Kediri:
Crita Panji
lan Sekartaji
Crita Rakyat saking Kediri
Dening:
Indana Zulfa
Atur Pambuka
Sapa sing ora weruh crita-critane Panji
Asmarabangun lan Dewi Sekartaji? Cerita
rakyat asli Jawa Timur, khususe Kediri. Crita
kang nduweni maneka warna versi kang wis
diakui internasional.
Ing buku kang irah-irahane Kediri: Crita
Panji lan Sekartaji, ana 6 crita kang ditulis
nganggo Bahasa Jawa. Kang sekabehane
nduweni papan panggonan ing Kediri.
Versi crita kang maneka warna dadiake crita
Panji ing buku iki ora padha persis, mesthi ana
pambedane karo crita ing buku liya.
Aku kang nulis crita panji nganggo Basa Jawa
nyuwun pangapura yen ana salahe ing
panulisanku.
Saran ugi kritik pamaos tansah kula tengga.
Maturnuwun.
13 Maret 2022
Penulis
ii
Daftar Isi
Atur Pambuka ii
Daftar Isi iii
Asal Usul Kediri .....................................................1
Ande-Ande Lumut .................................................5
Keong Mas...........................................................15
Golek Kencana Hadiah Inu Kertapati ..................21
Entit.....................................................................39
Cindelaras............................................................50
Daftar Pustaka.....................................................63
Biodata Penulis ...................................................64
iii
Asal Usul Kediri
Sapa sing ora kenal karo Prabu Airlangga?
Prabu saka Pulau Bali, sing mimpin Kerajaan
Medang sawise rabi karo putrine Raja Medang.
Jaman semana, Kerajaan Medang dadi kerajaan
kang gedhe banget.
Prabu Airlangga kuwi wong religius, mlebu
umure tuwa dheweke milih dadi petapa.
Kapimpinan ing Kerajaan Medang diserahna
anake saka permaisurine. Putri kang duweni
rupa uayu banget jenenge yaiku, Dyah
Sangramwijaya.
Dyah Sangramwijaya kang dipasrahi nyekel
kuasa ing Kerajaan Medang ora bisa nyanggupi
kepenginane ramane. Dheweke ora kepengin
dadi pemimpin ing Medang. Sawalike
Sangramwijaya luwih kepengin dadi petapa
kaya ramane.
Samarine ngrungokne apa sing
dipingini anake, Prabu Airlangga mikir maneh
yen saliyane Sangramwijaya ana anake saka
selir, yaiku Raden Jayengrana lan
1
1
2
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
Raden Jayanegara. Airlangga bingung milih
salah sijine, sapa sing pantes mimpin Medang.
Pungkase Prabu Airlangga milih dalan kang
adil. Dheweke ngutus Empu Baradha lunga
menyang Bali kanggo njaluk kerajaan takane
ramane Prabu Airlangga ing Pulau Bali.
Rencanane kerajaan sing ana ing Bali bakal
dikekne salah siji anake.
Nanging, tibakna kerajaan ramane ing Bali
wis dikekne adike Prabu Airlangga. Ngerti
kahanane kaya mengkono, Airlangga ora duwe
rasa nesu, mung Prabu njaluk menyang Empu
Baradha kanggo ngedum Kerajaan Medang dadi
rong bagian kanggo putra-putrane.
Sesoke, Empu Baradha mumbul karo gawa
kendi kang wis diiseni banyu. Saka dhuwur,
dheweke ngesokne banyu sing ana njero kendi
persis ing tengah-tengahe Kerajaan Medang.
Ajaibe, lemah sing kena banyu saka kendi malih
dadi kali. Kaline sansaya amba lan alirane
banyu sansaya deres. Masyarakat Kerajaan
3
3
Medang biasa nyebut kali kuwi ing aran “Kali
Brantas”.
Saiki Kerajaan Medang wis kebagi dadi loro
sing dibatesi kali Brantas. Mari iku Prabu
Airlangga nyerahne loro bagian Kerajaan
Medang menyang Raden Jayengrana lan Raden
Jayanagara. Medang ing sisih etan kali
diserahna Raden Jayengrana, kang diwenehi
jeneng Kerajaan Jenggala. Sawalike, Medang ing
sisih kulon kali diserahna Raden Jayanagara,
kang diwenehi jeneng Kerajaan Kadiri (sing
saiki luwih dikenal Kediri).
Sawise putra-putrane padha entuk bagiane
dhewe-dhewe, Prabu Airlangga wis bisa ngrasa
ayem lan tentrem atine, lan tenang ninggal
Kerajaan Medang budhal lunga dadi petapa.
Prabu Airlangga tapa ana ing Pucangan, lan
ngganti jenenge dadi Maharesi Gentayu. Prabu
Airlangga nglakoni urip dadi petapa sampek
kapundhut nyawane, lan jasade dikubur ana ing
lereng gunung Penanggungan sisih etan.
4
4
Ande-Ande Lumut
Ing zaman rikalabendhu, ana Kerajaan
gedhe kang duweni jeneng Kerajaan Medang
kang pusate ana ing Kahuripan. Sahrene kanggo
njagani anane bengkerengan lan perang
pasuduluran, Medang dibagi dadi loro bagian
yaiku, Kerajaan Jenggala lan Kerajaan Kediri.
Suwijine dina, sadurunge Prabu Airlangga
kapundhut, dheweke duwe pesen, yen loro
kerajaan mau bisa didadike siji maneh.
Pesen saka Prabu Airlangga di setujoni.
Pungkase loro kerajaan iku sepakat bakal
dadiake siji kerajaane nganggo cara Putra
Jenggala sing jenenge Raden Panji
Asmarabangun dijodhohake karo Putri Kediri
kang uayu banget, jenenge Dewi Sekartaji.
