cakepan tembang iku racake kabeh kalebu tembung kriya tanduk,
amarga nggunakake ater-ater {hanuswara N-} lan seselan {-um-}.
Ater-ater {hanuswara N-} lan seselan {-um-} pancen duwe kabisan
ndhapuk sawijining tembung lingga dadi tembung kriya tanduk.
2) Tembung Kriya Tanggap (Kata Kerja Pasif)
Tembung kriya kang jejere kapatrapan pakaryan utawa jejer
(subyek) dadi sasaran (penderita). Tuladha: ditulis, katulis, tinulis,
tulisake.
c. Tembung Kahanan (kata sifat, adjektiva).
Tembung kang bisa mratelakake kahanan utawa watak sawijining
barang utawa bab (Sasangka, 2011: 114). Tembung kahanan miturut
Wedhawati (2006: 181) duwe ciri sintaksis:
(1) Bisa sumambung karo tembung ‘dhewe, paling, luwih, banget’ utawa
‘rada’. Tuladha: bagus dhewe, paling anteng, luwih seneng, loma
banget, rada clingus.
(2) Bisa ngisi fungsi predikat ing tataran ukara.
Tuladha: Pendhidhikan iku penting tumrap para generasi mudha.
d. Tembung katrangan (kata keterangan, adverbia)
Tuladha: arep, durung, uwis, lagi, ora, dudu, meh, rada, wae.
e. Tembung sesulih (kata ganti, pronomina)
1) Sesulih purusa (kanggo nyulihi uwong),
a) Utama purusa, tuladha: aku, kula, dalem, ingsun
b) Madyama purusa, tuladha: kowe, sampeyan, jenengan
c) Pratama purusa, tuladha: dheweke, dhekne, piyambake
2) Sesulih pandarbe (kata ganti empunya), tuladha: -ku, -mu, -e/-ne.
3) Sesulih panuduh
a) Panuduh lumrah, tuladha: iki, ika, niku, nika, punika (menika), anu.
b) Panuduh Papan, tuladha: kene, kana, kono, ngrika, ngiriki.
45
c) Panuduh Sawijining bab, tuladha: ngene, ngono, ngana, makaten.
4) Sesulih pitakon. Tuladha: apa, sapa, endi, kepriye, geneya.
5) Sesulih panyilah. Tuladha: kang, sing, ingkang.
6) Sesulih sadhengah. Tuladha: apa-apa, sapa-sapa, kabeh, sawijining.
f. Tembung wilangan (kata bilangan, numeralia):
Tembung kang nuduhake sawijining jumlah, tingkatan, utawa urutan
menawa tinulis kanthi grafis bisa nggunakake angka (Pedjosoedarmo, 1979:
144).
1) Wilangan babon. Tuladha: siji, loro, sewelas, sedaya
2) Wilangan susun. Tuladha: kapisan, kapindho, katelu, kaping sekawan
3) Wilangan pecahan. Tuladha: seprapat, telungprapat, karotengah.
g. Tembung Panggandheng (kata penghubung, konjungsi)
1) Tembung panggandheng ukara majemuk sejajar
Tuladha: lan, sarta, dalah, tuwin, miwah, utawa, karo, apadene.
2) Tembung panggandheng ukara majemuk susun
Tuladha: jalaran, yen, sebab, karana, amarga, banjur, supados, saengga.
h. Tembung Ancer- Ancer (kata depan/preposisi)
Tuladha: ing, saka, dhateng, nyang, marang, nganti, saking, menyang,
i. Tembung Panyilah (kata sandang)
Tuladha: si, sang, kang, ingkang, para, sing.
j. Tembung Panyeru (Kata seru/interjeksi)
Tuladha: adhuh, ah, eh, nah, wah, iyung, oalah.
D. Forum Diskusi
1. Coba rembugen karo kancamu kepriye pandhapuke tembung-tembung
kang kacithak kandel ing serat Tripama iki!
46
Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anulada,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lalabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purun ingkang den antepi,
Nuhoni trah utama,
2. Coba rembugen karo kancamu tembung-tembung andhahan kang ana ing
ngisor iki kalebu tembung kang oleh ater-ater hanuswara {m-} utawa
seselan {-um-}, wenehana argumentasimu!
a. mesem d. maju
b. muni e. mundur
c. merdine f. macul
d. mahyakake g. menthung
47
PENUTUP
A. Rangkuman
Widya tembung yaiku salah sawijining perangan saka paramasastra kang
nyinau bab tembung, dumadine tembung, sarta owah-owahaning sawijining
tembung dadi tembung liya. Owah-owahaning tembung dadi tembung liya
iku bisa karana kawuwuhan, kacambor utawa kagabung. Owah-owahan
sawijining tembung kang asipat monomorfem dadi tembung liya kang asipat
polimorfem kaaran proses morfologis. Proses morfologis bisa kabedakake
dadi telung jinis, yaiku: (1) rumaketing wuwuhan (afiksasi), (2) rerangkeping
tembung (Reduplikasi), (3) kacamboring tembung (komposisi). Dene tembung
ing basa Jawa adhedhasar jinise bisa kabedakake dadi sepuluh, yaiku: (1)
tembung aran (kata benda/nomina), (2) tembung kriya (kata kerja/verba), (3)
tembung kahanan (kata sipat/adjektiva), (4) tembung katerangan (kata
keterangan/adverbia), (5) tembung sesulih (kata ganti/pronomina), (6)
Tembung wilangan (kata bilangan/numeralia), (7) Tembung panggandheng
(kata penghubung/konjungsi), (8) tembung ancer-ancer (kata
depan/preposisi), (9) tembung panyilah (kata sandang), (10) tembung
panyeru (kata seru/interjeksi).
B. Test Formatif
Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep paling bener!
1. Owah-owahaning tembung dadi tembung liya karana proses morfologis, bisa
ndayani sawijining tembung dadi owah. ...
A. gunggunge
B. lisane
C. wasesane
D. jejere
E. jinise
2. Proses mofologis yaiku proses owah-owahaning tembung dadi tembung liya.
Kang kalebu wujude proses morfologis yaiku. ...
A. reduplikasi
48
B. konflik
C. protesis
D. morfem bebas
E. morfemis
3. Ing ngisor iki tembung kang wanda pungkasan saka tembung linggane,
awujud wanda sigeg yaiku. …
A. nglirwakake
B. nyemayani
C. ngrumati
D. nyemoni
E. tumuli
4. Tembung kang dumadi saka telung wanda iki kalebu jinising tembung
andhahan yaiku. …
A. kapiran
B. sumanak
C. prayoga
D. sarapan
E. kalpika
5. Ater-ater hanuswara kang ana ing ukara ngisor iki, ngemu teges
ngandhakake kahanan kaya kang kasebut linggane, yaiku. …
A. Dheweke trima mundur saka jabatane katimbang dipeksa ngapusi.
B. Roti iku wis jamuran, amarga digawe seminggu kepungkur.
C. Bathara iku maujud dadi buta raseksa.
D. Wajan iku wus mesi, mula kepenak menawa dinggo nggoreng.
E. Kang Parna amung bisa mesem nalika weruh dheweke.
6. Ukara ing ngisor iki ngandhut ater-ater kang ngemu teges nindakake
pakaryan kanthi ora kasengaja, yaiku. …
A. Bapak kengkenan kula supados numbasaken roti
B. Mripate Sariman abuh sawise kaantem kancane.
C. Aku ora bisa maca tulisan iku kanthi tutug, amarga kebusak kancaku
D. Nalika dicoba ana ngomah, sragam iku jebul kegedhen
49
E. Tigan kalawau sampun kapidak dening panganten kakung.
7. Ater-ater hanuswara ing ngisor iki manggon ana ing sajroning tembung. …
A. Kula sampun matur kaliyan bapak.
B. Sawise budhal saka omah, Sariman banjur mangetan menyang dalan iku.
C. Pambalap motogp iku wekasane bisa munggah ana podium.
D. Menawa dina Setu, adhiku melu kegiyatan nyanyi lan nglangi.
E. Pak tani saweg macul wonten sabin
8. Ater-ater {sa-} kang ana ing ukara ngemu teges siji <lingga>, yaiku . ...
A. Granat kang kasil ditemokake dening polisi iku gedhene salodhong iki
B. Sasi Juli iki, wong sadesa arep padha nganakake umroh bebarengan
C. Papan kang arep didadekake bendungan iki ambane sadesaku
D. Saka 10 desa, mung sadesa wae kang oleh bantuan operasional.
E. Adhiku saiki dhuwure wus sapundhakku.
9. Pemkot Solo samangke nyedhiaaken panti paturasan wonten ing mergi
umum. Proses morfologis tumrap tembung paturasan yaiku. … lan ngemu
teges. ....
A. Paturasan kalebu tembung lingga, jinis tembung aran, tegese pakon.
B. Paturasan{pa-+ turas +-an}, jinis tembung aran, tegese papan kanggo.
C. Paturasan{pa-+ turas +-an}, jinis tembung kahanan, tegese papan kanggo.
D. Paturasan{pa-+ turasan}, jinis tembung kahanan, tegese papan kanggo.
E. Paturasan{pa-+ turasan}, jinis tembung aran, tegese papan kanggo.
10. Ukara ing ngisor iki tetembungane ana kang nganggo imbuhan bebarengan
rumaket, yaiku. …
A. Putri Solo iku mlakune kaya macan luwe.
B. Enggal tumandanga gawe bumbon.
C. Dheweke ora keduman bantuan amarga kaliwatan.
D. Tase mbakyuku kegawa ibu, nganti sakdhompete.
E. Mbakyuku lagi milihi klambi kang lagi dikorting ana ing toko iku.
11. Ukara ing ngisor iki, ngandhut tembung kang duwe ater-ater kaya dene ater-
ater {di-}, yaiku. ...
A. Jambu iki ingimbu dening mbakyuku amarga durung mateng.
50
B. Para mahasiswa anggenipun nyerat makalah kedah abasa Jawa krama.
C. Ibu maosaken serat kagem eyang.
D. Sawise diseneni ibune, dheweke banjur sumingkir lunga saka omah.
E. Ing wayah bengi lampu-lampu iku katon kerelip werna-werni.
12. Tembung rangkep dwipurwa ing ngisor iki kalebu jinising tembung kriya,
yaiku. ...
A. Biyen dheweke sesumbar yen bakal menehi beasiswa marang siswa.
B. Sapa wae kang bisa mangsuli pitakonan iku, bakal antuk bebungah
awujud dhuwit tabungan.
C. Dudu wewadi iku sing njalari Tumenggung Wijaya sumingkir saka
kraton iki.
D. Rereged kang ana ing rasukan bathik iku saiki wis ilang.
E. Mas Karta duwe gegayuhan kang mulya tumrap para warga.
13. Tembung rangkep ing ngisor iki ngemu teges sanadyan, yaiku. …
A. Mbok aja ngece dhisik, bothak-bothak ngene ning rak sugih dhuwit.
B. Para mudha mudhi akeh kang padha dolan-dolan menyang alun-alun.
C. Mlakune alon-alon wae Dhik, amarga dalane lunyu!
D. Iwak-iwak iku dibudidayakake ana ing kolam pambibitan.
E. Aja mung mloka-mlaku wae, mundhak sikilmu tambah lara.
14. Ing ngisor iki kang ora bisa kagolongake bentuk dwilingga salin swara
amarga ora bisa digoleki linggane yaiku. ...
