The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Antologi cerkak bale akarya adalah kumpulan cerita cekak (cerpen) yang disusun oleh siswa SMPN 5 Bojonegoro

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by lila.jawa, 2024-05-15 06:27:09

Antologi Cerkak Bale Akarya

Antologi cerkak bale akarya adalah kumpulan cerita cekak (cerpen) yang disusun oleh siswa SMPN 5 Bojonegoro

Facebook : Pamarsudi Basa Jawa Youtube : Java Youth Email : [email protected] Telp : 082230531932 Sekolah minangka papan pawiyatan pandadaran siswa. Ngruwat siswa kang sadurunge ora mangerteni dadi ngerti, sing ora bisa dadi bisa. 3 tahun digodhog ing bokor kencana kang diarani SMP. Ngowahi kahanan ora kabisan mau mbutuhake daya upaya saka dwija uga saka pra siswa. Kathah kedadeyan kang nggawe guyu, nratap lan nengsemake. Ing kene bakal dibabarake kedadeyankedadeyan kang kebak surasa saka Dwija lan siswa SMPN 5 Bojonegoro.


Lila Kavya, Kang CP, Saktiawan, Lutfhi, Alvina, Nadira, Naysella, Naufal Halimi, Intan Nur, Rafi Reza, Ariel Irsyad, Ulfathul, Maitsa, Cita Laras, Noval Aziz, Idaviola, Midan, Ahmad Sandi, Diyak Unanja, Taskia, Tito, Aulya, Nurkhozin, Nadia Nafa, Aleydia, Mozza, Ria Dwi, Okta Ayu.


Dening siswa-siswi kelas 8 SMPN 5 BOJONEGORO 2019-2020


i Atur Pangiring Puja syukur kula aturaken dhumateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi awit berkah pangestunipun buku antologi Bale Akarya niki saged karampungake. Saengga saged mijilake panulis-panulis ingkang tresna kasusastran Jawi. Ugi atur panuwun kula aturake kagem sedaya ingkang ndherek sayembara seseratan punika ingkang mboten saged kula sebat setunggal mbaka setunggal, mugi sedayanipun tansah langgeng anggenipun nyerat lan ngripta. Ingkang pungkasan kula ngaturake gunging panuwun kagem sedaya ingkang ndherek nyengkuyung lan mbiyantu murih saged dipun cetakipun buku antologi Bale Akarya menika, mugi tansah pinaringan sugeng karaharjan lan berkah umuripun. Bojonegoro, 15 September 2019 Penanggung Jawab


ii Daftar Isi Ora kudu pinter----------------------------------------------------1 Dening Lila Kavya Lingkungan resik--------------------------------------------------5 Dening Kang CP Ngajeni marang liyane-------------------------------------------6 Dening Kang CP Dina kapisan dadi murid ---------------------------------------7 Dening Saktiawan Guruku ----------------------------------------------------------------8 Dening Luthfi Kerja bakti---------------------------------------------------------10 Dening Alvina Lomba maca geguritan ----------------------------------------11 Dening Nadira Kagiyatan sekolah ----------------------------------------------12 Dening Naysella Kagiyatan MPLS ing sekolah--------------------------------15 Dening M. Naufal Sekolah adiwiyata-----------------------------------------------18 Dening Intan Nur Sekolahku----------------------------------------------------------21 Dening Rafi Reza Ngapusi marai dosa---------------------------------------------23 Dening Ariel Irsyad Sajak maca geguritan ing sekolah ------------------------25 Dening Ulfatul Adiwiyata-----------------------------------------------------------27 Dening Maitsa Pitutur guru -------------------------------------------------------29 Dening Cita Laras


iii Pendidikan ing sekolah ---------------------------------------32 Dening Noval Aziz Melu LPIR tingkat kabupaten ------------------------------33 Dening Idaviola Pengalaman mlebu SMPN 5 Bojonegoro ----------------35 Dening Midan Pengalaman ing SMPN 5 Bojonegoro---------------------37 Dening Diyak Unanja Longkungan resik SMPN 5 Bojonegoro------------------39 Dening Aleydia Pengalaman ing sekolah --------------------------------------41 Dening Nur Khozin Pengalaman pendidikan --------------------------------------42 Dening Tito Sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro---------------------------43 Dening Mita Pendidikan karakter ing sekolahku ----------------------44 Dening Aulya Pengalaman wektu Persami ---------------------------------45 Dening Taskia Ruang kelas -------------------------------------------------------46 Dening Nadila Nafa Wiwitanku----------------------------------------------------------47 Dening Mozza Kepala sekolahku -----------------------------------------------48 Dening Ria Dwi Kelas sing rame --------------------------------------------------50 Dening Adelia Pentinge sekolah ------------------------------------------------51 Dening Okta Ayu


1 Ora Kudu Pinter Dening : Lila Kavya ku lulusan pendidikan Bahasa lan sastra Jawa saka sawijining universitas kang kaloka ing kutha Surabaya. Aku wong dusun asli kutha Bojonegoro nanging adu kabegjan nalika melu tes PMDK ing jurusan iku. Alhamdulillah biyen jamanku SMA kagolong rada pinter. Awit bisa melu Olimpiade Informatika lan kasil dadi wakile Bojonegoro ing Provinsi senajan durung bisa mboyong juara. Anggonku ngudi elmu ing kutha Surabaya ora bisa diarani apik banget. 3,5 tahun kuliah ing kutha liya mbutuhake bandha kang ora saithik, dene aku isih nduweni adhik kang isih sekolah kelas 8 SMP. Mula tak niati aku kepingin uga bisa ngasilake dhuwit kanggo bandhaku kuliah ing kene. Nalika iku ana program beasiswa prestasi, aku nyoba melu lan kasil, saben 1 semester aku oleh duit 3yuta. Iku wis luwih yen mung kanggo mbayar kuliahku, nanging butuhan sabendina uga kudu dak pikirake maneh. Pungkasane aku melu grup campursari kang ajeg tampil ing TVRI lan acara mantenan. Saka honor anggonku nyanyi campursari aku bisa nyelengi kanggo adhikku. Senajan aku mergawe nanging kuliahku ora klendran, aku tetep ajeg mlebu kuliah lan ngerjakna tugas saka dosen. Ya pancen amarga ora fokus kuliah nilaiku ora bisa apik kaya kanca-kancaku liyane, IPK (Indeks Prestasi Kumulatif) ora luwih saka 3,25 nanging atiku wis ayem banget ora ana mata kuliah sing kudu dibaleni lan lulusku ora perlu mundur. Biyen sadurunge aku budhal menyang Surabaya Pakdheku sanjang yen kuliah iku ora mung nggolek elmu kang ana ing buku nanging elmu ngaurip kang bisa A


2 nggawe ati urup iku sing kudu dadi tujuanku, mula anggonku kuliah ora mung melu pelajaran kang ana ing kelas wae. Saben ana kagiyatan kang miturutku ana elmu kang bisa dak serap aku mesthi melu. Ing tahun pisanan kuliah aku melu Badan Eksekutif Mahasiswa Jurusan Bahasa Jawa lan Forum Komunikasi Mahasiswa Bojonegoro saliyane iku aku uga melu klub Taekwondo lan Fotografi. Saka kagiyatan-kagiyatane aku nduweni kanca kang maneka warna, apik lan ala. Kanca-kanca iku sing dadi dwijaku. Kahanane, tindak tanduke bisa dak dudut yen tumindak kaya kepriye bakal nemoni asil kang kaya kepriye. Ana 2 taun aku melu kagiyatan iku saliyane uga mergawe bareng grup campursari, banjur aku mulai fokus ing materi skripsiku. Saka wiwitan aku pancen wis tresna karo sastra Jawa kuna mula aku njupuk skripsi kang ana gayutane karo sastra Jawa kuna yaiku Serat Ranggalawe. Aku melu wisuda ing taun 2011. Bapak ibu lan adhikku melu ngrawuhi wisudaku. Aku ancen ora ngolehi Cumlaude nanging elmu sing dak olehi ing kene luwih agung tinimbang angka kang ana ing kertas. Sawise wisuda aku ora langsung dadi dwija ing sekolahan, amarga nate catu atiku jamane isih PPL. Kepriye kalungguhan luwih agung tinimbang pandhita iku dhewe, mula dak niati aku ora arep dadi dwija pungkasane aku melu daftar dadi pegawe ing sawijining Bank Syariah. Nalika ngancik penggawean iku aku sadhar bilih elmu saka kagiyatan-kagiyatan jaman kuliahku biyen luwih kanggo ing urip bebrayan tinimbang elmu saka buku. Aku muji dhateng Gusti biyen diwenehi berkah elmu. Senajan aku mergawe ing bank nanging aku ora bisa nglalekake katresnanku ing karawitan lan campursari mula aku tetep nglatih campursari ing saben kecamatan kang dadi panggonku mergawe. Murid-muridku pranyata bisa nggawe


