The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Buku elektronik antalogi cerita rakyat Panji Asmarabangun dan Dewi Sekartaji. Cerita rakyat yang berasal dari Kediri Jawa Timur, yang dikemas dalam Bahasa Jawa. Berisikan 6 judul cerita rakyat dengan tokoh utama Panji dan Sekartaji.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Inna Indana, 2022-03-20 03:24:06

Crita Kediri: Panji lan Sekartaji (Antalogi cerita rakyat Panji Asmarabangun)

Buku elektronik antalogi cerita rakyat Panji Asmarabangun dan Dewi Sekartaji. Cerita rakyat yang berasal dari Kediri Jawa Timur, yang dikemas dalam Bahasa Jawa. Berisikan 6 judul cerita rakyat dengan tokoh utama Panji dan Sekartaji.

Keywords: cerita rakyat panji,cerita rakyat kediri,cerita panji asmarabangun,cerita rakyat bahasa jawa,cerita rakyat sekartaji,cerita asal usul kediri,cerita rakyat dalam bahasa jawa

nyakinake Ragil Kuning, malahan saiki cah loro
mau kekancan tanpa Ragil Kuning ngerti yen
Entit iku sejatine kangmase kang dadi golek-
golekan.

Desa Banjarsari iku daerah kang terkenal
bahayane. Maksiat, judi, nyolong, zina, narkoba,
kabeh maksiat dilakoni ing Desa Banjarsari.
Mergane kuwi Panji Asmarabangun jaga
temenan adhine iki.

Anane Ragil Kuning ing Desa Banjarsari,
dadiake Desa Banjarsari sabendinane gegeran
terus, amarga kepengin ngentukne Ragil
Kuning kang duweni rupa kang ayu iki.
Nanging, Ragil Kuning ora perlu kawatir,
amarga saben ana kang arep ngganggu
dheweke, Entit langsung sendika jaga lan
nglindhungi Ragil Kuning.

Ing liya crita, lelakune Panji Gunung Sari
akhire tekan Desa Banjarsari. Satekane ing
Banjarsari dheweke ngerti ana selisih antarane
Entit karo klompok bocah nom-nomane
Banjarsari. Akhire Panji Gunung Sari melu

47
47

nengahi tukaran. Pungkase tukarane rampung,
malahan Panji Gunung Sari kaget, tibane
tukaran mau gara-gara ngrebutne Galuh
Kuning, kang ora liya calon bojone dhewe.

Ngerti mengkono akhire Panji Gunung Sari
ngejak gelut Entit. Tukaran antarane Panji
Gunung Sari lan Entit, nggarai penduduk ing
Desa Banjarsari padha gumun lan kaget, tibane
Entit lan Panji Gunung Sari padha pinter gelut.
Bocah nom-nom kang nyerang Entit padha
mlongo ing pinggir nontoni Entit lan Gunung
Sari tempur.

Pungkasane, tempur mau dimenangke
Entit. Panji Gunung Sari kang ora trimo, akhire
ngetokne pusakane lan nunjep wetenge Entit.
Sanalika langit malih peteng lan ujug-ujuge
udan deres banget. Ragane Entit ilang lan ujug-
ujug metu ksatria guanteng, ora liya yaiku Panji
Asmarabangun.

Panji Gunung Sari lan Ragil Kuning padha
kaget. Ora nyangka yen Entit kuwi kangmase

48
48

dhewe. Ngerti mengkono, Panji Gunug Sari
langsung njaluk ngapura menyang kangmase.

Sadurunge mulih ing Jenggala, Panji
Asmarabangun paring pitutur-pitutur kanggo
bocah nom-nomane Desa Banjarsari, supaya
ngedohi kang jenenge maksiat, kayata nyolong,
ngombe, medok, main judi, mangan royal.
Kelakuan kaya mengkono kuwi diadohi
temenan lan aja nganti dilakoni maneh.

Kudune dadi wong Desa kuwi, bisa
nggalakna/ngurip-urip usaha ing pertanian,
peternakan. Kang penting maneh iya tindake
kang padha ngormati lan nresnani manungsa
liyane. Bengkerengan model apa wae lek bisa
diadohi.

Pungkase, perasaane Asmarabangun malih
lega lan bungah. Panji Asmarabangun balik
mulih menyang Jenggala ditutne Dewi Ragil,
Panji Gunung Sari, Bancak lan Doyok. Sarta
diterke nganti gerbang Desa Banjarsari karo
kabeh penduduke Banjarsari.

49
49

Ing Jenggala, Candra Kirana kang ketemu
Panji Asmarabangun, bisa mari saka larane,
banjur saiki atine wis tenang, ayem, lan
tentrem. Sekabehane balik maneh, dadi
Jenggala kang lestari, subur, makmur, tentrem,
ayem, lan damai.

