/. 2 6 6 / . 2 6 6 ! / .. 6 ! ./ ! . . 5 /
Ngu man dhang nge be gi sa jro ning pa de san
/2.21/2.2.5/2.21/2615/
Thok thok thek thok thok gung thok thok thek thok thek thok gung
/ 2 . 2 1 / 2 . 2 . 5 / 2. 2 1 / 2 6 1 5/
Thok thok thek thok thok gung thok thok thek thok thek thok gung
Rasa seneng masarakat padesan Jawa nalika manen kasil bumi asring kasebut
palawija, ingkang tegese bumbu-bumbu, ananging lelagon iki digambarake nalika
kegiyatan nutu pari tinimbang kegiyatan ing kebon. Ana pitutur luhur sajroning
lelagon dolanan iki, yaiku kasil panen ing jaman biyen bedho karo ing jaman saiki.
Nalika biyen ditumbuk nganggo tenaga, ananging ing jaman saiki wis diolah nganggo
mesin kang luwih modern utawa nganggo gilingan pari. Wong jaman biyen uga kuat-
kuat, ananging yen jaman saiki wis gumantung karo teknologi. Saka lelagon iku, kita
bisa mangerteni luhure budaya kang ana ing masarakat padesan Jawa, mula perlu
diuri-uri supaya budhaya kasebut ora ilang
E. Dolanan Sepuran
Sepuran
Laras Slendro Pathet Sanga
. .5 5 5 5 6 ! 5.5 6 1 2 ^ !
Sin -ten num -pak se -pur ba -yar e se - ta -li
46
.. @ 6 ! 5 3 5 2.5 3 5 2 3 1
Wong ni ki se pur dhur te - rus teng ke - dhi - ri
..5 5 5 5 6 !5.5 6 ! @ 6 !
Sin ten tri ma mbon ceng ko na ngan kon dhek tur
..@ 6 ! 5 3 5 2.5 3 5 2 3 1
Sam pe yan di den dha na pa mbo ten ko jur
1. Dolanan iki bisa dilakokake sepuluh bocah utawa luwih.
2. Bakune ana bocah loro sing dadi trowongan. Bocah-bocah padha baris
cekelan pundhake kancane renteng-renteng kaya sepur banjur nglagokake
sepuran lan mlebu siji mbaka siji ngliwati trowongan.
3. Nalika lelagon sepuran wis rampung bocah sing ning ngisor trowongan banjur
diwenehi pitakonan. Tuladhane anak sapi jenenge apa? Wangsulane kudu
bener, wangsulan iku dadi password supaya sepure bisa mlaku meneh.
Dolanan Sepuran bisa mbangun watak jujur kagambar sajroning lelagon
dolanan “sepuran”. Sapa wae kang arep numpak kreta ing Kediri kudu bayar
setali utawa 25 sen, saengga uwong sing arep numpak kreta kuwi kudu tuku tiket.
Ora entuk dadi penumpang liar kang ora gelem bayar karcis, amarga yen diweruhi
kondektur mesthi didenda. Kajaba sipat kang jujur, lelagon “sepuran” uga ngajari
kita supaya ora nduweni sipat sombong, angkuh, lan arogan. Sapa wae kang
pengin uripe makmur kudu nduweni rasa andhap asor
D. Forum Diskusi
Lelagon dolanan Kupu Kuwi ing ngisor iki, andharna isine nganggo basa
prosa (gancaran) lan andharna nilai-nilai pendhidhikan ing lelagon iku.
47
Kupu Kuwi
Laras Pelog Pathet Nem
. 5.3 . 5.6 . ! .6 .!.@
Ku - pu ku - pu tak en - cup - e
. # . @ . ! .6 .@ . !.6.5
Mung a - bur - e nge - wuh a -ke
. # .# .@ .@ . !.!.6.5 .3 . 6
Nga - lor ngi - dul nge - tan ba - li ngu - lon
. @.@ .!.!.6 .5.5.6.6.5
Mra - na mre - ne mung - sa pa - ran pa - ran
. 2.3 .5.6 . 5 .3.6.5
Mbok - ya men - cok tak - en - cup - e
5 5 2 3 5 5 6 6 @ ! 6 5 .3 .2
Men - tas men - cok ce grok ban - jur ma - bu kle -per
48
PENUTUP
A. Rangkuman
Lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah cilik-
cilik mligine ing karang padesan, sinambi padha dolanan lan
gegojekan sarta seneng-seneng bebarengan ana ing plataran. Lelagon
dolanan iku mujudake sawijining lan jinising reriptan tembang kang
ora kaiket sarta ora nganggo paugeran guru: “gatra, wilangan/ wanda,
lan guru watak”. Lelagon dolanan iku cacahing wandane antarane siji
lan sijine kajupuk saka cocok utawa jumbuhing lagune utawa guru
lagune (purwakanthi guru swara); jalaran lelagon dolanan iku
kawengku ing lagu utawa runtuting suwara saben pungkasaning gatra.
Wondene cacahing lelagon dolanan iku akeh banget, lan jenenge
lelagon dolanan iku lumrahe kajupuk saka isine lelagon utawa manut
tembunge kang wiwitan; tuladhane lelagon: “Cublak-cublak Suweng,
Jamuran,”, lan liya-liyane. Mula saka iku, lumantar lan sajroning
tetembangan dolanan mau bocah-bocah dikenalake babagan
kautaman, budi pekerti kang becik. Adhedhasar isine, jinise lelagon
dolanan iku adhedasar irah- irahane ngemot lan ngrembug babagan:
(a) sato kewan, (b) tetuwuhan/ tanduran, (c) budi pekerti kang utama,
(d) bebrayan, (e) seni tradhisi, (f) pariwisata, (g) tetanen/ petani, (h)
kendharaan/ tumpakan, (i) lan alam saisine.
Tetenger, irah-irahan utawa judhule lelagon dolanan iku sumebar
lan ngrembaka kanthi gethok tular (lisan), mula judhule kerep owah;
malah uga ana sing titilaras utawa nada/ notasine lagune uga owah.
Lelagon dolanan iku wiwit sumrambah, sumebar lan ngrembaka
aneng bebrayan Jawa rikalane wiwitane abad kaping 20 (rongpuluh).
Rikala semana ora bisa nyebutake sapa sejatine kang ngripta lan yasa
lelagon dolanan mau sarta wiwit sumebar lan ngrembaka ana
masyarakat. Upamane tembang: “Gundhul Pacul”, Laras Pelog Pathet
49
Barang; “Tembang Jaran Teji”, Pelog Lima (sing owah dadi
“Jaranan”); “Sluku-sluku Bathok”, Slendro Sanga”; uga ora
dimangerteni lan kawruhan sapa pangriptane.
B. Tes Formatif
Wangsulana pitakonan ing ngisor ini kanthi milih wangsulan/ jawaban
kang dianggep bener utawa trep dhewe!
1. Miturut Padmosoekotjo (1966) ing bukune Ngengrengan Kasusastran
Jawa II, diandharake menawa lelagon dolanan iku kawengku ing guru
….
a. wilangan
b. gatra
c. wanda
d. lagu
e. swara
2. Lelagon dolanan iku lumrahe awewaton purwakanthi guru ….
a. sastra
b. swara
c. basa
d. lumaksita
e. gatra
3. Lelagon dolanan iku biyen lumrahe ditembangake bocah-bocah ana
ing ….
a. plataran
b. omah
c. sekolah
d. kali
e. dalan
50
4. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku kerep
owah, amarga ….
a. Anggone ngrembakake sarana lisan (gethok tular)
b. Pangriptane anonim
c. Paugerane ora gumathok
d. Anggone ngripta tembang nggugu sakarepe dhewe
e. Bisa diowahi dening sapa wae
5. Lelagon dolanan cublak-cublak suweng, bocah-bocah nggawa krikil sing
diembakake apa … .
a. suweng
b. kalung
c. gelang
d. ali-ali
e. kalpika
6. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku
lumrahe kajupuk saka perangan … .
a. isi/ amanate lagu
b. katrangan kang ngripta lelagon
c. tetembungan ing wiwitane lelagon dolanan
d. tetembungan ing pungkasane lelagon dolanan
e. jenenge sing ngripta
7. Syaire lelagon cublak-cublak suweng iku sejatine wujud … .
a. wangsalan
b. parikan
c. Bebasan
d. Saloka
e. sanepa
8. Lelagon Lumbung Desa ngemu piwulang … .
a. Gotong royong
51
b. Sing sregep anggone sekolah
c. Kudu padha guyup rukun
d. Kesed iku watak sing kudu disingkiri
e. tandhang gawe sing sregep
9. Lelagon padhang mbulan duwe pangajak supaya … .
a. sregep sinau
b. ngerti owah gingsire kahanan
c. aja turu sore
d. sregep nyambut gawe
e. guyup rukun marang sapadhane
10. Pitutur luhur sajroning lelagon lumbung desa yaiku … .
a. urip sing prasaja
b. samubarang apa wae butuh proses sing ora gampang
c. rukun agawe sentosa
d. tulung tinulung
e. manungsa kuwi kudu ngerti owahe jaman
52
KEGIATAN BELAJAR 3
GANCARAN
PENDAHULUAN
A. DESKRIPSI SINGKAT
Salah sawijining jinis sastra Jawa kang isih akeh ditemoni ana ing urip
padinan yaiku karya sastra gancaran. Gancaran yaiku karangan bebas kang ora
kaiket dening paugeran tartamtu. Gancaran kang tinulis iku minangka media
nglantarake panemu kanggo wong liya. Kanthi nulis lan maca gancaran masarakat
dadi luwih kreatif, nambah wawasane, nambah tembunge, uga luwih alus budine.
Gancaran uga minangka salah sawijining cara kanggo nguri-uri budaya lan basa
Jawa mula kudu diwulangake ana ing kelas lan dibiasakake ana ing urip padinan.
Materi kang kasusun ana ing modul iki duwe paedah kanggo mahasiswa
amarga pasinaon iki ngemot bab-bab kang ana gayutane karo gancaran. Gancaran
kang digawe iku ana teorine, ana bab-bab kang ora oleh ditinggalake. Bab-bab kang
baku ana ing gancaran dirembug ana ing modul iki supaya mahasiswa besuk ora
amung bisa nulis gancaran kanthi bener, ananging uga bisa ngandharake gancaran
nganggo ilmu kang trep.
Materi ana ing buku iki karonce kanthi ngetrepake antarane bab kang pingin
digayuh ana ing pasinaon PPG basa Jawa lan kompetensi dasar ing pasinaon SMP
lan SMA. Bab kang pingin digayuh ana ing pasinaon PPG yaiku.
Capaian Pembelajaran Sub-Capaian Pembelajaran
1. Menganalisis prinsip materi 1.1 Para siswa kaajab bisa njentrehaken tegese
sastra Jawa klasik dan gancaran.
modern dan aplikasinya 1.2 Para siswa kaajab bisa nyebutake jinis-jinise
dalam pembelajaran gancaran.
bahasa Jawa. 1.3 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese
carita rakyat.
1.4 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese
cerkak.
1.5 Para siswa kaajab bisa njlentrehake tegese
novel.
53
B. PETUNJUK BELAJAR
Modul kang digawe iki bisa digunakake minangka rujukan kanggo sinau
sastra Jawa ana ing PPG Basa Jawa. Materi kang katulis ana ing modul iki diwenehi
tuladha supaya anggone sinau luwih cetha. Saben pasinaon uga dikompliti tugas lan
soal ujian ana ing saben pasinaon. Soal ujian saben pasinaon wujude pilihan. Tugas
lan soal kasebut digawe kanthi ancas kanggo ngukur tekan ngendi materi pasinaon
uwis ditampa dening mahasiswa. Dosen minangka fasilitator maringi materi, tugas,
lan soal ujian kanggo mahasiswa supaya ilmu kang ditampa dening mahasiswa ora
ana sing kecer.