3 bombong atiku, bisa mboyong juara saka lomba nyanyi kang ana ing Kedhiri lan Ngayogyakarta. 4 taun anggonku mbalela karo ijasahku, dadi pegawe bank ora cundhuk karo jurusan kuliahku biyen. Nalika iku aku wis dipindhah menyang Tuban, ana sawijining petinggi desa ing Tuban kang biyene waranggana ngendika nang aku, “ndhuk jaman saiki akeh bocah ora ngerti tata krama, guru-guru ing sekolahan ora mulang suba sita amung mburu kalungguhan, kae mahasiswa ya padha wae senajan jarene bakale guru nanging tindak-tanduke ora nggambarake wong kang bisa disa digugu lan ditiru, iya yen aku isih urip aku isa ngelingke lha yen aku wis mati sapa sing bakal ngelingke, coba sampean bayangna ndhuk kepriye anak-anakmu mbesuk yen guru wis ora bisa asah asih asuh mung mburu kalungguhan lan donya thok.” Makdhyeg atiku, kaya-kaya aku dislenthik karo kanjeng Pengeran, elmuku gunane apa, uripku gunane apa. Ora let suwe saka pacelathonku karo simbah, ana kanca saka Yogya kang telpon aku, nakokake apa ana murid-muridku sing bisa melu lomba ing kraton. Trenyuh atiku, aku ora bisa mangsuli. Sasuwene iki elmu kang dititipake Pengeran mung dak simpen ana ing ati, lha kepriye yen elmu iku ditagih karo Panjenengane. Anggonku mikir kahanan nganti ora jenak turu, pungkasane aku tiba lan kudu leren saka penggaweanku, amarga tibaku nggawe aku ora bisa nitih motor sawetara wektu. Aku metu saka penggaweanku, nyoba menehake lamaran ing sekolahan ing Bojonegoro sinambi ngrewangi penggawean ing omah. Suwe anggonku ngenteni nanging ora ana sekolahan kang njaluk aku dadi guru tetap, sasuwene iku aku mung ngewangi kancaku mulang ekstra kurikuler lan nglatih nyanyi. Sawijining dina ana kancaku SMA kang nakoki


4 pawartaku lewat Facebook, aku ditawani mulang ing SMPN 5 Bojonegoro, menawa iki garise Pengeran aku diutus ngamalake elmuku kanthi cara kang luwih jembar batinku. Mbesuke aku mara ing SMPN 5 Bojonegoro saperlu wawancara karo Kepsek, nalika iku Pak Ufar Ismail. Aku ketampa lan bisa mulang ing taun ajaran anyar. Nganti saiki wis jangkep setaun anggonku ngabdi ing SMPN 5 Bojonegoro. Ayem atiku nalika ningali siswasiswa sing sadurunge ora seneng pelajaran basa Jawa, saiki sithik akeh wus mulai nresnani basa Jawa. Awit saka wiwitan wis dak niati aku ora nduwe panjalukan pinter marang siswa-siswaku, nanging sing dak pingini yaiku pra siswaku gathi lan landhep atine murih umur lan elmune berkah keparing Nur Rahmate Gusti. Autobiografi Panulis Nami kula Nurlila, lahir ing kutha minyak Bojonegoro tahun 1989 kepengker. Biasane uga diarani Lila kavya nalika pepanggihan kalih Dwija lan Mahrsi babagan kasusastran. Nate nyerat ing antologi puisi “Goodbye Mine”, “Tak sebaik angkasa”, “Antara cita dan cinta” lan liya-liyane. Saged uga pepanggihan ing twitter @lilakavya, IG Lila kavya, FB Lila kavya lan email [email protected]. Sakniki dados dwija ing SMPN 5 Bojonegoro, senajan tasik ngangsu kawruh nanging kula remen bilih wonten ingkang ngajak rerembugan ngenani kasusastran. Mangga nresnani kasusastran murih budaya Indonesia, Jawa mligine saged tetep lestari.


5 Lingkungan Resik Dening: Kang CP dzan subuh wis muni, lan aku langsung tangi. Sakwise shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan lanjut olahraga esuk. Mau mbengi ning desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem nangin nentremake ati, ditambah ora ono polusi udara, nambah atiku saya bungah. Saklawise olahraga, jam 6 esuk aku banjur bali. Amarga dina iki dina minggu, aku lan kanca-kancaku banjur pit-pitan ngubengi kota. Rutinitas ing kotaku saben dina minggu mesti ana dina bebas kendaraan bermotor, namung pit lan kendaraan anti bermotor sing oleh digunakake. Rutinitas iki nduweni tujuan kanggo ngirangi polusi udara sing iso ndatangake penyakit. Jam 8 esuk aku lan kanca-kancaku banjur bali. Ora sengaja ing dalan weruh bapak-bapak lagi kerja baktu ngresiki desa, aku lan kanca-kancaku banjur melu tetulung kerja bakti ngresiki sampah sing nyumbat selokan. Sakliyane iku, kerja bakti dina minggu iki kaliyan nandur wit-witan ijo, supaya ndesaku tambah katon ijo royo, ora kena banjir, lan tambah asri. A


6 Ngajeni Marang Liyane Dening: Mas CP ahan cerita iki saka kancaku. Nanging aku wis rada lali marang ceritane kancaku, dadi ya sing tak pentingke isi ceritane, dudu detail ceritane. Kurang luwihe ceritane kaya ngene. Kala semana Bapakne kancaku isih aktif dadi sawijining perwira ABRI. Bapakne kuwi nduwe kebiasaan sing mranani. Wis adat saben ing dina riyadi, anak buahe Bapak akeh sing sowan arep ujung. Sakdurunge anak buahe teka, biasane Bapak wis ngadeg ning lawang karo Ibu, siap nampa tamu sing arep nyambung silaturahmi. Ana telu perlakuan sing beda marang tamutamune. Menawa tamune isih cah enom, Bapak tetep ngadheg ning lawang lan nyalami tamune. Menawa tamune wis rada tua, Bapak mlaku sak langkah mudhun ning latar omah kanggo nyambut si tamu. Nanging menawa tamu wis sepuh, luwih sepuh tinimbang Bapak, sanajan pangkate ning ngisore Bapak – si Bapak enggalenggal mlaku mudhun ning latar kanggo nyambut rawuhe tamu. Miturut Bapakne kancaku, perilaku iku mujutake pangurmatan marang wong kang luwih tuwa sanajan pangkate ora dhuwur. Ing dina riyadi, Bapakne kepengin pangkat ora dipitung meneh, sing digatekake perkara tuwa lan muda. Wong enom ngormati marang wong tuwa. Kaya pituture para alim. Pancen adab iku luwih dhuwur saka ilmu. Mulane kanggone bocah sing isih sekolah ya kudu ngerti tentang adab lan sopan santun amargi iku sing besok bakal dadi cekelan kanggo urip selawase. B


7 Dina Kapisan Dadi Murid SMP Dening : Saktiawan Ari Ryandito ore iku sinambi ngenteni bedug magrib, aku lan ibuku deg-degan amarga ngenteni pengumuman hasil seleksi pendaftaran peserta didik baru. Adzan magrib wis dikumandangake, aku lan ibuku langsung wudhu lan njalanake ibadah solat magrib. Aku ndonga marang Gusti Allah supaya diparingi sing apik kanggo masa depan ku. Sakwise solat magrib, aku banjur buka hp maneh kanggo niliki pengumuman mau. Tak lebokake nomor pendaftaran ku, banjur metu jenengku, alhamdulillah aku keterima ing SMPN 5 Bojonegoro. Aku seneng banget, amarga iso sekolah ana ing sekolah impianku. Ora mung aku sing ngerasa bangga, nanging bapak, ibu lan mbakku ya melu bangga. Isuk e aku lan ibuku menyang SMPN 5 Bojonegoro kanggo daftar ulang, Ing SMPN 5 Bojonegoro aku diwenehi apa wae sing kudu disiapake lan digawa pas dina kapisan mlebu sekolah. Sakwise daftar ulang aku diajak ibuku menyang pasar gawe tuku piranti-piranti sekolah. Dina kapisan sekolah, aku iseh nganggo seragam SD amarga seragam SMP ku isih ana ing tukang jahit. Kegiyatan ing dina pertama sekolah yaiku MPLS (masa pengenalan lingkungan sekolah), aku budhal numpak sepedhah. Ning kana aku seneng banget amarga akeh kenal kanca anyar saking SD liyane. Dina kaloro aku lan kanca-kanca diajak menyang pasar kanggo kegiatan resik-resik pasar. Piranti sing diutus nggawa yaiku plastik lan sarung tangan. Sampah sing ana ing pasar daklumpukake ana ing njero plastik, banjur dikumpukake ing alun-alun. Sakwise kumpul dadi siji ing alun-alun, aku lan kanca-kanca bali menyang omah. S


