The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by setyawatibethy, 2021-08-31 02:11:49

Dongeng Bethy

dongeng bethy

kawula ing Kadipaten Pakualaman. Mula papan iki bakal takjenengi dadi Desa
Bugel,” mangkono sabdane Pangeran Sasradiningrat.

Sawise kabeh kayu ditata dening pendhereke, banjur Pangeran
Sasradiningrat lan pendhereke kondur ing calon Kadipaten Pakualaman kanthi
nggawa kayu kang cacahe ewon kanggo wewangunane Kadipaten Pakualaman.
Panjenengane wis antuk gawe, mula banjur kadhaupake karo Dewi Rasa Wulan
dening Rama Dalem Pangeran Natakusuma. Dewi Rasa Wulan isih kapernah bibi
dalem. Dene Pangeran Natakusuma banjur jumeneng adipati kanthi sebutan
Pangeran Adikarta ing Kadipaten Pakualaman.

51

Rawa Pesing

(Dumunung ing Desa Sindhutan Kecamatan Temon Kabupaten Kulon
Progo)

Dening: Bethy Mahara Setyawati

Rawa Pesing mapan Desa Sindutan, Kecamatan Temon, Kabupaten Kulon
Progo. Papan kene klebu papan kang disucekake. Mula bukane dadi duwe jeneng
Rawa Pesing kawiwitan nalika Sunan Amangkurat I ngrabasa menyang Batavia.
Nalika kuwi rombongan Sunan Amangkurat I wis tekan Desa Sindutan. Para
pendherek rumangsa kesel banget, apa maneh garwa ampeyan dalem kang
mbobot sepuh, pancen ora kuwat suwe yen tindak. Pangeran Tejaningrat
makaping-kaping kudu nglawani anggone tindak Garwa Dalem.

”Dimas Tejaningrat, Bapa Suro Agul-Agul lan kabeh pendherek ingsun,
amarga garwaningsun wus ora kuwat maneh tindak, mula kabeh takkeparengake
mesanggrah ing papan iki,” mangkono pangandikane dalem Kanjeng Sunan
Amangkurat I.

”Prayoginipun Dhimas Tejaningrat ndhawuhi saperangan pendherek
ngedegaken pakuwon kanggo lerem sawetara,” ngono dhawuhe Kanjeng Sunan.

Kanjeng Sunan lan para pendhereke, rada suwe anggone mapan ing
papan kono. Nuju sawijining dina, Sunan Amangkurat I lagi wae ngadani

52

parepatan. Kang ana parepatan mau antarane Bapa Sura Agul-Agul lan Pangeran
Tejaningrat.

”Bapa Suro Agul-Agul, rak inggih sami karaharjan ta Bapa, jengandika
lenggah ing papan menika?” Kanjeng Sunan ngaturi pakurmatan marang
pepundhenipun.

”Iya, Ngger anak prabu,” ngendikane Bapa Sura Agul-Agul.
”Sembah bekti kula konjuk Kang Mas Prabu,” ature Pangeran Tejaningrat.
”Pangakbektimu taktampa Dhimas Tejaningrat, mung pangestuku wae
tampanana, Dhimas,” mangkono Kanjeng Sunan anggone mbagekake Pangeran
Tejaningrat.
”Dhimas Tejaningrat, ana ngendi dene wektu iki garwaningsun ora
marak?” pamundhut pirsane Kanjeng Sunan Amangkurat I.
”Sampun sawetawis dinten Kang Mbok boten miyos saking palereman,
Kang Mas Prabu,” ature Rayi Dalem.
Lagi wae Kanjeng Sunan Amangkurat I arep ngendika, ana sowane Mbok
Emban Salindri, abdi dalem kang tinanggenah ngladosi garwa dalem.
”Kula ingkang marak, Gusti ” mangkono ature abdi mau.
”Iya ana apa Mbok, sajak kesusu anggonmu marak ing kene?” ngendikane
Kanjeng Sunan.
”Badhe matur, bilih garwa dalem badhe mbabar putra, Gusti,” ature abdi
mau.
”Bapa Sura Agul-Agul, Dhimas Tejaningrat, lan Mbok Salindri, ayo kabeh
wae padha nakyinake garwaningsun!” ngendikane Kanjeng Sunan.
Sawise tekan palereman, ponang bayi wus metu saka guwa garba.
Ponang bayi mijil kakung. Gumbira banget penggalihe Kanjeng Sunan. Nanging
ing penggalih ana reribet, terus kepriye anggone bakal reresik reregete
garwaningsun kang lagi wae mbabar putra.
”Dhimas Tejaningrat, takdhawuhi ngawat-awati Mbok Salindri golek rawa
utawa sendhang kanggo umbah-umbah,” dhawuhe Kanjeng Sunan. Dene kang
didhawuhi ora ngendika apa-apa banjur golek sendhang kanggo umbah-umbah.

