D. Sang Indrajit
E. Sang Narendra Sri Kresna
18. Sawise Hanuman matur babagan Sang Raghawa, minangka tandha kapange
Dewi Sinta, dheweke menehake nawala lan ...
A. gaman awujud anting-anting
B. satugelan rambut
C. jarit kang dianggo
D. dhuwit sakanthong
E. cundhakamanik
19. Nalika matur ana ngarsane Dewi Sinta, Hanuman nyaritakake yen Sri
Raghawa wis memitran karo …..
A. Sang Jathayu
B. Sang Laksmana
C. Sang Sayempraba
D. Sang Dasamuka
E. Sang Sugriwa
20. Pepindhane praja Alengka yaiku kadya Kahyangan ..
A. Arga Sapta
B. Indraprasta
C. Arga lawu
D. Indraloka
E. Arga meru
47
48
KEGIATAN BELAJAR 3
CERITA WAYANG MAHABARATA
LAKON BIMA BUNGKUS
PENDAHULUAN
A. Deskripsi Singkat
Pasinaon basa Jawa ana ing SMP/MTs lan SMA/MA/SMK minangka
sawijining mata pelajaran muatan lokal kang sipate wajib. Pasinaon basa Jawa
saben minggu diwulangake suwene 2X45 menit. Bab iki bisa dimangerteni
amarga sipate mung mata pelajaran muatan lokal. Senajan kaya ngono,
pasinaon basa Jawa wigati amarga pasinaon basa Jawa/daerah minangka
panyengkuyung basa nasional/Indonesia. Kajaba kuwi, pasinaon basa Jawa uga
bisa kanggo srana ngenalke lan ngundhakake budi pekertine para siswa.
Kurang kasil pasinaon basa Jawa ana ing sekolah bisa dititeni saka
maneka warna bab, kayata kurang bisane guneman nganggo basa Jawa (ngoko
lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus), kurange kaprigelan maca lan
nulis basa Jawa nganggo aksara Jawa apadene aksara Latin, lan kurang
ngerteni marang kasusastran lan kabudayan Jawa. Kajaba kuwi, kaprigelan
maca siswa winates ana ing kaprigelan kang sipate literal lan urung tekan
tataran mudheng.
Ana ing kurikulum 2013 muatan lokal bahasa Jawa SMP/SMPLB/MTs
Provinsi Jawa Tengah diandharake:
Muatan Lokal Bahasa Jawa dikembangkan dengan
penyempurnaan pola pikir, baik secara makro (jagad gedhe) dan
secara mikro (jagad cilik). Penyempurnaan pola pikir secara makro
mengacu pada perubahan pola pikir yang mengarah pada hal-hal
berikut: (1) pembelajaran berpusat pada peserta didik; (2)
pembelajaran interaktif; (3) pola pembelajaran jejaring; (4) pola
pembelajaran aktif dengan pendekatan sains; (5) pola belajar berbasis
tim; (6) pola pembelajaran alat tunggal menjadi pembelajaran berbasis
alat multimedia; (7) pola pembelajaran berbasis kebutuhan peserta
didik; (8) pola pembelajaran ilmu pengetahuan jamak (multidisciplines);
dan (9) pola pembelajaran pasif menjadi pembelajaran kritis (Kurikulum
2013: ii).
Pola pemikiran secara mikro (jagad cilik) mengacu pada (1) pola
pembelajaran bahasa Jawa mengarah pada pembentuk kepribadian dan
penguat jati diri masyarakat Jawa yang tercermin pada pocapan, patrap,
dan polatan; (2) pembelajaran bahasa Jawa sebagai upaya pengolahan
49
kearifan budaya lokal untuk didayagunakan dalam pembangunan
budaya nasional, watak, dan karakter bangsa; (3) pembelajaran bahasa
Jawa sebagai penjaga dan pemelihara kelestarian bahasa, sastra, dan
aksara Jawa; (4) pembelajaran bahasa Jawa sebagai upaya
penyelarasan pemakaian bahasa, sastra, dan aksara Jawa agar sejalan
dengan perkembangan bahasa Jawa (nut ing jaman kalakone); (5)
pembelajaran bahasa Jawa sebagai proses pembiasaan penggunaan
bahasa Jawa yang laras dan leres dalam berkomunikasi dan berinteraksi
sehari-hari di dalam keluarga dan masyarakat sesuai dengan kaidah,
etika, dan norma yang berlaku; (6) pembelajaran bahasa Jawa memiliki
ciri sebagai pembawa dan pengembang budaya Jawa (Kurikulum 2013:
1).
Kanthi wewaton katrangan-katrangan ing dhuwur, cetha menawa
pasinanon basa Jawa ana ing sekolah wigati banget. Pasinaon kuwi nduwe
ancas kang tundhone kanggo njaga, ngrumat, lan ngrembakake basa, sastra, lan
budaya Jawa. Pasinaon basa Jawa kang kebak nilai etika lan estetika wusanane
bisa kanggo ngundhakake nilai budi pekerti utawa karakter lan uga kanggo
nyengkuyung anane basa lan kabudayan nasional.
Sabanjure, crita wayang Mahabarata lakon Bima Bungkus minangka
sawijining crita kang ngemot nilai-nilai pendidikan budi pekerti utawa karakter
kang tundhone muga-muga isa ngugah lan nuwuhake rasa eling tumrap para
siswa. Kajaba kuwi, ana ing crita Ramayana lakon Anoman Dhuta uga kaemot
babagan unggah-ungguh basa kang minangka sawijining cara kanggo ndhedher
kapribaden utawa jati dhiri bangsa.
B. Petunjuk Belajar
Sakdurunge nyinaoni isi modul iki, wacaa dhisik panuduh-panuduh ana ing
ngisor iki.
1. Ndedonga dhisik supaya diwei lancar lan gangsar.
2. Wacaa saben materi kanthi tliti, bener, lan pener.
3. Gawea cathetan apa-apa sing panjenengan durung ngerti banjur takokna
marang guru.
4. Wangsulane saben pitakonan kanthi temen.
5. Kriteria Ketuntasan Minimal (KKM) utawa biji paling sethithik 80%.
50
6. Menawa wis kasil, diajab sinau maneh bab-bab sing bisa nambah kawruh
babagan crita wayang Mahabarata, kayata maca buku, nonton saka Youtube,
VCD, lan liya-liyane.
7. Menawa durung kasil, kudu sinau maneh, diskusi, lan melu remidi.
51
INTI
A. Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan
Menganalisis prinsip materi budaya Jawa dan aplikasinya dalam pembelajaran
bahasa Jawa
Sub Capaian Pembelajaran Mata Kegiatan
Sawise maca lan mangerteni crita ing modul iki para siswa kaajab isa:
1. Njlentrehake tegese wayang purwa
2. Njlentrehake mula bukane wayang purwa
3. Njlentrehake crita wayang Mahabarata lakon Bima Bungkus
4. Njlentrehake perangan crita wayang Mahabarata lakon Bima Bungkus
5. Njlentrehake unsur intrinsik crita wayang Mahabarata lakon Bima Bungkus
.
B. Pokok-Pokok Materi
Gambar 1. Pokok-pokok Materi Crita Mahabarata Lakon Bima Bungkus
C. Uraian Materi
1. Tegese wayang
Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang
purwa. Padatane, wong-wong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang
kulit. Menawa disawang saka bahan gawene pancen ora kleru. Ananging,
52
wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise. Wayang kang arep
dijlentrehke ana ing kene yaiku wayang kang mula bukane saka crita
Ramayana lan Mahabarata, saengga luwih trep yen kasebut kanthi aran
wayang purwa.
Wayang yaiku sawijining tembung basa Indonesia (Jawa) asli kang
nduweni teges wewayang utawa wewayangan, kang uga asale saka tembung
wod “yang” lan dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang
nduweni wod “yang” kanthi maneka warna variasi vokale kayata layang,
dhoyong, puyeng, reyong nduweni teges: tansah obah, ora tetep, samar-
samar lan sayup-sayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman semana
nduweni teges: nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan
wayangan. Sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa wayang
(Mulyono,1979: 51-52).
Lakon-lakon wayang purwa, kang wiwitane mung wewates ana crita
pakem, kang isih ngugemi sumbering crita, umpamane Ramayana lan
Mahabarata, kalebu sing katulis ing basa Jawa Kuna, Jawa Tengahan, lan
Jawa Anyar. Sakwise iku crita wayang dadi ngrembaka. Mula lair lakon-
lakon gubahan anyar kang tetep ngatonake paraga-paraga utama wayang
purwa ananging garapane wus kebak variasi lan diarani kanthi lakon
carangan. Naskah sastra wayang cacahe akeh, kuwi minangka bukti menawa
sutresna lan kawigatene masyarakat karo sastra wayang gedhe. Ing
kalangane masyarakat Jawa sing durung sepira tepung karo buku-buku
cithakan, mula kudu nyalin naskah sastra wayang (Prabowo. dkk, 2007:
275-277).
2. Mula Bukane Wayang
Ana rong panemu ngenani asal-usule wayang Purwa, yaiku asale saka
tanah Jawa lan asale/asli Jawa/Indonesia. Satoto (2012: 134) ngandharake
ora bener menawa wayang asale saka njaban tanah Jawa. Wayang wis ana
lan dikenal masyarakat Jawa wiwit taun 700 Caka utawa 778 Masehi. Kang
durung mesthi yaiku kapan anggone pagelaran wayang kulit/purwa di
pentasake dening dhalang. Kapan wiwitane nggunakake gamelan slendro
53
utawa pelog. Kapan wayang nduweni sumber saka Mahabarata lan
Ramayana. Kapan wayang kulit/purwa dipentasake sewengi natas.
Ananging sing mesthi dening wong Indonesia (Jawa) asli. Wondene
pamanggihe Satoto kuwi adhedhasar katrangan-katrangan, kayata:
a. Wayang wis ana awit jaman Airlangga (980 Caka atau 1028 Masehi),
wiwitan abad XI SM, ana ing keraton Kediri wis ana pagelaran wayang
(bayangan).
b. Pagelaran wayang (bayangan) kuwi nggunakake boneka cacah 74 lan
kulit (walulang inukir= kulit yang diukir).
c. Wayang-wayang boneka kuwi diproyeksikake ana ing layar (kelir).
d. Wong sing nontonake (saiki dhalang) nglakonake peran paraga-paraga
watak sing diwujudake ana ing boneka (wayang). Menawa
dikandhakake, boneka-boneka wayang kuwi kalebu manifestasi saka
karakter utawa wateking para paraga.
e. Pagelaran wayang (bayangan) umure wis tuwa, satemah empu Prapanca,
panulis Tantu Pagelaran ngira-ngira asal lan mula bukane pagelaran
wayang (bayangan) yaiku nalika para dewa tumurun ana ing bumi.
f. Pagelaran wayang (bayangan) rikala semana wis kuncara amarga wis
dadi kelangenan lan wis ditampa saperangan gedhe masyarakat Jawa.
g. Pagelaran wayang (bayangan) rikala semana wis nganggo gamelan
(musik) kanggo ngiring pagelaran wayang (abad XII SM).
h. Komponen-komponen gamelan yaiku saron, kemanak, tundung, lan
sapanunggalane.
i. Pagelaran wayang kulit/purwa wis dadi sarana panglipur rakyat, suwe-
suwe kerep digelar ing tanah Jawa (2012: 133).