Nanging, ibuk kualon Dewi Sekartaji ora setuju.
Gara-garane ibuk kualon duweni anak kang
digadhang-gadhang dadi ratu ing Jenggala.
Pungkase, ana niatan elek sing direncanaake
ibuk kualone Sekartaji, yaiku nyulik lan
ndelikne Sekartaji lan ibune ing pengasingan.
5
5
Suwijine dina, Panji Asmarabangun mara
ing Kerajaan Kediri kanggo nglamar Dewi
Sekartaji, nanging Dewi Sekartaji wis ora ana.
Ngerti kahanan kaya mengakana mau Raden
Panji ngrasa kuciwa. Ning, ibuk kualon
Sekartaji bujuk Raden Panji pancet isih bisa
rabi dina iku, karo anak kandhunge, sing
duweni jeneng Intan Sari. Raden Panji sanalika
nolak penjaluke ibune Intan Sari.
Rasa banget kuciwane marang Sekartaji,
dadiake Panji Asmarabangun nekad nggoleki
Sekartaji lan ibune. Kanggo penyamarane,
Asmarabangun ngenalna jenenge Ande-Ande
Lumut.
Suwijine dina, dheweke nulungi Mbok
Randha sing lagi kesusahan. Pungkasane Mbok
Randha ngangkat Ande-Ande Lumut dadi anak
angkate lan urip dadi siji ing omahe Mbok
Randha.
Ing wayah isuke, Ande-Ande Lumut
nyuwun menyang ibuk angkate, yen dheweke
kepengin nggolek jodhoh.
6
6
7
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
Pungkase Mbok Randha nggawe wara-wara yen
anake sing bagus lagi nggolek jodhoh. Ora
disangka-sangka yen tibane uakeh banget
bocah wadon sing kepengin dadi bojone Ande-
Ande Lumut. Akeh banget sing nglamar,
nanging ora ana siji-sijia sing ditampa Ande-
Ande Lumut.
Ana ing panggonan liya, Sekartaji lan ibune
Candrawulan kasil kabur saka sekepane ibu
kualone Sekartaji. Sanalika Sekartaji lan ibune
ngirim surat liwat manuk dara kanggo
nyampekne ing Raja Kediri. Ngerti mengkono
mau ibu kualone lan Intan Sari kabur, keweden.
Bisa bali ing kerajaan ora dadiake Sekartaji
seneng, malahan Sekartaji ngrasa kuciwa,
amergane kepenginane kepethuk
Asmarabangun kudu kandhas. Ngerti yen Panji
Asmarabangun lunga ora ngerti menyang
ngendi parane, dadiake Sekartaji melu-melu
lunga kanggo nggoleki sejatine Panji ana ing
ngendi.
8
8
Diceritaake isuke Putri Sekartaji teka ing
omahe randha anak telu. Anake Mbok Randha
iku duweni rupa kang ayu-ayu, jenenge ana
Klenthing Abang, Klenthing Ijo, lan Klenthing
Biru. Pungkase Sekartaji ngrubah jenenge dadi
Klenthing Kuning.
Krungu ana Mbok Randha kang lagi wae
nggolek mantu kanggo anak angkate sing
jenenge Ande-ande Lumut, bocah kang
ganthenge garai cah wedok pada kesengsem,
akhire tekan ing desane Mbok Randha sing
dipanggoni karo Klenthing Kuning. Anake Mbok
Randha padha krungu wara-wara sayembara
kuwi. Pungkase telu-telune budhal lunga
menyang Desa Dadapan kanggo nglamar Ande-
Ande Lumut.
Sesuke, ing omahe Mbok Randha wis
gemberah padha ayu-ayuan, dhisik-shisikan
balapan budhal ing Dadapan. Klenthing Kuning
durung mari olehe resik-resik omah, ditinggal
dhewekan ing omah. Klenthing Kuning ora
9
9
gumun, amargane tujuane Klenthing Kuning
mung siji, yaiku ketemu Asmarabangun.
Ing panggonan liyan, bocah telu kang lagi
budhal menyang Dadapan bingung kepiye
carane bisa nyebrangi kali kang dadi dalan siji-
sijine. Gang sediluk, ujuk-ujuk metu bocah
lanang jenenge Yuyu Kangkang. Dheweke
nawarke menyang telu bocah wadon ayu-ayu
mau.
“Kene cah ayu, tak sabrangke. Nanging yen wis
tekan aku oleh ngambung awakmu kabeh.”
Awale telu-telune padha nolaki, ning amarga
iku dalan siji-sijine, pungkase bocah telu mau
kepeksa nyetujoni syarat saka Yuyu Kangkang.
Saktekane ing omahe Mbok Randha, bocah
telu mau langsung ngenalne jenenge siji-siji.
Ngerti yen ditekani bocah telu kang ayu-ayu
rupane, Mbok Randha langsung nyeluk Ande-
Ande Lumut. Nanging, Ande-Ande Lumut
langsung nolak bocah telu mau.
*Ora bisa dilaliake Mbok Randha nyeluk
Ande-Ande Lumut nganggo lagu mengkene:
10
10
Putraku si Ande, Ande-Ande Lumut
Temuruno ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger sing ayu rupane
Klenthing Ijo/..Abang/...Biru/... iku kang dadi
asmane
Duh ibu, kula boten purun
Duh ibu kula boten mudhun
Nadyan ayu sisane si yuyu kangkang
Sawise mari resik-resik, Klenthing Kuning
duweni rasa kepengin melu mara ing Desa
Dadapan. Pungkase Klenthing Kuning budhal
mara nuju panggone Ande-Ande Lumut. Ing
pinggire kali, Klenthing Kuning bingung kepiye
carane nyebrangi kali supaya bisa tekan
Dadapan ketemu Ande-Ande Lumut. Banjur,
ujuk-ujuk ana Yuyu Kangkang nawani bisa
nulungi Klenthing Kuning nanging ana syarate,
yaiku gelem diambung yen wis tekan.
