The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Narto Narto, 2023-05-30 12:19:38

Modul Jawa XI 2023 Gasal baru

Modul Jawa XI 2023 Gasal baru

Uji kompetensi 5 I. pilihen salah siji wangsulan kang koanggep bener, kanthi mbubuhi tandha ping (x) aksara a,b,c,d utawa e ing lembar wangsulan kang cumawis! 1. yen ditulis latin… a. Ghazali karo zulpi padha dzikir b. Ghazali karo zula padha dzikir c. Ghazali karo zulfa padha dzikir d. Ghazali karo zulpa padha dzikir e. Ghajali karu julfa padha dikir 2. Yen ditulis latin… a. Fatimah arep mbayar zakat fitrah b. Fatimah arep ambayar zakat fitrah c. Fatimah arep ambayar zakat d. Fatimah mbayar zakat fitrah e. Patimah arep mbayar jakat pitrah 3. Aksara rekan iku cacahe ana… a. b. c. d. e. 4. Aksara rekan iku aksara jawa kang direka-reka utawa digawe supaya ana kanggo nulis tembungtembung manca, amarga ing aksara jawa baku kang mung cacah 20 iku ora tinemu utawa ora ana.ing ngisor iki endi aksara rekan kang paling bener… 5. tembung kasebut yen dilatinke kang bener yaiku…. a. Folio b. kertas folio c. kertas HVS d. kerja kreatif e. kertas asturo 6. Sabda tama ngemot pitutur becik yen ditulis nganggo aksara jawa, yaiku… 7. Wacanen! a. Anak bekti karo wong tuwo b. Anak kudu bekti karo wong tuwo c. Anak kudu bekti marang wong tuwo d. Anak iku bekti karo wong tuwo


e. Anakku kudu bekti karo wong yuwane 8. Wacanen! a. Tuladen patuladhan kang becik b. Tulaten patuladhan kang becik c. Tuladen patuladan kang becik d. Tuladen patuladhan ingkang becik e. Tuladen patuladan becik 9. Wacanen! a. Siswa lantip bisa ninthingi kabecikan b. Siswa kang lantip ninthingi kabecikan c. Siswa kang lantip bisa ninthingi kabecikan d. Siswa ingkang lantip bisa ninthingi kabecikan e. Siswa kang lantip bisa ninthingi tindak becik 10. Wacanen! a. Ing ngendi papan kudu tanggap ing sasmita b. Ing ngendi papan kudu tansah tanggap sasmita c. Ing ngendi papan kudu tanggap sasmita d. Ing ngendi papan kudu ngudi ing sasmita e. Ing ngendi papan kudu tanggap 11. ukara iku yen dilatinke… a. Ing toko mau ngati magrib b. Ing toko mau tuku folio c. Ing toko mau ngati wayah arep adzan isyak d. Ing toko mau ngati wayah arep adzan magrib e. Ing toko mau wayah maghrib 12. ukara iku yen dilatinke… Ing ngisor iki endi kang unine “mugi khusnul khotimah”…. a. Mugi kusnul kotimah b. Mugi khusnul khotimah c. Mugi khusnul khotimah d. Mugi kusnul khotimah e. Mugi husnul khotimah 13. yen katulis latin yaiku… a. aku saiki umur 13 taun. b. Aku saiki umur 14 taun c. Aku saiki umur 15 taun d. Aku saiki umur 16 taun e. Aku saiki umur 17 taun 14. yen katulis latin yaiku… a. Setu malem minggu tanggal 8 sasi 8 kepungkur b. Setu malem minggu tanggal 9 sasi 8 kepungkur c. Setu malem minggu tanggal 9 sasi 7 kepungkur d. Setu malem miinggu tanggal 7 sasi 9 kepungkur e. Setu malem minggu tanggal 8 sasi 7 kepungkur 15. ukara kui yen ditulis nganggo latin wujude… a. kumbakarno ora niat mbantu dasamuka b. Kumbakarna ora niyat mbaleni dasamuka c. Kumbokarno ora niyat mbaleni dasamuka d. Kumbakarno ora niat mbaleni dasamuka e. Kumbakarna ora niat mbantu dasamuka