3. Sumbere Crita Wayang Mahabarata
Sumber crita pokok wayang purwa asale saka kitab Ramayana lan
Mahabarata. Ana ing modul iki mung diandharake babagan crita wayang
Mahabarata. Kitab Mahabarataa diripta dening empu Wiyasa, saperangan
gedhe nyaritakake uriping para Pandhawa lan Kurawa. Bageyane crita ing
54
Mahabarata diarani parwa, dadi siji-mbaka siji bageyan critane dipungkasi
mawi tembung parwa.
Perangan Crita Mahabarata
Gambar 2. Perangan crita wayang Mahabarata
a. Adi Parwa
Ana ing bageyan iki dicritakake babagan mangsa nalika Pandhawa lan
Kurawa isih cili nganti tekan ngancik nom-noman. Nalika isih padha enom,
ana kadadeyan para Kurawa arep materi para Pandhawa lan Dewi Kunthi
kanthi cara ngobong bale utawa umah sing nggo leren Dewi Kunthi lan
Pandhawa. Nanging sekabehane bisa slamet amarga oleh pitulungan
lumantar kewan kang wujude gangrangan putih lan wusanane tumeka ing
Sapta Pratala. Ana ing perangan iki uga dicritakake Pandhawa diparingi alas
kang aran alas Wanamarta dening Prabu Dhestarastra. Dening para
Pandhawa, alas kasebut dibabati banjur digawe kraton sing banjur dijenengi
Amarta lan kerep disebut Indraprasta.
b. Saba Parwa
Perangan iki nyritakaken nalika Pandhawa kasoran anggone main
dhadhu (kasukan main dhadhu). Para Pandhawa kelangan raja-brana lan
kratone. Pandhawa kasoran nalika main dhadhu amarga juliging Sengkuni.
55
Sawise nora nduweni apa-apa maneh, Pandhawa kudu urip ing alas
Kamyaka 13 taun suwene, kanthi syarat 12 taun urip ing alas lan 1 taun
nyamar.
c. Wana Parwa
Perangan iki nyritakaken kahanane Pandhawa nalika urip ing alas
Kamyaka. Yudistira dhawuh marang Arjuna saperlu mretapa ing ing
erenging gunung Indrakila. Nalika mretapa, Arjuna ganti jeneng Begawan
Mintaraga utawa Ciptaning. Guwa kang digunakake kanggo papan samadi,
diparingi nama guwa Mintaraga. Sabanjure dening Bathara Guru diparingi
sanjata wujud jemparing kang aran Pasopati. Sawise antuk Pasopati, Arjuna
didhawuhi mbiyantu para dewa nglawan mungsuh saka Ima-imantaka kang
dipandhegani dening Prabu Niwata Kawaca. Wusanane Arjuna bisa
ngasorake Prabu Niwata Kawaca lan didadekake ratu ing kahyangan kanthi
asma Prabu Karitin.
d. Wirata Parwa
Perangan iki nyritakake nalika Pandhawa nglakoni ukuman setaun
lawase ana ing nagara Wirata. Puntadewa ganti jeneng dadi Dwija Kangka,
Bratasena dadi Jagal Abilawa, Arjuna dadi Wrahatnala, Nakula dadi
Grantika, lan Sadewa dadi Tantipala, lan Drupadi dadi Sarindri. Nalika
kuwi, ana ing kraton Wirata ana mungsuh kang dipandhegani dening
Kencakarupa. Kencakarupa njaluk dianakake adu jago. Dene jagone
Kencakarupa yaiku Rajamala, wondene jagone Prabu Matswapati yaiku
Jagal Abilawa (Bima kang anyenyamar). Wusanane Kencakarupa kalah,
Wirata bali ayem lan tentrem
e. Udyoga Parwa
Perangan iki nyritakake nalika Kresna didadekake dai utusan utawa
dhuta dening para Pandhawa kangge nyuwun separoning nagari Ngastina.
Pasiling pirembugan, kurawa ora gelem ngekeke separo negara Ngastina.
56
Prabu Kresna, sing dadi dhuta malah arep diperjaya. Prabu Kresna duka
banjur tiwikrama dadi buta sagunung anakan gedhene.
f. Bisma Parwa
Pandhawa lan Kurawa nyebut Bisma kanthi nama eyang Bisma.
Bisma ing perang Baratayuda mbela negara Ngastina lan kasil ngalahake
putra-putra Matswapati, yaiku Utara, Wratsangka, lan Seta. Sabanjure,
Bisma kasil dikalahake dening Srikandhi sing direwangi dening rohe Dewi
Amba.
g. Drona Parwa
Perangan iki uga nyritakake gugure Abimanyu, Gatotkaca, lan
pandhita Durna. Abimanyu mati diranjab gaman dening para Kurawa kang
dipandhegani Jayadrata. Pungkasane kanthi pitulungan saka Kresna, Arjuna
bisa mateni Jayadrata. Gatotkaca mandhegani para raseksa saka
Pringgondani ananging ing pungkasan Gatotkaca diperjaya dening Karna
kanthi senjata Kunta.
h. Karna Parwa
Perangan iki nyritakake babagan gugure Dursasana lan Karna.
Dursasana bisa dicekel lan dipejahi dening Bima sawise mlumpati kali
Cingcing Guling kanthi pambiyantu Ki Sarta lan Sarka. Sabanjure babagan
kalahe Karna dening Arjuna. Arjuna numpak kreta sing dikusiri dening
Bathara Kresna, Karna numpak kreta sing dikusiri dening mara tuwane,
yaiku prabu Salya saka Mandaraka. Ana ing pungkasane perang, Karna
gugur amarga kena panah Pasopati.
i. Salya Parwa
Perangan iki nyritakake babagan gugure Prabu Salya, ratu ing
mandaraka dening Yudistira. Salya nduwei aji Candha Birawa. Ajian iki
bisa ngetokake raseksa-raseksa, lan menawa mati siji bisa metu loro, mati
loro metu papat, lan sapiturute. Prabu Salya iku siwane utawa pakdhene
57
Nakula lan Sadewa. ibune Nakula lan Sadewa sing asma Dewi Madrim
kuwi adhine Prabu Salya. Ana ing palagan, Prabu Salya gugur.
j. Sauptika Parwa
Perangan iki nyritakake Aswatama nyirnakake Srikandi, Drestajumna,
Pancawala lan trah saka Pancala. Aswatama nduwe dendam marang
keluarga Pancala amarga bapake kang asma Pandhita Durna gugur dening
Drestajumna.
k. Stri Parwa
Perangan iki nyritakake Pandhawa, Kresna, Destarastra, Gendari lan
kabeh keluarga kang melu perang padha menyang tegal Kurusetra saprelu
ngobong jisime paraga-paraga sing gugur ing palagan.
l. Santi Parwa
Perangan iki nyritakake para Pandhawa lunga menyang alas minangka
kanggo nyucekake diri. Sabanjure para Pandhawa dening prabu Kresna lan
ingkang eyang yaiku begawan Abiyasa diwejang. Yudistira saguh dadi ratu
ing Hastina Pura nganti Parikesit (putune Arjuna) diwiwaha dadi ratu.
m. Anusana Parwa
Perangan iki nyritakake babagan wejangan ngenani lakuning ratu
supaya bisa dadi pemimpin kang adil lan wicaksana. Kajaba iku uga
ngenani wejangan kawruh kebatinan. Wejangan kasebut diwenehake nalika
Yudistira arep dadi ratu ing Hastina Pura utawa Ngastina.
n. Aswamedika Parwa
Aswa kuwi dasanamane kuda utawa jaran. perangan iki nyritakake
nalika Yudistira ngeculke jaran sing dietutake dening Arjuna lan pasukane
nganti setaun suwene. Saben lemah kang dilewati dening jaran kasebut dadi
duweke Hastinapura.
58
o. Asramawasana Parwa
Perangan iki nyritakake Prabu Destarastra, Dewi Gendari lan Dewi
Kunti lunga lan manggon ana ing alas dadi pertapa. Ora suwe sawise
manggon ing alas dheweke lan papan panggonane entek kobong amarga
saka geni sesajine Prabu Destarastra.
p. Mausala Parwa
Perangan iki nyritakake kereme kraton Dwarawati lan enteke bangsa
Yadawa (kerabat Kresna) amarga adu gada karo sedulure dhewe. Prabu
Kresna seda amarga kena panahe tukang bedhag/pemburu. Wondene
kakange Prabu Kresna sing asma Prabu Baladewa gugur ana sajroning
perang.
q. Mahaprastanika Parwa
Perangan iki nyritakake Parikesid diwiwaha minangka ratu ing
Hastina Pura. Sabanjure para Pandhawa seda kang diwiwiti dening Drupadi,
Sadewa, Nakula, Arjuna dan Bima. Wondene utawa Yudistira isih urip
kanthi dikancani karo salah sawijine kewan sing wujude asu. Pungkasane
asu mau malih wujud dadi Batara Dharma lan mlebu bareng menyang
suwarga.
r. Swargarohana Parwa
Perangan iki nyritakake Pandhawa kang isih ing neraka lan Kurawa
malah ing suwarga. Pungkasane kanthi panjalukan lan bantuan Yudistira,
kadadeyan malih kuwalik, Pandhawa ing suwarga lan Kurawa ing neraka.