Pungkasane tekan pinggir kali Klenthing
Kuning langsung bukak godhong gedhang kang
jerone ana telek lencunge, lan langsung
11
11
ngeserna ing kiwa tengene pipi. Mari iku Yuyu
Kangkang kang nagih janjine di kei pipi sing wis
ana ser-serane telek lencung, akhire Yuyu
Kangkang nesu lan langsung ngongkon
Klenthing Kuning ngalih.
Isih gegayutan karo bocah telu kang ana ing
omahe Mbok Randha, pungkase telu-telune
ditolak Ande-Ande Lumut. Ujuk-ujuk, Ande-
Ande Lumut kaget sangkete nguwasi ana
Klenthing Kuning bisa mara tekan Dadapan,
marani dheweke. Mbok Randha bingung
nguwasi anak angkate, akeh bocah wedok kang
ayu rupane padha ditolaki. Nanging, ndelok
Klenthing Kuning sing elek, ambune ora enak,
klambine lungset malah wajahe bisa guyu
sumringahe pol.
*Ora bisa dilaliake Mbok Randha nyeluk
Ande-Ande Lumut nganggo lagu mengkene:
Putraku si Ande, Ande-Ande Lumut
Temuruno ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger kang ala rupane
Klenthing Kuning iku kang dadi asmane
12
12
aduh ibu, kula inggih purun
Kang putro inggih badhe mudhun
Nadyan ala menika kang putra sulung
Pungkase Mbok Randha nuruti apa sing
dikarepke putra angkate nemoni Klenthing
Kuning. Ora dinyana-nyana, Klenthing Kuning
kaget tibane Ande-Ande Lumut kuwi
tunangane, yaiku Panji Asmarabangun.
Ing ngarepe kabeh wong sing ana,
Klenthing Kuning ngubah awake dadi Putri
Sekartaji. Kabeh sing ndeloke padha gumun.
Utamane sing paling isin iku 3 dulur angkate.
Bocah telu mau ngrasa isin lan ora kepenak,
tibane sing dipulasara iku mau putri Kediri.
Ora let suwi, Ande-Ande Lumut melu-melu
bukak sapa sejatine dheweke kuwi. Kabeh
padaha gumun lan ora nyangka yen tibane
Ande-Ande Lumut iku Prabu Asmarabangun,
Putra Jenggala.
13
13
Pungkasane Dewi Sekartaji lan Panji
Asmarabangun bisa bareng-bareng maneh.
Asmarabangun langsung nggawa Mbok Randha
lan Sekartaji mulih ing Kerajaan Jenggala, lan
secepete bakal ngadakna pesta nikahan. Akhire
Kerajaan Jenggala lan Kediri bisa nyawiji.
14
14
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
Keong Mas
Putri Galuh Candra Kirana, putri Kerajaan
Daha kang urip bahagia karo Raden Panji Inu
Kertapati, putra Kerajaan Jenggala. Nanging
bahagiane mung sediluk, amarga ana Raja kang
ora ngerti saka kerajaan endi teka-teka meksa
arep ngrabi Putri Galuh Candra Kirana.
Candra Kirana ora gelem dirabi karo Raja
sing ora jelas asal-usule. Akhire, Putri Galuh
blayu, kabur lan nyamar nganggo jeneng Dewi
Sekartaji.
Malapetaka sing lagi nibani Dewi Sekartaji
ora ucul saka pengawasane penguasa
kahyangan. Barata Narada ngedhunake
kesaktiane ngewangi nylametake Sekartaji lan
Sekartaji disulap dadi Keong Mas.
Mari kuwi, Sekartaji ngembara, mlaku
sadawane dalan. Ora mikir kesel saben kali
dilewati. Mencorong warnane Keong Mas
dadiake Mbok randha Dadapan nggawa Keong
Mas kanggo diopeni.
15
15
Wayah isuk, kaya biasane Mbok Randha
Dadapan lunga menyang kali nggolek iwak.
Satekane ing omah, dheweke kaget ora
keparang. Dheweke ndelok yen omahe wis
resik, rajin, lan enak diwasi. Banjur, Mbok
Randha kaget ana panganan enak-enak wis
cemepak ing dhuwur meja.
“Sapa iki sing kirane gelem masakke aku
panganan sing enak-enak lan gelem ngresike
omahku.”
Rasa penasarane Mbok Randha Dadapan.
Dheweke ora nyadar yen Keong Mas sing
diopeni kuwi berkahi.
Kadadean kang aneh mengkono kuwi terus
kadadean ana pirang-pirang dina. Sampek-
sampek Mbok Randha Dadapan wis ora bisa
ngempet rasa penasarane, kepengin weruh
sebenere ana apa.
Pungkasane, dheweke nylidhiki nganggo
cara nginceng saka jaba omah. Ana ing jaba
omah Mbok Randha Dadapan jinjat-jinjit
nguwasi jero omahe saka bolongan angin-
16
16
17
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
angin. Saka bolongan angin-angin kuwi,
dheweke ngerti yen ana cah wedok ayu metu
saka adahe keong sing didelehne ing dhuwur
meja. Kanthi luwes lan trampil cah wedok iku
ngresiki omah lan masakne Mbok Randha. Mari
masak lan resik-resik omah bocah wedok mau
balik maneh ing adhahe Keong Mas.
