STANDAR ISI KELAS : XI SEMESTER : GASAL KOMPETENSI INTI KOMPETENSI DASAR 1. Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya 1.1 1.2 1.3 1.4 1.5 Menerima, mensyukuri, menghayati dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa jawa dan menggunakannya melalui teks Serat Wedhatama pupuh Pocung lisan maupun tulisan. Menerima, menyuskuri, menghayati dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dan menggunakannya melalui novel lisan maupun tulisan. Menerima, menyuskuri, menghayati dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dan menggunakannya melalui sesorah melalui lisan maupun tulisan Menerima, menyuskuri, menghayati dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dan menggunakannya melalui teks eksposisi tentang adat budaya Mantu Jawa lisan maupun tulisan. Menerima, menyuskuri, menghayati dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa Jawa dan menggunakannya melalui aksara Jawa bab aksara rekan dan angka Jawa lisan maupun tulisan 2. Menghayatin dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong, kerjasama, toleransi, damai), santun, responsive dan proaktif, dan menunjukkan sika sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam berinteraksi secara efektis dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia. 2.1 2.2 2.3 2.4 2.5 2.6 Menunjukkan perilaku mulia, percara diri, dan tanggung jawab dalam menggunakan bahasa Jawa melalui Teks Serat Wedhatama pupuh Pocung lisan maupun tulisan. Menunjukkan perilaku mulia, percara diri, dan tanggung jawab dalam menggunakan bahasa Jawa melalui novel lisan maupun tulisan Menunjukkan perilaku mulia, percara diri, dan tanggung jawab dalam menggunakan bahasa Jawa melalui Sesorah lisan maupun tulisan. Menunjukkan perilaku mulia, percara diri, dan tanggung jawab dalam menggunakan bahasa Jawa melalui melalui budaya Teks Eksposisi tentang adat Mantu Jawa lisan maupun tulisan. Menunjukkan perilaku mulia, percara diri, dan tanggung jawab dalam menggunakan aksara rekan dan angka Jawa melalui Aksara Jawa lisan maupun tulisan. Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh pocung. 3. Memahami menerapkan, menganalisis pengetahuan 3.1 Memahami isi petikan teks novel berbahasa Jawa. Menelaah teks Sesorah.
KOMPETENSI INTI KOMPETENSI DASAR factual, konseptual, procedural berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan procedural pada bagiian kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecakan masalah. 3.2 3.3 3.4 3.5 Memahami teks eksposisi tentang adat tradisi mantu Jawa. Mengidentifikasi kaidah penulisan aksara Jawa empat paragraf yang menggunakan aksara rekan dan angka Jawa. Menanggapi isi Seragt Wedhatama pupuh Pocung dan menulis serta menyajikan Syair tembang Pocung. 4. Mengolah, menalar dan menyajikan dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri dan mampu menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan 4.1 4.2 4.3 4.4 Menceritakan isi petikan nocel berbahasa Jawa. Menanggapi, menulis, menyajikan teks Sesorah. Menanggapi isi dan menulis teks eksposisi tentang adat tradisi mantu. Menulis dan menyajikan empat paragraf aksara Jawa yang menggunakan aksara rekan dan angka Jawa.
WULANGAN I Kompetensi inti : 3.1 3.2 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Pocung. Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Pocung, menulis dan menyajikan syair tembang Pocung. Indikator : 3.1.1 3.1.2 3.1.3 3.1.4 3.1.5 3.1.6 4.1.1 4.1.2 4.1.3 4.1.4 Membaca contoh teks Serat Wedhatama pupuh Pocung. Mencermati uraian yang berkaitan dengan guru gatra, guru lagu, dan guru wilangan Serat Wedhatama pupuh Pocung. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun Serat Wedhatama pupuh Pocung. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isl teks Serat Wedhatama pupuh Pocung. Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam Serat Wedhatama pupuh Pocung. Menulis syair tembang Pocung dengan bahasa sendiri. Menyunting kesalahan syair tembang Pocung tulisan teman. Menganalisis unsur-unsur pembangun. Menyajikan secara lisan atau tulisan tembang Pocung yang ditulis. Memberi tanggapan isi dengan bahasa sendiri Serat Wedhatama pupuh Pocung NYEMAK A. PANGERTEN TEMBANG MACAPAT Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan kang gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese tembang macapat, yaiku. a. Macapat tegese tangga desa kang ngubengi (Poerwadarminta, 1959: 292); maknane tembang macapat wis sumebar lan dikenal masarakat, malah masarakat wis padha wasis nembang utawa nglagokake. Tangga desa kang ngubengi maksude tangga ing sisih: wetan, kidul, kulon, lan lor wis padha tepung sarta akrab sanget kalihan tembang macapat. b. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake; lan tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi) wancahan saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget (Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah lan nikmat. c. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang asale saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa menyanyi. Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel, yaiku lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat) titilaras. d. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung “papat”; jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 13 wanda) waton pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot tembung. Mula gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning tembang; bisa mandheg ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3- 3). Tembang iku klebu basa jawa ngoko, kramane sekar. Tembung utawa sekar iku wohing kagunan basa kang edi lan endah, arupa ikataning tembung kang kacencang wewaton
tartamtu yaiku lagu. Pancen tembang iku mujudake ikataning karangan kanthi lelagon. Jer wewatone tembang kuwi kang baku kudu nggatekake treping tembung murih larasing lagu. Tembang macapat lan geguritan iku ana persamaane yaiku padha padha mujudake basa iketan, mung wae kang ngiket iku beda. Bedane tembang macapat Ian geguritan ● Tembang macapat nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu Ian guru wilangan, dene ● Geguritan tanpa nggunakake pathokan guru gatra, guru lagu lan guru wilangan nanging nggunakake pathokan pamilihe tembung kang mentes Ian endah B. PAUGERAN TEMBANG MACAPAT Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/yasa tembang macapat lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembungtembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra, guru wilangan, guru lagu/ dhong-dhing; (c) purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra yen ditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing tembung lingga kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh ‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’ 1. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larikan saben sapada ing tembang macapat 2. Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra (nyuwara vocal) 3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra ing tembang macapat No. Tembang Macapat Guru Lagu Guru Wilangan Guru Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Mijil Maskumambang Sinom Durma Asmarandhana Kinanthi Dhandhanggula Gambuh Pangkur Megatruh Pocung i,o,e,i,i,u i,a,i,a a,i,a,i,i,u,a,i,a a,i,a,a,i,a,i i,a,e,a,a,u,a u,i,a,i,a,i i,a,e,u,i,a,u,a,i,a u,u,i,u,o a,i,u,a,u,a,i u,i,u,i,o u,a,i,a 10,6,10,10,6,6 12,6,8,8 8,8,8,8,7,8,7,8,12 12,7,6,7,8,5,7 8,8,8,8,7,8,8 8,8,8,8,8,8 10,10,8,7,9,7,6,8,12,7 7,10,12,8,8 8,11,8,7,12,8,8 12,8,8,8,8 12,6,8,12 6 4 9 7 7 6 10 5 7 5 4 C. WERDI/TEGES TEMBANG MACAPAT Menggah asal-usul menapadene werdinipun sekar macapat dumugi samenika tasih dereng gumathok. Pemanggihipun para winasis satunggal saha setunggatipun mboten sarni wonten pamanggih bilih sekar macapat menika anggadhahi teges: 1. Tangga desa kang ngubengi, tegesipun kesrambah saha sumebar wonten bebrayan agung, utawi sampun kasrambah tuwin kalimrah ing masyarakat inggih menika tangga sisih wetan, kidul, kilen, saha tangga sisih ler. 2. Tembang macapat dumadi saking tembung manca, tegesipun lima: kaliyan tembung pat, wancahan saking tembung repat; tegesipun kumpul (kempal-kempak). Amargi wewaton baku tumrapipun sekar macapat menika adhedhasar suwara inggih menika nglegena, suku, wulu, taling, taling tarung.
3. Macapat dumadi saking tembung maca, tegesipun maos utawi nglagokaken, Ian tembung pat, saking mingseding tembung mat, wancahan saking nikmat, tegesipun sekeca sanget utawi kraos saestu. Dados mengku pikajeng remen maos kanthi sekeca kebak ing pangraos. 4. Macapat dumadi saking tembung maca, tegesipun maos utawi nglagokaken, Ian tembung pat, saking mingseding tembung mat, wancahan saking nikmat, tegesipun sekeca sanget utawi kraos saestu. Dados mengku pikajeng remen maos kanthi sekeca kebak ing pangraos. 5. Macapat, dumadi saking ater-ater ma- Ian tembung lingga capat, ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tembung capet(capet-capet), tegesipun rada kelingan "lupa- lupa ingat". Pikajengipun sekar ingkang dipunlagokaken kanthi eling-elingan utawi apalan kemawon. Utawi tembung capat wonten gayutanipun kaliyan tembung cepet, tegesipun anggenipun maos kanthi cepet mliginipun menawi maos serat-serat Jawi ingkang adhakanipun kandel sanget. 6. Tembang macapat ugi anggadhahi teges anggone maca papat-papat. Waton ngleresi telasing tembung. D. GUNANE TEMBANG MACAPAT Serat-serat dipunanggit kanthi wujud sekar utawi tembang, menika gadhahi pangajab 1. Kangge medharaken utawi nglairaken pemanggih (cipta) saha pangraosipun para raja utawi pujangga, panganggit 'sastrawan' kanthi wujud sekar. Kadosta serat: Wedhatama, wulang Reh, Kalatidha, centhini. 2. Ngremenaken dhumateng pamaos (ingkang saged), amargi menawi waleh cengkok ingkang setunggal saged gantos cengkok sanesipun. 3. Nggampilaken pangenget-enget tumraping pangertosan-pangertosan kanthi awujud sekar. Upaminipun: watakipun tembung-tembung sengkalan, neptunipun dinten pasaran (pancawara), lsp. 4. Kangge penolak balak, nyuwak lare rewel, kawilujengan E. Sasmita Tembang Macapat Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang sinerat tembang macapat iku arang kang menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi cara nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning sekar”. Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning pupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh sabanjure. Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku: a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung kang nduweni wanda “cung”. b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-tembung kang awanda “mbuh”. c. Maskumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih. d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh. e. g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng. f. h. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu. g. Pangkur : mingkur, mungkur, kukur-kukur, yuda kenaka. h. j. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin, sedhih. i. k. Durma : mundur, udur, durcara, duraka. j. n. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang. k. o. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang, guladrawa
F. KATRANGAN Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV. Saka pupuh Pucung (15 pada) nuduhake wong Jawa tumrap ngelmu. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa Ian raharja uga ngedohi babagan angkara murka. Ora gampang golek ngelmu, kudu cucul ragat, cucul tenaga, Ian ngurbanake liyane. Jer basuki mawa beya, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo pangurbanan, ana laku sing kudu dilakoni kanthi tumemen, ora gampang kaya malik epek-epek tangan. Kandhane Bung Karno, kristalisasi kringet, uga dilakoni kanthi Was Ian jembar dhadhane kaya segara. Ngelmu kuwi bisa nuduhake nasibe wong. Kanthi ngelmu, wong bisa oleh gaweyan, banjur oleh dhuwit kang tansah bisa nyucukupi kabutuhan kulawarga. Ngelm u uga njalari pangaji Ian pakurmatan. Saya dhuwur ngelmune, mesthi uga dhuwur pakurmatane. Hakikate ngudi kawruh iku ngelmu, lelaku, Ian pitukon. Piwulang panguripan murih sampurnaning urip (lair tum using batin}, tan kendhat kudu terus dilakoni, tundhane tinem une ngelmu sejati kang asring sinebut uga kasunyatan jati ya sejatine kasunyatan. Ing trap iki para siswa dijaluk nyinau Ian mahami perangan-perangan kang ana sesambungane karo tembang Pocung. Ing antarane yaiku pathokan tembang Ian watak tembang. a. Pangertene Ian maknane tembang Pocung Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati. Manungsa kang wis seda bakal lali ing sakabehe, turune sakepenake. Kabeh gumantung marang sanak sedulur kang ngrukti. Ing kene duwe pangerten lamun tembang Pocung iku nggambarake manungsa iku lam un wis titi wancine tinimbalan dening Gusti Kang Maha Kawasa ora bisa apa-apa, anane mung sumarah utawa manut, mula diarani sakepenake. Ternbang Pocung iku surasane bisa ngemot cangkriman. Cangkriman yaiku unen- unen utawa tetembungan kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga diarani bedhekan utawa batangan. b. Pathokan tembang Pocung Pocung Guru Wilangan Guru Lagu Guru Gatra 12 6 8 12 u a I a 4 c. Watak Tembang Pocung Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, Ian gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius Ian bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyokake) d. Wos kang kamot ing tembang Pocung (Wedhatama) Pupuh Pocung menika nggambaraken nalika wong wes mangerteni babagan kang apik Ian ala, Ianwus nindakake jejibahane yaiku ngupadi ngilmu. Pupuh Pocung uga nyritakake babagan amalan - amalan utawa ilmu kang wus disinau Ian diamalake ing alam donya iki. e. isi ajaran pupuh Pocung yaiku:
1. llmu iku bisa digayuh menawa saben dina diamalake, amarga kanthi ilmu iku manungsa bisa ngalahake angkara murka 2. llmu iku kudu ditindakake Ian nggunakake akal sarta pikiran. 3. Ajaran babagan LILA menawa manungsa kelangan barang kang disenengi, nampa kanthi SABAR menawa entuk alangan utawa ujian urip sarta IKHLAS pasrah marang Gusti Allah. 4. Manungsa aja tumindak angkara murka , deksiya marang wong liya, umpamane nabok, nuthuk Ian liya liyane kang tundhone gawe rugine awake dhewe. 5. Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bisa ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni babai nuwuhake prakara. (angkara gung neng angga anggung gumulung, gegolonganira, tri loka lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda). Beda maneh karo wong kang wis menep rasane, gelem menehi pangapura marang liyan, sabar, iku bakal ndadekake swasana dadi seneng (beda lamun wus sengsem reh ing asamun, semune ngaksama, sesamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi martatama). 6. Ing perangan liyane Serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan. Mula iku kang kanggo garan para satriya luhur biyen iku ana telung prakara, yaiku ikhlas, sabar, Ian nrima mring Gusti (basa ngelmu mupakate Ian panemu, pasahe Ian tapa, yen satriyatanah Jawi, kuna-kuna kang ginilut tri prakara/1lila lamun kelangan nora gegetun, trima yin kataman, sak-sirik sameng dumadi, trilegawa nalongsa srahing bathara). Sadurunge gawetembang ,gatekna tem bang iki luwih dhisik! Salah siji siswa bisa nyoba nembangake. Tuladha tembang macapat Pocung liyane: Marang ibu nyuwun berkah Ian pangestu, Muga den parengna, Samubarang kang kaesthi, Teguh mulya urip tentrem Ian raharja. Bapa iku pangayoman kang satuhu, Padha bektenana, Agung sawabe sayekti, Sukaharja teguh hayu Ian wibawa.
