Sambunganing carita, tindake Pangeran Cokro Joyo kesasar ing ngarepe

Guwa Semar.

”Paman Suta lan Paman Noyo, Wis tekan ngendi iki lakune awake dhewe?

Kae lha kok ana guwa kang lawange kaya tutuke Kyai Semar?” ngendikane

Kanjeng Pangeran marang abdi kalorone. Durung wae abdi kinasihe matur

dumadakan angin banter, swasana peteng ndhedhet lelimengan, ora let suwe

banjur ana swara dumeling.

”Kaki titah Ulun Pangeran Cokro Joyo, aja sungkawa ing penggalih,

amarga Kaki Cokro Joyo wus tekan mangsa kalane antuk gawe nemokake Kyai

Nagarunting ing sajroning guwa kae, Kaki, wus Kaki andum basuki.” Swasana

kang maune peteng ndhedhet dadi padhang trawangan.

”Paman....Paman..... nalika peteng mau kowe padha krungu swara apa,

Paman ?”

14

”Ndara, menawi boten klentu pamireng kula kekalih swanten wau
swanten angin, Ndara,” ature abdine.

”Paman....swara mau paring pituduh, menawa Kyai Nagarunting
dumunung ing jero guwa kae. Mula ayo enggal-enggal mlebu guwa kae!”
ngendikane Kanjeng Pangeran nuli katelune mlebu guwa.

”Paman....! iki waspadakna, Kyai Nagarunting tumumpang ing watu
gilang iki. Wis ya Paman, dakastane keris iki lan ayo enggal metu saka guwa iki,”
kanthi age-age katelune banjur metu saka jeroning guwa lan banjur nerusake
laku.

Ora sawetara suwe katelune wus adoh saka dununge guwa. Lakune saya
suwe saya rekasa, bebasan nasak eri bebondhotan apa maneh grumbul-grumbul.

”Paman.........Paman, kene mandhega dhisik, jagad wasesaning Bathara,
bareng Kyai Nagarunting wis kecekel, teka krasa lungrah saliraku,” astane ngawe
abdine kinasih.

”Ndara, lha kok medal eri rendhet kados mekaten ta, Ndara ?” ature
abdi sakelorone kang bola-bali ngulapi eri ing sikile.

”Iya Paman, aku dhewe bingung, bok menawa Gusti durung rampung
anggone paring pacoban marang titahe. Mula ya Paman Suto lan kowe Paman
Noyo, gandheng ing ngarepe dhewe kacegatan eri rerendhetan kaya mangkene
iki, mula seksenana besuk yen ana rejaning jaman papan iki bakal dadi desa
Krendhetan,” mangkono sabdane Kanjeng Pangeran Cokro Joyo.

”Inggih, Ndara, kula nyekseni,” ature abdi sakelorone.
Kocapa, bareng Kanjeng Pangeran ngendika, sanalika eri rerendhetan ing
sapengarepan ilang musna. Ilange eri rerendhetan njalari cepete anggone tindak
Kanjeng Pangeran Cokro Joyo lan abdi sakelorone. Tindake mangetan saka
krendhetan tekan sapinggiring kali. Ing kana, katelune uga leren sadhela.
”Paman, tekan ngendi iki? lha, kok malah tekan kali gedhe kaya
mangkene?” ngendikane Kanjeng Pangeran pungun-pungun. Dene abdine malah
padha arep nyemplung. Tan kenyana-nyana saka kadohan ana playune wanita
loro, lan sawijining resi. Bareng cedhak banjur gapyuk.

15

”Dhimas....Dhimas.... dakgoleki tindakmu nganti rontang-ranting kaya
ngene, Dhimas,” ngendikane Raden Ajeng Retna Ambarsari ngondhok-ondhok.

”Inggih, Kang Mbok....... malah kula sampun kasil manggihaken Kyai
Nagarunting. Priyayi kalih menika sinten, Kang Mbok?” ngendikane Kanjeng
Pangeran.

”Menika Bapa Ajar Waskito Jati lan ingkang ayu menika putranipun Bapa
Ajar,” ngendikane Raden Ajeng Retna Ambarsari kanthi bungah banget.

”Bapa Ajar, sungkem pangabekti kula konjuk bapa.” Sanalika astane
nyembah caos urmat.

”Dhawah sami-sami Kanjeng Pangeran, malah kula tetiga kelunta-lunta,
awit kula kabujung-bujung dening Bajul Kawak, Suro Bedor, lan Wiro Dengkek,
tetiganipun badhe ngrudapeksa Raden Ajeng Retna Ambar Sari saha anak kula
Wulandari,” ngendikane Ajar Waskito Jati lan banjur crita lelakone Adipati Cokro
Negoro kang wis tega marang garwane Raden Ajeng Retna Ambarsari.

”Sampun Bapa, pancen pakartinipun Tumenggung Bajul Kawak tetela
murang krama, ngoglengaken kasektenipun, mila sampun was sumelang, bok
bilih wonten tantrimanipun Bajul Kawak, mangke kula ingkang badhe ngadhepi,”
ngono ngendikane Kanjeng Pangeran. Durung wae rampung anggone tukar
pangandikan, saka kadohan katon arak-arakan pawongan, basan cedhak, ing
ngarep dhewe katon Bajul Kawak nguwuh-uwuh sesumbar,

”Wulandari....Wulandari...... Ambarsari.... Ambarsari...... yen wurung
karepku nduwe bojo kowe, aluwung mati ambyuring kali iki”

”He, kowe Tumenggung Bajul Kawak, Suro Bedor apadene Wiro
Dengkek.....! ing pinggiring kali iki bakal klakon sumpahmu!” ngono panantange
Pangeran Cokro Joyo. Anggone pasulayan rame banget, Kanjeng Pangeran Cokro
Joyo rada keseser, mula banjur ngliga Pusaka Kyai Nagarunting kang sumunar
gawe blereng.

”He... Kanjeng Pangeran, tamakna aku sakanca Kyai Nagaruntingmu, aku
ora nggigrig,” sumbare Bajul Kawak.

16

”Bajul Kawak, Suro Bedor, lan Wiro Dengkek, tampanana Kyai

Nagarunting kang bakal nguntapake nyawamu!” panantange Pangeran Cokro

Joyo kanthi ngliga Kyai Nagarunting.

”Adhuuuh ..... Adhuhhhhhhhhh.... mundur.... munduuur ambyur kali

kabeh wae!” ngono sambate Bajul Kawak lan kanca-kancane ambyur ing kali.

Saka kadohan Bapa Ajar Waskito Jati, Raden Ajeng Retna Ambarsari, Endhang

Wulandari, Suto lan Noyo padha nyandheg playune Kanjeng Pangeran Cokro

Joyo.

”Kanjeng Pangeran, kula aturi marangkakaken Kyai Nagarunting, awit

tamtu sadaya sampun pejah !” panyaruwene Ajar Waskito Jati.

”Inggih, Bapa. Lho.... Bapa, ... sinarengan ambyuripun Bajul Kawak

wonten ing lepen menika, lha kok wonten bajul tutukipun nyongot kados

makaten ta, Bapa? Mila ndadosna pamriksa bilih wonten rejaning jaman kali

menika kasebuta Kali Congot !” mangkono sabdane Pangeran Cokro Joyo. Ajar

Waskito Jati, Raden Ajeng Retna Ambarsari, Endhang Wulandari, dalah abdine

caos paseksen.

”Inggih kula nyekseni Kanjeng Pangeran !” Kanjeng Pangeran

sarombongan banjur nerusake laku kondur ing Kadipaten Purworejo.

Kacarita tindake Kanjeng Pangeran sarombongan ngidul ngetan prenahe

nurut pinggiring Kali Congot. Ora let suwe, wus tekan pinggiring pesisir. Raden

Ajeng Retna Ambarsari krasa lungrah banget amarga suwene lumaku.

”Dhimas... Dhimas...... kaya-kaya aku wus ora kuwat menawa kudu

lumaku, Endhang Wulandari uga mangkono.”

”Kanjeng Pangeran, menapa prayoginipun konduripun medal samodra

mawi baeta kemawon ” ature Ajar Waskito Jati.

”Prayogi Bapa, nanging kedah pados kajeng kangge damel baeta, Bapa”

ngendikane Kanjeng Pangeran.