4. Unsur Intrinsik Crita Mahabarata Lakon Bima Bungkus
Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra satemah
karya sastra isa madeg. Supaya isa nyaritakake unsur karya sastra kang ana ing
sawijining teks kudu isa ngerteni maksud utawa tegese kang kaemot sajroning
teks. Miturut andharane Kasnadi & Sutejo (2010: 6 – 28) unsur-unsur instrinsik
karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, tokoh dan penokohan, plot (alur
59
cerita), setting (pelataran), sudut pandang (point of view), style (gaya), dan
pesan (amanat). Kaya dene Kasnadi lan Sutejo, Priyantono lan Sawukir (2014:
125-126) ngandharake menawa unsur instrinsik uga ana pitu, yaiku tema, alur
utawa plot, setting utawa latar, paraga lan watake paraga,amanat, cara mawas
utawa point of view, lan lelewaning basa.
a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh.
b. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing nduwe
sesambungan sebab-akibat. Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju,
mundur, lan campuran.
c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan,
wektu, sosial, lan swasana.
d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga isa
dingerteni kanthi cara:
1) Analitik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha
2) Dramatik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana.
Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone crita.
Watake paraga kaperang dadi telu yaiku:
1) Antagonis, yaiku paraga kang duwe watak ala
2) Protagonis, yaiku paraga kang duwe watak apik
3) Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral
e. Amanat yaiku pesen utawa pitungkas sing diaturke panulis marang pamaos.
f. Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone
crita.
g. Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing
ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.
Mangga supaya luwih cetha, pirsanana gambar unsur intrinsik kang ana ing
ngisor iki.
60
Gambar 3. Unsur Iintrinsik karya Sastra Prosa/Drama
5. Bima Bungkus
Lakon Bima Bungkus kuwi sawijining crita Mahabarata kang nyritakake laire
Bima utawa Brotosena. Bima kang lair awujud bungkus iku putrane Dewi
Kunthi lan bapa Prabu Pandhu Dewanata. Bungkus bisa pecah dening Gajah
Sena. Supaya luwih cetha dalan critane, wacanen teks lakon Bima Bungkus ing
ngisor iki.
Bima Bungkus
Ana ing nagara Ngastina ya Gajah Oya, Prabu Pandhu Dewanata
kaadhep Patih Gandamana, ngutus sang patih supaya menyang wukir Ratawu,
ngaturi ingkang rama Resi Abyasa, amarga garwane Prabu Pandhu kang asma
Dewi Kunthi agi mbobot. Dewi Kunthi anggone mbobot wus tekan leking
candra, semono uga dewi Gandari, malah kepara krasa tansah mbatek.
Sakbanjure patih Gandamana matur sendika banjur bubaran. Nata jengkar
ngedhaton.
61
Gambar 4. Prabu Pandhu Dewanata lan Patih Gandamana
(https://wayangku.files.wordpress.com/2008/06/prabu
pandudewanata.jpg)
(https://wayangku.wordpress.com/2008/06/28/wayang-raden/raden-
gandamana)/
Ana ing pratapan Ratawu, begawan Abiyasa, kaadhep putrane, Raden
Widura, lan papat punakawan. Durung suwe anggone padha cecaturan, kasaru
tekane arya Gandamana, kadangu diutus ngaturi sang Begawan kasuwun
rawuh menyang Ngastina. Resi Abiyasa saguh lan arya Gandamana kinen
mangkat ndhisiki. saklungane Arya Gandamana, Begawan Abiyasa manjing
sanggar pamelengan. Ing papan liya, lakune Raden Widura tekan ana
satengahing alas, kapapag para danawa saka Manderapura, pasulayaning
rembug dadya perang kembang.
Ing Negara Ngastina, Dewi Kunthi lan prabu Pandhu nunggoni putra
kang lair bungkus. Ora suwe begawan Abiyasa rawuh. Pandhu matur kang
rama kersaa ngrumat kang putra. durung rampung anggone padha guneman,
kasaru rawuhe sang hyang Bayu. Rawuhe bathara Bayu arsa mundhut putra
kang wujud bungkus. Sabanjure sang Begawan Abiayasa lan prabu Pandhu
mung bisa nyumanggakake. Bungkus banjur kagawa mabur ngambah
jumantara, banjur diselehake satengahe alas Mandhalasana utawa
Krendawahana. Alas Mandhalasana papane ana salore nagara Banakeling.
62
Sakwise ngglethakake bungkus, sang hyang Bayu banjur kondur menyang
kayangan.
Madeg ing Kayangan Jonggringsalaka, Sang Hyang Guru, kaadhep
Bathara Narada sarta para dewa liyane. Sang hyang Guru dhawuh marang
garwa kang asma Dewi Uma lan sang Hyang Bayu. Dhawuhe yakuwi
kareben mbusanani jabang bayi sajroning bungkus. Wujude sandhangan
yakuwi kampuh poleng bang bintulu. Dewi Uma matur sendika banjur tindak
lan didherekne Sang Hyang Bayu.
Gambar 5. Bathara Narada lan Bathara Guru
(https://pujawayang.wordpress.com/tokoh-suralaya-batara-narada/)
(http://blog.hadisukirno.co.id/batara-guru-krama/)
Madeg ing nagara Ngastina, Prabu Pandhu nandang sungkawa amarga
anake kang isih wujud bungkus. Begawab Abiyasa banjur mundhut pusaka
kyai Mustikajamus wenehane dewa. Sabanjure disinidikara, kyai Jamus dadi
pustaka, kyai Mustikajamus, ya Jamus Kalimasada. Surasaning isi babagan
lakone para Pandhawa. Mbesuk prabu Pandhu bakal nduweni putra lima
cacahe, dene babare bungkus ing mbesuk tanpa sangsaya, lan Jamus
Kalimasada, dadya gaman kang ampuh, ambsrastha sakabehe mungsuh, lan
dadi usadane para Pandhawa.
Ing kadipaten Gajahoya, Arya Dhestharastra, diadhep putrane Raden
Kurupati, Arya Sengkuni, lan para putra Kurawa. Sing dirembug ora liya
63
putra pulunan kang isih bungkus kang ana ing Mandhalasana. Durung suwe
kasaru tekane Raden Widura. Banjur didangu lan matur menawa diutus
dening Prabu Pandhu, supaya kangmas Arya Dhestharastra dhawuh marang
para putra Kurawa kanggo mecah bungkus. Arya Dhestharastra nyaguhi
banjur dhawuh marang Raden Kurupati mbudhalake kadang Kurawa supaya
padha mecah bungkus. Ora suwe, kanthi dietutake Arya Sengkuni, para
Kurawa padha budhal.
Ing pratapan Ratawu, Bagawan Abiyasa, kedhayohan putune asma
Raden Premadi. Sakwise bage-binage, kang putu matur menawa diutus kang
rama supaya nyuwun sumerep mbesuk kapan bungkus bisa pecah. Begawan
Abiyasa mung dhawuh marang Dyan Pamadi, kudu tansah cedhak karo
bungkus. Sang Parta nyembadani, nyuwun pamit kalilan banjur budhal
menyang papane sang bungkus..
Ana ing kayangan Setra Gandamayit, Hyang Bathari Durga ginubel
putra wujude gajah putih, nama gajah Sena. Gajah Sena matur pitakon sing
banget wigati. Wondene ature jinarwa menawa putrane sang hyang Guru,
Gajah Sena nyuwun pamit munggah menyang Suralaya badhe ngabekti
marang kang rama, Bathari Durga ngidini, Gajah Sena banjur budhal
menyang Suralaya. Ing Jonggringsalaka, Hyang Guru kaadhep Bathara
Narada, lan para dewa, ngrembug babagan anane gara-gara. anane gara-gara
mahanani bumi gonjang-ganjing. Bathara Narada matur menawa sing
mahanani gara-gara amarga ana bungkus kang kasetrakake ing alas
Mandhalasana. Ora let suwe kasaru tekane gajah Sena. Banjur didangu apa
prelune, Gajah Sena matur ngupaya kadarman. Midhanget ature Gajah Sena,
Sang Hyang Guru dhawuh, manawa Gajah Sena kasil mecah bungkus bakal
diakoni putra. Gajah Sena saguh banjur budhal kairing Bathara Narada.
64
Gambar 6. Gajah Sena lan Brata Sena
(http://tua-tradisionil.blogspot.co.id/2012/06/gajah-sena-wayang-kulit-
solo.html)
(https://wayangku.wordpress.com/2008/07/08/raden-bratasena/)
Tekane Gajah Sena kairing Bathara Narada. Gajah Sena kadhawuhan
ngidak lan nggadhing menyang bungkus. Sakwise digadhing, sanalika
bungkus pecah, jabang bayi metu lan wis diwasa. Meruhi ana gajah, ponang
jabang bayi banjur nyekel lan mbanting Gajah ing lemah. Sakwise kabanting,
gajah Sena banjur manjing marang jabang bayi lan nunggal sajiwa dadi
bebayu. Mulat ngiwa nengen ora weruh manungsa, Sang Hyang Narada
nyedhaki lan paring pangandikan, menawa pun jabang putrane Pandhu
Dewanata ratu ing Ngastina. Wondene ibune asma Dyah Kunthi. Bocah
bungkus banjur kaparingan nama Bratasena. Raden Bratasena banjur lunga
menyang Ngastina. Bathara Narada anggalih menawa sesok bungkuse Raden
Bratasena uga bisa dadi manungsa.
Raden Pamadi kang isih ana ing satengahing alas ketemu Raden
Bratasena. Raden Pamadi takon nama lan pinangka, banjur sing ditakoni
sumaur menawa jenenge nama Bratasena, saka njero alas lan arep menyang
Ngastina nggoleki rama lan ibu. Ngendikane Bathara Narada dheweke iku
putrane Prabu Pandhu lan ibune asma Dewi Kunthi. Krungu ature Bratasena,
65
sanalika Raden Pamadi ngrungkepi sikile banjur nangis. Bratasena uga takon
nama lan pinangka. Pamadi matur menawa uga putrane prabu Pandhu, ibune
asma Dewi Kunthi. Sabanjure, padha rangkul-rangkulan lan budhal menyang
Ngastina. Amarga lakune Bratasena luwih rikat, mula adhine kon mlaku
luwih dhisik. Bratasena mlaku keri, raden Pamadi banjur ndhisiki.
Mapan ana ing tengah alas, Raden Kurupati, Arya Sengkuni lan para
Kurawa nggoleki gaman kanggo mecah bungkus. Ora let suwe kasaru ana
kadang Kurawa kang meruhi menawa Raden Permadi mlaku ijen. Raden
Kurupati banjur dikandhani Sengkuni, mumpung Permadi isih ijen ana
satengahe alas kudu dipateni. Raden Kurupati nurut, banjur diparani, sawise
kapethuk padha tetakon, para Kurawa padha kejep-kinejep. Pamadi banjur
ditubruk Kurawa lan dadi bandayuda. Raden Pamadi sidane dikroyok
Kurawa. Raden Bratasena weruh adhine dikroyok Kurawa, banjur ngrewangi.