Sanajan saben pasinaon wus ana tugas lan soal ujian, modul iki uga
nyepakake tugas lan ujian kang ngemot kabeh materi ing modul. Tugas lan soal
ujian kasebut wujude bisa digunakake kanggo ujian kang nemtokake lulus orane
mahasiswa. Cara pambiji soal kang wus disiapake yaiku :
Rentang biji:
90% - 100% = apik banget
80% - 89% = apik
70% - 79% = cukup
0 - 69% = kurang
Mahasiswa bisa lulus menawa biji ujiane luwih saka 80%. Menawa bijine kurang
saka iku, mahasiswa kasebut kudu mbaleni bab kang durung dikuwasani.
54
INTI
A. CAPAIAN PEMBELAJARAN
Mampu menganalisis prinsip materi sastra Jawa klasik dan modern dan aplikasinya dalam
pembelajaran bahasa Jawa.
B. POKOK-POKOK MATERI
GANCARAN Materi 1:
Hakikat Gancaran
Materi 2:
Jinis-Jinis
Gancaran
Materi 3:
Crita Rakyat
Materi 4:
Crita Cekak
Materi 5:
Novel
Gambar 1: Pokok-pokok materi gancaran
C. URAIAN MATERI
1. Hakikat Gancaran
Salah sawijining materi kang ana ing pasinaon basa Jawa SMP lan SMA yaiku materi
sastra. Tembung sastra iku dijupuk saka basa Sansekerta yaiku tembung ‘ças’ kang tegese
pituduh utawa instruksi sarta ‘tra’ kang tegese piranti. Saka andharan kang kaya mangkana
tembung sastra bisa ditegesi minangka piranti kanggo weneh pituduh kanggo wong liya. Kanthi
luwih cetha Fananie (2001:6) ngandharake “bahwa sastra adalah karya fiksi yang merupakan
hasil kreasi berdasarkan luapan emosi yang spontan yang mampu mengungkapkan
kemampuan aspek keindahan yang baik yang didasarkan aspek kebahasaan maupun aspek
makna”.
55
Kanthi sastra panulis bisa nglantarake ide lan rasa marang sing maca. Sastra sejatine
duwe daya kanggo ngajak wong liya amrih sarujuk marang apa kang dikarepake panulis, mula
sastra bisa digunakake kanggo weneh pituduh kang becik kanggo wong liya. Carita-carita kang
ana ing sastra kang dirasakake dening sing maca minangka salah sawijining cara kanggo
ngalusake rasa. Saka sastra pamaca bisa mbayangke bab-bab kang mungkin ana ing masarakat
banjur bisa jupuk pasinaon saka bab iku.
Sastra Jawa yaiku sastra kang tinulis nganggo basa Jawa. Sastra iki madeg ana ing
antarane masarakat Jawa lan tinulis nganggo basa Jawa. Sastra Jawa kang ana ing masarakat
wujude ana telu, yaiku gancaran, geguritan, lan drama/sandiwara. Modul iki arep ngrembug
babagan gancaran. Sanajan gancaran iku bisa kaperang dadi maneka warna, ananging fokus
pasinaon ana ing modul iki yaiku crita rakyat, crita cekak, lan novel. Manut kurikulum kang
ana, telung cakrik iku mau wajib diwulangake ana ing sekolah. Modul iki bisa didadekake
sangu panjenengan sesuk anggone mulang ana ing kelas.
Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket
dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. Tembung gancaran menawa
ing bahasa Indonesia adate sinebut prosa. Gancaran bisa digunakake minangka srana sinau
marang wong liya, mula materi iki disinau ana ing sekolah. Crita ana ing gancaran ngajak
pamaca supaya kaya-kaya nglakoni tenan kadadean kang ana ing crita kasebut. Kanthi media
tulis iki pamaca diajak sinau babagan becik lan ala. Guru kudu pinter anggone milih gancaran
kang arep digunakake kanggo mulang supaya siswa bisa methik paedahe gancaran kathi pener.
Saben gancaran wis tamtu duwe paraga apik lan ala. Guru kudu ngandhani endi sipat kang
patut dituladani lan endi sipat kang kudu disingkiri.
Sanajan gancaran iku sipate bebas, ananging anggone nulis ora kena sakarepe dhewe.
Bab isi, komposisi, lan endahe (estetika) panulisan kudu tetep digatekake. Gancaran minangka
salah sawijining media kang bisa digunakake kanggo nglantarake gagasan marang wong liya,
mula anggone nulis kudu digawe sing apik saengga bisa narik kawigatene wong liya. Gancaran
kang tinulis nganggo basa kang ora tumata sarta carita sing ora cetha alur lan amanate tamtu
wae ora bakal ana sing nglirik. Nalika nulis gancaran, kudu dironce apa kang dadi ancas
panulisan gancaran iku saengga bisa ditrepake anggone nganggo basa, watesaning nulis,
amanat, lan sapiturute kang dijumbuhake karo kahanan pamaca.
2. Unsur Gancaran
Saben gancaran wis tamtu karakit saka maneka warna unsur. Unsur-unsur gancaran ana
56
ing kene bisa dipadhakke karo pirani-piranti kang digunakake kanggo bangun omah. Supaya
gancaran kang tinulis bisa apik, mesthine kabeh iku digawe kanthi bakoh wiwit saka pondasi
lan sapiturute. Unsur kang mbangun gancaran iku ana loro, yaiku unsur intrinsik lan unsur
ekstrinsik. Unsur intrinsik yaiku unsur kang sinawang saka gancaran iku, menawa unsur
ekstrinsik yaiku unsur kang kasawang saka njaba gancaran. Lestari, Rakhmawati & Rohmadi
(2016: 187) ngandharake menawa “unsur intrinsik meliputi plot, penokohan, latar, tema,
amanat, sudut pandang, dan gaya bahasa”.
Unsur ekstrinsik ana ing gancaran bisa sinawang saka telung kahanan yaiku saka
panganggit, kahanan pamaca, lan papan panggonan nalika ngarang. Unsur-unsur ekstrinsik iku
ameh padha karo andharane Kosasih (2012: 72) menawa unsur ekstrinsik karya sastra yaiku
“(1) latar belakang pengarang (2) kondisi social budaya (3) tempat novel dikarang”. Sanajan
unsur ekstrinsik iku ora mapan minangka awake gancaran, ananging unsur iku duwe daya kang
gedhe marang gancaran sing tinulis. Supaya luwih cetha unsur-unsur gancaran iku bisa
kaandharake kanthi mangkene:
a. Unsur-Unsur Intrinsik Gancaran
1) Tema
Tema ana ing gancaran iku minangka unsur kang ora oleh ditinggalake. Tema minangka
panemu kang arep dibabar kanthi wujud crita. Tema uga bisa ditegesi panemu pokok ana ing
gancaran. Menawa dipadakke karo bangunan, tema iku bisa diibarateke pondasi. Tema iku
kang dadi dhasar anggone nulis. Gancaran kang apik anggone nulis crita kudu manut ana ing
temane. Ananging, wis tamtu uga tema iku ora bisa madeg dhewe. Tema iku bakalane kaiket
karo unsur-unsur liya kang kudu mlaku bareng. Unsur kang ora trep karo tema kang dijupuk
bakalane gawe crita ora stabil, dadi ora fokus, lan kurang apik. Mulyana (2014: 53-54)
ngrumusake tema karo masarakat kang maca kaya ing tabel 2 kang wis dicepakake.
Tabel 2: Kahanan masarakat kang jumbuh karo tema
Tema Jenis Gancaran Khalayak Pembaca
Percintaan Roman dewasa, remaja Umum, dominasi remaja,
dewasa
Perkawinan Roman dewasa Umum, dominasi dewasa
Politik Politis, sosial Umum, dominasi dewasa, dan
tua
Religi-mistik Religious, spiritual, mistis Umum, dominasi tua
Pendidikan Wacan bocah, dongeng Umum, dominasi usia pelajar
Sosial lainnya umum Umum lainnya
57
2) Plot/Alur
Plot utawa alur yaiku urutane kadadean ana ing gancaran, sinawang saka wiwitan tekan
pungkasan. Kanthi luwih cetha Pujiharto (2012: 32) ngandharake menawa “plot adalah jalan
cerita yang dibuat oleh pengarang yang berupa deretan peristiwa secara kronologis, saling
berkaitan dan bersifat kausalitas sesuai dengan apa yang dialami oleh pelaku cerita.”
Prastawa ing gancaran iku nuduhake menawa apa kang dilakoni bakal ana walesane (sebab-
akibat).
Gancaran iku adate nggambarake kahanan wong kang tumindak culika bakal oleh
bebayan, ananging wong kang tumindak becik bakal oleh kabecikan uga. Waluyo (2011: 9)
uga ngandharake menawa “plot atau alur cerita yaitu jalinan cerita yang disusun berdasarkan
urutan waktu yang menunjukkan hubungan sebab akibat dan memungkinkan pembacanya
menebak peristiwa yang akan terjadi selanjutnya”. Prastawa kang ana ing gancaran iku
kadadean ana ing urutan wektu tertamtu. Crita ana ing gancaran iku ana urutane. Adate
gancaran kalakon kanthi urutan orientasi, komplikasi, klimaks, anti klimaks, lan pungkasan.
Alur kang ana ing gancaran dinggo titikan anggone ngronce crita. Alur kang digunakake
ana ing gancaran ana telu, yaiku alur maju, mundur, lan campuran. Alur maju sering uga
sinebut alur garis lurus utawa progresif yaiku carita kang karonce saka wiwitan awujud
orientasi nganti tekan solusi minangka pungkasan. Panganggone wektu ana ing alur iki ora
diacak-acak. Alur mundur uga bisa diarani alur flashback, sorot balik, utawa regresif yaiku
alur kang critane kasetting ora urut. Crita ing alur mundur diwiwiti saka prakara kang ana ing
gancaran banjur lagi mlebu ana ing bagian orientasi. Alur campuran yaiku alur kang
nggabungake saka alur maju lan mundur.
3) Watake Paraga
Watake ana ing gancaran minangka unsur sing penting. Paraga kang arep digunakake
ana ing gancaran kudu dipikirake tenanan watake supaya crita sing digawe bisa katon urip lan
ora uwal saka tema lan amanat ana ing gancaran. Aminuddin (2002: 79) ngandharake menawa
“tokoh adalah pelaku yang mengemban peristiwa dalam cerita fiksi sehingga peristiwa itu
mampu menjalin suatu cerita”. Panemu sing arep ditulis ora bakal bisa tekan ing pamaca
menawa ora ana paraga ing crita. Crita kang dibangun butuh paraga sing bisa nggambarake
kahanan nyata ananging karaktere tetep kudu ketok kuat.
Paraga ana ing gancaran bisa kaperang dadi telu, yaiku protagonis, antagonis, lan
tritagonis. Protagonis yaiku paraga utama ana ing gancaran. Adate paraga iku duwe sipat kang
58
becik. Karakter paraga iki kudu digawe ketok supaya pamaca bisa mlebu ana ing crita iku.
