PENUTUP
A. Rangkuman
Widya makna iku nyinau babagan sesambunage lambang utawa
tandha kang nuduhake sakwijine makna. Makna siji lan sijine. Widya
makna yaiku salah sijining perangan panaliten utawa perangan kawruh
basa kang neliti tegesing basa utawa arti, Obyek kajiane widya makna
yaiku makna tembung, frase, klausa lan ukara. Tembung siji lan sijine
duwe teges padha utawa beda gumantung konteks ukarane, sense, nilai
rasa, maksud lan nada.
Tegese tembung nalika madeg dhewe karo wis ana ing ukara
tegese beda. Jinis makna gumantung saka kajiane. Maknane bisa padha
karo kamus, siji bandhing siji, utawa sesuai konsep, utawa gramatikalle.
Tegese tembung bisa owah amarga saka faktor kebetulan, faktor
umur, faktor tabu, lan faktor polisemi. Dene tegese tembung owah bisa
uga disebabake tembung iku tegese luwih jembar utawa sempit
gumantung panganggone tembung lan panganggone, nilai rasa kang
dadekake tembung iku luwih sopan tinimbang sakdurunge.
B. Test Formatif
Isenana titik-titik ing ngisor iki!
1. Mas Banu samenika taksih wonten margi.
Dasanamane tembung margi yaiku … .
2. Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun angling,
Lumuh ing ngaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
98
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
Dasanamane tembung balilu yaiku … .
3. Saben bakul iku mesthi wae golek bathi.
Kosok baline tembung bathi yaiku … .
4. Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda deniro cacariwis,
Ngandhar-andhar
angendhukur,
Kandhane nora
kaprah, saya elok
alangka
longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pinging
Kosok baline tembung pinging yaiku … .
5. Sumitri iku pancen ayu banget, mula dheweke dadi kembang ana ing desane.
Tembung kang ngemu teges konotatif ana ing ukara dhuwur iku yaiku … .
6. Tembung-tembung kang padha pangucap lan panulise nanging duwe teges
kang beda diarani … .
7. Tembung-tembung kang padha pangucape nanging beda tulisan lan tegese
diarani … .
8. Tembung-tembung kang padha panulise nanging beda pangucap lan tegese
diarani … .
9. Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
99
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si pengung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Tembung kang kosok baline urip ana ing pethilan Serat Wedhatama iku
yaiku … .
10. Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lha iya ingkang rama,
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama,
Nggon anggon agama suci
Tembung kang dasanamane luhur ana ing pethilan Serat Wedhatama iku yaiku …
.
100
C. Tes Sumatif
Wenehana tandha ping (X) ing aksara A, B, C, D, utawa E sing mbok anggep
paling bener.
1. Fonetik kang ngrembug babagan carane organ kanggo nyuwara bisa
ngasilaake swara yaiku
A. fonetik akustik
B. fonetik auditoris
C. fonetik organis
D. fonetik autogram
E. fonetik lateral
2. Swara kang kalebu ana ing vokal rada binuka yaiku … .
A. [i] lan [u]
B. [Ɛ], [ә], lan [ɔ].
C. [a]
D. [I] lan [U]
E. [e] lan [o]
3. Swara kang kalebu apiko-alveolar yaiku … .
A. [b], [p], lan [m]
B. [g], [k], lan [ŋ]
C. [j], [c], lan [ñ]
D. [n], [l], lan [r]
E. [d], [t], lan [h]
4. Transkripsi fonetis saka tembung tutuk yaiku … .
A. [tutU?]
B. [tutu?]
C. [tutUk]
D. [tuțU?] E. [tutuk]
101
5. Owahing swara amarga njumbuhake karo swara liyane kang ana ing
tembung diarani… .
A. aspirat
B. aferesis
C. prenasalisasi
D. protesis
E. asimilasi
6. Widya tembung nyinaoni babagan tembung, dumadine tembung lan owahe
sawijining tembung. Owahe sawijining tembung dadi tembung liya iku bisa
karana. ...
