The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by tyradhia, 2022-02-10 20:40:41

Modul 4 Sastra Klasik & Modern PPG

Modul 4 Sastra Klasik & Modern PPG

rikalane pengentenan anyar lumrahe tansah seneng, seneng-seneng,
nyenengake, lan tansah asih tresna, asah asih asuh lan sinisihan.

7. Dhandhanggula : nggambarakerikalane wis ngancik lan ngrasakake dadi wong tuwa,
ngopeni anak bojo lan srawung karo tangga teparo. Mula wiwit
mranata lan njumbuhake kabutuhane urip saben dinane. Anggone urip
bebrayan wiwit ngrasakake rasa kepenak, ayem tentrem lan bagya
mulya‘nikmat’; amarga wis manunggaling cipta rasa karsane para anak
bojone, lan anak-anake padha rukun; wusananesajroning
kulawargabisa mujudake kuluwarga kang padha dhemen tetulung
(asah, asih, asuh). Watake tembang iki manis, ngresepake
‘meresapkan, menyenangkan hati’, luwes. Pancen menawa manungsa
wis tuwa adhakake tansahluwes ‘pandai bergaul karena telah
berpengalaman’ lan manisutawangresepake ‘selalu berbuat baik dan
membuat senang kepada orang lain’, seneng lan pethel nyambut gawe,
lan gotong royong karo tanggane lan sesamane.

8. Gambuh : nggambarkan umur lan watak rikalane manungsa tambah tuwa/
9. Pangkur dewasa lan kapribadene tambah diwasa, wusanane bisa njumbuhake
kabutuhaning jiwa raga, lair lan batin; kuluwarga lan masyarakat,
pribadi lan marang Pangeran(hablumminnalooh lan hablumminnaas).
Watak tembange maringi pitutur‘nasihat’, anggenah-genahake ‘selalu
memberikan penjelasan’. Pancen lumrahe manungsakang wis tuwa
(dewasa, sepuh) tansah menggalih lan bisa njumbuhake wigatine urip
lan tansah mituturi marang anak putu utawa sesama;patrap lan
pangucap‘perbuatan dan ucapan’ wis bisa jumbuh, uripe wus bisa
njumbuhake kahanan lair lan batine.

: nggambarakerikalane umure manungsa wis laluyuswa ‘masa lanjut
usia, udzur’; lan wancine ngungkurake hawa napsu lan kadonyan’.
Watake sereng ‘semangat’, prawira‘perwira’, lan wani. Ing mangsa iki

96

10. Megatruh tansah mbudidaya kanthi gumregut lan semangat anggone
11. Pocung ngendhaleni hawa napsu angkara murka, napsu kadonyan.
Kebutuhaning urip kang asipatboros ‘glamour’, seneng-seneng, hura-
hura/ berfoya-foya wis ditinggalake. Manungsa wiwit sregep ngibadah
lan nyedhak tansah dhedhepe marang Pangeran. Ing pangajab sawanci-
wanci katimbalan Gusti Kang Mahasuci bisa lancar, selamat; saged
mlebet wonten surganipun Pangeran.

: nggambarakemanungsa kang wis nglenggana marang pepesthen,
takdiring kabeh manungsa yen bakal seda, mulih mula mulanira utawa
megatruh ‘pisahe nyawa saka raga’. Watakesusah, nelangsa,
prihatin,getun; jalaran manungsa yen wis cedhak patine, tansah
nandhang gerah; lumrahe atine susah, sedhih lan kuciwa, jalaran arep
pisah karo kulawarga, anak, sedulur, lan tanggane; sarta rumangsa gela
amarga ngelingi tumindake sing ora becik nalika isih nom, isih urip.
Malah rumangsa keweden bakal ngadhepi pangadilaning Pangeran, lan
amarga durung siyap anggone sangu amal kabecikan.