Antagonis ana ing gancaran digambarake minangka paraga kang nglawan protagonist. Sing
dadi protagonist wis tamtu duwe sipat kang ora becik. Tritagonis yaiku paraga kang ana ing
tengah-tengahe protagonis lan antagonis. Paraga iki ora pati ketok ana ing crita, ananging
kudu tetep ana. Tuladha watak paraga ing novel kaya ta:
a) Jirih
“Hah?!Sapa kowe?! Yagene wani-wani mlebu ruwangku tanpa dakidini?” panyaruwene
Joni kanthi swara groyok. Blaka wae, kajaba kaget Joni Kismanto uga kedher. Luwih-
luwih tamune kuwi nuduhake sikap memungsuhan. (Tiwi, 2016: 1)
“Mas, jebul panjenengan klebu priya jirih. Priya sing ora duwe tanggungjawab. Nyatane
ora wani ndhadhani. Malah njaluk ngapura. Wong lanang cap apa kuwi?”panyengese
Wirastri. (Tiwi, 2016: 164)
b) Duraka
Tresna? Genah ora ta. Apa mungkin Joni bisa nresnani kenya liya? Tarah tresnane
kadhung dirampas Rara Sumi. Olehe ngrabi Wirastri babarpisan ora dilambari rasa
tresna. Mung butuh mlayokake ati cuwa lan butuh kanca urip. Awit yen kudu ngenteni
randhane Sumi, huu..sida gerang kaplak ora klakon! Sumi kang wis dadi bojone Sigid
Harjito genah mulya uripe. Apa hiya njur arep jaluk pegat? Dadi cetha ora ana gunane
ngarep-arep Suminingrum. (Tiwi, 2016: 20-21)
c) Kumalungkung
“Bener. Ning bojoku kuwi mung wong wadon sak-sake. Mung sakecele. Tarah mung
kanggo tamba ati cuwa. Pendhidhikane wae mung SMKK. Utege mung pas-pasan. Untung
anak sing dilairake nuruni aku, dadi rada moncer,”guneme Joni entheng wae. Sajak
kepenak nacat sisihane sing wis nyisihi kanthi setya begti nganti anak loro. (Tiwi, 2016:
27)
4) Latar/Setting
Latar/setting yaiku gambaran babagan kahanan kang ana ing gancaran. Crita kang
ditulis bisa kadaden ing endi wae. Setting ana ing gancaran kudu digatekake. Setting sing
digambarake ana ing gancaran kudu jumbuh karo isine crita. Stanton (1965: 18) ngandharake
menawa “the setting of a story is the environment of its event. Part of the setting is the visible
59
background, such as cafe, mountain, a dead-end street, etc. It may also be the time, such as
day, year, the climate, or the historical period”. Saka andharan iku, bisa dingerteni menawa
setting iku kapara dadi loro yaiku papan lan wektu. Tuladha setting ana ing novel kaya
mangkene.
a) Omahe Joni ing ratan Daha
Isih ing dina iku. Mung wektune rada awan sithik. Ana becak mandheg neng sangarepe
omah mewah mawa pager wesi, ing jalan Daha … . (Tiwi, 2016: 4)
b) Kamare Wirastri
Wirastri ora tahan. Banjur mlayu mlebu kamar. Awake dibanting ing kasur … .(Tiwi,
2016: 33)
c) Terminal Gadhang, Malang
Wirastri pepes atine. Kanthi nglenterih banjur mbecak, bali menyang terminal Gadhang
… .(Tiwi, 2016: 84)
Kahanan kang ana ing gancaran pancen bisa sinawang saka papan lan wektu iku. Aa
ing tuladha iku mau setting wektu uga digambarake dening panganggit kaya ta esuk, sore,
awan. Setting-setting kasebut ora bisa madeg dhewe-dhewe, loro karone kudu nyambung lan
bisa nguatake siji lan sijine. Setting panggonan iku tuladhane pesisir, sawah utawa kutha.
Kahanan pesisir karo kutha wis mesthi beda. Setting/latar ana ing gancaran ora mung bisa
ngandharake panggonan, ananging uga bisa ngandharake wektu. Gancaran kang digawe kanthi
setting jaman biyen lan jaman saiki tamtu wae beda anggone nggambarake.
5) Sudut Pandang/Point of View
Sudut pandang ana ing gancaran yaiku carane panulis mapanake awake dhewe ana ing
crita manut panemune. Panulis mardika anggone netepake sudut pandang paraga utama.
Rampan (1995:39) milah sudut pandang dadi papat yaiku “(1) sudut pandangan orang
pertama; (2) sudut pandangan orang ketiga; (3) sudut pandangan campuran; dan (4) sudut
pandangan yang berkuasa”. Sudut pandang kasebut pancen ana ing gancaran, ananging adate
sudut pandang kang ketok ana ing gancaran iku bisa dipadhetake dadi telu, yaiku panulis
minangka paraga utama, panulis minangka wong katelu, lan panulis minangka wong kang
ngerti kabeh.
Sudut pandang panulis minangka paraga utama utawa wong kapisan digunakake nalika
panulis ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana ing crita. Titikane panganggo sudut
pandang iki yaiku anane tembung “aku” ana ing gancaran. Sudut pandang panulis minangka
60
wong katelu yaiku nalika panulis ngecakake awake dhewe ana ing jaba crita, ora dadi paraga.
Titikan panganggone sudut pandang iki yaiku panulis anggone nggambarake paraga utama
nganggo tembung dheweke, deknen, utawa nyebutake jenenge paraga iku mau. Sudut pandang
kang duwe kuasa yaiku sudut pandang kang digunakake nalika panulis mapanake awake
dhewe minangka wong kang ngerti kabeh ana carita. Sudut pandang iki gawe gancaran dadi
luwih informatif. Paraga kang ana ing crita adate digawe minangka wong kang iso kabeh lan
aktif ana ing maneka kagiyatan. Ana ing sudut pandang iki panulis bebas arep ngomong apa
wae lan dalan critane arep digawe apa wae.
6) Panganggone Basa
Ing sastra, gaya yaiku kapriye pengarang manganggo basa. Senajan ta ana pengarang
loro nganggo alur, karakter, lan latar kang padha, asiling tulisan mesthi ana bedane. Bedane
ana ing basa lan sumebar ing sadhengah aspek kaya ta ritme, dawa utawa cendhaking ukara,
detail, humor, konkrit lan orane tembung, akehing imaji lan metafora. Tone yaiku sikap
emosional pengarang kang diandharake ing sajroning cerita. Tone bisa katon ing sadhengah
wujud, kaya ta wujud kang romantis, ironis, misterius, sepi, kaya ngimpi, utawa ngemu rasa
kang angel ditegesi. Gaya bahasa kang digunakake ana ing novel kaya ta:
Priyayi kang adate nuduhake ulat bingar ati jembar netra sumunar kuwi sajak goreh
lan rongeh… .(Tiwi, 2016: 29)
Wadon pacakan ireng-ireng kuwi mlipir-mlipir ing pipi lawang … . (Tiwi, 2016: 5)
Joni Kismanto, pimpinan cabang Bank Dana Arta kuwi kahanane melas banget. Sawise
eling saka anggone semaput, malah saiki polah lan sambate ngaruara. Polahe kaya
cacing kepanasen. Molat-molet ngosek neng jobin karo nekem lakange… .(Tiwi, 2016:
4)
Pengarang nganggo purwakanthi swara [a, i] rikala anggambarake Joni Kismanto bali
menyang Sala.
Gagasan utawa cipta-ripta kang dilairake sarana basa, iku ana sing carane nglairake
amung sarana basa lumrah wae, watone mung sok wong sing krungu utawa sing maca bisa
ngreti marang karep kang diwedharake. Ana sing carane nglairake nganggo basa kang ditata
apik, runtut, nganti dadi basa sing endah. Mangkono uga wong nulis novel, wong ngarang, ana
sing mung nengenake isine wae: manawa isine wis bisa dingreteni dening wong sing maca,
ya wis cukup; ana sing nggatekake basane, ngudi kanthi temen-temen supaya dhapukaning
61
basane bisa nglungguhi kasusastran, yaiku bisa mujudake basa kang isi kaendahan.
7) Piwulang
Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra mesthine ngemu piwulang. Gancaran
kang tinulis duwe daya kanggo ngajak masarakat nglakoni bab-bab tartamtu. Gancaran ngajak
pamaca supaya bisa ngrasakake apa kang ana ing crita. Bab iki sing njalari piwulang ganggo
gancaran iku itungane efektif. Piwulang ana ing gancaran bisa katulis kanthi cetha lan ana kang
ora ditulis kanthi cetha. Piwulang kang tinulis kanthi cetha ana ing pungkasane gancaran
diarani koda. Ana ing koda panulis njlentrehake apa kang oleh lan ora oleh dilakoni dening
masarakat. Piwulang kang tinulis iku dijupuk saka pengalaman ing crita.
b. Unsur-Unsur Ekstrinsik Gancaran
Unsur ekstrinsik minangka unsur kang kudu digatekake nalika nulis gancaran. Sanajan
unsur iki mapan ana ing jaba gancaran, unsur iki duwe daya kang gedhe marang apik orane
gancaran. Menawa dipadhakake karo bangunan, unsur ektrinsik padha karo tukang lan
kahanan ana ing sakiwa tengene omah. Gancaran kang digawe kudu nggatekake unsur-unsur
ana ing jaba supaya bisa kabangun kanthi bakoh. Unsur ekstrinsik ganacaran kapara dadi telu
yaiku kahanan panulis, sosial lan budaya ing ganacaran, sosial budaya nalika nulis ganacaran.
Kahanan panulis nalika nulis ganacaran iku duwe daya kang gedhe marang isi lan
wujude gancaran amarga ganacaran iku ngandharake panemu saka panulis manut karo apa
sing dingerteni lan kahanan atine panulis. Saben panulis wis tamtu duwe karakteristike dhewe-
dhewe nalika nulis. Gancaran sing digawe saben panulis wis mesthi duwe titikane dhewe.
Unsur ekstrinsik sing kaloro yaiku sosial lan budaya. Crita kang digawe iku wis mesthi
dijumbuhake karo kahanan kang kudune ana ing gancaran. Kahanan ana ing gancaran mlebu
ana ing unsur ekstrinsik amarga kahanan kasebut kudu dijumbuhake karo kahanan kang nyata
supaya crita kang digawe bisa katon urip. Unsur ekstrinsik kaping telu yaiku kahanan sosial
lan budaya nalika nulis. Sanajan gancaran iku digawe kanthi njumbuhake kahanan kang nyata,
kahanan kang kagambarake uga bisa kena pengaruh saka kahanan sosial lan budaya papan
panggonan nulis gancaran iku.
3. Jinis-Jinising Gancaran
Gancaran sing ana ing masarakat Jawa bisa kaperang dadi loro, yaiku klasik lan modern.
Gancaran klasik iku minangka jinis sastra kang ditulis ana ing periode Jawa kuna, tengahan,
62
lan anyar. Sastra jinis iki diwiwiti nalika abad IX. Ana ing periode iku akeh gancaran kang
ditemokake kayata Uttarakanda (Jawa kuna), Calon Arang (tengahan), lan Kitab Sunan
Bonang (anyar). Kang kalebu gancaran klasik yaiku legendari, mite, sage, fabel, lan sapiturute.
Sabubare periode Jawa anyar, sastra Jawa ngalami periode sastra Jawa modern. Ana
ing periode iki jinis gancaran modern uga wiwit njedul, yaiku kira-kira abad XIX. Periode iki
metu nalika bangsa Landa lagi njajah Jawa saengga karya sastra ana ing jaman iku uga oleh
pengaruh gaya tulisan Landa utawa Eropa. Kang kalebu gancaran modern yaiku roman, novel,
cerkak, esai, lan sapiturute. Kang kalebu gancaran klasik lan modern pancen akeh banget,
ananging ana ing modul iki sing arep dirembug amung babagan crita rakyat, cerkak, lan novel
wae amarga njumbuhake materi ana ing SMP lan SMA.
a. Crita Rakyat
Cerita rakyat minangka kabudayan kang sumebar lan diwarisake kanthi turun-tumurun
marang generasi-generasi sabanjure. Cerita rakyat minangka fragmen crita kang bisa awujud
crita tiyang alelana lan gambaran uripe manungsa kang paling nengsemake utawa duwe
kapinteran, duwe labuh labet kang gedhe lan dipuja-puja dening masarakat kang duwe carita
rakyat mau.