50
50

Cindelaras
Saiki Raden Panji Inu Kertapati putra
Jenggala wis bisa urip bahagia karo Dewi
Candra Kirana putri Kediri. Senenge wis bisa
kumpul bareng tanpa ana masalah maneh. Yen
disawang Panji Inu lan Candra Kirana kuwi
pasangan serasi, sijine guantenge pol lan sijine
uayune pol ora ana kang nandingi ing zaman
semana. Ana Pujangga kerajaan sing
ngramalake gayut kerajaan-kerajaan nusantara,
yen besuk bakale ana raja gedhe kang lahir
saka pasangan Panji Inu lan Candra Kirana.
Ananging kawujude ramalan kuwi ora kaya
wong malikne epek-epek tangane. Ana wae
kang ngalangi lan ganggu uripe Panji Inu lan
Candra Kirana.
Rasane Candra Kirana seneng banget bakal
bisa dadi wanita kang sampurna. Kaya wong
wedok liyane, Candra Kirana iya duwe rasa
ngidam, kepengin barang kang biasane ora tahu
dipengini sadurunge.

51
51

“Sampean lagi kepengin apa, Dik?” Takone
Panji inu menyang Candra Kirana.
Ora disangka-sangka tibake panjaluke Candra
Kirana nemen anehe,

“kula kepurune maem daging menjangan
pethak.” Semaure Candra Kirana.
Menjangan putih kuwi kewan kang angel
banget ditemukne, nanging arep kepiye maneh
Panji Inu nyanggupi apa kepenginane.

Ing wayah isuk mruput, Panji Inu lan
Candra Kirana cepet-cepet budhal menyang
alas nggolek mejangan putih. Kawit isuk
sampek srengengene wis ora ketok maneh, ora
ana siji-sijia mejangan putih kang liwat ana alas
kuwi.

“Kok ora ana mejangan putih kang liwat
sasuwine awakdhewe ana ing kene. Wis peteng
pisan.” Tuture Panji inu,

“Nggihpun, nginep wonten mriki kemawon,
tinambang mengke nyasar.” Semaure Candra
Kirana.

52
52

Pungkasane kekarone sepakat yen nginep ana
ing jero alas. Amarga kahanane ing jero alas wis
peteng dhedhet.

Ing jero alas, jenenge isih manten anyar
kekarone isih seneng-senenge guyonan.
Sampek kekarone kelalen yen lagi ana ing jero
alas wingit. Ing alas kana ana dhemit ganas lan
ngedeni banget, jenenge Kalakunti. Ngerti ana
Candra Kirana lan Panji Inu kang pada seneng-
seneng bareng, Kalakunti ora seneng. Kalakunti
kepengin kekarone pisah lan Panji Inu dadi
bojone.

“Pokoke bocah lanang kuwi kudu dadi
bojoku. hihihhhiihi” Gembrenenge Kalakunti.

Rasane Kalakunti gregeten nyawangi Panji
Inu lan Candra Kirana. Akhire kanggo
mujudake apa kekarepane, Kalakunti nggolek
cara kepiye supaya Candra Kirana lan Panji Inu
ora bisa bareng-bareng maneh.
Nepaki srengengene metu, Kalakunti nyulap
babi ing alas kang riwa-riwi ing ngarep tendane
Panji Inu lan Candra Kirana dadi mejangan

53
53

putih. Panji Inu kang ngerti klebate babi kang
rupa mejangan putih mau ditutake nganti
saentuke.

“Wah, lha iki sing dienteni ket mau. Kudu tak
entukne iki.” Omonge Panji Inu.
Saking senenge, Panji Inu ora bugah Candra
Kirana kang lagi enak turu. Dadine Candra
Kirana ora weruh yen Panji Inu lagi mlayu
ngetutake babi ing jerone alas.

Kanggo nyenengne atine Candra Kirana,
Panji Inu ora gampang nyerah kanggo
ngentukne mejangan putih. Panji Inu sampek
kelalen yen wis kadohan olehe ngetutake babi
kang wujud mejangan puti saka panggon
turune Candra Kirana.

“Lhoh ana ngendi aku iki? Lha terus kepiye
iki Candra Kirana?”
Panji Inu bingung ngelingi yen wis kadohen
olehe mlayu. Nyawang rencanane kasil,
Kalakunti senenge rakaruan guya-guyu.

54
54

Ujug-ujug Candra Kirana jedhus ing burine
Panji inu. Panji Inu kang nyawang ana Candra
Kirana ing burine ngrasa seneng.

“Lha iki, syukur sampean bisa ngetutne aku
sampek kene.” Omonge Panji Inu menyang
bojone.
Padhahal kang disawang rupa bojone iku
duduk Candra Kirana asli, nanging kuwi
Kalakunti kang njelma dadi Candra Kirana.