: Nggambarake rikalane manungsa wis seda lan dipocong,
watakesembrana, sakepenake. Manungsa kang wis sedabakal lali
sakabehe, lan sakepenake dhewe alang ujure. Kabeh mau gumantung
marang sanak sedulure kang padha mrenahake lan anggone ngurusi
jasad utawa layone sarta anggone ngubur (ngrukti).

a. Tuladha Tembang Macapat Megatruh; Laras Pelog Pathet Barang

7567 7675 65 5 6z x.c7
Si - gra mi - lir kang ge - thek si - nang - ga ba - jul
2 3z 5c 5 5 5 z56c 3 5
Ka - wan da - sa kang nja - ge - ni

97

566 6 6 6z c7 56
Ing ngar - sa mi - wah ing pung - kur
2 3z x.x27x c.
5 3 2 2 3 5z 6c ke - ring
Tan- a- pi ing ka - nan 6z c5 z3.x 2c
a - lon
553235
Kang ge - thek lam - pah - nya

b. Tuladha Tembang Macapat Pocung; Laras Slendro pathet Manyura

6653!!!@ 66 6z c5 3
Ngel - mu i - ku ka - la - kon - e kan - thi la - ku

!@6 3 z35x 3c z2c1
Le - kas - e la - wan kas

122 2 3 1 2z x.c1 y
Te - ges - e kas nyan - to - sa - ni

y 1z c2 3 3 2 2 2z c1 y 3z 5c 6 3 2
se - tya bu - dya pa - nge - kes - e dur ang - ka - ra

D. FORUM DISKUSI
1. Para dwija utawa para siswa padha diskusi utawa ngrembug babagan “isine tembang
macapat:
a. Mijil, sing cakepane: Poma kaki padha dipuneling/ ……. // nganti rampung; supaya
diandharake nganggo basa gancaran.

98

b. Dhandhanggula, sing cakepane: Yogyanira kang para prajurit/ …… // nganti rampung;
supaya diandharake nganggo basa gancaran.
2. Para dwija utawa para siswa padha diskusi utawa ngrembug babagan ”carane gawe
tuladha tembang macapat Sinom utawa Dhandhanggula sapada wae, kang irah-irahan
utawa isine:
a. “Gunggunging tembang macapat kang ana 11 (sawelas)”. Yen wis dadi tugase
dikumpulake, banjur dilagokake utawa ditembangake.
b. “Makna Filosofise Tembang Macapat Mijil nganti Pocung”; banjur diandharake isine,
dikumpulake lan dilagokake nganggo laras Slendro utawa Pelog.

99

PENUTUP

A. Rangkuman

Tembang macapat mujudaken peranganing budaya lan kasusastran Jawa, sarta
tembang macapat ana kang awujud lisan lan tulisan. Tembang macapat iku dianggit mula
bukane kanthi ancas/ pangajab ditembangake lan dirungokake, jalaran masyarakat Jawa
tradisional iku dhasare padha luwih seneng ngrungokake katimbang sinau dhewe. Teges
utawa maknane tembang macapat iku maneka warna werdine, kang surasane kabeh bener
lan bisa tinampa kanthi nalar. Kang nyipta tembang macapat iku walisanga ing
pungkasaning karaton Majapahit akhir abad 15 Masehi. Wondene cacah utawa
gunggunge tembang macapat iku antarane para sarjana, para winasis siji lan sijine ora
padha; nanging kang lumrah lan sumebar ing masyarakat, cacahing tembang macapat iku
ana 11 (sewelas). Mula gunane tembang macapat, saliyane supaya ditembangake;uga
kanggo salah sawijining sarana nyimpen prakara-prakara kang penting banget nganggo
wujud tembang macapat; pamrihe bisa nggampangake pangeling-eling lan kanggo
nyenengane kang padha maca. Sajroning tembang macapat iku ngemot pitutur,
piwulanging urip kang akeh banget; kayata: “pitutur para prajurit, generasi mudha kang
utama, panyaruwe/ kritik sosial, cangkriman/ teka-teki, lelucon/ humor, tontonan”.

Paugeran tembang macapat wis kawengku dening guru: “gatra, wilangan/ wanda,
lagu/ dhong-dhing; pedhotan”. Kaindahaning tembang macapat iku bisa kadulu saka
akehing cengkok‘model, gaya’ tembang macapat (papan panggonan/ dhaerah, asmaning
priyantun); anane sasmita tembang; wataking tembang macapat (nelangsa, sedhih/ susah,
gumregah, wani, lan liya-liyane); purwakanthi ‘persajakan, permainan bunyi’ (swara,
sastra, lumaksiata/ basa); tembung garba ‘persandian’, plutan, wancahan; daya sastra;
baliswara; sandi asma; lan lelewaning basa ‘gaya bahasa’; lan liya-liyane. Anggone
nembangake tembang macapat kudu ngerti lan paham ing babagan: laras (Slendro pathet:
nem, sanga, manyura; apa Pelog pathet: nem, lima, barang); titilaras (nada, notasi);
pedhotan (kendho, kenceng); andhegan (satengahing gatra, pungkasaning gatra,
punkasaning pada); gregel (andhap, hanung); luk (ndhudhuk, niba, tangi, nyeklek).