G. CARANE GAWE SYAIR TEMBANG POCUNG Urut-urutane dameltembang carane mangkene: 1) Netepake tem bang sing arep digawe. 2) Mangerteni paugerane tembang. Paugerane Pocung:12u, 6a, Bi, 12a. 3) Milih tembung sing pas isine. 4) Prayogane yen ngarang tem bang karo dilagokake utawa rengeng-rengeng. 5) Nata tembung kang trep karo guru gatra lanwilangane.Guru gatra yaiku cacahing larik saben pada (bait). Guru wilangan yaiku cacahing wanda(suku kata) ing saben larik. 6) Tembunging pungkasane larik kudu cocok guru lagune (dhong-dhine). Guru lagu yaiku tibaning suwara vokal ing pungkasaning larik. GLADEN A. Rungokna sawetara tem bang macapat ing ngisor iki kang bakal ditembangake dening kancamu (Bp./ lbu Gurumu)! Tembang Menika salah satunggalipun pethilan karya sastra sekar macapat Pocung wonten ing serat Wedhatama anggitanipun KGPAA Mangkunegara IV. 01. 02. 03. 04. 05. Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku Lekasé lawan kas Tegesé kas nyantosani Setya budya pangekesé dur angkara. Angkara gung, neng angga anggung gumulung, gogolonganira triloka, lekere kongsi, yen den umbar ambabar dadi rubeda. Beda lamun, kang wus sengsem reh ngasamun, semune ngaksama, sasamane bangsa sisip, sarwa sareh saking mardi marte tama. Taman limut, durgameng tyas kang weh limput, kereming karamat, karana karohaning sih, sihing Sukma ngreda sahardi gengira. Yeku patut, tinulad-tulad tinurut, sapituduhira, aja kaya jaman mangkin, keh pramudha mundhi dhiri lapel makna. Garapan Ing Ngomah Golekno lan catheten tembung-tembung kang angel saka tembang Pocung ing dhuwur! Lan golekana isine! Papan kanggo nggarap : .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. H. PANGERTOSAN BAB LARAS Ing donyane seni musik, Laras(interval) wonten warni kalih inggih punika: 1. Jinis Musik Diatos Ingkang pinanggih ing alat musik : keyboard, piano, gitar, lsp 2. Jinis Musik Pentatonis Ingkang pinanggih ing alat musik gamelan jawa, kadosta : saron, bonang, kenong, kethuk, gong, gender, lsp.
Sambutan rapetipun laras seget pinanggih ing alat musik kaliyan vokal utawi swanten tiyang ingkang nyanyi (ing alat musik diatonis) utawi nembang (ing alat musik pentatonis), tiyang kedah saget nglarasaken/njumbuhaken kaliyan laras alat musik utawi gamelan supados mboten FALS utawi MBLERO. LARAS Ing musik pentatonis utawi galeman laras kaperang dadi 2, inggih menika : 1. Laras Slendro Gamelan laras slendro titi laras saha urut-urutanipun laras ing instrumen gender inggih menika : 6 1 2 3 5 6 1 2 3 Nem ji ro lu mo nem ji ro lu 2. Laras Pelog Namaning titilaras pelog saha pamaosipun inggih menika: 1 2 3 4 5 6 7 Ji ro lu pat mo nem pi I. Pangerten Bab Pathet Ingkang kawastanan PATHET inggih menika watesnipun swanten(laras) utawi tibaning swanten wiwit saking laras ingkang dumugi ingkang inggil piyambak. Ing gamelan laras Slendro pathet wonten tiga. Inggih menika: 1. Laras Slendro pathet Nem 2. Laras Slendro pathet Sanga 3. Laras Slendro pathet Manyura Wondene ing gamelan laras Pelog ugi kaperang dados tiga, inggih menika: 1. Laras Pelog pathet Lima 2. Laras Pelog pathet Enem 3. Laras Pelog pathet Barang RANGKUMAN 1. Miturut maknane, tembang pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocong utawa mati. 2. Pathokan tembang Pocung :12u, 6a,8i, 12a 3. Watake tembang Pocung iku sakepenake dhewe/luwes, lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyuake). 4. Wos kang kamot ing tembang Pocung(Wedhatama) Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa iku bias ngendhaleni angkara murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora di kendhaleni babal nuwuhake perkara. Ing perangan liyane serat Wedhatama uga mulangake babagan nggayuh ngelmu luhur. Diandharake lamun wong kang kapengin entuk ngelmu iku kudu gelem ngupadi kanthi tenan.
Uji Kompetensi 1 J. Pilihen salah siji wangsulan kang koanggep bener, kanthi mbubuhi tandha ping (X) aksara a, b, c, d utawa e ing lembar wangsulan jang cumawis! 1. Manungsa tinimbalan Gusti, pegating nyawa saking raga (pegat karo ruh). Digambarake ngaggo tembang macapat.... a. Gambuh b. Megatruh c. Maskumambang d. Kinanthi e. Dhandhanggula 2. Disebut macapat amarga... a. Anggone maca papat-papat b. Sing diwaca tembang macapat c. Anggone maca yen sempat d. Yen maca bebarengan papat e. Diwaca papat-papat lan cepet 3. ... jaman, sapa ngerti samengko para... seneng marang seni karawitan. a. Owah gingsiring, mudha tuma-runa b. Endah edining, tuwa tumaruna c. Maju mundurung, lila legawa d. Mundhak medhune, abdi manggala e. Rusak beciking, anom tuwa 4. Macapatan tumrap masyarakat jawa akeh gunane, ingantarane bisa kanggo bab ing ngiskor iki, kajaba... a. Sinau utawa golek ngilmu b. Sarana srwung karo wong liya c. Kanggo ngenggar-enggar pengalihan d. Sarana gladhen ketrampilan nembang e. Sarana sanja utawi dolan 5. Kesenian jawa kudu diuri-uri lan dirembakake. Salah sijining cara ngrembakake kesenian jawi, yaiku... a. Para mudha sengkut melu gladhen nggambel b. Para pangreh praja ngrawuhi pagelaran seni c. Nembang macapat d. Ngeling-eling kesenian jaman biyen e. Nanggap jathilan 6. Paugeranipun sekar kinanthi... a. 7i, 8a, 6e, 8a, 7a,8u b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i c. 8i, 8o, 8e, 8a, 7i, 8u d. 8i, 8a, 6e, 8a, 7a, 8i e. 8u, 8a, 8e, 8a, 7a, 8i 7. Paugeranipun sekar Pocung.... a. 7i, 8a, 6e, 8a, 7a, 8u b. 12u, 8i, 8a, 12i c. 8i, 8o, 8e, 8a, 7i, 8u d. 12u, 6a, 8i, 12a e. 8u,8a, 8e, 8a, 7a, 8i 8. Asmaradhana, yaiku salah sijining jinis tembang, macapat kang nyritakake babagan.... a. Kadonyan b. Kadigdayan c. Kasmaran d. Kareman e. Raja pati 9. Falsafahipun tembang macapat ingkang nggambaraken nemneman ingkang gampil kenging pengaruh kaliyan kawontenan inggih menika .... a. Dhandhanggula b. Kinanthi c. Durma d. Asmarandhana e. Sinom
10. Watak kang diduweni tembang macapat iku bisa kanggo... a. Nggambarake manungsa b. Gawe senenge pamiyarsa c. Nembangake kesenangan d. Nggambarake bab kauripane kewan e. Nggambarake kaendahan alam II. Wangsulana kang premati...! 1. Sebutna watak lan tegese tembang Pocung Wangsulan: 2. Apa isine ajaran kang ana ing serat Wedhatama pupuh Pocung... Wangsulan: 3. Sebutna tegese/werdine tembang macapat... Wangsulan: 4. Sebutna gunane tembang macapat... Wangsulan: 5. Kepriyen urut-urutane gawe syair tembang macapat... Wangsulan: Nilai Paraf Guru Paraf Ortu
Wulangan 2 Kompetensi dasar 3.2 4.2 Memahami isi petikan teks novel berbahasa jawa Menceritakan isi petikan novel berbahasa jawa Indikator 3.2.1 3.2.2 3.2.3 3.2.4 3.2.5 4.2.1 4.2.2 4.2.3 4.2.4 4.2.5 Membaca petikan teks novel. Mempertanyakan unsur-unsur pembangunan novel yang terdapat pada petikan teks novel. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan novel. Menemukan nilai-nilai yang terkandung didalam petikan teks novel. Menemukan unsur pembangunan novel yang terdapat pada petikan teks novel. Mengevaluasi relevansi pitutur luhur yang terdapat pada petikan teks novel. Menganalisis unsur-unsur pembangunan. Menginterpretasi isi novel yang terdapat pada petikan teks novel. Menceritakan kembali isi petikan teks novel dengan menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan norma. Menanggapi penceritaaan kembali isi petikan teks novel dengan menggunakan ragam bahasa sesuai konteks dan norma. Pawongan kang isih puguh ngecakake sopan-santun, tata krama, lan unggah-ungguh, mertandhani yen isih kukuh marang adat utama budaya. Sipat sopan-santun kaca benggalane kulawarga. Tata krama tandha kautaman. Unggah-ungguh pinagka sipat kang kukuh, bakuh, lan puguh. 1. PANGERTEN NOVEL Novel yaiku karya sastra awujud prosa panjang kang ngemot crita panguripan manungsa ing lingkungane kanthi ngetokake watak lan sifate. Kaya dene akrya sastra crita liyane, novel iku ngemot crita-crita kang rinakit urut miturut pembabakan. Mula ing njerone kaperang dadi pirang-pirang crita, dene saben babak iku ngandharake surasa kang beda-beda. Novel iku uga ngemot unsur-unsur intrinsik lan ekstrinsik kang sesambungane. Surasane novel iku ngemot nilai-nilai budaya, sosial, moral, pendidikan, lan sapiturute. 2. UNSUR-UNSUR NOVEL a. Unsur Intrinsik Tema Tema iku mangka ide pokok utama permasalahan utama ndhasari lakuning crita novel Setting Setting iku minanka ltar belakang kang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya. Punjering crita (Sudut Pandang) Sudut pandang diperang dadi 3, yaiku Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh lan tembung sesulih wong kapisan (kata ganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembungane dhewe.
Pengarang nggunakake sudut pandang tokoh bawahan, dheweke luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga). Pengarang nggunakake sudut pandang impersonal, dheweke sanyatane dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Ing kene bisa nyritakake rahasia batine tokoh. Alur/plot Alur/plot yaiku rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing novel. Alur diperang dadi 2 perangan, yaiku alur maju(progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flashback progresif) yaiku dumadi saka kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi. Penokohan Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karakatere saka tumindake, ciri fisike, lan sapiturute. Gaya bahasa Gaya bahasa yaiku gaya kang digunakake ing novel kasebut. b. Unsur ekstrinsik Latar belakang penulis Pendidikan penulis Pengalaman penulis 3. Nilai kang kamot ing novel a. Nilai sosial Nilai sosial iki kang ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya b. Nilai etik Novel kang becik diwaca kanggo sampurnaning urip iku novel kang surasane bisa nguwongke pamacane. Kanthi maca novel jinis iki bisa ngundhakake rasa sampurna ing dhiri pribadine. c. Nilai hedorik Nilai hedorik iki kang menehi rasa seneng marang pamacane mula bisa katut ing sajroning crita. d. Nilai spirit Nilai spirit iki surasane bisa ngadhepi sikep urip lan kapitayane pamacane. Mula pamaca duwe kapribaden kang pracaya marang dhiri pribadine dhewe. e. Nilai koleksi Novel kang bisa diwaca makaping-kaping kang tundhone pamaca kepingin nduweni novel iku. f. Nilai kultural Novel uga menehi lan nglestarekake budaya lan adat masarakat, tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.
4. Jinis novel hiburan Novel hiburan iki minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi panulisane. Novel hiburan uga nyritakake bab-bab kang endah, kayata katresnan, wewangunan endah, papan panggonan kang endah, lan sapiturute. Novel hiburan iki uga ngemot babagan komersial. Amarga surasane kang kaya mangkono, mula novel iki disenengi dening masarakat umume, wiwit saka bocah nganti wong tuwa. Jinis novel hiburan kayata: a. Novel detektif b. Novel roman c. Novel misteri d. Novel gotik e. Novel Kriminal f. Novel Fiksi ilmiah Irah-irahan novel kang abahsa jawa: Priayi Abangan : Sapardi djoko damono Putri Tirtagangga : Any Asmara Mungsuh Sandi : Basoeki Rachmat Kelangan Satang : Suparto Brata, lan sapiturute. 5. CIRI-CIRI NOVEL a. Cacahe tembung minim 35.000 utawa 100 kaca b. Alure kompleks c. Critane dawa nanging akeh ukara kang dibolan-baleni d. Yen diwaca kira-kira ngentekne wektu minim 2 jam e. Nggunakake wacan narasi lan deksripsi dinggo nggambarake swasana neng jero critane f. Cacahe kaca minim 110 kaca 6. TRAP-TRAPANE NULIS NOVEL 1). Temtokna luwih dhisik tema novel kang bakal ditulis, lan uga para paragane. Amarga saka nemtokake tema anggone ngringkes bisa ner lan ora ngayawara 2). Temtokna watek para paragane. Cetha lan orane sawijining paraga gumantung saka cethane watek. Watek paraga iku bisa ditulad saka solahe, umure, pegaweyane, cara ngomonge, lan sapiturute. 3). Gawenen rut-urutane crita utawa cengkorongane crita manut saka lakuning imajinasi. Bisa kawiwitan kanthi nemtokake alur critane. Bisa alur maju utawa mundur. Cengkorongann kang digawe kudu runtut lan turut 4). Pungkasane, saka cengkorongan kuwi mau banjur dikembangake dadia crita. Irah-irahan novel abasa Jawa ing antarane yaiku: Priayi Abangan : Sapardi djoko damono Putri Tirtagangga : Any Asmara Mungsuh Sandi : Basoeki Rachmat Kelangan Satang : Suparto Brata, lan sapiturute.