SOAL LATIHAN MID SEMESTER GASAL I. wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ana ing aksara a,b,c,d utawa e ana ing lembar wangsulan kang wis kasudiyakake! 1. Wohing kagunan basa kang edi lan endah, arupa iketaning tembung kang kacencang wewaton tartamtum, diarani… a. Bebasan b. Paribasan c. Tembang macapat d. Geguritan e. Kasusastran jawa Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara 2. Tembang macapat ing nginggil inggih menika tembang… a. Pocung b. Sinom c. Pangkur d. Dhandhanggula e. Durma 3. Guru lagu lan guru wilangane tembang macapat ing nginggil inggih menika… a. 8a, 8i, 8a, 8i, 7u, 8a, 8i, 12a b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i c. 12u, 6a, 8i, 12a d. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i e. 12i, 6a, 8i, 8a 4. Wos surasane tembang macapat ing dhuwut yaiku… a. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan b. Golek ngelmu iku kelakone kudu rekasa c. Bisa entuk ngelmu yen bisa ngedohi sipat kang ala d. Yen golek ngelmu iku kanthi tenanan bakal bisa kagayuh e. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil 5. Gatra wonten ing tembang macapat ing nginggil ingkang ateges ‘nebawu pados ngelmu menika kanthi tenan bakal saged kagayuh’ inggih menika… a. Ngelmu iku kelakone kanthi laku b. Lekase lawan kas c. Tegese kas nyantosani d. Setya budya pangekese dur angkara e. Tut wuri handayani 6. Setya budya pangekese dur angkara, gatra pungkasan tembang macapat ing dhuwur tegese… a. Pados ngelmu diwiwiti kanthi tenanan b. Pados ngelmu iku kelakone kedah rekasa c. Saged pikantuk ngelmu menawi saged ngedohi sipat kang ala d. Menawi pados ngelmu menika kanthi tenan bakal saged kagayuh 7. Ing ngisor iki tegese tembang macapat, kajaba… a. Maca papat-papat b. Tangga desa kang ngubengi c. Saka tembung ma + capat dadi lupa-lupa ingat d. Saka basa inggris tegese tangga nada e. Saka tembung manca tegese lima (aksara vocal) 8. Ing ngisor iki gunane sekar macapat ing kasusastran jawa yaiku, kajaba… a. Kanggo medharaken pemanggih b. Sarana hiburan c. Kanggo nggampangake omongan d. Kanggo penolak balak e. Kanggo nggampangake pangeling-eling 9. Cariyos ingkang wujudipun prosa lan ukuranipun Panjang lan wiyar inggih menika… a. Novel b. Cerkak c. Geguritan d. Cerbung e. Cernak 10. Ing ngandhap menika ingkang kalebet titikanipun novel, kejawi… a. Nggadahi alur ingkang kompleks b. Temanipun langkung skaing setunggal c. Paraganopun langkung kathah d. Paraga-paraga dipungambarake kanthi wiyar e. Cariyosipun cekak la naos 11. Nilai wonten ing karya sastra / novel ingkang surasanipun saged sikep gesang lan kapitayanipun pamaos. Mila pamaos gadhah lapribaden ingkang percaya marang dhiri pribadinipun piyambak, ingih menika… a. Nilai social b. Nilai ethic c. Nilai spirit d. Nilai koleksi e. Nilai kultural