Para Kurawa kalah lan wedi banjur mlayu salang-tunjang. Raden Bratasena
sarta kang rayi mbacutake lakune.
Ana ing nagara Ngastina, prabu Pandhu diadhep Arya Widura. Ora let
suwe kasaru rawuhe Bagawan Abiyasa, ndangu kang wayah Dyan Pamadi
wis tekan Ngastina apa durung. durung rampung anggone ngendikan, Raden
Pamadi lan kakange teka. Banjur Sang Nata takon marang kang agi teka.
Raden Pamadi matur menawa kuwi kakange kang wus luwar saka bungkus.
Sanalika banjur dirangkul lan ditangisi. Amarga saka gedhening suka banjur
kawenehan nama nama Arya Bratasena. Ora suwe para Kurawa padha soroh
amuk lan Arya Bratasena metu njaba. Para Kurawa padha ditendhangi dening
Arya Bratasena banjur dadi prang sampak. Para Kurawa padha mlayu. Ing
sitinggil Prabu Pandhu, Begawan Abiyasa, Arya Widura, Raden Puntadewa,
Raden Pamadi, Arya Bratasena, lan para punggawa padha bungah atine (Ki
Suratno Guno Wiharjo, 2010: 20-29, kanthi kabesut sakprelune).
D. Forum Diskusi
Sakwise nyemak crita wayang Mahabarata, ayo isine crita mau dirembug
bareng karo kanca-kancamu! Asiling rembug direkam banjur gawea dudutane!
66
PENUTUP
A. Rangkuman
Crita Mahabarata diripta dening empu Wiyasa. Crita-crita iku
kaperang dadi wolulas kang sabanjure diarani asta dasa parwa, yaiku: adi
parwa, saba warna, wana parwa, wirata parwa, udyoga parwa, bisma parma,
drona parwa, karna parwa, salya parwa, sauptika parwa, stri parwa santi parwa,
anusana parwa, aswamedika parwa, asramawasana parwa, mausala parwa,
mahaprastanika parwa, swargarohana parwa. Lakon bima bungkus iku kalebu
perangan crita ana ing Mahabarata. Nyritakake lampahaning Bima nalikaning
lair kang awujud bungkus. Bungkus wusanane isa dipecah dening gajah sena.
Video carita wayang kulit lakon Bima Bungkus uga isa dipirsani ing ling:
https://www.youtube.com/watch?v=IzRCW5g514o
B. Tes Formatif
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ana
ing aksara A, B, C, D, utawa E kang koanggap paling bener !
1. Wayang kang mula bukane saka cerita Ramayana lan Mahabarata diarani …
A. wayang beber
B. wayang kulit
C. wayang potehi
D. wayang purwa
E. wayang gedhog
2. Wayang wis ana lan dikenal masyarakat Jawa wiwit ….
A. 778 Masehi
B. 768 Masehi
C. 788 Masehi
D. 776 Masehi
E. 766 Masehi
3. Kitab Mahabarata diripta dening ….
A. empu Sedah lan Empu Panuluh
B. empu Gandring
C. empu Wiyasa
D. empu Tantular
E. empu Prapanca
4. Crita Mahabarata kaperang dadi wolulas kang sabanjure diarani ….
A. Catur dasa parwa
67
B. Tri dasa parwa
C. Panca dasa parwa
D. Sad dasa parwa
E. Asta dasa parwa
5. Perangan sing nyeritakake nalika Pandhawa kasor anggone main dhadhu
yaiku ….
A. Wana Parwa
B. Saba Parwa
C. Adi Parwa
D. Wirata Parwa
E. Udyoga Parwa
6. …ngutus sang patih supaya menyang wukir Ratawu.
Tembung “wukir” nduweni teges ….
A. omah
B. gunung
C. alas
D. kali
E. sawah
7. Nalika Bima Bungkus ora bias dibedhah. Wungkuse tansah alot. Anggone
mbudidaya kasil lan jabang bayi Bima metu. Pethilan kasebut nuduhake
menawa wong iku kudu ….
A. sregep nyambut gawe amprik uripe mukti
B. mbudidaya apa wae amrih kasembadan
C. pasrah sumarah kanthi ati kang wening
D. kabeh iku gumantung wong tuwane
E. urip kudu tenanan amrih bias diwasa
8. Sing kasil mecah bungkusing jabang bayi Bima yaiku ….
A. Gajah Oya
B. Premade
C. Gajah Sena
D. Narada
E. Hyang Bayu
9. Bratasena duweni watak kang ….
A. setya marang kadange
B. seneng dora marang sapadha
C. wengis marang kabeh sedulure
D. julik marang rama lan ibune
E. licik karo para kurawa
10. Amanat sing bias kajupuk saka perangan Saba Parwa yaiku ….
A. main dhahu bisa menang kanthi cara julig
B. ora ana kabecikan ing babagan main dhadhu
C. ora kena nggugu hawa napsu sanajan kanggo kabecikan
68
D. amarga kalah main dhadhu dadi kelangan bandha
E.nampa paukuman nalika kasor main dhadhu
11. Sawise kalah main dhadhu, Pandhawa kelangan raja-branane banjur...
A. urip ing alas Kamyaka 13 taun
B. nglurug Kraton Ngastina
C. mbabat alas Wanamarta
D. urip ing alas Kamyaka 15 taun
E. diobong para Kurawa
12. Perangane Parwa kang nyritakake jaman cilike nganti tekan nom-nomane
Pandhawa lan Kurawa diarani ...
A. wirata parwa
B. adi parwa
C. swargarohana parwa
D. udyoga parwa
E. aswamedika parwa
13. Arjuna mretapa ing lereng Indrakila lan dipunparingi sanjata nama sing
arane ....
A. Jamus Kalimasada
B. Gada Rujak Pala
C. Pasopati
D. Kuku Pancanaka
E. Tirtamanik
14. Yudistira oleh wisiking jawata prentah marang Arjuna supaya mertapa ana
lereng Indrakila banjur paring asma ….
a. Begawan Mintaraga
b. Begawan abiyasa
c. Prabu Karitin
d. Jagal abilawa
e. Dwija Kangka
15. Perangan sing nyeritakake nalika Kresna dipun dadosaken Dhuta dening
Pandhawa yaiku ….
A. Wirata Parwa
B. Udyoga Parwa
C. Wana Parwa
D. Adi Parwa
E. Saba Parwa
16. Sawijining paraga ing lakon bima bungkus sing nduweni watak julig yaiku
….
A. Resi Abiyasa
B. Gajah Sena
C. Resi Narada
69
D. Raden Widura
E. Sengkuni
17. Amanat sing bisa didudut saka perangan Anusa Parwa yaiku ….
A. Dadi pemimpin sing bisa nguwasani negara
B. Pemimpin sing adigang adigung adiguna
C. Pemimpin kudu duweni watak teges
D. Ora kabeh wong bisa dadi pemimpin
E. Dadi pemimpin sing adil lan wicaksana
18. Begawan Mintaraga dadi raja kang suwene sedina ana ing khayangan kang
jejuluk Prabu ...
A. Premadi
B. lelananging jagad
C. Parta
D. Karitin
E. Niwata Kawaca
19. Amanat kang bisa kajupuk saka pethilan crita Permadi ing Guwa
Mintaraga yaiku ...
A. aja seneng ngumbar hawa nepsu ing bebrayan
B. aja nganti wani marang wong tuwa
C. manungsa kudu tumindak prihatin lan manembah marang Gustine
D. urip kudu bisa nata ati lan pikiran
E. urip kudu pener lan bener
20. Perangan kitab Mahabarata kang nyaritakake Prabu Destarata, Dewi
Gendari lan Dewi Kunti lunga lan manggon ana ing alas kanngo dadi
pertapa, yaiku ...
A. sauptika parwa
B. swargarohana parwa
C. santi parwa
D. Salya parwa
E. asramawasana parwa
70
KEGIATAN BELAJAR 4
SANDIWARA, KETOPRAK LAN SINEPRAK
PENDAHULUAN
A. DESKRIPSI SINGKAT
Karya sastra kuwi jinise ana telu, yaiku prosa, geguritan (puisi) lan drama. Ana
ing kalodhangan iki, para siswa bakal diajak sinau babagan drama. Modul babagan
drama iki kaperang dadi papat materi pokok, yaiku 1) Pangerten (hakikat) drama lan
ketoprak sarta struktur naskah drama lan ketoprak; 2) struktur drama panggung lan
ketoprak; 3) Ngapresiasi drama naskah lan ketoprak; lan 4) nyiapke pagelaran
drama lan ketoprak; 5) sineprak; lan 6) nyamektakake produk sineprak.
Modul iki uga diwenehi tugas lan soal-soal latihan (gladhen) tes formatif. Tugas
wujude praktek supaya para siswa dadi luwih lantip ing babagan praktek drama lan
ketoprak. Dene tes formatif kaajab para siswa luwih wasis bab teori babagan drama
lan ketoprak. Kanthi urut-urutan mengkono kaajab para siswa luwih gampang
anggone nampa kawruh babagan drama lan ketoprak lan dipungkasi kanthi
ngandharake, ngapresiasi lan ngripta drama, ketoprak lan sineprak.
Andharan ing modul iki kajumbuhake karo capaian pembelajaran (CP) PPG dalam
jabatan Pendidikan Bahasa Jawa, yaiku:
Mampu mengapresiasi dan mencipta karya sastra (puisi, prosa, dan
drama) Jawa sesuai dengan struktur dan kaidah genre sastra.
B. PETUNJUK BELAJAR
Modul iki kaperang dadi rong perangan yaiku perangan teori lan gladhen.
Kanggo perangan teori, wacanen perangan teori kanthi premati lan tliti. Gawea
catetan mligine kanggo bab-bab kang wigati. Gawea gayutan antarane wose teori lan
pengalaman para siswa ing kasunyatan.
Kanggo perangan gladhen, garapen soal-soal kang wis sumadya. Kanggo
perangan tugas wujude praktek. Dene soal formatif digarap kanthi tliti.Sakwise
nggarap gladhen, rembugan karo kancamu babagan kang wigati lan para siswa
anggep angel.
71
Modul iki uga diwuwuhi media powerpoint, gambar lan rekaman video kang
kaajab bisa luwih nggampangake panjenengan anggoni nyinaoni babagan drama.
Kanthi kabeh kuwi mau, para siswa kaajab bisa nggayuh Kriteria Ketuntasan
Minimal (KKM) kanthi biji paling sithik 76.