Crita rakyat minangka peranganing sastra dhaerah kang migunakake basa dhaerah
kanggo njlentrehake caritane, ngrembaka ing jaman kuna rikala basa tulis durung ana. Amarga
crita rakyat adate diceritakake kanthi cara lisan, mula nuwuhake versi kang beda-beda
gumantung pinter lan orane wong kang nyaritakake. Sanajan mengkono inti crita rakyat kang
dicritakake tetep padha. Orientasi cerita rakyat diwarisake lan disebarake amung winates ing
dhaerahe dhewe bisa katitik saka krakteristik awujud basa lan budayane. Cerita rakyat
kaanggep salah sawijining kasugihan kang thukul saka pepenginan bisa srawung karo wong
liyane.
Cerita rakyat iku perangan saka folklore, kang ngemu teges kang luwih wiyar. Folklore
yaiku istilah kang digunakake kanggo nyebut uga istilah cerita rakyat. Folklore minangka
istilah saka abad 19 kanggo nuduhake ciri khase yaiku lisan lan tradisioanal kuwi mau, banjur
anglimputi sakabehing tradhisi lisan kang ana ing masyarakat (Haviland, 1993 ; 229). Cerita
rakyat uga ditegesi minangka ekspresi budayaning sagolongan masyarakat lumantar basa tutur
sing isih ana sesambungane karo aspek budaya, kaya ta agama lan kapercayaan, undhang-
undhang, padagangan, lan nilai sosial masyarakat ing kana.
Bascom lumantar Danandjaja (1984: 50) merang cerita rakyat dadi 3 yaiku mite,
63
legendha, lan dongeng. Mite (Myth) yaiku crita Bascom (lumantar Danandjaja 1984: 50)
ngandharake manawa mite yaiku cerita prosa rakyat kang dianggep ana sarta dianggep suci
dening masyarakat kang duwe cerita mau. Mite kanthi paraga awujud para dewa utawa
makhluk setengah dewa. Kadadeyan bisa ing donya utawa donya kang beda kaya donya ing
jaman saiki utawa kadadeyan ing donya jaman kuna. Mite ing Indonesia diperang dadi 2 jinis
miturut asal usule panggonan, yaiku asli saka tanah Indonesia lan asli saka mancanagara kaya
ta saka India, Arab, lan negara sacedhake ing Laut Tengah.
Legendha yaiku cerita kang miturut pengarange nyaritakake kadadeyan kang nyata lan
ana Danandjaja (1984: 66). Legendha yaiku cerita rakyat kanthi paraga manungsa kang duwe
sifat pinunjul. Samana uga kerep dibiyantu dening para makhluk ajaib. Titikaning legendha
kaya ta saperangan dongeng utawa cerita, ora ngemu sejarah kang akeh perangan gaibe,
perangan gaib amung sesambungan karo kedadeyan ing alam, lan sesambungan karo
sawijining dhaerah.
b. Cerkak
Tembung cerkak sejatine karakit saka tembung ceriyos lan cekak. Tembung cerkak uga
ana sing ngarani crikak yaiku tembung sing karakit saka tembung crita/criyos lan cekak.
Menawa manut saka tembung asal iku mau cerkak bisa ditegesi salah sawijining wujud
gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan mung ngemot saperkara.
Kanthi luwih cetha Sudheer (2012: 244) ngandharake menawa “The short story however, is a
story that is short. A short involves narration of series of event or simple incidents involving
individuals in mental or physical activity one after the other”. Sayuti (2000: 10) uga
ngandharake menawa “cerpen menunjukkan kualitas yang bersifat compression atau
pemadatan, contration atau pemusatan, dan intensity atau pendalaman, yang semuanya
berkaitan dengan panjang cerita dan kualitas struktural yang disyaratkan oleh panjang cerita.
Cerkak minangka salah sawijining wujud sastra Jawa kang paling sering ditulis. Kabeh
kalawarti basa Jawa mesthi dikompliti karo cerkak. Cerkak wis kaangep minangka kabutuhan
ana ing seban kalawarti. Ora mung ana ing kalawarti, cerkak uga ana kang disiarake mawa
radio. Cerkak minangka asil sastra sing paling disenengi, mula nganti ana kang gawe buku
kumpulan cerkak. Sinau cerkak ora mung ndadekake luwih kreatif, nambah wawasan, nambah
tembung, uga ngalusake budi, ananging uga duwe nilai ekonomis. Akeh media kang ngolehake
wong liya menawa arep ngirim cerkak ana ing redaksine. Cerkak iku disenengi marang wong
akeh marga sipate sing cendhak. Cerkak ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo maca.
64
Minangka salah sawijining wujud sastra wis tamtu cerkak duwe titikan kanggo
mbedakake karo wujud sastra sing liyane. Nurgiyantoro (2013: 12-13) ngandharake tengere
cerkak yaiku:
“(1) cerpen memiliki panjang cerita yang lebih pendek daripada novel; (2) cerpen
menyuguhkan penceritaan yang ringkas; (3) tidak memerlukan detil-detil khusus untuk
memperpanjang cerita; (4) cerpen memiliki karakteristik pemadatan dan pemusatan
terhadap sesuatu yang dikisahkan atau permasalahan; dan (5) habis dibaca dalam
sekali duduk, kira-kira setengah sampai dua jam.”
Menawa sinawang saka andharan ing dhuwur iku, sing jenenge cerkak iku wis mesthi cendhak.
Cacahe tembung ana ing cerkak iku winates. Bab iki padha karo andharane Helda (2015: 124)
yaiku “panjang cerpen rata-rata 1½ – 2 halaman atau 1.500 kata, yang juga dipengaruhi oleh
kebijakan Redaktur dalam menyediakan ruang”. Sing jenenge cerkak iku kudu bisa diwaca
kanthi cepet. Bisa dirampungake nalika leren-leren utawa sinambi maneka gawean antarane
setengah nganti rong jam wae.
Crita ana ing cerkak digawe supaya padhet amarga cerkak ora kena ditulis dawa- dawa.
Prakara kang ketok ana ing cerkak amung ana siji, ora kaya ana ing novel kang bisa digawe
luwih njlimet. Supaya watak ana ing cerkak bisa ketok lan krasa adate ana pacelathon kang
kaamot ana ing cerkak iku, nanging ora oleh akeh-akeh. Crita kang diangkat ana ing cerkak
adate crita kahanan kang ana ing masarakat. Kosasih (2012: 34) uga ngandharake titikane
cerkak yaiku “(1) alur lebih sederhana; (2) tokoh yang dimunculkan hanya beberapa orang;
(3) latar yang dilukiskan hanya sesaat dan dalam lingkup yang relatif terbatas.” Sanajan
caritane sithik, cerkak tetep kudu isa nggawa pamaca mlebu ana ing critane mula dalane crita,
pamain, lan kadadean kudu tetep digatekake.
c. Novel
Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka tembung
asale yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure ditegesi ‘cerita
pendek’ ing sajrone gancaran. Ing wektu saiki, tembung novella lan novella duwe teges
Indonesa kang padha (novellete), yaiku sawijining karya prosa fiksi kang dawa caritane
(Nurgiyantoro, 2013: 9-10). Mangkono iku, novel minangka karya sastra fiksi kang kadhaupuk
awujuud prosa, lan duwe alur utawa urut-urutaning cerita kang dawa. Novel ngandharake
kadadeyan kanthi bebas, njlentrehake maneka warna kadadeyan kanthi luwih akeh lan rada
njlimet, luwih komplit, detail, luwih nengenake kadadeyan kang luwih kompleks
65
(Nurgiyantoro, 2013: 11). Novel ngandharake anane konflik, bisa konflik ing tataran
interpersonal, intrapersonal, utawa antarpersonal.
Novel minangka gegambaraning ngaurip lan tumindaking para paraga kang kayadene
nyata rikala novel iku katulis (Pujiharto, 2012: 8). Novel minangka karya fiksional kang
ngandharake sesambungane para paraga siji marang sijine kang bisa dadi pangilon marang sapa
wae kang kapengin maca (Shipley lumantar Pujiharto, 2012: 8). Novel bisa ditegesi salah
sawijining karya sastra kang aweh tuladha lan bisa dadi pangilon tumindaking manungsa kang
kadhapuk kanthi wujud basa. Novel dadi gegambaraning zaman rikala novel iku katulis. Novel
anggambarake paraga-paraga minangka wujud representasi karaktere manungsa ing ngalam
kang nyata.
Novel bisa ngandharake sawijining karakter, situasi sosial kang mbulet, sesambungan
marang paraga liya kang nduwen maneka warna karakter, lan maneka warna kedadeyan kang
ruwet ing sawijining jaman (Stanton, 2012: 90). Novel ngandharake konflik utawa perkarane
para paraga. Titikane liya yaiku perangan ing sajrone cerita, minangka gegambaran jaman
rikala novel iku katulis. Novel minangka gegambaran kadadeyan sujarah senajan ta sipate fiksi.
Novel uga ana sesambungane kalawan kadadeyan sosial, budaya, agama, ideologi, politik, lan
ekonomi. Karya sastra novel duwe titikan dhewe yaiku nuduhake kapriye pepenginane
pengarang. Sesambungan lan rumaketing saben alur kang tinulis dening pengarang minangka
perangan kang pancen ana lan dominan ing sajroning karya sastra novel (Pujiharto, 2012:20).
Ana andharan liya manawa novel minangka sawijining struktur organisme kang
kompleks, unik, lan ngandharake sawijining kadadeyan nanging asifat ora langsung. Dadi
novel yaiku sawijining cerita kanthi alur kang dawa bisa awujud buku siji kanthi cariyos kang
tamat utawa luwih kang ngandharake panguripaning manungsa ananging kanthi asifat
imajinatif, njlentrehake panguripaning manungsa tumeka anane kadadeyan konflik kang bisa
ndadekake owah nasibe para paraga. Asil cipta awujud karya sastra novel ngemu kaendahan
kang bisa aweh rasa seneng, nikmat, getun, gambira, nelangsa, narik kawigaten, uga anggugah
rasaning para kang maos. Wujuding kasusastran iki akeh dicetak dening Penerbit lan paling
akeh sumebar ing masyarakat. Novel uga salah sawijining wujud karya sastra kang ngemot
nilai-nilai budaya sosial, moral lan pendidikan.
Novel minangka wujud sastra kang ngemu nilai intrinsik lan ekstrinsik. Uga
ngandharake kadadeyan-kadadeyan kaya kang ana ing alam nyata lan ngemu nilai-nilai moral
kang bisa kapethik ing sajrone cerita mau. Novel minangka karya sastra duwe perangan-
perangan, unsur-unsur kang sambung-sumambung kanthi rumaket siji lan sijine. Ewasamono,
66
novel beda kalawan cerkak. Miturut Sayuti (2000: 10) novel kerep katandhingake karo cerkak.
Bedane mung dumunung manawa cerkak luwih cekak utawa carane nyritakake kadadeyan
luwih intensif, ananging novel luwih expands, rada ngambra-ambra lan dawa. Novel luwih
nuduhake ing babagan complexity, yaiku kapriye pengarang bisa agawe kadadeyan- kadadeyan
kanthi wujud kang luwih kompleks lan njlimet. Beda karo cerkak kang mung duweni sipat
implisit yaiku kadadeyan amung diandharake kanthi cekak.
4. Apresiasi Gancaran
Apresiasi sastra iku sejatine minangka tandha menawa sastra iku ditampa ana dening
pamaca. Sunahrowi (2016: 183) ngandharake menawa “istilah apresiasi sastra (appréciation
littéraire) berasal dari bahasa latin aprecoatio yang berarti ‘mengindahkan’ atau ‘menghargai’”.
Kasnadi lan Sutejo (2010: 1) uga ngandharake menawa “apresiasi sastra merujuk pada sebuah
kegiatan mengenali, memahami, mengerti tentang karya sastra yang digauli secara intens”.