7. SINOPSIS NOVEL Sinopsis novel inggih menika ringkesan cariyos novel. Ringkesan novel inggih menika ngungkret stunggaling novel kanthi tetep nggatosaken unsur-unsur intrinsik saking novel kasebut. Sinopsis menika salah satunggaling cara ingkang efektif kangge medharaken karangan ingkang panjang kanthi wekdal ingkang singkat. Salebetipun sinopsis kaendahan basa saged dipunicalaken ananging tetep kedah nyakup isi lan gagasan umum panganggitipun. Sinopsis adatipun dipunwatesi cacahing kaca, umpaminipun kalih utawi tigang lembar, saproliman utawi sepersedasa saking panjang karangan asline Langkah-langkah damel sinopsis: a. Maca naskah asli ngantos rampung kangge mangertosi kesan panyerat. b. Nyatet gagasan utama, kanthi cara nggarisbawahi gagasan-gagasan ingkang penting. c. Nyerat ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan utama. Ginakaken ukara ingkang efektif, padet lan narik kangge ngrakit ukara sahingga dados karangan ingkang singkat ingkang saged nggambaraken karangan asli. Prinsip Sinopsis inggih menika: 1. Narik Kawigaten Basa kadamel narik, dados tinyang ingkang maos rumaos tertarik lan nganggep sae. 2. Ringkes Ampun ngantos detail sanget, andharaken kemawon adegan-adegan ingkang prinsip lan penting kemawon. 3. Ginakaken sudut pandang tiyang katelu SINOPSIS NOVEL NGULANDARA Dening Margana Djajaatmadja Sawijining dina Supartinah utawa kang kulina dijeluk Raden Ajeng Tien luang karo wongtuane yaiku Raden Ayus Asisten Wedana lan Raden Bei Asisten Wedana. Nalika tekan ing antarane temanggung lan wanasaba mobile mogok. Dumadakan ana priakang teka nganggo mobil seje lan ngewangi ndadani mobile Raden Bei nganti bisa mlaku maneh. Ibu Tien niat maringi upah awujud duit, ananging pria kasebut ora kersa. Sawijining wektu keluarga Tien ana tamu yaiku Oei Wat Hien, ancase nawake dagangan yaiku berlian lan mobil. Hien duwe niat adol mobile lan uga nawake sopire sisan supaya bisa nyambut gawe ing keluarga Tien. Nalika Deb Bei nyuwun pirsa mobile merk apa lan nomor plate pira, Hien mangsuli menawa merek mobile Buick lan nomere 1013. Den Bei sakulawrga eling menawa pria kang nulung nalika mobile mogok ya numpak mobil iku. Raden Ayu Asisten Wedana ndhawuhi abdine kang aran kreta supaya nimbali supir Hien. Sopir iku dikenalke jenenge rapingun, nalika kularga Tien pirsa menawa rapingun iku pria kang nulungi nalika mobile mogok ana ing Temanggung pungkasane Den Bei kersa nampa Rapingun nyambut gawe minangka sopir ing kulawargane. Sasuwene nyambut gawe ing kaluwarga Tien Rapingun katon sregep, kajaba nyopir Rapingun uga bisa ngewangi resik-resik kebon, malahan Kreta kang wis ngabdi luwih suwe katon kalah trampil. Den Bei kagungan jaran kang diparingi tetenger Hell, ananging Hell iku jaran kang durung jinak, angel sratenane. Rapingun kepengin njinake, kanthi tlaten lan sabar Rapingun saben wektu nyedhaki jaran iku, lan asile Rapingun bisa nglatih lan nunggangi jaran iku, Hell wis jinak.
Sawjining wektu Raden Ajeng Tien lan Rapingun lunga menyang Magelang tanpa ibu Tien, amarga panjenengane lagi gerah. Sakloron lunga menyang Magelang saperlu sowan ing daleme Den Bei mantri-gudang. Ing sacelake dalemen Den Bei mantri-gudang ndilalah ana pasar malem lan sakloron padha dolan ana pasar malem kuwi. Ing pasar malen iku anak piyambake ora crita karo sapa wae amarga piyambake kenal karo pawongan loro kuwi. Sawise saka pasar malem RA. Tien langsung ngajak mulih Rapingun menyang Ngadiredja. Ngepasi mulih sakloron diadhang dening pawongan loro mau. Salah sijine pawongan mau jebus biyene pacangane RA. Tien kang asmane Hardjana. Hardjana nagih janjine RA. Tien, ananging Tien ota rumangsa duwe janji marang Hardjana. Hardjana muntab, Rapingun mbelani Tien. Pungkasane tangan Rapingun ketaton lan iso nylametke Tien, rapingun nganti semaput barang. Nalika wis sadhar Rapingun tetep meksa nyetir mulih menyang Ngadireja. Tekan ngomah Tien ora wani crita marang wong tuwane ngenani prastawa iku. Kulawarga Tieb ngobatke rapingun menyang rumah sakit. Nalika ing rumah sakit, Tien ngomong karo Rapingun menawa wong tuwane kepengin ngajak Rapingun menyang sala amarga kulawarga Tien entuk layang saka Rade Mas Gandaatmadja. Radem Mas Gandaatmadja kagungan putra jaler asmane Sutanta, ananging wis pitung wulan ora kondur. Rapingun ngaku jare wis nate ketemu Sutanta ing Magelang. Nalika ing rumah sakit, Tien menehi kalung marang Rapingun. Kalung iku minangka tandha maturnuwun. Rapingun ing rumah sakit suwene telung minggu, nalika wis mari Rapingun dijak mulih. Let setengah wulan Rapingun mulih saka rumah sakit, Rapingun katon susah lan sedhih, dheweke matur marang Raden Bei lan Ayu Asisten Wedana menawa kepingin mulih menyang Pacitan saperlu niliki wongtuwane, dheweke mesake wongtuwane apameneh Rapingun iku anak ontang-anting. Rapingun pamit mulih sesasi, Raden Bei maringin ijin. Sadurunge mulih Rapingun nunggangi Hell lan nyuwun marang Den Bei supaya ngganti jenenge Hell dadi Tawang. Sesasi sawise Rapingun pamitan, RA. Tien sakulawarga nampa surat saka Rapingun kang isine dheweke kepingin leren anggone nyambut gawe ing kulawarga Tien. Raden Ayu Asisten Wedana sedhih nampa layang iku. Nem wilan saka prastawa iku Radeng Ajeng Tien sakulawarga tindak ing daleme Den Bei Mantri. Ana ing kene RM. Sutanta nemoni kulawarga Raden Ajeng Tien lan ngakoni menawa biyen kang jenenge Rapingun. Wolung sasi candhake RM Sutanta dhaup karo RA. Tien. Gladhen Sawise maca synopsis novel ngulandara, gaweya kelompok diskusi banjur golekana unsure instrinsic saka novel kasebut. Papan kanggo nggarap: .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. ..................................................................................................................................................................
Lelakone Wong Ngaurip Saka judul resensi iki yaiku lelakone wong ngaurip. Wong kuwi bisa lanang, uga wadon. Iki nuduhake menawa wong urip iku bakal nemonin susah lan seneng. Kabeh mayu kudu dilakoni kanthi sabar, ikhtiyar, lan tawakal. Buku iki babar babagan wong wadon tang si sing jenenge Jemini nalika jaman pemerintahe Walanda ing Indonesia. Nalika wing-wong padha dadi serdadune kompeni, banjur padha urip ing tangsi. Ing tangsi urip diatur dening unine slompret. Arep ngelakoni apa wae ana wektu lan tata carane lan ing papan sing wis katemtokake. Kanggo serdadu ing uwis omah-omah, kaluwargane diboyong menyang tangsi. Yen esuk nganti sore sing lanang padha kerja. Denen sing wedok padha masak ing dapur umum., utawa umbah-umbah ing kolam umum uga. Anak-anake padha dolanan bareng ing plataran. Yen wis rada diwasa banjur padha ngrewangi biyunge. Kanggo serdadu sing durung omah-omah, bisa duwe munci. Munci kuwi wong-wong bumiputera sing wsing prawan kanggo ngurus keperluan omahe. Malahan iya ana sing didadekake kanca turu. Saka isisne novel ngatonake menawa jerone ilmune ing nganggit. Mula ya ora aneh mawana carita iki ora gampang disemak priyayi “lumrrah”. Sanajan isine nyritakake lelakone wong wong tangsi sing pangkate endhek. Cerita iki dadi komsumsine kaum elitis, para sutresna kang mumpuni lan kagungan sangu pengetahuan kang cukup kanggo njlimeti lan ngematake isi karangan iki. Karangan iki nggunakake basa jawa wetanan (Surabaya). Kadang kala ya dibumboni karo basa landa. Menawa diwaos marang wong sing basane Jogja-Solo mesthi wae kudu baleni maneh maca marga akeh tembung sing beda. Durung maneh basa landane ora kabeh ana tegese. Ora dadi apa pemaos tetep bisa dong, menawa maos kanthi teliti. Penulis gunakake irah-irahan yaiku Jemini. Dadi buku iki nyritakake lelakone Jemini minangka anake serdadu kumpeni sing urip ing Surabaya. Wektu iku Jemini isih bocah dadi senenge playon lan dolanan. Jemini kerep dijiwit pupune utawa bokonge karo makne, amarga ssaking nakale. Ten dikongkon tuku apa-apa jaluk opah. Manwa dolan uga ora reti wayah, tansah bedigasan kaya bocah lanang,s eneng penekan wit. Nalika wis rada dewasa, Jemini dinikahake karo salah sijine prajurit sing jenenge Urip. Slametane meriah ditanggapake wayang lan ledhekan. Jemini banjur dibotong Urip menyang tangsi Sambongan. Wengi kapisan, Jemini ora gelem turu dadi siji karo Urip. Ananging bola-bali nyundhul kasure Urip ing dhuwure. Bareng esuk nalika Urip keturon, Jemini metu ngomah, balik ing omahe bapak-biyunge ora gelem balik karo Urip maneh. Ora watara suwe Jemini ditembung dening Den Radian arep didadekake muncine. Kaya sing dhisik, Jemini mung bisa saguh. Jemini banjur diboyong menyang Betawi. Ing kana Jemini disiya-siya karon tuwane. Yen diwenehi dhuwit blanja uga mung sethithik. Jare meh dinikah jebul nganti sawetara suwene ora dinikah. Jemini banjur minggat menyang Padalarang. Ing Padalarang, Jemini menyang omahe Kartakusumah, sedulure Wa thalib, tanggane nalika ana ing surabya biyen. Ora let suwe Jemini dipethuk karo bapak ibune. Jemini banjur diboyong bali ing Surabaya. Ing Surabaya, Jemini wes katon dewasa, gelem ewang-ewang makne ngurus omah lan kantin. Iki sing dadekake Jemini ditembung dadi muncine Landa Dawa utawa Oom Piet. Karo Oom Piet, uripe Jemini kepenak, rukun, ora tau disiya-siya, kerep dijak guneman bareng. Dhuwit kanggo kebutuhan dipasrahake kabeh karo Jemini. Suwe urip bebarengan, Oom Piet kapengin nikah karo Jemini. Oom Piet jaluk izin karo pendheta lan pimpinane, anangin ora entuk nikah karo anake serdadu sing tingkatane kaya bapake Jemini.