72
INTI
A. Capaian Pembelajaran
Mampu mengapresiasi dan mencipta karya sastra (drama) Jawa sesuai dengan
struktur dan kaidah genre sastra.
Para siswa bisa ngandharake babagan: 1) Pangerten (hakikat) drama lan ketoprak
sarta struktur naskah drama lan ketoprak; 2) struktur drama panggung lan ketoprak;
3) Ngapresiasi drama naskah lan ketoprak; lan 4) nyamektakake pamentasan drama
lan ketoprak; 5) sineprak; lan 6) nyamektakake produk sineprak.
B. Pokok-pokok Materi
1. Pangerten (Hakikat) Drama lan ketoprak sarta Struktur Naskah Drama lan
ketoprak
2. Struktur Drama Panggung lan ketoprak
3. Ngapresiasi drama lan ketoprak
4. Nyamektakake Pamentasan Drama lan ketoprak
5. Sineprak
6. Nyamektakake produk sineprak
C. URAIAN MATERI
1. PANGERTEN (HAKIKAT) DRAMA LAN KETOPRAK SARTA
STRUKTUR DRAMA LAN KETORAK
Hakikat Drama Lan Ketoprak
Apa panjenengan nate krungu tembung drama? Saperangan mesthi wis
tau krungu tembung kuwi. Menawa krungu tembung drama umume mesthi
kelingan salah sawijine pentas kang digelar ana ing panggung. Pancen, drama
kuwi asring digambarake minangka pentas ana ing panggung hiburan.
Saliyane tembung drama, awake dhewe uga kerep krungu tembung
sandiwara. Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung
sandi ngemu teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa
ajaran”. Menawa digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang
diajarake kanti cara sesidheman.
73
Drama kuwi jinise ana loro, drama moderen lan drama tradisional. Drama
tradisional wujude uga macem-macem, contone ketoprak, ludruk, jathilan lan
liya-liyane.
Ketoprak iku jenise teater rakyat, mula kuwi biyen ketoprak isih nganggo
lesung kanggo iringane. Lakon kang digawakne uga crita-crita sederhana kang
ana ing padinan. Panggon pentase iku ing latar ngarep omahe petani. Bisa uga ing
sawah nalika wis bar musim panen.
Ing jaman semana, ketoprak ora nganggo naskah. Pentase nganggo
metode improvisasi yaiku apa anane. Saengga, pertunjukan ketoprak iku manut
marang paragane. Apik eleke pentas ketoprak iku gumantung paraga kang
nggawakake crita kasebut.
STRUKUR NASKAH DRAMA (SANDIWARA) LAN KETOPRAK
Sandiwara lan ketoprak kasusun kanthi struktur sing padha. Ana ing
perangan iki, bakal dijlentrehake unsur-unsur kang ana ing sandiwara lan
ketoprak kanti ancas supaya bisa mangerteni bab drama kanti purna.
1. Plot utawa Rangka Carita / Alur.
Plot utawa ngengrenganing carita utawa alur yaiku lumakune carita
ana ing sajroning carita wiwit awal tumekane pungkasan, lan uga gambarane
perkara antawis rong paraga kang beda. Anane prakara kadadeyan saka
anane watak saka paraga kang beda. Prakara ing carita digambarake saya
gedhe tekan pungkasan kang diarani titik klimaks. Bubar saka klimaks
terusing crita umume tumuju ing wusananing crita.
Gustaf Freytag ana ing bukune Herman J. Waluyo (2002) aweh
katrangan umume jalinan prakara ana ing plot awujud bab-bab ing ngisor iki.
a. Exposition / panjlentrehan carita ing awal, yaiku para panyimak
drama ditepangake marang para paraga kang ana ing carita lan uga
kepiye watake para paraga kasebut.
b. Komplikasi utawa wiwitan jumedhule prakara.
c. Klimaks utawa puncaking prakara
d. Resolusi utawa pungkasaning prakara
74
e. Denoument utawa dudutaning carita
Wondene plot ana ing drama kaperang dadi telu, yaiku :
a. Sikuler, yaiku carita kang isine amung sak prakara
b. Linier, yaiku carita runtut saka A-Z
c. Episodik, yaiku jalinan carita kang kaperang banjur disambung ana
ing pungkasaning carita.
2. Paraga lan Watak
Paraga tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak.
Susunan paraga yaiku dhaftar para paraga kang ana ing sajroning carita. Ana
ing susunan kuwi kaping pisan kudu dijlentrehake babagan jeneng, umur,
lanang utawa wadon, titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan batine.
Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi pirang-pirang perangan,
kayata :
a. Miturut kiprahe tumrap lumakune carita.
1) Paraga protagonis, yaiku paraga kang nyengkuyung lumakune
carita. Umume ana siji utawa rong paraga protagonis, lan
direwangi dening paraga-paraga liya kang uga nyengkuyung
lumakune carita.
2) Paraga antagonis, yaiku paraga kang ora saiyeg marang
lumakune carita. Umume ana sak paraga lan paraga liya kang
watake lan kiprahe beda karo lumakune carita.
3) Paraga tritagonis, yaiku paraga kanggo aweh pitulungan
marang paraga protagonis utawa antagonis.
b. Miturut kiprah lang fungsine ana ing lakon.
1) Paraga sentral, yaiku paraga kang dadi punjering carita.
2) Paraga utama, yaiku paraga kang nentang paraga sentral ana ing
carita.
3) Paraga pambantu, yaiku para paraga kang dadi geganep utawa
peran sampingan ana ing carita.
75
Para paraga kang dijlentrehake kuwi kudu duwe watak. Watak bisa
digambarake ana ing telung dimensi (watak dimensional). Anggone
nuduhake watak para paraga linandhesan saka kahanan awak, batin, lan
sosial (fisiologis, psikologis, lan sosiologis).
a. Kahanan fisik
Sing kalebu kahanan fisik paraga yaiku: umur, lanang utawa
wadon, titikane awak, ciri ing awak, titikan mligi sing menjila, suku
bangsa, praenan, kasenengan, dhuwur/cendhek, kuru/lemu, lan
sapanunggalane.
b. Kahanan psikis
Kahanan psikis paraga awujud: watak, kasenengan, mentalitas,
standar moral, temperamen, ambisi, kompleks psikologis sing ditemahi,
kahanan emosine, lan sapanunggalane.
c. Kahanan sosiologis
Kahanan sosiologis paraga awujud kalungguhan/jabatan,
pagawean, klas sosial, ras, agama, ideologi, lan sapanunggalane.
3. Dialog (Pacelathon)
Titikan mligi sawijine drama yaiku naskahe awujud dialog utawa
pacelathon. Nalika ngripta pacelathon iki, pangripta kudu nggatekake kanthi
premati pacelathone para paraga sajrone urip padinan. Pacelathon sing ditulis
dening pangripta naskah drama yaiku pacelathon sing bakale diucapake lan
kudu patut diucapake ana sajrone pentas ing ndhuwur panggung. Gambaran
pentas ing ndhuwur panggung mujudake mimetik (rerekan) saha kahanan
urip padinan, mula dialog kang ditulis uga dadi kaca benggala pacelathon ing
padatan.
Pacelathon kudu duwe sipat estetis, tegese nduwe kaendahan basa.
Kadhang kala uga diajab supaya nduweni sipat filosofis lan bisa merbawani
kaendahan. Pacelathon uga kudu urip, tegese bisa dadi sesulih paraga kang
diemban.
76
4. Setting/Landhesan/Panggon Prastawa
Setting atau panggon prastawa sajrone crita asring uga diarani latar crita.
Babagan iki kudu ditemtokake kanthi premati amarga drama naskah uga kudu
menehi kalodhangan kanggo dipentasake. Setting biasane dumadi saka telung
dimensi, yaiku panggon, ruwang, lan wektu.
Setting panggon nduwe gegayutan karo panggon ing ngendi prastawa
kasebut kadadeyan. Umpamane ing Pulo Jawa, ing Kutha Yogyakarta, ing
Surabaya lan sapanunggalane.
Setting ruwang awujud prastawa nalika pentas kasebut dumadi.
Umpamane ing emper, ing dalan gedhe, ing ruwang tamu, ing warung, lan
sapanunggalane.
Setting wektu gayut karo kapan prastawa sajrone pentas kasebut dumadi.
Umpamane wae ing wayah esuk, awan, wengi, lan sapanunggalane. Wektu uga
gegayutan karo dimensi kang luwih amba, umpamane dina, sasi, taun, lan
sapanunggalane.
5. Tema/Nada Dasar Crita
Tema mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone drama. Tema
nduwe gegayutan karo premis saka drama kasebut lan nduwe gegayutan uga karo
nada dasar saka sawijine drama lan sudut pandang sing diandharake dening
pangriptane.
6. Amanat/Kekarepan Pengarang
Amanat yaiku kekarepan kang bakal diandharake dening pengarang
lumantar naskah utawa lumantar pamentasane.
Teka utawa orane amanat utawa kekarepan sing bakal diandharake diprebawani
dening maneka babagan, yaiku:
a. Naskah kasebut ngandharake kanthi cetha apa amanate.
b. Sajrone pentas, paraga bisa ngandharake amanat marang pamirsa kanthi
cetha wela-wela.
c. Pamirsa bisa nangkep amanat utawa kekarepan sing diandharake ana ing
pagelaran kanthi becik.
77
7. Petunjuk Teknis
Sajrone naskah sandiwara lan ketoprak dibutuhake uga petunjuk teknis, kang
uga asring diarani teks samping. Teks samping iki menehi petunjuk teknis ngenani
tokoh, wektu, swasana pentas, swara, iringan, metu mlebune aktor utawa aktris, lan
sapanunggalane. Teks samping iki biasane ditulis nganggo tulisan kang beda saka
dialog (umpamane kanthi aksara miring utawa aksara murda kabeh). Petunjuk teknis
sing pepak bakal nggampangake sutradara sajrone penafsiran naskah.
2. STRUKTUR SANDIWARA LAN KETOPRAK NALIKA DIPENTASAKE
Sandiwara lan ketoprak kuwi uga nduweni struktur sing pada nalika dipentasake
ing panggung. Unsur-unsur sandiwara lan ketoprak nalika dipentaske yaiku:
1) sutradara
2) paraga
3) tata rakiting (penata) panggung
4) tata rakiting (penata) lampu
5) ngudi (penata) busana
6) tata rakiting (penata) rias
7) tata rakiting (penata) musik
Supaya luwih gamblang, ing ngisor iki bakal diandharake ngenani jejibahan lan
fungsi saka saben unsur.