Mbok Randha Dadapan sing penasaran
langsung delok ing adhahe keong, nanging ing
kana sing didelok yo mung Keong Mas, ora ana
liane.
Sesuke, Mbok Randha Dadapan ethok-
ethokan lunga metu omah. Saka jaba si Mbok
nginceng maneh, dingerteni bocah wedok metu
saka adhahe Keong Mas. Ngerti kaya mengkono
Mbok Randha Dadapan langsung blayu ing jero
omah lan mecah omahe Keong Mas sing ana ing
jero adhah.
Bocah wedok kang duweni praupan ayu
kuwi kaget ora bisa ngendhekne Mbok Randha
Dadapan kang lagi ngrusak omahe Keong Mas. -
Tamat critane Keong Mas-. Sing ana saiki bocah
18
18
wedok sing ayu rupane lan apik sikape, jenenge
Dewi Sekartaji.
Mari kedadean kuwi Mbok Randha
Dadapan ngangkat Dewi Sekartaji dadi anake.
Lagi wae diangkat dadi anake Mbok Randha
Dadapan, ayune Sekartaji wis kondhang tekan
desa-desa liya, adoh saka Desa Dadapan.
Salungane Dewi Galuh Candra Kirana,
Prabu Panji Inu Kertapati ora tenang atine,
kepikiran terus lan ora betah ana ing jero
kerathon. Akhire Panji Inu mutusne lunga
ngembara nggoleki Putri Galuh.
Sasuwine ngembara Panji Inu nyamar
nganggo jeneng Panji Asmarabangun. Berita
anane bocah wedok ayu saka Desa Dadapan
tekan ing kupinge Panji Asmarabangun. Ana
rasa kepengin nemoni bocah wedok kuwi.
Akhire Panji Asmarabangun mara ing omahe
Mbok Randha Dadapan kepengin kepethuk
anake si Mbok.
Ing omahe Mbok Randha Dadapan
kekarone ketemu. Pungkasane sawise leren
19
19
sediluk ing omahe Mbok Randha Dadapan,
Panji Asmarabangun alias Panji Inu mulih
menyang kerathon karo Dewi Sekartaji alias
Putri Galuh Candra Kirana. Ora kelalen, Mbok
Randha Dadapan kang ngopeni Candra Kirana
diajak menyang krathon.
20
20
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
Golek Kencana Hadiah Inu Kertapati
Jasade permaisuri Puspa Ningrat wis ora
ana ing kraton Daha maneh. Nanging jenenge
isih pancet urip ing jero atine Candra kirana.
Ket isuk sampek bengi, bocah wadon jenenge
Candra Kirana ora mandheg olehe nangisi
ibune sing wis ora ana. Ndhelik, dhewean ing
jero kamar, ngedohi wong-wong sing ana ing
kraton, supaya atine bisa bebas omong-
omongan karo ibuke.
Rasane dipuas-puasna olehe atine Candra
Kirana madulke nasib uripe menyang arwahe
ibune. Dibarengi senggukan lan nrocos iluh
tangise. Candra Kirana njerit ing jero atine,
“Dhuh ibukku, mustika atiku, abot rasane
urip iki tanpa tuturanmu lan pepilingmu. Dhuh
ibu, urip iki kaya dene prahu kang ora ana sing
nyetiri, ngambang, kegawa rana, kegawa rene.
Kerathon saiki ibarate kula mung taman
kembang kang isine ri thok, amerga ora ana sing
ngurusi lan ngramut. Taman sawangane indah
mung wayah samean ibuk tasih sugeng. Saiki wis
21
21
dadi panggonane kewan-kewan liar lan ngeri
sing senengane nguwasi mangsa endi sing arep
diganyang lan didadiake korban. Sepiro perihe
atiku, ciut nyali ati kula, ibuk ibuk... rasane
dunyaku peteng tanpa ibuk. ”.
Tangise Candra Kirana pecah sanalika
wayah dheweke ngrangkul bantal lan
ngambungi bantal sing diumpamakna iku
ragane ibuke. Candra Kirana sambat,
“Oh... Dewata sing Maha Mulya, menyangapa
Panjenengan misahke kula saking ibu kula? Ibuk
ingkang kula tresnani banget. Menyangapa
Gusti, Panjenengan boten nyabut nyawa kula
sareng sukmane ibuk kula? Menyangapa,
menyangapa Gusti Panjenengan dadiake aku
anak piatu sing kudu urip sengsara nratapi
nasibe ing ngisore sikile wong-wong kejem?
Menyangapa0menyangapa?”
Candra Kirana terus nggugat, karo
ngethungne tangane, rambute dhawul-dhawul,
atine abot, lan ambegane empis-empis. Candra
Kirana nuntut tanggung jawabe. Sanalika
22
22
Candra Kirana meneng, nunggu sambutan,
ngenteni Jawaban.
Jawab sing jelas!
Nanging blas klethas ora ana suara sing
nyambut, ora ana roncean tembung-tembung
sing jawabi. Gugatane, murkane, mung
dientekne entek-entekan karo sepine wengi.
Bali maneh, Candra Kirana dikuasani rasa sepi.
Untunge isih ana Mahadewi sing duweni ati
ikhlas gelem ngrangkul Candra Kirana kang lagi
sedih. Mahadewi bisa dadi gantine ibukke
bocah wedok piatu kuwi. Nganggo lembute
kasih sing dikekne Mahadewi ngancani lan
nyenengke atine Candra Kirana. Sikape sing ora
beda karo sikape ibuk menyang anak kandung.