A. Kapisah
B. Kawuwur
C. Kawalik
D. Karangkep
E. Kapantha
7. Tembung kang oleh ater-ater anuswara ing ukara ngisor iki ngemu teges
ngandhakake kaanan kaya kang kasebut linggane, yaiku. …
A. Mbakyuku saiki mulang ana SD Kepatihan.
B. Wajan iki wis mesi, mula kepenak menawa kanggo nggoreng.
C. Makarya ing perusahaan iku mayar wae, ora rekasa.
D. Banyu buket iku mili mangetan, tumuju menyang kali Pepe.
E. Dheweke iku pancen kerep nglirwakakake dhawuhe wong tuwane.
8. Ukara ing ngisor iki, ngandhut tembung kang ndhuwe ater-ater kaya dene
ater-ater {di-}, yaiku. …
A. Kabeh kaluputane wus ingapura dening ramane.
B. Polisi wis nyoba nangkep dhalang kasus iku, nanging durung ana asile.
C. Bocah kang abasa alus iku putrane Pak Suta.
D. Sawise diseneni ibune, dheweke banjur sumingkir lunga saka omah.
E. Dheweke pancen seneng meguru marang simbahe.
102
9. Ukara ing ngisor iki tetembungane ana kang nganggo imbuhan bebarengan
rumaket, yaiku..
A. Putri Solo iku mlakune kaya macan luwe, dene lambeyane kaya blarak
sempal.
B. Enggal tumandanga resik-resik, sadurunge dhayohe padha teka.
C. Klambi saka kakangku iku isih kegedhen menawa dakanggo.
D. Jiwitana sakkesele wong dheweke kuwi ora gampang krasa lara.
E. Mbakyuku lagi milihi klambi kang lagi dikorting ana ing toko iku.
10. Tembung kang kacithak kandel ing ngisor iki nalika sadurunge dirimbag
awujud tembung aran, lan sawise dirimbag malih dadi tembung kaanan,
yaiku. ...
A. Apa kowe gelem ndhuwiti kancamu dhisik, supaya dheweke bisa melu
lunga?
B. Sawise adus kramas, adhik banjur jungkatan lan nganggo lenga wangi.
C. Dheweke seneng maguru marang simbahe.
D. Pamenang adu wasis tingkat SMP iku bakal antuk bebungah sepeda.
E. Roti iku wis njamur, amarga digawe seminggu kepungkur.
11. “Bukune Anjas uwis rusak, dene bukune Asih isih apik”. Adhedhasar
struktur ukarane, jejer kang ana ing ukara kasebut yaiku. ...
A. buku
B. Anjas lan Asih
C. bukune Anjas lan bukune Asih
D. rusak lan apik
E. bukune Anjas
103
12. Ing ngisor iki ukara kang jejere awujud frasa kriya, yaiku. ...
A. Sega liwet iku enak rasane.
B. Karo tengah iku padha karo sewu limangatus.
C. Sabar iku kalebu sipat kang utama.
D. Nonton kethoprak iku bisa nuwuhake rasa seneng.
E. Bocah ciliki loro iku putrane Pak Karto.
13. Ukara ing ngisor iki kalebu ukara tanggap, yaiku. ...
A. Sariman nangis amarga ora ditukokake dolanan.
B. Perkara iku wis daktakokake marang ibune.
C. Panjlentrehan bab iku isih sumambung karo bab sadurunge.
D. Pak Suta ngilangake bukune anake.
E. Rita nggawekake adhine crita cekak.
14. Ukara ing ngisor iki kalebu ukara camboran susun, yaiku. ...
A. Dheweke mangkat sekolah, ewadene udan deres.
B. Parti juwara siji ing sekolahane, wondene adhine ora tau entuk juwara.
C. Suparta iku pinter tur becik atine.
D. Pak Karto sae sanget anggenipun nyekar macapat tuwin saged ngrawit.
E. Pak Lurah dalah garwanipun angestreni pahargyan pawiwahan
putrinipun Pak Presiden Jokowi.
15. Ing ngisor iki kalebu jinising ukara sambawa, yaiku. ...
A. Sesuk yen celenganku wis akeh, arep daknggo tuku wedhus kanggo
korban Idul Adha.