”Kanjeng Pangeran, ing pokipun kali Congot menika wonten wit-witan

ngaglah cacahipun tiga, kula lajeng kengetan kalihan Bajul Kawak, Suro Bedor,

lan Wiro Dengkek. Nalika semanten anggenipun ngaglah, mbegagah ayun-
17

ayunan utawa tetandhingan, mila menawi kepareng wit tiga menika kasebata wit
glagah,” ature Ajar Waskito Jati.

”Inggih Bapa, kula nyekseni wit-witan tiga menika kasebuta wit glagah.
Pramila, gandheng wit-wit menika gesang wonten ing pesisir menika, menawi
wonten rejaning jaman, pesisir menika kasebuta Pesisir Glagah, ” mangkono
sabdane Kanjeng Pangeran.

”Kanjeng Pangeran,
gandheng Nan Dalem
ngersakaken baeta, keparenga
Suto kalihan Noyo kadhawuhan
nebang salah sawijining wit
menika kangge ndamel baeta,”
ature Ajar Waskito Jati.

”Prayogi Bapa, mila
Ndika sadaya nuli ndamel baeta kangge kondur ing Kadipaten Purworejo,”
dhawuhe Kanjeng Pangeran. Let sawetara, baeta wus dadi, mula Kanjeng
Pangeran Cokro Joyo, Ajar Waskito Jati, Raden Ajeng Retna Ambarsari, Endhang
Wulandari, lan abdine sakelorone banjur nitih baeta kondur metu segara
sakiduling Pesisir Glagah mangulon.

18

Mangkono iku crita dumadine Pesisir Glagah lan papan sakiwa tengene.
Pesisir Glagah dadi papan wisata ing Kabupaten Kulon Progo kang kondhang
kaloka. Wektu saiki, sacedhake kono arep dibangun Bandara NYIA kang bakal
saya nambahi kondhanging wewengkon kasebut.

19

Dumadine Jeneng Wadhuk Sermo

(Dumunung ing Desa Hargowilis Kecamatan Kokap Kabupaten Kulon
Progo)

Dening: Bethy Mahara Setyawati

Wadhuk Sermo minangka sawijining papan pariwisata kang awujud
wadhuk kang dumunung ing Dhusun Sermo Desa Hargowilis Kecamatan Kokap
(kurang luwih 36 km saka Kutha Ngayogyakarta). Wadhuk iki karesmekake
dening Mantan Presiden Soeharto nalika tanggal 20 November 1996 kapungkur.
Ambane kira-kira 157 Ha. Ngelingi ambane samana iku tekan saiki Wadhuk
Sermo isih murakabi banget minangka sarana pariboga (irigasi pertanian),
paritirta (nyukupi kabutuhan banyu masyarakat), parimina (perikanan),
pariwisata, lan olah raga. Dene asal-usule Wadhuk Sermo kaya mangkene:

Sadurunge dadi wadhuk, ing papan kono dumunung kali kang kang
kinupengan Alas Gemulung. Kali iku minangka salah sawijining papan kang wigati

20

amarga kali mau kang nggabungake dalan tumuju ing pasar tiban ing Menguri,
Plawangan, Sungapan, Tamanan, lan sapanunggalane.

Wong-wong lajon kang arep tumuju ing papan kasebut kudu nyabrang
kali mau. Carane nyabrang mesthi wae kudu njaluk pambiyantune juru sabrang.
Apa maneh yen wektu rendheng kaline deres lan jero pisan.

Ing kana, ana salah sawijine juru sabrang jenenge Ki Sermo. Dijenengi Ki
Sermo amarga ana jalarane. Critane mengkene, nuju sawijining dina, akeh wong
kang padha kendhang lan mati ora ketemu jasade sanajan wis disabrangake
dening dheweke.

Kabeh mau mesthi wae ndadekake dheweke minangka juru sabrang
prihatin banget. Nuju dina malem Jemuwah Kliwon, dheweke ngimpi ditemoni
kajiman kang mbaureksa kali kono. Ing pangimpen mau, supaya ora akeh
bebanten tumrap wong kang nyabrang, dheweke mula kudu bisa nemokake
rambute kang mbaureksa kali kono. Rambut mau gunane kanggo gendholan
wong-wong kang arep padha disabrangake. Dene papane ana tengahe alas saklor
kulone saka kali. Tinemune papan mau, jebul ana ing pakuburan suwung. Dene
kang dikubur ora dingerteni sapa jenenge. Rambut mau memper tetuwuhan
kang rupane semu abang, thukul saka jero lemah.

Rambut mau banjur dijupuk digawa bali. Saben arep nyabrangake wong,
dheweke nggawa rambut mau saeler. Anehe sanajan amung gondhelan rambut
saeler, rambut mau ora pedhot lan wong-wong kang nyabrang padha slamet, ora
kecemplung ing kali. Kabeh wong padha gumun, amarga dheweke yen
nyabrangake wong mung nganggo rambut saeler utawa sarekma. Saka kadadean
iku, mula kanggo ngeling-eling dheweke, wong-wong ing desa kono, nyebut
papan mau kanthi sebutan Sermo. Sabanjure, kali kang diceritakake ing dhuwur,
saiki wis ora ana amarga di bendung dadi wadhuk. Sarehne wadhuk mau
dumunung ing Sermo, mula wadhuk diresmekake kanthi sesebutan Wadhuk
Sermo.

21

Dumadine Papan Pariwisata Sendhang Clereng

(Dumunung ing Desa Sendhangsari Kecamatan Pengasih Kabupaten
Kulon Progo)

Dening: Bethy Mahara Setyawati

22

Jaman biyen ing desa Blubuk kang saiki kaprenah Dhusun Secang Desa

Sendhangsari Kecamatan Pengasih Kulon Progo, ana sawijining kulawarga

jenenge Ki Cokrojoyo lan Nyi Cokrojoyo. Esuk kuwi ora kaya padatan, nalika Ki

Cokrojoyo bali anggone nderes klapa, kanthi age-age Nyi Cokrojoyo mapag sing

kakung kanthi kebak esem banjur celathu,

”Kadingaren Kang, lha kok sampun rampung anggenipun nderes, ta?”

”Iya, Nyi, lha wong aku mengko arep resik-resik kiwa tengen omah,”

mangkono wangsulane Ki Cokrojoyo, banjur kalorone mlebu omah. Ora gantalan

wektu keprungu lawang ngarep dithothog-thothog tamu,

”Kula nuwun……kula nuwun.” lamat-lamat keprungu swarane

pawonngan. Ki Cokrojoyo lan Nyi Cokrojoyo enggal-enggal mapagake tamune,

nanging kekarone uga durung tepung karo tamu kuwi. Ki Cokrojoyo banjur

salaman karo celathu,

23

”Mangga, Ki Sanak pinarak lenggah. Panjenengan menika sinten kok kula
dereng tepang.” Tamune banjur wangsulan,

”Kula menika tiyang ingkang ngulandara, boten gadhah sanak lan kadang.
Nama kula Ki Jaga.” Katon banget menawa Ki Jaga salah sawijine pawongan kang
nduweni kaluwihan. Kanthi grapyak sumanak Ki Cokrojoyo nepungake,

”Ndherek nepangaken, kula Cokrojoyo dene ing sisih kula menika semah
kula Nyi Cokrojoyo. Pidamelan kula nderes kelapa.” Kanthi sareh banjur Ki Jaga
takon maneh,

”Lha, menapa asil anggenipun panjenengan nderes menika cekap kangge
sakulawarga?” Banjur Ki Cokrojoyo wangsulan,

”Inggih cekap Ki Sanak, sinaosa sekedhik kula kalihan semah kula rumaos
boten kekirangan lan malah tansah ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Allah
ingkang paring rejeki.” Ki Jaga kang ora blaka menawa panjenengane iku Sunan
Kalijaga mbatin,

”Lha, becik tenan panemune wong iki,” banjur ngendika,
”Kula menika rumaos welas kalihan panjenengan sakulawarga, pramila
kula badhe tetulung panjenengan. Nanging wiwit samenika panjenengan kedah
teteki wonten ing papan menika ingkang dangunipun 1000 dinten. Panjenengan
boten pareng tindak saking ngandhapipun pang ingkang kula tancepaken
menika!” Durung nganti Ki Cakrajoyo mangsuli, sanalika kuwi Ki Jaga ilang
sapandelengan kanthi cepet banget kaya-kaya sinamber gelap.
Kacarita Ki Jaga (Sunan Kalijaga) tindake mangetan tumeka ing Desa
Wanalela. Tekan salah sawijining omah, Ki Jaga mandheg. Dumadakan sing duwe
omah nemoni. Kang duwe omah iku asmane Raden Ayu Wanalela dene
pagaweane medel sinjang. Ki Jaga banjur takon,
”Mbok, menika desa pundi lan menapa kepareng menawi kula nyuwun
toyanipun saceglukan kemawon kangge tolak salit?” Sing duwe omah katon ora
patia nggagas lan malah ditinggal mlebu-metu karo grenengan. Dumadakan sing
duwe omah ngathungake bathok kang isi banyu wedelan karo celathu,