1) Sutradara
Sutradara yaiku wong kang mandhegani pamentasan drama. Minangka pemimpin
kang tanggung jawab marang suksese pamentasan drama, sutradara kudu gawe
perencanaan pamentasan lan nglakoni pamentasan kasebut.
78
Gambar 1. Sutradara lagi mimpin gladhen
(dokumentasi penulis)
Sutradara duweni tugas kang akeh lan duweni tanggung jawab kang abot.
Sutradara kudu bisa milih naskah, nemtokake penafsiran naskah, milih paraga,
nggladhi paraga, gotong royong karo kabeh elemen pamentasan lan bisa
ngrangkul kabeh bageyan.
Jejibahane sutradara ing antarane, yaiku:
a) Bisa milih naskah kang apik
b) Bisa mangerteni warak para paraga crita
c) Bisa nemtokake paraga kanthi leres lan trep
d) Bisa nglatih para paraga
e) Bisa tembayat karo kabeh panyengkuyung pamentasan
f) Bisa makarya karo kabeh panyengkuyung pamentasan
2) Paraga
Aktor (paraga putra) utawa aktris (paraga putri) yaiku pawongan kang kadhapuk
dadi tokoh sing katulis sajroning naskah. Supaya bisamaragakake kanthi becik
paraga kudu dipilih kanthi pener lan trep. Paragane kuwi ora kudu bagus utawa
ayu, ananging sing wigati paraga kuwi bisa maragakake kanthi becik.
3) Tata Rakiting Panggung
Panggung yaiku papan panggonan pentas utawa arena kanggo pentas drama.
Biasane panggone luwih dhuwur saka kursi penonton. Uga ana panggonan pentas
sing luwih ngisor utawa sejajar karo penonton, ananging penggonane penonton
79
ditata kaya mangkono saengga bisa ningali lakone pentas kanthi apik lan ora
keganggu anggone nonton.
Tata panggung butuhake komposisi kang trep. Komposisi kang trep bisa
gawe kaendahan. Amarga penting banget penataan panggung kuwi, mula biasane
pawongan kang dadi tukang tata panggung duweni jiwa seni saha bisa nata
komposisi kanthi prasaja.
Gambar 2. Pranata Panggung
(dokumentasi penulis)
4. Tata Rakiting Lampu
Pranata lampu yaiku pawongan kang duweni tugas nata lampu ana ing
dhuwur panggung. Amarga kuwi nata lampu duweni peranan penting karo tata
panggung. Tuladhane panggung kang nggambarake kahanan ing tengah alas, mila
pawongan kang nata lampu kudu bisa nata sorote lampu saengga panggung kuwi
wis kaya dadi alas tenanan.
Tatanan lampu biasane nggunakake piranti kang diarani spot light, yaiku
kaya kotak kang duweni lensa kang isine lampu atusan watt. Yen diurupake
lampune nyorot padhang banget menyang sak panggonan. Lensane bisa diatur
padhang orane jumbuh karo keperluan. Biasane wernaning lampu bakal ditrepake
karo kahanan kang dikarepake.
80
Gambar 3. Tatananan lampu ing panggung
(dokumentasi penulis)
5. Ngadi Busana
Pranata busana yaiku wong kang duwe jejibahan ngatur lan nemtokake
busana para paraga. Tata busana kudu jumbuh karo karakter paraga. Karakter lan
watak paraga bisa katon saka tata busanane. Tuladhane, salah sawijining paraga
kadhapuk minangka dhokter. Pranata busana kudu bisa gawe busana/kostum
paraga mau supaya katon minangka dadi paraga dhokter.
Gambar 4. Saperangan jenis kostum (ageman)
(dokumentasi penulis)
81
6. Tata Rakiting Rias
Pranata rias utawa perias duwe jejibahan ngrias utawa maesi paraga
supaya jumbuh karo watak/karakter sing arep diparagakake. Apa sebabe paraga
kudu dirias? Paraga kudu dirias supaya watak/karakter paraga bisa pas lan
praupane paraga ora katon pucet nalika disorot lampu saka dhuwur panggung.
Tuladhane ing pentas sekolah menengah, paraga mesthi isih enom. Supaya
paraga mau bisa katon tuwa kudu dirias, amarga dheweke meranake paraga wong
tuwa.
Prakara rias mau dadi tugase pranata rias. Pranata rias bisa ngecat
rambute para paraga supaya katon putih kaya uwanen. Pranata rias uga bisa gawe
praupane paraga dadi katon luwih tuwa kanthi cara diwenehi kerutan-kerutan ing
pasuryane. Jinising alat sing dinggo ngrias akeh banget, tuladhane; wedhak,
lipstik, bubuk saka areng, pensil alis, rambut palsu, cat rambut, lem, brengos
palsu las sapanunggalane.
7. Tata Rakiting Musik
Pranata musik duwe jejibahan gawe musik pangiring supaya gawe
regenging swasana ing pamentasan. Musik utawa gendhing uga kudu bisa
mancing lan ngetokake emosine paraga, tuladhane paraga sing lagi meranake
suasana susah bisa dadi tambah susahe nalika diiringi dening musik utawa
gendhing sing nrenyuhake, tuladhane alat musik sing bisa gawe suasana susah
yaiku suling utawa biola. Paraga bisa nangis amarga krungu suara-suara musik
mau. Musik utawa gendhing mau wigati banget kanggone para paraga, mula kudu
ana komunikasi kang becik antarane paraga karo pranata musik supaya paraga
bisa ngetokake emosi sing dikarepake.
3. APRESIASI SANDIWARA LAN KETOPRAK
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia, apresiasi kuwi nduwe teges
kesadaran terhadap nilai seni dan budaya; penilaian (penghargaan terhadap)
sesuatu.
Saka teges ing nduwur mau, ana ing materi iki panjenengan diajak
ngapresiasi sastra, mligine sandiwara lan ketoprak. Wujude apresiasi iki mengka
82
ana loro kegiatan. Sing kapisan ngapresiasi naskah sandiwara utawa ketoprak, lan
sing kapindho yaiku ngapresiasi pamentasan sandiwara utawa ketoprak.
APRESIASI NASKAH SANDIWARA UTAWA KETOPRAK
Apresiasi tumrap naskah sandiwara utawa ketoprak yaiku ngandharake apa-apa wae
sing dadi perangan utawa unsur-unsur naskah sandiwara utawa ketoprak mau.
Unsur-unsur naskah sandiwara utawa ketoprak ing antarane yaiku:
1. Plot utawa cengkorongan crita. Plot yaiku urutan dalaning crita utawa
cengkorongan crita wiwitan nganti pungkasan sing ngemot prekara antarane
paraga cacah loro sing ora padha kekarepane. Jinise alur ing sandiwara utawa
ketoprak yaiku ana alur maju, alur mundur lan alur campuran.
2. Penokohan utawa perwatakan. Perwatakan yaiku watak utawa karakter sing di
nduweni dening para paraga ing sajroning sandiwara utawa ketoprak. Ana telu
klasifikasi paraga yaiku: 1) paraga protagonis yaiku paraga sing nyengkuyung
crita; 2) paraga antagonis yaiku paraga sing cengkah karo crita; lan 3) paraga
tritagonis yaiku paraga pembantu.
3. Wawan Gunem (dialog/pacelathon). Wawan gunem utawa dialog utawa
pacelathon yaiku tembung-tembung utawa ukara-ukara sing diucapake dening
para paraga.
4. Setting (latar). Setting uga diarani latar crita, yaiku panggonan, ruwang lan
wektu. Uga ana sing mantha latar dadi panggonan, wektu lan kahanan nalika
kedadean ing sandiwara utawa ketoprak iku.
5. Underan (tema). Underan yaiku gagasan pokok ing ana ing sajroning crita.
6. Amanat. Amanat yaiku pesen sing ana ing sajroning naskah kasebut.
7. Petunjuk teknis. Petunjuk teknis bisa disebut kanthi istilah teks samping, yaiku
teks sing ana ing naskah fungsine kanggo menehi petunjuk teknis ngenani paraga,
wektu, suasana pentas, suwara, musik, mlebu metune paraga, seru lan orane
dialog, warna suwara lan sakpiturute. Teks samping padatan katulis kanthi aksara
sing dimiringake utawa kacitak kandel.
83
Wacananen tuladha naskah sandiwara kang prasaja ini ngisor iki!
TANSAH ANA DALAN
Dening: Budi Waluyo
Ing nduwur panggung. Setting ana ing ruwang tamu kang prasaja.
Ana sak set meja kursi kayu. Neng nduwur meja tamu mau, ana kembang sing digawe
saka plastik daur ulang. Sanajan bekas, ananging kembang mau katon seger lan penak
disawang.
Ana ing nduwur panggung mau, katon Pak Kardi lan Bu Kardi sing sajak bingung.
Praupane kethok pucet lan kebak was sumelang. Bu Kardi bola-bali ngadeg banjur
lungguh meneh. Dene Pak Kardi mlaku wira-wiri karo bola-bali kukur-kukur sirah.
Musik keprungu nggrantes lan nelangsa.
Pak Kardi :
Piye ya Bu? Awake dhewe kudu menehi wangsulan apa nek Danang mengko takon
meneh?
Bu Kardi :
Lha yo embuh Pak, aku uga bingung kok.
Pak Kardi :
Lha yo Bu. Bejane awake dhewe, dadi wong kang sarwa kecingkrangan. Anak njaluk
sekolah wae,awake dhewe bingung olehe nuruti.
Bu Kardi :
Iya Pak. Gek Danang kae pengine olehe kuliah yo tenanan. Dasare bocahe sregep,
sregep lan pinter. Ora tega aku Pak, nek ora bisa nuruti penjaluke.
Pak Kardi :
Lha iya tho. Apa tak golek utangan nggone Pak Bayan ya Bu?
Bu Kardi :
Owalah Pak. Apa ora pekewuh? Utang sing mbiyen wae olehe nyicil durung rampung.
Mosok arep utang meneh?
Pak Kardi :
Lha njur kepiye?
84
Bu Kardi :
Lha embuh..
(Bu Kardi wangsulan kanthi nglokro. Sajake wis kelangan pangarep-arep).
Pak Kardi :
Apa saklawase uripe dhewe bakal kaya ngene terus ya Bu?
Bu Kardi :
Maksudmu piye Pak?
Pak Kardi :
Ngene lho Bu. Awake dhewe iki, kawit mbiyen, wiwit saka nikah, nganti yahmene.