8 Guruku Dening: Lutfi Okta Rahmadhani as aku melbu sekolah, aku kelas 8 suasanane wis beda amarga ana adek kelas anyar. Ora adek kelas tok sing anyar nanging guru sing ngajar uga anyar. Tak pikir guru sing bakal ngajar kelasku mau kereng- kereng, nyatane ora guruku nek ngajar enak amarga sabar ngadhepi muride sing nakal –nakal lan kakehan polah. Kadhang guruku emosi amarga angel nuturi kanca-kancaku, pancen kancaku iku nakal lan kakehan polah. Bapak ibu guru ndukani murid-muride kuwi dudu ora sayang nanging walikane guru iku asline sayang, guru pingin muride iku pinter. Tapi ya ngonolah kancaku tuturane angel, kadhang aku nganti emosi dhewe ngerti polahe kanca-kancaku sing kaya ngunu, guru-guru mesthi ngomong nek kelasku iku kaya pasar amarga kelas 8F sing paling rame dhewe. Apa maneh pas diutus bapak kepala sekolah ngumpul ing INDOOR, masyaallah rame tenan kancaku lanang karo kancaku wedok mesthi tukaran dhisik amarga kancaku lanang gak tau gelem maju mengarep nggawe barisan dhewe. Nganti kelasku diseneni guru amarga kancaku mau. Ibarat kancaku iku kaya bocah SD kelas 1 jare guruku. Pas wayah e kepala sekolah menehi motivasi mesthi kancaku sing lanang polah karepe dhewe, nganti guru nyawang barisane kelasku karo nuturi amarga rame dhewe. Guru kanthi sambat amarga kelas 8F iku bocah celometan, nakal, lan kakehan polah. Wayahe di terangna rame, nek di seneni meneng terus rame maneh, guru ndi sing ora emosi ngerti muride kaya ngono. Guruku wis sabar ngadhepi polahe kanca-kancaku, disabar-sabar ora malah ngerti malah nyepelek’e. Apa maneh kancaku sing jenenge Adit, haduhhh!! Wis nakal, P


9 ora tau ngerjakna tugas, asring diseneni, asring diukum. Guru-guru nganti sambat. Dina jum’at biasane diisi PLH yaiku kegiatan sing gayutane karo lingkungan, murid-murid diutus resikresik kelas lan latar kelase dhewe-dhewe, biasane diawasi karo wali kelase dhewe-dhewe. Biasane bocah lanang nek wis bar resik-resik mesthi langsung ning kantin tuku jajan, amarga durung sarapan. Biasane ditakoni karo guru-guru amarga ning kantin ora melu resik-resik. Akhire kanca-kancaku mau mbalek lan ngewangi maneh. Autobiografi Panulis Nami kula Lutfi Okta Rahmadhani, kula lahir ing kutha Bojonegoro,18 Oktober 2005. Biasane uga diarani Vivi, nalika pepanggihan babagan kasustran. Nate nyerat antologi cerkak “Guruku”. Saged uga pepanggihan ing IG vivirhma_18 lan email [email protected]. Kula sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro.


10 Kerja Bakti Dening: Alvina Nur Wintyas aben dina Jum’at isuk ing sekolahanku dianakake kerja bakti bebarengan. Bel mlebu sekolah sapisan murid – murid pada mlebu ing kelase dhewe – dhewe banjur Bu Rini mlebet kelas ndhawuhi maos buku, sawise maos buku lajeng dikengken resik resik teng pelataran sekolah. “ Bocah – bocah aja lali nek resik – resik aja guyon wae “ ature Bu Rini. “Nggeh bu “ jawabe kanca – kanca bebarengan. Banjur kabeh pada metu ana sing nyapu, nyiram kembang, ngelapi kaca lan mbuwak sampah teng tong sampah. Waktu mbuwak sampah Siti nemu dhuwik 20 ewu neng cedhake tong sampah banjur Siti ngomong marang Sita, diajak matur teng Bu Rini “ Bu niki kula nemu arta ing celake tong sampah “ ujare Siti. Bu Rini takon “ lha sapa wae sing nang kana mau? “ kathah bu lare – lare kalawau sami mbucal sampah dhateng mriku “ kandhane Siti. Bu Rini banjur ngendikan “ ya wis engko tak umumake.“ Ora antara suwe bel ke loro muni tandhane kerja bakti wes rampung. Bocah – bocah padha mlebu ing kelase dhewe – dhewe. Kabeh padha marem amarga pelataran sekolah resik, kembange pada seger. Dadi bocah – bocah padha betah Sinau amarga resik. Tapi Agung bingung duwik sing disaki kok ora ana, Agung wes nggoleki ing pelataran Sekolah tapi ora ana. Ora antara suwe duwik sing ditemokake Siti diumumke kaleh Bu Rini Pranyata duwite Agung ketua kelase dhewe, banjur Agung dikandhani Bu Rini yen sing nemokake duwike siti, Agung banjur ngaturake matur nuwun marang Siti. S


11 Lomba Maca Geguritan Dening : Nadira Aulia aca geguritan iku pancen kesenenganku sak bendina olehku maca geguritan minangka pasinaonan pribadhiku. Bapak lan ibuku kepingin aku melu lomba maca geguritan. kekarepe Bapak lan ibuku mau kepingin aku isa maca geguritan Basa Jawa. Nanging aku kudu sregep sinau maca geguritan Basa Jawa supaya aku bisa lan isa melu lomba maca geguritan Basa Jawa sing dikarepake Bapak lan ibuku. "Ndhuk tangi gek ndang budhal sekolah, mengko telat". Dhawuhe ibuk. "Nggeh buk". Wangsulane Lina karo mesem. "Assalamualaikum." Pamite Lina karo ngambung tangane Bapak lan ibune. Ora sawetara suwe Lina teka ing sekolahan "Kring!!!!" Bel sekolah muni iku tandhane wis masuk pelajaran, wektu iku pelajaran Basa Jawa "Cah niki ibu enek teks geguritan Basa Jawa mengko difotocopy banjur kanca-kancamu wenehi siji-siji". Ature Bu Ina. Lina banjur budhal motocopy neng ngarep sekolah. "Lha kok suwe tenan Lin!" Takone Bu Ina. "inggih bu. fotocopynipun antri." Wangsulane Lina kanthi ati ndredeg. "Oalah....ya wes." Mireng kandhane Lina, Bu ina ora banjur duka sawise niku Bu Ina ngumumake yen ana lomba maca geguritan Bahasa Jawa antar sekolah. Lina melu lan kepingin isa menang. Bu Ina ngetes Siji-siji murid sing bisa maca geguritan basa jawa lan hasile Lina kepilih lan isa melu lomba. Sawise teka omah Lina crita ning bapak lan ibuke. Bapak lan ibuke seneng banget krungu yen anake bakal melu lomba sing dikarepake lan isa menang. Sesoke Lina Lomba lan hasile cukup apik. Lina menang juara 1. Bapak, ibu, lan guru uga kanca-kancane seneng banget Lina isa menangke lomba kasebut. M


12 Kagiyatan Sekolah Dening: Naysella Zahra F ngin esuk entheng, sejuk lan seger dirasakke. Dene aku siap-siap arep budhal ing acara sekolah kang diarani kagiyatan LDKS sing dianakake ing sanjabane sekolahan yaiku ing Lapangan Tembak KODIM 0813 Bojonegoro desa Banjarsari. Kagiyatan LDKS kae sing melu utamane anggota OSIS lan wonten anggota liyane yaiku anggota PMR, PRAMUKA, Peduli Lingkungan, lan ketua kelas. Kagiyatan LDKS iku diwiwiti saka jam 07.00 isuk. Aku teka kunu kagiyatan durung diwiwiti, akeh kanca-kanca sing durung teka. Dene pas jam 07.30 kagiyatan LDKS diwiwiti. Sing ngelatih LDKS yaiku bapak Tentara saka KODIM 0813 Bojonegoro. Kapisan acara iku diwiwiti saka upacara pambuka LDKS. Kepala sekolah, guru, lan bapak-bapak pembina LDKS kabeh melu upacara. Uga diwenehi pengarahan saka kepala sekolah. Isi pengarahane yaiku bocah-bocah didhawuhi ngati-ati yen ngomong lan jaga sikap. Sabanjure upacara pambuka LDKS bocah-bocah diwenehi materi karo pembinane, materine yaiku tentang latihan baris, uga didhawuhi kudu nulis apa sing di omongake pembina. Sawise materi baris, uga bocah-bocah didhawuhi kanggo praktek baris-berbaris. Pas wancine latihan baris, bocah-bocah akeh sing padha rame dhewe-dhewe, akhire kabeh bocah diutus push-up. Sawise iku rampung, ganti materi sing liya maneh yaiku materi ngenani cara ngurmati wong sing luwih tuwa. Amarga bocah-bocah ana sing ora ngrungokake pembinane, akhire bocah-bocah pada diukum. Hukumane yaiku bocah-bocah diutus mlumah terus bocah-bocah gulingguling ing lemah reged. Sawise diukum bocah-bocah malah pada ngguyu, akhire di hukum neh karo pembinane LDKS. Aku wegah amarga kesel. Kancaku Intan ngomong ngene “sell, lempok nggeneki aku”. Aku A