24

”Lha menika menawi kersa panjenengan unjuk!” Ki Jaga nampani bathok
mau karo ngelus dhadha. Ing batin panjenengane ngudarasa,

”Kebangetan temen wong iki, menehi omben wae tilas kanggo medel tur
grendhengan pisan.” Ki Jaga banjur ndonga supaya papan kuwi diparingi banyu
lan lemah sakiwa-tengene padha subur ora kaya kahanan nalika kuwi. Bareng
rampung anggone ndonga, Ki Jaga nancepake cis ing lemah. Bareng cis diangkat,
sanalika metu banyu mak clering amarga bening lan kena sunare srengenge esuk
kuwi. Weruh pangeram-eram iku, Raden Ayu Wanalela kaget banjur takon karo
Ki Jaga,

“Panjenengan menika sejatosipun sinten, kadosipun boten kados titah
limrah?”

Ki Jaga banjur wangsulan, “Sajatine aku iki Sunan Kalijaga kang nembe
nyebarake agama Islam ing papan iki!” Krungu tembung iku sanalika Raden Ayu
Wanalela nglumpruk sinambi matur, ”Kula nyuwun pangapunten, Kanjeng Sunan
dene kula wantun tumindak kasar dhumateng panjenengan.” Kanjeng Sunan
Kalijaga nuli ngendika,

”Wis ora dadi apa Mbok, sesuk maneh diati-ati lan malah seksenana ya
Mbok, gandheng nalika cis mau takjabut saka lemah, papan iki banjur mak
clering metu banyune kang bening lan ora mandheg-mandheg, mula sesuk
menawa ana rejane jaman sendhang iki takjenengi Sendhang Clereng.”

Ing sendhang mau akeh iwak cilik upamane lele lan kutuk. Lele kang sirah
lan awake ireng iku minangka pasemone wong kang tumindak reged utawa ala.
Dene kutuk tegese terkutuk utawa kena bebendu. Dadi karepe, pawongan kang
ana ing Sendhang Clereng, kudu tansah resik sakabehane, ya resik laire lan resik
batine.

Bareng nalika wis diapura dening Sunan Kalijaga, Raden Ayu Wanalela
wedine ilang banjur matur,

”Inggih Gusti, benjing kula nyebar wartos menika dhateng tangga
tepalih.” Durung wae rampung anggone Raden Ayu Wanalela matur, mak lap
Sunan Kalijaga wis ora katon ing mripat amarga kadadean mau lumaku kanthi

25

cepet. Ing batin Raden Ayu Wanalela asung panuwun marang Kanjeng Sunan
Kalijaga amarga wis paring tetulung. Desa Wanalela kang maune larang banyu
banjur dadi desa kang akeh banyu, subur makmur loh jinawi.

Kacarita Kanjeng Sunan Kalijaga wis adoh tindake. Dumadakan penggalihe
emut menawa tau ninggal weling karo Ki Cokrojoyo kang didhawuhi teteki
suwene 1000 dina, kamangka wektu iku wis kliwat saka 1000 dina. Kanjeng
Sunan Kalijaga nuli tindak tumuju ing Desa Blubuk. Tekan kana, Kanjeng Sunan
Kalijaga kaget amarga Desa Blubuk wis dadi alas gung liwang-liwung lan kebak
eri bebondhotan. Panjenengane ora kesel-kesel tansah nggoleki Cokrojoyo.
Nalika diundang makaping-kaping tetep ora ana wangsulane Cokrojoyo. Kanjeng
Sunan Kalijaga banjur sedhakep. Saka paningale kaya-kaya metu geni kang
ngobong alas mau. Alas banjur kobong mangalad-alad. Bareng geni wis mati, ing
punthukaning awu katon Ki Cokrojoyo isih waras-wiris sanajan awake wis kobong
lan geseng. Kanjeng Sunan Kalijaga banjur ngendika,

”Kaki Cokrojoyo, sanajan awakmu wis kobong lan geseng, nanging sliramu
isih waras-wiris, mula wiwit dina iki jenengmu takganti kanthi jeneng Sunan
Geseng lan makmurana agama Islam ing papan kene.”

Sapungkure kadadean kuwi, Kanjeng Sunan Kalijaga banjur nerusake laku
dene Sunan Geseng mulang agama Islam ana ing papan kuwi nganti taun pira
ora dimangerteni. Kang baku bareng wis seda Sunan Geseng disarekake ana ing
wewengkon Dhusun Ngulakan Desa Hargorejo Kokap Kulon Progo. Pasareyane
dijenengi Makan Sunan Geseng, dene pase ana ing sakidul wetan Kalurahan
Hargorejo.

Nganti saiki saben taun sepisan ing makam iku dianakake pagelaran
wayang kulit. Dene Sendhang Clereng didadekake papan kanggo lelumban utawa
pemandian dening warga Kulon Progo nganti tekan saiki.

26

Dumadine Jeneng Kokap lan Kalibuka

Dening: Bethy Mahara Setyawati

Esuk kuwi ing Padhepokan Argakarya lagi wae nganakake pandadaran
ulah kanuragan. Nalika para santri wus padha kesel, Kanjeng Sunan Geseng asma
timure Ki Cokrojoyo, ngawe para santri supaya nyedhak lungguh ing pendhapa
padhepokan Argakarya, yen saiki kira-kira ing wewengkon Ngulakan. Ing ewone
santri mau ana kang banget ditresnani dening Kanjeng Sunan Geseng, jenenge
Sekabat Maknun lan Sekabat Mukhsin. Santri sakeloron takon,

”Kanjeng Sunan, wonten dhawuh menapa dene nimbali kula sakeloron?”
Kanjeng Sunan Geseng ngendika,

”Kowe sakeloron kelingan apa ora nalika biyen aku didadekake sunan ing
kene kanthi sebutan Sunan Geseng dening Kanjeng Sunan Kalijaga? Wis pirang-
pirang taun lawase, kena apa panjenengane ora kersa rawuh mrene, nganti saiki
papan kene wus akeh banget santri-santrine kang padha ngangsu kawruh bab
agama Islam marang aku.” Sekabat Mukhsin krungu pangandikan mau banjur
matur,

”Lha inggih kemutan Kanjeng, malah nalika panjenengan taksih asma Ki
Cokrojoyo, teteki dhateng wana ngriki kabesem ngantos geseng lajeng Kanjeng
Sunan Kalijaga ndhawuhi panjenengan madeg sunan kanthi sebutan Sunan
Geseng.”

”Bener aturmu Sekabat, nanging ya gene Panjenengane ora kersa rawuh,
kamangka saking akehe santri, ing wanci sasi Pasa kaya ngene iki aku dadi ora
bisa lelungan, marga ya pancen ora ana kang makili.

27

Lan maneh satenane kena apa kawiwitan madege padhepokan iki nganti
saiki, Kanjeng Sunan Kali Jaga babar blas ora ngaruhake, apa maneh aku
kepengin nyuwun iguh pratikele kepriye anggone arep mekarake ajaran suci iki,
Sekabat, ” mangkono ngendikane Sunan Geseng.

Durung wae santri sakelorone mangsuli, ing padhepokan dumadakan ana
angin lesus gedhe lan swasana ganti peteng ndhedhet. Kahanan mau ora suwe
banjur ganti padhang trawangan, ing kana prayata kang dirasani wus rawuh yaiku
Kanjeng Sunan Kali Jaga. Kanthi gita-gita Sunan Geseng asung pambagya,

”Kadya kejugrugan wukir sari kabenan ing segara madu, Jengandika kersa
tedhak ing papan menika, rak inggih sugeng rawuhipun Kanjeng Sunan? Panci
kula srantos rawuhipun.”

”Sanajan sliramu ora matur aku wis pirsa kahanan lan isine penggalihmu
Kaki,” mangkono ngendikane, pancen wis ngerti sadurunge winarah jalaran
kinasihan mring Pengeran.

”Ngene, aku arep ngelarake agama suci iki bebarengan sliramu lan para
santri ing kene, dene arahe ngalor ngulon saka papan iki.”