Nduwe anak loro. Danang wis kelas 3 SMA. Siti adike wis kelas 2 SMP. Uripe dhewe
kok tansah kurang terus. Kanggo nyukupi butuh, utang kono kene. Adol barang kanggo
nyukupi bayaran sekolah bocah-bocah. Apa ya uripe dhewe arep kaya ngene terus?
(Bu Kardi nyedhak Pak Kardi karo ngelus-ngelus pundhake bojone kuwi)
Bu Kardi :
Sing sabar ya Pak. Awake dhewe aja nganti nglokro.
Pak Kardi :
Iya Bu. Aku ora nglokro kok. Mula aku nduwe pengarep-arep, supaya Danang bisa
sekolah sing duwur. Ben uripe Danang besok bisa luwih mulya ketimbang awake dhewe.
Lha, nalika wingi Danang matur aku nek deweke pengin kuliah,aku ya sarujuk banget.
Nanging bareng mikir babagan ragat,aku kok malah dadi mumet. Duit saka ngendi coba
Bu?
Bu Kardi :
Lha iya tho Pak. Aku ya melu bingung.
Nalika Pak Kardi lan Bu Kardi isih pada bingung, Danang, anake teka saka sekolahan.
Danang :
Assalamu’alaikum Bapak Ibu..
Pak & Bu Kardi:
Wa’alaikumsalam..
Pak Kardi :
Wis bali Le?
85
Danang :
Sampun Pak. Pa, Bu.. Kula badhe matur. Bilih kula ketampi anggen kula ndaftar kuliah.
Wonten ing pawiyatan luhur negeri. Kula ketampi wonten jurusan kedokteran Pak.
Alhamdulillah..
Bu Kardi :
Dokter Le.. Suk kowe bisa dadi dokter? Alhamdulillah..
Danang :
Hehehe.. Tasih dangu Bu, angsale dados dokter. Nggih kuliyah rumiyin ngantos
rampung.
Pak Kardi :
Bapak seneng banget Le, kowe bisa ketampa ana ing jurusan sing apik lan mbok senengi.
Nanging..
Danang :
Nanging menapa Pak?
Pak Kardi :
Nanging, Bapak lan ibumu ora nduwe duit kanggo ngragati kuliyahmu Le. Kowe lak
ngerti dhewe tho, Bapak lan ibumu mung buruh tani. Hasile mburuh mung cukup kanggo
urip sakbendinane wae. Banjur kanggo nyukupi mbayar kuliyahmu mau, duit saka
ngendi tho Le?
Danang :
Bapak kaliyan ibu mboten usah was sumelang. Kula ketampi kuliyah menika kanthi jalur
bidikmisi kok. Jalur bidikmisi menika, nampi mahasiswa ingkang kekirangan, ingkang
mlarat, ananging gadhah prestasi. Mangke kuliyahe gratis Pak. Mboten bayar. Malah
mangke sakben wulanane angsal arto tambahan kangge mbantu kuliyah.
Bu Kardi :
Masya Allah? Gratis Le? Kuliyah ora mbayar? Malah isih ditambahi duit sangu?
Danang :
Inggih Bu..
Pak & Bu Kardi:
Alhamdulillah..
Pak Kardi :
86
Alhamdulillah Le.. Beja banget uripmu..
Danang :
Inggih Pak. Nanging kula kedah sregep,supados biji kula sae lan angsal kula kuliyah
saget rampung tepat waktu. Syukur-syukur langkung cepet rampungipun..
Bu Kardi :
Iya Le, berarti kowe kudu luwih sregep anggonmu sinau ya..
Danang :
Inggih Bu,siyap..
Pak Kardi lan Bu Kardi sing ndek mau praupane katon bingung lan nglokro,sakiki katon
sumunar, bungah lan padang.
Musik ing panggung muni. Musik sing kebak kabahagiyan.*
Cuthel
FORUM DISKUSI
Sakwise para siswa maca naskah sandiwara kang prasaja ing duwur mau, sakiki
temtokna perangan-perangan utawa unsur-unsur sandiwara yaiku:
1. Plot utawa cengkorongan crita
2. Penokohan utawa perwatakan
3. Dialog (pacelathon)
4. Setting (latar)
5. Underan (tema)
6. Amanat. Amanat
7. Petunjuk teknis
APRESIASI SANDIWARA UTAWA KETOPRAK
Apa para siswa wis nate nonton pentas sandiwara utawa ketoprak ana ing
panggung? Perangan-perangan kang ana ing sandiwara utawa ketoprak beda karo
perangan-perangan kang ana ing naskah drama.
Perangan-perangan kang ana ing sandiwara utawa ketoprak yaiku: sutradara,
paraga, pranata panggung, pranata lampu, pranata rias, pranata busana lan pranata musik.
87
Ana ing kalodangan ini, para siswa bakal diajak ngapresiasi pementasan
kethoprak. Coba goleka pamentasan kethoprak saka youtube.
FORUM DISKUSI
Kegiatan Apresiasi Drama Panggung
1. Lampirna alamat youtube sing ditonton!
2. Saka pamentasan kethoprak sing para siswa tonton kuwi, terangna apa underan
(tema) lan amanat (pesen) kang pengin disampekne!
3. Miturut para siswa, kepriye anggone sutradara ngatur pamentasan?
4. Kepriye musik utawa gendhing kang kanggo ngiringi pamentasan? Wis becik
apa durung?
5. Kepriye kiprahe para paraga anaing nduwur panggung? Jlentrehna kekurangan
lan kaluwihane!
6. Kepriye anggone pranata panggung, pranata busana lan pranata rias nindhakake
jejibahane? Apa wis trep lan pener? Coba jlentrehna kanthi patitis!
4. NYAMEKTAKAKE PAMENTASAN SANDIWARA UTAWA KETOPRAK
KANTHI MBENTUK TIM PRODUKSI LAN TIM PANGGUNG
Ana ing bab sing pungkasan iki, materi kang disinau yaiku nggelar pamentasan
tradisional. Kanggo nggelar pamentasan iki ana babagan kang kudu disiapke. Apa ta sing
kudu disiapke sakdurunge nggelar pamentasan sandiwara? Mangga, kita sinau
sesarengan!
Bab-bab sing kudu disiapke.
1. Tim Produksi
2. Tim Panggung
Mangga disiapke siji mbaka siji.
88
1. Tim Produksi
Sakdurunge pamentasan sandiwara digelar, kudu disiapake babagan-babagan
kang diperlokne. Babagan iki kudu disiapke supaya pagelaran bisa kaleksanan kanthi
becik. Bab sing kudu ana yaiku dibentuk panitia penyelenggara.
Panitia penyelenggara duwe tugas yaiku nyiapake sarana-sarana kang diperlokne
kanggo pagelaran kasebut. Babagan-babagan iku ing antarane milih panggonan kanggo
pentas, pendanaan, publikasi, transportasi lan liya-liyane kanggo ndukung lumakune
pamentasan. Kang kalebu panitia penyelenggara yaiku:
a. Penasihat (yen diperlokne) : jejibahane yaiku menehi pamrayoga amrih
becike pentas
b. Ketua panitia : jejibahane yaiku ngaturi lumakune kabeh
gaweyan sing kudu diemban kabeh anggota
panitia lan duwe tanggung jawab kabeh
lumakune pamentasan
c. Sekretaris : jejibahane yaiku mbiyantu ketua panitia ing
babagan administrasi kegiatan pamentasan
kasebut kayata surat menyurat lan nyathet
kabeh rencana lan kegiyatan ing saben rapat
panitia
d. Bendahara : jejibahane gegayutane karo babagan
prabeya dan administrasine.
e. Seksi-seksi : jejibahane langsung ana ing bidange dhewe-
dhewe.
Seksi panitia terdiri dari :
1) Seksi dana : bidang pendanaan biasane golek dana saka
sumbangan donatur lan sponsor
2) Seksi acara : bidang acara pertunjukan yaitu nyusun acara ing
wektu pamentasan
3) Seksi publikasi : bidang publikasi yaiku gawe pengumuman lan
wara-wara bab ananing pamentasan. Biasane
89
4) Seksi dokumentasi awujud pamflet, liflet utawa publikasi lewat
5) Seksi konsumsi radhio
6) Seksi transportasi : bidang dokumentasi yaiku gawe potret/video
7) Seksi keamanan saben prastawa sing dianggep perlu lan wigati.
: bidang konsumsi yaiku nyiapake konsumsi sing
dibutuhkan kanggo pamentasan
: bidang transportasi yaiku nyedhiakne alat
transportasi kanggo kelancaran pamentasan
: bidang keamanan jejibahane ngamanake kabeh
mlakune pagelaran wiwit saka persiapan nganti
pamentasan paripurna.
2. Tim Panggung
Tim panggung iki nduweni kuwajiban nyiapke apa-apa kang dibutuhke ing
panggung. Sing diarani panggung yaiku kabeh sing ana gegayutane karo paraga pentas.
Sing kudu dileksanakne yaiku:
a) Nemtokake sutradara.
b) Milih Naskah
c) Milih Paraga
c) Ndapuk tim artistik panggung
d) Ndapuk tim pranata busana (kostum) dan pranata rias
e) Ndapuk tim pranata musik
Proses utawa tataran Pentas
Proses utawa tahapan-tahapan sing kudu ditindhakne yaiku:
a. Bedah naskah
Ing wektu bedah naskah iki sutradara lan kabeh sing nyengkuyung pamentasan kudu
nafsirke utawa diskusi babagan isi naskah kasebut, sing arupa tema, amanat, setting
(latar), penokohan, artistik, kostum, lan musik.
b. Pengkastingan (milih paraga)
90
Sutradara kudu nemtokake sapa-sapa wae sing dipilih dadi paraga. Paraga kang
dipilih kanthi pertimbangan paraga sing ditunjuk bisa merankan tokoh kanthi becik.
c. Gladhen/latihan
Ing babagan gladhen iki, akeh banget sing kudu ditindhakke yaiku:
1. Maca naskah
2. Ngapalke naskah
3. Gladhen vocal (suara)
4. Gladhen karakter mimik (raut wajah)
5. Gladhen gesture (bahasa tubuh).
6. Gladhen ekspresi
7. Gladhen posisi (bloking)
8. Gladhen sakben babak
9. Gladhen meranake naskah kanthi utuh saka wiwitan nganti pungkasan.
Latihan kuwi mau dibolan-baleni, supaya kabeh paraga apal lan siap tumuju panggung,
supaya bisa pentas kanthi becik.
FORUM DISKUSI
1. Coba para siswa ngrancang rencana kegiatan pamentasan ketoprak!
2. Temtokna para paraga kang dadi panitia pamentasan banjur jlentrehna tugas-
tugase!