Saka tegese apresiasi kang tinulis ing dhuwur iku bisa disimpulake menawa kagiyatan
apresiasi iku ora mung maca asil sastra banjur uwis ngono wae. Ngapresiasi gancaran iku bisa
kalakon menawa sabubare maca gancaran, pamaca banjur nglakoni pakaryan-pakaryan
tartamtu amarga oleh pengaruh saka gancaran kang diwaca iku. Kagiyatan apresiasi sing paling
gampang iku nalika pamaca wis bisa mangerti isi saka gancaran kang diwaca, ngerti piwulang
ana ing gancaran lan bisa njupuk paedahe. Piwulang ana ing gancaran bisa kadudut ora kanthi
cara ngawur, ananging ngandelake pamikiran lan rasa kang lantip saka pamaca.
Kagiayatan apresiasi gancaran minangka cara kang digunakake kanggo ngakoni
eksistensi gancaran ana ing tengah-tengahing masarakat. Gancaran minangka salah sawijining
wujud sastra kang adate ngemu pitutur kanggo pamaca. Masarakat Jawa kudu bisa ngregani
asil budayane dhewe awujud sastra, mligine gancaran. Kagiyatan apresiasi iku basa gampange
yaiku kagiyatan ngenal, mudheng, ngrasakake, ngregani, lan mwnwhi pamrayogi panyaruwe
marang gancaran kang diwaca.
Saryono (2009: 28) ngandharake menawa “apresiasi sastra sebagai peristiwa sosial dan
momentan lebih banyak bersangkutan dengan jiwa, nurani, budi, rasa, emosi, dan afeksi”.
Kagiyatan apresiasi kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif lan psikomotorik.
Kagiyatan kang mbutuhake kaprigelan kognitif yaiku nalika pamaca ngerti apa kang
dikarepake ana ing gancaran lan bisa jupuk pitutur luhur gancaran iku. Kagiyatan apresiasi
kang mbutuhake kaprigelan psikomotorik bisa disawang nalika pamaca nglakoni kagiyatan
kang jumbuh karo gancaran sing diwaca. Urut-urutane apresiasi sastra diandharake dening
67
Endraswara (2002: 11-12) yaiku (1) nyenengi, (2) menikmati, (3) nanggepi, lan (4) ngasilake.
Urutane apresiasi sastra sing pungkasan uga bisa ditambah “implikasi”. Apresiasi marang
sastra Jawa, mligine gancaran bisa kalaksanan kanthi sampurna menawa pamaca bisa tumindak
manut kaya pitutur sing diwulangake ana ing gancaran kasebut.
Kagiyatan apresiasi ganacaran iku wis mesthi diwiwiti kanthi maca lan kenal karo
gancaran kang arep diapresiasi. Rasa seneng utawa ora marang gancaran iku mesthine teka
nalika gancaran diwaca. Menawa gancaran sing diwaca kuwi apik, rasa seneng iku bisa gawe
pamaca “menikmati” gancaran sing diwaca. “Menikamati” ana ing kene ana gandheng cenenge
karo rasa seneng sing teka saka jroning ati. Kagiatan nanggepi gancaran iku bisa kalakon
menawa pamaca wis bisa ngerti pesen kang ana ing sajroning gancaran. Pamaca ana ing bagian
iki wis bisa nganalisis pitutur luhur ana ing gancaran sarta bisa narik paedah saka kadadean-
kadadean ana ing gancaran.
Sawise pamaca mangerti pitutur luhur ana ing gancaran, pitutur kang ana iku dipikir
nganggo rasane dhewe. Pitutur becik kang wis piker nganggo rasa iku banjur ditrepake ana ing
urip padinan. Bab iki minangka wujud implikasi saka kagiyatan apresiasi gancaran. Pitutur
kang ana ing gancaran ora mung dianggep doalanan, nanging uga bisa nggeterake ati supaya
tumindak becik kaya kang diwulangake. Sanajan mangkono, implikasi ana ing kagiyatan
apresiasi uga bisa kalaksanan nalika pamaca dadi luwih kreatif amarga oleh ilham saka maca
gancaran.
5. Sinopsis Gancaran
Sinopsis gancaran yaiku ringkesan saka gancaran sing diwaca. Sanajan ringkes,
sinopsis bisa makili crita kang ana ing gancaran. Pamaca tetep bisa ngerti sapa wae kang dadi
paraga, kepiye urut-urutan kadadean ana ing gancaran, lan amanat apa kang bisa kadudut saka
gancaran iku. Bab iki amarga sinopsis kang kagawe kudu tetep ngemot unsur intrinsik gancaran
sing disinopsis. Kagiyatan gawe sinopsis gancaran iki bisa klebu ana kagiyatan apresiasi.
Sadurunnge nulis sinopsis, panulis wis tamtu nglakoni kagiyatan maca, mikir nganggo rasa,
mbedhah pitutur ana ing gancaran, banjur gawe sinopsis minangka implikasi saka maca
gancaran iku.
Nulis sinopsis iku bisa menehi gambaran kang ringkes lan cepet babagan isi naskah.
Nalika arep crita babagan gancaran kang diwaca, sinopsis bisa dadi alternatif kango
njlentrehake isi gancaran. Sanajan mangkono, sinopsis uga bisa mbantu wong liya nalika milih-
milih gancaran kang arep digunakake kanggo kagiyatan tertamtu saengga pamaca bisa luwih
68
cepet anggone nemtokake gancaran kang arep digunakake.
Gawe sinopsis gancaran iku diwiwiti kanthi maca gancaran kang arep digarap. Menawa
panulis ora maca gancaran sik, wis tamtu ora iso nulis sinopsis amarga ora ngerti kepiye
caritane, sapa paragane, piye setting, sudut pandangi, alur, amanat, lan sapiturute. Nalika wis
maca panulis kudu nulis bab-bab kang penting ana ing gancaran, kayata tema lan sapiturute.
Luwih becik meneh menawa panulis gawe rangkane sinopsis kang padha karo gancaran,
supaya anggone nulis ora morak-marik. Nulis sinopsis iku, sanajan mung saithik tetep kudu
nggatekake pamilihing tembung. Kalimat kang karonce nganggo tembung kang endah wis
tamtu luwih nyenengake menawa arep diwaca. Supaya bisa katulis kanthi ringkes, pacelathon
ana ing gancaran ora usah ditulis kaya asline. Pacelathon iku bisa wae mung dijupuk sari patine
wae sing penting bisa nggambarake kahanan kang ana ing gancaran.
D. FORUM DISKUSI
1. Gawea kelompok banjur golakana cerita rakyat ing Jawa banjur tulisen nganggo basa Jawa
kang apik!
2. Golekana bedane crita rakyat, cerkak, lan novel!
69
PENUTUP
A. RANGKUMAN
1. Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket
dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang.
2. unsur intrinsik gancaran yaiku tema, plot, watake paraga, latar/setting, sudut pandang,
pamilihing basa, lan piwulang”.
3. Unsur ekstrinsik ana ing gancaran iso sinawang saka telung kahanan yaiku saka pengarang,
kahanan sing maca, lan kahanan panggon nalika ngarang.
4. Jinise gancaran ana loro, yaiku klasik lan modern.
5. Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ana ing masarakat tartamtu.
6. Cerkak yaiku salah sawijining wujud gancaran kang tinulis amung cekak, cacahe tembung
winates, lan mung ngemot saperkara.
7. Novel (Inggris: novel) minangka karya sastra kang uga sinebut fiksi. Saka tembung asale
yaiku novella ateges ‘sawijining barang anyar kang cilik’ lan sabanjure ditegesi ‘cerita
pendek’ ing sajrone prosa/ gancaran.
B. TES FORMATIF
1. Salah sawijining wujud sastra kang wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru
wilangan, lan guru gatra yaiku...
A. gancaran
B. tembang
C. kakawin
D. geguritan
E. macapat
2. Panemu kang dibabar ana ing gancaran diarani ...
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
3. Urutane kadadean ana ing gancaran, sinawang saka wiwitan tekan pungkasan diarani …
A. alur
70
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
4. Pitungkas/pitutur luhur kang ana ing gancaran diarani … .
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
5. Gambaran babagan kahanan ana ing gancaran diarani… .
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
6. Carane panulis mapanake awake dhewe ing carita manut panemune diarani...
A. alur
B. setting
C. point of view
D. tema
E. piwulang
7. Watake paraga ana ing gancaran kapara dadi telu, yaiku … .
A. protagonis, antagonis, tritagonis
B. protagonis, antagonis, dwitagonis
C. protagonis, dwitagonis, tritagonis
D. dwitagonis, antagonis, tritagonis
E. monogonis, dwitagonis, tritagonis
8. Perangane gancaran kang ngemot prakara saka sing sadurunge biasa-biasa wae suwe-
suwe dadi saya ruwet diarani … .
A. komplikasi
B. orientasi
C. anti klimaks
71
D. klimaks
E. pungkasan
9. Perangane gancaran nalika prakara kang ana wus parah banget. Prakara ing gancaran wus
ana ing bagian puncak-puncake diarani … .
A. komplikasi
B. orientasi
C. anti klimaks
D. klimaks
E. pungkasan
10. Wiwitane gancaran kang wujude panjlentrehan babagan paraga lan setting crita diarani …
.
A. komplikasi
B. orientasi
C. anti klimaks
D. klimaks
E. pungkasan
11. Ukara panutup ing cerita rakyat yaiku… .
F. Sawijing dina
G. Eliding cariyos
H. Miturut ki dalang
I. Duk samana
J. Si kancil banjur lunga
12. Sastra lisan asifat komunal, tegese yaiku… .
A. Asifat individual
B. Lugu/polos
C. Tiyang kang nyipta kasumurupan
D. Duwene wong akeh
E. Duwe logika dhewe
13. Cerita rakyat dhaerah Jawa iku migunakake … .
A. Basa Walandi
B. Basa Cina
C. Basa Indonesia
D. Basa Jawa
72
E. Basa Bali
14. Amanat ing cerita rakyat asifat … .
A. Lugu
B. Lelucon
C. Subjektif
D. Objektif
E. Polos
15. Kang kalebu jinising cerita rakyat Legendha yaiku … .
A. Legenda Ki Ageng Sela
B. Kodhok karo Bango Tthonthong
C. Kancil Nyolong Timun
D. Macan lan Wedhus
E. Nyai Lara Kidul
16. Dongeng kang ngemu watak lucu lan nyenengake, yaiku… .
A. Mite
B. Legendha
C. Anekdot
D. Legendha religi
E. Legendha setempat
17. Cerkak yaiku … .
A. Salah sawijining wujud anggitan kang ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
guru gatra.
B. Sawijining wujud anggitan kang tinulis amung cekak, cacahe tembung winates, lan
mung ngemot saperkara
C. Bentuk sastra kang wujude bebas, ora kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
guru gatra kaya ing tembang.
D. Wewarah kang diajarake kanti cara sesidheman; pasinaon kang ngemu pasemon.
E. Salah sawijining wujud anggitan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan
guru gatra.
18. Titikane cerkak yaiku … .
A. Paraga utama ana ing cerkak bisa luwih saka siji.
B. Setting sing digunakake setting tunggal.
C. Prakara ana ing cerkak mung ana siji.
73
D. Cacahe tembung luwih saka 15000.
E. Luwih prayoga menawa ora nganggo pacelathon.
19. Karya fiksi Jawa modern kang kerep kamot ing majalah lan diandharake sithik mbaka
sithik yaiku… .
A. Cerkak
B. Geguritan
C. Roman
D. Novel
E. Cerbung
20. Karya sastra Jawa kang kalebu karya fiksi modern yaiku … .
A. Serat Riyanto
B. Mahabarata
C. Kalatidha
D. Serat Centhini
E. Kidung Sundha
74
KEGIATAN BELAJAR 4
TEMBANG MACAPAT
PENDAHULUAN
A. DESKRIPSI SINGKAT
Salah sawijine tujuwan utawa ancasing piwulang basa Jawa yaiku ngrembakakake
kawasisan, kaprigelan ing basa lisan lan tulis. Ing piwulang ya pasinaon kawasisan
tembang macapat, bisa kaperang dadi 4 (papat); yaiku ngerti teori lan mumpuni praktek
nembang, kanthi sangu: (a) ngerti lan paham laras (Slendro apa Pelog), (b) wasis lan
paham titilaras (nada) kanthi bener ora blero; (c) bisa nglagokake kanthi bener, becik, lan
nyenengake; (4) prigel lan trampil nganggit tembang macapat kanthi tema kang maneka
warna, ditulis lan dicakake kanthi bener, becik, lan nyenengake kang padha ngrungokake.