”Kula sarujuk sanget nanging samenika nedheng-nedhenge wulan suci
pasa Kanjeng Sunan, lajeng kadospundi?” pitakone Sunan Geseng lan para
santrine.

”Sliramu ora susah kuwatir, malah ing wulan pasa, Gusti Allah bakal
paring dalan kang jembar kanggo ayahan iki, Kaki. Mula Sesuk bubar saur
wektune gagat esuk dherekna aku budhal mangulon. Saiki sliramu enggal ngaso
klawan para santri,” ngono dhawuhe Kanjeng Sunan Kali Jaga. Sunan Geseng
kang isih timur kanthi trengginas banjur nyambangi para santrine age-age ngaso
supaya sesuk uthuk-uthuk bisa budhal mangulon.

Bubar saur esuk kuwi, rombongan para santri budhal. Dalane sarwa
rumpil, munggah ereng-erenge gunung. Papan kuwi isih wujud alas gung liwang-
liwung durung kasasak jalma manungsa. Ing ngarep dhewe Kanjeng Sunan
Geseng, dene ing burine atusan para santri lan uga Sekabat Mukshin lan Sekabat
Maknun kang kapatah mikul jodhang. Jodhang-jodhang mau digawe saka kayu

28

memper bandhosa ditutupi gombal. Isi jodhang mau boga kanggo pasediyan
buka utawa saur. Dene Kanjeng Sunan Kali Jaga wis ndhisiki nanging ora kasat
mata.

Lakune rombongan mau saya suwe saya rindhik amarga dalane saya
rekasa. Ora krasa srengengene wis gumlewang mangulon. Wektu kuwi wis
wayahe nindakake Sholat Ashar. Kanjeng Sunan Geseng nuli dhawuh para santri
padha sesuci ing papan kuwi.

Eba kagete para santri lan panjenengane dene Kanjeng Sunan Kali Jaga
wis wiridan ing sandhuwuring watu ngenteni Sunan Geseng lan para santri
nindakake dhawuhe agama diimami dening Kanjeng Sunan Kali Jaga. Sawise
rampung Kanjeng Sunan Kali Jaga ndhawuhi para pendherek lan Sunan Geseng
nerusake laku. Dene Kanjeng Sunan Kali Jaga kaya padatan wus ora katon dinulu.

Kocapa ora suwe rombongan kuwi wis tekan sawijine papan rada rata.
Sanajan papan kuwi dudu alas nanging akeh wit-witan gedhe kang njalari
kahanan rada peteng. Srengengene saya suwe wis katilep ing gunung lan wit-
witan. Para pendherek banjur didhawuhi leren dening Sunan Geseng. Kanthi
age-age Sunan Geseng ngendika,

”Para pendherek, para santri padha lerena, manut kahanan kang peteng
kaya ngene iki mesthine wis wancine buka pasa. Mula kabeh wae padhaa
nyedhaki jodhang kae!” Krungu dhawuh kaya ngono iku, para pendherek padha
rebut ducung nyedhaki jodhang kang isi boga. Sunan Geseng dhewe banjur
ndhawuhi para pendherek,

”He, para pendherek saperangan padha nyingkapa jodhang kae!” Sing
nyedhaki jodhang ora liya Sekabat Mukhsin lan Maknun. Sakelorone rebutan
anggone nyingkap tutupe jodhang. Sekabat kalorone eneng-enengan rebutan,
nganti Sunan Geseng dhewe kewuhan anggone misah. Tanpa kanyana-nyana
mak jleg Kanjeng Sunan Kali Jaga wis ana papan kana karo ngendika,

29

”Sabara, mengko le nyingkap, mengko le nyingkap, sanajan kaya wis
peteng nanging iki durung wayahe mbatalake pasa!”

Krungu kaya mangkono mau Sunan Geseng matur marang Kanjeng Sunan
Kali Jaga,

”Kula wau mireng ngendikanipun Kanjeng Sunan Kali Jaga mengko le
nyingkap ngantos kaping kalih mila keparenga kangge panngenget-enget papan
menika benjing kasebata Kokap ateges mengko le nyingkap.”

”Prayoga Kaki Sunan Geseng, lan aku melu ndedonga sesuk papan kene
bakal dadi pradesan kanthi sebutan Kokap,” mangkono ngendikane Kanjeng
Sunan Kali Jaga banjur kabeh padha nerusake laku.

Lakune para pendherek munggah gunung arahe ngalor ngulon. Swasana
remeng-remeng. Para pendherek lakune tekan sapinggire kali cilik kang banyune
bening. Kabeh para santri padha leren ing kana. Ing sapinggiring grojogan wus
ngadeg jejeg Kanjeng Sunan Kali Jaga kang lamat-lamat katon Jubah putihe.

”Kaki Sunan Geseng lan kowe kabeh para santri, iki wayahe wis surup
buka, mula ayo padha bukaaaaaaaaaa !!!!” Sawise buka, Sunan Geseng banjur
matur,

“Alhamdulillah Kanjeng Sunan, awakipun piyambak saged buka lan
anggenipiun buka ngepasi wonten pinggiring lepen.”

”Iya, alhamdulillah bisa buka, mbatalake pasa srana memangan boga
saanane, mula sliramu Sunan Geseng lan para santri kabeh, amarga anggone
buka ana pinggiing kali, mula seksenana papan iki sesuk bakal dadi papan
panggonan kanthi sebutan Kalibuka,” ngono pangandikane Kanjeng Sunan Kali
Jaga marang Sunan Geseng lan para pendhereke.

30

Guwa Kiskendo

(Dumunung ing Desa Jatimulyo Kecamatan Girimulyo Kabupaten
Kulon Progo)

Dening: Bethy Mahara Setyawati

31

Guwa Kiskendo sawijine papan wisata ing Kabupaten Kulon Progo.
Papane udakara 38 km arah mangulon saka Kutha Ngayogyakarta. Dene pase ing
pegunungan menoreh. Dijenengi Guwa Kiskendo amarga tilas Keraton Kiskendo
ing donyane pawayangan. Critane mangkene:

Kacarita Bathara Guru ing Kayangan Suroloyo kaadhep dening Patih
Nurada lan Dewi Tara putrane Bathara Indra. Bathara Guru bombong penggalihe
amarga Dewi Tara sawijine widadari kang sulistya ing warna tur becik bebudene.
Mula wektu iku akeh kang padha ngayunake.

Kocapa nembe wae sinigeg pangandikane Sanghyang Bathara Guru,
kesaru sowane raseksa. Sanghyang Bathara Guru banjur mbagekake tekane
raseksa mau,

”He, titah ulun Lembu Sura.....! apa wigatine sira, ora ulun timbali magita-
gita ngadhep ing Suroloyo?”

32

”Inggih pikulun, sowan kula supados nglamar sawijining widadari kangge
garwa sesembahan kula Sang Prabu Mahesa Sura ing Keraton Guwa
Kiskendo,”ature raseksa mau.

”He, kowe aja cumanthaka! sesembahan kita iku awujud raseksa asesirah
kebo, dene pantese jejodhoan klawan raseksi. Widadari atmaja ulun, ora pantes
kanggo tetimbangan Ratu Gusti kita,” ngendikane Bathara Guru semu duka.

”Pikulun....! menawi pikulun boten ngeparengaken Dewi Tara kagarwa
sesembahan kula, Suroloyo nedya kula damel karang abang, kula aturi
sumadhiya ing perang,” ature Lembu Sura.

”Menawa panjalukmu mangkono, tunggunen ing Alun-alun!” mangkono
ngendikane Sanghyang Nurada, patih ing Suroloyo. Bareng ngendika kaya ngono,
pasowanan ing Kayangan Suroloyo nuli kabodholake.

Kocapa ing Alun-alun Suroloyo perange Patih Lembu Sura mungsuh para
dewa rame banget. Para dewa padha kasoran amarga Patih Lembu Sura pancen
sekti mahambara. Sumbare nguwuh-uwuh ameminta lawan. Nyumurupi kahanan
ing paperangan, Sanghyang Nurada banjur ngadhep ngarsane Bathara Guru.

”Adhi Guru, ulun kang ngadhep tadhah deduka, para dewa kasoran
anggone ngadhepi pangamuke Lembu Sura,” ature Sanghyang Nurada.

”Kakang Nurada, ulun wus pirsa kabeh mau, nanging kados pundi
kemawon, Kayangan Suroloyo tamtu badhe risak kawontenanipun,” ngendikane
Bathara Guru.