53

Ora adoh saka papan iku, ana rawa kang banyune bening katon kinclong-
kinclong. Rawa mau kanggo nyukupi kabutuhan para kawula ing kana. Rawa mau
uga akeh iwake. Iwak mau kanggo jujugan lawuh para warga kang mapan ing
kana.

Esuk kuwi rawa lagi kebak para wanita. Ana kang umbah-umbah, ana
kang ngangsu, ana uga kang ngedusi kewane.

”Biyung Salindri mandhega! iki yen tak sawang ana rawa kang banyune
bening, nanging kok kebak para wanita kang lagi wae umbah-umbah? wis kowe
ndang nyemplunga kana. Dene aku tak ngawat-awati saka kadohan kene,”
ngendikane Pangeran Tejaningrat. Dene Mbok Salindri age-age nyemplung ing
rawa mau lan rereget kang digawa ana popok lan ageman garwa dalem kang
kebak rah. Nyumurupi kahanan kang kaya mangkono, Mbok Salindri dikuya-kuya
supaya lunga saka rawa dening para wanita kang ana ing rawa iku.

”Sapa kowe Mbok, yen ngumbah reregeting wong babaran aja ana kene,
kae para wanita padha jijik kabeh!” kandhane sawijine wanita kang lagi umbah-
umbah. Durung wae Mbok Salindri mangsuli wanita-wanita mau padha bengok-
bengok,

”Rawane dadi pesing…….! , pesing, rawane pesing……….!” Nyumurupi
kahanan mau Pangeran Tejaningrat banjur nyedhak.

”Apa bener yen rawane dadi pesing? ”
”Leres, Kanjeng Pangeran amargi rewang panjenengan ngumbah popok
ing ngriki, pramila toyanipun rawa dados pesing, buthek, ulam-ulam sami mati!
”ature para wanita kang umbah-umbah.
”Sumurupa kabeh wae ya….., yen aku rayi dalem Sunan Amangkurat I.
Gandheng sawise rewangku ngumbah reregete Garwa Dalem Kang Mas Sunan
njalari rawa dadi pesing, mula seksenana, rawa besuk bakal disebut wong akeh
kanthi sesebutan Rawa Pesing,” mangkono sabdane Pangeran Tejaningrat. Mula
wiwit kuwi tekan saiki rawa kang maune banyune bening, akeh iwake dadi
banyune pesing lan iwak-iwake padha mati.

54

Gunung Lanang lan Gunung Wadon

(Dumunung ing Dhusun Bayeman Desa Sindhutan
Kecamatan Temon Kabupaten Kulon Progo)

Dening: Bethy Mahara Setyawati

Gunung Lanang lan Gunung Wadon papane ora adoh saka Rawa Pesing.
Papane ing Dhusun Bayeman Desa Sindutan Kecamatan Temon Kabupaten Kulon
Progo, dene pase ing sacedhake padhepokan Astha Jingga saiki. Kadadeane
Gunung Lanang lan Gunung Wadon uga napak tilas tindake Kanjeng Sunan
Amangkurat I anggone budhal ing Batavia nundhung kompeni.