13 njawabi “padha Tan, mangkane bocah-bocah kandhani aja rame wae”. Banjur bar materi kuwi, bocah-bocah diutus sholat dhuhur dhisik. Bocah-bocah langsung budhal ing mushola cedak kana. Aku lan Intan sholat bareng. Pas sholate wis rampung, aku lan Intan langsung mbalik ing lapangan tembak. Bocah-bocah wis padha mbalik kabeh, kagiyatan LDKS diterusake maneh yaiku materi tes mental. Materi iki di bagi dadi 2 kelompok. Kelompok siji yaiku tes mudhun tebing, aku melu kelompok nomer 1. Sakdurunge aku mudhun, atiku rasane deg-deggan amarga tebing iku duwure sekitar 5-6 meter. Pas wektu giliranku mudhun tebing, saka tengah tengah sepatuku sumungker ing lemah. Aku langsung kaget lan njerit, tapi aku malah diguyu karo bocah-bocah sing ana ing ngisorku. Pas aku teka ngisor atiku langsung lega. Banjur aku njupuk sepatuku sing ceblok mau. Sawise materi tes mental mudhun tebing rampung, kelompok 1 langsung ganti materi yaiku mengkurep ing ngisore kawat. Dadi bocah-bocah ora oleh ngadeg, yen bocahbocah ngadek awake bakal kenek kawat-kawat. Pas wayahku praktek materi iku aku ngrasa awakku lara kabeh, rasane gatel kabeh. Sabanjure iku aku njupuk ngombe. Banjur iku kelompok 1 didhawuhi kalih pembina LDKS ngene, aja nganti bocah-bocah wani karo wong tuwa, ajeni mumpung isih ana, aja di waneni. Amarga tanpa wong tuwa, bocah-bocah ora ngarah ana ing donya. Sawise iku bocah-bocah diutus sholat ashar sekalihan siram. Sawise iku kabeh padha ngumpul ing lapangan lan enek sing beres-beres tas’e dhewe-dhewe. Aku takon kancaku sing jenenge Ria “Ri, kok lagi rampung?” Ria njawab “iya sell, amarga bocah-bocah padha udur-uduran dadi bare ngguri dhewe.” Aku nyaut “oalah”. Banjur kabeh padha sholat maghrib. Lan mari iku kabeh padha mangan bareng-bareng. Banjur padha nglaksanakake sholat isya.


14 Banjur sholat isya ana kagiyatan maneh yaiku kagiyatan jurit malam. Kagiyatan jurit malam di mulai saka jam 9 dalu nganti jam 00.30. Sakdurunge jurit malam diwiwiti, aku mbatin “endahe lintang-lintang kae, langit cerah akeh cahayane.” Banjur Intan teka karo nggawa jajan. “sell, kowe kesel ora?” aku njawab “iya aku kesel, tapi kegiatan iki isa di gawe pengalaman sing ora isa dilalekna Tan”. Banjur kagiyatan jurit malam diwiwiti. Aku sekelompok karo kak fiska, lan kak Neli. Jurit malame kuwi rutene liwat pinggire kuburan pas lan ora oleh nggawa senter. Dadi kabeh peteng pol. Ora ana cahaya blas. Rasane atiku ndredheg kabeh, amarga dina iku pas malem jum’at pisan. Tapi amarga aku maos dunga terus dadi ora ana apa-apa lan slamet mbalik ing lapangan maneh. Bar kuwi mata wes krasa ngantuk kabeh. Bocah-bocah padha mlebu njero tenda, swasanane rame amarga tenda lanang karo wedok dadi siji. Banjur kabeh pada turu. Pas wayah subuhan bocahbocah padha tangi lan padha budhal sholat. Bar kui bocah-bocah pada adus, banjur kui persiapan balik ing omahe dhewe-dhewe. Sakdurunge kuwi bocah-bocah sarapan isuk lan senam. Bar senam bocah-bocah upacara panutupan LDKS. Sakbanjure kabeh padha muleh dhewe-dhewe. Autobiografi Panulis Kenalaken nami kula Naysella zahra fitriasari, lahir ing daerah Jawa Timur tepate ing kutha Bojonegoro, tanggal 03 bulan November tahun 2005. Kula uga bisa di arani Naysella utawa Sella. Griya kula ing Jl.Letnan Sucipto no.57 kabupaten Bojonegoro. Menawi arep kenal akrab kalih kula saged lewat medsos ing WhatsApp 0856-0856-5023 Instagram @__nyzff Kula sekolah ing SMP Negeri 5 Bojonegoro, saiki kula lenggah kelas 8. Kula ndamel cerkak sing temane “Kagiyatan Sekolah” yen pengen ngertos ceritane saget maos cerita cekak karangan kula. Kula hobi nulis cerita pengalaman utawa ngarang cerita, saben ana wektu luang kula menawa ndamel cerita. Cita-cita kula yaiku pengen dadi Wara (Wanita angkatan darat).


15 Kagiyatan MPLS Ing Sekolah Dening: M Naufal Halimi ku cepet-cepetan budhal sekolah. Kancakancaku ngampiri aku ning ngarep omah, banjur budhal bareng. Aku teka sekolahan. Banjur mlebu kelas, bel sekolahan ndrenginging muni, banjur bocah-bocah mlebu kelas. Jam setengah wolu ana pengumuman saka ruang tata usaha, ngumumake kanggo bocah bocah sing arep mbantu kagiyatan MPLS. Amerga aku anggota OSIS kudu ninggalake pelajaran ing kelas melu anggota OSIS liyane kanggo ngrewangi kagiyatan MPLS adhik kelas sing klebu kelas VII SMPN 5 Bojonegoro. Ing ngarep ruang OSIS, Zaki ngomong marang anggota OSIS liyane. “ Aku mengko pengen ngomong karo bocah-bocah anyar nganggo bahasa inggris wektu perkenalan.” “ Aja ngana ki, mengko bocah-bocah malah wedi karo anggota OSIS.” mengko bocah kelas VII minder kabeh, “wes aja dibahas iku.” Ayo cepet bocah-bocah mlebu kelas nerusake kagiyatan MPLS. Wektu iku sing menehi pengarahan Pak Agus. Pak agus menehi soal pretest MTK. Bocah-bocah padha bingung ngerjakna soal amarga ora isa MTK. “ piye, apa isa awakmu ngerjakna soal iki cah?” “kula paling remen kalih pelajaran MTK pak, jawabane adi. Nilaimu piye ing pelajaran MTK.” “kula biasa angsal nilai sae pak.” Nanging biasane nyonto kanca.” Adi iku anake ndableg ora isa pelajaran MTK malah ngaku-ngaku isa MTK. Sakwise kagiyatan MPLS mari, aku karo Zaki ning kantin. Aku ngomong-ngomong ngenani bocah-bocah adhik kelas saiki kendel-kendel kabeh. Karo kakak kelase ya padha wani ora duwe wedi blas. Zaki malah geleng-geleng wae. Ning lapangan melu upacara pembukaan MPLS kelas VII.” Zaki banjur budhal ning lapangan. Amarga dheweke dadi pasukan penjaga bocah-bocah sing upacara ning lapangan. Zaki manggone mburine barisan bocah-bocah. Wektu aku ning mburine bocah karo Zaki, kula kaget banget amarga A


16 ana bocah semaput ing ngarepku pas. Zaki karo kancakancaku bingung banjur njupuk tandhu gawe ngangkat bocah semaput mau. Sawise digawa ning UKS bocah iku diweneni minyak angin karo banyu putih. Ndilalah sadhar bocahe banjur kula takoni. sapa jenenge, jarene jenenge Adi. “kena ngapa awakmu semaput Adi?” “aku dek mau ora sarapan?” “alasane apa ora sarapan?” “ibuku durung mateng yen masak.” “apa saiki awakmu sarapan dhisik supaya sehat lan isa melu upacara maneh.” “matur suwun mas.” Sawise sadhar lan sarapan Adi langsung bali ning lapangan. Sawise upacara bel sekolah muni, bocah-bocah padha bunggah marai arep muleh. Aku karo Zaki mlebu ing kelas banjur do’a arep mulih. Sabanjure kagiyatan MPLS sing ping pindho, aku nyiapake kanggo kagiyatan MPLS iku amarga acara ngenalake lingkungan sekolah kanggo bocah-bocah anyar supaya bocah iku ngerti panggonan utawa papan sing ana ing sekolahan, ana sawijining bocah takon “kak iku ruangan kanggo apa?” “iku ruang TU.” “kanggo apa kak ruangan TU?” “ruang TU iku kanggo tata usaha dadine urusan sekolahan di tangani karo TU. Tuladhane bayar SPP, ngisi jadwal, lan liyane.” “sing pojok cilik iku ruang apa?” “iku nggone ruang UKS.” “singkatane apa kak?” “unit kesehatan siswa.” “di gawe apa kak, amarga ning SDku ora ana?” “Iku ruang kanggo kesehatan, mengko yen ana bocah lara engko di tangani ning kene.” “o... ngunu kak.” Sawise mari muter-muterna bocahbocah ngenalake ruangan kelas banjur mlebu kelas. Dina sesuke kagiyatan MPLS apel pagi, mlebu kelas, lan permainan, bocah sing ora isa njawab bakal kena hukuman. Hukumane bocah iku disirami tepung. Sakwise iku bocah-bocah diajak menyang alun-alun karo nggawa kresek, iku digawe njupuki sampah ing alun-alun. Sawise iku bakti sosial menehi bantuan kanggo masyarakat sekitar supaya mbantu ngenthengake kebutuhane. Aku karo Zaki seneng banget wektu itu.