100

Tembang macapat migunani kanggo tuntunan (piwulang), tontonan (hiburan),
kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa “basa sinandi, pralambang saha
pasemon ‘bahasa kias’; kang perlu didhudhah kanthi teliti lan premati. Tembang macapat
kang cacahe ana 11 (sewelas); kang diwiwiti saka tembang Mijil tumeka tembang Pocung,
pranyata makna filosofise nggambarake wiwit laire manungsa nganti tumekaning pati.

B. Tes Formatif
Wangsulana pitakonan ing ngisor ini kanthi milih salah sawijining wangsulan

kang dianggep bener utawa trep dhewe!
1. Ing buku Mardawalagu diterangake, diarani tembang macapat amarga urutan
wacan kang kaping papat (macapat lagu). Katrangan iku miturut panemune sapa?
a. ISKS Pakubuwana IV
b. Raden Ngabehi Ranggawarsita
c. KGPAA Mangukunegara IV
d. Raden Ngabehi Yasadipura I
e. ISKSS Pakubuwana III
2. Kapan tuwuh/ timbule tembang tengahan lan macapat miturut cathetan sejarah?
a. Majapahit akhir
b. Demak wiwitan
c. Mataram Islam
d. Surakarta Hadiningrat wiwitan
e. Pajang akhir
3. Kang yasa/ nganggit tembang macapat Dhandhanggula, yaiku walisanga Sunan
…..
a. Kalijaga
b. Giri
c. Bonang
d. Kudus
e. Gunungjati
4. Tembang macapat Sinom gatra kang kaping pitu, yaiku …. .

101

a. 8 i
b. 8 a
c. 7 i
d. 7 a
e. 6 u
5. Macapat nduweni teges panca ‘lima’ dan repat ‘kumpul’ suwara lima, kejaba
suwara ….
a. Legena utawa lagnyana
b. Suku lan wulu/ ulu
c. Taling lan taling tarung
d. Pepet
e. Taling
6. Salah sawijining tembang macapat “cengkok Palaran” iku karyane sapa, ….. .
a. Raden Ngabehi Ranggawarsita
b. Panembahan Buminata
c. Raden Tumenggung Sastranagara
d. Mas Ngabehi Sudirjagantang
e. Raden Ngabehi Yasadipura
7. Tembang macapat kang dumadi 6 (enem) gatra kang guru wilangane kabeh ana 8
(wolung) wanda, yaiku tembang …. .
a. Pangkur
b. Mijil
c. Durma
d. Kinanthi
e. Megatruh
8. “Yuda kenaka” iku sasmitane tembang macapat ….. .
a. Pangkur
b. Mijil
c. Durma
d. Kinanthi

102

e. Dhandhanggula
9. Gladhen tembang macapat kang becik iku kudu ngerti “luk”; wondene “luk” saka

nada/ titilaras kang mudhun lan munggah utawa sewalike kanthi mlumpat,
nadane ora urut; tuladhane nada: 2513, 7524; lan liya-liyane diarani “luk” ….. .
a. Nyeklek
b. Tangi
c. Niba
d. Ndhudhuk
e. Nglaras
10. Bapak Pocung rupane saengga gunung/ tan ana kang tresna/ saben uwong mesthi
sengit/yen kanggonan denlus-elus tinangisan//
Cakepan (teks, syair) tembang macapat Pocung ing dhuwur, batangan utawa
tebusane apa … .
a.Kukul
b.Wudun
c. Kutil
d. Menthing
e. Cangkrangen
11. Cakepan ing tembang macapat iku lumrahe nggunakake tembung-tembung kawi,
tuladha: Sinerat ing Buda Manis, ….// Ing basa padintenan “Buda Manis’ iku bisa diganti/
diowahi tembung … ..
a. Senin Legi
b. Selasa Legi
c. Rebo Legi
d. Kemis Legi
e. Setu Legi
12.Tembung-tembung ing cakepane tembang macapat akeh kang nggunakake tembung
“garba, plutan, wancahan”; gunane kanggo nyukupi guru …. .