”Mekaten Adhi Guru yen mboya sisip, wekdal menika ing lengkehing
Gunung Jamurdipa wonten wanara kalih aran Sugriwa lan Subali, putra Pancuran
Manik kang nembe kemawon teteki. Saking pratikel ulun, kadhawuhana wanara
kekalihipun mejahi kraman ing Suroloyo. Menawi saget nigas jangganipun Prabu
Mahesa Sura menapa dene Lembu Sura pramila kadhaupna kalihan Nini Dewi
Tara, Adhi Guru,” mangkono ature Sanghayang Nurada.

”Prayogi Kakang Nurada, malah ulun ngaturi Kakang Nurada tedhak ing
lengkehing Gunung Jamurdipa mbadharaken titah ulun Kaki Sugriwa lan Subali

33

anggenipun teteki,” ngendikane Bathara Guru. Dene Sanghyang Nurada banjur
ngambahing gegana tumuju ing lengkehing Gunung Jamurdipa.

Sanghayang Nurada wus tumeka ing lengkehing Gunung Jamurdipa.
Kanggo mbadharake lan nyoba kasektene satriya loro Sugriwa Subali,
pajenengane salin wujud dadi Matengga Seta kang gedhene tanpa lawan, sigra
nyaut wandane satriya loro. Dumadakan satriya loro mau banjur badhar
anggone teteki banjur lumawan sang Matengga Seta. Matengga Seta kasil
kakrubut satriya loro banjur badhar dadi Bathara Nurada.

”Titah ulun Kaki Sugriwa lan Subali, ulun mundhi dhawuhipun Adhi Guru,
kinen njugarake teteki kowe sakeloron. Lan menawa kowe sakeloron bisa nigas
janggane Prabu Mahesa Sura lan Lembu Sura kang wektu iki ngraman ing
Suroloyo, bakal kadhaupake kalihan Nini Dewi Tara,” ngendikane Sanghyang
Nurada.

”Ingih pikulun nyuwun pangestu, kula kekalih badhe ngestokaken
dhawuhipun Sanghyang Bathara Guru kinen ngendarat kraman, kepareng kula
nglurug ing Kiskendo,” ature satriya sakeloron banjur budhal ing Kiskendo.

Lakune Sugriwa lan Subali ya Raden Guwarsa lan Raden Guwarsi wus
tekan tepis wiringing Kraton Kiskendo. Ing kono jinaga dening prajurit Kiskendo
kang ditindhihi dening Tumenggung Satayaksa buta asesirah jago.

”He................!, ana pragosa loro, sapa jenengmu, ngendi pinangkamu, lan
arep menyang ngendi ?” panyaruwene Tumenggung Satayaksa.

”He buta, jenengku Subali lan iki kadangku Sugriwa, aku dadi jagone para
dewa ing Suroloyo. Tekaku mrene arep nglurug perang ing Keraton Kiskendo,”
wangsulane Subali.

”Sugriwa Subali, yen kena takeman, wurungna anggonmu duwe
kekarepan ngendarat Ratu Gustiku, yen mbacut takgedheng mustakamu,
takkrubut wadya bala Kiskendo,” wangsulane Tumenggung Satayaksa karo
nantang.

34

”He, Sata Yaksa, yen bisa ngalahake aku karo Dhimas Sugriwa, aku ora
mbacut, iki tampanana kepelanku!” panantange Subali karo njotos mustakane
Satayaksa.

Perang tandhing mungsuh Tumenggung Satayaksa sawadyabalane,
kawiwitan. Perange rame lan suwe. Saya suwe balane Satayaksa kaseser.

”Munduuuuuuur......, munduuuurr......!” Tumenggung Satayaksa sinambi
tinggal glanggang colong playu.

Subali lan Sugriwa ora ulap enggal-enggal mbujung playune Tumenggung
Satayaksa kang mlayu mlebu ing Kraton Kiskendo.

”Dhimas Sugriwa lakune aku lan kowe anggone mbujung playune
Tumenggung Satayaksa wis tekan lawange guwa Kraton Kiskendo. Piwelingku
Dhimas Sugriwa, jaganen lawange guwa iki, aku kang bakal nggedheng
mustakane Prabu Mahesa Sura. Nanging gatekna welingku Dhimas, menawa
saka jero guwa metu banyune putih, tegese banyu iku campur ludiraku, kang
ateges aku tiwas. Nanging menawa banyune rupane abang, ateges banyu iku
campur ludirane Mahesa Sura. Aja lali, Dhimas! Aku takenggal-enggal mlebu
nemoi Mahesa Sura. Wis ya, Dhimas, sing ngati-ati ing kono. Aku njaluk pamit
Dhimas, ” mangkono piwelinge Subali marang rayine.

Kacarita Prabu Mahesa Sura lagi
lungguh sinewaka dening Patih Lembu
Sura buta asesirah sapi. Dene Prabu
Mahesa Sura buta asesirah kebo
lenggah ing dhuwur titihane aran
Jathasura.

”Kakang Patih Lembu Sura,
sowanmu ing ngarsa ingsun, takaturi
lenggah kang prayoga,” ngendikane
Prabu Mahesa Sura.
”Prayogi Dewaji, sowan kula caos palapuran anggenipun kadhawuhan
nglamar putri Suroloyo, cabar lan samenika dados peperangan ing alun-alun
35

Kayangan Suroloyo. Para Dewa manggihi kawontenanipun Kusuma Ayu Dewi
Tara. Nanging Kayangan Suroloyo sampun kula damel karang abang. Para dewa
samya kaseser ing jurit mengsah kula lan sawetawis prajurit dalem, Dewaji,”
mangkono ature Patih Lembu Sura marang Ratu Gustine.

Durung suwe anggone sinewaka, dumadakan ana sowane Tumenggung
Satayaksa kanthi krenggosan.” Ngaturaken kedrawasan Dewaji, kula ingkang
sowan, Dewaji.”

”Tumenggung Satayaksa nyela-nyela sira monjuk ing ngarsa ingsun,
kamangka ora ingsun timbali, ana wigati apa krenggosan kaya ngono!” pitakone
Prabu Mahesa Sura.

”Dewaji, caos uninga bilih ing Kraton, kedhatengan mengsah
pangakenipun pinta srayanipun dewa ing Suroloyo aran Subali lan Sugriwa.
Sakeloron kumawani badhe nggedheng mustaka dalem Dewaji. Lan malih
sampun kula trenggalani lampahipun ananging kula kasoran ing jurit, Dewaji,”
mangkono ature Tumenggung Satayaksa.

”Keparat, kethek elek, Kakang Patih Lembu Sura lan Sira Tumenggung
Satayaksa, ketabna wadya bala ing Kiskendo, dipethukake Kethek Subali lan
Sugriwa kang wus wani dadi jagoning dewa ing Suroloyo!” mangkono sumbare
Prabu Mahesa Sura.

Durung wae mbudhalake wadya bala ing Kiskendo, pragosa kang aran
Subali wus mlumpat ing ngarepane Prabu Mahesa Sura.
Sugriwa:

Sun iki dutane dewa,
Kinen anggedheng mustaka nireki,
Mahesa Sura Sang Prabu,
Kongas ambeg angkara,
Wani nglamar Tara widadari Agung,
Atmajaning Dewa Indra,
Manuta mring awak mami.

36

Prabu Mahesa Sura:
Malang kadhak he pragosa,
Kang kinarya jago dewa yekti,
Perang tandhing yudanigsun,
Serep bandu lan nyawa,
Aywa kongsi tinggal glanggang colong playu,
Dadya tumbaling Kiskendo,
Sapa lena bakal mati.

Kacarita tandhinge Subali mungsuh Prabu Mahesa Sura rame banget.
Rigkese crita, Prabu Mahesa Sura lan titihane, Patih Lembu Sura, Tumenggung
Satayaksa, sirahe kasil den adu kumba nganti sirahe padha ajur kumur-kumur
kang ndadekake banyu ing guwa malih abang campur putih.

Kocapa Sugriwa kang ana jabane guwa ndulu, banyu saka jero guwa
abang campur putih den kira menawa kadange tuwa Subali mati sampyuh
lumawan raseksa. Tanpa sraba-sraba lawange guwa katutup watu gedhe. Dene
sabanjure konjuk ngarsane Sangyang Bathara Guru, Banjur Sugriwa kadhaupake
karo Dewi Tara.