Dheweke banjur ngirim surat kanggo wong tuwane ing Landa babagan izin nikah karo Jemini, Wong tuwane sarujuk. Surat mau diwenehake marang pendhetane, wiwitane tetep ora entuk. Ananging suwe-suwe entuk. Jemini sida nikah karo Oom Piet. Bubar kuwi Oom Piet lan Jemini pindah ing Batujajar. Ing Batujajar, Jemini urip cedhak karo Wa Thalib. Jemini banjur duwe anak siji dijenengi Linda. Umure Linda setengah sasi nalika kontrake kerja bapake enthek lan kudu balik menyak negarane. Jemini dijak ora gelem. Nalika ditinggal, Jemini mesthi dikirimi layang lan dhuwit blanja karo bojone. Watara wolung sasi sabanjure Jemini ditinggal, bojone bali menyang Jawa maneh kanggo Jemini lan Linda kanggo selawase. A. Titik ing ngandhap punika kaisenana kanthi milih wangsulan a, b, c, d utawi e 1. Ing ngandhap menika ingkang kalebet unsur intriksik inggih menika... a. Tema, amanat, alur, paraga, latar b. Tema, amanat, paraga, etika, sosial c. Tema, amanat, paraga, etika, latar d. Tema, sosial, amanat, latar, setting e. Tema, alur, amanat, paraga, etika 2. Nilai-nilai ingkang kakandhut ing salebeting novel inggih menika... a. Sosial, etik, ekonomi, spirit b. Sosial, ekonomi, kultural, spirit c. Sosial, spirit, etik, kultural, ekonomi d. Sosial, spirit, etik, kultural e. Sosial, etik, spirit, ekonomi 3. Nalika damel sinopsis babagan pacelathon dipun serat kanthi... a. Jangkep b. Isi utawai intinipun mawon c. Nyathet lajering pirembagan d. Ingkang narik kawigaten e. Sesuai latar 4. Babagan ingkah kedah wonten ing synopsis yaiku, kajaba.... a. Jlentrehke inti konflik b. Jlentrehke paraga c. Jlentrehke perkawis lan tantangan d. Jlentrehke alur e. Jlentrehke konflik lan carane ngudhali 5. Prinsip synopsis salah satunggaling nyebataken bilih kita damel synopsis ampun ngantos detail sanget, andharan naming adegan ingkang prinsip kemawon. Andharan menika nedahaken bilih prinsip synopsis.. a. Narik kawigaten b. Ringkes c. Ngginakaken sudur pandang tiyang katelu d. Jlentrehkaken inti e. Jlentrehkaken paraga 6. Cariyos ingkang wujudipun prosa lan ukuranipun panjang lan wiyar menika dipun wastani... a. Drama b. Cerkak c. Cerita sambung d. Karangan narasi e. Novel 7. Titikanipun novel inggih menika kedadeyankedadeyan dipun cariyosaken kanthi sesambungan sahingga novel saged dados panjang lan wiyar. Andharan menika nedahaken bilih novel... a. nggadhahi alur ingkang komplek b. nggadhahi paraga ingkang kathah c. setting ingkang lengkap d. tema ingkang sae e. konflik memuncak 8. Ringgit menika dipun wastani ngandhut falsafah hidup, tegesipun... a. Isinipun ringgit sae lan ngremenake b. Pagelaran ringgit saged kangge ajang silaturahmi c. Seni ingkang ngandhut pangertosan babagan gedang lan panggesangan manungsa d. Pedoman hidup e. Seni hiburan
9. Pagelaran dipun prangguli ing dhusun kita. Tegesipun tembung dipun prangguli inggih menika... a. Dilakoni b. Diweruhi c. Ditekoki d. Ditemoni e. Digoleki 10. Ing cariyos Ramayana kenging menapa Rama, Sinta dipun tundhung dangunipun 12 tahun.... a. Amargi rama lan sinta gahda kalepatan b. Amargi nuruti raden leksmana c. Amargi keng rama pilih kasih d. Amargi dipun suwun garwanipun e. Amargi keng rama netepi sumpah lan janjine B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis! a. Sebataken titikanipun novel ! Wangsulan : b. Ing salebetipun novel menika wonten unsur instrinsil, cobi sebataken lan jlentrehaken menapa kemawon! Wangsulan : c. Sebataken langkah-langkah damel synopsis novel! Wangsulan : d. Menapa amanat ingkang saged kapendhet saking synopsis novel ngulandara Wangsulan : e. Sebutna ciri-cirine novel! Wangsulan : Nilai Paraf Guru Paraf Ortu
Wulangan 3 Kompetensi Inti: 3.3 Menelaah teks sesorah 4.3 Menanggapi, menulis, menyajikan teks sesorah. Indikator: 3.3.1 Membaca contoh teks sesorah. 3.3.2 Mencermati uraian yang berkaitan dengan struktur dan kaidah teks 3.3.3 Mempertanyakan ketepatan pilihan kata. 3.3.4 Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks sesorah. 3.3.5 Menemukan pokok-pokok isi yang terkandung di dalam teks sesorah. 3.3.6 Menulis teks sesorah dengan ragam, diksi, dan unggah-ungguh basa yang 4.3.1 Menyunting kesalahan teks sesorah tulisan teman. 4.3.2 Menganalisis struktur dan kaidah teks sesorah. 4.3.3 Memberi tanggapan isi teks sesorah dengan bahasa sendiri menggunakan 4.3.4 Menyajikan secara lisan teks sesorah yang ditulis menggunakan ragam bahasa yang,sesuai dengan konteks dan norma berbahasa. 4.3.5 Memberi tanggapan penyajian teks sesorah menggunakan ragam bahasa yang sesuai dengan konteks dan norma berbahasa WACANA Wacanen sing premati tuladha sesorah iki ana ngarep kelas ! Assalaamualaikum wr. wb. Kula nuwun, Dhumateng Bapak Ketua RT Ian pengurus Desa Suka Basuki ingkang winantu ing pakurmatan. Dhumateng Bapak lbu warga ageng Desa Suka Basuki ingkang ugi satuhu kinurmatan. Saha para kadang karang taruna "Sembada Karya" Desa Suka Basuki ingkang winantu ing suka basuki. Saderengipun kula matur, sumangga tansah ngaruraken raos syukur wonten ngarsa dalem Gusti lngkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun rohmat Ian hidayah kita sedaya taksih pinaringan wekdal ingkang mirunggan ngempal manunggal wonten ing gedung pertemuan warga Desa Suka Basuki ngriki kanthi kasaran Ian kawilujengan. Mugi Gusti Kang Maha Wikan tansah mayungi kita sedaya anggenipun ngadani kagiyatan ingkang prayogi punika. Keparenga kula matur, bilih minangka sesulih panitia pengetan warsa enggal 2019 ngaturaken agenging samodra pangaksami awit saking kiranganging suba sita Iantata krama anggen kula sakanca nampi karawuhan panjenengan sedaya, salajengipun ngaturaken agenging panuwun awit saking rawuhipun panjenengan sedaya nuhoni sedhahan ingkang sampun kaaturaken. Salajengipun ngaturaken agenging panuwun inggih awit saking panyengkuyung saha iguh pretikelipun saengga paheman ing ari punika saged kasembadan kanthi sae. Bapak lbu warga ageng Desa Suka Basuki saha tamu undhangan ingkang kula urmati, pahargyan punika minangka pungkasaning pahargyan saking reroncening acara mengeti warsa enggal 2014 warga ageng Desa Suka Basuki. Wekdal punika pinungkasipun kanthi nggelar ajang seni Ian kreasi putra-putri Desa Suka Basuki minangka papan kangge nedahaken saha ngrembakakaken kaprigelan seni. Eman-eman sanget menawi sakathahingkesagedan punika boten dipunajangi. Awit kula pitados
Desa Suka Basuki punika kondhang boten naming saking kerukunan Ian kekompakanipun, nanging ugi saking kesenian Ian kaprigelan putra-putrinipun. Para warga Desa Suka Basuki ingkang mastuti ing kautamen, Bapak/lbu tamu undhangan ingkang winantu ing karahayon, kula kinten boten kathah atur ingkang katur, namung panuwun mugi panjenengan sedaya kersa mberkahi saha mriksani pasugatan punika dumugi ing purnaning gati. Saha nyuwun samodra pangaksami awit saking kiranging trapsila Ian basa anggen kula matur. Nuwun, Wassalamualaikum wr.wb. BAB TEGESE SESORAH Sesorah kalebu salah sijine ketrampilan basa kang ana ing pasinaonan SMP lan SMA/SMK. Ketrampilan sesorah kudu digladhi amarga kalebu ketrampilan kang penting kanggone siswa. Sesorah (ana ing basa Indonesia kasebut pidato) kalebu ketrampilan basa yaiku ketrampilan wicara (praktek sesorah) lan nulis (gawe naskah sesorah). Teges sesorah wus kaparingake para winasis, kayata Suharjendra (2008:5), Atmasandjaja (2007:13), lan Gamal (2006:1) kang maringi teges sesorah yaiku nglairaken ide utawa gagasan ana ing sangarepe piyayi akeh. Padha karo teges saka Suharjendra, Teges kang luwih jangkep kaandharake dening Hadinegoro (2009:1) lan Sulanjari (2010:16) sesorah yaiku ungkapan kang awujud ukara-ukara kang tinuju marang priyayi akeh utawa wacana kang disiapake lan diwaosake dhateng kalayak, kanthi ancas supaya pamiyarsa bisa mundhut teges, mahami, narima, sarta gelem nglakoni apa wae kang kawedharake dening piyayi kang sesorah. BAB WIGATI NALIKASESORAH Ing sekolah kerep ditemoni wong sing sesorah, upamane nalika upacara ing dina Senin utawa upacara pengetan dina tartamtu kayata upacara hari Pendidikan Nosional; hari Kebangkitan Nasional, Hari Kemerdekaon Republik Indonesia, Ian liya liyane. Ing upacara kasebut, Kepala Sekolah paring tanggap wacana utawa wewarah kanggo warga sekolah. Basane lumrahe nganggo basa Indonesia, kajaba menawa ngepasi dina Jawa, yaiku dina sing majibake warga sekolah nganggo basa nalika wawan rembug. Sesorah uga ditemoni ing rapat-rapat sekolah, rapat para siswa apa dene rapate para guru. Sawise pranatacara ngandharake adicara, banjur ngaturi utawa menehi kalodhangan paraga liyane kanggo sesorah, upamane ketua panitia, pembina OSIS, kepala sekolah utawa wakil. Mangkono sabanjure nganti rapat utawa pasamuan rampung. Sesorah iku tegese ngandharake gagasan utawa panemu kanthi lisan. Supaya gampang nglairake gagasan kanthi lisan utawa sesorahku gatekne bab-bab ing ngisor iki! a. Butuh kekendelan. Kanthi kendel, wong sesorah bisa lancar, teteg, tatag, runtut, ora ndredheg, ora gugup,ora groyok, Ian liya-liyane. Mula wong sesorah kudu wani omong ing sangarepe wong, ora prelu wedi. Kabeh kang ditindakake kanggo latiyan. b. Micara tegese bisa nglairake gagasan lisan kanthi rancak, lancar, materine muyeg utawa jangkep. c. Runtut, tegese gagasane turnata, wicarane ora molak-malik. Kanthi runtut, andharan gampang dipahami, sing ngrungokake ora bingung, gampang paham utawa ngerti. d. Milih tembung sing pas. Kanthi tembung sing pas,gagasan gampang ditampa, ringkes, tur mentes. e. Swara sing gandhang,tegese dirungokake krungu tur kepenak. f. Nguwasani materi sing diandharake. Kanthi mangkene sesorah bisa lancar, mentes, sing sesorah bakal mundhak dipercaya amarga nguwasani materi kanthi becik. g. Bisa nguwasani kahanan/para rawuh.Carane apa kang disesorahake pancen dibutuhake sing ngrungokake, bisa narik kawigaten (yen perlu bisa nganggo lelucon), mantep,teteg, tangguh, Ian tanggon.
WERDINE SESORAH/PIDHATO Sesorah iku sinebut uga tanggap wacana, sesorah utawa pidhato iku isine bisa mawarna warna. Salah sijine ngenani pagawean utawa pakaryan. Perkara kang perlu digatekake nalika ngrungokake sesorah ing antarane: 1. Ngrungoake kanthi premati. 2. Nyathet bab-bab penting kang ana ing sesorahan iku. 3. Nyathet bab-bab kang kurang cetha utawa ora dimangerteni supaya bisa ditatokake utawa digoleki referensi. Sesorah yaiku medharake gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu tur akeh jinise. Upamane tanggap sabda utawa sambutan, khutbah Ian liya-liyane. Tanggap sabda Ian khutbah iku kalebu jinising sesorah utawa medhar sabda. Mula saka kuwi, syarat, tats cara Ian metade kang kagunakake padha karo sesorah, sing mbedakake amung ancas utawa tujuane. Medhar sabda utawa sesorah duwe tujuan medharake isining adicara kanthi cetha wela wela, terang trawaca; dene yen tanggap sabda kalebu jinising sesorah sing medharake atur panuwun Ian sebab-sebab adicara kuwi diadani/dianakake. Gampange, tanggap sabda kuwi amung nyambut Ian nglantarake tumuju ing babagan inti/wos kang arep dirembug. Dene sesorah kuwi wis medharake babagan kang wos utawa inti. METODE SESORAH 1. Metode lmpramtu / Dadakan Metade lmpromtu yaiku sesorah dadakan/spontan, sawekdal-wekdal samadya ngaturaken sesorah. Metode impromptu (dadakan) Metode impromptu yaiku cara sesorah kang ora nganggo persiapan utawa ora direng-reng anggone arep sesorah luwih dhisik. Pamedhar sabda (piyayi kang sesorah) langsung medhar sabda tanpa ngasta cathetan utawa naskah lengkap. Tembung lan ukara dipilih saha dironce langsung wektu medhar sabda. Cara iki nduweni kaluwihan saha kekurangan. Kaluwihan metode impromptu yaiku: 1) Bisa medharake apa wae kang ana ing angen-angen kanthi jujur. 2) Gagasan kang diwedharake asipat spontan. 3) Mekarake nalar utawai ketrampilan mikir amarga kudu cepet nemu tembung, lan ngronce ukara kang trep. Kekurangan metode impromptu: 1) kurang lancar utamane kanggo piyanyi kang durung duwe pengalaman 2) Gagasan kadhang ora runtut 3) Tembung akeh kang ora trep 4) Grogi 2. Metode Apalan. Metade Apalan yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah kang wis digawe. Metode ngapalake Metode ngapalake yaiku sesorah kanthi cara ngapalake isine teks sesorah. kang wis direng-reng sakdurunge. Sesorah kanthi cara iki, mbutuhake persiapan. Juru pamedhar sabda kudu ngasta tulisan (naskah) luwih dhisik sakdurunge nindakake sesorah banjur diapalake nganti ora ana tembung-tembung kang kacicir. Dadi ana ing metode iki, ora ana panemu- panemu anyar utawa rasapangrasa nalika ana ing sangarepe piyayi kang ngrungokake amarga kabeh wis tinulis ana sajronong naskah sing wis digawe. Metode ngapalake trep kanggo:
1) piyanyi kang duwe daya eling kang becik, 2) topik sesorah kang dipilih asipat prasaja, saha 3) wektu sesorah kang ora suwe. Kaluwihan metode iki bisa nglatih ketrampilan ngapalaken. Kekurangan metode ngapalake 1) piyayi kang sesorah kadhang kudu ngeling-eling apa kang arep diwedharake satemah kurang lancar; 2) polatan ora tumuju ana ing piyayi kang ngrungokake amarga ngelingeling apa kang kudu diwedharake; 3) irama cendhek dhuwure swara kadhang ora trep amarga pamedhar sabda fokus marang apa kang arep diaturake; 4) kanggone pamedhar sabda kang durung duwe pengalaman lan ora apal isine sesorah kadhang dadi ora lancar. 3. Metode Naskah. Metade Naskah yaiku sesorah kanthi maca naskah sawutuhe. Metode naskah Metode naskah yaiku sesorah kanthi cara maca isi- isining naskah kang wus direngreng sakdurunge. Ana ing sesorah cara naskah utawa teks, juru pamedhar sabda kudu nggawa naskah nalikaning pidhato banjur diwaca sawutuhe. Cara iku biasane digunakake para punggawaning negari, mligine ana ing upacara-upacara resmi. Metode naskah becik lan trep. kanggone piyayi kang durung duwe pengalaman sesorah. Kaluwihan metode naskah kayata: 1) bisa milih tembung kang becik lan trep; 2) luwih lancar (amarga maos); 3) bab kang ora jumbuh karo isi sesorah bisa diendhani. Kejaba keluwihan, metode naskah nduweni Kekurangan kayata: 1) ora ana interaksi antara piyayi kang sesorah lan kang ngrungokake; 2) butuh wektu persiapan kang suwe; lan 3) kaku. 4. Metode Ekstemparan / nggawa kepekan Metade Ekstemporan yaiku sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok pokok Metode ekstemporer (cathetan) Metode cathetan yaiku metode sesorah kanthi nganggo cathetan babagan kang penting (garis besar) saka isi sesorah. Pamedhar sabda kang nggunakake metode iki luwih dhisik nggawe cengkorongan apa wae kang arep dingendikakake. Nalika sesorah, pamedhar sabda mung maca cengkorongan lan mekarake nganggo ukarane dhewe. Kaluwihane metode iki antara liya 1) interaksi karo piyayi kang ngrungokake luwih apik tinimbang metode apalan lan naskah; 2) pesen bisa diowahi jumbuh karo kebutuhan; lan 3) luwih spontan. Metode cathetan uga duweni kekurangan. Kekurangan metode cathetan antarane 1) pilihan tembung kurang becik; 2) nyimpang saka cengkorongan; lan 3) kurang lancar amarga kudu mikir golek tembung lan ngronce ukara ANCASE SESORAH Miturut Murwantoro (2007:10-11) sesorah nduweni ancas yaiku:
a. Atur pambagya, yaiku salah sawijining sesorah kanggo mahargya tamu ing hajatan.Biasane ana ing adicara manten. Isine atur pambagya harja, atur panuwun, lan pangapura saka kang mengku gati kanggo para tamu. b. Atur kabar lan pawartos, yaiku ngaturi pawarta kanthi wujud crita babagan salah sijine kedadeyan. c. Atur panglipur, supaya piyayi kang mirengake bisa legawa, ikhlas, lan seneng panggalihe. Biasane ana ing adicara lelayu. c. Pangajak. Sesorah kang ancase ngajak supaya kang ngrungokake percaya apa kang kawedharake, lan gelem nglaksanaake apa wae kang wis diwedharake dening piyanyi kang sesorah. Tuladhane nalika kothbah. Gamal nduweni panemu kang beda karo Murwantoro. Miturut Gamal (2006:5) ancasing sesorah bisa kaperang dadi 10: a. Sesorah kang ancase kanggo nyukani pawarta (to inform). Sesorah jinis iki isine informasi babagan kedadeyan kang lagi dumadi. b. Sesorah kang ancase menehi instruksi utawa perentah (to instruct). sesorah jinis iki isine parentah supaya pamiyarsa nglakoni apa kang dijaluk utawa diparentahake pamedhar sabda. c. S e s o r a h k a n g a n c a s e n g yakinake (to convince). Sesorah jinis iki isine panemu supaya pamiyarsa yakin apa kang kawedhar iku bener. d. Sesorah kang ancase nyukani hiburan (to intertain). Sesorah jinis iki isine palipur supaya pamiyarsa dadi seneng/lega. e. Sesorah kang ancase kanggo ajak-ajak massa (to move). Biasane sesorah kang nduweni ancas ngajak massa akeh katindakae wektu demonstrasi. Pamedhar sabda ngajak pamiyarsa supaya gelem nyengkuyung apa kang dikarepake pamedhar sabda bareng- bareng. f. Sesorah kang ancase kanggo ngelingake (to warn). Sesorah jinis iki isine pepeling supaya pamiyarsa. g. Sesorah kang ancase mbangun semangat (to arouse). Sesorah iki biasane kanggo menehi semangat piyayi kang arep nglakoni tugas kayata siswa kang arep ujian, tentara kang arep perang, lan sapanunggalane. h. Sesorah kang ancase nggawe sengsem (to impress): biasane digunakake wektu kampanye kanthi ancas supaya pamiyarsa duwe pambiji kang becik tumrap pamedhar sabda. i. Sesorah kang ancase narik kawigaten (to interest). j. Sesorah kang ancase ajak-ajak (to persuade.) Intine Ancase Sesorah yaiku: 1. Atur pambagya : sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara sapa wae, kayata supitan, tanggap warsa, lsp. 2. Atur kabar/pawarta : sesorah ing rapat organisasi, promosi barang, lsp. 3. Atur pang lipur/hiburan : sesorah ing acara mantu, tanggap warsa, lsp. Bisa uga ing acara layatan supaya kulawarga sing kasripahan bisa nampa kanthi tabah Ian eklas. 4. Pangajak : sesorah kang asipat pangajak supaya sing mirengake kepincut Ian gelem nindakake spa kang diwedharake. Upamane sesorah ing papan ibadah, sesorah ing babagan agama, lsp. SESORAH MITURUT KAHANAN DIPERANG : 1. Kahanan Resmi. Kanggo kaanan resmi, lumrahe pamicara maca naskah kang wis disiapake supaya ora solah anggone pidhato Ian naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharake pidhatone sakarepe dhewe amarga wektune w is diatur.