12. Nalika damel synopsis, babagan pacelathon dipunserat kanthi… a. Isi utawi intinipun mawon b. Isi utawi intinipun mawon c. Nyatet lajering pirembegan d. Ringkes lan narik kawigaten e. Jumbuh kalian aluripun 13. Ing ngisor iki kalebu prinsip synopsis yaiku, kajaba… a. Narik kawigaten b. Ringkes c. Nggunakake sudut pandang wong katelu d. Njlentrehake carane ngudhari konflik e. Basane sing apik lan nganggo purwakanthi 14. Perangan ingkang ngemot ide pokok utawi permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita novel inggih menika… a. Tema b. Setting c. Sudut pandang d. Alur/plot e. Penokohan 15. Novel kanthi irah-irahan ngulandara kang dadi paraga utama Priya lan wanita iku… a. Raden bei asisten wedana – raden ajeng tien b. Raden bei asisten wedana – raden ayu asisten wedana c. Oci wat hien – raden ajeng tien d. R. Hardjana – raden ajeng tien e. RM. Sutanta – raden ajeng tien 16. Ancase sesorah yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba… a. Menehi hiburan b. Menehi kawruh c. Menehi informasi d. Pengajak-ajak e. Menehi pangapura 17. Ing ngisor iki dasanamane “gunung” yaiku… a. Ardi b. Angga c. Galih d. Esthi e. Manahan 18. Basa utawi tembung ingkang diothak athik mathuk lan ugi disebut jarwa dhosok inggih menika… a. Dasanama d. Cangkriman b. Kawruh basa e. Wangsalan c. Kerata basa 19. Tembung “sing dieman-eman metu” jarwa dhosokipun ingih menika… a. Guru b. Mantu c. Rukun d. Tayub e. Kupluk 20. Dasanamane srengenge yaiku… a. Bagaskara, bagaspati, raditya, surya b. Bagaspati, raditya, surya, sasadara c. Raditya, candra, sitaresmi, surya d. Surya, raditya, sasadara, bagaskara e. Surya, raditya, bagaspati, agni 21. Wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos, supaya pamaos oleh informasi kang genep babagan sawijining objek diarani… a. Wacana argumentasi b. Pawarta/berita c. Wacana eksposisi d. Wacana narasi e. Wacana persuasi Assalamu’alaikum Wr.Wb Alhamdulillahirobbilalamiin.assholatu wassalmu alal asrofil ambyaaki wal mursalin sayyidina wa maulana muhammadim wa ala aalihii washohbihi ajmain ama bakdu. Salam kasugengan,salam karaharjan mugi tansah kajiwa, kasaira, dhumateng kula panjenengan sedaya, amin. Panjenenganipun bapak dwija, linuwih pangarsanipun pawiyatan madrasah Aliyah ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati. Bapak/ibu guru sarta karyawan madrasah Aliyah ingkang satuhu sinudarsana, sarta para kanca kelas X lan XI ingkang kulo tresnani. Langkung rumiyin, sumangga tansah kula sedaya kraos lan rumaos kanthi ngunjukkaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng ngren-tahaken pinten-pinten kabagyan, kanikmatan, mliginipun nikmat iman ingkang jejeg sarta kalodhangan satemah kula sadaya saged makempalmanunggal ing aula madrasah Aliyah kanthi kabagaswarasan lan kawilujengan ingkang tansah tumanduk dhateng angga kita sedaya.