Tembang macapat kalebu kawasisan/ kaprigelan ing babagan “kagunan seni” kang
rinamu basa lan sastra; kalebu kawasisan wicara (praktek nembang) lan nulis (gawe teks
utawa naskah tembang macapat).
Tembang macapat mujudake salah sawijine kawasisan olahing swara (seni) kanthi
piranti basa kang kapacak ing kurikulum lan kudu diwulangake ana ing SMP, MTs lan
SMA/ SMK. Kawasisan tembang macapat mujudake salah sawiijine indikator kasil/
sukses lan orane para putra siswa anggone sinau; amarga siswa kang wasis, trampil
praktek nembangake/ nglagokake tembang macapat lan pinter sarta prigel nulis gawe teks/
naskah tembang macapat, lumrahe nduweni wawasan lan ide kang akeh lan kawasisan
milah lan milih tembung-tembung, ngrakit/ ngronce ukara, lan bisa nglagokake/
mraktekake tembang macapat kanthi bener, becik, lan nyenengake kang padha
ngrungokake. Modul tembang macapat iki karakit kanggo para dwija basa Jawa kang
bakal mulangake materi tembang macapat kanggo para putra siswa.
Modul tembang macapat kaperang dadi 2 (loro) yaiku materi teori lan praktek
utawa gladhen. Babagan materi teori ngrembug perkara: pangertening tembang macapat,
tuwuh lan kang angripta tembang macapat, cacah/ gunggunging tembang macapat;
75
paugerane, watak, sasmita tembang macapat; makna filosofis lan gunane tembang
macapat. Wondene kawasisan praktek/ gladhen diwujudake kanthi tuladha-tuladha
tembang macapat kang ana titilarase lan supaya dipraktekake. Mula para dwija kudu
tansah gladhen nembang macapat kang wusanane para siswa dadi tresna sarta gandrung,
lan wasis nembang macapat.
B. PETUNJUK BELAJAR
1. Modul iki isine ngemot materi teori lan materi praktek/ gladhen.
2. Wacanen materi kang ana ing modul kanthi teliti lan premati!
3. Gawea cathetan / ringkesan bab-bab kang kok-anggep wigati/ penting!
4. Golekana sesambungan antarane materi kang ana ing modul karo pengalamanmu
ing kelas utawa ing bebrayan agung utawa masyarakat!
5. Wangsulana gladhen/ latihan soal-soal kang ana ing modul kanthi temen!
6. Kunci jawaban kang ana modul iki semak lan wacanen kanggo nyocokake
wangsulan kang ana tuladha ing gladhen.
7. Para dwija maringana biji kanthi rumus JB/JS X 100 !
8. Menawa bijimu 80, banjur lagi bisa nerusake maca kegiatan belajar 2; ananging
menawa bijimu kurang saka 80, kudu maca materi modul maneh kanthi premati
lan teliti!
9. Rembugen karo kanca dwija lan sesama menawa ana materi kang kok-anggep
angel/ ora ngerti.
10. Pada dwija basa Jawa wajib tansah gladhen tembang macapat kang wis kapacak
ing modul iki, pamrihe supaya tambah wasis lan mumpuni menawa praktek
nglagokake tembang macapat; lan uga trampil nganggit tembang macapat kanthi
basa tulis/ teori.
76
INTI
A. Capaian Pembelajaran:
Mampu membuat, menganalisis, mengevaluasi, dan memraktekkan secara tepat
dan kritis “teks tembang macapat” sesuai dengan nada/ titilaras dalam beragam
informasi dalam teks bahasa Jawa lisan dan tulis dalam konteks keseharian/umum,
akademik dan pekerjaan.
B. Pokok-Pokok Materi
1.Tegese tembang macapat
2 Tuwuh lan pangriptane tembang macapat
3. Cacah lan gunggunging tembang macapat
4. Gunane Tembang Macapat
5. Paugerane Tembang Macapat
6. Sipat utawa Wataking tembang macapat
7. Sasmita Tembang Macapat
8. Cara Nglagokake Tembang Macapat
9. Makna Filsofise Tembang Macapat
C. Uraian Materi
1. Tegese Tembang Macapat
Tembung “tembang” kalebu leksikon basa Jawa ngoko, basa kramane “sekar”;
lan “sekar” uga nduweni teges “kembang”, gumantung gegayutaning ukara. Tuladha:
Kula nembe gladhen sekar macapat Mijil. Ibu nembe mundhut sekar Mlathi wonten peken.
Wondene “macapat” mujudake sawijining jinising tembang kang ana lan sumebar ing
tanah Jawa. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa sing edi lan endah ,
sing wujude rerangkening tembung-tembung kang kawengku pranatan-pranatan kang
gumathok, yaiku “lagu”. Jalaran tembang iku mujudake wujuding karangan kang
didhasari lagu utawa metrum. Jinising tembang kuwi akeh banget, kayata: tembang
77
Gedhe ‘sekar Ageng’, tembang Tengahan, tembang Cilik ‘sekar Macapat’, tembang
Dolanan, Gerongan, Suluk.
Ing buku Mardawalagu (tt, 2) anggitane Raden Ngabehi Ranggawarsita,
diandharake apa sebabe diarani “tembang macapat”, jalaran: (a) Wacan kapisan ngemot
“Sekar Ageng/ Tembang Gedhe”, (b) wacan kapindho ngemot “Tembang Gedhe”, (c)
wacan kaping telu “Tembang Tengahan”, lan (d) wacan kaping papat ngemot “Tembang
Alit utawa Sekar Macapat. Wondene wacan kapisan tumeka kaping papat mau menawa
diwaca kanthi urut, unine “Maca Salagu, Rolagu, Trilagu, Patlagu”. Dadi wacan kaping
papat utawa maca patlagu kang ngemot “Sekar Alit”, tumeka saiki diarani “Tembang
Macapat, jalaran mujudake urutan wacan kang kaping papat.
Asal usul lan tegese tembang macapat tumeka saiki durung ana pasarajukan kang
gumathok, antarane pemanggihing para winasis siji lan liyane. Wondene tegese tembang
macapat, yaiku.
a. Tembung macapat dumadi saka tembung “maca” tegese maca utawa nglagokake;
lan tembung “pat” kang owah dadi “mat” (proses asililasi tunggal ditikulasi)
wancahan saka tembung “nikmat”, maknane: enak utawa krasa banget
(Poerwadarminta, 1939: 298). Dadi macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa
endah lan nikmat.
b. Macapat dumadi saka tembung maca, lan pat kang owah dadi “mat”, kang asale
saka basa Walanda /Belanda “maat”, tegese: irama, tembang, metrum. Mula
macapat tegese maca kanthi iramaning tembang utawa metrum utawa menyanyi.
Irama utawa lagu sajroning tembang macapat iku sing lumrah kanthi gregel, yaiku
lak-luking suwara, munggah mudhuning suwara kang winates 4 (papat) titilaras.
c. Macapat dumadi saka tembung “maca” lan “pat” wancahan saka tembung “papat”;
jalaran anggone maca utawa nglagokake mandheg papat-papat (4-4 wanda)
waton pas entek utawa tumibaning tembung, boten kenging medhot tembung.
Mula gumantung tembung-tembung kang digunakake sajroning tembang; bisa
mandheg ing pedhotan loro telu (2-3); telu loro (3-2); telu-telu (3-3).
78
2. Tuwuh lan Pangriptane Tembang Macapat
Tembang macapat mujudaken basa Jawa Baru kang wis lumrah kanggo nulis
buku-buku utawa karya sastra gagrag anyar (baru); lan basa Jawa Baru wiwit wiwitane
abad 16 Masehi digunakake kanggo nulis kasusastran Jawa. Sajroning Serat Centhini
(PB V) kang katulis ing jaman karaton Surakarta Hadiningrat mratelakake menawa
versine ana 6 (enem) lan kabeh mawa sengkalan kanggo ngeling-eling taun panulise;
wondene kabeh sengkalan mau mratelakake dumadi ing wiwitane abad 19 Masehi
(Sumidi Adisasmita sajroning Darusuprapta, 1962: 152). Dadi tuwuhipun tembang
macapat bisa dipesthekake antarane pungkasaning abad 16 Masehi tumeka wiwitane abad
19 Masehi.
Sapa kang yasa utawa ngripta tembang macapat, pira cacahe durung apa
pamanggih kang gumathok lan gumolong, mula kerep dadi pasulayaning panemu ing
sarasehan-sarasehan; jalaran jawabane beda-beda durung gumathok. Wondene
pemanggihing para winasis tuwuhe sekar macapat bisa kaperang dadi 2 utawa rong
panemu, yaiku.
a. Adhedhasar Panemu Tradhisional utawa Para Sepuh
Kang yasa tembang macapat iku para wali, kira-kira ing jaman Mataram akhir
tumeka jaman Pajang, kurang luwih akhir abad 15 Masehi tumeka wiwitan abad 16
Masehi; wiwitane budaya Islam lumebu ing tanah Jawa. Wondene para wali kang yasa
tembang macapat, yaiku:
1) Sunan Kalijaga yasa tembang macapat: Dhandhanggula,
2) Sunan Giri: Asmaradana lan Pocung,
3) Sunan Bonang: Durma,
4) Sunan Kudus: Maskumambang, Mijil,
5) Sunan Muria: Sinom, Kinanthi,
6) Sunan Drajad: Pangkur (Umar Hasyim, 1974).
79
Ana pemanggih liya, yaiku Sri Sulistiani, dkk. (2017: 15); menawa tembang
macapat kang cacahe ana 11 (sewelas) iku dicipta para walisanga; kaya ing ngisor iki.
No. Sekar/ Tembang Pangripta
1 Mijil Kanjeng Sunan Geseng
2 Sinom Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
3 Maskumambang Kanjeng Sunan Majagung
4 Pangkur Kanjeng Sunan Muryapada
5 Durma Kanjeng Sunan Bonang
6 Kinanthi Kanjeng Sultan Adi Herucakra
7 Asmaradana Kanjeng Sunan Giri Kedhaton
8 Dhandhanggula Kanjeng Sunan Kalijaga
9 Gambuh Natapraja
10 Megatruh/ Dudukwuluh Kanjeng Sunan Giri Parapen
11 Pocung Kanjeng Sunan Gunungjati
b. Adhedhasar Sujarah
Tuwuhe tembang macapat ing pungkasaning jaman Majapahit utawa Majapahit
akhir, rikalane pengaruh utawa pangaribawa Hindhu sangsaya tipis lan luntur, wondene
rasa manunggaling bangsa Indonesia tambah kiyat. Mula wujud/ bentuk kakawin kanthi
metrum Hindhu sangsaya luntur lan sumingkir, lan tuwuhipun kidung lan tembang
macapat kanthi metrum asli Jawa.
Kanthi dhedhasar rong panemu ing dhuwur bisa kadudut utawa disimpulake
menawa tembang macapat iku tuwuh/ timbul ing pungkasaning jaman Majapahit, yaiku
anane kidung ing sajroning kasusastran Jawa Tengahan. Sawise pungkasaning abad 16
Masehi diarani tembang macapat kanggo ngripta/ nganggit kasusastran Jawa Anyar.