2. Kahanan Setengah Resmi. Pemicarane bisa ngandharake pidhahone rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekake. 3. Kahanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharake pidhatone miturut tujuan utawa pemirenge. 4. Kaanan Liya- liyane. Sakliyane kaanan kang wis kaandhrake iku, ana kaanan kang uga duweni pengaruh marang cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa wektune esuk apa awan, anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen pemirenge pidhatone kanthi singkat bae CENGKORONGAN SESORAH Cengkoronganing/Ngengrengan pidhato urn ume awujud pembuka, isi, Ian penutup. 1. Pambuka/purwaka basa : isine salam Ian puji sukur marang Gusti dene bisa ketemu. Uga ngaturake panuwun marang para tamu sing kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku. a. Salam pembuka b. Salam pakurmatan c. puji Syukur d. SesulihJatur panuwun 2. Isi/surasa basa : bab apa was sing bakal diaturake, upamane atur supitan, sukuran, wakil kulawarga ing adicara maten, Isp 3. Panutup : isi dudutan, pangarep-arep, sing disuwunake sing kagungan kersa marang tamune, upamane donga, pitutur, Isp; atur panuwun awit rawuhe para tamu Ian nyuwun pangapura manawa anggone nampa tamu kurang becik solah bawa utawa tumindak sing ora mranani penggalih a. Dudutan b. Ajak-ajak/panyuwun c. Munggel sesorah d. Nyuwun pangapura e. Salam panutup SANGUNESESORAH Sesorah utawa medhar sabda yaiku micara nglairake ing sangarepe akeh. Amarga sing diadhepi wong akeh sing manekawarna umur, wawasan, Ian ngelmune, mula sesorah kudu sangu seserepan ilmu supaya sesorahe gampang ditampa, Ian nocoki sing ngrungokake. Sanguning wong sesorah kuwi ora akeh Ian ora angel, cukup telung Wangan, yaiku: 1) Olah Swara (wirama) 2) Olah basa Ian sastra (micara Ian mirasa), Ian 3) Olah raga Ian busana (wiraga). Katrangan: a. Olah Swara Olah Swara kuwi magepokan karo wicara Ian wirama. Wicara magepokan karo papan sing cetha (bener, pener, las-lasan), bisa mbedakake suwara siji Ian sijine kanthi pas,ora blero, tegas, Ian pener_ Wirama magepokan karo cendhek dhuwuring swara, cepet Ian rindhiking swara, Ian dawa cendhaking swara Kajaba kudu cetha ing, Swara kudu becik iramane, satemah kepenak dirungokake. b. Olah Basa Ian Sastra Olah basa Ian sastra magepokan karo pamilihing tembung, pas, becik, Ian endah. Paraga sesorah bisa nggunakake tembung-tembung sing trep karo suwasanane. Amrih endahing basa, paraga kudu nggunakake basa-basa susastra,kayata parikan,
wangsalan, paribasan, panyandra, basa rinengga, pepindhan, lelewaning basa, Ian sapanunggalane. c. Olah Raga Ian Busana Olah raga Ian busana magepokan karo tata krama utawi Subasita Ian panganggo. Tindaktanduk kudu digatekake, panganggo utawa klambi kudu trep karo acarane.Panganggo kudu resik Ian sopan,ora nyolokwamane,ora nganggo kemasan (kalung, gelang, suweng) sing ngrempyong. Gladhen Negesi Tembung Tembung-tembung kang katulis miring ing ukara ngisor iki terangna tegese! 1. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu.... Sumawana tegese … 2. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti. Konjuk tegese … 3. Ing titi wekdal menika saged kempal manunggal ing papan menika kanthi wilujeng nir ing Sambekala. Wilujeng tegese … 4. Kula minangka wakilipun Bapak Suyono sagotrah ngaturaken sugeng rawuh. Sagotrah tegese … 5. Kados sampun kapacak wonten ing serat ulem. Serat ulem tegese … 6. Sampun saged lulus anggenipun sinau wonten pawiyatan luhur Universitas Gajah Mada. Pawiyatan luhur tegese … 7. Bapak/lbu Suyono sakulawarga nyuwun pangapunten bokmenawi anggenipun ngacarani rawuh panjenengan kirang mranani ing penggalih. Penggalih tegese … 8. Salajengipun para rawuh kasugata kanthi dhahar kembul kanthi ladi pribadi. Kasugata tegese … 9. Campursari Gayeng ingkang dipun-pangarsani Mas Teja saking tlatah Klaten Jawa Tengah. Dipunpangarsani tegese … 10. Kula pribadi, bokmenawi kula matur kirang ing reh tatakrami, miwah æwetingbasa. Ceweting basa tegese … KAWRUH BASA A. DASANAMA Dasanama yaiku tembung kang tegese luwih Saka siji kapara nganti sepuluh, yen basa Yunani diarani "SINONIM", "Dasa" kalebu tembung wilangan kang ateges sepuluh, "nama" ateges aran utawa jeneng, asma. Tuladha : 1. Awu : lebu, abu 2. Anak : suta, sunu, siwi, atmaja, tanaya, ma, putra. 3. Awak : angga, raga, salira, sarira, tubuh 4. Angin : maruta, samirana, bajra, pa,vana, sindhung riwut 5. Ati : driya, wardaya, galih, manah, nala, tyas, kalbu 6. Arak : tuak, waragang, badheg, brendhi 7. Bapak : yayah, sudharma, rama, bapa 8. Bumi : bantala, pratala, bumija, lemah, Siti, kisma, pratiwi 9. Banyu : tirta, we, her, ranu, warih, sindu, jala, jahnawi 10. Buta : denawa, diyu, ditya, raseksa, yaksa, wil 11. Gunung : aldaka, arga, ardi, ancala, giri, prawata, wukir, meru 12. Gajah : esthi, dwipangga, liman, dwipa, asti
13. Sagara : laut, samodra, jalanidhi, jaladri, tasik 14. Kondhang : kawentar, kasusra, kaloka, komuk, kombul, kaonang-onang, misuwur, kasub , kajanapriya 15. Kethek : wre, wanara, kapiJuris, rewanda, palwaga 16. Pinter : wasis, nimpuna, wignya guna, lebda, widura 17. Geni : dahana, agni, pawaka, apl, bromo, apyu 18. Srengenge : arka, samsu, pratanggapti, bagaskara, rav.'i, raditya, divangkara, 19. Rembulan : candra, sitengsu, basanta, badra, sitaresmi, sasangka, sasadara 20. Lintang : wintang, kartika, sudama, taranggana, sasa B. KERATA BASA Kereta basa, tegese basa utawa tembung sing ditegesi kanthi kapirit saka wanda utawa kecap-kecape tembung iku, diothak-athik supaya mathuk. Kerata basa uga kena diarani jarwo dhosok. Tuladha : 1. Anak : kabeh kekarepane ana lan sarwa kepenak. 2. Bocah : mangane kaya kebo pagaweane ora kecacah. 3. Bapak : baba apa-apa pepak ya ngelmune ya pengalamane. 4. Brekat : mak breg banjur diangkat. 5. Batur : embat-embataning tutur. 6. Cangkir : nyancang piker. 7. Cengkir : kencenging piker. 8. Guru : digugu lan ditiru. 9. Gelas : yen tugel ora kena dilas. 10. Desember : gedhe-gedhene sumber. 11. Januari : hujan sehari-hari jan ana warih. 12. Kaji : tekade mung siji, yaiku ngantepi panembahe marang Gusti Allah. 13. Wedang : ngawe kadang utawa we sing uwis didang (digodhog). 14. Mantu : eman-eman meksa metu. 15. Kupinh : kaku tur njepiping 16. Kupluk : kaku tur nyempluk 17. Kodhok : teka-teka ndhodhok 18. Krikil : keri nyang sikil 19. Kripik : kriyuk-kriyuk tur kemripik 20. Piring : sepi yen miring C. CANGKRIMAN Cangkriman uga disebut bedhekan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kudu dibatang maksude. Cangkriman iki kena kaperang dadi 4 yaiku: 1. Cangkriman kang wujud tembung wancahan (dicekak) 2. Cangkriman kan ngemu surasa pepindhan utawa irib-iribing barang 3. Cangkriman kang ngemu surasa blenderan 4. Cangkriman kng sinawung ing tembung 1. Cangkriman kang wujud tembung wancahan (dicekak)
a) Pak bomba, pak lawa, pak piyu : tepak kebo amba, tepak ula dawa, tepak sapi ciyut b) Pak bo letus: tepak kebo ana lelene satus c) Pipiru, dhang dhang moh thong thong jur : sapine kuru-kuru kandhange amoh, tlethonge ajur d) Wiwa wite lesbodhonge: uwi dawa wite, tales amba godhonge e) Tanthok mbilitu, linak litu lingga, lilur : ketan sabathok dikrambili pitu, lali anak lali putu, lali tangga lali sedulur f) Segara mbeldhes: sega pera sambele pedhes g) Lut mahe ndhut, yu mahe rong : welut omahe lendhut, yuyu omahe ngerong h) Mbiles penen ring piten daiperwanen: klambi teles pepenen yen wis garing lempiten, wadhahi koper gawanen i) Kicak ketan : kaki macak nyang suketan j) J. Ranginyu, muksitu: jurang isi banyu, gumuk isi watu 2. Cangkriman kan ngemu surasa pepindhan utawa irib-iribing barang a. Sega sakepel dirubung tinggi : salak b. Pitik walik saba kebon : nanas c. Gajah nguntal sangkrah : luweng d. Sawah rong kedhok, galengane sithok: godhong gedhang e. Emboke dieles-elus anake diidak-idak: andha f. Dikethok malah cendhak : kathok g. Emboke wuda anake malah tapi han : bung 3. Cangkriman kang ngemu surasa blenderan a. Wong wudunen iku sugih pari : (pari karepe paringisan amarga kelaran) b. Wingi ing pasar gedhe ana gegeran, ana wong adok pitik disrimpungi, wong adol krambil dikepruki, wong adol mbako diambungi c. Le kowe ngandel opo ora, manawa ing pasar malem banyu bisa sekolah lan jamu pait yen teles legi d. Bocah kae ora idhep isin sekesuk ngguyu tuwa (nangis)e. Tulisane Cina, macane saka ngendi?(saka alas) e. Gajah numpak becak ketok apane? (ketok ndobose) 4. Cangkriman kang sinawung ing tembang 1. Bapak pocung, bleger sirah lawan gembung Padha dikunjara Mati sak jroning ngaurip Mbijik bata nuli urip sagebyaran (Tembang Pocung, batangane, korek jres) 2. Bapak pocung, renteng-renteng kaya kalung Dawa kaya ula Pencokanmu wesi miring Sing disaba si pocung mung turut kutha 3. Bapak pocung dudu watu dudu gunung Sangkamu ing sabrang Ngon ingone sang Bupati
Yen lumampah si pocung lambeyan grana Uji Kompetensi 3 I. Pilihen salah siji wangsulan kang koanggep bener, kanthi mbubuhi tandha ping (X) aksara a, b, c, d utawa e ing lembar wangsulan kang cumawis! 1. Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha Karyawan Karyawati ingkang sinubaning pakurmatan, saha kanca-kanca siswa ingkang sanget kula tresnani, Perangan sesorah iku mau jenenge... a. Salam Pambuka b. Salam panutup c. Atur kurmat d. Atur puji syukur bab-bab kang e. Pambuka 2. Kudu disingkiri nalika sesorah kaya ngisor iki, kajaba... a. Ngadeg kaku kaya wong baris b. Tangan menthentheng c. Tangan sedhakep d. Tangan ngapurancang e. Sikil mbegagah 3. Ing ngisor iki cengkorongan sesorah kang jangkep yaiku a. Pambuka, isi, panutup b. Salam pambuka, pambuka, isi lan panutup c. Salam pambuka, pambuka, isi lan salam panutup d. Salam pambuka, pambuka, isi, panutup lan salam panutup e. Salam pambuka, isi, panutup lan salam panutup 4. Nulis sesorah mono kudu nggatekake babbab antarane kaya kasebut ing ngisor iki, kajaba... a. Basa kang digunakake kudu trep karo unggah-ungguh, nganggo ejaan kang bener lan paramasastrane ya kudu bener. b. Perangane sesorah kudu jangkep kaya kang wis digawe ing cengkorongan dhuwur iku c. Ukarane prasaja ringkes lan mentes, ora ruwa lan ora ngombran-ombra d. Anggone medharake ora perlu nganggo basa kang narik kawigaten e. Temane kudu trep karo acarane 5. Para sepuh, para pinisepuh dalah para rawuh ingkang kinurmatan. Ukara kasebut minangka tuladha... a. Isineng sesorah b. Pakurmatan c. Puji syukur d. Dudutan e. Pambuka 6. Bab-bab kang kudu digatekake nalika medharake sesorah kasebut ing ngisor iki kajaba... a. Pakecapane kudu cetha lan bener. Tuladhane kudu medharake a lan o, d lan dh, t lan th b. Swarane kudu sora lan cetha murih bisa dimidhangetake dening pamirenge c. Lagu utawa intonasine ukara perlu trep karo isine sesorah d. Jeda kudu trep karo panggonane e. Nganggo gerakan 7. Para tamu ingkang sinuba ing pakurmatan, langsung rumiyin kaparenga kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun bapa ibu Abdullah sakulawarga ngambali ngaturaken wilujeng rawuh saha raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi kasekecakna sami lelenggahan kanthi mardikaning penggalih. Pethikan sesorah ing dhuwur kalebu perangan... a. Pambuka b. Isi c. Panutup d. Pangarep-arep e. Atur pakurmatan
8. Kula minangkani panyuwunipun kangmas Supriyadi sakeluwarga supados ngaturaken menggah kawigatosanipun pasamuan ing siyang menika... lan sateruse. Pratelan iki nuduhake perangane sesorah sing diarani... a. Adangiyah b. Pambuka c. Surasa d. Panutup e. Salam panutup 9. “ing wasana... terusane ukara sesorah iki sing trep yaiku... a. Minangka pambukaning atur b. Panutuping atur c. Wosing atur d. Kalajenganipun pambuka lan panutuping atur e. Kula nyuwun pangapunten 10. Supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik, kudu nggantekake bab ngisor iki, kajaba... a. Patrap b. Basa c. Swara d. Dedeg piadeg e. Intonasi 11. Ing ngisor iki kang ora kalebu metode sesorah... a. Memoriter b. Impromptu c. Manuskrip d. Temporer e. Improvisasi 12. Manawa arep sesorah kudu mangerteni peranganing sesorah yaiku... a. Adangiyah, pambuka, surasa, panutup b. Pambuka, surasa, panutup c. Pambuka, surasa, panutup, peprenahan d. Titimangsa, pambuka, surasa, panutup e. Pambuka, isi, satata basa, panutup 13. Bahasa paraga sesorah ngaturake agunging panuwun ing ngarsa Gusti ingkang Maha Rahim a. Jalaran diparingi karaharjan lan kasugengan b. Jalaran diparingi sih pitulungan kanthi lulus lan tamat 100% c. Jalaran diparingi piwucal, wewarah lan seserapan d. Jalaran diparingi pitedah ingkang sanget mukarabi 14. Ing ngisor iki sebab-sebab atur wakil kelas XII nyuwun pangapura ing sesorah pepisahan sekolah, kajaba... a. Asringnakal b. Ora nggugu dhawuh c. Nerak angger-angger sekolah d. Nerak pager sekolah e. Ora nggugu pangandika 15. Ing ngisor iki sing kalebu atur kasugengan kairing atur panuwun. a. Salam kasugengan, salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasarira, dhumateng kula panjenenga sedaya. Amiin b. Panjenenganipun Bapak Dwija Linuwih, pangarsanipun pawiyatan MAN 2 Boyolali ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati c. Bapak/Ibu guru sarta karyawan ingkang satuhu sinudarsana, sarta para kanca kelas ingkang kula tresnani. d. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula desaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kapareng ngrentah-aken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan, satemah kula sedaya saged makempal manunggalung alua MAN 2 Boyolali kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan
ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya e. Para bapak, ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumarap ing atur para kanca kelas XII, mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing angungin panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika. II. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki 1. Terangna tegese tembung-tembung ing ngisor iki ! a. Seorah impromptu b. Sesorah ekstemporan Wangsulan: 2. Sebutna perangan-perangan sesorah kang jangkep Wangsulan: 3. Gaweya tuladha pambukaning sesorah ! Wangsulan: 4. Sebutna ancasing sesorah ! Wangsulan: 5. Gaweya tuladha atur pakurmatan marang tamu ing acara pengajian ana ing kalurahan! Wangsulan:
SOAL LATIHAN UJIAN MID SEMESTER GASAL I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, d, utawa e ana ing lembar jawab ! 1. Paugeranipun sekar macapat inggih menika … a. Guru sastra, guru wilangan,guru Iagu b. Guru gatra, guru wilangan, guru basa c. Guru sastra, guru basa, guru wilangan d. Guru gatra, guru Iagu, guru wilangan e. Guru Iagu, guru wilangan, guru basa 2. Sing ora kalebu tembang macapat yauiku … a. Mijil b. Durma c. Asmaradana d. Wirangrong 3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben … a. Paragraph b. Bait c. Gatra d. Lagu 4. Falsafahipun tembang macapat ingkang nggambaraken nem-neman ingkang gampil kenging pengaruh kaliyan kawontenan inggih menika a. Dhandhanggula b. Kinanthi c. Durma d. Asmaradana e. Sinom 5. Sekar Asmaradana anggambaraken nemneman (masa muda) ingkang sampun wiwit kepranan saha kaliyan kaneman sanes anggandhahi watak a. Prihatos Ian sedhih b. Grapyak, gembira Ian sedhih c. Sembrana utawi sakenake d. Susah Ian kuciwa e. Seneng, asih Ian gumolong 6. Gatekna tembang ing ngisor iki Poma poma wekas mami Anak putu aja lena Aja katungkul uripe Lan aja duwe kareman Marang pepaæ donya Siyang dalu dipun emut Yen uripamanggih karma Tembang ing ndhuwur kalebu temmbang macapat ... a. Asmaradana b. Pocung c. gambuh d. Dhandhanggula e. Pangkur 7. Guru Iagu/guru wilangan tembang macapat ing ndhuwur … a. 8/i, 8/a, 8/e, 8/a, 7/a, 8/u, 8/a b. 8/i, 8/a, 8/e, 7/a, 8/a, 8/u, 8/a c. 8/i, 8/a, 8/e, 8/a, 7/i, 8/u, 8/a d. 8/i, 8/a, 8/e, 8/a, 8/a, 8/u, 8/a e. 8/i, 8/e, 8/e, 8/a, 7/a, 8/u, 8/a 8. Gatekan pacelathon ing ngisor iki! Ibu : "Lho, Tik kenapa kowe ora mangkat sekolah ?" Watik : "Nggih bu amargi badan kula kirang sehat" Ibu : "Mbok diprisakake neng dokter!" Watik : ……. Wangsulanne Watik kang bener tumrap unggah-ungguh basa yaiku … a. Mangke sonten kemawon bu, amargi pak dhokter nembe tindak kantor b. Mangke sore wae bu, amargi pak dhokter nembe tindak kantor c. Mangke sonten kemawon bu, amargi pak dhokter Iagi wonten kantor d. Mangke sonten kemawon bu, amargi pak dhokter nembe mlampah kantor e. Mangke sore wae bu, amargi pak dhokter nembe dhateng kantor 9. Bapak menyang kantor saben dina
numpak mobil. Ukara ing ndhuwur iki nggunakake basa ngoko, yen basane krama alus yaiku … a. Bapak tindak kantor saben dinten nitih mobil b. Bapak mlampah kantor saben dinten numpak mobil c. Bapak tindak kantor saben dinten ngangge mobil d. Bapak tindak kantor saben dinten numpak mobil e. Bapak bidhal kantorsaben dinten numpak mobil 10. Kepriye anggonmu matur marang bapak guru menawa kowe telat mlebu sekolah … a. "Nuwun sewu Pak, kula telat, menapa kepareng kula mlebet" b. "Nuwun sewu Pak, kula telat, menapa angsal kula m lebet" c. "Nuwun sewu Pak, nembe telat, menapa Oleh kula mlebet" d. "Nuwun sewu Pak, kula telat, menapa isoh kula mlebet" e. "Nuwun sewu Pak, kula telat, menapa lajeng kula mlebet" 11. Ukara kang trep yen kowe pamit marang ibumu arep budhal sekolah yaiku a. Bu, nyuwun pengestu kula ajeng bidhal sekolah b. Bu, nyuwun pengestu kula badhe bidhal sekolah c. Bu, nyuwun pengestu kula ajeng tindak sekolah d. Bu, nyuwun pengestu kula badhe mangkat sekolah e. Bu, nyuwun pengestu kula ajeng mangkat sekolah 12. Gatekna pacelathon iki! Asri :"Assalamu'alaikum pakde"! Pakdhe : "Wa'alaikumsalam, Kowe diutus apakaro ibumu"? Asri :… Wangusalnne Asri manut unggahungguh basa kang trep yaiku . a. Kula dikengken ibu supados nyaosaken serat menika b. Kula ditimbali ibu supados maringaken serat menika c. Kula dipun dhawuhi ibu supados nyaosaken serta menika d. Kula dipun utus ibu supados maringaken serat menika e. Kula dipun dhawuhi ibu supados maringaken serat menika 13. Ukara ing ngisor iki endi kang ora bener a. Nalika Bapak tindka kantor, kula nembe adus b. Mbah kakung nembe dhahar ing pengkeran c. Pak Lurah tindak kantor nitih mobil d. Kula ndawuhi ibu supados nyiapake sangu kangge adhik e. Ibu tindak peken menawi bapak taksih sare 14. Sing mbedakake basa jawa karo basa Iiyane kang dianggo pasrawungan manungsa, cak-cakane nanggo wewaton ing ngisor iki, kajaba a. Umur b. Kekancan c. Keluarga d. Drajad Pangkat e. Luhuring Pribadi "Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak/ibu awit sampun kersa nglonggaraken wekdal saperlu minangkani atur pemundhutipun ing kang ham engku karsa". 15. Pratelan ing ndhuwur iku pinangka perangan tanggap waæna, yaiku . a. Salam pambuka b. Pambuka c. Wosinggati d. Panutup e. Salam penutup.
Wulangan 4 Kompetensi Inti: 3.4 Manahami isi teks tentang mantu. 4.4 menanggapi isi dalam menulis teks eksposisi tentang adat tradisi mantu. Indikator: 3.4.1 Membæa teks eksposisi tentang budaya Jawa dengan cermat. 3.4.2 Mencermati struktur dan kaidah teks tentang budaya Jawa. 3.4.3 Mempertanyakan struktur dan kaidah teks ekspoisi tentang adat Jawa. misalnya mantu dengan bahasa dan sikap yang santun. 3.4.4 Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan wacana nonsastra tentang budaya Jawa. 3.4.5 Menentukan pokok-pd«ok isi wacana nonsastra tentang budaya Jawa. 3.4.6 Menulis teks eksposis tentang adat Jawa, misalnya mantu dengan ragram diksi dan unggah-ungguh basa yang sesuai dan penuh tanggung jawab. 3.4.7 Mengidentifikasi nilai-nilai yang terdapat pada teks eksposisi tentang adat Jawa. misalnya mantu. 3.4.1 Menyunting kesalahan teks eksposis tentang adat Jawa, misalnya mantu tulisan teman 3.4.2 Menganalisis kawruh kagunaan basa, misalnya kerata basa, baliswara, cangkriman, atau dasanama dalam teks eksposisi tentang adat Jawa, misalnya mantu. 3.4.3 Mendiskusikan relevansi nilai-nilai dengan kmdisi mæyarakat saat ini. 3.4.4 Menyajikan teks eksposisi tmtang adat Jawa, misalnya mantu dengan bahasanya sendiri. Tata Cara Manten/Mantu Mantu punika kuwajibanipun tiyang sepuhipun penganten estri. Mantu inggih punika tata cara ingkang katindakaken dening tiyang sepuh ingkang ndhaupaken anakipun estri. Tatacara mantu anggadhahi teges tanggel jawabipun tiyang sepuh anggenipun nuntun dhateng anak ingkang badhe ngancik tataraning gesang dewasa utawi sepuh. Bab punika saged kawawas saking tatacara (lampah-lampah) sarta upacara (ubarampe) mantu ingkang sedaya ngemu warah sinandi. Kajawi saking punika, mantu ugi ateges wara-wara dhateng sanak kadang Ian pitepangan bilih anakipun sampun pikantuk jodho. Tatacaramantu punika dados kuwajibanipun tiyang sepuhipun lare estr senajan wonten ugi ingkangkatindakaken dening brayat sanes, upaminipun bapa paman, uwa. eyang, Ian sanes-sanesipun. Mantu bakunipun inggih menika hanjodhokaken anak sageda dados jalaran tuwuhipun keturunan temah brayat ingkang badhe bebesanan mboten badhe cures asal-silahipun. Titiwanci punika tatacara manton tumrap bangsa Indonesia sampun kathah ewah-ewahanipun. Manawi dipuntandhingaken kaliyan tatacara manton jaman rumiyin. Amargi kemajengan jaman ingkang kenging dayanipun budaya maræ Ian pemanggih ingkang ngadhahi alesan ngugemi ringkesing kabetahan nanging sedaya saged kecakup, mila Iajeng tatacara manton kalawan dipuncampur antawisipun budaya Indonesia kaliyan budaya manca. Umpaminipun manton cara Jawi ingkang paraga pamong pahargyan sami ngagem ageman kejawen jangkep nanging caranipun atur pasugatan kanthi prasmanan. Dene modhel-modhel tataæra saged dipuntingali komentar VCD utawi maos buku Ian sanes-sanesipun. Marawi mboten wonten VCD ingkang isinipun tatacara manton, seratan ingkang ngandhap punika saged kangge waosan sawetawis kangge nambahi
Menawi wonten sekolahan mboten wonten VCD pahargyan utawi pawiwahan utawi mboten saged mirengaken tatacara mantu cekap nyinau seratan ingkang ngandhap menika. TATACARA MANTON MITURUT ADAT JAWI 1. PANEMBUNG/LAMARAN Panembung utawi lamaran menika lampah kapisan ingkang katindakaken, inggih punika tiyang sepuhipun lare jaler nembunglnglamar dhateng tiyang sepuhipun lare estri. Bakenipun rembag sumadya bebesanan kanthi hanjodhokaken anak. Tatacara punika ujupipun mboten saking lare jaler, nanging tatacara punika mujudaken pikajengipun tiyang sepuhipun lare jaler dhateng tiyang sepuhipun lare estri utawi limrah mastani rembug tuwa. Supados saged kangge cepengan utawi pancatan tumprapipun tiyang sepuhipun lare estri anggenipun bandhe rembagan kaliyan brayat, prayogi manawi panemburig/ Iamaran punika sarana serat, senajan nalika masrahaken suraosing serat ugi kapratelakaken kanthi ijeman. Dene caranipun masrahaken serat saged katindakaken kanthi : a. Dipunpasrahaken piyambak dening tiyang sepuhipun lare jaler. b. Utawi kanthi nyaraya tiyang sepuh ingkang kapitados masrahaken dhateng tiyang sepuhipun lare estri. Tata Cara Lamaran a) Nontoni yaiku ritual kanggo nonton bibit, bobot, bebet mligine kahanan kulawarga dan calon penganten putri. b) Nglamar yaiku nemtokake jejodhoan bisa dilampahake utawa ora. c) Paningset yaiku pasrah sanggan lan kalpika minangka pangiket lan pangentheng-ngentheng saking pihak calon penganten kakung. 2. PANINGSET Gathuking pemanggih bab panembung ingkang dipunsarujuki dening tiyang sepuhipun lare estri, salajengipun sasampuna tiyang sepuhipun lare jaler tampi wangsulan serat panglamar ajeng nindakaken tatacara haningseti rembag utawi srah-srahan. Bilih paningset anggadhahi teges haningseti rembag ingkang sampun gumolong tumrapipun para pinisepuh ingkang badhe bebesanan sarana dhaupaken anak. Cethanipun bilih ingkang dipun singseti punika rembagipun tiyang sepuhipun lare estri bab panembung ingkang dipuntampi. Wujudipun paningset kaperang dados 3, inggih punika : paningset, abon-abon, Ian pangiring. a. Paningset Wujudipun : 1) Setagen/ Pamingset Punika kapendhet pasemon bebakalipun, inggih punika lawe utawi bebakalaning sandhang. Pikajengipun : pangajab kacekapanipun kabetahaning sandhang, keplasipun pasemon ingkang langkung lebet inggih punika kiyata nandang salering Ielampahan. Dene pamingset ugi mengku pikajeng haningseti rembag anggenipun sami badhe hanjodhokaken anak. 2) Sindur/ Slindur Punika sembet ingkang ulesipun wami abrit pethak. Pethak punika lambangipun priya wondene abrit punika lambangipun wanita. Pasemonipun sindur inggih punika manunggalipun priya Ian wanita kaajab saged anggadahiturun. 3) Sesupe Seser/ Kalpika