A. Aja pijer solan-salin wae, mengko mundhak kumbahane saya akeh.
B. Dheweke ngono ya gelam-gelem wae nalika ditari arep diajak lunga.
C. Buku iki arep dipotokopi Mbakyuku kanthi wolak-walik rangkap loro.
D. Ibu mundhut kolang-kaling wonten peken ageng.
E. Mas Sukri amung bisa mesam-mesem sawise ngerti perkara kuwi.
15. Ing ngisor iki kang dudu kalebu tembung camboran yaiku. ...
A. Bapak remen midhangetaken kutut manggung kang kaputer saking kaset.
B. Dheweke gaweane njaluk-njaluk ana ngarep bangjo (abang + ijo).
C. Dheweke pancen dawa ususe anggone momong anak-anake.
D. Tetanduran kang ana ing taman iku katon sarwendah (sarwa + endah).
51
E. Rondha kang royal iku saiki wis melu anake ana Bandung.
16. Paimin kae pancen rai gedheg, ndhek wingi wis diwenehi dhuwit, saiki
malah njaluk maneh. Tembung rai gedheg kalebu tembung camboran
wutuh kang tegese. ..., lan teges saka gabungan tembung rai gedheg yaiku.
...
A. Mringkus (spesifik), tegese senenge meksa.
B. Sanepan (kiasan), maknane ora duwe isin.
C. Mringkus (spesifik), tegese seneng gawe repote liyan.
D. Sanepan (kiasan), maknane senenge meksa.
E. Sanepan (kiasan), maknane seneng gawe repot liyan.
17. Ukara ing ngisor iki nggunakake tembung sesulih madyama purusa, yaiku. ...
A. Kula dereng nate ngertos buku punika.
B. Mas Sukra dhek wingi wis dakaturi tindak dhateng acara punika.
C. Apa anakmu wis kokdulang sore iki?
D. Pelem iku wis dipangan adhiku dhisik, sadurunge dakgawe rujakan.
E. Dhompet iku digawe dhewe dening Mbakyuku.
18. Kula putra ingkang nomer tiga, dene ingkang ragil sampun kuliah wonten
Jakarta. Tembung ingkang kalebu tembung. ...
A. sesulih pandarbe
B. panyilah
C. panyeru
D. sesulih purusa
E. sesulih panuduh
19. Sawise adus kramas, adhiku banjur jungkatan. Tembung jungkatan sadurunge
antuk panambang {–an} kalebu jinising tembung (1). ... lan sawise oleh
panambang {–an}, malih dadi tembung (2). ...
A. (1) aran, (2) kahanan
B. (1) kriya, (2) aran
C. (1) aran, (2) katerangan
D. (1) aran, (2) kriya
E. (1) kriya, (2) katerangan
52
20. Tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki sadurunge dirimbag awujud
tembung aran, lan sawise dirimbag malih dadi tembung kriya, yaiku. ...
A. Aku silihana dhuwit limang ewu rupiah wae daknggo sangu mulih.
B. Para muda kudu sregep anggone sinau supaya antuk kapinteran.
C. Ingkang mimpang adu wasis punika bakal pikantuk bebungah sepeda.
D. Roti iku wis njamur, amarga digawe seminggu kepungkur.
E. Kambil iki paruten dhisik sadurunge kowe nguleni glepunge.
53
54
KEGIATAN BELAJAR 3
WIDYA UKARA
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Modul iki ngandharake bab widya ukara, wiwit gegayutane tembung
karo tembung dadi frase nganti dadi klausa lan pungkasane dadi ukara. Frase
iku tataran widya ukara sing paling ngisor. Gayute frase, klausa lan ukara
padha kuwate. Mula klausa bisa disinau wiwit tegese (definisi) nganti jinise
klausa saka sipat hubungane, kategori, struktur internal lan surasane. Ana
ing ukara ngrembug babagan fungsi rerangkening ukara (jejer, wasesa,
lesan, gegnep lan katrangan), jinis ukara miturut sipat hubungane, jumlah
wasesane, kategori wasesa, lan surasaning ukara.
B. Petunjuk Belajar
Pituduh pasinaon/ancer-ancer pasinaon ing modul iki, yaiku:
1. Guru njlentrehake ancas sinau babagan widya ukara marang para siswa.
2. Guru paring wektu marang siswa kanggo takon bab kang durung
dingerteni.
3. Siswa takon babagan widya ukara marang guru.
4. Guru nyimpulake materi pelajaran bab sabanjure guru paring tugas kang
ana ing modul, supaya digarap bebarengan, banjur dirembug bareng
(diskusi).
5. Guru bebarengan karo siswa ngrangkum pelajaran kang dirembug dina
iki.
6. Guru nindakake penilaian kegiatan kang wis ditindakake. Biji KKM
saora-orane 76. Menawa bijine kurang saka 76 ateges durung bisa lulus
lan durung bisa nerusake sinau kegiatan pasinaon.
55
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Capaian Pembelajaran Sub Capaian Pembelajaran
Mahasiswa mampu 1.1. Mahasiswa ngerti bab frase, kayata:
titikane frase, konstruksi frase lan jinising
menganalisis prinsip frase, bedane frase karo tembung
camboran.
materi kebahasaan Jawa
1.2. Mahasiswa bisa nitik lan ngandharake
dan aplikasinya dalam kontruksi frase adhedhasar paramasastra
lan ngetrapake ana ing ukara lan hubungan
pembelajaran bahasa fungsional unsur-unsure.
Jawa. 1.3. Mahasiswa. bisa njlentrehake lan
ngindentifikasi kontruksi klausa
adhedhasar jinis-jinis klausa lan
ngetrapake ana ing ukara.
1.4. Mahasiswa bisa ngandharake unsur kang
baku ana ing klausa arupa wasesa lan
unsur pendampinge, jejer/ wasesa/ lesan/
geganep/ katrangan.
1.5. Mahasiswa ngerti fungsi konstruksi
ukara (jejer, wasesa, lesan, geganep,
katrangan).
1.6. Mahasiswa trampil analisis ukara basa
Jawa adhedhasar wujud, fungsi lan makna.
B. Pokok-Pokok Materi Widya Ukara (Sintaksis)
Widya
Ukara
Frase Klausa Ukara
56
C. Uraian Materi
Verhaar (1996: 161) ngandharake menawa widyaukara minangka
subsistem paramasastra kang ngandharake bab kelase tembung (kelas kata) lan
satuan kang luwih gedhe kayata frasa, klausa, kalimat lan hubungane antarane
satuan kasebut. Carnie (2011: 3) ngandharake menawa sintaksis adalah
cabang dari ilmu yang membicarakan struktur kalimat ‘Widya ukara yaiku
cabang ilmu pengetahuan sing ngandharake wewangunaning/cakring ukara’.
Widya ukara miturut Tallerman (2011: 1) yaitu struktur ukara, kepriye
tembung-tembung kanthi bebarengan ndhapuk (membentuk) frase lan struktur
ukara. Widya ukara yaiku perangan paramasastra kang nyinau bab pola-pola
sing digunakake minangka alat kanggo nggabungake tembung-tembung dadi
ukara. Putrayasa (2017: 1) ngandharake menawa widyaukara utawa sintaksis
yaiku ‘Studi tentang hubungan kata yang satu dengan kata yang lain atau
hubungan antara kata yang membentuk stuktur kalimat’. Widya ukara yaiku
ngelmu kang nyinau bab gayutan (hubungan) tembung siji lan liyane utawa
gayutan (hubungan) antarane tembung sing klebu ing cakring ukara.
Adhedhasar teges (definisi) kang diandharake para winasis ing dhuwur, bisa
diandharake menawa ruang lingkup widya ukara yaiku frase, klausa lan ukara.
Satemah punjering kawigaten ana ing kajian widyaukara iki yaiku bab
komponen kang ngrembug bab struktur ukara.
1. Frase
Frase yaiku unit gramatikal sing dumadi saka rong tembung utawa luwih
sing ora duwe ciri klausa utawa non predikatif lan frase ora ngluwihi wates
fungsi unsur klausa (Ramlan, 2015: 39). Ana ing ukara, frase duwe fungsi
minangka jejer/ wasesa/ lesan/ katrangan/ geganep (Putrayasa, 2017: 19).
Frase yaiku unit linguistik sing arupa gabungan rong tembung utawa luwih
ora nuduhake/ duweni ciri-ciri klausa (Cook, 1971: 91-92). Dudutan tumrap
tegese frasa saka para winasis yaiku unit gramatikal sing dumadi saka rong
tembung utawa luwih sing sipate non predikatif, sipat gabungane bisa raket
utawa renggang, ana ing ukara frase iku mung arupa jejer/wasesa/ lesan/
57
geganep/ katrangan. Titikane frase yaiku:
a) unit gramatikal sing dumadi saka rong tembung utawa luwih;
b) ora ngluwihi wates fungsi, frase tansah ana ing sawijining fungsi,
minangka jejer/ wasesa/ lesan/ katranan/ geganep ana ing ukara;
c) frase intonasine durung sempurna;
d) klebu ing fitur konstruksi sintaksis;
e) diakoni rong tembung, gumantung cacahing tembung ana ing konstruksi
frase;
f) unsur-unsure relatif longgar;
g) bisa diparafrase, ora ngrusak struktur frase;
h) asil gabungane duweni teges kurang luwih pada karo unsur asale;
i) bisa disisipi komponen liyane;
j) bisa gawé konstruksi luwih akeh;
k) intonasi bisa dadi dhasar kanggo nemtokake unsur langsung ing frase
l) frase ora duwe teges anyar;
m) let antarane unsur langsung katon cetha;
n) tekanan ing silabi bisa diucapake kanthi rata;
o) unsur inti minangka sing diterangake dene unsur liyane kang nerangake
(DM).
a. Gayutan Atarane Unsur-unsur Frase
Miturut Putrayasa (2017:19 - 20) adhedhasar padha orane distribusi
frase karo unsur-unsur pandhapuke, frase ana loro yaiku frase endosentrik
lan frase eksosentrik.
Tipe kontruksi frase endosentrik yaiku asil gabungan kategorine pada
karo salah siji unsur langsunge utawa kekarone unsur langsunge. Frase
endosentrik iku frase kang duweni distribusi padha karo unsure, bisa salah
siji utawa kabeh unsure (Putrayasa, 2017: 20). Jenise frase endosentrik ana
loro yaiku 1) frase endosentrik atributif yaiku salah siji unsure minangka
unsur inti dene liyane minangka atribut. Tuladha: meja dawa = FN. Meja
(center/ aran) + dawa (Atribut/ kaanan). 2) frase endosentrik koordinatif
yaiku unsur-unsur langsunge minangka inti kabeh. Tuladha: Bapak mundhut
58
meja kursi. Frase meja kursi (Frase aran), meja lan kursi kalebu tembung
aran lan loro-lorone minangka inti. Frase Endosentrik Koordinatif kapilah
dadi telu, yaiku:
1) Kontruksi Frase endosentrik koordinatif aditif yaiku gabungan utawa
jumlah. Tembung panggandhenge yaiku lan, saha, sarta, karo. Tuladha:
Bapak ibu tindak menyang Jakarta.