“Ayo kakangmas! Blayu terus kuwi
menjangane mengko ilang. Niki kula tutne
wonten wingking.” Perintahe Kalakunti kang
nyamar dadi Candra Kirana.

Panji Inu kang diopyaki Candra Kirana
tuambah semangat olehe blayu, nganti akhire
menjangan putih kasil dicekel. Atine Panji Inu
seneng lan bungah banget.

Menjangan putih kang kasil dicekel dikekna
Candra Kirana palsu. Bar mangan telap-telep
daging panggange, Panji Inu lan Candra Kirana
palsu mulih ing kerathon.

55
55

Sawalike, Candra Kirana asli kang isih ana
ing alas bingung. Sabenere menyang ngendi
Panji Inu parane, kok sampek srengengene ana
ing dhuwur sirah durung balik-balik. Pungkase
Candra Kirana kesaasar ing jero alas wingit
karo dhedhemit kang duweni jeneng
“Kalawarok”. ----

Ing kerathon suwine suwi, Candra Kirana
palsu (Kalakunti) omong yen wetenge saiki wis
saya gedhe. Sampek wis wayahe Kalakunti
nglairne. Panji Inu seneng banget nyambut
lahire anak pertaamane.

Ora disangka-sangka, lahire bayi ing kraton
Jenggala dadiake rame. Amarga bayi kang
dilahirke Kalakunti duweni wujud kang aneh.
Awake guedhe kaya bayi raseksa. Kulite uireng
methentheng, lan untune girig-girig kaya
matane graji. Saliyane kuwi, ing pojokan
lambene, ana kaya untu kang bentuke kaya
siung kang lincip.

56
56

Ngerti rupa anake mengkono, banjur ora
dadiake rasa tresnane kelong menyang bayi
kang dianggep anake kuwi.

“Bocahku iki tak jenengi Pangeran Muda.”
Tuture Panji Inu jenengi puterane.

Tambah suwi tambah umure, Pangeran
Muda tambah-tambah ngedeni. Wateke keras
banget, seneng ngamuk, ora bisa ditata, sifate
ora sewajare bocah-bocah saumurane.

Panji Inu, kang nguwasi anake kaya
mengkono isin banget. Saking gregetane karo
anake, Panji Inu ngunci Pangeran Muda ing
salah siji kamar kang ana ing kraton. Meneh-
meneh Candra kirana palsu alias Kalakunti
terus belani anake.

“Putrane mbok boten usah dikekang-kekang
ngoten, napa maneh dikurung kados pitik. Jarne
mawon. Paringi kebebasan sapuase.” Jaluke
Kalakunti.
Pungkase Panji Inu ora bisa bantah. Dheweke
nuruti opo sing diomongke bojone.

57
57

58

**gambar karakter: youtube.com/kejarcita

Ing sawijine dina, Pangeran Muda dolan
menyang pasar ing salah siji desa kang ana ing
Jenggala. Rasane nguwasi daging kang isih
entah ana ing ngendi-endi, ndadikna Pangeran
Muda kepengin mangani kabeh daginge.

“Wah-wah, muantep tenan iki daginge.
Kene! Aku kepengin mangan iki kabeh!”
Bengoke Pangeran Muda.

Ngerti barang dagangane diroyok karo
Pangeran Muda, sing dodol ing pasar kana
padha ngalang-ngalangi olehe Pangeran Muda
jupuki daging kang isih entah-entah kuwi.
Nyawangi kahanane kaya mengkono kuwi,
dheweke ngamuk kaya wong lagi kerasukan.
Pangeran Muda ngrusak apa wae kang ana ing
ngarepe. Wong-wong padha blayon keweden,
ngadohi amukane Pangeran Muda. Amerga
sapa wonge kang wis kecekel Pangeran Muda
langsung diajar lan disiksa. Akeh wong kang
mati ana ing tangane Pangeran Muda.

59
59

Ujug-ujug, ana saklebat ayang-ayange
bocah nom kang mencolot pas ana ing ngarepe
Pangeran Muda.

“He, Raseksa! Kebacut olehmu nglarani
wong liya! Aku ana kene kanggo njabut
nyawamu!” Tantange bocah nom mau.

“Sapa kowe kuwi? Wani-wanine menyang
aku. Awas kowe tak pangan urip-urip awakmu!”
Semaure Pangeran Muda karo wajah ngedeni.

Sanalika perang kadaden. Wis ping
rakaping Pangeran Muda kenekan tinjune
bocah nom kuwi. Akhire amerga keweden,
Pangeran Muda kabur, balik mulih.

Tekan omah Pangeran Muda wadul
menyang rama lan ibune. Panji Inu lan bojone,
kang diwaduli anake langsung budhal mara
menyang panggone bocah mau.