Wujudipun lus utawi tanpa mripat, punika pasemon gathukipun tanpa watesan utawi boten wonten bongkot pucukipun. Werdinipun tulusing manah anggenipun haningseti tanpa tidha-tidha sedyanipun manunggalaken jaler Ian estri. Nalika taksih pepacangan manggenipun wonten ing driji manis kiwa, dene manawi sampun nindhakaken Étacara "ningkah" manggenipun wonten ing driji manis asta tengen. 4) Senekan/ Kemben Punika panganggenipun pawestri ingkang kelebet baku pinangka tetamenging teleng tedhaning lare (bayi). Kajawi punika inggih pinangka pepenget bab kasusilan Ian subasitanirg mangangge. Limrahipun ing wekdal punika kagantos kotang/BH. S 5) Singjang/ Truntum Cangkrik truntum punika pepenget dhateng gesang, bilih gesang punika boten saged oncat saking padhang Ian peteng. Inggih kalih kawontenan ingkang sahget bedanipun pepehan ing singjang ingkang nggambaraken gebyaripun lintang ing wanci dalu punika mengku pangajab bilih senajan gesang punika boten saged oncat saking pepeteng, nanging mugi pinaringana raos padhang sawetawis. Kosok wangsulipun sampun kalimput nalikanipun angsal pepadhang lajeng supe bilih gesang punika ing kalanipun inggih tampi pepeteng. Kajawi makaten ugi sageda dados pepadhang tumrap ingkang mbetahaken. b. Abon abon Wujudipun . 1) Jeram Gulung / Glundung Punika pasemon gumolonging Tegesipun bilih sampun boten wonten raos tidha-tidha anggenipun badhe bebesanan sarta badhe pengantenipun. Awit sadaya sampun kamanah kanthi lebet, tegesipun pasrah. 2) Sekulgolong Punika pasemonipun sampun golong manahipun anggayuh gegayuhan Iuhur memangun ge%ng bebrayan. 3) Tebuwulung Punika pasemon bebakalaning memanis, pangajapipun mugi pikantuka memanising gesang inggih eca Ian sakecanipun Ielampahan. 4) Pisang ayu-suruh ayu Pisang ayu punika pathokanipun inggih punika sekaring pisang utawi tuntut. Keplasipun jantung inggih punika pasemon manungsa dhateng kawruh kasampurnan. Kajawi saking punika ugi pepenget "aja kumraja-raja" tegesipun kumawasta. Kawuninga bilih pisang ingkang kaangge ubarampe punika pisang raja. Setangkep punika pasemon priya-wanita ingkang tansah mad-sinamadan, ajen-ingajenan ing gesang utawi jodho tegesipun kalih ingkang manunggal. Suruh ayu punika pathokanipun kapendhet ingkang matemu rose. Punika pasemon bilih senajan seje-seje lumah Ian kurepe nanging yen ginigit padha rasane, dados manunggalinipun priya Ian wanita, yektosipun beda. Dene keplasipun nunggal raos antawisipun jaler lanestri. Mligi manawi ingkang pepacangan enggal kaningkahaken saged katambahan cengkirgadhing ingkang mengku pasemon pangajap kasuburanipun wedhah bayi. c. Pangiring Punika rerangkening paningset ingkang w igatosipun kangge nelakaken tanggel jawabipun priya dhateng wanita. Wujudipun saged wulu pamedaling pasiten, kabetahan gadhah damel,
barang-barang kabetahanipun pawestri utawi kabetahan bale griya. Saged penganggen masmasan utawi bararg sanesipun. Dados boten wonten pathokanipun. 3. LIRU KALPIKA Jangkeping tatacara srah-srahan paningset. dipun wontenaken tatacara "Iiru kalpika". Punika tandha resmining pepacangan ing antawisipun jaler Ian estri. 4. SIRAMAN Tatacara punika katindhakaken wanci enjing saderengipun malem midodareni. Wekdalipun udakara jam 10-11.30 enjing. Gotekipun wekdal punika wanci siramipun para Siraman badhe penganten wanita punika dipuntindhakaken dening para pinisepuh putri cacah 8 katambah bapakipun badhe penganten, dados cacahipun wonten 9. Pasemonipun nyuceni babahan hawa 9, inggih manungsa murih sampumaning gesang. Makatena tumrap paraga ingkang nindhakaken siraman punika saged kemawon dipun ayahi dening pinisepuh cacah 5 utawi cacah 7. Pasemonipun 5 punika cacah dinten pasaran, dene 7 punika pasemon caæhing dinten ing I minggu. Pangajapipun mugi hantuka perbawaning wekdal ingkang sae. Toya ingkang kangge siraman badhe penganten inggih punika toya sekar setaman, wondene cidukipun kadamel saking klapa ingkang kapalih (sanes bathok utawi siwur). Tum indhakipun tatacara siraman makaten : sasampunipun sedaya ubarampe kacawisaken ing papan ingkang sampun tinamtu, para pinisepuh ingkang badhe ngayahi damel samadiya. Salajengipun gentosan nyiramaken toya ingkang sampun kacawisaken dhateng badhe penganten Saben pinisepuh tigang rambahan (tigang ciduk). Bapa nindhakaken ingkang pungkasan, kalajengaken mecah kendhi utawi klenthing kanthi ngucap "niyat ingsun ora mecah kendhi nanging mecah pamore anakku...". Punika mligi manawi badhe penganten wanita taksih prawan, awit mecah kendhi/ klentning punika pasemon lilanipun tiyang sepuh bilih anakipun nilaraken alaming legan. Tumrap badhe penganten priya ingkang ugi hanindhakaken tatacara siraman saged kapendhetaken saperangan alit toya siraman ingkang kangge badhe penganten wanita. Tatacaranipun winastan "manuhaken" Tatacara punika kinanipun ing pamondhokan (nyantri), sapunika cekap ing griyanipun badhe penganten piyambak. Sasampunipun. tatacara manuhaken, penganten priya iajeng kasengker. Dene penganggenipun sawitan. Ing tatacara siraman tumrap badhe penganten wanita, dhumateng para tamu pasugatan sekul tumpang. Punika pasemon pangajab sageda nindhihi pikajeng ingkang boten sae (numpangi). Sasampunipun siraman Rmpung badhe penganten estri kabopong dening bapa tumuju ing kamar sumadiyadipun halup-halupi utawi kadamel cengkorongnipun paes. Namung saderengipun dipun halup-halupi. rikma dipun ratus Iajeng kakerik ing githokipun pinangka sarat dening bapa kalajengaken dening juru kadame! cengkoronganing paes. Rampung dipun halup-halupi badhe penganten estri manggangge perganggen sawitan. Tegesipun ngandhap Ian nginggil corekipun sami. 5. SENGKERAN Sesampunipun badhe penganten estri dipun halup-halupi iajeng kasengker, tegesipun boten dipun keparengaken medal saking pekavvisaning griya, pamrihipun wilujeng. 6. PAES a. Paes penganten punika winastan makutha ratu putri. Pepethan ing nginggii piyambak
nama gajah, mangandhap kiwa Ian tengen nama pengapit, penitis sarta 1) Gajah : Pasemon titihan kaagungan Dalem/ Rati Keplasipun Gusti ingkang Murbeng Gesang 2) Pengapit : Lam banging Wanita 3) Penitis : Lambanging priya 4) Godhek : Lambanging anak Sedaya pepethan kasebat keblatipun tumuju ing pucuking grana, pasemon donga. Jangkeping pasemon paes inggih punika meleriging cipta nyuwun nugrahaning Gusti mugi manunggalipun jalen Ian estri dadosa jalaran anggadhahi turun utawi anak. b. Ukel bokor mengkurep rinajut melathi acakrik kawung 1) Ukel bokor mengkurep karajut Pasemon sesantining penganten ingkang tansah badhe setya ing kakung Ian boten tumindhak ing sanJawining rangkah. 2) Rajut melati cakrik kawung Kawung punika penganggenipun kawula keplasing pasemon kumawula. c. Cundhuk mentul 1) Pepethan alas-alasan gegambaraning jagad Pasemon kaluhuranipun Gusti 2) Cacah 9 utawi 7 a) 9 Pasemon nyuceni babahan hawa 9, inggih pirantosing manungsa sarananing b) manembah dhumateng Gusti. c) 7 Pasemon pangajap pikantuka perbawaning dinten. 3) Tinata ngemba megaring kepet Pasemon panyuwunan hantuka seseger lair batos. d. Sanganganrem bulan tumanggal Pasemon panyuwunan miraha sandhang Ian tedha. e. Sekar tiba dhada Pasemon wani handhada Ielampahan ingkang dhumawah. f. Papethan later mencok ing nginggiling grana Pasemon tansah enget dhumateng Gusti. 7. SESADEYAN DHAWET Tatacara punika katindhakaken ing wanci sonten saderengipun malem midodareni. dhawet punika caranipun manawi tumbas mawi kreweng utawi pecahan pirantos saking siti ingkang taksih enggal. Upaminipun pecahan kuwali. cowek, gendheng ingkang dereng kangge. Dados boten pecahan wingka utawi pecahan pirantos saking siti ingkang kalebet barang lami. Pasemonipun kreweng punika resiking batos ingkang gadhah damel kaliyan badhe penganten. Wondene kreweng punika ngemutaken bilih dumadosanipun tiyang punika saking Siti. Tatacara sesadeyan dhawet punika, makaten: lungkang ngladosi (nyade) dhawet punika biyung, dene ingkang nampi arta kreweng bapakipun badhe penganten. Anggenipun nampi kreweng kanthi mbekta payung ingkang dipun egaraken kangge mayungi biyung ingkang sade dhawet. Tatacara punika pasemon gotong-royongipun bapa-biyung. Pasemon bab dawet a. Cendol Wujudipun bunder-bunder punika pasemon gumolonging manah ingkang gadhah damel hanjodhokake anak. b. Raosipun legi lan gurih
Pasemon utawi pangajab sagedipun ngraosaken manis lan gurihipun manggihi eca lan sakeca ing gesangipun 8. MODODARENI Midodareni punika dalu saderengipun tempukipun perlu. Ing wekal malem modadereni punika mujudaken wekdal kangge mejang penganten (bab pornografi) dene wejanganipun kanthi sanepan. Pramila tamu-tamu ingkang dhateng inggih mligi tiyang sepuh. 9. KEMBAR MAYANG Kathah pemanggih bab tegesipun kembar mayang, antawisipun: Kembar mayang punika, saking tembung kembar lan mayang. Kembar tegesipun jebles mboten geseh, mayang araning sekar jambe. Saged ugi dipun udhari bilih mayang punika saking tembung maya + ing. Ingkang tegesipun endah sanget. Kembar mayang asring kasebat sekar kalpataru Dewadaru tegesipun wit panggesangan inggih wit kelanggengan. Kalptaru Dewadaru minangka lambanging panyuwunan amrih lampahipun pawiwahan utawi pahargyan saged rahayu, slamet kalis ing sambekala. Kembar mayang wonteh kalih, wujudipun rerengan saking janur kuning. Ingkang setunggal pralambang ing penganten kakung, ingkang setunggal penganten putri. Mengkusuraos ingkang sinandi kembaring penganten kekalih, kembar sih tresnanipun, kembar cipta rasa lan karsanipun. 10. IJAB Ijab minangka sarana sahipun jalu-estri dados garwanipun, miturut tuntunan agami punapa dene angger-anggering negari. Sedaya kalawau dipunsekseni saha kacathet dening paraga ingkang kawongan (KUA punapa Cathatan Sipil). Yektosipun ijab qobul dipuntindakaken dening badhe penganten kakung kaliyan walinipun badhe pengaten putri. Nanging awit saking subasitaning kejawen, lajeng kaborongaken dhateng bapak naib utawi rama (pastur). Ingkang sampun limrah lumampah ing bebrayan, upacara ijab lan sanessanesipun, kaleksananing ijab wonten ndalem, wonten kantor KUA/gereja punapa dene kantor cathatan sipil. 11. PANGGIH Tata cara panggih dileksanakake sawise ijab kabul.bisa ditindakake ing sadina utawa ing dina liyane. Acara iki nggunakake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yen penganten kakung lan putri bakal sah dadi jodhone. Kembang mayang kasebut minangka symbol penganten kakung lan putri. Sakwise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung. UPACARA ADAT KROBONGAN Ing wewengkon Surakarta, mliginipun Keraton Surakarta Hadiningrat, lampahipun pahargtan temanten taksih jangkep, arupi panggih penganten lan krobongan. Ingkang dipunwastani upacara adat krobongan tumpraping penganten, inggih punika upacara ingkang katindakaken sabibaripun panggih (dhaup). Dene tata caranipun inggih punika kados ing ngandhap punika: a. Timbangan Ingkang indakaken timbangan inggih punika ramanipun penganten putri kanthi cara mangku penganten kekalih kiwa tengen. Minagka pasemon bilih rama ibunipun penganten putri anggenipun ngrengkuh dhumateng penganten kekalih mboten emban cindhe emban siladan kados putra piyambak. b. Kacar-kucur
Penganten kakung maringi rejeki kanthi wujud arta receh, beras kawak, kacak kawak, dhele kawak linambaran klasa bangka dhumateng penganten putri. Pralambang tanggel jawab dhumateng kulawarga, tansah tekun pados sandhang pangan. c. Dulangan Katindakaken kanthi ngepel sekul pethak lajeng kadulangaken cekap kaping sepisan. Piring wadhah sekul lan lawuh lajeng katangkepaken, ingkang dipunwastani gambuhan. Tegesipun sageda tansah manunggal lan jumbuh kang ginayuh. Sabibaripun dulangan, dipunlajengaken ngunjuk rujak degan ingkang kapendhet saking klapa ingkang wala (nembe uwoh sepisan). d. Sungkeman Ingkang dipunsungkemi penganten kekalih inggih menika rama ibunipun penganten kakung putri, uga eyangipun ingkang taksih sugeng. upacara sauwise tempuking gawe mantu ing ngisor iki diwaca kanthi premati supaya paham isine ! upacara Sauwise Tempuking Gawe Mantu yen saiki wong tuwane manten lanang arep ngundhuh mantu sepasaran apa ora, kari manasuka, marga wigatining sedya mantu wis rampung. Nanging yen biyen bakda tempuking gawe (ijab lan panggih)niku isih ana upacara sawetara. 1. Sepasaran Kanthi acaran syukuran ing papane manten wadon. Sakdurunge iku mbubrah tarub lan jenang sunsum, ora ana upacara. 2. Ngundhuh sepasaran lan boyong penganten Wong tuwane manten lanang isih nganakake pahargyan, umpamane nganggo wayangan, lsp. Ing kene upacara pasrah manten saka pihak wadon marang pihak lanang, isih nganggo oleh-oleh, rombnagn utusan boyongan manten, lsp. 3. Selapanan Diadani syukuran ing papane wong tuwane manten lanang utawa uga ing papane besan (sanadyan mantene wis diboyong adoh) Sakwise mangkono tatacara ngandheg ngantin bayen sing uga pepak banget. Kabeh mau mujudake pangudi amrih becike kulawarga lan tedhak turun kang tuhu disucekake dening kabudayan jawa