B. Sinten ingkang kepingin dados dwija kang profesional?
C. Dheweke dhisik gelema jupuk jurusan pendidikan basa Jawa mesthi
saiki wis makarya.
D. Yen wani, ayo dakajak numpak roller coaster ana ing taman hiburan iku.
E. Rikala aku isih kuliah, aku wus tau diwulang materi iku.
104
16. Aspek makna kang ana ing sajroning widya makna (semantik), kang
gegayutan karo sikap pamicara marang lawan pamicarane. Umpamane
menawa suwarane dhuwur utawa sora ngemu teges lagi jengkel utawa nesu.
Perangan iku kalebu aspek. ...
A. Maksud
B. Nada
C. Nilai rasa
D. Pengertian
E. Perasaan
17. Unen-unen “Mikul dhuwur mendhem jero” nduwe teges yaiku uwong kang
nduwe tanggung jawab marang kaluwargane utawa bisa njaga kabecikane
asma wong tuwane saka patrap lan tumindake. Unen-unen iku adhedhasar
teges (maknane), maknane kasebut. ...
A. Makna idiomatik
B. Makan konotatif
C. Makna denotatatif
D. Makna kontekstual
E. Makna kolokatif
18. Samubarang kang bisa makili samubarang liya, kang awujud pengalaman,
panemu (pikiran), pangrasa (perasaan), gagasan, lan sakliya-liyane, yaiku. ...
A. konsep
B. simbol
C. nama
D. tanda
E. leksem
19. “Kowe kudu kuliyah kang tumemen supaya cepet bisa lulus dadi sarjana”.
Tembung sarjana ing jaman samangke nduwe teges kang luwih sempit
tinimbang sadurunge yaiku nelakake wong kang wus lulus saka pawiyatan
luhur (perguruan tinggi). Jinising owahowahan makna/teges kang dadi
luwih sempit tinimbang sadurunge, kasebut. ...
105
A. amelioratif
B. peyoratif
C. teges luwih
D. sinonimi
E. spesialisasi
20. Tembung kang kacithak kandel ing ukara (1) lan (2) ngisor iki nduwe gayute
makna kang kasebut homonim, yaiku. ...
A. (1) Crita iku kababar ing babad tanah Jawa
(2) Nalika mulih sekolah aku dijajakake mbakyuku tuku soto babat.
B. (1) Lemper iku kagawe saka watu.
(2) Simbah remen dhahar lemper kang kagawe saka ketan iku.
C. (1) Bukaken bukumu kaca seket.
(2) Jendhela omah iku saiki wis dipasangi kaca.
D (1) Menawa wis sela, kowe arep dakajak menyang perpustakaan.
(2) Layah iku kagawe saka sela.
E. (1) Aku duwe cemeng kembang telon cacahe papat.
(2) Bakal kang badhe dipundamel rasukan punika werninipun cemeng
D. Tugas Terstruktur
1. a. Gawea bagan vokal kardinal basa Jawa!
b. Gawea tabel klasifikasi konsonan!
2. Wangsulana pitakonan tumrap tembung andhahan: (1) nglirwakake,
(2) jungkatan, lan (3) sumingkira.
a. Kepriye pandhapuke tembung iku?
b. Apa jinise tembung iku mau sawise kadhapuk wuwuhan?
c. wuwuhan kang ndhapuk tembung iku mau ngemu teges apa?
3. Salah siji jinise klausa yaiku klausa nominal. Apa titikane klausa
nominal lan wenehana tuladhane!
4. Jelasna apa iku homonim, homofon, homograf lan wenehana
tuladhane!
106
DAFTAR PUSTAKA
Alisyahbana, S.T. 1978. Tatabahasa Baru Bahasa Indonesia. Jilid 1. Jakarta: Dian
Rakyat
Carnie, A. 2011. Modern Syntax. Cambridge: Cambridge Unyversity Press.
Cook, S.J. & Walter. A. 1971. Introduction to Tagmemic Analisis. Toronto: Holt,
Rinehart & Winson.