37

Puncak Suroloyo

38

(Dumunung ing Dhusun Keceme Desa Gerbosari Kecamatan
Samigaluh

Kabupaten Kulon Progo)
Dening: Bethy Mahara Setyawati

Suroloyo dumunung ing Dusun Keceme, Desa Gerbosari, Kecamatan
Samigaluh, Kabupaten Kulon progo, kang kurang luwih 50 km saka Kutha
Ngayogyakarta.

Manut pawayangan, Suroloyo papane para dewa. Jlentrehe cerita kaya
mangkene:

39

Sawijining dina ing Kahyangan Jonggring Saloka, Sanghyang Bathara Guru

lagi nganakake patemon karo Sanghyang Nurada .

”Adhi Guru, menawi kula waspadaaken, panjenengan sajak boten rena

ing penggalih? Menapa wonten bab ingkang damel sengkeling penggalihipun

Adhi Guru?” mangkono sabdane Sanghyang Nurada.

”Kakang Nurada, sampun wonten pinten-pinten dinten penggalih ulun

boten jenjem, wontenipun namung tansah nratap, bebasan ninggal ponang bayi

ing sapinggiring blumbang. Menapa taksih kirang anggenipun ulun ngasta bawat

mrananta para hapsara lan hapsari, ulun minta wewenganipun Kakang Nurada,”

ngendikane Sanghyang Bathara Guru.

Durung wae Sanghyang Nurada ngendika, bebasan idua durung asat,

nginangnga durung abang, ana tekane narendra yaksa kanthi ngrepepeh-

ngrepepeh ing Kahyangan Jonggring Saloka.

”Kakang Nurada, mboya sisip kados wonten satunggaling denawa kang

ngadhep. Mangga kadangua sinten pracikanipun, saking pundi dhangkanipun,

saha menapa darunanipun ?

”He, Ki Sanak yaksa sapa pracikamu, saka ngendi dhangkamu, lan apa

darunane genea sowan ora cecala dhisik?” ngono pandangune Sanghyang

Nurada.

”Pikulun Nurada lan Pikulun Bathara Guru, nama kula pun Prabu

Gandarwoyaksa, pinangka kula saking Keraton Giri Kadhasan, sowan kula

kepengin nyuwun pirsa. Pikulun, dumugi samenika kula sampu diwasa malah

sampu ngadeg raja ing Giri Kadhasan, kula dereng nate mangertos sinten ingkang

dados lantaranipun kula tumitah ing alam donya menika. Menawi taksih gesang

sinten wewanginipun. Menawi sampun murut ing kasedan jati, wonten pundi

kuburipun? Menika mangke menawi Pikulun Bathara Guru boten saget

nedahaken sudarma kula, prayogi mandhap saking dhampar Marcupundha.

Pedah menapa dewa boten saged maringi pepadhang marang titahipun,”

mangkono ature Prabu Gandaruwoyaksa nguman-nguman kawicaksananipun

dewa.

40

Nyumurupi kahanan kaya ngono kuwi, Bathara Guru duka yayah sinipi.
”Kowe titah ora duwe suba sita, wani nguman-uman ulun, ketaman Cis
Jaladara rampung nyawamu,” mangkono dukane Sanghyang Bathara Guru
sanalika ngungalake Cis Jaladara, dene sing didukani semperat mlumpat metu ing
alun-alun.
”Plikencong waru dhoyong, mangke ta Adhi Guru takaturi ngracut
dukanipun, ulun kang bakal ngampungi Prabu Gandaruwoyaksa ingkang
samenika ngepung Kayangan Jonggring Saloka,” mangkono Sanghyang Nurada
anggone ngracut dukane Sanghyang Bathara Guru.
”Inggih ta Kakang Nurada, rumaos buneg penggalih ulun, karangketa
kewala titah kang wani marang dewa, ulun borongaken Kakang Nurada,” ature
Sanghyang Nurada.
Bodhole pasowanan tan cinaritaake. Ing alun-alun Jonggring Saloka, para
dewa kang den tindhihi Sanghyang Nurada, perang rame.
”Kaki Gandaruwoyaksa, yen kena ulun elingake, balia wae, aja kowe
terusake niyat kowe takon sudarma, Adhi Guru mboya ngerti sudarmamu,”
pangandikane Sanghyang Nurada
”Mokal para dewa boten mangertos sudarma kula, menawi dewa boten
saget nedahaken sudarma kula, pilaur kula dumugining pejah mengsah para
dewa, Pikulun,” wangsulane Prabu Gandaruwoyaksa nantang perang.
”Kowe mboya kena den elingake, Nyamadipati jabuten buta iki, Brama
obongen nganggo geni, krubuuuuuuuuut! ngono dhawuhe Sanghyang Nurada
banjur kabeh para dewa ngrubut Prabu Gandaruwoyaksa.
Perange rame banget. Para dewa padha keplayu, para widadari padha
pating jlerit, para yaksa ngrusak wewangunan Kayangan Jonggring Saloka kepara
saya ngangsek lumebu. Nyumurupi kahanan mau Sanghyang Nurada nggegana
ngadhep ngarsane Bathara Guru.
”Adhi Guru tadhah deduka, ulun lan para dewa mboya bisa ngendhih
kasektene Gandaruwoyaksa, manut pamrayogi ulun, Khayangan prayogi pun

41

suwungaken, mangga jengkar kewala, Adhi Guru,” palapurane Sanghyang
Nurada.

”Kakang Nurada, prayogi sowang-sowangan tedhak ing marcapada,
Kakang,” ngono ngendikane Sanghyang Bathara Guru.

”Mangga suwawi ulun dherekaken tumurun ing ngarcapada, Adhi Guru,”
ngendikane Sanghyang Nurada banjur ndhawuhi para widadara lan widadari
jengkar saka Kayangan. Sabanjure Kayangan Jonggring Saloka dijegki dening
Prabu Gandaruwoyaksa sabalane.

Jengkare para dewa arep tumuju ing Gunung Merapi. Karepe arep njaluk
pitulungan marang Bathara Ismaya (Semar). Ananging tekan ing Gunung Merapi,
Bathara Ismaya ora ana. Bathara Ismaya lan para putrane momong turasing
Medhang Kamulan yaiku Ki Gedhe Markukuhan lan rayine Gadhing Pawukir,
abdine Kebo Gedheg lan Sapi Geleng.

Bathara Guru minta sraya Ki Gedhe Markukuhan nundhung kraman kang
ngejegki Kayangan Suroloyo. Kabeh mau disaguhi dening Ki Gedhe Markukuhan.
Dene kang didhawuhi nundhung Kraman Suroloyo dipandhegani dening Senapati
Gadhing Pawukir. Kanggo papan mesanggrah para dewa, Bathara Guru njaluk
diyasakake pesanggrahan kang memper wewangunan Kayangan Jonggring
Saloka. Bathara Ismaya banjur miwiti ngeningake cipta, netra mandeng pucuking
gunung tursina, astane sedhakep salugu tunggal, nutupi babahan nawa sanga,
sanalika jleg ana wewangunan kang memper Kayangan Jonggring Saloka.
Gandheng papan mau kanggo mesanggrah para dewa mula dadi Kayangan
Suroloyo. Ing papan kene akeh maneh patilasan-patilasan kayata Sendhang
Kawidadaren, Sendhang Kadewatan, Sendhang Simbarjaja lan liya-liyane.

42

Dumadine Jeneng Desa Bugel

(Dumunung ing Kecamatan Panjatan Kabupaten Kulon Progo)
Dening: Bethy Mahara Setyawati

Bugel mapan ing Desa Bugel Kecamatan Panjatan Kabupaten Kulon
Progo. Tembung Bugel tegese tunggak gedhe saka wit-witan taunan. Ing kene
dibangun memper tugu kang madeg tekan saiki. Pas tugu kuwi, biyen-biyene ana
wit taunan nanging ora dhuwur, meh kayadene tunggak. Manut caritane wong-
wong biyen, wit mau minangka papan keratone bangsa lelembut. Ora ana kang
wani negor wit kuwi. Mula bukane dadi Desa Bugel critane kaya ngisor iki:

Esuk kuwi rombongane Pangeran Natakusuma wus tekan wewengkon
sakulone Kali Progo. Rombongan padha gawe pesanggrahan. Awit dhawuhe
rama dalem Sri Sultan Hamengku Buwana lan Ibune BRAY. Srenggoro, Pangeran
Natakusuma kadhawuhan supaya ngedegake salah sawijining Kadipaten ing
wewengkon Adikarta.