Kabar kapundhute permaisurine Raja Daha
lan tingkahe selire Raja Daha akhire krungu
tekan kupinge Raja Kahuripan.
“Wis-wis ora ana tambane, wong kok elek
temen atine Selire Raja Daha.” Tuture Raja
Kahuripan.
23
23
“Permaisuri dipateni. Kraton Daha di orat-
arit.”
Permaisuri marani Raja Kahuripan melu
omong-omongan.
“Lha nggih ta Kangmas! Niki nggih salahe
adik Daha barang. Adik Daha niki lemah atine.
Gelem mawon manut napa omongane selire
kang ala niku. Akhire nggih ngeten niki.
Dheweke di kuasani kalih gundik ala niku. Kula
prihatin kalih Candra Kirana. lek nggih mesthi
bocah ayu niku diidak-idak Selire Daha lan
anake Galuh Ajeng.”
Raja Kahuripan lan permaisurine padha
meneng, ngangen-ngangen nasib apes sing lagi
dirasakne Candra Kirana.
“Apike apa awakdhewe ngutus Panji Inu,
ngibur atine Candra kirana? piye pendapatmu
Dik?” Pitakone Raja Kahuripan menyang
permaisurine.
“Wah kula niku setuju saestu. Tak timbalane
Panji Inu.” Sembahe permaisuri Raja
Kahuripan.
24
24
25
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
Panji Inu akhire ditimbali madhep menyang
ngajenge rama lan ibune.
“Anakku Inu Kartapati! Susah banget atine
awakdhewe oleh kabar yen bulikmu Permaisuri
Raja Daha wis kapundhut. Anakku, tentune
awakmu iya mahami. Bulikmu, Puspa Ningrat
durung tuwa usiane. Nanging kuwi kabeh wis
kehendak Sang Dewata. Ajal ora bisa dielakna
karo manungsa. Lan awakdhewene kudu
ninggalne dunya sing ora kekal ora saklawase
lan balik ing alam baka. Kahanane kraton Daha
saiki nguwatirne atine bapak lan ibukmu. Luwih
maneh, yen awakdhewe eling nasibe bakal
bojomu Candra Kirana. Susah atine Candra
Kirana lantaran kelangan ibune, wis ora bisa
dibayangna kepiye rasane. Kaya bicah urip
sebatangkara sing ora duwe dulur, ora ana sing
melasi, sing paring kasih sayang.”
Panji inu Kertapati ngrungokne ngndikane
ramane melu sedih lan nlangsa mikirne Candra
Kirana.
26
26
“Kula saged mangertosi Rama.” Semaure
Panji Inu.
“Sebab kuwi, aku kepengin awakmu ngibur
atine Candra Kirana. Gawea boneka sing paling
uuapik kanggo Candra Kirana sing bisa dadiake
atine bungah maneh. Anaku gawea boneka loro,
siji saka emas sing siji saka perak. Pesenku mung
kuwi. Mangga dikerjakne tenanan!” Perintahe
Raja Kahuripan.
Raden Panji Inu Kertapati nyanggupi apa kang
diutusne ramane.
“Nggih rama, perintahipun kula lampahi.”
Sawise diolehne ngalih, Panji Inu budhal
nglakoni tapa ing puri panggonane turu. Awan
iku sanalika Panji Inu ngumpulne alat-alat kang
diperluake nganggo gawe boneka kuwi.
Bengine dheweke lungguh dhewekan ing
panggon kang sepi, ngadhep Sang Dewa kang
maha Mulya. Njaluk aweh ilhame.
Sasuwine lungguh nyepi, ora ambegan,
buledne tekad. Karo karuniane Dewata kang
27
27
maha Mulya, ilham mlebu ing jero ragane
Raden Panji Inu Kertapati.
Sayup-sayup sampek krungu ana swara
jago kluruk ping pindo, tandhane bengi iki arep
budhal nandangi gawe bonekah kanggo pelipur
atine Candra Kirana. Panji Inu Kertapati kaya-
kaya diilengne suara sing ora ketok rupane,
kanggo bangkit saka panggon lungguhane, mari
kuwi adus banyu kembang kang semerbak
ambune.
Nganggo tekade ati, tentreme ati, Raden
Panji Inu Kertapati mulai nggawe boneka saka
emas. Driji tangane kang alus lan trampil
mainke alat-alat kayata: graji, pahat, kikir, lan
palu cilik. Rambut boneka digawe kriting ikal,
alus lembut, ke orei kaya rambute widadari
kang lagi mudhun saka kayangan. Boneka
digawe apik, tanpa cacat sak ithik wae. Lengen-
lengen cilik boneka digawe lampai, drijine
digawe trincing-trincing.
Panji Inu Kertapati nyawang boneka
gawenane. Bagean boneka kang cilik-cilik
28
28
diteliti. Kang kedawan digraji, diratakne, kang
kasar dikikis lan dikikir. Kabehane digawe
selaras.
Ping rakaping boneka gawenane disawangi
kanthi teliti. Saka buri lan iringan kaya-kaya
Panji Inu Kertapati lagi adhep-adhepan karo
Putri Galuh Candra Kirana. bocah wedok kang
uayu rupane.
Ing jero atine Panji Inu, ngomong,
“oh Candra Kiranaku, abot lan susah atiku
krungu berita sedhihe sampean. Nanging muga-
muga wae bonekah gaweananku iki dadi pelipur
lara lan sedhih atimu, adindaku kang manis
dhewe.”
Mari ngono bonekahe didhekep lan disimpen.
Bar kuwi bonekah emas wis mari digarap,
lanjut nggarap boneka saka perak dikerjakne.