a. gatra
b. wilangan

103

c. lagu/ dhong-dhing
d. swara
e. basa
13. Tembung “baliswara” kerep digunakake ing cakepane tembang macapat; gunane
kanggu nyukupi guru …. .

a. Gatra
b. Wilangan
c. Lagu/ dhong-dhing
d. Swara
e. basa
14.Tembang macapat “Dudukwuluh” ana uga kang ngarani tembang macapat …. .
a. Megatruh
b. Pangkur
c.Durma
d.Dhandhanggula
e. Asmaradana
15. “Kencana timbul ing warih” iku sasmitane tembang macapat …. .
a. Kinanthi
b. Asmaradana
c. Mijil
d. Maskumambang
e. Dhandhanggula
16. Laras ing tembang macapat iku lumrahe nggunakake “titilaras Kepatihan” laras
Slendro lan Pelog. Laras Slendro iku pathete ana 3 (telu), kejaba laras Slendro
pathet .... .
a. Nem
b. Sanga
c. Manyura
d. Barang
e. Nem sanga manyura

104

17. Laras ing tembang macapat iku lumrahe nggunakake “titilaras Kepatihan” laras
Slendro lan Pelog. Laras Pelog iku pathete ana 3 (telu), kejaba laras Pelog pathet
.... .
a. Nem
b. Lima
c. Manyura
d. Barang
e. Nem lima menyura

18. Gatra ing tembang macapat kang guru wilangane dumadi 5 – 8 wanda prayogane
dilagokake saknapas, ora prelu dipedhot ing satengahing wanda. Pedhotan kang
ana satengahing tembung kang durung rampung iku diaranani pedhotan ora becik;
kang diaranani pedhotan …. .
a. Kendho
b. Kenceng
c. Tangi
d. Niba
e. Lamban

19. Gregel utawa membat mentuling swara kanggo gawe edi lan endahing swara ing
tembang macapat iku lumrahe mapan ana pungkasaning gatra. Tuladhane:
“Mingkar mingkuring angkara. Gregel iku diarani .... .
a. hanung
b. andhap
c. Tangi
d. Niba
e. Madya

20. Luk ‘penghias lagu’ ing tembang macapat kang titilarase ‘nada, notasi’ ora urut
bisa saka ngisor mandhuwur utawa suwalike lan mlumpat; tuladhane nada: 2567,
7532, 6576; iku diarani luk .... .
a. Niba
b. Ndhudhuk

105

c. Nyeklek
d. Tangi
e. Kenes

C. TES SUMATIF
1. Basa geguritan iku kadhapuksaka basa sing endah lan edi peni uga diarani ….
a. basa rinengga
b. basa padinan
c. basa jawa kuna
d. basa jawa modern
e. basa jawa anyar
2. Sawijining unsur-unsur kang mbangun geguritan yaiku anane purwakanthi.
purwakanthi kang disebabake anane swara vokal kang padha, bisa urut utawa
selang-seling kalebu purwakanthi….
a. purwakanthi basa
b. Purwakanthi swara
c. Purwakanthi sastra
d. Purwakanthi lumaksita
e. Purwakanthi basa sastra
3. Wujude larik geguritan kang ndhapuk wujud tartamtu yaiku
a. citraan
b. garba
c. tipografi
d. purwakanthi
e. lelewaning basa
4. Maca geguritan iku nganggo tandha andhegan. Tandha andhegan //
pratanda….
a. mandheg sedhela saetungan
b. swara alon lagune alus
c. swara dicethakake

106

d. mandheg rada suwe telung etungan
e. swara mandheg
5. Nalika maca geguritan kudu nggatekake isine geguritan supaya bisa jumbuhake
karo pangrasa. Olah rasa maca geguritan diarani….
a. wirama
b. wicara
c. wiraga
d. wisastra
e. wirasa
6. Lelagon dolanan cublak-cublak suweng, bocah-bocah nggawa krikil sing
diembakake apa … .
a. suweng
b. kalung
c. gelang
d. ali-ali
e. kalpika
7. Irah-irahan utawa jenenge lelagon dolanan ing jaman biyen iku lumrahe
kajupuk saka perangan … .
a. isi/ amanate lagu
b. katrangan kang ngripta lelagon
c. tetembungan ing wiwitane lelagon dolanan
d. tetembungan ing pungkasane lelagon dolanan
e. jenenge sing ngripta
8. Syaire lelagon cublak-cublak suweng iku sejatine wujud … .
a. wangsalan
b. parikan
c. bebasan
d. Saloka
e. sanepa
9. Lelagon Lumbung Desa ngemu piwulang … .