17 Autobiografi Panulis Nami kula M.Naufal Halimi. Kula lahir ing kutha Bojonegoro tanggal pitu likur bulan wolu tahun 2005 kepengker. Biasane uga diarani Naufal nalika pepanggihan kalih wong-wong. Aku manggon in desa Madean rt 07 rw 01 kecamatan Bojonegoro. Aku sekolah ing SMP Negeri 5 Bojonegoro. Kula nggawe cerkak niki pengen SMP Negeri 5 Bojonegoro sekolah sing favorit, adiwiyata, lingkungane resik, lan aman. Kita kudu saling kerja sama mben SMP Negeri 5 Bojonegoro luwih apik saka sekolah liyane. Kula nduwe whatsapp, iki nomerku 0895-4113-06699 niki saged kenalan lan saged akrab. Instagram naufalpowares. Hobi kula yaiku main bal-balan lan cita-cita kula yaiku pengen dadi atlit. Kula pengen mbanggakake wong tua.


18 Sekolah Adiwiyata Dening: Intan Nur F.R. ahun iki sekolahe Fiza kalebu sekolah adiwiyata. Adiwiyata yaiku sekolah sing karesikane, keasriane, lan kaendahane kajaga. Fiza uga nduwe kanca jenenge Zara lan Vara. Zara bocahe rada mangkel karo Fiza, dene Vara padha wae nanging kadhangkala ya apik. Fiza bocahe pinter lan sregep sahingga akeh guru sing seneng kalih Fiza. Perkara kui sing nggawe Zara lan Vara mangkel karo Fiza. Dinten niki sekolah pelajaran Bahasa Jawa. Bu guru maringi tugas. “Murid – murid nggawea karangan ngenani adiwiyata, sesuk dikempalake, nggih?” “Nggih! Bu guru!” Mulih sekolah Fiza lan kanca – kancane pada mlaku bareng. “Za! Var! mengko ayo nggarap tugas bareng piye?” takon Fiza mecah suasane. “Aku ora isa. Aku arep nggarap nang lesku,” Jawabe Zara. Banjur dilanjutake Vara “Aku ya arep nggarap nang les–lesan”. “Ya wis yen iku karepmu, aku ndhisik ya!” Medhot pacelathonan amarga wis nang ngarep omahe dhekne. Padek isuk dina Jum’at Fiza wis siap – siap budhal kangge sekolah. Wis jam 6 Fiza budha; sekolah digoncekake mbakyune sing arep sekolah, mbak Niza jenenge . Dhateng sekolahan murid – murid padha ngelakoni kegiatan Jum’at resik. Kegiatan niki murid – murid pada reresik kelas dewe – dewe. Dinten iki uga ana penilaian sekolah kalih dinas. Bu guru kalih pak guru wanti – wanti aja sampe ana murid ngguwak sampah sak penake dewe. Bel istirahat sampun muni, Fiza ngajak kancane ngempalake tugas Bahasa Jawa sing diparingi guru wingi. “Za! Var! Ayo ngumpulake tugas wingi!” “Aku wis mau” Jawab Zara kalih Vara barengan. T


19 “Aku saiki arep nang kantin” Lanjut Zara. “Ya wis, aku ndhisik” Jawab Fiza dibarengi mlaku. Bel istirahat sampun muni, murid – murid pada mlebu kelase dewe – dewe. Lewat 5 menit bu guru sampun mlebet dhateng kelas. Banjur bu guru tanglet marang murid – murid. “Sapa dhek wau sing mbuwang sampah ora ning panggonane?” sepi mboten enten sing jawab 5 menit sak banjure. “Kula wau ngerti Fiza ning kantin, ba’da maem jajan bungkuse mboten dibuwang ing tempat sampah bu” Tuture Zara. Fiza sing krungu langsung mangsuli “Mboten bu, kula wau istirahat teng kantor guru ngempalake tugas Bahasa Jawa, mboten teng kantin” “Wis – wis aja ana sing rame!” bu guru ngandhegna ramene kelas. Banjur ana pak guru mlebet teng kelas langsung ngomong kalih bu guru. Banjur bu guru tanglet “Niki fotone sapa?” sepi mboten enten sing jawab. “Zara apa iki ora fotone sampean?” tanglet bu guru teng Zara. Amargi isin Zara mung manggutno sirahe. “Nggih bu, niku Zara. Dek wau kula ngerti, nanging kalih Zara mboten oleh ngomong kalih sinten mawon. Amargi dhekne arep nudhuh Fiza lan mboten purun di hokum” Vara melu nyaut. “Yawis bu guru mboten hukum Zara, nanging Zara kudu njaluk ngapura kalih Fiza ya” Tutur bu guru lembut. “Nggih bu” Wangsule Zara. “Za, aku njaluk ngapura ya!” Jaluk e Zara karo ndiluk “Wis ora apa-apa kene iku kanca” Wangsule Fiza.


20 Banjur bocah 2 kuwi rangkulan dibarengi Zara sing nangis, lan sekolahe tetep entuk nilai adiwiyata saka dinas. Autobiografi Panulis Nami kula Intan Nur Fauziah Rohmah, lahir ing kutha Bojonegoro tahun 2005. Biasane uga diarani Intan. Saged uga pepanggihan ing IG Intan_nfr lan FB Rohmah Fauziah. Agami kula Islam. Griya kula wonten ing Ds. Banjarsari Rt 07 / Rw 02, Kecamatan Trucuk, Kabupaten Bojonegoro. Kula niku salah satunggaling murid wonten SMPN 5 Bojonegoro. Kula sakniki sampun kelas VIII. Kula gadah kasenengan inggih menika maca buku lan nulis. Kula gadhah gegayuhan inggih menika dados guru amargi kula pengin majukaken pendidikan wonten ing Indonesia. Kangge mawujudaken menika, kula kudu sregep sinau lan donga.


21 Sekolahku Dening: Rafi Reza Saputra ku sekolah ing SMP N 5 Bojonegoro sekolah ingkang ageng sanget lan ijo. Sekolahku panggenipun ing tengah tengah kutha, swasanaipun wonten sekolahku mboten sami kalih swasana ingkang wonten dhateng perkotaan. Sekolahku swasananipun sejuk sanget, amarga nggadahi kathah sanget wit-witan ingkang ijo ingkang rumbug. Wit-witan ingkang kathah sanget niku dadosaken hawa dhateng sekolahku sejuk lan seger sanget. Udara ingkang tasik seger niku dadosake aku lan rencang-rencang semangat kangge sinau saben dinten dhateng sekolah. SMP N 5 Bojonegoro nggadhahi gedhung-gedhung ingkang ageng. Gedhung gedhung menika disusun miturut fungsinipun piyambak-piyambak. Bilih mlebet dhateng gerbang pintu utami, saget dipuntingali setunggal gedhung Sekolahku ingkang ageng sanget. Gedhung niku kagem kerjo poro guru lan staf sekolah kula. Litunipun, dhateng mriku wonten ruang tunggu kangge para tamu ingkang dijangkepi fasilitas televisi kaliyan pendingin ruangan. Sawise ngelewati gedhung utami kaliyan mlebet malih ,saget dipirsani ruang ruang kelas ingkang katata rapi. Ruang ruang niku di bangun muteri kalih lapangan yaiku lapangan upacara, lan indoor dene wonten sisih kiwa yaiku mushola, lobby lan koperasi sekolah. Wonten 7 kelas wonten ing lantai kalih. Sak liyanipun nggadhahi gedhung ingkang jangkep, sekolahku uga gadhah kantin ingkang jembar sanget. Kantin ugi resik sanget, di foto ngantos rapi sanget lan permanen. Saged dipirsani maneka werna jajanan utawa panganan liyane kaya dene sega sambel, sega kuning, lan sanesipun. A


22 Autobiografi Panulis Rafi, putra tunggal saking Bapak Dwi Yanu Saputro, garwanipun ibu Yulistiani meniko lair ing Kutha minyak Bojonegoro, 17 Mei 2005. Rafi Reza Saputra nami lengkapipun , saget di celuk Rafi utawi Reza. Wiwit SD sampun remen nulis jarene rencang- rencang, tulisan kuao apik dhewe ing kelas kula. Sak niki kula sekolah dhateng SMP Negeri 5 Bojonegoro sekolah favorit masyarakat Bojonegoro lan sekolah Adiwiyata.