Para bapak, ibu, tuwin para lenggah sedaya, kula minangka badal wakil sarta wod lumaraping atur para kanca kelas XII, mboten kesupen ngambali atur sugeng rawuh kairing agunging panuwun, dene sampun kersa angestreni pepanggihan menika. Kejawi menika, kula ugi ngaturaken panuwun dhateng pangarsa madrasah Aliyah ingkan sampun kersa nampi sarta mangku sadaya sarana, ubarampe tuwin samudayanipun amrih cekapipun pepanggihan menika. Mugi-mugi kesaenaning penggalih kaparingan nugrahaning pangeran INgkang Maha Asih. Kula sakanca nyuwun pangapunten kanthi sanget mboten saged nyaosi pinwales menapa-menapa. Bapak-bapak, ibu-ibu guru,bapak-ibu wali murid sarta para kanca sadaya, wosing atur kula sadaya kelas XII ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa Gusti ingkang maha Rahiim ingkang sampun paring sih pitulungan ngantos para kanca siswa kelas XII ing ujian nasional serta ujian sekolah wekdal menika saged lulus sarta tamat sadaya 100% .dene ingkang kaping kalih, kula minangka wakilipun para kanca maturnuwun sanget dhumateng para bapak saha ibu guru ingkang sampun kersa maringi piwucal, kawruh, wewarah, tuwin pitedah, ingkang murakabi sanget. Boten langkung kula sakanca nyuwun, pangestu mugi mugi saged ngalengaken sinau ing tataran ingkang langkung inggil kanthi gangsar. Dene ingkang boten nglajengaken sageda pikantuk pedamelan laras kaliyan kesagedanipun…. 22. Wosing atur wakil saka kelas XII kabeber ana ing ngisor iki, kajaba… a. Agunging panuwun ing ngarsa Gusti Ingkang Maha Rahim b. Matur nuwun dhumateng para dwija c. Nyuwun pangestu saking para dwija d. Nyuwun pangapunten awit ndamel runtiking penggalih e. Nyuwun sami angestreni menawi ketampi wonten perguruan tinggi 23. Kagunan basa kang anggone negesi tembung kanthi diwalik, lan lumrahe dienggo ana ing tembung kang duweni karep supaya bisa njumbuhake guru lagune (tembang macapat), yaiku… a. Parikan b. Dasanama c. Keratabasa d. Wangsalan e. Baliswara 24. Kenging menapa atur wakil saking kelas XII ngaturaken agunging panuwun ing ngarsa gusti ingkang maha Rahim? a. Jalaran diparingi kraharjan lan kasugengan b. Jalaran diparingi sih pitulungan kanthi lulus lan tamat 100% c. Jalaran diparingi piwucal,wewarah lan seserepan d. Jalaran diparingi pitedah ingkang sanget mukarabi 25. Ing ngisor iki sebabe atur wakil saka kelas XII ngaturake matur nuwun dhumateng para dwija, kajaba… a. Kersa maringi piwucal b. Kersa maringi wewarah c. Kersa maringi pitedah d. Kersa maringi ilmu kang murakabi e. Kersa maringi idin ing pawiyaan sainggilipun 26. Ing ngisor iki sebabe atur wali kelas XII nyuwun pangapura, kajaba… a. Asring nakal b. Ora nganggu dhawuh c. Nerak angger-angger sekolah d. Nerak pager sekolah e. Ora nganggu pangandikan 27. Tata cara mantu kang duwe makna yen penganten putri iku ora entuk metu saka kamar,amarga ing acara utama,penganen putrine bajal ayu kaya widodari, yaiku… a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman


e. Upacara wiji dadi 28. Wis jamak lumrahe yen wong lanang iku kudu tanggung jawab marang kaluwargane, mula kudu bida menehi nfakha, marang kaluwargane, tatacara mantu kang jumbuh kare pratelan iku, diarani… a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucir d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 29. Tatacara mantu kang maknane supaya reresik awak, amarga awak kang resik ndadekake uga sehat, lan adoh saka lelara, yaiku… a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 30. Upacara kang minangka pralambang penganten kakung iku sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mring kulawarga, yaiku… a. Siraman b. Midodareni c. Kacar-kucur d. Sungkeman e. Upacara wiji dadi 31. ukara kang trep yen kowe pamit ibumu manawa arep mangkat sekolah yaiku… a. bu, nyuwun pangestu kula badhe dhateng sekolah b. bu, nyuwun pangestu kula badhe bidhal sekolah c. bu, nyuwun pangestu kula badhe mtindhak sekolah d. bu, nyuwun pangestu kula badhe mangkat sekolah e. bu, nyuwun pangestu kula badhe mlampah 32. ukara ngisor iki kang ora bener miturut unggah – ungguh basa yaiku… a. nalika bapak tindak kantor, kula nembe adus b. mbah kakung nembe dhahar pohong goreng c. pak lurah tindak kantor nitih mobil d. kula dhawuhi ibu supados nyiapaken sangu kangge adik e. ibu tindak peken nalika bapak tasih sare 33. ukara ing ngisor iki kang ora bener miturut unggah-ungguh basa yaiku… a. simbah rawuh nalika ibu lagi sare b. pakdhe nembe mlampah nyambut damel c. bapak kalawau dalu sare jam 21.00 WIB d. adhiku lagi wae maem bubur e. ibu tindak peken nalika bapak tasih sare 34. ukara ing ngisor iki kang ora bener miturut unggah-ungguh basa yaiku… a. simbah rawuh nalika ibu lagi sare b. pakdhe nembe mlampah nyambut damel c. bapak kalawau dalu sare jam 21.00 WIB d. adhiku lagi wae maem bubur e. aku sarapane nganggo endhog goreng 35. pakdhe harno saben dino lunga menyang kantor numpak motor.Ukara ing dhuwur iki basane krama alus yaiku… a. pakdhe harno saben dinten mlampah kantor nitih montor b. pakdhe harno saben dinten tindhak kantor nitih montor c. pakdhe harno saben dinten tindak dhateng kantor nitih montor d. pakdhe harno saben dinten mlampah kantor nitih montor e. pakdhe harno saben dinten tindak menyang kantor nitih montor 36. kepriye anggonmu matur marang bapak guru menawa kowe telat mlebu sekolah…. a. “ nuwun sewu pak, kula telat,menapa kepareng kula mlebet? b. “ nuwun sewu pak, kula telat, menapa isoh kula mlebet?” c. “ nuwun sewu pak, kula telat, menapa lajeng kula mlebet?” d. “ nuwun sewu pak, nembe telat, menapa badhe kula mlebet?” e. “ nuwun sewu pak,nembe telat, menapa angsal kula mlebet?


II. wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi premati ! 1. Gawea perangane teks pidhato bagean surasa basa kanthi undheran “kamardikan”! Wangsulan: ___________________________________________________________ 2. Apa kang kok ngerteni babagan wacana deskripsi iku? Wangsulan: ___________________________________________________________ 3. Gaweya cakepan tembang pocung nganggo basa mu dewe! Wangsulan: ___________________________________________________________ 4. Jlentrehna makna tembang macapat pocung ing ngisor iki! Ngelmu iku, kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangkese dur angkara Wangsulan: ___________________________________________________________ 5. Tulisen nganggo aksara jawa! a. Gaman ilang landhepe bakal dadi rosokan. b. Yen kabeh manungsa wis padha ngugemi atine. c. Ora maneh kepingin menang-menangan. Wangsulan: ___________________________________________________________


SOAL UJIAN SEMESTER GASAL I. wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor… Samengko ingsung tutur Sembah catur supaya lumunthur Dhingin raga cipta jiwa rasa kako Tandha nugrahaning manon 1. Tembang ing dhuwur yaiku… a. Gambuh b. Kinanthi c. Asmarandana d. Mijil e. Maskumambang 2. Sembah catur supaya lumuntur ateges a. Wujud sembah raga cipta jiwa rasa b. Setitekna apa kang takandharake c. Iku wujud kanigrahan gusti d. Andharan babagan sembah patang perkara e. Welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan gusti 3. Larik kang ateges setitekna apa kang takandharake yaiku… a. Samengko ingsung tutur b. Sembah catur supaya lumuntur c. Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki d. ing kono lamun ketemu e. tandha nugrahaning manon 4. larik kang ateges iku wujud kanugrahan gusti yaiku… a. Samengko ingsung tutur b. Sembah catur supaya lumuntur c. Dhingin raga cipta jiwa rasa kaki d. ing kono lamun ketemu e. tandha nugrahaning manon 5. wos surasane tembang ing dhuwur yaiku… a. wujud sembah raga cipta jiwa rasa b. setitekna apa kang takandharake c. iku wujud kanugrahan gusti d. andharan babagan sembah patang perkara e. welingku nindakna patang perkara supaya entuk kanugrahan gusti 6. sembah kang nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata yaiku… a. sembah suksma b. sembah rasa c. sembah raga d. sembah tapa e. sembah cita 7. wedharan tembang gambuh yaiku… a. saka tembung jumbuh/sarujuk kanggo teges yen wis jumbuh/sarujuk banjur digathukake antarane Priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan. b. Yen wis dadi layon/mayit banjur dbungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur c. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa napsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha d. Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang di gayuh bisa kasembadan, kelakon duwe sisihan/bojo, duwe anak, urip cukup kanggo sakaluwarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombing atine, bisa diarani ndhandhang gula. e. Saka tembung megatruh utawa pegatruhe/nyawane,awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring sing maha kuwaos. 8. Saben tembag macapat kuwi dhuweni paugeran, yaiku… a. Guru basa. guru gatra, guru lagu b. Guru lagu, guru gatra, guru wilangan c. Guru basa, guru wilangan, guru gatra d. Guru gatra, guru wilangan, guru sastra e. Guru basa, guru sastra, guru lagu 9. Rerangkening/cengkoranganing prastawa/kedadeyan ing crita diarani… a. Tema b. Setting c. Alur/plot