80
3. Cacah utawa Gunggunge Tembang Macapat
Cacah utawa gunggunge tembang macapat antarane para winasis kagunan seni siji
lan sijine durung ana pasarujukan kang gumathok; nanging menawa kagerba ana telung
pamanggih/ panemu, yaiku.
a. Cacah/ gunggunging tembang macapat ana 9 (sanga/ nawa), kang dhasar
wiwitane tembang: Dhandhanggula, banjur tuwuh tembang macapat: “Durma,
kinanthi, Maskumambang, Mijil, Pangkur, Asmaradana, Pocung, lan Sinom”.
b. Tembang macapat cacahe ana 11 (sewelas), yaiku padha karo 1) ng dhuwur
katambah tembang: Gambuh lan Megatruh/ Dudukwuluh.
c. Tembang macapat gunggunge ana 15 (limalas), kaya angka 1) lan 2) andharan
ing dhuwur, katambah tembang: “Jurudemung, Wirangrong, Balabak, lan
Girisa” (Pemanggih/ panemu iki ora lumrah, jalaran papat tembang iku
kagolong tembang tengahan. Ananging uga ana panemu menawa tembang
Tengahan iku sejatine tembang Macapat kang tuwuhe luwih dhisik; mula
paugeran lan pranatane padha antarane tembang tengahan lan macapat.
Telung panemu gunggunge tembang macapat ing dhuwur kang lumrah lan
adhedhasar ngrembakane kasusastran Jawa ing jaman saiki, padha nyarujuki
menawa gunggung utawa cacahing tembang macapat iku ana 11 (sewelas).
a. Tuladha Tembang Macapat Mijil, Laras Pelog Pathet Nem.
66 !@ @ @@ @! z@x x x c #
Po - ma ka - ki pa- dha di- pun e- ling
!6 !z x x x x @c @
Mring pi- ! z@x x x x c# i- ngong 5 6z .x 5x 3c
!@ tu - tur 65 55 ran - e
Si - ra sa - tri - ya a -
# !z x x x x @c
u - ga
81
23 56533 3 3 2z x.c3
Ku - du an- teng jat- mi - ka ing bu - dhi
56
Ru - ruh 66 6 5z x x x x 6c
23 sar - ta was - sis
Sa - mu
5 5 z56x 5c z3.x c2
ba - rang i - pun
b. Tuladha Tembang Macapat “Pangkur”; Laras Pelog Nem
35555333
Se - kar pang - kur kang wi - nar - na
35 56 111 12 3 3
Le - la - buh - an kang kang - go wong a - u- rip
56 ! ! ! ! z@x x x x x c# z@x x x x x c!
A - la lan be - cik pu - ni - ku
!65 555 5
Pra - yo - ga ka - wruh - a - na
3565311 1 1 2z 1x 2c 3 3
A - dat wa - ton pu - ni - ku di - pun ka - da - lu
ty111 111
mi - wah ing - kang ta - ta - kra - ma
1231 2 3 3z c2 1
Mum - pa - ngat - i - ba - dan - ne - ki
4. Gunane Tembang Macapat
Sinau tembang macapat mujudake salah sawijine sarana lan pambudidaya kanggo
nglestarekake seni tradhisi lan nyinau piwulang-piwulang ing kasusasran Jawa kang
82
sumimpen sajroning cakepan ‘syair, teks’ tembang macapat. Jalaran serat-serat Jawa ing
jaman kuna (karaton) akeh kang katulis kanthi wujud basa pinathok ‘puisi tradisional’
kakawin, tengahan, mligine tembang macapat. Wondene guna paedahe sinau tembang
macapat, yaiku;(a) Nyenengake kang padha maca utawa nembang, amarga menawa
waleh / bosen cengkok utawa laras siji, bisa ganti cengkok utawa laras liyane. (b)
Nggampangake pangeling-eling kanggo mangerteni prakara-prakara kang diwujudake
ing tembang macapat.
Tuladha Tembang “Dhandhanggula”, Laras Slendro Pathet Sanga.
25 66 . 6!@ @@@
Yo- gya- ni - ra kang pa - ra pra - ju - rit
@ @ 6 !z x x x x 6c . 6 6 6 6 6 6
La - mun bi - sa sa- mya a - nu - la - dha
56 66 66 !6 5
Ka - dya ngu - ni ca - ri - ta - ne
6 ! @ ! 6z x x x x c! 56
An - del i - ra Sang Pra - bu
66 z6x x x x c5 2 . 2 2 2 2 1z x x x x cy
Sa - sra ba - u ing Ma - es - pa - ti
1222222
A - ran Pa - tih Su - wan - da
35 11 2 1 yt
Le - la - buh - an- i- pun
12 222 222
Kang gi - ne - lung tri pra - ka - ra
5 3 2 1z x x x x cy yyyyy12
2
83
Gu - na ka - ya pu - run ing - kang den an - te -
pi
222 11 2 zyx x x x x c1 1
Nu - hon - i trah u -
ta - ma
5. Paugerane Tembang Macapat
Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/ yasa tembang macapat
lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake tembung-
tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan, wancah; (b) guru gatra,
guru wilangan, guru lagu/ dhong-dhing; (c) purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra yen
ditulis kanthi aksara Jawa utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing
tembung lingga kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh
‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’.
Tembang utawa puisi Jawa tradhisional iku lumrahe nggunakake basa kang edi
lan endah, supaya bisa nyenengake kang padha nembang lan kang mirengake. Mula basa
ing tembang iku: luwes, pantes kang bisa nuwuhake rasa endah, saged narik lan
nyenengake kang padha maca lan ngrungokake (Hadiwidjana, 1967: 52). Pangripta
tembang macapat lumrahe nggunakake “rengga basa/ basa rinengga”.
Adhedhasar paugeraning utawa konvensi guru-gatra, guru-wilangan lan guru-lagu
(dhong-dhing) tembang macapat bisa digawe tabel ing ngisor iki.
Nama tembang
Pocung 12-u 6-a 8-i 12-a - - - - - -
Maskumambang 12-i 6-a 8-i 8-a - - - - - -
84
Gambuh 7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - --
Megatruh
Kinanthi 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - --
Mijil
Pangkur 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -
Asmaradana 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -
Durma 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - --
Sinom
8-i 8-a 8- 8-a 7-a 8-u 8-a - --
e/o
12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - --
8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -
Dhandhanggula 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-a
a. Tuladha Tembang Macapat Maskumambang; Laras Pelog Pathet Lima
5 z6x x x x x !c ! ! ! ! ! ! @ # !
z6.x 5c ma - nut pi - tu - tur wong tu - wa u-
Wong tan
# # @ !z .x @c
gi
mu du - ra - ka
! z@x x x x x #c
A - ne - 5 6 z!x x x x x c@ 6z x x 5x x 3c 2z .x c1
khir
655 tu - me - keng a-
Ing do - nya
85
1 2 3 1 2 3 3z x x x x x c2 3z x.5c
Tan wu - rung ka - su - rang su - rang
b. Tuladha Tembang Macapat Asmaradana; Laras Slendro, Pathet Sanga miring
1 2 3/ 5 555 5
Se - ja - ti - ne u - rip i - ki
5! @# !!55
Ka - ya de - ne wong le - lu - ngan
/3 2 3/ 5 3/ z2x x x x x 3/c 12
Neng do - nya mung mam - pir ngom - be
555 555 z5x x x x x /3c z/3x x x x x 5c
Te - ru - se ja - gad a - ke - rat
22 2 2 2 z3/ x x x x x c2 1
Nung –gal la - wan pa - nge - ran
12 2 2 2 2 2z xc/3 z1x 2c
Kang ti - tis pa - nges - thi - ni - pun
11 11 2 2 3z 2x c1 1
Yek - ti an - tuk ka - nu - gra - han
6. Sipat utawa Watake Macapat
Gunggung, cacah lan jenenge tembang macapat iku ana 11 (sewelas), lan tembang
tengahan ana 4 (papat); kang mratandhani menawa panganggone pupuhing tembang iku
ora kena sakarepe dhewe, nanging kudu dijumbuhake karo wataking tembang. Wondene
wataking tembang macapat; kaya ing ngisor iki.
86
1) Pocung : Watake sasenenge/ sakarepe dhewe, lucu, sembrana
2) Gambuh parikena. Cocok/ jumbuh kanggo cangkriman,
nggambarakeprakara kang sembranan.
: Paseduluran ‘familier’, sumadulur. Jumbuh kanggo pitutur;
pitutur marang kulawarga, pitutur babagan paseduluran.
Jumbuh kanggo andharan babagan kulawarga, pitutur,
pendidikan, panembah.
3) Pangkur : Gumregah,semangat, nesu, perang. Jumbuh/ cocok kanggo
paprangan, padudon, pitutur kang semangat makarya,
ngendhaleni hawa nepsu; asih tresna kang makantar-kantar.
4) Durma : Semangat, nesu, gummregah, padudon. Cocok/ jumbuh
kanggo andharan rasa nesu, cecongkrahan; rasa jengkel,
carita paprangan.
5) Maskumambang : Sedhih/ susah, trenyuh, getun/ gela. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake rasa susah/ sedhih, getun geduwung,
nelangsa.
6) Megatruh : Susah, prihatin, gela/ getun. Jumbuh kanggo nggambarake
prekara kang susah, rasa sedhih, kuciwa, lan gela.
7) Mijil : Prihatin, asih tresna. Jumbuh kanggo andharan utawa
nggambarake babagan asih tresna, prihatos, pangajak,
pitutur. Jumbuh/ cocok kanggo nggambarake rasa asih
tresna, prihatin, pangajak, lan pitutur.
8) Kinanthi : Seneng, gembira, asih tresna. Jumbuh kanggo pitutur/
nasihat, nggambaraken rasa asih tresna, lan liya-liyane.
87
9) Asmaradana : Asih tresna, sedhih, kasmaran. Jumbuh/ cocok kanggo
nggambarake babagan katresnan, asih tresna, kasmaran, lara
branta, lan liya-liyane.
10) Sinom : Asih tresna, lincah, canthas. Jumbuh utawi cocok kanggo
prakara kang sarwa lincah, nggambarake sipat kang lincah
‘kreatif’.
11) Dhandhanggula : Luwes, nyenengake, grapyak semanak. Cocok/ jumbuh
kanggo nggambarake sakabehe suwasana/ kawontenan.
Tuladha Tembang Macapat Kinanthi; Laras Slendro, Pathet Manyura
6! !! ! @z !x @c ##
Pa - dha gu - la - ngen ing kal - bu
#@@@ # # @ #z @x !c
Ing sas - mi - ta a - mrih lan - tip
6! @@ @ @ @z #c !z c@
A - ja pi - jer ma - ngan nen - dra
! 6 6 6 5 z56c 3 z35x c6
Ka pra - wi - ran den ka - es - thi
566 66 6 5 5z 6c
Pe - su - nen sa - ri - ra ni - ra
5 5 5z c6 z53c 3 3 3z x56c 6
Ce - gah dha - har la - wan gu - ling
88
7. Sasmitane Tembang Macapat
Buku-buku ing kesusasteraan Jawa kang ditulis tembang macapat iku arang kang
menyebutkake jenenge “pupuh” kanthi walaka utawa terus terang, nanging kanthi cara
nganggo “sasmitaning tembang, sasmita araning tembang, sasmita namaning
sekar”.Wondene sasmita tembang iku lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning
pupuh, (b) pungkasaning pupuh, kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh
sabanjure.
Tetembungan kang lumrah kanggo sasmitane tembang macapat, yaiku :
a. Pocung : mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung
kang nduweni wanda “cung”.
b. Gambuh : tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan tembung-
tembung kang awanda “mbuh”.
c. Makumambang : kambang, kentir, kencana timbul ing warih.
d. Megatruh : duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh, aruh.
g. Kinanthi : kanthi, kekanthen, gandheng.
h. Mijil : wiyos, winiraos, rarasati, metu.
i. Pangkur : mingkur, munkur, kukur-kukur, yuda kenaka.
j. Asmaradana : asmara, kasmaran ing driya, branta, kingkin,
sedhih.
k. Durma : mundur, udur, durcara, duraka.
n. Sinom : anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,
weni, logondhang.