43

Nuju sawijining dina, Pangeran Natakusuma kaadhep putrane Pangeran
Sasradiningrat, sentana dalem Raden Sasradigdaya, Dewi Rasa Wulan lan Raden
Purwadigda banjur padha rembugan. Pangeran Natakusuma arep ngedegake
Kadipaten. Mesthi wae mbutuhake prabeya lan barang kanggo mbangun dalem
Kadipaten. Mula Kanggo saka gurune kadipaten, mbutuhake kayu kang gedhe,
tuwa, lan mesthi wae kayu kang becik. Dene kayu kang gedhe kuwi, anane ing
alas gedhe, sakulon Kali Progo. Saliyane iku, papan mau isih wingit lan kadadean
saka rawa-rawa.

Pangeran Natakusuma banjur paring dhawuh,
”Putraku Pangeran Sasradiningrat, Dhimas Sasradigdaya lan Dhimas
Purwadigda, gandheng adeging kadipaten mbutuhake kayu kanggo saka guru,
mula entenana sedhela, ingsun bakal muja semedi sawetara minta wewenganing
Kang Akarya Jagad.”
Sawuse ngeningake cipta, Kanjeng Pangeran Natakusuma banjur
ngendika,
”Sawise ingsun semedi, ingsun wus antuk wewenganing Kang Akarya
Jagad. Panjenengane paring wangsit yen saka gurune kadipaten kudu digolekake
saka arah ngigul ngulon saka papan kene. Dene alas mau akeh rawa-rawane lan
ana bangsane kajiman kang njaga. Ora gampang bisa nasak alas kuwi. Mula
ingsun bakal nganakake sayembara sapa wae ora mawas putra, kadang sentana
lan sasapa wae sing bisa nyowananake saka gurune calon Kadipaten Pakualaman
bakal nampa ganjaran yayi Dewi Rasa Wulan,” ngono ngendikane Pangeran
Natakusuma.
”Menawi mekaten, kepareng kula nyuwun pangestu Rama, kula inggih
badhe ngupadi saka gurunipun Kadipaten Pakualaman,” ngono ature putrane.
”Iya Ngger, pagestuku mbanyu mili kanggo jeneng sira, mula ora ateges
nundhung, iki ingsun paringi piandel Keris Nagabanda. Enggal budhala lan aja lali
nganthi abdi kinasihmu Paman Jiwa lan Paman Jiweng.” Kanjeng Pangeran
Sosrodiningrat banjur tindak didherekake abdi kinasihe.

44

”Dhimas Sasradigdaya lan sira Dhimas Purwadigda plapaten lakune
putraningsun, yen adoh cedhakana, dene yen cedhak adohana, aja Dimas
tegakake lan Yayi Dewi Rasa Wulan takkeparengake lerem sawetara,”
ngendikane Pangeran Natakusuma.

”Sendika Kangmas,” ature sentana dalem sakeloron. Dene Kanjeng
Pangeran Natakusuma lan Dewi Rasa Wulan banjur jengkar.

Kacarita ana ing pinggiring alas ana tetungguling brandhal jenenge Ki Sura
Bangsat, adhine jeneng Ki Sura Braok lan eketan andhahane. Dene gaweane
nyegati wong-wong kang liwat saperlu dijarah bandhane.

”Adhi Sura Braok apa tandhon bandhane awake dhewe isih akeh ta, Dhi
?” takone sedulur tuwa marang adhine.

”Alah Kakang, kowe aja kuwatir, kae galo isih akeh tandhon pangan raja
brana asile aggone njarah rayah wong-wong kang padha lewat kene, Kang,”
mangkono kandhane Sura Braok.

”He, Dhi..... kae ana wong kang bakal liwat kene. Sandhangane pancen
pating pencorong, sajake wong sugih. Ayo Dhi, dicegat !” parentahe Sura
Bangsat. Dene sing diajak banjur mbengok,

”He, mandheg....mandheg ! jenengmu sapa, arep neng ngendi, lan
nggawa apa? Kene bandhamu tinggalen!”

”Paman Jiwa lan Paman Jiweng, awake dhewe jebul dicegat brandhal,
Paman.” ngono ngendikane Pangeran Sasradiningrat marang abdine.

”Leres Ndara, ngatos-atos lho, Ndara !” ature abdi saklorone.
“He, malah padha pating glenik rembugan dhewe! jenengmu sapa cah
bagus?” ngono pitakone Sura Bangsat kanthi brangasan.
“E, Ki Sanak. Jenengku Pangerang Sasradiningrat, aku putra dalem Rama
Pangeran Natakusuma, dene aku arep liwat papan kene. Sapa jenengmu? “
ngendikane Pangeran Sasradiningrat.
“O…..dadi kowe piyayi ta? Wah, mesthi akeh bandhamu. Oleh liwat
nanging tinggalen bandhamu !” ngono prentahe brandhal sakloron.

45

“Aku ora nggawa apa-apa, yen aku koalang-alangi, aku bakal mbacut,”
ngendikane Pangeran Sasradiningrat.

Durung wae aweh wangsulan, brandhal loro banjur ngrubut Pangeran
Sasradiningrat. Pangeran Sasradiningrat lan brandhal padha adu kasekten, dene
abdi kalorone padha ndhelik amping-amping watu gedhe. Sura Bangsat lan sura
Braok pancen sekti, apa maneh andhahane ora katalompen banjur ngrubut
Pangeran Sasradiningrat. Saya suwe Pangeran Sasradiningrat rada kaseser. Ora
kurang akal, Pangeran Sasradiningrat banjur ngetokake sipat kandele Keris
Nagabanda.

“He, Sura Bangsat, Sura Braok, lan kowe kabeh, yen kowe ora sumingkir
saka panduluku, Keris Nagabanda kang bakal ngrampungi kowe kabeh !” ngono
panantange Pangeran Sasradiningrat.

Eloking kahanan, bareng panjenengane ngunus curiga saka warangkane,
ana sunar gumebyar saka Keris Nagabanda kang njalari Sura Bangsat, Sura Braok,
lan kanca-kancane padha wuta.

”Adhuh.........adhuh.........Kanjeng Pangeran, kula dados wuta. Kula
kapok......kapok. Kula nyuwun dipuntambani, mangke kula manut sedaya prentah
panjenengan,” ngono sambate para brandhal.

”Ya, Sura Bangsat, Sura Braok, lan kowe kabeh, usapen mripatmu kabeh
nganggo epek-epekmu, mengko kowe kabeh bakal mari,” mangkono dhawuhe
Kanjeng Pangeran.

Para brandhal banjur ngusapake epek-epeke dhewe-dhewe. Sanalika
banjur mari anggone wuta.

”Matur nuwun, Kanjeng Pangeran, kados janji kula wau, kula sakanca
badhe manut menapa kemawon ingkang panjenengan dhawuhaken,” ature para
brandhal.

”Iya, takcekel janjimu. Gandheng aku arep ngupadi saka guruning
Kadipaten Pakualaman ana ing alas kang wingit lan rumpil, mula aku butuh
pambiyantumu,” ngono dhawuh panjenengane.

46

”Inggih, Kanjeng Pangeran, mangga kula dherekaken bidhal mumpung
taksih enjing,” ature Sura Bangsat lan Sura Braok.

Ora let sawetara, rombongan Pangeran Sasradiningrat, banjur nutugake
laku ngidul mangulon arahe. Lakune sedhela-sedhela leren, awit kudu ngliwati
kayu gedhe lan eri bebondhotan. Tindake wis tekan pinggiring alas gedhe banjur
panjenengane tapa ana ing sangisore wit kang gedhe banget, supaya antuk
pepadhang anggone ngupadi kayu kinarya saka gurune Kadipaten Pakualaman.

Sambunging carita, ing sawijining alas kratoning kajiman kang aran Kraton
Mrayangwuni, katon sesawangan kang endah banget. Nanging yen manungsa
lumrah amung katon alas gung liwang-liwung kebak rawa. Ing kana kang
jumeneng ratu kajiman aran Kanjeng Ratu Gadhung Kenanga kang banget
sulistya ing warna lan pepatihe aran Dewi Gadhung Melathi. Wektu kuwi, lagi
wae nganakake pasowanan agung kaadhep para kawula banaspati, wewe
gombel, lan bangsa kajiman liyane.

”Dhiajeng Gadhung Melathi, kahanan ing Kraton Mrayangwuni kene kok
krasa panas banget, kira-kira miturutmu arep ana kedadean apa, Dhiajeng ?”
pitakone Kanjeng Ratu.