23 Ngapusi Marai Dosa Dening : Ariel Irsyad ina Selasa iki wayahe bocah-bocah mbayar dhuwit KAS. Sedina mbayar Rp.2000. Tina, si bendahara kalang kabut nyateti bocah-bocah sing mbayar, nalika Vera nariki bocah-bocah mbayar. Bareng wis rampung, Tina lan Vera banjur nglebokake duit KASe dina iki ing dompet abang. Sakwise iku, Tina, Vera lan kanca-kancane mlaku ing kantin. Nanging, Rea lan Zahra ora melu. Dheweke lagi sinau basa Jawa. Wektu iku, kahanan kelas mung ana Rea, Zahra, lan bocah lanang telu, yaiku, Dava, Nino, lan Adi. Rea sing lagi fokus, dumadak madhep ngguri ngewasi Dava sing lenggah ing bangkune Tina. Rasa curigane Tina muncul. “Dav, awakmu lagi apa?” Takone Rea. “Lenggah, Re.” Jawabe Dava. Banjur Zahra nggeret tangane Rea metu saka kelas. Zahra njaluk ing kantin. “Ayo, Re!” “Iya, Ra..” Jawabe Rea. Sakdurunge Rea lan Zahra metu saka kelas, Rea ndeleng yen ana bocah sing mbukak tase Tina. Sakwise saka kantin, Tina lan kanca-kancane banjur mangan bareng ing mejane Tina. “Sek ya cah. Aku arep ngecek duit KASe mau.” Omonge Tina. Bareng tase wis dibuka Tina, dompete mbuka lan isine wis ora ana. Tina dadi bingung. “Piye iki? Duite ilang! Sapa sing njupuk?” “Aku ngerti sapa sing njupuk.” Ngomonge Rea. D


24 “Sapa, Re?” Takone Tina. “Ora ana bukti sing kuat, Na. Tapi, awakmu bisa ngecek tase Dava. Banjur Rea nggeledah tase Dava lan bener, ana duit KASe. “Re, melu aku nang BK.” “Siap, Na.” Bocah loro mau menyang BK arep matur ngenani tumindake Dava lan kanca-kancane. Sawise teka BK, bu Yani ingkang nangani. Bu Yani banjur nimbali Dava lan kanca-kancane kanggo ngintrogasi Dava. Tapi Dava, Nino, lan Adi tetep ora ngaku. “Yen ora awakmu, terus sapa maneh? Duite lho ning tasmu!” Bentake Tina. “Dav, Nin, Di aja ngapusi. Ngapusi iku dosa. Lan aja seneng nyolong. Awakmu gelem dosa ta?” Takone bu Yani. “Mboten bu.” Jawab e Dava. “Saiki njaluk sepura marang Tina.” Perintahe bu Yani. “Na, sepurane ya..” Dava matuhi perintahe bu Yani lan Tina uga nyepura Dava. Autobiografi Panulis Nami kula Ariel Irsyad Setya Pratama. Lahir ing kutha Bojonegoro tanggal 19 Juni taun 2005. Biasa uga diarani Ariel. Kula nate nyerat ing cerkak “Ngapusi Marai Dosa.” Sakniki kula sekolah ing SMPN 5 BOJONEGORO. Senajan tasik status pelajar.


25 Sajak Maca Geguritan Ing Sekolah Dening: Ulfathul ina sabtu ana pengumuman ing sekolah manawa bakal ana sayembara maca geguritan. Dina, Cika, Fina lan para siswa saka sekolah sing ngatur kompetisi. Bocah telu mau dadi salah sawijining siswa sing seneng maca geguritan. Kaleresan dheweke dipilih dadi wakil sekolah "wah,cah,ana kompetisi maca geguritan, iki kesempatanku menang," ujare Cika ,"ujug ujug Bu Rifa ngomong "ya,,sampeyan kudu menang lan isa mbanggakake sekolah." "Insyaallah,bu, Fina kalihan Dina ugi ndherek mboten bu?,"ujare Cika ,"dheweke uga melu dadi sampean bisa latihan bareng," wangsulane bu Rifa. Pelajaran diwiwiti sawise sawentara jam pelajaran ngancik wektu ngaso, Dina lan Fina minangka kanca sakelas padha ngomong babagan lomba maca geguritan. Sawise padha rembugan, bel muni lan langsung mlebu kelase dhewe-dhewe. Ing wayah sore dheweke latihan maca geguritan ing omahe Cika. Kalorone mung bisa latihan sedina amarga kari anggone mangerteni ngenani lomba kasebut. Ing dina lomba kaleksanan bocah telu iku mau padha bungah banget lan dedonga marang Gusti. "Cika, Dina, Fina sampeyan kudu semangat, sampeyan kudu yakin yen bisa." Bu Rifa ngendika. "Injih bu," wangsulane Cika,Dina,lan Fina. Dheweke banjur mlebu ruangan lomba. Siji mbaka siji siswa rampung maca geguritan. Saiki wancine Cika seng maca geguritan. Cika seneng banget , sawise Cika maca wancine Fina . Dina ndherek sawise Fina, pungkasane siji sijine siswa wis rampung maca geguritan. Sawise suwe ngenteni D


26 pungkasane pengumuman pemenang, Diwiwiti panggonan kaping telu sing menang saka sekolah liyane. Pranyata Fina ngolehake papan nomer 2, banjur pengumuman kaping siji di umumake, dumadakan Cika ngolehake papan nomer 1. Dina durung bisa menangake lomba Nanging dheweke seneng amarga kanca-kancane bisa menang. Sugeng mangayubagya di tampa dening Cika lan Fina. Semangat lan pandonga mesti nggawa berkah.


27 Adiwiyata Dening: Maitsa Widia Nahda ku mlebu sekolah iki minangka salah sawijining sekolah sing nganggo budaya dunia ing sakupenge. Kasunyatane budaya manungsa super uga ditrapake kanggo pendhidhikan saben siswa. Adiwiyata minangka program sing tujuwane nggawe lingkungan sing kondusif kanggo sekolah dadi papan sinau lan kesadaran kanggo masyarakat sekolah, saéngga masyarakat sekolah nduweni tanggung jawab kanggo nggawe lingkungan tansah lestari. Budaya petualang wis dadi panguripan saben dinane siswa. Kajaba iku, Sekolah Adiwiyata minangka identitas lan karakteristik sekolahku, yaiku SMP Negeri 5 Bojonegoro. Aku bangga karo lingkungan ing sekolah. Nanging, sayangé isih ana wae tumindak sing ora tanggung jawab. Dheweke tumindak kanthi sewenang-wenang kanthi nggawe lingkungan sing rusak. Akibaté, kahanan lingkungan dadi ora pati jelas. Kaget, kadhang tumindak sing ora tanggung jawab dijupuk sawetara siswa saka sekolahku dhewe. Kaya dene dheweke ora preduli karo kaendahan lingkungan, dheweke bisa ngganggu kaendahan lingkungan, kayata tanduran, taneman kanthi ora sengaja, lan liya-liyane. Mula, sekolah langsung nindakake tindakan kanggo ngetrapake kaendahan lingkungan kanthi perkara sing ora tanggung jawab amarga diwiwiti saka nindakake perkara sepele utawa perkara cilik, umpamane uwuh bisa dadi kabiasaan sing angel diilangi. Mula, sekolah kudu langsung tumindak supaya siswa bisa langsung ngganti lan ngerti kesalahane lan luwih becik ing mbesuke. Tumindak sing diwenehake sekolah biasane ora abot, nanging langsung duwe pengaruh positif. Tumindak kasebut minangka bentuk pandhuan sing ditindakake dening guru. Guru kanthi sabar nuntun lan nerangake kesalahane, mula para A


28 siswa rumangsa wis kepenak lan pungkasane bisa ngerti kesalahane. Autobiografi Panulis Nami kula Maitsa Widia Nahda, sampeyan bisa ngarani aku Maitsa, aku manggon ing Pacul Permai. Aku manggon ing omah karo ibuku amarga bapakku kerja ing kutha Lombok. Aku sekolah ing SMP Negeri 5 Bojonegoro, aku kelas wolu, aku siswa ing sekolahku, kanca-kancaku seneng banget karo aku, jarene aku ki bocahe disiplin. Hobiku dolanan catur lan nyerat cariyos cekak, kadhang aku renang supaya cepet dhuwur lan gampang nek sinau jarene. Aku jarang ngresiki omah ing omah nanging aku seneng disiplin lan rapi. Aku ya aku, biyen nate dibuli nalika sekolah ing sekolah dhasar, aku meh ora duwe kanca, kanca-kanca biyen ngganggu aku, pungkasane nalika kelas 6, aku nduwe kanca sing jenenge Erlita Apriliani. Aku sekolah ing SMP Negeri 5 Bojonegoro lan ora ana sing wani ngritik aku, amarga sekolahku duwe wawasan lan misi. Dadi aku nduwe kanca anyar sing jenenge Zahra, Naora, Arista, lan liya-liyane. Kancaku, Erlita, melbu sekolah sing beda. Dheweke sekolah ing SMP Negeri 2 Bojonegoro. Aku sedhih amarga kanca-kanca sekolah dhasar padha ing sekolah sing beda-beda, nanging aku akeh kanca sing ndhukung aku.