2) Kontruksi frase endosentrik koordinatif alternatif yaiku pilihan. Frase iki
kudu dieksplisitke kanthi gunakake tembung panggandheng utawa,
utawi.
Tuladha: kebo utawa sapi
3) Kontruksi endosentrik koordinatif opositif yaiku unsur-unsure duweni
kategori pada karo asil gabungane. Loro-lorone bisa dadi unsur inti,
nanging yen salah siji dadi unsur inti, liyane dadi atribut utawa penjelas.
Tuladha: Solo/ kutha kabudayan Yogya/ kutha pelajar
Tipe konstruksi frase eksosentrik yaiku unsur-unsure ora duweni fungsi
lan distribusi ora padha karo unsur-unsur pandhapuke. Tuladha: ing tegal; saka
kantor.
Kontruksi frase adhedhasar hubungan fungsional antarane unsur-unsur
langsunge. Kontruksi frase iki ana loro cacahe yaiku:
1) Hubungan fungsional koordinatif yaiku manawa unsur-unsur ing frase
duweni drajat kang padha utawa sakdrajat.
Tuladha: (1) Adhine bagus// rada nakal adhine bagus nanging rada
nakal Sekolah.
Tembung nanging minangka tembung panggandheng dadi
tengere hubungan fungsional koordinatif adversatif amarga antare
unsur langsung siji lan sijne gambarake perlawanan. Tembung apa,
utawa, utawi minangka tenger ing frase hubungan fungsional
koordinatif disjungtif yaiku hubungan antarane unsur-unsur asifat
pilihan. Tembung lan, sarta, tuwin, karo minangka tandha hubungan
fungsional koordinatif kompulatif, amarga hubungan antarane unsur-
unsur langsung sakdrajat lan asifat jumlah utawa kumpulan.
59
2) Hubungan fungsional subordinatif yaiku menawa drajate unsur-unsur
ing frase kasebut ora padha. Salah sijine unsur langsung minangka unsur
inti utawa luwih kuasa, dene unsur langsung liyane gumantung marang
unsur inti. Tuladha: Buku kandel, Layang pamit.
Jenis frase saliyane adhedhasar konstruksi hubungan fungsional, uga bisa
kabedakake adhedhasar kategori ing unsur inti, yaiku:
1) Frase aran yaiku unsur inti arupa tembung utawa frase aran
Tuladha:
bocah lanang iku
wong tuwane Santi
2) Frase kriya yaiku frase sing unsur intine arupa tembung kriya
Tuladha:
Lagi adus
wis meh arep mangan
Ana ing frase kriya atribut sing arupa qualifayer utawa pemarkah
bisa diisi luwih saka siji. Sing kalebu qualifayer yaiku ora, durung, aja,
ndak arep, arep, tansah, bakal wis kerep, isih, lagi meh, sida, meksa,
perlu, kudu, mesthi, bisa oleh, ben, gek, mbok, kok, padha, malah,
lan sak panunggale. Qualifayer dumunung ana sak ngarepe tembung
kriya utawa tembung kaanan.
3) Frase kaanan yaiku intine arupa tembung kaanan. Tuladha: kuning lencir
4) Frase wilangan yaiku frase sing unsur intine arupa tembung wilangan
Tuladha:
limang lembar
akeh banget
5) Frase katrangan yaiku frase sing intine arupa tembung katrangan
Tuladha:
Wingi sore
sesuk esuk
6) Frase pronomina utawa sesulih yaiku frase sing unsur inteni arupa
pronomina utawa tembung sesulih.
60
Tuladha: Dheweke uga
7) Frase preposisi, frase sing asale saka tembung ancer lan tembung aran,
lan tembung ancer dumunung ana ngarepe tembung aran. Tuladha: Ing
ngomah
8) Saliyane iku ana uga jinising frase kang padatan digunakake kanggo
parafrase, yaiku:
a) Tipe konstruksi frase: sing, kang, ingkang. Tuladha: Sing gedhe
dhuwur.
b) Tipe konstruksi frase: si, sang, pun. Tuladha: Sang pujangga kraton.
c) Tipe konstruksi frase: yaiku, yakuwi, inggih menika. Tuladha: yakuwi
adhiku.
F. Klausa
Klausa yaiku kelompok tembung kang ngandhut sak wasesa (Cook,
1971: 65). Klausa iku unit gramatikal kang arupa gabungan tembung arupa
jejer wasesa (Ramlan, 2015: 150). Dadi klausa iku runtutan tembung-
tembung sing arupa kontruksi wasesa. Titikane klausa yaiku ing klausa
amung siji wasesane ora kena luwih, umume arupa jejer lan wasesa, mula
klausa diarani berpotensi dadi ukura, amung bedane klausa durung duwe
intonasi final. Ing struktur klausa, wasesa dadi punjere utawa wajib ana ing
ukara. Urutane tembung sing ora ana wasesane iku dudu klausa bisa arupa
frase utawa tembung camboran. Mula kang wajib ana ing klausa iku wasesa,
dene jejer, lesan, katrangan lan geganep sifate ora wajib ana. Ana ing klausa
intonasine ora final, amarga intonasi klausa manut ing intonasi ukara. Sing
umum klausa iku arupa jejer lan wasesa. Klausa luwih pepak tinimbang
frase, awit ana ing klausa kang wajib ana arupa jejer utawa jejer lan wasesa.
Titikane klausa: a) ana ing klausa amung arupa wasesa cacahe siji ora bisa
luwih, b) ora duweni intonasi final, c) intonasine melu intonasi ukara; d)
klausa perangan saka ukara, e) umume bisa arupa jejer lan wasesa.
61
1. Jenis klausa
a. Jenis klausa adhedhasar struktur
(1) Klausa bebas yaiku klausa sing bisa (berpotensi) dadi ukara lan
strukture pepak, awit duwe jejer lan wasesa. Klausa bebas bisa
dadi ukara lamba yen intonasine final. Klausa bebas uga sinebut
induk ukara. Klausa bebas ora ana tembung panggandhenge.
(2) Klausa terikat utawa klausa pang yaiku klausa kang susunane
utawa strukture ora jangkep, mula klausa iki ora duwe potensi
dadi ukara. Klausa terikat disebut klausa bawahan utawa anak
ukara lan nggunakake tembung panggandheng utawa konjungsi
kang mapan ana ngarepe.
Tuladha: Ibu lagi masak, nalika bapak rawuh.
Tuladha ing dhuwur arupa ukara camboran kang dumadi saka rong
klausa. Klausa kang kacithak kandel iku klausa bebas utawa induk
ukara lan ora ana konjungsine, dene kang ora dicetak kandel iku klausa
terikat kanthi tanda ana konjungsine: nalika, umpama, amarga. Dene
dununge klausa bebas bisa ana ngarepe klausa terikat utawa
kosakbaline. Nanging ana ukara kang dumadi rong klausa lan nganggo
konjungsi lan, saha, karo, tuwin, utawa, utawi, apa, loro-lorone
kalebu klausa bebas, amarga klausa iku dununge ora bisa diwalik utawa
dipindhah.
b. Jenis Klausa adhedhasar kategori ing predikat
Klausa kelompok iki punjere klausa ana ing wasesa kang duwe
indentitas utawa kategori tembung. Klausa kelompok iki ana limang
jenis yaiku klausa aran, klausa kriya, klausa kahanan, klausa wilangan
lan klausa preposisi utawa mawa tembung ancer-ancer.
(a) Klausa Aran
Klausa aran sing dadi unsur intine arupa wasesa saka tembung aran
utawa frasa aran.
Tuladha : Mbak Ginah sindhen
(b) Klausa Kriya
62
Klausa Kriya yaiku klausa kang dadi wasesa arupa tembung utawa
frase kriya lan ora bisa dadi ukara negatif. Klausa jenis iki ana loro
yaiku klausa kriya transitif lan klausa kriya intransitif. Klausa kriya
transitif iku wasesa arupa tembung kriya transitif utawa tembung
kriya kang mbutuhake lesan. Klausa intransitif yaiku klausa kang
arupa tembung kriya intansitrif lan tanpa lesan, nanging kala
mangsa nggunakake katragan.
Tuladha: Dheweke arep mulih neng Slogohimo.
Klausa kriya kang wasesane arupa tembung utawa frase kriya
ana limang jenis yaiku:
(1) Klausa kriya kaanan, kasusun saka ukara kahanan kang dumadi
saka unsur intine arupa tembung utawa frase kaanan.
Tuladha: Arumini sregep kulakan.
(2) Klausa kriya aktif kasusun saka tembung utawa frase kriya
aktif lan kang dadi punjere arupa kriya aktif. Ana ing kalimat,
klausa kriya aktif mbutuhake lesan lan bisa diowahi dadi
bentuk pasif.
Tuladha: Anisiani lagi nyapu plataran.
(3) Klausa kriya resiprokal kasusun saka tembung kriya resiprokal
sing tegese ana gegayutane utawa padhadene.
Tuladha: Aku karo Erlin salam-salaman; Rando karo Nando
jiwit-jiwitan.
(4) Klausa kriya pasif kang kasusun saka tembung utawa frase
kriya pasif lan dadi inti klausa.
Tuladha : Pak Herunida dithuthuk anake.
(5) Klausa kriya refleksi kasusun saka tembung kriya refleksi,
tegese tembung kriya sing nggambarake tumindak saka pelaku
utawa jejer.
Tuladha : Santini lagi dandan ana kamar.
(6) Klausa transitif iku klausa sing wasesane kudu digenepi lesan.
Klausa kriya transitif bisa diowahi dadi klausa pasif lan
63
tembung kriya ing klausa iki bisa nggunakake ater-ater
{Hanuswara A-} lan bisa nganggo panambang utawa tanpa
panambang.
Tuladha : Rahayu tuku klambi abang.
(7) Klausa intransitif yaiku klausa sing wasesane ora kudu
dipepaki utawa dieloni dening lesan lan ora bisa diubah dadi ukara
pasif. Tuladaha: Bapak nembe dhahar.
(8) Klausa Kahanan yaiku unsur inti kang wajib ana arupa jejer lan
wasesa, nanging wasesane arupa tembung utawa frase kaanan.
Dene susunane jejer arupa tembung utawa frase aran, wasesane
arupa tembung utawa frase kaanan.
Tuladha: Aidha pinter banget sekolahe
(9) Klausa preposisi, yaiku klausa kang wujud predikate arupa frase
preposisi utawa ana tembung ancer lan tembung aran.
Tuladha: Mbakyuku menyang kantor
c. Jenis Klausa Adhedhasar Pemarkah Negatif Ing Wasesane
(1) Klausa positif yaiku klausa kang ora ana titikan (penanda) negatif
ing wasesane.
Tuladha: Sapi-sapi iku mangan suket neng lapangan.
(2) Klausa negatif kasusun saka tembung utawa frase kanthi tandha
tembung negatif. Kang kalebu tembung negatif kayata: ora, durung,
aja, saengga wasesane asifat negatif.