Mari ngebari penggaweane, boneka loro-
lorone diduduhke menyang ramane. Atine Raja
Kahuripan seneng banget nyawangi boneka
gawenane anake. Ora beda, permaisuri iya
29
29
seneng nguwasi bonekane. Bangga lan bungah
atine duwe anak pinter kaya ngono.
Ora nunggu suwe-suwe Raja Kahuripan
langsung ngutus abdi kraton maringne boneka-
boneka kuwi menyang Raja Daha. Raja
Kahuripan ngutus bungkus boneka kang saka
emas nganggo kain sing wis elek, lepek lan
gawe tali ireng bekas-bekas, kang dadiake
wong kang ndelok ora tertarik. Nanging beda
karo boneka saka perak, Raja ngutus dibungkus
kain sutera dewangga warna abang jambu, ana
sulaman benang emas lan ditali nganggo tali
kain sutera, kang dadiake sedhep yen disawang
mripat.
Mari dibungkusi kabeh bonekane, langsung
dina kuwi Raja Kahuripan ngutus utusan mara
budhal menyang Kerajaan Daha, lan ngusung
bingkisan sing dihiasi tandha panggedhen.
Cekake cerita, para utusan wis teka ing
Kraton Daha. Ing ngarep balai pendhapa kraton
Daha, para utsan ditampa sang Nata sarta
menteri-menterine.
30
30
Raja Daha senenge ora karuan, bisa oleh
kiriman boneka saka kangmas Raja Kahuripan,
lan ngutus Galuh Ajeng milih dhisik ndi kang
dipingini. Ngerti kaya ngono, selir Raja Daha
seneng banget akhire anake diutamake.
Ora ngira tanpa aling-aling Galuh Ajeng
cepet-cepet milih bonekah sing dibungkus
nganggo kain sutera dewangga. Sombonge
Galuh Ajeng karo nglirik ngece marang Candra
Kirana lan Mahadewi. Ora mung nglirik,
nanging iya karo guyu ngenyek.
Mari ngono Raja Daha ngongkon dayang-
dayang maringke boneka sitoke menyang
Candra Kirana. Mahadewei sing nguwasi sikape
Raja Daha, perih lan lara ati. Mahadewi
langsung ninggalna majelis kuwi, lan kepengin
nangis bareng karo Candra Kirana. Candra
Kirana diambungi lan dirayu supaya ikhlas
nampa apa kang wis dadi bagiane.
Galuh Candra Kirana manthuk, benerne apa
titahe Mahadewi karo nangis sesenggukan.
Mari ngono dibukak bungkuse. Nanging
31
31
basamu dibukak, adhuh-adhuh senenge atine
Candra Kirana lan Mahadewi, ngerti yen isine
bonekah kang apik buanget. Kekarone pada
guyu ngerti mencoloke warna emas kang apik
banget. Candra Kirana seneng banget sampek-
sampek lunjak-lunjak. Ngerti Candra Kirana
seneng kaya ngono, Mahadewi melu seneng
banget.
“Ibu Mahadewi, kula boten nate ningali
bonekah ingkang sae ngeten niki! Tangan
manungsa pundi ingkang saged damel boneka
saene kados niki? Ibu, cobi pirsani boneka niki.
Persani ibu, lek nggih suae banget niki, ngajak
kula guyu terus.” Tuture Candra Kirana seneng
banget.
“Bener anakku. Bonekah kuwi ngejak
awakdewe guyu terus. Deloken bonekah kuwi,
yen anakku susah atine, supaya ilang petenge
muncul srengenge,” rayune Mahadewi.
Langit peteng sing ngalangi sinare srengenge
sang Batara Surya, suwine suwi bakal lewat
kesebul Sang Bayu.
32
32
Boneka emas cilik, rupawan, gaweane
Raden Inu Kartapati seniman negeri Kahuripan,
ora ana bedane karo sang Bayu. Ilang rasa
susah, tumbuh rindune ati.
Bocah wedok nyanyi seneng-seneng,
gendhongi bonekah. Tingkahe kaya ibu kang
bener paring sayang menyang anak kandunge.
Boneka emas ngguyu manis, kaya-kaya ngerti
lara kang ana ing atine sang ibu. Kaya ikhlas
njanjeni arep males kasih sayange. Kanthi rasa
sayang Candra Kirana ngambungi bonekane,
nanging angene ngembara adoh menyang
negara Kahuripan.
Eman tenan, hawa sing wis apik-apik,
terang mung sacuil, amarga embun mara
ngganggu.
Galuh Ajeng kang ndelok boneka kencana
Candra Kirana garai iri atine. Bar ngono
ngrengek nggegeri jaluk bonekane Candra
Kirana. omongan elek saka lambene wis ora
kena di tutup maneh. Galuh Ajeng ngelok-
ngelokne Candra Kirana, nanging Candra
33
33
Kirana ora gelem ngekekne boneka kuwi
menyang Galuh Ajeng. Akhire Galuh Ajeng
wadul menyang Raja Daha lan ibuke karo
gulung-gulung kaya cah cilik sing ora dituruti
apa kepenginane.
Galuh Ajeng wadul sing ora-ora menyang
Raja Daha. Wadulan saka Galuh Ajeng, dadiake
Raja Daha nesu banget karo Candra Kirana.
akhire Candra Kirana ditimbali Raja Daha.
Candra Kirana sing ditimbali ramane, ngadhep
sembah marang ramane.
Raja Daha njaluk Candra Kirana supaya
maringne boneka emase menyang Galuh Ajeng.
Nanging Candra Kirana ora gelem. Raja Daha
murka, ngerti yen Candra Kirana wegah
ngekekne boneka mas e menyang Galuh Ajeng.