29 Pitutur Guru Dening : Cita Laras ifa yaiku bocah sing sregep lan pinter. Dheweke mesti nggarap apa sing diperintah dening guru. Ora tau mbantah lan mesti nurut. Dina iki ing kelase Rifa ana pelajaran Matematika. Nami gurune yaiku bu Restu. Minggu dek wingi, bu Restu maringi PR. Wektu Rifa mlebu kelase, Rifa digawe ngelus dada amarga ndeleng kanca-kanca padha bingung golek contonan. Kebiasaane kanca-kanca yen ana PR, apa maneh wayahe bu Restu. Yen ora nggarap, bakal dijemur ing ngisare srengenge. “Aduh!” Rifa tiba amarga ditabrak Bima siajeng bingung golek contonan. “Eh, sepurane, Rif. Ora njarak aku.” Omonge Bima banjur ninggalake Rifa. “Ooo lha bocah!” Banjur kui, Rifa mlaku ing bangkune. Ing pinggire wis ana Nana sing ewuh ngerjakake PR. Banjur Rifa ngomeli Nana, “Mangkane to, Na. Yen ana PR iku digarap ning omah. Ora ning sekolahan. Jenenge ae PR, ‘Pekerjaan Rumah’! Yen awakmu nggarap ning sekolahan, berarti PS ora PR!” Omele Rifa. “Apa seh, Rif. Awakmu ki ngganggu ae! Menenga dhisik aku tak nggarap. Ngomel e mengko wae!” Bantah Nana. Rifa mung bisa pasrah. Watake kanca-kanca pancen ngunu. Bel jam pertama wis muni, bocah-bocah malah padha bingung amarga ana sing durung mari PR e. Suara sepatune bu Restu wis krungu saka njero kelas. Atine R


30 bocah-bocah ndredeg. Ora ngerti kudu piye. Mung bisa pasrah lan siap dihukum. Bareng Bu Restu wis mlebu, bocah-bocah padha meneng. “Assalamualaikum..” “Waalaikumssalam, bu..” “Isih eling PR e minggu dhekwingi?” Pitakone bu Restu. “Tasik, bu..” “Kumpulna ing ngarep.” Sabanjure bu Restu ngomong, bocah-bocah padha wedi. Tapi, tetep dikumpulna. “Saiki garapen kaca 12 kanthi bener. Bu Restu arep mriksa PR mu, cah.” “Njih, bu..” Wektu bu Restu mriksa PR e bocah-bocah, bu Restu nganti ngelus dada amarga jawabane bocah-bocah sing morat marit lan ora jangkep. Mung nggone Rifa sing rapi lan jangkep. “Ya Allah.. cah-cah. Awakmu iki lo, wis diwenehi wektu seminggu.. kok jawabane kaya mengkene. Iki mesti lagek nggarap dhek esuk to?” Badek e bu Restu. “Injih, bu. Sepurane, bu.” Jawabe sak kelas. “Saka 30 bocah mung Rifa sing apik. Contonen sifate Rifa.” Sanjange bu Restu. “Injih, bu..” “Cah, yen ana PR, mbok ya garapen. Isa ora isa tetep garapen. Saorane yen awakmu nggarap, sitik-sitik dunung karo apa sing dipelajari. Ora kok malah digarap ning sekolahan. Bingung golek contonan. Iku sifat sing ala, cah. Sok maneh, aja dibaleni, njih?” Pituture bu Restu.


31 Kabeh bocah njawab, “Njih bu..” “Aja njah njih tok. Siap ngowahi sikap?” Pitakone bu Restu. “Siap, bu...” Jawabe sak kelas. “Kanggo dina iki, bu Restu ora menehi hukuman njemur ing lapangan, tapi.. garapen kaca 12 nganti kaca 15. Rom A, B, lan C.” Terange bu Restu. Bocah-bocah mung isa pasrah lan ngelakoni apa sing diperintah dening bu Restu. Autobiografi Panulis Nami kula Cita Laras. Kula lahir ing kutha Pahlawan, Surabaya ing tanggal 10 Mei taun 2005. Kula biasane uga diarani Laras. Nate nyerat ing cerkak “Pitutur Guru”. Saged uga pepanggihan ing Instagram “Ctlrs_”, Facebook “Cita Laras”. Sakniki kula sekolah ing SMPN 5 BOJONEGORO. Senajan kula tasik status pelajar. Kula seneng banget ngenani kasusastran. Kula uga kepingin banget bisa dadi penulis ingkang becik lan saged nglestarikaken ngenani kasusastran marang generasi-generasi bangsa Indonesia.


32 Pendidikan ing Sekolah Dening: Noval Aziz ina kapisan aku ing sekolahan aku diterke karo Bapakku numpak sepedhah onthel. Akih sing daftar ing sekolah SMPN 5 Bojonegoro. Aku lan Bapakku isih bingung langsung nemui salah sawijining guru. ”Bu, niki mundhut formulire dhateng pundi Bu?”. Bu guru njawab, “Niku pak ing kelas 8-J.” Aku karo Bapak langsung ngisi formuilir lan sawise ngisi formulir aku langsung mudhun tangga. Aku lan Bapak langsung ing kelas 8-I langsung di cek karo gurune ing njero kelas 8- I. Sawise digawe pendaftaran ing kana ngantri nganti Bapak aku suwi leh ngantri. Sawise pendaftaran wayahe Bapak langsung maringake data sing mau sampun didata aku lan Bapakku mulih sesuke mundhut print out. Sesuke aku lan Bapak budhal numpak sepedha onthel, ora suwi wis teka SMPN 5 Bojonegoro. Bapak lan aku langsung mlebu saperlu mundhut print out, pranyata sing antri akeh banget aku oleh urutan nomor 59. Aku ngantri terus langsung ditimbali kalihan guru. Aku ing kunu bareng Bapak dikengken guru tanda tangan. Aku tanda tangan. Sawise aku mundhut print out langsung mulih ing omah. Banjure dina Sabtu iki aku mlebu ing sekolahan nganggo klambi olahraga. Aku budhal numpak sepedah ontel. Sawise ora suwi aku wes teka ing sekolahan SMPN 5. Sawise teka sekolah niku salaman kalih Bapak lan Ibu Guru niku terus dibarisake ing lapangan. Banjure aku duwe kanca sing jenenge Sandy lan Ansari niku bocah kenalan pas MPLS (Masa Pengenalan Lingkungan Siswa). Ing sekolahan kuwi sing paling nyenengake kuwi nduweni kanca sing apikan lan dhemen tetulungan. D


33 Melu Kompetisi LPIR Tingkat Kabupaten Dening: Idaviola Intan Permata Putri ektu pengurus KIR woro-woro yen ana kompetisi LPIR tingkat Kabupaten, ing wektu kasebut bocahbocah KIR diklumpukake ing laboratorium Fisika kanggo ngobrol babagan kasebut. Nalika ana ing tengah pachelaton, ana bocah sing takon, “Bu, kelompok pinten sing bakal kalebu ing kompetisi?,” takon peserta KIR sing ngrungokake woro-woro kompetisi kasebut. “Kelompok seng arep makili SMPN 5 Bojnegoro yaiku kelompok siji sing anggotane loro, yaiku Nafisa lan Diyah”, jawab guru KIR. Kelompok 1 daderekke amarga sregep lan kompak kempetisi dianakake dina kamis, 04 April 2019, wayah esuk ngganti rampung. Kanggo melu kompetisi, Nafisa lan Diyah kudu nyiapke awake dhewe. Mula tuntutan, sinau presentasi, lan sinau makalah. Iku kabeh ditindakake kanthi seneng. Sawise nindakake macem-macem pamacaan, wayahe wis teka kanggo kompetisi LPIR tingkat Kabupaten. Kompetisi dianakake ing kantor Pendhidhikan lan wong sing ndampingi kompetisi kasebut yaiku Ida, Dilla, Lan Adit. Nalika kompetisi diwiwiti, kabeh peserta nuduhake lan nampilake karya sing digawe. Sawise nuduhake lan nampilake karyane saben peserta, para peserta diwenehi kesempatan istirahat, nalika ngenteni asil menang saka para hakim. Nalika istirahat, guru sekolah SMPN 5 Bojonegoro mlebu ruangan kompetisi, lan takon “Apa pengumuman pemenang kompetisi wis diumumake?” takon guru KIR. “Pengumuman pemenang kompetisi durung diumumke dening juri. Saiki kita iseh ngaso lan nunggu buah asil, Bu!”, wangsulane Nafisa lan Dyah. Sawise ngaso lan ngenteni nganti suwe, akhire para pemenang kompetisi LPIR tingkat Kabupaten diumumake. Nalika wis diumumake, Alhamdulillah W


34 kelompok siji sing makili sekolah SMPN 5 Bojonegoro menang nomer telu. Iku kabeh ora bisa dipisahke saka semangat lan pandhuan saka Bapak/Ibu guru lan Kepala Sekolah. Pungkasane mulih ora mung nggawa tangan kosong, nanging nggawa juara lan jeneng apik sekolah SMPN 5 Bojonegoro. Autobiografi Panulis Nami kula Idaviola Intan Permata Putri, lahir ing kutha minyak Bojonegoro tahun 2005 kepengker. Kula putri ingkang pungkasan saking tiga sadulur kula sekolah ing SMPN5 Bojonegoro lan sak niki kula wis ing kelas 8- H. ing kene kula bisa ngembang ake bakatku minangka penulis. Dadi saka kuwi, kula nderek ekstrakulikuler KIR, ing ngendi kula bisa terus ngembangake ketrampilan nulis lan riset.