Tuladha: Simbah dereng dhahar.
d. Jenis klausa adhedhasar struktur internal klausa
(1) Klausa jangkep susun biasa yaiku klausa kang arupa jejer lan wasesa.
Jejer dumunung ana sakngarepe wasesa lan wujude arupa klausa
bebas. Tuladha: Aku arep sinau.
(2) Klausa jangkep susun walik yaiku klausa kang arupa jejer lan
wasesa. Jejer dumunung ana sakburine wasesa utawa klausa inversi
lan arupa klausa bebas. Tuladha: Pinter banget bocah iku.
(3) Klausa ora jangkep yaiku klausa kang wasesane bisa diwuwuhi
64
lesan, katrangan, geganep. Tuladha: lagi dolanan montor-montoran.
G. Ukara
Ukara mujudake rerangkening tembung kang bisa ngandharake
sawijining karep kang jangkep utawa genep. Ukara minangka unit basa sing
relatif mandhiri, duwe pola intonasi pungkasan lan kalebu klausa (Cook,
1969: 39). Ukara dhasar dumadi saka frase aran (jejer) lan frase kriya
(wasesa) (Robert-Burton, 1997: 6). Ukara iku wangun basa paling cilik sing
ngandhut pamikiran kang jangkep (Alisyahbana dalam Markhamah dan
Sabardila, 2018: 8). Miturut Ramlan (2015: 163), ukara minangka unit
gramatikal sing diwatesi jeda kang dawa sing diiringi nada mudhun utawa
munggah. Ukara dhasar yaiku arupa jejer lan wasesa. Pangerten iku bisa
didudut intine, menawa ing ukara kudu ana satuan gramatik kang arupa
tembung, frase, klausa lan ukara kang diwatesi jeda kang dawa lan
dipungkasi kanthi jeda mudhun utawa munggah. Mula ukara iku ora mung
arupa satuan lingual nanging uga intonasi final. Ukara ora gumantung
gunggunge tembung nanging ukara dumadi saka unsur segmental arupa
tembung, frase, klausa, kalimat lan unsur suprasegmental yaiku intonasi
(basa lisan) utawa pungtuasi (basa tulis). Dadi ukara bisa amung sak
tembung utawa luwih nanging intonasine final. Unsur segmental kudu
arupa morfem bebas, duweni kategori, bisa madeg dhewe, tegese cetha.
Perangane ukara kang arupa jejer, wasesa, lesan, katrangan, lan geganep
minangka tali pangeket antarane unsur siji lan sijine. Pola kang paling
sederhana ana ing ukara iku jejer lan wasesa kang dikantheni intonasi final.
Dene unsur liyane asifat mana suka. Saka segi struktur minimal arupa rong
tembung kang fungsine minangka jejer lan wasesa, dene saka segi arti
utawa teges ukara duweni pengertian kang lengkap lan gumathok. Ana ing
ukara lamba wasesa amung siji, dene ing ukara camboran wasesane loro
utawa luwih, lan ana uga perangan ukara camboran iku padha mula bisa
diraket-ake utawa disebut siji wae.
Adhedhasar perangan ukara utawa fungsine lan wujud kang ngisi unsur-
65
unsur ing ukara, bisa dimangerteni jenising ukara adhedhasar sifat
hubungane, kategori wasesane, jumlah wasesane, lan surasane ukara. Pokok
materi 3 ngrembug bab tegese ukara lan titikane, jenis ukara miturut sifat
hubungane, miturut jumlah wasesane, miturut kategori wasesane, lan
miturut surasan utawa isi ukara.
Saben basa duwe pranatan, pranatan kang gumathok ing ukara basa Jawa
yaiku:
a) Bisa madeg dhewe
b) Bisa dumadi satembung utawa luwih
c) Intonasine final menawa diujarke
d) Kawiwitan huruf murda ana ing basa tulis lan dipungkasi tanda titik, takon,
seru.
e) Duwe kategori lan teges sing cetha
Tuladha: mundhut klambi abang kanggo adhik neng pasar
Ibu WL Gg K
J
Ukara iku amung sakklausa kang dumadi saka:
Ibu : jejer/ tembung aran
Mundhut : wasesa/ tembung kriya
Klambi abang : lesan/ frase aran
Kanggo adik : gegeanep/ frase aran
Neng pasar : Katrangan / frase preposisi
Pola dasar ukara basa Jawa kang baku ana lima yaiku:
J – W; J – W – L; J – W-Gg; J – W – L – Gg; J –W – P.
Pola dhasar ukara ing dhuwur iku, struktur lan tegese bener manawa diisi
tembung utawa frase kang duwe kategori sing jelas lan teges sing pas miturut
kaidah basa Jawa. Mula ora saben kelompok tembung bisa diarani ukara
manawa ora manut karo kaidah utawa paugeran kang baku ing basa Jawa.
Tuladha kelompok tembung:
66
(1) pasar dek wingi aku arep blanja neng.
Tuladha (1) iku dudu ukara amarga strukture salah lan ora duwe teges
amarga ora sesuai karo kaidah basa Jawa. Jejer, wasesa, lesan, katrangan, lan
geganep ora sembarang bisa diisi tembung utawa frase, awit duwe paugeran
utawa ciri dhewe-dhewe.
1. Perangane Ukara
a. Jejer
Jejer yaiku perangan kang kalebu bakune ukara utawa lajere ukara,
mula jejer miturut paugeran kang baku dumunung ana ngarep, nanging
kalamangsa dumunung ana tengah utawa mburi gumantung jenising ukara.
Jejer iku perangan sing menehi tandha apa sing diucapake babagan jejer
(Kridalaksana, 1985). Jejer duweni peran semantis dadi aktor utawa pelaku.
Titikane tembung utawa frase dadi jejer yaiku:
1) Arupa tembung utawa frase nomina.
2) Bisa nggunakake tembung pronomina demonstratif: iki, iku, kae.
3) Minangka jawaban pitakon apa, sapa. Tuladha: Ayu lagi umbah-umbah.
4) Bisa diwuwuhi pewates sing.
5) Bisa arupa jenis tembung sakliyane tembung aran
a) Jejer dumadi saka tembung/ Frasa aran.
Tuladha: Mbak Wiwin tuku sabun.
b) Jejer dumadi saka tembung/ Frasa Kriya
Tuladha: Tetulung kalebu ngibadah
c) Jejer dumadi saka tembung/ Frasa Kaanan
Tuladha: Iklas bisa nentremake ati
d) Jejer arupa tembung/ Frasa Wilangan
Tuladha: Sepuluh lembar jumlah folione
e) Jejer arupa tembung/ Frasa Sesulih Purusa
Tuladha: Kowe wis absen
6) Jejeripun ana tengah lan wekasaning ukara.
7) Ora diwiwit tembung ancer-ancer (preposisi: neng, marang, ing)
8) Bisa diwiwiti nganggo tembung ‘menawa’, yen dumunung ing ukara
67
tanggap.
b. Wasesa
Wasesa perangan kang dadi punjering ukara. Tegese ukara gumantung
wasesane. Umume wasesa dumunung sak bubare jejer utawa sisih tengene
jejer. Wasesa bisa arupa tembung utawa frase. Titikane wasesa yaiku:
a. Minangka jawaban saka pitakonan ngapa, kepriye/ piye, se-pira, neng
endi, apa, dadi apa. Tuladha: Edi lagi lunga; Harjiati ngumbahi klambi
b. Bisa diwiwiti tembung ‘yaiku’
Bisa diwuwuhi tembung ora, dudu, aja
c. Bisa diwuwuhi aspek saha modalitas.
d. Jenise tembung kang bisa dadi wasesa
(1) Wasesa arupa tembung/ Frasa Kriya: Pak Kasna lagi macul.
(2) Wasesa arupa tembung/ Frasa Kaanan: Anita ayu banget.
(3) Wasesa arupa tembung/ Frasa Aran: Nanda murid SMA Solo.
(4) Wasesa arupa tembung/ Frasa Wilangan: Teronge limang iji.
(5) Wasesa arupa frasa Ancer-ancer-ancer: Ibu menyang Slogohimo.
c. Lesan
Lesan perangane ukara kang gumantung wasesane kang arupa tembung
kriya tanduk utawa kriya transitif ing ukara ukara aktif. Lesan iku bisa dititik
saka jenis wasesa sing nggenepi. Titikane lesan:
1. Lesan dumunung sak wurine wasesa kang arupa tembung kriya tanduk;
2. Lesan bisa dadi jejer ana ing ukara tanggap;
3. Ora didhisiki tembung ancer.
d. Geganep
Geganep utawa pelengkap yaiku perangan ukara kang tugase ngganepi
wasesa arupa kriya supaya ukarane dadi ganep utawa lengkap. Geganep
dumunung ana tengene wasesa sifate tegar utawa sisih tengene lesan lan ora
bisa ing ngarepe lesan.
68
Adhine mbak Tuti ketiban ember
J W Gg
Pak Mangun saben sore dodol wedang rondhe
J P W Gg
Dununging geganep lan jenis kategorine ing ukara yaiku:
1) J – W – Gg
Tuladha: Simbah ngirimi lawuh.
2) J – W – L – Gg
Tuladha: Yu Lasti njupuke anake sega goreng.
3) Geganep arupa Tembung/ Frasa Aran
Tuladha: Hartini wis duwe sepeda motor.
4) Geganep saka Tembung/ Frasa Kriya
Tuladha: Pak wisnu mulang nggambar neng sanggar.
5) Geganep arupa Tembung/ Frasa Kaanan
Tuladha: Amirudin tumindake lembah manah.
6) Geganep arupa Tembung/ Frasa Wilangan
Tuladha: Wedhuse pak Sukar manak loro.
7) Geganep arupa Tembung/ Frasa ancer-ancer
Tuladha: Aku kerja kanggo anak bojoku.
e. Katrangan (Panerang)
Katrangan iku perangane ukara kang ora baku, ana ing ukara panerang
sifate mana suka, bisa ana utawa ora, cacahe bisa luwih saka siji, lan
dumununge bebas. Katrangan fungsine minangka penjelas, tanpa katrangan
ukara tetep bener lan trep. Jinise katrangan:
1) Katrangan wektu. Tuladha: Putuku lahir wingi sore.
2) Katrangan papan. Tuladha: Ibu lagi wae kondur saka Banten
3) Katrangan sebab. Tualdha: Siti ora mlebu sekolah amarga lara.
69
4) Keterangan akibat. Tuladha: Dheweke rajin nabung saega bisa tuku mobil.
5) Katrangan syarat. Tuladha: Menawa aku duwe dhuwit, kowe kabeh tak
jajake.
6) Katrangan alat. Tuladha: Simbah nebang wit klapa nganggo singso.
7) Katrangan kaanan. Tuladha: Kanthi sabar Sunarti ngajari ngaji adhine.
8) Katrangan perbandingan. Tuladha: Dheweke mencereng kaya buta kurang
sajen.
9) Katrangan perlawanan. Tuladha: Sanajan awake rada lara.
10) Keterangan tujuwan. Tuladha: Elsa melu bimbingan belajar supaya
munggah kelas.
2. Jinise Ukara
Jinise ukara bahasa Jawa gumantung wasesane, awit wasesa dadi punjere
ukara.
a. Jinis Ukara Adhedhasar Sipat Hubungane
1) Ukara tanduk
Ukara tanduk utawa kalimat aktif, yaiku jejer nindakake
pakaryan, minangka pelaku utawa aktor. Wasesa ing ukara tanduk arupa
tembung kriya tanduk, imbuhan arupa imbuhan anuswara {am-, an-
,ang-, any-} lan panambang {-i, -ke}. Jejer nindakake pakaryan, dene
lesan dadi sasaran. Ing ukara tanduk mbutuhake lesan.
Tuladha: Ibu mundhut lawuh.
Wondene jinise ukara tanduk yaiku:
JWL : Adhiku ngumbah klasa Heru menthangake gendewa.
JWLP : Darsini nggoreng tempe neng pawon Anggi ngarit
suket neng alas.
J W L Gg : Ibu mundhutke bapak sepatu ireng Aku nukokake Siti
mesin jahit.
Ukara tanduk kang wasesane arupa tembung kriya tanduk ana sing ora
mbutuhake lesan diarani ukara tanduk intransitif. Tuladha : Mbak Santa
lagi dhahar.
70
2) Ukara Tanggap
Ukara tanggap utawa kalimat pasif, yaiku ukara kang wasesane arupa
kriya tanggap dene jejer dari sasaran kena pakaryan. Imbuhan kang
tumempel ing wasesa ukara tanggap yaiku:
(1) {dak-/tak- {-i, -(a)ke, -ne, -ane} Tuladha: Dhuwite taksinggahake.
(2) {kok-/ko- {-i, -(a)ke} Tuladha: Bukune kokklumpukake.
(3){di- {-i, -(ake} Tuladha: Godhong pohunge dipethiki simbah.
(4){ke- (-an)} Tuladha: Rendi kodanan wingi sore; Rinem kangelan
maca
(5){ka- (-an, -ake)}Tuladha: Rustini kakabulake panyuwune; Layang
iki kaaturake pakde
b. Adhedhasar gunggunge wasesane
Ukara miturut gunggunge klausa dipilah dadi loro yaiku ukara lamba
lan ukara camboran (Alwi, 2003: 338). Semono uga Sasangka (2013: 181)
milah ukara saka jumlah wasesane ana loro yaiku ukara lamba lan
camboran.
1) Ukara Lamba
Ukara lamba yaiku ukara kang dumadi amung sakklausa, tegese
ukara lamba dumadi saka jejer lan wasesa lan bisa nganggo lesan,
geganep utawa keterangan. Jejer lan wasesa ing ukara lamba wajib ana
kang duweni hubungan kang rumaket (satu kesatuan). Pola ukara lamba
sing sederhana kaya ing ngisor iki. Tuladha :
(1) J – W : Aku mlayu.
(2) J – W – L : Sinta tuku jeruk.
(3) J – W - Gg : Harsini ngliwet sega.
(4) J – W – L – Gg : Simbah mundhutke klambi kanggo Ida.
(5) J –W - P : Bulik nunggu neng terminal.
2) Ukara Camboran
Ukara camboran yaiku ukara kang dumadi saka ukara lamba utawa
klausa cacahe loro utawa luwih kang digandheng dadi siji. Cethane,
71
ukara camboran iku ukara kang isi andharane rangkep utawa luwih saka
siji, dumadi saka manunggaling ukara loro utawa luwih, ukara siji lan
sijine madeg dhewe lan surasaning ukara ana gandheng cenenge.
Panggandenging ukara camboran bisa kanthi cara implisit (tanpa
tembung panggandheng) kanthi nggunakake tandha koma (,). Tembung
camboran secara eksplisit diiket kanthi tembung panggandheng.
Tembung panggandheng iku kayata: lan, amarga, nalika, umpama,
ananging, awit, lsp. Ukara Camboran ana telu yaiku:
(1) Ukara camboran sejajar.
Ukara iki dumadi saka ukara lamba utawa klausa cacahe loro
utawa luwih. Klausa-klausa jroning ukara duwe kalungguhan kang
padha. Dene tembung pangikete arupa tembung: lan, saha, tuwin
sarta, utawa, utawi, apa dene, banjur, terus, malah, dene, sing
dumunung ing antarane ukara lamba utawa klausa lan ora bisa ana
ing ngarepe ukara lamba utawa klausa.
Tuladha: (1) Murid-muride lagi padha mlebu dene ibu guru
nyiapake tugas, sarta papan tulise wis resik.
Ukara camboran iku dumadi saka telung klausa yaiku: 1) Murid-
muride lagi padha mlebu, 2) Bu guru nyiapake tugas, 3) Papan tulise
wis resik.
Ukara kasebut kaiket dening tembung panggandheng ‘dene’,
sarta kang dumunung ana ing antarane klausa. Tembung
panggandheng kasebut ora bisa dipindhah ing ngarep awit ngrusak
struktur lan tegese ukara.
(2) Ukara camboran raketan (kalimat majemuk rapatan)
Ukara camboran raketan dumadi saka rong klausa utawa luwih
kang digandheng nganti ana perangan utawa fungsi sing padha lan ora
perlu disebutake. Amarga wis dikandhakake ana ing klausa ngarep,
dene kang padha bisa awujud jejer, wasesa, lan lesan. Dene jumlahe
katrangan bisa luwih saka siji lan ora ngrusak inti ukara, jalaran
katrangan fungsine amung dadi panerang. Ukara camboran raketan iku
72
sing padha, bisa jejer, wasesa, katrangan, lan nggunakake tembung
panggandheng.
(3) Ukara Camboran Susun (Kalimat Majemuk Bertingkat)
Ukara camboran susun yaiku ukara camboran kang dumadi saka
rong klausa utawa luwih, nanging klausa sing siji dadi katrangan utawa
bagian klausa liyane (kalungguhane ora pada). Ukara camboran susun
dumadi saka klausa inti lan klausa pang. Antarane kausa siji lan liyane
diiket karo tembung panggandheng. Tembung panggandheng ing ukara
iki kayata: amarga, jalaran, sanadyan rikala, nalika, yen, supaya,
menawa, mula, kanthi, awit, saumpama, sebab, lsp. Tuladha: Wingi
sore Martindu arep bali menyang Jakarta, amarga kentekan tiket.
c. Adhedhasar tembung panggandheng kang dumunung ana ing ukara
camboran, ukara bisa kapilah dadi:
1) Ukara camboran mratelakake kosok balen. Tembung panggandheng kang
digunakake: sanajan mengkono.
2) Ukara camboran mratelakakake sebab, yaiku ukara kang dumadi saka
rong klausa, nanging klausa bawahan mratelakake sebab prastawa kang
ditindakake dening klausa inti. Tembung pangandhenge: sebab, amarga,
awit.
3) Ukara camboran kang mratelakake syarat yaiku ukara kang dumadi saka
rong klausa, klausa inti lan klausa pang. Klausa pang mratelakake syarat
marang kedadeyan kang sinebut ing klausa inti. Tuladha: Aku tak dolan
neng omahmu, menawa ora udan.
4) Ukara camboran kang mratelakake pasemon, yaiku klausa bawahan
mratelakake pasemon sing ora bakal kelakon kaya kang dikandhakake
ing klausa intine. Wujude tembung panggandhenge kayata: yen, upama,
saumpama sakirane.
5) Ukara camboran kang mratelakake wektu, yaiku gayutaning ukara utawa
klausa kang cacahe loro mratelakake wektu kedadeyane, kang kasebut
ana ing klausa inti. Tembung panggandheng kang asring digunakake
yaiku: sauwise, sadurunge, nalika,
73
6) Ukara camboran kang mratelakake prastawa urut (perturutan) yaiku
gayutaning ukara siji lan sijine mratelakake prastawa, kahanan sing urut
(perturutan) .
7) Ukara camboran kang mratelakake pilihan yaiku gayutaning teges rong
klausa utawa rong ukara lamba kangmratelakake menawa salah sjii ukara
utawa klausa iku arupa kanyataan utawa pilihan. Tembung panggandheng
kang asring digunakake yaiku utawa, utawi apa.
Tuladha: Aku utawa sliramu sing mangkat neng Temanggung.
8) Ukara camboran kang mratelakake gunggung utawa jumlah yaiku ukara
hasil kumpulinging gathukan antarane ukara siji lan sijine kagabung dadi
siji kang mratelakake gunggong utawa jumlah. Tembung panggandheng
kang kanggo nggandheng yaiku: lan, sarta, tuwin sumawana, karo, saha.
Tuladha: Sartuna lan anake mertamba neng Puskesmas Solo.
d. Adhedhasar Kategori Wasesa
Ukara basa Jawa miturut kategori kang ngisi wasesa bisa kaperang dadi loro
yaiku: ukara aran lan ukara kriya.
1) Ukara Aran.
Kang diarani ukara aran yaiku ukara kang wasesane arupa tembung utawa
frase aran. Tuladha: Bapak kodanan
2) Ukara Kriya.
Ukara iki perangan kang arupa wasesa diisi tembung utawa frase kriya.
Tuladha: Bapak maos koran neng teras
e. Adhedhasar Surasane utawa Isi
1) Ukara Crita (Kalimat Berita)
Ukara crita yaiku ukara kang isine nyritakake utawa ngandharake
sawijining bab utawa kedadean marang wong liya. Tuladhane:
Saben wulan Mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta mesthi ana Sekaten.
2) Ukara Pakon (Kalimat Perintah Atau Imperatif)
Ukara pakon yaiku ukara kang surasane mbutuhake tanggapan arupa
tindakan. Dene isine bisa pakon, ajakan, larangan marang wong liya
supaya nindakake kaya sing dikarepake sing kongkon.
74
Tuladha: Sardi, tukua lawuh dhisik!
a) Titikan ukara pakon:
(1) Nggunakake partikel utawa panambang {–a, -na, -en, lan –ana}
(2) Bisa susun balik utawa inversi yaiku jejer dumunung ana
sangarepe jejer
(3) Nggunakake tanda seru ana ing basa tulis Rambutan iki gawanen!
(4) Yen arupa basa lisan intonasine bisa ing pungkasan guneman
medhun, rata trus munggah (intonasi data berakhir dengan nada
naik), medhun ing akhir tuturan (menurun di akhir tuturan), sing
kongkon ora kudu dieksplisitke.
b) Jinise Ukara Pakon
(1) Ukara Pakon Lumrah yaiku ukara pakon biasa. Titikane ukara
pakon lumrah nggunakake panambang –a, -na, -ana, -en. Tuladha:
Wis balia dhisik!
(2) Ukara pakon pangajak yaiku surasane arupa pangajak, biasane ana
tembung ayo, mangga, sumangga. Tuladha: Ayo padha bali dhisik!
(3) Ukara pakon panjaluk yaiku ukara kang isine panjaluk supaya sing
diakon gelem nindakake apa sing dikarepake sing njaluk. Dene
tengere nggunakake tembung takjaluk. Tuladha: Takjaluk kowe aja
cuwa, dolan rene dianggurke.
(4) Ukara pakon pamenging yaiku ukara pakon kang surasane menging
supaya wong liya ora nindakake apa sing kang dikarepke dening
sing kongkon. Tanda pamenging sing asring digunakake kayata,
aja, ora.
(5) Ukara pakon panantang utawa panyindir, yaiku ukara pakon kang
surasane nantang utawa nyindhir kang dikongkon. Tuladha: Renea
yen rumangsa ksatria!
3) Ukara Pitakon yaiku ukara sing surasane takon marang wong liya. Umume
nggunakake tembung apa, piye sapa, sinten, ngendi, ing ngendi kapan,
coba, dek kapan, pripun, kadospundi, pinten, coba, wonten pundi, lsp. Yen
ana ing basa tulis nggunakake tanda pitakon (?)
75
Jinise ukara pitakon yaiku:
(1) Ukara Pitakon Lumrah. Tuladha: Anakmu wis pira duk ?
(2) Ukara Paminta. Tuladha: Piye yen sing budal kowe wae ?
(3) Ukara Pitakon nanging ora perlu jawaban. Tuladha: Ngalamun iku
apa enak ta yu ?
4) Ukara Sambawa
Ukara sambawa yaiku ukara kang isine awujud pangarep-arep, saumpama,
utawa sanadyan. Ukara iki rancake migunakake tembung-tembung kang
kawuwuhan panambang -a utawa -ana. Tuladha: Udana tanduranku ben
urip.
5) Ukara Sananta
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya. Ananging,
kang duwe niyat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi wae ukara iki
durung kalakon utawa durung katindakake jalaran isih awujud niyat.
Tuladha: Aku kude sregep nyambut gawe, ben sugih dhuwit.
D. Forum Diskusi
Sakwise nyinauni bab widya ukara, coba critakake nganggo basamu dhewe-
dhewe apa bedane frase, klausa, lan ukara, banjur gawea tuladhane.
Wangsulanmu banjur dirembug bebarengan karo kanca-kanca!
76
PENUTUP
A. Rangkuman
1. Frase dumadi saka rong tembung sing sifate non predikatif, ana ing ukara
mung duweni sak fungsi dadi jejer/wasesa/lesan/geganep/katrangan,
tegese kurang luwih pada karo unsur-unsur langsunge, Jenis frase
adhedhasar: konstruksi frasei, gayutan fungsional ana ing frase, kategori
unsur inti. Unsu inti frase iku arupa tembung sing mandiri, cetha
kategorine, dadi punjere struktur frase, bisa kanggo nemtokake jenis frase
2. Klausa iku kelompok tembung kang arupa jejer lan wasesa. Unsur sing
wajib ana in klausa iku wasesa. Jejer kala mangsa ora wajib ana, semono
uga lesan, katrangan lan geganep. Klausa bisa dadi ukara, yen duwe
intonasi final. Klausa berpotensi dadi ukara, awit ing klausa ana jejer lan
wasesa.
3. Ukara rerangkening tembung, frase utawa klausa miturut aturan kang
gumathok, dumadi satembung utawa luwih, Intonasine final menawa
diujarke, kawiwitan huruf murda ana ing basa tulis lan dipungkasi tanda
titik, takon, seru lan nduweni kategori sing cetha.
B. Tes Formatif
Analisisana fungsi-fungsi kang ndhapuk konstruk ukara ing ngisor iki!
1. Bocah kang linggih iku lagi nunggu ibune saka pasar.
A. J-W-P
B. J-W-G
C. J-W-L-P
D. J-W-G-P
E. J-W
2. Wis sore adimu durung katon bali
A. J-W-P
B. J-W-L
C. P-J-W
D. P-J-W-L
77
E. P-J-W-G
3. Rada rikat lakune, ben ora ketinggalan sepur
A. W-J, W-J
B. W-J, W-L
C. J-W-L
D. J-W-L-P
E. J-W-P
4. Jendela lagi dak cet.
A. J-W-L
B. J-W-P
C. J-W-G
D. J-W
E. J-L
5. Mbak Fitri lagi nurokake adine neng kamar ngarep.
A. J-W-L-P
B. J-W-G-P
C. J-W-P
D. J-W-L
E. J-W
6. Dheweke sing duwe manuk, aku mung nggaduh.
A. J-W-J-W
B. J-W-L-J-W
C. J-W-L-P
D. J-W-L-G
E. J-W-L
7. Nalika aku lagi nulis, Siti tiba neng ndhak-undhakan.
A. J-W-J-W-P
B. P-J-W-P
C. J-W-P
D. W-J-W-P
E. J-W-W-P
78
8. Pak Mangun iku medhar sabdo kanthi titis.
A. J-W-G
B. J-W-L
C. J-W-G-P
D. J-W-L-P
E. J-W-P
9 Bapak ngendikan kanthi sabar sareh.
A. J-W-G
B. J-W-L
C. J-W-P
D. J-W-L-P
E. J-W
10. Sari tuku roti minangka oleh-oleh kagem ibu.
A. J-W-L-W-P
B. J-W-L-G
C. J-W-L-G-P
D. J-W-G-P
E. J-W-P
79
80
KEGIATAN BELAJAR 4
WIDYA MAKNA
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Widya makna ing kene nyinau babagan aspek-aspek makna, jinis-jinis makna,
owah-owahan makna, lan gayute makna. Aspek-aspek makna ana papat, yaiku (1)
tegese, (2) nilai rasa, (3) nada,lan (4) maksud. Jinising makna ana maneka
warna. Kayata makna leksikal, makna gramatikal, makna konseptual, makna
asosiatif, makna spesifik, makna afektif, makna stilistika, lan liya-liyane. Jinis
owah-owahing makna yaiku (1) owah-owahane teges luwih, (2) makna
spesialisasi, (3) amelioratif, lan (4) peyorasi. Gayute makna ana wolu, yaiku (1)
sinonim, (2) antonim, (3) homonim, (4) hiponim, (5) polisemi, (5) ambiguitas,
(6) lan redudansi.
B. Petunjuk Belajar
Pituduh pasinaon/ancer-ancer pasinaon yaiku: Guru nerangake materi
pasinaon kanthi tuladha-tuladha kang gampang ditampa dening siswa-siswi.
Siswa-siswi nyathet apa-apa kang diandharake dening guru. Guru menehi tugas
marang siswa-siswi babagan materi ing sajroning widya makna. Guru nerangake
apamaneh asiling pasinaon lan menehi andharan babagan widya makna marang
siswa-siswi
Modul iki ngrembug materi widya tembung kang kaperang dadi lima yaiku
widya makna, aspek-aspek makna, jinis makna, owah-owahan makna, lan gayute
makna. Saben submateri kaandharake teori sarta tuladha kang bisa
nggampangake pamaos anggone sinau. Kanggo perangan teori lan tuladha, macaa
lan maspadhakake kanthi teliti. Sabanjure ana tugas sarta test formatif. Saiki
garapen soal-soal kang sumadya kanthi tliti. Biji KKM saora-orane 76. Menawa
bijine kurang saka 76 ateges durung bisa lulus. Menawa wis kasil, mahasiswa bisa
sinau maneh bab-bab sing bisa nambah kawruh babagan Widya makna kayata
maca buku, artikel jurnal, artikel kang ana ing internet, kalawarti utawa ariwarti.
Kajaba iku mahasiswa uga bisa melu sarasehan/seminar-seminar kang ana
81
gegayutane karo pasinaon iki. Dene menawa durung kasil, sinau maneh materi iki
kanthi tliti lan premati, diskusi, lan melu remidi.
82
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Capaian Sub-Capaian Pembelajaran
Pembelajaran 1) Mahasiswa ngerti widya makna lan bisa nyebutake
apa wae kang klebu widya makna
Menganalisis
2) Mahasiswa bisa jelasake lan indentifikasi aspek-
prinsip materi aspek makna, jinis-jinis makna, owah-owahan
makna,lan gayute makna.
kebahasaan Jawa
3) Mahasiswa trampil nanalisis widya makna lan bisa
dan aplikasinya ditrapake ana ing pacelathon ing pasrawungan.
dalam
pembelajaran
bahasa Jawa
B. Pokok-Pokok Materi
widya
makna
1. teges 2. aspek- 3. jinis 4. owah- 5. gayute
widya aspek widya makna owahan makna
makna makna
makna
C. Uraian Materi
1. Tegese Widya Makna
Widya makna yaiku salah sijining perangan panaliten utawa cabang
kawruh basa kang neliti tegesing basa utawa arti (lingual meaning atau
linguistic meaning) (Subroto, 2011: 30). Kanthi ringkes widya makna iku
ngelmu kang nliti arti basa.
Widya makna iku cabang kawruh basa utawa ilmu linguistik kang nyinau
83
bab makna utawa teges. Obyek kajian widya makna iku makna/ teges/ arti.
Miturut Palmer (1981: 30) makna ing kawruh basa minangka urutan kang
pungkasan sawise swara lan paramasastra. Saka telung posisi ana gegayutane
karo kasunyatan. Semono uga basa iku minangka swara abstrak sing nuduhake
(mengacu) simbol tartamtu. Simbol kang dadi referen iku duwe sistem, aturan
lan makna asosiasi tartamtu. Saliyani iku simbol utawa lambang iku mau duwe
ujud lan hubungan kang duwe asosiasi makna tartamtu.
2. Aspek-aspek Makna
Aspek-aspek makna miturut Pateda (2001: 94) ana papat yaiku:
a. Pengertian (sense)
Pengertian uga disebut tema. Pengertian iki bisa ditampa nalika sing
clathu karo sing diajak clathu duwene basa sing padha kang digunaake lan
disepakati bareng. Lyons (ing Mansoer Pateda, 2001) mratelakake yen
pengertian iku sistem hubungan sing beda karo tembung liyane ana ing
kosakata. Pengertian bisa maujud manawa antarane sing clathu karo sing ajak
clathu duwene nguasani basa sing padha, umpamane kaloron nggunakake lan
faham basa Jawa .
Tuladha : Sesuk sida ulangan basa Jawa. Saka tandha iku sing dijak clatu
bisa nangkep apa kang diucapake dene sing clathu. Sing dijak clathu ngerti
yen sesuk iku ulangan basa Jawa, saengga rumangsa dielingke dening sing
clathu.
b. Nilai rasa (perasaan)
Hubungane nilai rasa karo sing clathu ngenani masalah sing dirembuk
utawa diomongke yaiku nilai rasa karo makna ana hubungane karo perasaan.
Maksude tembung-tembung kang diomongake dene sing clathu gegayutan
antarane nilai rasa karo makna. Nilai rasa gegayutan karo sikap pembicara
utawa sing clathu marang sing omongake. Ing tembung liya, nilai rasa sing
terkait karo makna yaiku tembung-tembung sing gegayutan karo perasaan,
becik (baik) sing gegayutan karo dorongan utawa penilaian. Dadi, saben
tembung duwe makna sing ana hubungane karo nilai rasa lan saben tembung
duwe makna sing gegayutan karo perasaan. Dadi nalika lagi rembukan karo
84
liyan, tembung-tembung sing dipilih ana gayutane karo nilai rasa utawa
pangrasa (perasaan). Ana ing pasrawungan agung, nalika lagi jengkel, sedih,
anyel, anggone ngandharake nganggo aspek rasa kang pas supaya perkara
enggal bisa rampung.
Nadyan ta lagi anyel, ora mungkin nganggo tetembungan kang bisa gawe
laraning ati liyan kayata tuladha: Kowe kuwi wis diweneh kok isih dremis
wae, usaha! Ukara iku ngandhut nilai rasa asor utawa rendah. Nilai rasa kang
asor iku muncul menawa sing clathu lepas kendali utawa emosine ora bisa
dikuwasani.
c. Nada (nada)
Nada iku gegayutan antarane penutur karo mitra tutur. Aspek nada
gegayutan karo sikap pamicara marang lawan wicara. Aspek nada gegayutan
karo aspek makna sing duweni nilai rasa. Gayutan antarane panutur karo
lawan tutur bakal nemtokake sikap sing bisa dirasakake ana ing tembung
kang digunakake. Nalika lagi jengkel, tetembungan kang digunakake mesthi
beda karo nalika ati lagi seneng lan uga beda suwarane. Yen lagi jengkel
suwarane dhuwur utawa lantang, ananging menawa lagi njejaluk suwarane
alus, lagi seneng suwarane kepenak, lan tembung-tembung kang digunakake
beda. Nada iku nemtokake makna utawa tegese tembung kang digunakake.
Menawa nada suwarane dhuwur tur banter iku tandhane lagi nesu utawa
prentah. Tuladha Muliha kana! Beda menawa kang diucapake duwe karep
jejaluk nada suarane rata, melas, semu ngrengek. Tuladhane Mbak, aku
tukoke premen!
d. Maksud (niat)
Maksud iku karep utawa krenteking ati. Aspek maksud gegayutan
karo rasa ing ati, lagi seneng utawa sedhih iku tetembungan kang metu mesthi
beda, Semono uga nada suwarane. Aspek maksud ana gayutane karo karep
kang diujarake, bisa asipat prentah, persuasi, cerita, politik, narasi lan
sakpiturute. Tuladha Ibu gerah. Saka tuturan iku ngemu maksud yaiku
menehi kabar yen ibu gerah, enggal diupakara utawa dirawat, enggal
digolekake tamba, digawa neng rumah sakit utawa dhokter, ora entuk
85
nyambut gawe, kanggo istirahat, ngaso kang cukup, dhahare uga dipersudi.
3. Jinis Makna
Widya makna gegayutan karo tegesing tembung. Saben tembung duwe teges
kang beda, gumantung konteks sosial, lan pengetrape ana ing ukara. Sanadyan
tembunge padha, nanging ana ing ukara beda, tegese tembung kadhangkala
beda. Adhedhasar tegese tembung gumantung konteks sosial, jinis semantik, rasa
basa, trep (ketepatan) tegese, lan ana ing ukara, tembung duwe teges mawarna-
warna. Pateda (2010: 96 – 132) ngandharake jinis-jinis makna kaya kang
kacetha ing ngisor iki.
a. Makna leksikal yaiku teges tembung kang padha ing tembung sakwutuhe
persis karo apa anane. Makna leksikal ana gayutane karo leksem utawa
tembung lan ora ana gayutane karo gramatikal (Kridalaksana, 1982).
Tuladha: 1. Buruh: wong sing kang ngalap opah sarana nyambut gawe,
nyambut gawe arana opahan, 2. Anak: putra, turunan kang kapisan
b. Makna gramatikal yaiku teges sing tuwuh amarga asil saka proses
gramatikal utawa proses paramasastra. Proses gramatikal bisa arupa: proses
camboran utawa pemajemukan, rangkep utawa reduplikasi, kawuwuhan
utawa imbuhan, sarta pandhapuking ukara.
Tuladha: Tembung ‘tangan’, saka makna leksikale duwe teges perangan
awak saka lengen nganti pucuk driji. Tembung ‘tangan’ sawise sumambung
karo tembung liya dadi dawa tangane kang ateges clemer utawa seneng
colong jupuk.
c. Makna konseptual yaiku makna sing padha karo konsepe utawa makna
bebas saka acuan utawa gayutane apa wae. Dadi makna konseptual iku
makna sing duwe leksem/tembung bebas saka konteks. Dadi makna
konseptual kurang luwih padha karo makna leksikal, makna denotatif.
Tuladha: kursi, salah sijine prabot kang gunane kanggo lungguh, duwe sikil
papat, bisa kagawe saka kayu utawa wesi. Makna konseptual iku sipate
lugas, ora gumantung konteks, siji bandhing siji ora ambigu, ora gampang
owah amarga wektu.
d. Makna asosiatif yaiku teges utawa makna sing didarbeni leksem utawa
86
tembung awit saka hubungane tembung iku karo kahanan utawa ngrujuk ing
sakjabaning basa. Tuladha: tembung putih duwe referensi suci, resik, ora
duwe dosa. Makna asosiatif ana gandheng cenenge karo masyarakat basa,
pandangan hidup, keyakinan, nilai moral masyarakat sing nggunakake basa.
e. Makna spesifik yaiku makna konseptual sing khusus, khas, lan sempit.
Tuladha:
(1) Pasangan bulu tangkis gandha putri dimenangke Indonesia.
Makna ukara (1) iku satemene amung wong loro wae, yaiku wong sing
tandhing, dudu wong sak-Indonesia.
(2) Tim futsal UNS menang lomba se-Asia.
Makna ukara ing tuladha (2) iku sing menang sak tim wae, dudu warga
civitas akademik UNS sing menang.
f. Makna afektif iku makna sing tuwuh amarga reaksi sing ngrungokake utawa
sing omong tumrap basa sing digunakake dening pamicara. Tuladha: Ayo
diunjuk mung banyu putih! Ukara iku kalebu makna afektif utawa ngasorake
dhiri pribadhi. Ukara ‘Ngapunten mung wedang kendel’. Teges ‘wedang
kendel’ iku yaitu wedang tanpa ana nyamikan, nanging asring ‘wedang
kendel’ nganggo nyamikan nadyan nyamikane mung saderma (sederhana)
mawon. Ukara iku kalebu makna afektif ngasorake dhiri pribadhi lan
ngurmati sing diajak omongan.
g. Makna stilistika iku makna utawa teges sing katon merga basa sing
nggunakake basa. Makna stilistika gegayutan karo nggunakake basa kang
bisa nuwuhake efek khusus tumrap kang maca. Makna stilistika luwih
dirasake ing karya sastra.
h. Makna kolokatif yaiku makna kang ana gandheng cenenge karo makna sing
didarbeni dening pirang-pirang tembung ing lingkungan sing padha.
Tembung, tas, pensil, bulpen, setip, ongotan, garisan, meja, tembung-
tembung kang ana ing meja sinau.
i. Makna konotatif yaiku tegese tembung utawa reroncening tembung
adhedhasar rasa pangrasa (perasaan) utawa pikiran sing micara lan mitra
wicara. Makna konotatif dituwuhake dening asosiasi rasa tumrap apa sing
diucapake utawa sing dirungokake. Makna konotatif iku minangka teges, arti
87
makna, wujud saka sikap sosial.
j. Makna denotatif tegese makna alamiah kang didarbeni tembung, apa anane
utawa makna lugas. Sipate obyektif, padha karo kasunyatan. Tembung turu
tegese nglekar neng panggonan, mripat merem, ora polah, bisa nganggo
lemek lan bantal. Makna denotatif asil saka observasi panca indra, rasa utawa
pengalaman liyane. Tembung ‘thole’ iku duwe teges bocah lanang utawa
bocah dudu wedok, lan umure luwih enom.
k. Makna idiomatik iku teges/makna sing ana ing sajroning idiom, teges iku
wus uwal saka makna konseptual lan gramatikal unsur-unsur pandhapuke.
Idiom iku istilah khusus sing duwe nilai estetis lan budaya, utamane ing
masyarakat Jawa. Tuladha Idiom: ‘mikul dhuwur mendhem jero’ tegese
uwong kang duwe tanggungjawab marang kaluwargane lan njaga jeneng
wong tuwane.
l. Makna kontekstual tuwuh minangka ana gegayutan antarane ujaran karo
kahanan. Gayutan antarane pacelathon utawa antarane sing celathu lan
kahanan kang digunakake ing rembugan. Tuladha: Pak nyuwun lungsurane!
Ukara iku tegese wong sing celathu duwe kahanan sing prihatin yaiku ora
duwe klambi kanggo salin utawa klambine sithik tur wis elek.
m. Makna téma iku makna sing dingendikakake dening pamicara/panulis
lumantar urutane tembung, fokus pacelathon (obrolan), uga penekanan ing
pacelathon (obrolan). Tuladha: Bapak ibu kula sakit. Tegese ukara iku
gumantung saka intonasine panuture, yaiku bisa:
a. Bapak/ ibu kula sakit
b. Bapak ibu/ kula sakit
c. Bapak ibu kula/ sakit
Ukara (1) menehi kabar marang bapak yen ibune lara, ukara (2) isine
prastawa yen sing lara kula, dene ukara (3) mratelaken yen bapak ibune sing
celathu lara.
n. Makna referensi makna unsur basa sing gayut karo jagad jaba lan bisa
diandharake kanthi analisis komponen, duwe gegayutan langsung karo acuan
kang padha karo lekseme utawa kedadeyan, barang, ciri lsp. Tuladha:
Leksem kursi duwe acuan langsung arupa barang, kanggo lungguh, sikile
88
papat, digawe saka kayu utawa wesi. Kanggone pamicara kang wis ngerti
kursi ora bakal duwe pilihan makna sing beda.
4. Owah-owahing Makna
a. Faktor Pandaya Owahe Makna
Faktor kang ndayani/njalari owahe makna, yaiku faktor kebetulan, faktor
umur, faktor tabu, faktor polisemi.
1) Faktor Kebetulan
Faktor kebetulan utawa ngepasi tegese owahe utawa gesere tegese
tembung sing disebabake makna ambigu ana ing tembung kasebut utawa
tembung iku dhewe. Iki kang nyebabake makna tembung kasebut ngalami
owah-owahan makna luwih cepet, apa maneh tembung kasebut ditrapake ing
ukara.
2) Faktor Umur
Faktor gesere owah-owahan teges bisa uga disebabake dening
perkembangan jaman. Owahowahan makna tembung kang disebabke dening
genarasi mudha anggone nyerep utawa negesi tembung beda karo angkatan
utawa generasi sepuh.
Tuladha: Tembung jago tegese hebat, menang (gegayutan karo adu fisik)
miturut angkatan sepuh, nanging kanggone bocah saiki tembung jago iku
kasil dadi juara ing kompetisi utamane bab kawruh utawa pengetahuan.
3) Faktor Tabu
Faktor tabu iki owah-owahan makna dumadi amarga makna tabu sing
dimupangatake dening tembung supaya bisa diganti kanthi adaptasi adat lan
ketentuan sing ditrapake ing masyarakat.
Tuladha: tembung nyopet iku dianggep kurang sopan lan ora enek
dirungokake, mula diganti nyeler, kulakan gratis.
4) Faktor polisemi,
Gesere lan owahe tembung amarga ana tembung kang tegese luwih saka
siji, mula bisa dadi penyebab tembung bisa geser tegese polisemi yaiku
tembung kang duwe teges luwih saka siji gumantung ukarane.
89
Tuladha:
(1) Tukija wis seminggu lara panas.
(2) Krungu tembungmu aku dadi lara ati.
Tembung lara ing ukara (1) tegese ora sehat, nanging ing ukara (2) tegese
ora lara atine utawa sing lara atine nanging gegayutan karo rasa utawa
perasaan.
b. Jinis Owah-owahane Makna
Adhedhasar jinise, owah-owahan makna bisa kaperang dadi papat, yaiku:
1) Owah-owahane teges luwih
Owahing teges luwih luas tinimbang sakdurunge.
Tuladha: Tembung jurusan jaman biyen kanggo sebutan trayek
angkutan umum, nanging saiki jurusan uga digunakake ing pawiyatan
yaiku dadi spesialis konsentrasi ilmu utawa kawruh ing pawiyatan
yaiku universitas.
2) Owah-owahan makna spesialisasi
Tembung kang duwe teges sing luwih mligi (menyempit) saka makna
sakdurunge.
Tuladha: Tembung sarjana jaman biyen duwe teges wong pinter utawa
wasis, nanging tegese dadi mligi utawa khusus. Sarjana saiki sebutan
kanggo wong sing lulus ing pawiyatan dhuwur (universitas)
3) Owahe tegese tembung kang duweni makna amelioratif utawa
sopan.
Owahe makna tembung ameliorasi iku owahe teges dadi luwih sopan
tinimbang sadurunge.
Tuladha: Tembung budheg tegese ‘ora bisa ngrungokek swara’. Saiki
tembung budheg diganti nganggo tembung ‘tuna rungu’ kang maknae
luwih sopan, dene tegese padha yaiku ora bisa ngrungoake swara.
4) Owah-owahan ing Makna Peyorasi (memburuk)
Owah-owahan ing makna tembung peyorasi yaiku owah-owahan
makna kanggo tembung sing nyebabake wangun tembung dadi owah
maknane ora pantes diucapake uga dirungokake merga ora sopan.
90
Tuladha: Tembung goblok kurang sopan diucapake lan ora enak
dirungoke, apa maneh ana ing pasrawungan. Apa maneh nganggo
suara lantang. Tembung kasebut duweni nilai rasa elek, mula tembung
goblok biasa diganti nganggo tembung ‘durung bisa’, ‘ajar meneh’.
5. Gayute Makna
a. Sinonim (dasanama): wujud basa kang duwe teges memper utawa padha
utawa meh padha karo wujud liya, ananging ana ing konteks ukara
tembung iku mau durung tamtu bisa ngganteni tembung liya kang ana ing
konteks ukara liyane iku. Sinonim bisa kaandhut ing tembung, kelompok
tembung, utawa ukara.
Tuladha: (1) Aku arep madhang dhisik.
(2) Adhiku lagi mangan neng teras.
Tembung madhang duwe teges memper karo ‘mangan’, nanging yen
ditonton saka nilai kata tembung mangan luwih alus tinimbang tembung
madhang. Sinonim bisa diarani tulisan beda nanging tegese meh padha
utawa memper.
Tembung, wadon, wedok, arum wanodya, padmi duweni teges padha,
nanging nilai rasane kang beda amarga ragam basa, utawa penggunaan
basa. Tembung-tembung kang ngandhut sinonim mung duwe teges
memper utawa mirip, mula tembung-tembung iku durung mesthi bisa
diganti liyane (saling menggantikan). Kang nyebabake tetembungan iku
durung temtu bisa diganti liyane (saling menggantikan) yaitu kayata
faktor wektu, panggonan (tempat), sosial lan kegiyatan (bidang
kegiatan). Tuladha: tembung mangan karo nguntal pancen duwe teges
memper, ananging trep-trepane beda, kaya ing ukara: Aku lagi mangan
sega karo Aku nguntal pil. Tembung mangan kurang pas kanggo
tembung pil, semono uga tembung nguntal kurang trep kanggone sega.
Saka tuladha iku, kang diarani sinonim yaiku tegese kurang luwih padha,
mempere ora satus persen lan ora mutlak (Ullman, 1972). Prinsip umum
ing widya makna iku wujud beda mulane tegese uga beda. Mula
tembung-tembung sinonim tegese amung mirip utawa memper.
91
b. Antonim: ungkapan kang wujude tembung, frase, utawa ukara kang
tegese dianggep walikan saka teges ungkapan liyane. Antonim iku
tembung sisi lan sijine walikan tegese. Tegese dianggep walikan,
maksude ora mutlak walikan. Antonim ana kang ngarani oposisi makna.
Istilah iki nuduhake yen antonim ngemot tembung kang satemene
walikan (berlawanan) nganti kang asifat kontras.
Tuladha: mati >< urip iku kalebu berlawanan.
Dene tembung abang >< ireng tembung tegese kontras.
c. Homonim iku gayute makna antarane tembung kang ditulis padha utawa
diucapake padha, nanging tegese beda. Tembung-tembung kang ditulis
padha nanging tegese beda kasebut homograf. Tuladhane lemper ing
ukara ‘Ibu mundhut lemper’. Tembung ‘lemper’ ing ukara iku tegese
panganan saka ketan kang diwenehi abon dibuntel godhong gedhang,
menawa ing ukara lempere tiba pecah. Tembung lemper tegese alat
kanggo ngalusake bumbu. Rong tembung sing diucapake padha nanging
makna lan tulisane beda sinebut homofon. Contone tembung bang karo
‘bank’. Bang tegese sedulur tuwa utawa sebutan kanggo wong lanang,
dene bank lembaga kang ngurusi mlebu metune dhuwit. Homonim tulisan
lan ucapane padha nanging tegese beda. Tembung ngukur ana ing ukara
(1) Ibu ngukur mustakane merga gatel karo (2) Bapak lagi ngukur
ambane emperan. Tembung ngukur ing ukara (1) tegese ‘nggaruk’, dene
ukara (2) ‘kaitane karo luas, ukuran.’
d. Hiponim yaiku ungkapan utawa tembung kang maknane dianggep
perangan saka makna tembung liya. Contono: mawar, anggrek, melathi,
dahlia iku perangan saka tembung kembang, amarga mawar, melati,
anggrek, dahlia iku arane kembang. Dene hipernim walikane hiponim,
yaiku tembung kang duwe bawahan kang sejinis. Contone: pitik, bebek,
menthog hiponim karo kewan.
92
e. Polisemi yaiku tembung sing duwe teges luwih saka siji. Tembung bantal
duweni teges luwih saka siji utawa akeh gumantung pola ukarane utawa
kontekse ukara kang dilesanke.
Tuladha :
(1) Bantal tegese lambaran sirah.
(2) bantal sepur tegese ganjel ril sepur
(3) oyot pring tegese oyot (akar)
(4) sing nunggu nganti ngoyot: suwe banget
f. Ambiguitas yaiku tembung kang duwe teges dhobel saka frase utawa
ukara amarga anggepan kang beda. Ambigu lan homonim iku makna
tembung kang meh memper wujude. Homonim iku rong tembung tulisan
lan ucapane padha nanging tegese beda, yen ambiguitas saktembung
utawa frase kang tegese beda amarga beda anggepan (penafsiran) frase.
Ambiguitas arupa frase, yen homonim bisa arupa morfem, tembung, frase
utawa ukara. Tuladha ambiguitas: wong tuwa bisa ditegesi ‘bapak ibu
wong tua kandung’, utawa ‘uwong umure wis tuwa’.
g. Redundansi yaiku kerep diarani berlebihan tembung kang digunakake
ana ing ujaran kaluwihan (mubazir). Tuladha: Bukune dijupuk Ria karo
Bukune dijupuk dening Ria Tembung ‘dening’ iku wujud redudansi
amarga tanpa tembung dening tegese kalimat iku ora owah.
D. Forum Diskusi
Wacanen cerkak kanthi irah-irahan “Beda Karo-Karo” ana ing ngisor iki!
Banjur golekana tuladha saora-orane limang jinis makna lan tegese, kang ana ing
crita cekak “Beda Karo-Karo” nganggo basamu dhewe-dhewe. Menawa prelu,
tuladha-tuladha mau dicritake marang kanca-kancamu, banjur dirembug
bebarengan.
93
BEDA KARO-KARO
(dening: Artisya Sekararum Budiono)
GAWAT tenan iki. Bahaya! Coba yen ibu nganti pirsa ana wanita sing tansah
nglirak-nglirik bapak terus ketara sajak piye iku, wadhuh aku ora ngerti embuh apa
sing bakal kelakon. Kurang begjane bisa nuwuhake gendra, kepara malah perang
brantayuda. Senajan wis estewe alias setengah tuwa, nanging wanita iku isih katon
ayu moblong-moblong ngalah-ngalahi penyanyi kroncong Sundari Sukoco. Nitik tata
busana, anggon-anggon sarta dandanane sing sarwa branded sajake panjenengane
kuwi seneng srawung karo wanita-wanita sugih, utawa yen tembung saiki arane
sosialita.
Aja maneh kok ibu, sedheng aku wae anake wedok nyipati solah bawane
wanita iku adhem-panas. Lan sing luwih gawe gregeten, ana cowok nggantheng sing
ngadeg ing sisihe wanita iku. Taksawang-sawang kok persis bapak jaman isih
mahasiswa biyen! Ujug-ujug dhadhaku mak dheg. Mengko gek....
"Naksir ya, kok ndomblong wae?" aloke Erro, adhiku.
"Naksir gundhulmu! Mamine cowok iku lho," sautku mendhelik, nyingidake
ekspresi klincutan. Jroning batin aku ngudarasa, Erro cocok nek dadi sedulure cowok
putrane ibu sosialita kuwi. Umur umurane watara rong taun sandhuwurku, paling-
paling lagi semester papat. Aku dhewe saiki kelas 12 SMA.
"Iya-iya, Mbak. Aku ya ngerti kok. Ibu-ibu iku nglirak-nglirik bapak terus.
Apa wis kenal, apa ana sesuatu, ya?" grenenge Erro uga nelakake rasa cubriya.
"Sstt, aja seru-seru. Mundhak marahi ribut!" bisikku ngati-ati.
Nanging jebul jarik lurik pantiasa, sing dilirik ora rumangsa. Bapak tetep
asyik mirsani modhel-modhel smartphone weton anyar. Kala-kala ngendikan serius
karo ibu sing jumeneng neng sandhinge, kala-kala mundhut pirsa marang sales
promotion girl sing njaga counter ngenani kecanggihane hape kasebut. Wektu iku
kios hape Lenovo ing lantai 3 Mall BSD pancen lagi rame pengunjung. Maklum dina
Minggu.
Saking asyike, bapak blas ora nggraita ana wanita sing tansah nggatekake
tindak tanduke. Kanggo nginggati samubarang sing ora perlu, aku kepengin cepet-
cepet ninggalake papan iku lan ngajak bapak nyantai dhahar Sate Senayan karemane
neng Aeon Food & Beverages lantai 2. Merga aku ora wani matur dhewe, wusanane
94