Gladen 1. Acara sepasaran manten dianakake sawise pirang dina sauwise tempuking gawe manten? Wangsulan : 2. Acara sepasaran manten ditindakake ing omahe sapa? Wangsulan : 3. Apa sing pasugatane “mbayu mili”? Wangsulan : 4. Upacara apa wae kang ditindakake sauwise tempuking gawe manten ? Wangsulan : 5. Apa sing diarani ngundhuh manten? Wangsulan : Gladen Gunemane nia iki benerna dadi basa krama alus supaya trep unggah-ungguhe! Tuladha : Nia : “ibu apa durung mulih saka jagong?” Benere : ïbu punapa dereng kondur saking jagong?” Garapen kaya tuladha! 1. Srini : “lha mengko kula diwenehi sangu ngge sekolah punapa boten?” Benere : ....................................................................................... 2. Srini : ïbu arep lunga jagong karo bapak, kulo mboten angsal dolan” Benere : ....................................................................................... 3. Srini : “Bu, mengko yen liwat dalan Jendral Sudirman, aku tukokna jajan martabak.” Benere : ....................................................................................... 4. Srini : Bu, aku dikongkon bapak menehake undangan rapat ana omahe Pak Ilham.” Benere : ....................................................................................... 5. Srini : “Tamune mau anggone mangan lan ngombene karo ngadeg.” Benere : ....................................................................................... 6. Srini : “Sing padha among tamu nganggo klambi sing menehi sing duwe gawe mantu.”’ Benere : ....................................................................................... 7. Srini : “Bu Luarah karo Pak Lurah mau tekane telat amarga niliki wong lara dhisik.” Benere : ....................................................................................... 8. Srini :”Bu, calon penganten lanang lan kaluwargane anggone turu ana hotel.” Benere : ....................................................................................... 9. Srini :”Congkoke dingkon njaluk katrangan padhang uatwa petenge calon manten putri” Benere : ....................................................................................... 10. Srini :”Bu, barang-barang sing digwa nalika srah-srahan werna-wrna ya.” Benere : .......................................................................................
Uji kompetensi 4 I. Pilihen salah sijine wangsulan kang koanggep bener, kanthi mbubuhi tandha ping (X) aksara a, b, c, d utawa e ing kembar wangsulan kang cumawis! 1. Panganten putri lajeng jengkeng ing ngajengipun panganten kakung saperlu nata tigan ayam cacah tiga ingkang badhe kapidak dening panganten kakung ing upacara midak tigan. Pratelan ing dhuwur ditindakake ing upacara... a. Panggih b. Sungkeman c. Kacar-kucur d. Timbangan e. Krobongan 2. Sadumuginipun ngajeng dhampar, panganten kakung lajeng lenggag dhampar sisih... dene panganten putri lenggah ing dhampar sisih... a. Kiwa, tengen b. Tengen, kiwa c. Sembarang d. Boten linggih e. Ngadeg, tengah 3. Upacara adat krobongan tumraping penganten, inggih punika upacara ingkang.... a. Katindakaken sabibaripun siraman b. Katindakaken sabibaripun midodareni c. Katindakaken sabibaripun ijab d. Katindakaken sabibaripun panggih (dhaup) e. Angsal mboten ditindakake 4. Ing ngisor iki kang ora kalebu adicara krobongan yaiku... a. Timbanga b. Kacar kucur c. Siraman d. Dulangan e. Dhahar walimah 5. Penganten kakung maringi rejeki kanthi wujud arta receh, beras kawak, kacak kawak, dhele kawak linambaran klasa bangka dhumateng penganten putri. Pratelan ing nginggil kalebet adicara.... a. Timbangan b. Kacar kuc ur c. Siraman d. Dulangan e. Bagi rejeki 6. Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak, amarga awak kang resik ndadekake uga sehat, lan adoh saka lelara, yaiku a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 7. Upacara kang minangka perlambang penganten kakung iku sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mring kulawarga, yaiku.... a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 8. Tatacara mantu kang duwe makna yen penganten putri iku ores entuk mentu saka kamar, amarga ing acara utama, penganten putrine bakal aku kaya widodari, yaiku... a. Siraman b. Widodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 9. Wis jamak lumrahe yen wong lanang iku kudu tanggung jawab marang kulawargane, mula kudu bisa menehi nafkah marang kulawargane. Tatacara mantu kang jumbuh karo pratelan iku, yaiku... a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi
10. Siji peschi, loro jodho, telu wahyu, papat pangkat, lima donya iku sinandi mung Gusti Kang Maha Kuwaos kang bakal peparing, nanging kabeh iku uga kudu dikantheni bektine anak marang wong tua. Tatacara mantu kang maknane wujud bekti mring wong tuwa, yaiku... a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 11. Kagunan basa kang negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utama nguthakathik tembunge supaya mathuk, yaiku... a. Parikan b. Dasanama c. Kereta basa d. Wangsakan e. Baliswara 12. Kagunan basa kang anggone negesi tembung kanthi diwalik, lan lumrahe dienggo anak ing tembung kang duweni karep supaya bisa njumbuhake guru lagune(tembang macapat), yaiku... a. Parikan b. Dasanama c. Kerata basa d. Wangsalan e. Baliswara 13. Kagungan basa kang werdine tmebung pirangpirang kang duwe teges siji utama padha. Yaiku... a. Parikan b. Dasanama c. Kerata basa d. Wangsalan e. Baliswara 14. Dasanama jeneng yaiku... a. Atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga b. Bapak, sudarma, sudarmi, rama, yayah c. Asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger d. Asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman e. Yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta, yuda 15. Dasanama anak yaiku... a. Atmaja, putri, siwi, sunu, suta, yoga b. Bapak, sudarma, sudarmi, rama, yayah c. Asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger d. Asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman e. Yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta, yuda II. wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Jlentrehna apa kang diarani wacana eksposisi iku! Wangsulan : 2. Bab apa was kang diinformasekake ing karangan/wacana eksposisi ? Wangsulan : 3. Perangan apa was kang kudu kamot ing karangan ekspoisi ? Wanngsulan : 4. Topik apa kang lumrah ditulis sajrone karangan eksposisi ? Wangsulan : 5. Gawenen tuladha nglima was kerata basa utawa jarwa dhosok ! Wangsulan :
Wulangan 5 Kompetensi Inti: 3.5 Mengidentifikasi kaidah penulisan aksara jawa yang mengintegrasikan aksara Rekan 4.5 Menulis dan menyajikan empat paragraf aksara jawa yang menggunakan aksara jawa.. Indikator: 3.5.1 membaca contoh teks empat paragraf aksara jawa yang mengintegrasikan aksara rekan. 3.5.2 mencermati uraian yang berkaitan kaidah penulisan aksara jawa. 3.5.3 mempertanyakan kaidah penulisan aksara jawa yang belum dipahami. 3.5.4 menemukan pokok-pokok isi yang terkandung didalam empat paragraf aksara jawa yang mengintegrasikan aksara rekan. 3.5.5 menulis teks empat paragraf aksara jawa yang mengintegrasikan aksara rekan. 3.5.1 Menyunting kesalahan aksara jawa tulisan teman 3.5.2 berdiskusi kaidah penulisan aksara jawa yang mengintegrasikan aksara rekan 3.5.3 menyajikan secara lisan atau tulisan empat paragraf aksara jawa yang mengintegrasikan aksara rekan yang ditulis. A. ASAL MUASAL AKSARA JAWA ASAL USULE AKSARA JAWA Carita Aji Saka iku nyritakaké Aji Saka saka India sing mara ing Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kaloroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang. Aksara Hanacaraka jenengé dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné: HA NA CA RA KA - DA TA SA WA LA - PA DHA JA YA NYA - MA GA BA THA NGA Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "HANA CARAKA" tegesé "Ana utusan" "DATA SAWALA" tegesé "Padha garejegan" "PADHA JAYANYA" tegesé "Padha digjayané" "MAGA BATHANGA" tegesé "Padha dadi bathang". Sinopsis Versi sing kapacak ing ngisor iki miturut vèrsi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939): Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa. Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah
Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing nagara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang nagara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger. Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha lumebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amarga dhèwèké seneng tetulung. Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka. Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané. Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar. Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, ya iku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé. Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba sarta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing sagara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir sagara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing sagara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining sagara kidul. Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing nagara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga. Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apaapa. Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga saka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan. Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké. Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh. Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawatara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat. Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné. Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.
Sumber pustaka {jv} Dharmabrata, 1939, Lajang hanatjaraka: piwoelang matja aksara djawa majar, gampang, gelis sampoerna karangané Dharmabrata; kang ngrengga gambaran Soelardi lan Soemardi. Groningen: Wolters B. JINISIPUN AKSARA JAWA PASANGAN LAN SANDHANGAN 1. AKSARA PASANGAN Pasangan dipun ginakaken kangge mateni vokal konsonan ing ngajengipun. Ing panyeratan aksara jawa mboten ngginakaken spasi, saengga aksara pasangan menika saget nggamblangaken master tembung. Wujudipun aksara pasangan inggih menika: Tuladha: 2. SANDHANGAN Sandhangan inggih menika aksara tetenger ingkang dipun angge ngewahi utawa muwuhi ungelipun aksara utawi pasangan. Jinisipun inggih menika: a) Sandhangan Swara b) Sandhangan Panyigeg
3. AKSARA MURDHA Aksara murdha dipun ginakaken wonten ing tataprungu, kangge nyerat jejulukipun, asmanipun para-para priyayi luhur lan pandunungipun. Wujudipun aksara murdha inggih menika: Tuladha Aksara Murdha:
4. AKSARA SWARA Contoh penulisannya sebagai berikut: Wulan Oktober Agama Islam Kitab Al Quran 5. AKSARA REKAN a) Tegese Aksara Rekan Ing Baoesastra Jawa, tembung rekan duwe teges 1) apa-apa sing direka-reka (diakal-akal), 2) tiron, gawean (Purwadarminta, 1939: 523). Saka teges mau bisa dimangerteni menawa aksara rekan pancen gunane kanggo niru tetembungan kang direka dadi basa Jawa. b) Cacahe Aksara Rekan
Gambar 3.4 Aksara Rekan (gambar kajupuk saka https://4.bp.blogspot.com/-NCc7asv1VQ/WYXNKAj2zTI/AAAAAAAAAh4/CgOgTBNLz M0Palado rEfhzd27PCh77mdwCEwYBhgL/s1600/rekan.jpg tanggal 16 April 2018) Tuladha panganggone aksara rekan bisa panjenengan pirsani ing gambar ngisor iki. Gambar 3.5 Tuladha Panganggone Aksara Rekan (gambar kajupuk saka https://mgmpjawapemalang.files.wordpress.com/2009/09/rekan.jpg?w=468 tanggal 18 April 2018) c) Paugeran Panganggone Aksara Rekan Panganggone aksara rekan ora sembarangan. Paugeran panganggone aksara rekan yaiku: a) Aksara rekan kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, utamane tembung kang saka basa Arab. b) Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan pepet, cecake telu dumunung ing sajrone pepet. c) Menawa aksara rekan karaketake karo sandhangan wulu, layar, utawa cecak, cecake telu dumunung ing sisih kiwa, sandhangan wulu, layar, utawa cecak ing sisih tengen. d) Aksara rekan ora kena dadi pasangan, kejaba aksara p kang wujud pasangane. e) Menawa aksara rekan dumunung ing saburine wanda sigeg, sigeging wanda iku kudu dipangku. Gunane aksara rekan dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, luwih-luwih tembung arab. Menawa ora dicethakake yen kang ditulis iku tembung manca, mung katulis nganggo aksara lumrahe bae. Tuladhane kayata: 1. khatib, katib (tegese punggawa masjid andhahane penghulu 2. dhikir, dzikir (tegese ngucap, la illaha illallah, bola-bali) 3. Faham, paham (tegese ngreti banget) 4. Zakat, jakat (tegese dana saperanganipun barang darbeke) 5. Ghaib, gaib (tegese samar, winadi) Gladhen 10. Tuladha wacan mawa aksara jawa ing ngisor iki setitekno panulise angka jawa! Banjur salinen mawa aksara latin!