107

a. gotong royong
b. sing sregep anggone sekolah
c. kudu padha guyup rukun
d. kesed iku watak sing kudu disingkiri
e. tandhang gawe sing sregep
10. Lelagon padhang mbulan duwe pangajak supaya … .
a. sregep sinau
b. ngerti owah gingsire kahanan
c. aja turu sore
d. sregep nyambut gawe
e. guyup rukun marang sapadhane
11. Ing laladan Jawa tengan istilah campursari wiwit dikenal ing taun …
a. 1970-an
b. 1980-an
c. 1790-an
d. 1960-an
e. 1780-an
12. Sapa sing ngrembakakake campursari kanthi cara nggabungake musik
tradisional lan modern ing taun 1933…
a. Mantep Sudarsono
b. Manthous
c. Ki Narto Sabda
d. Cak Dikin
e. Didi Kempot
13. Waranggana kudu duwe swara sing dhuwur lan methit nalika nyanyi
campursari jalaran….
a. ngresepake nalika dirungokake
b. waranggana kudu sae suwarane
c. swara gamelan minangka instrumen mati ora bisa di stem
d. instrumen musik bisa ddiunggah mudhunke

108

e. bisa nyuwara kanthi sora
14. Nyidham sari, aja sembrana, aja lamis, jenang gula kalebu ing…

a. Lelagon dolanan campursari
b. Macapat campursari
c. Tembang gendhing campursari
d. Langgam campursari
e. Campursari
15. Sing kalebu lelagon dolanan campursari yaiku….
a. Kuda lumping, buta galak, nyidham sari
b. Jamu-jamu, jenang gula, nginang karo ngilo
c. Aja sembrana, buta galak, dhayohe teka
d. Aja lamis, nyidham sari, jamu-jamu
e. ilir-ilir, Buta Galak, Jamu-jamu
16. Tembang macapat Sinom gatra kang kaping pitu, yaiku …. .
a. 8 i
b. 8 a
c. 7 I
d. 7 a
e. 6 u
17. Ing buku Mardawalagu diterangake, diarani tembang macapat amarga urutan
wacan kang kaping papat (macapat lagu). Katrangan iku miturut panemune
sapa?
a. ISKS Pakubuwana IV
b. Raden Ngabehi Ranggawarsita
c. KGPAA Mangukunegara IV
d. Raden Ngabehi Yasadipura I
e. ISKSS Pakubuwana III
18. Kapan tuwuh/ timbule tembang tengahan lan macapat miturut cathetan
sejarah….
a. Majapahit akhir

109

b. Demak wiwitan
c. Mataram Islam
d. Surakarta Hadiningrat wiwitan
e. Pajang akhir
19. Tembang macapat kang dumadi 6 (enem) gatra kang guru wilangane kabeh
ana 8 (wolung) wanda, yaiku tembang …. .
a. Pangkur
b. Mijil
c. Durma
d. Kinanthi
e. Megatruh
20. Bapak Pocung rupane saengga gunung/ tan ana kang tresna/ saben uwong
mesthi sengit/yen kanggonan denlus-elus tinangisan//
Cakepan (teks, syair) tembang macapat Pocung ing dhuwur, batangan utawa
tebusane apa … .
a. Kukul
b. Wudun
c. Kutil
d. Menthing
e. Cangkrangen

D. Tugas Terstruktur
Gawea tuladha tembang macapat “Sinom” utawa “Dhandhanggula” rong pada wae

kanthi irah-irahan utawa isine babagan “Makna Filosofis Tembang Macapat Mijil nganti
Pocung”; banjur diandharake lan dilagokake kanthi dikirimake lumantar HP.