“Oalah, tibane. Raseksa menika putranipun
Jenengan?” Omonge bocah nom desa karo
paring sembah menyang Panji Inu,

“ngapuntene saking kula, amargi sampun
nglarani puteranipun panjenengan.” Tambahe.

60
60

“Sapa Jenengmu?” Takoke Panji Inu.
“Asmane kula Jaka Puter. Ibu kula Dewi
Sekartaji,” jawabe bocah nom mau.
“Ibu kula ngendikan, bapak kula asmane
Raden Panji putera Raja Jenggala,” imbuhe.
Arep ora kaget kepiye dadi Panji Inu
ngrungokne apa sing diomongne Jaka Putera.
Krungu omongane Jaka Putera, Kalakunti
was-was kawatir. lan meksa Panji Inu kanggo
nyekel Jaka Putera. Naging Panji Inu ora nuruti
kepenginane Kalakunti.
Pungkasane Kalakunti langsung nyerang
Jaka Putera. Nanging Kalakunti ora bisa
ngalahake Jaka Putera, amarga Jaka Putera
langsung ninju, lan pas ngenani ing dadane
Kalakunti. Sanalika Kalakunti awake kobong,
balik wujud asline, lan ngembusne ambegan
keri.
Pangeran Muda kang ndelok ibuke mati,
langsung mencolot arep nyakot sirahe Jaka
Putera. Nanging Pangeran Muda kalah, amarga
tendangan maut saka Jaka Putera. Awake

61
61

langsung gosong-gosong lan mati ngenes
nyusul ibune.

“Ngapurane nggih bapak. Bapak sampun
dados korban iblis wadon inggih punika Ni
Kalakunti ingkang jelma dados ibuk. ”
Omong Jaka Putera menyang Panji Inu.

Panji Inu langsung ngakoni yen Jaka Putera
iku bener anak kandunge. Mari ngono Panji Inu
njaluk diterke menyang Candra Kirana.

Pungkasane Panji Inu lan Candra Kirana
ketemu. Kekarone padha nangis bungah, ora
mandheg-mandheg tetes iluh. Candra Kirana
njelasna apa wae sing dilakoni wayah ing alas.

Padha karone Panji Inu melu crita
pengalamane sasuwine pisah karo Candra
Kirana ingkang ditresnani.

“Ayo. Awakdhewe kudu cepet balik ing
kerathon.” Tawane Panji Inu menyang Candra
Kirana lan anake, Jaka Putera.

Satekane kraton, wong telu mau disambut.
Pungkase, Panji Inu Kertapati lan Dewi Galuh
Candra Manik urip bahagia lan sejahtera.

62
62

Daftar Pustaka

https://sclm17.blogspot.com/2016/03/kediri-
bumi-panji.html?m=1
https://www.kuwaluhan.com/2017/04/legend
a-dewi-sekartaji-putri-kediri.html?m=1
http://kabkediri.blogspot.com/2011/08/keon
g-mas-kediri-jawa-timur-v1.html?m=1
http://goesprih.blogspot.com/2010/05/galuh-
candera-kirana-5.html?m=1
https://jawatimuran.disperpusip.jatimprov.go.i
d/2012/08/01/entit/
https://dongengceritarakyat-
com.cdn.ampproject.org/v/s/dongengceritarak
yat.com/legenda-cerita-rakyat-ande-ande-
lumut/?amp_js_v=a6&amp_gsa=1&usqp=mq33
1AQHKAFQArABIA%3D%3D#aoh=160980648
79814&referrer=https%3A%2F%2Fwww.goog
le.com&amp_tf=Dari%20%251%24s&ampshar
e=https%3A%2F%2Fdongengceritarakyat.com
%2Flegenda-cerita-rakyat-ande-ande-
lumut%2F

63
63

Biodata Penulis

Nama Lengkap : Indana Zulfa

No. HP/Wa : 085 895 279 279

Pos-el :[email protected]

Media Sosial : - Fb. inna indana

- Ig. @innaindana17

Alamat : Rt.03/Rw.04 Dsn. Kolak Utara,

Ds. Wonorejo, Kec. Ngadiluwih,

Kab. Kediri Jawa Timur

Motto Hidup : “Sebaik-baiknya manusia

adalah yang bermanfaat dan

berguna pada sesama”

Pendidikan : Mahasiswa Pendidikan Bahasa

dan Sastra Jawa (2018)

Universitas Negeri Semarang

64
64

Buku kang nulis critane Panji lan Sekartaji
kang dadi crita rakyat saka Kediri. Kabehe
ana 6 judhul crita kang ditulis ing jero buku
kang duweni judul, Kediri: Cerita Panji lan
Sekartaji.
Buku iki ditulis nganggo bahasa Jawa dialeg
Kediri. Ing buku iki, diwenehi gambar kang
nyritaake salah sijine adegan ing critane.

Salam penulis
15 Maret 2022

65


Click to View FlipBook Version