”Nuwun sewu Kanjeng Ratu, bok bilih kula boten saged matur, jalaran
kados pundi kemawon, Kanjeng Ratu temtu langkung waskitha tinimbang kula,”
ature Dewi Gadhung Melathi. Durung wae aweh wangsulan, ana tekaning
sawijining abdi kang tinanggenah njaga regoling keraton aran Dewi Kemayang.

”Kula ingkang sowan Kanjeng Ratu.” ature abdi mau sajak kaweden.
”Dewi Kemayang, sira ora taktimbali nyaru wuwus miyak pasowanan, ana
apa ?” pandangune Kanjeng Ratu.
”Ngaturaken ketiwasan, Kanjeng Ratu, wonten ing ngajengipun regol,
wonten satunggaling jalma manungsa ingkang teteki njalari kawula dalem sami
ngraosaken benter. Sampun kula giri godha, kula jugaraken anggenipun teteki,
nanging paripeksa abdi dalem kuwalahan, Gusti,” ature abdi mau.
”Dhiajeng Gadhung Melati lan sira Dewi Kemayang, memper sira ora
kuwagang njugarake jalma manungsa iki, bareng ingsun trawang pancen

47

pawongan iki titah kang kinancek. Mula dherekna ingsun tedhak ing regol bakal
ingsun dadekake tumbaling Keraton Mrayangwuni kene kanggo jalma manungsa
kang wus wani-wani mlebu alame para siluman,” dhawuhe Kanjeng Ratu, dene
kang didhawuhi banjur padha ndherekake Ratu Gustine.

Ing ngisor witing kayu kang gedhene salawan-lawan, Kanjeng Pangeran
Sasradiningrat anggone mertapa durung jugar. Ing sajeroning tapa,
panjenengane bisa nyumurupi yen ing ngarepe ana keraton gedhe banget, dene
kabeh punggawane wanita lan kabeh sarwa endah ing rupa. Dumadakan ana
lesus gedhe banget, sarirane Kanjeng Pangeran Sasradiningrat meh wae kabur
awit saka gedhene lesus. Sirepe lesus ana wewangunan sawijining narendra putri
kadherekake para punggawane mrepegi panjenengane.

”Dhiajeng Dewi Gadhung Melathi, jebul pawongane isih timur, bagus
pideksa, ingsun jebul kesengsem lho, Dhiajeng,” ngendikane Kanjeng Ratu sajak
nandhang asmara.

”Inggih Kanjeng Ratu, sigit sanget, menapa malih pakulitane lencir kuning
ndamel sengsem,” ature Dewi Gadhung Melathi.

”Wis Dhiajeng, aja kesuwen, bakal takwungu saka anggone semedi
pawongan iki.” Sabanjure panjenengane nyedhaki ing papan semedi mau.

”Ki Sanak wungua, kaki aja kesuwen anggenira nggenturake semedi,
peparabira sapa, saka ngendi lan duwe sedya apa, dene sira nganti tumeka ing
papan ingsun?” pandangune Kanjeng Ratu.

Sawise makaping-kaping panjenengane mundhut pirsa banjur Pangeran
Saradiningrat wungu saka anggone semedi.

”Adhuh, Panjenengan sinten, wonten menapa njugaraken anggen kula
semedi?” pitakone panjenengane.

”Sumurupa, Ingsun iki Ratu Kajiman ing Keraton Mrayangwuni kene, dene
jejuluk ingsun Kanjeng Ratu Gadhung Kenanga lan iki pepatih ingsun Dewi
Gadhung Melati. Takbaleni maneh, peparabira sapa, saka ngendi, lan apa
sedyanira genea teteki ing papan iki?” pandangune Kanjeng Ratu.

48

”Nama kula Pangeran Sasradiningrat putranipun Pangeran Natakusuma
inggih wayah dalem Sri Sultan Hamengku Buwana I ing Metaram. Dene sedya
kula, ngupadi calon saka guru Kadipaten Pakualaman, mila kula nyuwun
pambiyantunipun Kanjeng Ratu,” ature Pangeran Sasradiningrat.

”O, iya pantes Keraton kene dadi panas amarga karawuhan wayah dalem
Sinuwun Hamengku Buwono ing Metaram. Iya gampang, Ki Sanak nanging ana
bebanane, yaiku ora ketang amung sakadang sapenginang, sira kudu gelem
ingsun suwitani,” ngendikane Kanjeng Ratu kanthi esem amemanas ati.

”Inggih Kanjeng Ratu mila pidhangetna pratelaning manah kula:
Dhuh masrara Prabu Putri,
Ing Kraton Mrayangwuninya,
Adhuh Prabu kang sulistya,
Jae wana saupama,
Gawe poyang-payingan,
Adhuh Prabu Kanjeng Ratu,
Kula pasrah jiwa raga.
”Iya Kaki, mangga kampir ing pagulingan Keraton Mrayangwuni, sesuk
wayah gagat enjing bakal ingsun udanani panyuwunira,” ngendikane Kanjeng
Ratu bareng midhanget pangandikaning Pangeran Sasradiningrat.
Dene Pangeran Sasradiningrat banjur kampir sawetara ing Keraton
Kajiman Mrayangwuni. Mula samengkone samangsa pajenengane ngudang
jejere wanita, panjenengane wis duwe garwa sanajan yen wong lumrah ora bisa
nyumurupi jalaran bangsane kajiman.
Wektune meh gagat rahina, Kanjeng Ratu wus nggandheng astane
Pangeran Sasradiningrat wungu saka kampil gadhing, nuli panjenengane
ngendika akeh-akeh.
”Kanjeng Pangeran, ingsun rumangsa rena ing penggalih, sira wis bisa
ngleksanani kersaningsun, mula aja nganti kedhisikan pletheking Sang Bagaspati
Ing Keraton Mrayangwuni kene katone wong lumrah kebak wit-witan, nanging
sejatine wit-witan mau kadadean saka punggawaku. Mula sadurunge rahina

49

daklilani sira miwiti nebang kayu-kayu ing kene kanggo saka guru lan
wewangunane Kadipaten Pakualaman. Weling ingsun aja pisan-pisan sira negor
wit ing tengah rawa iku, amarga kuwi papan ingsun ya keraton ingsun,”
mangkono ngendikane Kanjeng Ratu bareng karo sulak abang ing sisih wetan.
Wewayangan Keraton Mrayangwuni ilang dene Pangeran Sasradiningrat jugar
anggone semedi banjur nimbali abdi kinasihe, Suro Bangsat, Suro Braok, lan
andhahane.

”Paman Jiwa, Paman Jiweng, sira Sura Bangsat lan sira Sura Braok, lagi
wae ingsun jugar semedi, jroning semedi ingsun dipanggihi Ratuning Kajiman
kene, Kanjeng Ratu Gadhung Kenanga. Panjenengane bakal manjurung anggon
ingsun ngupadi saka gurune Kadipaten Pakualaman. Mula saiki padha miwiti
nebangi kekayon ing papan iki, mengko yen wis rampung digawa menyang
Pakualaman,” mangkono dhawuhe Kanjeng Pangeran.

Anggone padha negor wit-witan wis sawetara dina meh ludhes tapis,
kabeh wit-witan kasil den tegor. Kanjeng Pangeran sajake kesupen piwelinge
Kanjeng Ratu, nalika meh negor wit kang paling gedhe dhewe ing tengahe rawa,
ana kadadean kang nganeh-anehi.

”Kanajeng Pangeran, ngaturaken ketiwasan, kathah para pendherek
dalem ingkang sami negor nyelaki wit ing tengah rawa menika, sami sakit malah
wonten ingkang tumekaning pati, saweneh malah wonten ingkang dipuncokot
sawer,” ature Sura Bangsat.

”Sura Bangsat, pancen ingsun kang salah amarga mesthi wae kowe-kowe
kabeh ora bisa negor wit kae jalaran sanajan ditegor isih njenggureng, ngaglah,
pancen godhonge wis entek mula mung kari bugele kang dhuwur mrebawani
kae. Satemene kuwi papan keratone para kajiman,” ngono ngendikane Kanjeng
Pangeran.

”Mula seksenana, sira Sura Bangsat, Sura Braok, Paman Jiwa, Paman
jiweng, lan pendherekku kabeh, sarehdene kabeh kayu kang ana ing alas kene
kabeh wis kategor kajaba isih siji kang wis entek godhonge lan saka kadohan
katon kadya bugel utawa tunggak, mula besuk papan kene bakal kanggo bebadra

50


Click to View FlipBook Version