Diana Nababan. 2008. Intisari basa Indonesia. Jakarta : Kawan Pustaka.
Djajasudarma, Fatiman, Dr.T. 1993. Semantik 1dan 2 Pengntar ke Arah Ilmu Makna.
Bandung: PT Eresco.
Elson, B, & Pickett, V. 1969. An Introduction to Morphology Analysis and Syntax,
California: Summer Institute of Linguistics.
Henry Guntur Tarigan. 1984. Sintaksis. Bandung: Angkasa
Ibrahim, Syukur, dkk. Sintaksis Indonesia. Departemen pamulangan Nasional Universitas
Negeri Malang.
Kridalaksana. H. 1984. Kamus Linguistik. Jakarta. PT Gramedia..
Kridalaksana. H. 1985. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Indonesia: Sintaksis. Jakarta:
Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa.
Marsono. 2013. Fonetik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. Mulyani, Siti.
2008. Fonologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa (Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).
Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa (Bentuk dan Struktur Bahasa Jawa).
Yogyakarta: Kanwa Publisher.
Nafisah, Saidatun. 2017. “Proses Fonologis dan Pengkaidahannya dalam Kajian
Fonologi Generatif. DEIKSIS. Vol. 9 (1). hlm. 70.
Ningsih, Tri Wahyu Retno dan Endang Purwaningsih. 2013. “Sistem Fonologi Bahasa
Lamalera”. Proceeding PESAT (Psikologi, Ekonomi, Sastra, Arsitektur & Teknik
Sipil): 70. Bandung, 8-9 Oktober 2013: Lembaga Penelitian Universitas
Gunadarma.
Poedjosoedarmo, Soepomo. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud
Poedjosoedarmo, Soepomo. 1979. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud
Poerwadarminta, W.J.S,1939, Baoesastra Djawa. Batavia. N.V.J.E. Wolters Uitgevers-
Maatschappij.
Poerwadarminta, W.J.S,1953, Sarining Paramasastra Djawa. Jakarta: Noordhoff- Kolff
N.V
Poerwadarminto. W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Djakarta: J.B. Wolters Uitgevers
Maatshappij NV.
Poerwadarminto. W.J.S. 1939. Baoesastra Djawa. Djakarta: J.B. Wolters Uitgevers
Maatshappij NV.
107
Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kajian Morfologi. Bandung: Rafika Aditama
Putrayasa, Ida Bagus. 2010. Kajian Morfologi. Bandung: Rafika Aditama
Putrayasa.I.B. 2017. Sintaksis Memahami Kalimat Tunggal. Bandung:
Refika Adhitama.
Putrayasa.I.B. 2014. Analisis Kalimat (fungsi, Kategori, dan Peran). Bandung: Refika
Adhitama.
Ramlan, M. 2005. Ilmu Bahasa Indonesia Sintaksis. Yogyakarta: C.V. Karyono. Robert
and Burton, N. 1997. Analysing Sentences, New York: Longman.
Sasangka, Sry Satriya Thatur Wisnu, 2001. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa,
Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa.
Jakarta: Yayasan Paramalingua.
Sasangka. Sry Satria Tjatur Wisnu. 2011. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan
Paramalingua.
Sasangka. Sry Satria Tjatur Wisnu. 2011. Morfologi Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan
Paramalingua.
Setyanto, Aryo Bimo. 2007 Paramasastra Bahasa Jawa. Yogyakarta: Panji Pustaka
Thoroby, S. 2009. Hoe to Teach Grammar. Edinburgh: Pearson Education.
Limited. Tallerman , M. 2011. Under Standing Syntax : Hodder Education
Subalidinata. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogykarta: Yayasan Pustaka Nusatama
Subalidinata. 1994. Kawruh Paramasastra Jawa. Yogykarta: Yayasan Pustaka Nusatama
Subroto, Edi.D. 1991. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud.
Subroto, Edi.D. 1991. Tata Bahasa Deskriptif Bahasa Jawa. Jakarta: Depdikbud.
Sutarjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan Sastra
Daerah FSSR UNS.