“Menawi kula dipeksa rama kedah maringne
bonekah kula wonten Galuh Ajeng, luwih saene
panjenengan pateni mawon kula. Dhuh rama,
napa artine kula wonten dunya mriki yen boten
wonten tresna lan welas asih kagem kula? Ibu
kula seda dipateni, kula dados anak piatu. Saniki
34
34
bonekah kula badhe dirampas. Sinten rama?
Sinten ingkang badhe dados pelipur lara kula?
Saestu, menawi mekaten, kula ikhlas
panjenengan beleh. Boten napa-napa kula tak
nyusul ibuk.”
Candra Kirana nangis sesenggukan, rasane
sedih banget. Ngambung sikile ramane. Polahe
kaya wong kang wis nyerah yen gulune arep di
beleh. Mahadewi, dayang-dayang, lan inang-
inang pada nangisi bocah wedok piatu kang
jenenge Candra Kirana.
Nanging, ramane kang ngerti anake wis
nyerah kaya mengkono, ora ana sithik ae
nesune kelong. Malahan tambah nesu.
“Kirana, klakuane sampean kaya bocah cilik!
Kaya bocah kang ora duwe adab, ora ngerti tata
krama, ora kaya anake raja. Biyen kae wis
bangkang. Saiki isih arep bangkang maneh?
Wani nentang titahku? Sampean kekne
bonekahmu menyang Galuh Ajeng! Lek ora
gelem, rambutmu sing tak potong!” Tuture Raja
Daha nesu-nesu.
35
35
Candra Kirana pancet ora gelem maringne
bonekah emase menyang Galuh Ajeng.
Bonekane dicekel rapet-rapet. Didekep ing
dhadhane.
“Boten rama, Boten! Kula boten bakal
maringne bonekah niki wonten Galuh ajeng.
Mangga panjenengan potong rambut kula,
amergi panjenengan ingkang kuasa.”
Raja Daha nesu tenan. Raja Daha sing
ngrasa diwirangna karo Candra Kirana amerga
ora dituruti apa kekarepane, maju gawa
gunting. Raja Daha guntingi rambute Candra
Kirana. kres-kres-kres! Swara guntingi rambut
dadiake penduduk kraton tetangisan. Mung
Selir Raja Daha lan Galuh Ajeng sing bisa guya-
guyu.
“Kuwi oleh-olehe dadi anak sing durhaka!
ngaliha saka kene! Aku ora gelem nyawang
wajahmu maneh!”
Raja Daha tega banget ngusir Candra Kirana.
Omongane Raja Daha kaya mengkono
dadiake krathon lan saisine kaya disamber
36
36
37
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita
bledheg ing wayah awan hawane panas-panas.
Sikape Raja sing kaya mengkono dadiake
bingung lan gumun Mahadewi, para dayang lan
inang-inange. Kabeh tetangisan saya nlangsa
nguwasi Candra Kirana.
Pungkase Mahadewi, Ken Bayan, lan Ken
Sanggit ngetutne Candra Kirana mlebu ing
peraduan. Klambine Candra Kirana kang teles
amerga kembloh kebak iluh mata lan reged
saka tugelan rambut, cepet-cepet diganti karo
klambi kang resik. Candra Kirana diadusi banyu
kembang kang wangi, lan digaweni klambi kang
resik.
Pungkase Candra kirana isih nangis kejer
sesenggukan ngrasakna nasib uripe kang apes
banget kaya mengkene. Pikirane peteng, atine
abot kanggo nglakoni urip kang kaya mengkono
kuwi.
38
38
Entit
Ing jaman biyen, ana Kerajaan Jenggala
jenenge. Ing kerajaan Jenggala duweni Ksatria
kang ganteng rupane, jenenge Raden Panji
Asmarabangun. Panji Asmarabangun duweni
bojo kang ayu rupane, jenenge Dewi Galuh
Candra Kirana putri Kediri. Kekarone
diumpamakna Dewa Kamajaya lan Dewi Ratih
kang njelma ing mayapada, mudhun saka
kayangan kang indah.
Sawijine dina, Panji Asmarabangun lunga
saka Jenggala, ora diweruhi bojone. Lungane
Panji Asmarabangun ora ana kabar, dadiake
Galuh Candra Kirana kawatir lan priatin.
Pungkasane Galuh Candra Kirana lara mikirne
Panji Asmarabangun. Atine ketaton,
“Tega tenan sampean kangmas Panji
Asmarabangun, ninggalne aku dhewekan ing
kene.”
Tresnane Galuh Candra Kirana menyang
bojone ora karu-karuan. Ora ana kang bisa
nandhingi gedhene tresnane Kirana menyang
39
39
Asmarabangun. Ora kena dibayangne kepiye
lara atine Kirana.
Larane Candra Kirana saya suwi saya
nemen. Awake kuru, praupane kaya mayit,
pucet kaya kapas. Amerga kuwi, Raja Lembu
Amiluhur cepet-cepet nganaake rerembugan,
ngomongne larane Candra Kirana ditinggal
lunga Panji Asmarabangun kang ora ngerti
parane lunga menyang ngendi. Masalah kuwi
penting banget, dadiake kabeh anggota kraton
melu ana ing rerembugan.
Hasile rembugan kuwi yaiku, Raden Panji
Gunung Sari kudu usaha nemuake Panji
Asmarabangun. Amergane, mung gawa Panji
Asmarabangun ing ngerepe Candra Kirana
supaya Candra Kirana bisa waras lan gelem
tangi maneh.
Ngemban tanggung jawab kang gedhe, Panji
Gunung Sari cepet-cepet budhal nggoleki Panji
Asmarabangun kang ditutne abdi setiane, yaiku
Bancak lan Doyok.