89
o. Dhandhanggula : manis, legi, sarkara, hartati, madu, dhandhang,
guladrawa.
a. Tuladha Tembang Macapat Durma; Laras Pelog Pathet Barang
356777 77 6 z6c7 5 z3c2
Be - ner lu - put a - la be - cik la - wan beg - ja
23 5 55 z6c7 z6.x c5
Ci - la - ka ma - pan sa - king
@#7656
Ing ba - dan pri - yang - ga
66 6 6 6z c7 5 6
Du - du sa - king wong li - ya
67 @ @@@ z@#c z@#c
Mu - la - ne den nga - ti a - ti
5 6 7 5z .x 6x c5 z3c2
Sa - king dir - ga - ma
z5x.6x c7 7 7 7 75 z7x.x6c5
sing - ga - ha - na den e - ling
b. Tuladha Tembang Gambuh; Laras Pelog Pathet Barang
7 @ @ @ @ 7 @z c#
Sa - meng ko - ting - sun tu - tur
#@ 767 @@ @ 7 z@c#
Sem - bah ca - tur - su - pa - ya lu - mun - tur
90
65 3 z5c6 66 66 75 32
Dhi - hin ra - ga cip - ta ji - wa ra - sa ka - ki
566 67567
Ing ka - na la - mun ti - ne - mu
7@ #@7 6 5z 6c 6
Tan - dha nu - gra - ha ning ma - non
8. Carane Nglagokake Tembang Macapat
Tembang macapat iku kawengku ing guru gatra, guru wilangan, dhong-dhing,
pedhotan, lan watak. Mula yen sinau lan nglagokake tembang macapat kudu mangerteni
5 (lima) bab, yaiku paham lan ngerti: (a) guru lagu lan guru wilangan; (b) ala lan beciking
suwara; (c) wataking tembang; (d) tetembungan utawa ukara kang salah; lan (e) paham
lan nguwasani marang tembung-tembung lan basa basa kawi (Hardjowirogo, 1958: 13).
Carane nglagokake tembang macapat supaya bener lan becik, kudu mangerteni
paugerane lan paham sarta nguwasani ing babagan: (1) laras utawa nada (Slendro lan
Pelog); (2) titilaras ‘nada, notasi’, yaiku urutane nada (notasi) saka kang cendhek dhewe
nganti nada kang dhuwur dhewe. Gunane titilaras, yaiku kanggo: (a) nulis notasi tembang;
(b) gawe cengkok tembang; lan (c) sinau tembang. Titilaras ing tembang Jawa iku
adhedhasar nada utawa titilaras gamelan Kepatihan. Mula yen wis paham lan mangerteni
titilaras bakal gampang menawa sinau lan nglagokake tembang macapat. Titilaras iku ora
mung mujudake urutane angka, nanging urutaning angka kang wis ditata lan mujudake
sawijining tembang atau lagu. Bedane urutane angka ing titilaras laras Sledro lan Pelog,
yaiku.
Urutan titilaras laras Slendro :1–2 -3–5–6–i
Urutan titilaras laras Pelog : 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – i/ - 7
91
(3) Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna lagu, lan tembang macapat nduweni
cengkok (gaya utawa lagu) kang akeh. Cengkok mujudake wujud kreativitas seni
tembang, pramila cengkok asipat rongeh ‘gampang owah’. Tembang kang tanpa cengkok
diarani tembang wantah (lugu, polos, milah, mbalung), lan tembang kang
nggunakakecengkok diarani tembang garap (sengsem, sanggit) (Suwardi Endraswara,
2010: 86). (4) Pakecapan kudu cetha, supaya kang padha ngrungokake bisa mangerteni
isining tembang, bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t lan th, lan liya-
liyane. (5) Pedhotan, gatra ‘baris’ kang cacah utawa gunggunging wanda 5 – 8, prayoga
dilagokake sajroning sakpanas (ora perlu mandheg utawa dipedhot ing satengahing ukara/
baris). Pedhotan sajroning nglagokake tembang macapat ana werna 2 (loro), yaiku: (a)
pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing pungkasaning tembung, lan (b) pedhotan
kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing tembung kang ora wutuh utawa durung rampung
(pedhotan kang cacat/ ala). (6) Gatra utawa baris kang guru wilangane luwih saka 8
(wolu) wanda, prayogane mandheg ing napas 4 (papat) wanda kapisan, lan diterusake
saknapas sakbanjure. Menawa 4 (papat) wanda kapisan ora tumiba pungkasaning
tembung; prayogane anggone mandheg ing pungkasaning tembung, sanajan lima utawa
enem wanda. (7) Kudu bisa mbedakake purba andhegan ‘berhenti bernafas’, ing
satengahing gatra, lan mandheg ing pungkasaning gatra, lan mandheg ing pungkasaning
pada ‘bait’. (8) Nggatekake laya ‘irama’ sajroning tembang, supaya bisa jumbuh karo
wataking tembang.Tuladha tembang Pangkurkudu semangat, jalaran wataking tembang
Pangkur, yaiku “gumregah, perwira, semangat, wani”. (9) Paham gregel,yaiku membat
mentuling suwanten utawa embat, lan gunane kanggo gawe endahing tembang macapat.
Wondene gregel ing tembang macapat iku akehe 4 (papat) gelombang titilaras. Gregel
bisa dibedakake ana 2 (loro), yaiku: (a) gregel andhap, tegese gregel sing dilagokake ing
peranganing wanda tembung kang pungkasan, contone “ra” ing ukara: mingkar mingkur
ing angkara. (b) gregel hanung, tegese gregel kang dilagokake ing wanda sadurunge
pungkasaning tembung ing pungkasaning gatra, tuladhane “ka” ing ukara: mingkar
mingkur ing angkara. (10) Paham utawa ngerti “luk”, yaiku munggah mudhun utawa
ombake suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi) kang digawe. Ing tembang
macapat, lukora becik menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk kang dawa iku arane
92
bawa. Gunane luk kanggo gawe edi, endah lan kepenak menawa dirungokake. Luk bisa
dibedakake ana 4 (papat); yaitu luk: (a) ndhudhuk, maksude luk kang titilaras (nada,
notasi) urut utawa cedhak utawa munggah marang titilaras sadhuwure; tuladhane nada:
23, 35, 45, 56”; (b)niba,tegese nada (titilaras) kang dhuwur mudhun marang nada
sangisore, tuladhane nada: “53, 32, 54, 16, 76”; (c) tangi, maksude luk saka titilaras kang
cendhek tumuju marang nada kang luwih dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,
561”; lan (d) nyeklek,yaiku luk kang munggah lan mudhun utawa suwalike kanthi
mlumpat kang ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.
Tuladha Tembang Macapat “Sinom” Laras Pelog Pathet Nem
!@@@@ @z #c ! @z c!
Nu - la - dha la - ku
u - ta - ma
!!! ! ! ! !z x@c! 6z x.c5
Tu - mrap -e wong ta - nah Ja - wi
!@ # !z @c !6 6 5z c6
Wong a - gung ing Ngek - si - gan - da
6 6 6 z5c6 2 2 2z c3 1z 2x x1yc
Pa - nem - ba - han Se - no - pa - ti
355 5 5 z56c 5
Ke - pa - ti a - mar - su - di
3 2 2 2 z23c 2z x1yc 1z 2c 2
Su - da - ning ha - wa lan nap - su
123 33 33
Pi - ne - su ta - pa bra - ta
355 6 2 2 z2c3 z1x21x cy
Ta - na - pi ing si - yang ra - tri
3 5 5 5 5 5 5z c6 5 3 z2c3 z12c 2
A - me - ma - ngun kar - ye - nak tyas ing se - sa - ma
93
9. Makna Filosofise Tembang Macapat
Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora luput saka 3
(telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan mati utawa ing rikalane mbobot,
lair, bayi, rikala anak-anak / lare, mudha/ remaja, rikalane dewasa (palakrama,
kulawarga), lan rikalane seda (Damardjati Supadjar, 1985 : 194). Tembang macapat
menawa diurutake lan kaandharake werdine pranyata ngemot piwulang kang luhur sarta
utama, lan nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip ana donya; wiwit lair
tumekaning pati, yaiku :
1. Mijil : yaiku wektu rikala bayi lair utawametu, mijil‘keluar, lahir’. Watake
tembang iki prihatin, amarga wong tuwa (bapa biyung) rikalane padha
ngarep-arep lan nunggu anake kang bakal lair, lumrahe dikantheni
padha prihatin; kang pamrihe supaya anak lan biyunge tansah nemu
slamet, bagya lan mulya. Wiwit ana guwa garba tumekaning lair
nyawang padhanging hawa, mugya tansah manggih raharja lan uripe
tansah utama sarta bagya mulya.Bapa biyungtansah prihatin, lan
lumrahe linambaran rasa seneng amarga idaman, gegantilaning ati;
yaiku putrane wis lair kanthi wilujeng. Kanggo mengayubagiya,
wetuning rasa, medharake bebukaning carita‘rasa syukur lan panarima
laireputra kanggo nyambung sujarahe wong tuwa’.
2. Maskumambang : nggambarakewektu rikalane isih bayi (anak-anak)kang
kebaknikmatingmurip, bayi (anak) isih mardika durung duwe lan ora
ngerti rekasaning urip. Lare (anak-anak) tansah seneng-seneng utawa
dolanan, gegojekan. Anak menika mujudake rajakaya lan rajabrana
kang aji banget menggahe wong tuwa; amarga kang bakal nyambung
sujarah lan gegayuhane bapa biyung. Watake tembang
Maskumambangyaikunalangsa ‘prihatin, sedih’; jalaranwong tuwa
tansah nggadhadhahi rasa khawatir, was-was menawa anakeanggone
dolanan, gegogegan, lan guyonan tansah slamet, adoh saka bebaya.
Wataking anakkang durung nduweni petung lan tetimbangan anggone
94
3. Sinom tumindak lan tansah gegojegan; isih nggugu sakarepe dhewe, lare
4. Durma (anak-anak) yen duwe karep isih sakarepe dhewe utawakaduk wani
kurang deduga ‘sangat berani belum punya pertimbangan’.
5. Asmaradana
6. Kinanthi : yaiku nggambarake anak wis dadi nom-noman utawa mudha,
watakegrapyak semanak, luwes‘supel’. Pancen para mudha (nom-
nomam) lumrahe tansah seneng srawung utawa kekancan/
paseduluran, wasis micara kanggo ngupadi sedulur lan tansah gawe
seneng ‘simpatine’ wong liya.
: yaiku nggambarakerikala isih nom utawa mudha kang lumrahe
gampang kagodha lan kapribawanprekara kang ala, napsu angkara
murka, kagodha ombyaking jaman.Tembang iki watakegalak
‘pemberani’, sereng ‘tegang’, seneng critakake babagan padudon
utawa perang. Pancen lumrahe para mudha iku anggone ngadhepi urip
utawa kahanan iku trengginas ‘dinamis’ lan trampil (kreatif inovatif).
Para mudha lan mudhi lumrahe gampang kagodha pasrawungan lan
watake gampang nesu (emosi) lan seneng padudon..
: nggambarakenom-nomam (mudha-mudhi) kang wis wiwit nduweni
rasa tresna,kasmaran ‘jatuh cinta’, kepencut marang wong liya kang
beda jinise. Watake tembang iki grapyak ‘simpatik’, seneng, gembira
lan sedhih. Bab iki nggambarakemenawa mudha-mudhi lagi ketaman
asmara, lara branta; lumrahe atine seneng banget, nanging kacampuran
rasa sedhih/ susah; jalaran khuwatir menawa kekasihe kagodha lan
digodha mudha/ mudhi liyane.
: nggambarakewektu utawa rikalane mudha-mudhi wis wiwit padha
gegandhengan tangan utawaurip bebrayan, wis mbangun bale wisma
‘berkeluarga’, urip kang rukun lan ayem tentrem, bagya mulya
‘damai’. Watake sarwa seneng, asih, gumolong ‘bersatu’. Pancen
95