Sutarjo, Imam. 2008. Kawruh Basa Saha Kasusastran Jawi. Surakarta: Jurusan Sastra
Daerah FSSR UNS.
Verhaar, J. W. M. 2012. Asas-Asas Linguistik Umum. Yogyakarta: Gadjah Mada
University press.
Verhaar. J.W.M.,1996. Asas-asas Linguistik Umum, Yogyakarta: Gajah Mada
University Press
Wedhowati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius.
Wedhowati, dkk. 2006. Tata Bahasa Jawa Mutakhir. Yogyakarta: Kanisius
108
KUNCI JAWABAN
TES FORMATIF KB 1
1. E 11. A
2. C 12. C
3. D 13. D
4. B 14. B
5. A 15. E
6. A 16. C
7. E 17. E
8. B 18. B
9. A 19. E
10. C 20. B
TES FORMATIF KB 2
1. E 11. A
2. A 12. A
3. C 13. A
4. B 14. D
5. D 15. E
6. C 16. B
7. E 17. C
8. D 18. B
9. B 19. D
10. C 20. E
TES FORMATIF KB3
1. C
2. C
3. B
4. D
109
5. A
6. B
7. A
8. D
9. C
10. A
TES FORMATIF KB 4
1. gili/dalan/dlanggung/enu/hawan/lebuh/lurung/marga/rattan/sopana
2. bodho/dama/jugil/kumprung/pengung
3. rugi
4. wasis/pinter/guna/lebda/limpad/nimpuna/putus/widagda/widura/wignya
5. kembang
6. homonim
7. homofon
8. homograf
9. mati
10. mulya
TES SUMATIF KB 4
Tes Obyektif
1. C 6. D 11. C 16. B
2. B 7. B 12. D 17. A
3. D 8. A 13. B 18. D
4. A 9. C 14. A 19. E
5. E 10. E 15. C 20. C
TUGAS TERSTRUKTUR
1. a. Bagan vokal kardinal basa Jawa:
110
b. Tabel klasifikassi konsonan basa Jawa
Carane ngalangi hawa Letup Nasal Lateral Friksasi Geter Semi-
vokal
Papan artikolasiNyuwara/ Ora N O N N NO
nyuwara b p m NN
d f
Bilabial ḑ t n l w
Labio-dental j r
Apiko-dental g ț ñ zs
Apiko-alveolar ? ŋ y
Apiko-palatal c h
Lamino-alveolar k
Medio-palatal
Dorso-velar
Laringal
Glottal stop
Katrangan: N = Nyuwara
O = Ora nyuwara
2. Kunci Jawaban Tugas Terstruktur
a. (1) nglirwakake = {hanuswara (ng-) + lirwa + -ake}
(2) jungkatan = {jungkat + -an}
(3) sumingkira = {singkir + -um- + -a}
b. (1) nglirwakake kalebu jinising tembung kriya,
(2) jungkatan kalebu jinising tembung kriya,
(3) sumingkira kalebu jinising tembung kriya,
c. (1) nindakake pakaryan yaiku lirwa/ora nggatekake apa kang kudune
ditetepi
(2) nindakake pakaryan nganggo jungkat
(3) nindakake pakaryan nyingkir
111
3. Titikane klausa minimal yaiku wasesane arupa tembung utawa frasa aran.
Tuladhane Bapakku polisi
Wasesa ing klausa kasebut yaitu polisi kang arupa tembung aran.
4. Homonim iku gayute makna antarane tembung kang ditulis padha utawa
diucapake padha, nanging tegese beda.
Tuladha : Mengko yen Ibu duka priye, Mas?
Homograf iku gayute makna antarane tembung-tembung kang ditulis padha
nanging tegese beda.
Tuladha : Adhiku lagi bae babaran ing rumah sakit.
Bathik iki babaran Pucang Sawit.
Homofon iku gayute makna antarane yaiku tembung sing diucapake padha
nanging maknane lan tulisane beda.
Tuladha : Bobotmu saiki mesthi luwih anteb tinimbang sesasi
kepungkur
Yen kowe ora antepan ati, kabeh pepinginanmu ora bakal
kaleksanan
112