d. Penokohan e. Konflik 10. Ide pokok atau permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita diarani… a. Tema b. Setting c. Alur/plot d. Penokohan e. Konflik 11. Perkara iky kang dadi punjere crita, ing perangan iki pancen di ketokake perkara apa kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten diarani… a. Tema b. Setting c. Alur/plot d. Penokohan e. Konflik 12. Crita rakyat iku perangan karya sastra lisan kang ndhuweni karakter crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit yaiku… a. Religius b. Anonim c. Kolektif d. Individual e. Kontradiktif 13. Crita kang surasane kadadeyan ing alam daratan, segara, utawa langit, paragane manungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kesektian ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa urip ning segara diarani… a. Mitos b. Legenda c. Dongeng d. Crita Cekak e. Novel 14. Crita kang dianggep ngayawara, ora bisa di percaya di arani… a. Mitos b. Legenda c. Dongeng d. Crita Cekak e. Novel 15. Basakang di enggo wong tua marang wong enom kang perludiajeni, yaiku… a. Ngokolugu b. Ngokoalus c. Krama alus d. Krama lugu e. Krama madya 16. Ukara kang migunakake basa krama alus yaiku… a. Bapak tindak kantor nitih motor b. Mbak siti adol pisang goreng c. esuk mau sri rejeki nelpon kancane d. Kula tumbas kamus basa jawa e. Mas ari tindak menyang magetan 17. Pawarta kang ditujokake kanggo umum lan surasane menehi pangerten tumrap sawijining prastawa diarani… a. Layang d. selebaran b. wara-wara e. sedhalan c. majalah 18. Sayembara yaiku pariwara kang surasane… a. nawakake barang/jasa b. surasane lomba/andon c. iklan radio d. iklan tv e. iklan cetak Wacanen teks pariwara ing ngisor iki kanthi premati, kanggo mangsuli pitakon nomer 19-21! Pak Banu : Adhuh, motorku kok mogok ngeneya? Wong ya wingi lagi bubar mlebu bengkel lho. Bejo : Bengkel sing ngendi ta pak dhe? Pak Banu : kae lho bengkel cilik nang pojokan gang. Bejo : we alah. Kokya nang kono ta pak dhe. Menawa meh dandhakne motor kuwi sing apik ya nang bengkel lancer jaya, manggone ana ing dalan yosodipura no. 67. Panggone kepenak, pelayane grapyak, murah, dandanane ya ora bisa di paido, joooss pokoke. Pak Banu : yayaya, ngerti aku sakiki. Sesuk tak mrana. Matur nuwun ya jo wis dikandhani.