110

DAFTAR PUSTAKA

. 1985. Serat Wulang Reh. Surabaya: Citra Jawa.

……………………., 1951b. Surat Tuntunan Aku Bisa Nembang 1. Jakarta:
Kementerian Pendidikan Pengajaran, dan Kebudayaan.

A., Tiwi S. 2016. Kepanggang Wirang. Yogyakarta: Azza Grafika.

Aminuddin. 2002. Sekitar Masalah Sastra: Beberapa Prinsip dan Model
Pengembangannya. Malang: Yayasan Asih Asah Asuh.

Damardjati Supadjar. 1985. “Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini”.
Keadaan dan Perkembangan Bahasa, Sastra, Etika, Tatakrama, dan Seni
Pertunjukan Jawa, Bali dan Sunda. Yogyakarta: Javanologi Direktorat
Kebudayaan Departeman P dan K.

Danandjaja, James. 1984. Folklor Indonesiai Ilmu Gosip Dongeng dan Lain-lain.
Jakarta: Grafiti.

Darusuprapta. 1982. “Nglacak Tembang Macapat” dalam Almanak Dewi Sri.
Yogyakarta: U.P. Indonesia.

Eddy T. Sutrisno. 1961. Aji – Wara. Surakarta: Penerbit Mas.

Endraswara, Suwardi. 2002. Metode Pengajaran Apresiasi Sastra. Yogyakarta: CV
Radhita Buana Yogyakarta.

Fananie, Zainuddin. 2001. Telaah Sastra. Surakarta: Muhammadiyah University
Press.

Gunawan Sri Hastjarja. Tanpa Tahun. Macapat I, II, III, Surakarta: ASKI.

Hadiwidjana. R.D.S. 1967. Tata Sastra. Yogyakarta: U.P. Indonesia.

Hardjasoebrata, R.C., 1951a. Ayo Padha Nembang 1. Jakarta: Noordhoff-Kolff N.V.
Hardjowiraga. R. 1952. Pathokan Nyekaraken. Jakarta: Balai Pustaka.

Hardjowirogo, R. 1980. Pathokaning Nyekaraken (jarwan Sulistyo HS). Jakarta:
Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Bagian Penerbitan Buku Bacaan dan
Sastra Indonesia dan Daerah.

111

Haviland, William A. 1993. Antropologi. Terjemahan R. G. Soekodijo. Jakarta:
Erlangga.

Helda, Trisna. 2015. “Bahasa Anak Baru Gede (ABG) dalam Cerpen Remaja di
Majalah Aneka”. Jurnal GRAMATIKA (Jurnal Penelitian Bahasa dan Sastra
Indonesia). Vol. 1 (2). hlm. 124.

Hutomo, Saripan Sadi. 1985.Guritan: Antologi Puisi Jawa Modern (1940-1980).
Jakarta: Balai Pustaka

Imam Sutardjo. 2016. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: Bukutujju.

Kasnadi dan Sutejo. 2010. Apresiasi Prosa: Mencari Nilai Memahami Fiksi.
Ponorogo: P2MP Spectrum dan Yogyakarta: Pustaka Felicha.

KGPAA MN IV. Serat Wedhatama, Tripama. Surakarta: Reksapustaka.

Kosasih, E. 2012. Dasar-Dasar Keterampilan Bersastra. Bandung: Yrama Widya.

Lestari, Sri, Ani Rakhmawati & Muhammad Rohmadi. 2016. Analisis Unsur
Intrinsik dan Ekstrinsik pada Kumpulan Cerpen Pilihan Kompas 2014 serta
Relevansinya sebagai Materi Pembelajaran Sastra di Sekolah Menengah Atas.
BASASTRA. Vol. 4 (1). hlm. 187.

Mardjana. 1955. Pathetan I. Jakarta: Wolters Groningen.

Mulyana. 2014. Bahasa Jawa Kreatif (Panduan Lengkap Menulis dalam Bahasa
Jawa). Yogyakarta: Tiara Wacana.

Nartasabda, Ki, 1994a. Kumpulan Gendhing-Gendhing lan Lagon Dolanan Jilid
1(pangimpun Sri Widodo Bima Putro). Sukaharja: Cendrawasih

Nurgiyantoro, B. 2014. Stilistika. Yogyakarta: Gadjah Mada University
Nurgiyantoro, Burhan. 2013. Teori Pengkajian Fiksi. Yogyakarta: Gadjah Mada

University Press.