3. Coba goleka salah sawijining naskah ketoprak sing prasaja!
4. Temtokna sutradara lan paragane!
5. Temtokna prata musik lan pranata busanane!
6. Pentasna naskah ketoprak sederhana mau ana ing ngarep kelas!
7. Dhiskusikna asil pentas kasebut!
5. SINEPRAK
Sairing karo majune teknologi lan ilmu pengetahuan, uga nggawa pengaruh
marang majuning budaya ketoprak. Mbiyen ketoprak mung bisa dipentaske ing
panggung-panggung utawa ing tobong-tobong. Nanging ing jaman saiki ketoprak uga
91
bisa dipentasake ing njaba panggung utawa tobong. Kadangkala ketoprak uga dipentaske
ing prapatan dalan, ing teras omah utawa ing latar. Sing gawe gumun meneh, ketoprak
uga bisa digawe rekaman sing diwujudkan dadi kaya film utawa sinema kang kasebut
sineprak utawa sinema ketoprak.
Sineprak yaiku wujude crita ketoprak kang direkam (disyuting) lan sakbanjure
ditontonke lewat bioskop utawa tivi. Conto sineprak kang manjila yaiku Anglingdarma,
kang nate disiarke ana ing tivi-tivi. Sakliyane Anglingdarma, carita Damar Wulan uga
nate sukses nalika diangkat dadi sinetron ing tivi swasta. Mbiyen sakdurunge Sineprak
Anglingdarma lan Damar Wulan, uga nate crita sandiwara radio kang sukses diangkat
ing layar lebar (bioskop), yaiku carita Saur Sepuh kanthi tokoh utama Brama Kumbara.
Crita Sandiwara Saur Sepuh dikenal masyarakat liwat radio. Crita Brama
Kumbara dadi crita idola kang banget disenengi masyarakat ing wektu kuwi. Enom tuwa,
lanang wadon, kabeh pada seneng ngrungokake sandiwara radio kasebut. Luwih-luwih
nalika sandiwara radio Brama Kumbara kuwi mau diangkat ing layar lebar (bioskop),
penonton jejel riyel nganti antre pengin nonton sinema kang nalika isih dadi sandiwara
radio suarane diisi dening Ferry Fadli lan Elly Ermawati kasebut.
Kasuksesane Sandiwara Saur Sepuh ing layar lebar kuwi banjur ditututi sinema-
sinema liyane ing antarane yaiku Tutur Tinular, Misteri Gunung Merapi, Mak Lampir,
lan liya-liyane.
6. NYAMEKTAKAKE MRODUKSI SINEPRAK
Nyamektakake pagelaran sineprak mono sejatine pada wae nyamektakake
pagelaran ketoprak panggung. Yaiku kudu ana naskah (skenario), sutradara, para paraga,
para tata rakiting setting, lampu, rias, musik lan busana.
Sanajan memper utawa mirip, nanging tetep ana bedane nalikan pagelaran ing
panggung lan nalika digawe sinema. Yen ketoprak lagi pentas ing panggung, pentase
“sekali jadi”. Ewadene nalika digawe sinema, ora bisa sekali jadi. Sok-sok malah
dibolan-baleni nalika ana akting sing ora kepenak utawa salah. Mula nggawe sineprak
wektune dadi luwih suwe, nanging hasile bisa luwih apik, amarga bisa dibolan-baleni
nalika syuting, lan hasile uga bisa diedit.
92
Ana ing proses mroduksi sineprak, ora mung babagan akting para paraga sing
bisa diedit (didandani), nanging babagan liyane uga bisa diedit, tuladhane musik lan
pencahayaan. Kanthi editan kuwi mau, hasil syuting sineprak bisa apik lan nengsemake.
Kang perlu disamektakake nalika arep mroduksi sineprak yaiku:
1. Skenario utawa naskah sing wis diapalke dening para paraga.
Skenerio iki penting lan kudu ana, merga apa kang bakal ditindakake nalika syuting
kudu trep karo skenario kang wis karancang.
2. Sutradara
Sutradara mono pawongan kang nduweni tanggung jawab bab sukses lan orane
nggawe produksi. Mula sutradara kudu ana terus ing sakjroning syuting sinema kuwi
mau.
3. Asisten sutradara
Asisten sutrada kuwi nduweni jejibahan mbiyantu sutradara. Nalika ing wayah arep
syuting, asisten sutradara bisa mbiyantu nyiapke utawa milihake lokasi syuting sing
sesuai karo prastawa utawa adegan.
4. Para paraga
Para paraga sing kajibah meranake tokoh, kudu siap ing lokasi syuting. Paraga sing
apik kudu apal lan bisa meranke tokoh kaya kang dikarepake dening sutradara
5. Pranata musik
Pranata musik uga kudu nyiapake musik utawa iringan sing bisa gawe suasana kang
nggambarake utawa ndadekake adegan dadi tambah apik.
6. Pranata rias
Pranata rias uga samekta ing lokasi, kanggo ngrias paraga utawa ndandani rias kang
wis rusak amarga banyi kringet lan liya-liyane.
7. Pranata busana
Pada karo pranata rias, pranata busana uga nyiapake busana kang bakal dingo pas
syuting. Pranata busana uga siyap yen sakwanci-wanci kudu ngganti utawa
ndandani busana sing ora sesuai.
8. Pranata lampu
93
Pranata lampu dibutuhke banget kanggo nggawe suasana kang dibutuhke. Kudu bisa
nyiptakake cahya kanti pas. Sahengga, sanajan syuting ing wektu esuk, awan, sore
utawa bengi, adegan tetep bisa kagarap kanthi apik.
9. Juru rekam
Kanggo gawe sinema sing apik, dibutuhkan juru rekam kang terampil. Sakliyane
nguwasani carane ngrekam sing apik, juru rekam kudu bisa njupuk sudut gambar
sing pas, sahingga bisa ngasilake syutingan kang nengsemake. Kanggo ngrekam,
bisa nggunakake alat rekam (video), handycam, kamera lan uga HP kang kualitase
apik.
10. Juru edit
Juru edit ora kalah penting karo juru ngrekam. Kadangkala, juru edit uga
ditindakake dening juru rekam, kadangkala ya beda. Jejibahan utamane juru edit
yaiku ngethok, nambahi, milihi lan ngaluske hasil syutingan sahengga dadi wujud
sinema kang apik, berkualitas lan nengsemake para penonton.
Sakwise kabeh sing neng nduwur kuwi mau wis tumata, kegiatan nggawe sineprak
bisa diwiwiti. Sejatine isih akeh paraga kang mbantu ing lokasi syuting nanging ora perlu
dibahas nemen-nemen, misale bagian transportasi, konsumsi, kebersihan, keamanan lan
liya-liyane.
D. FORUM DISKUSI
Kegiatan Mroduksi Sineprak Ringkes (Sak Babak)
1. Siapna pagelaran ketoprak sak babak wae banjur direkam nganggo kamera utawa
alat rekam!
2. Goleka papan panggonan kang cocok kanggo lokasi syuting!
3. Kabeh kru pendukung kudu siyaga ing lokasi syuting!
4. Hasil syuting diedit supaya entuk hasil rekaman sineprak kang apik!
5. Diskusikna hasil sineprak kasebut ngengingi kaluwihan lan kekurangane!
94
PENUTUP
A. RANGKUMAN
Sandiwara kuwi sinusun saka tembung sandi lan warah. Tembung sandi ngemu
teges “rahasia/wewadi”, dene warah ngemu teges “wewarah utawa ajaran”. Menawa
digabungake tembung sandiwara ngemu teges wewarah kang diajarake kanti cara
sesidheman.
Sandiwara lan ketoprak kasusun saka maneka warna unsur kang kasebut struktur.
Sing kalebu struktur drama lan ketoprak antarane; plot, paraga, dialog (pacelathon),
setting/landhesan, amanat/piweling lan petunjuk teknis.
Struktur sandiwara lan ketoprak neng panggung beda karo struktur naskah drama.
Struktur drama panggung yaiku perangan-perangan kang dibutuhake drama nalika
dipentasake ana ing dhuwur panggung.
Sing kalebu struktur drama panggung yaiku; sutradara, paraga, penata panggung,
penata lampu, penata busana, penata rias lan penata musik.
Kanggo nyamektakake pamentasan sandiwara utawa ketoprak diperlokne tim
produksi lan tim panggung. Tim produksi nduwe tanggung jawab ing babagan perijinan,
surat-menyurat, publikasi, prabeya (pendanaan) lan liya-liyane. Tim panggung nduweni
tanggung jawab nyiapake pamentasan ing nduwur panggung. Tim panggung lan tim
produksi kudu bisa kerja bebarengan supaya bisa ngasilake pamentasan sing becik.
Sineprak yaiku wujude crita ketoprak kang direkam (disyuting) lan sakbanjure
ditontonke lewat bioskop utawa tivi. Nggawe sineprak ora bisa sekali jadi, kudu dibolan-
baleni supaya entuk hasil kang maksimal.
Proses ketoprak lan sineprak ana bedane. Ketoprak biasane dipentaske “live” neng
nduwur panggung. Ewadene sineprak ngliwati proses syuting lan direkam.
95
B. TES FORMATIF
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) ing
aksara a, b, c, d, utawa e kang panjenengan anggep paling bener!
1. Drama uga disebut sandiwara, sing tegese … .
a. wewarah kang diajarake kanthi blaka
b. wewarah kang diajarake ana ing pawiyatan
c. wewarah kang diajarake kanthi cara sesidheman
d. wewarah kang ora diajarake kanthi cara sesidheman
e. wewarah saka wong tuwa marang anake
2. Tema sing trep kanggo pentas mengeti kamardhikan yaiku ... .
a. Katresnan kang ora dililani wong tuwa
b. pageblug ing sawijining kuta
c. belani wong tuane sing dadi koruptor
d. panguripaning wong cilik
e. ngrebut kamardhikan
3. Proses nggawe sineprak butuh wektu kang suwe. Mula uga diarani proses ... .
a. kang rumit
b. kang gampang-gampang angel
c. ora bisa sekali jadi
d. kang gampang
e. kang mbuwang wektu lan tenaga
4. Miturut kiprahe tumrap lumakune carita. Paraga kang ora saiyeg marang
lumakune carita diarani ... .
a. paraga protagonis
b. paraga antagonis
c. paraga tritagonis
d. paraga pambantu
e. paraga utama
5. Gambaran watak sing lelandhesan saka kahanan fisik yaiku ... .
a. umur, watak, lan ras
b. umur, lanang utawa wadon, lan ciri awak
96