19. Teks pariwara ing dhuwur becike digiyarake lumantar… a. Internet d. Kalawanti b. Radhiyo e. Spanduk c. Ariwarti 20. Ancase pariwara ing dhuwur yaiku… a. nawakake jasa b. nawakake barang c. warta kulawarga d. layanan masyarakat e. lowongan pagawean 21. Pacelathon antarane paraga sajroning teks pariwara ing ndhuwur ngunakake basa… a. Krama alus d. krama madya b. ngoko alus e. krama ndesa c. ngoko lugu 22. Iklan kang munug mbutuhake gambar lan pangolahing werna yaiku… a. nawakake barang/jasa b. surasane lomba/andon c. iklan radio d. iklan tv e. iklan cetak 23. Wacana eksposisi yaiku… a. wacana sing nyritakake sawijining kedadeyan adhedhasar urutan wektu b. wacana sing tujuane kanggo menehi data, bukti, utawa asil-asile penalaran kanggo maringi informasi kanggo pamaos c. wacana kang nyritakake analisa proses nganggo cara narasi kanggo njembarake pangertene wong d. wacana kang nggambarake sawijining bab adhedhasar kesan saka pengamatan, pengalaman, utawa perasaane penulis e. wacana persuasi ameh padha karo argumentasi, awit padha mbudidaya supaya percaya antarane siji lan sijine kang lagi rembugan 24. Wacana eksposisi ingkang njlentreh-akeh urutan kedadeyan/prastawa diarani… a. eksposisi definisi b. eksposisi klasifikasi c. eksposisi proses d. eksposisi ilustrasi e. eksposisi perbandingan 25. Timun suri nduweni jeneng latin Cucumis sativus iku kalebu varietas tanduran cucumber. Timun suri iku, woh kang ngandhut akeh banyu lan ngandhut serat lan akeh provitamin A. timun suri biyasane akeh dituku nalika sasi pasa. Wacana eksposisi ing ndhuwur kalebu eksposisi… a. ilustrasi d. klasifikasi b. proses e. definisi c. perbandingan Prabu Dewata Cengkar kuwi ratu ing nagari Medhang Kamulan. Prabu Dewata Cengkar dhuweni watak wengis lan kejem. Saben dina dhaharipun iwak manungsa. Siji mbaka siji wargaming medhang kamulan entek di pun dhahar dening Prabu Dewata Cengkar. Ajisaka banjur masrahake dhiri dhateng Prabu Dewata Cengkar. Nanging, sakdurunge dipateni, ajisaka njaluk papan utawa lemah sing jembare sapecak ing iketing sirahipun ajisaka. Iket wau banjur dipun geret dening dewata cengkar. Sanalika iket sing di geret malah sangsaya jembar. Wusana dewata cengkar mlebu ana jurang ing segara. 26. Wacaning ndhuwur nuduhake watake Prabu Dewata Cengkar yaiku… a. welas asih lan tresna dhateng sesama. b. prabu ingkang adil lan wicaksana. c. Tamak,kejam, wengis, lan serakah. d. mboten nate mblenjani janji. e. Prabu ingkang dhaharipun dipun kancani kalian manungsa. 27. Pratelan ing ngisor iki sing ora jumbuh karo wacaning nduwur yaiku… a. Prabu Dewata Cengkar saben dina dhahar iwak manungsa b. Prabu Dewata Cengkar dadi pangayomaning kawulane. c. Ajisaka duweni sawijining kaluwihan nalika nantang dewata cengkar. d. Dewata cengkar bisa dikalahke ajisaka ing medhang kamulan.


e. Iket sing manggon ing sirahipun ajisaka tambah jembar nalika di geret. 28. Pitutur menapa ingkang saged kapethik saking waosan ing nginggil… a. Asih tresna sasami kudu diugemi murih bebrayan ing Donya bisa tentrem. b. Prabu kuwi duweni wewenang kanggo nindakake apa wae. c. Mumpung isih nom kudu seneng tetulung. d. Anpun nganti mbalela karo dhawuhing sang prabu. e. Menawa duweni kaluwihan kang digdaya, diketokne supaya kabeh wong bisa ngerti. 29. Parikan iki tutugna! Nyangking ember kiwatengen,…. a. Dadi murid kudu pinter b. Lungguh jejer nggo tamba kangen c. Luwih becik sing prasaja d. Wong urip aja neka-neka e. Dadi murid kudu sregep 30. Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangan (wangsulane) wis dikandhakake, diarani… a. Paribasan b. Unen-unen c. Cangkriman d. Parikan e. Wangsalan 31. Inti/ wos saka sakabehe isi wacana di arani…. a. Ilustrasi b. Gagasan pokok c. Panemu d. Ukara katrangan e. Amanat 32. Runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine diarani.. a. Purwakanthi b. Basa rinengga c. Cangkriman d. Parikan e. Wangsalan 33. Basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah… a. Purwakanthi b. Basa rinengga c. Cangkriman d. Parikan e. Wangsalan 34. Ing ngisor iki titikane parikan, kajaba…….. a. Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho. b. Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose). c. Cacahe larik bebas. d. Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra. e. Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra. 35. Kancaku saklas biyen wis kaya sedulur, merga ana ing ngendi wae mesthi bebarengan, sadurunge oleh pakaryan kerep dolan menyang omahku, nanging wis suwe ora krungu kabare. Minggu wingi tanpa kanyane dheweke dolan menyang omahku, sepira senenge atiku. Wangsalan kang jumbuh karo pratelan iku, yaiku…. a. Pitik walik saba kebon b. Mrica kecut c. Njangan gori d. Njanur gunung e. Nyaron bumbung 36. Crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat yaiku… a. Crita cekak b. Crita sambung c. Crita rakyat d. Novel e. Crita pengalaman


37. Piweling/pepeling kang kinandhut ing crita, yaiku… a. Tema b. Padunungan c. Alur/plot d. Paraga e. Amanat 38. Serat wedhatama iku anggitane… a. KPGBA Mangkunegaran IV b. KGPAA Mangkunegaran IV c. Sri Pakualam V d. Rangga Warsita e. K.RT Mangkunegaran IV 39. Kanggo mengeti lelabuhane dora lan sembada, Ajisaka ngripta aksara jawa. Ing antarane unine pa-dha-ja-ya-na kang tegese….. a. Ana utusan b. Bareng mati c. Padha regejegan d. Padha digdayane e. Padha dadi bathang 40. Gunane aksara murda kanggo… a. Kanggo miwiti panulise ukara b. Nulis tembung saka basa arab c. Minangka sulihe wanda kang mati d. Nulis jeneng minangka pakurmatan e. Nulis tembung manca kang dicethakake 41. Pacelathon Bu gendis :kagungan … punapa pak, kadingaren enjing- enjing …mriki? Pak Anindito :kula badhe … kaliyan pak pur, wonten? Bu gendhis : pak pur nembe kemawon …… peken. Wonten punapa sajak wigati sanget? Pak Anindito : Mekaten Bu, kula badhe … kendharaan kangge mrisakaken simbah dhateng dokter. Wiwit wau dalu kok radi benter. Bu Gendis : Nggih sumangga kapinujon kendharaanipun wonten …… menika wau bapak tindakan mawon Pak Anindito: Matur nuwun Bu. Isine ceceg-ceceg ing pachelathoning dhuwur yaiku… a. Kersa, dugi, kepanggih, kesah, Nyuwun ngampil, griya b. Kersa, tindak, sowan, tindak, nyuwun ngampil, dalem c. Kersa, tindak, kepanggih, tindak, nyuwun ngampil d. Damel, tindak, ngadhep, tindak, nyuwun ngampil, griya e. Damel, tindak, kepanggih, kesah, nyuwun ngampil, daleme 42. Ing ngisor iki kang ora digunakake ing pariwara lumantar ing radhio yaiku… a. Swara manungsa b. Music c. Jingle d. Efek suara e. Visualisasi gerak 43. Crita kang ana bukti lan nyatane, ananging wis ketambahan crita kang ora nggenah sumber asline, yaiku… a. Mithe b. Fabel c. Legenda d. Hikayat e. Babad 44. Ringkesaning crita saka alur kang dawa dadi cekak ananging bisa njlentrehake crita sakabehe, yaiku… a. Synopsis b. Sintesis c. Diksi d. Paraphrase e. Retorika 45. Sekar macapat kang nggambarake kadewasaning jiwa lan bisa manunggalake cipta, rasa, karsa saha karya yaiku… a. Maskumambang b. Megatruh c. Gambuh d. Dhandhanggula e. Mijil 46. Ing ngisor iki kalebu karakteristike crita rakyat, kajaba….


a. Anonym b. Kolektif c. Dicritakake kanthi lesan d. Kanthi bukti kang nyata e. Dicritakake saka generasi ke generasi 47. Abdine Aji Saka kang ndherekake njajah tanah jawa, yaiku… a. Deduga lan prayoga b. Deduga lan sembada c. Deduga lan dora d. Dora lan sembada e. Dora lan prayoga 48. Menawa arep gawe pariwara kang tinulis kudu nggatekake tampilan/ layout kang prasaja, kajaba… a. Nglirwake konsumen b. Focus c. Aksi cepet d. Narik kawigaten e. Ukuran kang trep 49. Gaya tulisan ing pariwara kang tinulis, menawa nggunakake aksara bayangan iku minangka tanda apa… a. Menehi kesan formal/resmi b. Menehi kesan ramah/asor c. Menehi kesan feminim d. Menehi kesan aksi gaya e. Menehi kesan 3D 50. Dumadi saka tembung jumbih/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh banjur digathukake antaraning Priya lan wanita, minangka wedharan saka….. a. Tembang dhandhanggula b. Tembang pangkur c. Tembang sinom d. Tembang gambuh e. Tembang asmarandhana


Click to View FlipBook Version