Ing plataran pesranggahan, prajurit pendherek dalem lagi wae gladhen
ulah kanuragan. Prajurit priya dipangarsani dening Pangeran Tejaningrat. Prajurit
Priya iku cacahe 40 bergada kanthi nganggo sandhangan sarwa ireng. Dene
prajurit wanita disepuhi Bapa Sura Agul-Agul. Prajurit wanita nganggo
sandhangan sarwa wilis lan cacahe prajurit wanita uga ana 40 bergada.

”Kanjeng Pangeran Tejaningrat, kendel rumiyin, Ngger !” parentahe Bapa
Sura Agul-Agul marang Pangeran Tejaningrat.

”Inggih Bapa, mangga sami lerem ing ngandhaping mandira menika,”
ature Pangeran Tejaningrat.

”Saestunipun wonten ingkang badhe kula suwunaken pirsa, Bapa.
Menawi Bapa uninga putra dalem Kang Mas Sunan Amangkurat I dumugi

55

mangke dalu sampun jangkep selapan dinten, Bapa ? ” ature Pangeran
Tejaningrat.

”Ha, sampun 40 dinten mangke dalu ta, Ngger? mila mangga anggenipun
gladhen dipuncupet langkung rumiyin supados mangke dalu para pendherek
saget sami wungon tugur putranipun Kanjeng Sunan Amangkurat,” ngendikane
Bapa Sura Agul-Agul.

”Mangga Bapa, paring dhawuh dhateng para prajurit!” panyuwune
Pangeran Tejaningrat.

Para prajurit padha leren anggone padha gladhen amarga srengengene
wis gumlewang mangulon. Kabeh mau asung pratandha menawa wektune meh
wengi.

Wengi kuwi ing ngarepan pesanggrahan, Kanjeng Sunan Amangkurat lagi
wae nganakake wungon amarga garwa dalem ampeyan lagi wae mbabar putra.
Wungon utawa jagongan biyasane dianakake tekan dina kang kaping 40 utawa
bayi umur selapan utawa 36 dina. Wengi kuwi wektune isih rada sore kaya
padatan, dianani ngumandhangake kekidungan, saperangan maneh ana kang
padha nggelar kasukan main dhadhu. Saperangan maneh ana kang padha ndem-
ndeman. Bareng wektune wengi, diterusake gelar ledhek lan kairingan gangsa.
Kahanan kaya ngono iku dianani saben wengi.

Bareng meh gagat rahina, Kanjeng Sunan, Pangeran Tejaningrat, Bapa
Sura Agul-Agul lan para pendherek kang bubar wungon padha krasa ngantuk
banget.

”Bapa Sura Agul-Agul, menika para pendherek mbetahaken lerem,
kamangka jengandika pirsa bilih pendherek saperangan priya, dene saperangan
malih wanita, lajeng kados pundi anggenipun badhe lerem Bapa?” ngendikane
Kanjeng Sunan amangkurat I.

”Kanjeng Sunan takaturi maspadaake, dalu menika rak pas wulan
purnama, mila wonten ngajengan katingal punthukan meh memper arga utawi
gunung. Kanjeng Sunan, Kanjeng Pangeran Tejaningrat lan kula saha para prajurit
priya saenipun wonten punthukan menika, lajeng para prajurit wanita lan garwa

56

dalem, wonten punthukan ingkang sanesipun,” mangkono ngendikane Bapa Sura
Agul-Agul.

”Malah mekaten Bapa, bilih mangke sasurut kula, punthukan utawi
gunung ingkang kangge para prajurit priya utawi lanang menika, prayogi
kasebata Gunung Lanang. Dene Gunung ingkang kangge lerem garwa kula lan
prajurit wadon kasebata Gunung Wadon,” mangkono sabdane Kanjeng Sunan
Amangkurat I. Kabeh kang padha krungu padha nyekseni sabdane Kanjeng Sunan
Amangkurat I. Mula tekan saiki, gunung loro kang ana ing kono diarani Gunung
Lanang lan Gunung Wadon.

57

58


Click to View FlipBook Version