35 Pengalaman Mlebu SMPN 5 Bojonegoro Dening: Midan Ar Ramadhan enengku Midan iki tak tulis sawise dadi murid SMPN 5 Bojonegoro. Saiki aku wes munggah kelas 8. Sawise SD mesti banjur SMP. Wektu SD kelas 6 pas Ujian Nasional aku sinau sing tenanan ben iso kelebu ten SMPN sing ana ing Bojonegoro. pungkasanipun sawise UN danemku entuk 21. Aku ragu yen ora mlebu sekolah SMPN sing dak senengi, tapi iku omong kosong. Alhamdulillah aku berhasil klebu SMPN sing tak senengi yaiku SMP 5 Bojonegoro lan aku seneng banget ketampa ing SMP 5. Awal iku aku ndelok-ndelok ing SMP 5. Enak suasanane, adem, kembange kathah lan subur. Sesok isuk aku lan kanca-kancaku sing ditampa ing SMP 5 dikandhani dening sekolah nggawa sapotong gedhe. ketoke kanggo ngresiki pasar sing cedhak sekolahku. ternyata bener ngira-ngira,aku mung nututi petunjuk ing SMP 5. sawise resmi dadi siswa SMP 5 banjur diadhepake karo kegiatan sing jenenge MOS utawa (masa orientasi siswa). Kegiatan iki cukup apik lan nggeret gawe aku mergo awake dewe arep ngenal kakang-kakang kelas neng organisasi-organisasi ning SMP lan awake dhewe uga mbiso "piwulang urip" sing tentune bakal awake dhewe alami ing masa SMP sing bedo karo masa SD ndisik. Sasuwene meloni kegiatan kuwi aku serius banget lan meloni dawuh sing di kongkonke saka kakang-kakang kelas,kakang kelas sing tak kira galak-galak rupane njaba blinuwih becike. Aku klebu kelas VII-G lan kanca-kanca katon apik nanging ana sing ora. Aku luwih semangat ing SMP tinimbang ing SD. Aku biasane sepi, ngewangi saben liyane, lan seneng guyon tapi koncoku iku senengane arep guyon teros akeh-akehe lan ana uga sing serius. Konco cedhak ing J


36 kelasku yaiku Eric lan Farrel. Pelajaran sing tak senengi yaiku B.indonesia, B.jawa, lan Olahraga. yen ana tugas ing omah aku kudu nindakake salah sak sabanjure piker keri tapi koncoku yo ana sing ngarap ing sekolahan. Ing dina paling akhir, kabeh di kongkon mileh ekstra kulikuler sing di sediake saka sekolahan, akeh banget kegiatan ekstra sing di cawiske nang SMP 5 Bojonegoro iki. Kabeh wajib mileh siji lan luweh, tapi senajan akehe ekstra kuwi ora bisa ngefek aku sing terus tertuju marang kegiatan balbalan. Autobiografi Panulis Jenengku Midan AR Ramadhan, aku lahir dening ibu sing jenenge Srirahayu lan bapakku jenenge Joko Pitono. Aku anak tengah saka 3 sedulur, sedulur pisanan jenenge Dara Calula bisa diarani Dara, dheweke isih sinau ing AKPELNI Semarang, lan sedulurku nomer loro sing jenenge Dara Chaterina Ramadhani bisa diarani Ketrin, dheweke isih sekolah ing SD, yaiku Campurejo 1. Bocah cilikku cukup kepenak, kulawarga lan aku biyen manggon ing kutha Tuban lan desa kasebut diarani Kebonsari. Bapakku diutus dadi karyawan Perhutani. Nalika aku urip ing Tuban aku umur 8 taun. Aku seneng banget ing kono terus muter karo kanca-kanca sing ramah lan mbiyantu "Mbalik nalika aku isih bocah jarang sinau". Aku ing Tuban duwe kanca omah sing jenenge Farel, Deni, lan Renal yen kanca-kanca sekolah aku lali kabeh. Aku lan kanca-kancaku sing sering main yaiku Farel. Nalika mulih saka sekolah aku mesthi disebut ing ngarep omah nanging dheweke ora sekolah. Biyen aku duwe dolanan PS. Farel lan aku sering main PS lan permata disebut Ultraman. Ing dina sabanjure aku lan kanca-kanca dolanan dolanan ing lapangan seneng banget nanging isih panas, sawise kedadeyan layanglayange wis rusak amarga senarku wis lawas lan gampang rusak, aku lan kancakanca kanca-kancaku ngoyak nganti nemoni dheweke, nanging aku lan kancakanca mulih. Ing sawijining dina, aku pindhah menyang Bojonegoro sadurunge lunga karo kanca-kanca ing omah lan kanca-kanca ing sekolah. Aku krasa sedhih nalika ninggalake kanca sing grapyak lan mbiyantu.


37 Pengalamanku Ing SMP Negeri 5 Bojonegoro Dening: Diyak Unanja engalamanku pisanan ing SMPN 5 yaiku lomba pitulas agustusan rongewu wolulas. Aku melu lomba nekeran karo cah telu yaiku Noval, Aku, Udin. Aku ora nyangka yen bisa menang juara siji. Aku seneng banget. Aku karo kancaku ya padha ora nyangka yen bisa menang. Pelajaran saya suwi saya angel tapi aku tetep ngupadi. Kadhang aku ya nyonto kancaku nek ora bisa ngerjakne saking angele, slamete kancaku kok ya apikan aku dicontoni yen ora bisa, aku dicontoni amarga aku ora nakal hhh...,aku ya tau sedhih nalika pas pelajaran pertama agama sing ngulang agama bu Nera dikongkon ngapala surat al a’la, ad duha, karo as syam halah rasane atiku sedhih lha iki yen ora apal terus piye, tak pikir wae nganti tekan omah, nalika turu ya isih tak pikir,yen nganti ora apal banjur kepriye, suwe-suwe tak bena wae pikirku yen wancine apal lak ya apal rasah dipikir nemen nemen. Saben dina wis tak lewati apalan ya wis tak apala akhire aku apal masia saithik saithik. Aku ing smp 5 gak tau telat masia budhalku nyantai. Tapi aku ya nduwe kira kira umpamane budhalku rada awan anggonku mancal pedal ya rada banter yen budhalku esuk anggonku medal ya kaya ra mlaku sepedahku. Aku budhal sekolah kadhang dienteni kancaku kadhang kala ditinggal amarga tandang gaweku lemot lan tangiku saiki ya rada awan. Aku budhal sekolah ngonthel jare pak ufar ora oleh nganggo sepedhah montor amarga isih cilik. Sepedahku kathing kemepreg ibarate full musik amarga dalane desaku paving kathing njepat kabeh tapi aku ora pantang menyerah masia masalah dalan ora dadi penghalang. P


38 Ora mung kuwi tok asline pengalamanku, aku ya tau ora gelem piket, aku yen dikongkon piket mesti tak semayani/nyepelekna.Tapi aku suwe-suwe berubah, anggitku ki ya kanggo aku dhewe yen resik kan ya nyaman didelok wong liya ki lho ya resik disawang. Jadwal piketku kelas 7 dina rebo yen piket ya ora tau budhal isuk amarga tugasku piket mung nyirami kembang karo mbuwak sampah, kembang ing pot gantungan aku ora teka mula aku njaluk tulung kancaku. Baturku piket Ria,Bryan,Bagus.Aku nduwe pengalaman neh pas dina jemah,dina jemah wancine PLH (pendidikan lingkungan hidup) halah saben wancine tak tinggal tuku jajan karo kancaku bar tuku jajan aku.bali ing kelas jajane tak pangan mengko yen wancine ngaso, nalika aku liwat ing ngarep kelas karo nggawa jajan aku diseneni kancaku, “we kok nggawa jajann!!” jawab ku y penak “dhuwit dhuwitku dhewe we kok sewot” banjur aku dilaporna menyang guruku, aku didukani amarga durung wancine tuku jajan aku wis ndhisiki tuku jajan, terus aku diutus ngewangi kancaku resik resik latar kelas seng durung resik. Aku banjur melu resik resik, aku di sukurna “sukur didukani makane aja tuku jajan, wancine resik resik kok tuku jajan. Bar kedadeyan kuwi aku ora wani maneh aku saiki saben wancine resik resik aku melu resik resik senajan nyapu utawa ngresiki kaca. Kadhang kala aku ya gelem mbuwak sampah, sing ngguwak sampah kadhang kala cah akeh. Aku eling jare guruku reresik iku bagean saka iman. Autobiografi Panulis Nami kula Diyak Unanja,lahir ing bumi Angkling Dharma tahun 2006. Biasane uga diarani Anja pepanggihan ing griya lan ing sekolah. Hobi kula mirengake wong dandan montor. Cita cita kula mekanik. Uga saged pepanggihan ing FB Diyak Unanja. IG Diyak Unanja. Kula sakniki sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro.


39 Lingkungan Resik SMP Negeri 5 Bojonegoro Dening: Aleydia . dzan subuh wis muni aku langsung tangi. Sawise shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan banjur sekolah. Mau mbengi nang desaku udan deres banget, mula esuk iki hawane krasa adhem nanging nentremake ati, ditambah ora ana polusi udara nambah atiku saya bungah. Aku budhal sekolah hawane seger. Tekan sekolah aku ketemu karo kanca-kanca lang Guru-guru. Aku mlebu SMPku walah hawane seger amerga akeh witwitan kang wis padha disiram lan sampah-sampah wis diresiki karo tukang kebun. Banjur aku mlebu kelas lan aku ndelok tanduran wis tumbuh seger. