The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Erikha, 2022-11-08 20:02:42

Modul 1 PARAMASASTRA

PARAMASASTRA BAHASA JAWA

kepeksa golek akal.
"Ro, bapak aturana nyang Sate Senayan saiki," rayuku setengah mrentah.
Erro ngangkat bahu. "Mbak Arum wae sing ngaturi. Ngajak mrana-mrene,

bareng anu rewel karepe dhewe," ucape Erro malik perkara.
Pancen bener Erro. Anggone menyang Mall BSD iki puluh-puluh merga

nuruti karepku. Critane aku lagi rewel pengin ganti handphone. Lenovo P70 sing
meh rong taun ngancani aku. Arep takganti versi gres, Lenovo Vibe Z2 Prosing luwih
canggih. Kebeneran ibu kersa ngagem lungsuranku.

"Ya wis hape-mu mengko taknggone, Rum," ngendikane ibu, semune wis
bosen ngagem Blackberry jadhul. Dene Erro isih setya karo Sony Xperia Z1 Ultra-ne
sing pancen luwih apik. Yen bapak sih wis kadhung fanatik karo Samsung Galaxy,
merga mitrane saka Korea pirang-pirang. Bapak pancen nate ngasta neng perusahaan
pertambangan mangaan ing pulo Doi, Maluku Lor, sing joint venture karo
perusahaan saka Korea Kidul. Nganti saiki sesambungane bapak karo para relasine
mau isih akrab. Kerep video call utawa WA-nan karo Mr. Han Ki Sul, Kim Doo
Young, Yun Ci Cang, Roh Chu Woo Ian akeh maneh.

"Nek ngono suk Minggu jalan ya, Bu?"
"Gampang. Mengko takmatur bapakmu dhisik," wangsulane ibu mesthi karo
ngitung itung anggaran. Apa maneh jaman saiki samubarang sarwa larang.
Wekasane ibu sukses nglobi bapak. Dina Minggu sida lunga. Bapak
ngersakne nyetir Honda HRV ireng piyambak. Om Tulus, sopir kulawarga,
didhawuhi libur. Selak ora sranta, aku terus ngajak nyang Bintaro Xchane Mall sing
luwih kondhang disebut BXc Mall. Kajaba mung ditempuh seprapat jam saka
ngomah ing komplek Bukit Dago liwat tol JakartaSerpong, barang-barang elektrik
ing mall sing klebu ikon lifestyle pusat wisata blanja era globalisasi iku uga pepak.
Senajan akeh pakar ekonomi sing ngarani Indonesia kena dhampak krisis
global, ewadene pengunjung Bintaro Xchange Mall tetep rame. Nganti golek nggon
parkir wae angele ora jamak. Parkir jaba jejel, parkir basement rangsap uga kudu
ngantri. Wis direwangi kaya ngono, mlebu mall munggah-mudhun ubeng-ubengan
prasasat kabeh kios diparani, barange ora ana.
"Lenovo Vibe Z2 Pro? Barangnya kosong. Menyang SDC wae lengkap,"
ujare mas petugas stand Erafone menehi keterangan. Sing dimaksud SDC iku

95


Serpong Digital Centre ing kawasan Summarecon Gading Serpong sing wis dadi
kutha super moderen nyambung karo BSD City, Alam Sutra, Ian Lippo Karawaci.

"Piye, Rum?" pandangune bapak.
Rada abot ing ati aku kepeksa matur,"Mrika nggih, Pak."
"Ya wis ayo, mumpung isih awan," ngendikane bapak karo mirsani arloji.
"O iya, sembahyang duhur dhisik," tambahe bapak nuju mushola ing cedhak
area Ice Skating.
Ninggalne Bintaro Xchange bali tumuju BSD liwat tol Pondhok Aren. Mung
limang menit wis metu tol BSD sisih kulon, terus njupuk jalur tengen arah
Tangerang. Tekan prapatan lampu merah German Center menggok ngiwa liwat
ngarep Giant BSD bablas nrobos prapatan sekolah internasional Sinarmas Global
Academy.
Mlebu kawasan Green Cove BSD sing asri rasane kaya neng luwar negri.
Apamaneh sawise ngliwati zona Foresta sing lagi mbangun gedhung-gedhung
sundhul langit, apartemen-apartemen lan perkantoran-perkantoran modern sing
ngemba swasana Tokyo utawa Beijing. Tekan prapatan Jakarta Nanyang School,
bablas ngalor anjog Jl BSD Raya Utama. Mbanting stir nengen mlebu Summarecon
sing rasane kaya ngambah wewengkon Eropa. Sebab arsitekture ruko-ruko ing
kiwa-tengen dalan persis wewangunan ing Amsterdam, Paris, Madrid Ian
Barcelona.
Ora krasa wis tekan Surya Institute sing adhep-adhepan karo Universitas
Multi Media. Ngulon sithik sawise bunderan, dhug tekan SDC ing kiwa dalan.
Nanging dhasar luwak mangan tales, awak yen lagi apes, direwangi kedhungsangan
menyang pusat gadget paling komplit ing Tangerang Selatan, Lenovo Vibe Z2 Pro
sing takgoleki uga lagi kosong.
"Saiki golek Sate Senayan neng SMS wae ya, Bu?" usule Erro eling
klangenane bapak. Ora adoh, prasasat mung sak sut-an wis tekan SMS alias
Summarecon Mall Serpong.
"Ngene. Langsung mulih wae mampir Aeon. Nyate neng kana mesisan karo
golek hape sing dipengini Arum. Mall anyar luwih gedhe iku mesthine ya luwih
lengkap," ngendikane ibu ngatur.
"Manut ibumu," bapak ngegongi.
Metu saka SDC mulih liwat dalan mau. Tekan prapatan Frogi maju sithik

96


kulon dalan katon Indonesia Convention Exhibition, gedhung pameran sing kabare
paling gedhe se-Asia Tenggara jejer karo kampus elite Prasetya Mulya Business
School. Ora adoh saka kono ngidul sithik ana komplek kampus Swiss German
University utawa sok dicekak SGU. Kawasan BSD City brang kulon kali Cisadane
pancen diplot dadi kutha pendhidhikan Ian padunungan moderen sing dipepaki
maneka warna fasilitas Ian kuliner.

Adhep-adhepan karo SGU, nyabrang dalan, yakuwi panggonane Aeon Mall.
Katon megah Ian njenggarang. Bapak terus mlebu areal mall. Merga parkiran jaba
mbludag, bapak kepeksa parkir gedhung, entuk ing lantai telu. Tanpa noleh kiwa-
tengen langsung njujug stand Lenovo sing pengunjunge uwel-uwelan. Ya wiwit
mlebu ing stand Lenovo iku bapak tansah dilirak-lirik dening "Sundari Sukoco"
kuwi.

Ora mung lirak-lirik, ujug-ujug "Sundari Sukoco" iku nekad nyedhaki bapak
tanpa tidha-tidha. Mesthi wae ibu, aku, Erro, apa maneh bapak, kaget.

"Nuwun sewu, Ar, Ar..., Mas eh Pak Ardi kan?" ucape tanpa ragu-ragu.
"Lho, Windy?" aloke bapak semu ora percaya. "Kok bisa ketemu neng kene
ya? Mas nggantheng iki putramu? Oh iya, kenalna, iki Arum Ian Erro, anak-
anakku, iki ibune."
"Iya yang, eh, Mas, Pak Ardi. Iki Andesit. Asit anakku sing nomer loro,
sinau neng Fakultas Tehnik Lingkungan Universitas Pelita Harapan, Karawaci.
Sing mbarep Koralo, nerusne sinau neng Australia," ucape semu pamer.
Anehe, nadyan Bu Windy kober ketrucut ngundang bapak nganggo sebutan
yang, nanging ibu ora duka. Panjenengane malah mesem karo ngaras pipi kanan-
keringe Bu Windy kebak pangerten.
"Kula sampun ngertos, Mbakyu Windy. Wiwit rumiyin ngantos samangke
bapakipun Arum asring nyariyosaken panjenengan. Malah foto-foto panjenengan
taksih dipunsimpen kok."
"Oh ngaten nggih, Jeng? Adhuh, isin aku. He he he."
Jebule Bu Windy iku mantan pacare bapak nalika isih padha-padha kuliyah
neng Akademi Bank Indonesia Yogyakarta. Merga cemburu karo Detty Arimbi
Rorasai, putri Solo sing uga kanca sakampus, bapak Ian Bu Windy gegeran Ian
wekasane sesambungane pedhot.
Oralet suwe Bu Windy kecanthol Mulyono, cowok Geologi UPN

97


Yogyakarta.
"Piye kabare Mas Mul?" bapak mundhut pirsa.
"Alhamdulillah sehat. Lulus saka UPN biyen Mas Mul kerja neng PT Global

Minning Petrolium. Nate tugas neng Tarakan, Pekanbaru, Sorong. Wis rada suwe
Mas Mul ngantor neng Golden Tower Karawaci. Nyedhaki kantor, terus tuku omah
neng Cluster Caspia."

"Ya, Cluster Caspia aku ngerti."
"Piye kabare Detty biyen? He he he...."
"Ah, wis ngerti kok takon! Biyen kae aku lagi apes, wis mbok tinggal, ora let
suwe kelangan Detty pisan."
"Critanipun beda karo-karo, Mbakyu Wind," selane ibu guyon.
"Ben luwih gayeng ayo ngobrol neng Sate Senayan," usule bapak kelingan
klangenane.
Guyon rame ing Sate Senayan idhep-idhep mahargya reunine bapak Ian Bu
Windy. Ndhudhah dina-dina kawuri kang endah pancen seru. Nanging sing luwih
seru jelas aksine mas nggantheng Asit sing tansah nglirak-nglirik aku terus kuwi.
Apa maneh nalika dheweke njaluk nomer hp-ku barang. Embuh sasmita apa iku,
luwih prayoga kita tunggu ana lelakon apa ing dina-dina kang bakal teka.

(Sumber: Panjebar Semangat; Artisya Sekararum Budiono)

98


PENUTUP

A. Rangkuman
Widya makna iku nyinau babagan sesambungane lambang utawa

tandha kang nuduhake sakwijine makna. Makna siji lan sijine. Widya
makna yaiku salah sijining perangan panaliten utawa perangan kawruh
basa kang neliti tegesing basa utawa arti, Obyek kajiane widya makna
yaiku makna tembung, frase, klausa lan ukara. Tembung siji lan sijine
duwe teges padha utawa beda gumantung konteks ukarane, sense, nilai
rasa, maksud lan nada.

Tegese tembung nalika madeg dhewe karo wis ana ing ukara tegese
beda. Jinis makna gumantung saka kajiane. Maknane bisa padha karo
kamus, siji bandhing siji, utawa jumbuh dening konsep (sesuai konsep),
utawa gramatikale.

Tegese tembung bisa owah amarga saka faktor kebetulan, faktor umur,
faktor tabu, lan faktor polisemi. Dene tegese tembung kang owah, bisa
uga disebabake tembung iku tegese luwih jembar utawa sempit
gumantung panganggone tembung lan panganggone nilai rasa kang
ndadekake tembung iku luwih sopan tinimbang sakdurunge.

B. Test Formatif
Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!
1. Mas Banu samenika taksih wonten margi.
Dasanamane tembung margi yaiku. ….

2. Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana,

99


Sesadon ingadu manis
Dasanamane tembung balilu yaiku … .
3. Saben bakul iku mesthi wae golek bathi.
Kosok baline tembung bathi yaiku … .

4. Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda deniro cacariwis,
Ngandhar-andhar
angendhukur,
Kandhane nora
kaprah, saya elok
alangka
longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pinging
Kosok baline tembung pinging yaiku … .

5. Sumitri iku pancen ayu banget, mula dheweke dadi kembang ana ing desane.
Tembung kang ngemu teges konotatif ana ing ukara dhuwur iku yaiku … .

6. Tembung-tembung kang padha pangucap lan panulise nanging duwe teges
kang beda diarani … .

7. Tembung-tembung kang padha pangucape nanging beda tulisan lan tegese
diarani … .

8. Tembung-tembung kang padha panulise nanging beda pangucap lan tegese
diarani … .

9. Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,

100


Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denira,
Nora kaya si pengung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Tembung kosok baline urip ana ing pethilan Serat Wedhatama iku yaiku … .
10. Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lha iya ingkang rama,
Balik sira sarawungan bae durung,
Mring atining tata krama,
Nggon anggon agama suci.
Tembung kang dasanamane luhur ana ing pethilan Serat Wedhatama iku
yaiku … .

101


C. Tes Sumatif
Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C, D, utawa E sing koanggep
paling bener.

1. Fonetik kang ngrembug babagan carane organ kanggo nyuwara bisa
ngasilaake swara yaiku. ...
A. fonetik akustik
B. fonetik auditoris
C. fonetik organis
D. fonetik autogram
E. fonetik lateral

2. Swara kang kalebu ana ing vokal rada binuka yaiku. ...
A. [i] lan [u]
B. [Ɛ], [ә], lan [ɔ].
C. [a]
D. [I] lan [U]
E. [e] lan [o]

3. Swara kang kalebu apiko-alveolar yaiku. ...
A. [b], [p], lan [m]
B. [g], [k], lan [ŋ]
C. [j], [c], lan [ñ]
D. [n], [l], lan [r]
E. [d], [t], lan [h]

4. Transkripsi fonetis saka tembung tutuk yaiku. ...
A. [tutU?]
B. [tutu?]
C. [tutUk]
D. [tuțU?]
E. [tutuk]

5. Owahing swara amarga njumbuhake karo swara liyane kang ana ing
tembung diarani. ...
A. aspirat

102


B. aferesis
C. prenasalisasi
D. protesis
E. asimilasi
6. Widya tembung iku ngelmu kang nyinau babagan tembung, dumadine
tembung lan owah-owahane sawijining tembung. Owahe sawijining
tembung dadi tembung liya iku bisa karana. ...
A. kapisah
B. kawuwur
C. kawalik
D. karangkep
E. kapantha
7. Tembung kang oleh ater-ater hanuswara ing ukara ngisor iki ngemu teges
ngandhakake kahanan kaya kang kasebut ing linggane, yaiku. …
A. Mbakyuku saiki mulang ana SD Kepatihan.
B. Wajan iki wis mesi, mula kepenak menawa kanggo nggoreng.
C. Makarya ing perusahaan iku mayar wae, ora rekasa.
D. Banyu buket iku mili mangetan, tumuju menyang kali Pepe.
E. Dheweke iku pancen kerep nglirwakakake dhawuhe wong tuwane.
8. Ukara ing ngisor iki, ngandhut tembung kang duwe ater-ater kaya dene ater-
ater {di-}, yaiku. …
A. Kabeh kaluputane wus ingapura dening ramane.
B. Polisi wis nyoba nangkep dhalang kasus iku, nanging durung ana asile.
C. Bocah kang abasa alus iku putrane Pak Suta.
D. Sawise diseneni ibune, dheweke banjur sumingkir lunga saka omah.
E. Dheweke pancen seneng meguru marang simbahe.

9. Ukara ing ngisor iki tetembungane ana kang nganggo imbuhan bebarengan
rumaket, yaiku. ...
A. Putri Solo iku mlakune kaya macan luwe, dene lambeyane kaya blarak
sempal.
B. Enggal tumandanga resik-resik, sadurunge dhayohe padha teka.

103


C. Klambi saka kakangku iku isih kegedhen menawa dakanggo.
D. Jiwitana sakkesele wong dheweke kuwi ora gampang krasa lara.
E. Mbakyuku lagi milihi klambi kang lagi dikorting ana ing toko iku.
10. Tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki nalika sadurunge dirimbag
awujud tembung aran, lan sawise dirimbag malih dadi tembung kaanan,
yaiku. ...
A. Apa kowe gelem ndhuwiti kancamu dhisik, supaya dheweke bisa melu

lunga?
B. Sawise adus kramas, adhik banjur jungkatan lan nganggo lenga wangi.
C. Dheweke seneng maguru marang simbahe.
D. Pamenang adu wasis tingkat SMP iku bakal antuk bebungah sepeda.
E. Roti iku wis njamur, amarga digawe seminggu kepungkur.
11. “Bukune Anjas uwis rusak, dene bukune Asih isih apik”. Adhedhasar
struktur ukarane, jejer kang ana ing ukara kasebut yaiku. ...
A. buku
B. Anjas lan Asih
C. bukune Anjas lan bukune Asih
D. rusak lan apik
E. bukune Anjas
12. Ing ngisor iki ukara kang jejere awujud frasa kriya, yaiku. ...
A. Sega liwet iku enak rasane.
B. Karo tengah iku padha karo sewu limangatus.
C. Sabar iku kalebu sipat kang utama.
D. Nonton kethoprak iku bisa nuwuhake rasa seneng.
E. Bocah ciliki loro iku putrane Pak Karto.
13. Ukara ing ngisor iki kalebu ukara tanggap, yaiku. ...
A. Sariman nangis amarga ora ditukokake dolanan.
B. Perkara iku wis daktakokake marang ibune.
C. Panjlentrehan bab iku isih sumambung karo bab sadurunge.
D. Pak Suta ngilangake bukune anake.
E. Rita nggawekake adhine crita cekak.

104


14. Ukara ing ngisor iki kalebu ukara camboran susun, yaiku. ...
A. Dheweke mangkat sekolah, ewadene udan deres.
B. Parti juwara siji ing sekolahane, wondene adhine ora tau entuk juwara.
C. Suparta iku pinter tur becik atine.
D. Pak Karto sae sanget anggenipun nyekar macapat tuwin saged ngrawit.
E. Pak Lurah dalah garwanipun angestreni pahargyan pawiwahan
putrinipun Pak Presiden Jokowi.

15. Ing ngisor iki kalebu jinising ukara sambawa, yaiku. ...
A. Sesuk yen celenganku wis akeh, arep daknggo tuku wedhus kanggo
korban Idul Adha.
B. Sinten ingkang kepingin dados dwija kang profesional?
C. Dheweke dhisik gelema jupuk jurusan pendidikan basa Jawa mesthi
saiki wis makarya.
D. Yen wani, ayo dakajak numpak roller coaster ana ing taman hiburan
iku.
E. Rikala aku isih kuliah, aku wus tau diwulang materi iku.

16. Aspek makna kang ana ing sajroning widya makna (semantik), kang
gegayutan karo sikap pamicara marang lawan pamicarane. Umpamane
menawa suwarane dhuwur utawa sora ngemu teges lagi jengkel utawa nesu.
Perangan iku kalebu aspek. ...
A. Maksud
B. Nada
C. Nilai rasa
D. Pengertian
E. Perasaan

17. Unen-unen “Mikul dhuwur mendhem jero” duwe teges yaiku uwong kang
duwe tanggung jawab marang kaluwargane utawa bisa njaga kabecikane
asma wong tuwane saka patrap lan tumindake. Unen-unen iku adhedhasar
teges (maknane), maknane kasebut. ...
A. Makna idiomatik
B. Makan konotatif

105


C. Makna denotatatif
D. Makna kontekstual
E. Makna kolokatif
18. Samubarang kang bisa makili samubarang liya, kang awujud pengalaman,
panemu (pikiran), pangrasa (perasaan), gagasan, lan liya-liyane, yaiku. ...
A. konsep
B. simbol
C. nama
D. tanda
E. leksem
19. “Kowe kudu kuliyah kang tumemen supaya cepet bisa lulus dadi sarjana”.
Tembung sarjana ing jaman samangke nduwe teges kang luwih sempit
tinimbang sadurunge yaiku nelakake wong kang wus lulus saka pawiyatan
luhur (perguruan tinggi). Jinising owahowahan makna/teges kang dadi
luwih sempit tinimbang sadurunge, kasebut. ...
A. amelioratif
B. peyoratif
C. teges luwih
D. sinonimi
E. spesialisasi
20. Tembung kang kacithak kandel ing ukara (1) lan (2) ngisor iki nduwe gayute
makna kang kasebut homonim, yaiku. ...
A. (1) Crita iku kababar ing babad tanah Jawa.

(2) Nalika mulih sekolah aku dijajakake mbakyuku tuku soto babat.
B. (1) Lemper iku kagawe saka watu.

(2) Simbah remen dhahar lemper kang kagawe saka ketan iku.
C. (1) Bukaken bukumu kaca seket.

(2) Jendhela omah iku saiki wis dipasangi kaca.
D. (1) Menawa wis sela, kowe arep dakajak menyang perpustakaan.

(2) Layah iku kagawe saka sela.
E. (1) Aku duwe cemeng kembang telon cacahe papat.

106


(2) Bakal kang badhe dipundamel rasukan punika werninipun cemeng
D. Tugas Terstruktur

1. a. Gawea bagan vokal kardinal basa Jawa!
b. Gawea tabel klasifikasi konsonan!

2. Wangsulana pitakonan tumrap tembung andhahan: (1) nglirwakake, (2)
jungkatan, lan (3) sumingkira.
a. Kepriye pandhapuke tembung iku?
b. Apa jinise tembung iku mau sawise kadhapuk wuwuhan?
c. Wuwuhan kang ndhapuk tembung iku mau ngemu teges apa?

4. Salah siji jinise klausa yaiku klausa nominal. Apa titikane klausa nominal
lan wenehana tuladhane!

5. Jelasna apa iku homonim, homofon, homograf lan wenehana tuladhane!

107


DAFTAR PUSTAKA

Alisyahbana, S.T. 1978. Tatabahasa Baru Bahasa Indonesia (Jilid 1). Jakarta: Dian
Rakyat.

Carnie, A. 2011. Modern Syntax. Cambridge: Cambridge University Press.
Cook, S.J. & Walter. A.1971. Introduction to Tagmemic Analisis. Toronto: Holt,

Rinehart & Winson.
Djajasudarma, Fatiman, Dr.T. 1993. Semantik 1dan 2 Pengntar ke Arah Ilmu

Makna. Bandung: PT Eresco.
Elson, B, & Pickett, V. 1969. An Introduction to Morphology Analysis and Syntax,

California: Summer Institute of Linguistics.
Henry Guntur Tarigan. 1984. Sintaksis. Bandung: Angkasa.
Ibrahim, Syukur, dkk. Sintaksis Indonesia. Departemen pamulangan Nasional

Universitas Negeri Malang.
Kridalaksana. H. 1984. Kamus Linguistik. Jakarta. PT Gramedia.
Kridalaksana. H. 1985. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Indonesia: Sintaksis.

Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Markhamah & Sabardila, A. 2018. Telaah Kalimat. Surakarta: Universitas

Muhamadiyah Surakarta.
Marsono. 2013. Fonetik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.
Mulyani, Siti. 2008. Fonologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa (Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).

Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Nababan, Diana. 2008. Intisari Bahasa Indonesia. Jakarta: Kawan Pustaka.
Nafisah, Saidatun. 2017. Proses Fonologis dan Pengkaidahannya dalam Kajian

Fonologi Generatif. DEIKSIS. Vol. 9 (1). hlm. 70.
Ningsih, Tri Wahyu Retno dan Endang Purwaningsih. 2013. “Sistem Fonologi

Bahasa Lamalera”. Proceeding PESAT (Psikologi, Ekonomi, Sastra,
Arsitektur & Teknik Sipil): 70. Bandung, 8 - 9 Oktober 2013: Lembaga
Penelitian Universitas Gunadarma.
Poedjosoedarmo, Soepomo. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud.
Poerwadarminta, W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia. N.V.J.E. Wolters
Uitgevers- Maatschappij.
Poerwadarminta, W.J.S. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Jakarta: Noordhoff-
Kolff N.V.
Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kajian Morfologi. Bandung: Rafika Aditama.
_________________. 2017. Sintaksis:Memahami Kalimat Tunggal. Bandung:
Refika Adhitama.

108


Putrayasa, Ida Bagus. 2014. Analisis Kalimat (fungsi, Kategori, dan Peran).
Bandung: Refika Adhitama.

Ramlan, M. 2015. Sintaksis Bahasa Indonesia. Jakarta: Rineka Cipta.
Robert and Burton, N. 1997. Analysing Sentences, New York: Longman.
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu, 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa,

Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Setyanto, Aryo Bimo. 2007 Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji

Pustaka.
Thoroby, S. 2009. Hoe to Teach Grammar. Edinburgh: Pearson Education. Limited.
Tallerman , M. 2011. Under Standing Syntax. London: Hodder Education.
Subalidinata. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka

Nusatama.
Subroto, Edi.D. 1991. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud.
Sutarjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan

Sastra Daerah FSSR UNS.
Verhaar. J.W.M.1996. Asas-asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gajah Mada

University Press.
Wedhowati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius.

109


Click to View FlipBook Version