Padmosoekotjo, S. 1960. Ngengrengan Kasustraan Djawa. Yogyakarta: Hien Hoo
Sing.

Padmosoekotjo, S., tt. Limpad Nembang Macapat. Surabaya: Trimurti
Poerwadarminta, W.J.S, dkk. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters

112

Uitgevers
Poerwadarminta. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: Groningen.

Press. Saputra, Karsono.H. 2017. Puisi Jawa, Struktur dan Estetika (edisi Revisi).
Jakarta:buku pop.

Pujiharto. 2012. Pengantar Teori Fiksi. Yogyakarta: Ombak.

Rampan, Korrie Layun. 1995. Dasar-Dasar Penulisan Cerita Pendek. Flores: Nusa
Indah.

Ranggawarsito. R.Ng. Tt. Serat Mardawalagu. Ketikan.

Saryono, Djoko. 2009. Dasar Apresiasi Sastra. Yogyakarta: Elmatera Publishing.

Sayuti, S.A. 2000. Berkenalan dengan Prosa Fiksi. Yogyakarta: Gama Media.

Sri Sulistiani, dkk. 2017. Mata Pelajaran/ Paket Keahlian Bahasa Jawa: Tembang
Dolanan lan Tembang Dolanan. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan
Kebudayaan, Direktorat Jendral Guru dan Tenaga Kependidikan.

Stanton, R. 1965. An Introduction to Fiction. United States of America: Holt,
Rinehart, and Winston, Inc.

Stanton, Robert. 2012. Teori Fiksi Robert Stanton. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Sugiyono. 2014. Memahami Peneltian Kualitatif. Bandung: Alfabeta.

Subalidinata, R.S. 1994. Kawruh Kasusastraan Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusatama.

Sudheer, V. 2012. “The Story of Short Story”. International Journal of
Multidisciplinary Eduation Research. Vol. 1 (3). hlm. 244.

Suharianto, S. 2009. Pengantar Apresiasi Puisi. Semarang: Bandungan Institute.
Sutardjo, S.S., M.Hum. 2014. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta:
bukutujju.

Sunahrowi. 2016. “Inovasi Pengajaran Mata Kuliah Appréciation Littéraire dengan
Model Advance Organizer”. LINGUA. Vol. 12 (2). hlm. 183.

Sutejo. 2010. Stilistika Teori, Aplikasi, dan Alternatif Pembelajarannya. Yogyakarta:
Pustaka Faedah.

Suwardi Endraswara. 2010. Tuntunan Tembang Jawa. Yogyakarta: Lumbung Ilmu.

Suwondo, Tirto, dkk. 2006. Antologi Biografi Pengarang Sastra Jawa Modern.

113

Teater Kelir Surakarta. 2016. Antologi Geguritan “Kelir Jroning Aksara”. Surakarta:
CV Kekata Group.

Waluyo, Herman J. 2011. Pengkajian dan Apresiasi Prosa Fiksi. Surakarta: UNS
Press.

Wibowo, Agus. 2012. Pendidikan Karakter Strategi Membangun Karakter Bangsa
Berperadaban. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.

Yayasan Mangadeg Surakarta. 1979. Wedhatama. Jakarta Pusat: Pradnya Paramita.

114

KUNCI JAWABAN TEST FORMATIF KB 2

1. D 6. C
2. B 7. E

3. A 8. A

4. A 9. B

5. A 10.B

KUNCI FORMATIF KB 3

1. A 11. B
2. D 12. D
3. A 13. E
4. E 14. C
5. B 15. A
6. C 16. C
7. A 17. B
8. A 18. C
9. D 19. E
10. B 20. A

KUNCI JAWABAN TES FORMATIF KB 4

1. B 11. C
2. A 12. B
3. A 13. C
4. B 14. D
5. D 15. D
6. D 16. D
7. D 17. C
8. A 18. 8
9. A 19. B
10. B 20. C

115

Kunci Jawaban Tes Sumatif 11. A
1. A 12. B
2. B 13. C
3. C 14. D
4. D 15. E
5. E 16. D
6. E 17. B
7. D 18. D
8. C 19. D
9. B 20. B
10. A

116


Click to View FlipBook Version