40
40
Sawise sidang dibubarna Raja Lembu
Amiluhur mara mlebu sanggar pamujaan,
njaluk muga-muga kahanane balik tentrem lan
damai ora ana alangane.
Ing Taman Kaputren, Candra Kirana kang
isih lara ditunggoni adhike Dewi Ragil Kuning.
Rasane atine Dewi Ragil ora kuwat nguwasi
kahanane mbakyune kang kaya mengkono.
Ragil Kuning nyalahke nesu lan nyalahke
tindakane Asmarabangun kang lunga ora ana
kabar.
Sansaya dirasakna, lara atine Ragil Kuning
nguwasi Candra Kirana. Ana ing atine Ragil
Kuning ngrenteg,
“Mung kangmas Panji Asmarabangun kang
bisa mareke Galuh Candra Kirana. Larane
mbakyu Candra Kirana amergane ditinggal karo
kangmas Asmarabangun. Dhuh Dewa, rasane
aku ora kuat maneh nyawang kahanan kaya
ngene iki, apa luwih apike aku nyusul kangmas
Asmarabangun. Mung cara iki, mbakyuku bisa
mari larane. Mbakyu, adhikmu pamit mapak
41
41
kangmas Panji Asmarabangun. Sampek teka
pucuke dunya bakal tak goleki.”
Wis temenan tekade bocah wedok kuwi, kang
tresna lan sayang menyang mbakyune.
Ora ana kang ngerti, meneng-meneng Dewi
Ragil lunga ninggalna Jenggala kanggo nggoleki
kangmas Asmarabangun. Karo tekad kuat, ora
bakal mulih ing Jenggala sadurunge nemokne
Asmarabangun.
Miturute para panembang, Dewi Ragil
kuning mlebu alas, metu alas, munggah gunung,
mudhun gunung, kabeh dilakoni kanggo
tresnane menyang mbakyune Galuh Candra
Kirana. Nganti mlebu ing desa kang disebut
Desa Banjarsari.
Ing Banjarsari ana wong lanang-wedok
kang wis suwi omah-omah, nanging masio wis
suwi olehe omah-omah kekarone durung
diwenehi putra. Tekun lan tawakale kekarone
kang ajeg njaluk menyang Sang Pencipta,
supaya kekarone bisa duweni turun. Nanging
42
42
nganti saiki durung ana tandha-tandhane bakal
anane putra.
Tambah suwi, kekarepane tambah blawur,
peteng. Umure iya tambah njelasna yen tambah
ora mungkin. Akhire kekarone pasrah karo
kekarepe Gusti ingkang Maha Ngerti
sembarangane.
Suwijine dina, saka omong-omongan iki
kekarepane saya pupus.
“Buk, buk. Awakdhewe iki wis suwi lek omah-
omah, nanging sampek saiki awakdhewe durung
entuk anak.” Ceritane wong lanang kuwi
menyang bojone.
“Lha yo to pak, sajane ngene iki aku yo
ngarep terus, aku yo kepengin bisa nglairne
anak saka rahimku. Nanging arep kepiye maneh,
wong nyatane kaya mengkene.” Semaure wong
wedok ngetuake uneg-uneg ing atine.
“Emm, yawis Buk. Saiki kabeh dibalikne
menyang Sang Pencipta.” balese lanange.
43
43
Ing wayah isuk, rasa-rasane Sang Maha
Mangertos duwe rencana liya. Esuk kuwi, ujug-
ujug ana wong kang mertamu menyang omahe
wong wedok lan wong lanang mau. Wong kang
duweni rupa elek, ditambah suarane medeni.
Wong lanang elek kang mertamu kuwi
tibane kepengin melu karo wong loro mau.
Nyatane wong loro ora nolak, malahan
ngangkat wong lanang elek mau dadi anak
angkate.
Sasuwine dadi anake wong loro kuwi, wong
lanang elek mau dijenengna Entit. Anane Entit
ing omahe wong loro kuwi, dadiake omah iku
malih kaya-kaya kesokan berkahe Sang Maha
Mangertos. Rejekine kang entuk luwih akeh,
tandurane kang subur-subur lan ngasilne
panenan kang luwih-luwih.
Usaha tanine sukses, usaha ternake iya
sukses. Pokoke anane Entit ing omah kuwi
nggawa prubahan kang gedhe kanggo wong
loro kuwi. Lanang wedok kuwi sayang banget
menyang anak angkate, Entit.
44
44
Entit iya bocah kang duweni watek kerja
keras, seneng tani, seneng open-open ternak.
Dheweke mung paring contoh, yen manungsa
kerja keras ikuwi layak bisa urip ing antarane
manungsa liya. Nanging, yen manungsa mung
males-malesan ngarepne karyane wong liya iku
jenenge tindak kang ora apik.
Sawijine dina ngepasi Entit melu menyang
sawah, melu macul. Entit dikagetne karo bocah
wedok kang bengak-bengok keweden ing
ngarepe. Cah wedok kuwi tibane ora liya Dewi
Ragil Kuning, kang kaget nguwasi Entit kang
duwe rupa elek. Ora mung Ragil Kuning kang
kaget, Entit iya kaget. Bisa-bisane Putri
Jenggala tekan tlatah kang bahaya iki.
Lha menyangapa Entit kaget? Apa
hubungane Entit karo Ragil Kuning???
Sejatine, Entit kuwi Panji Asmara Bangun
kang njelma dadi wong lanang kang duweni
rupa elek banget. Ing kana Entit usaha nyakinke
Ragil Kuning supaya ora wedi menyang
dheweke. Amarga kesaktiane, akhire Entit bisa
45
45
46
**gambar karakter: youtube.com/kejarcita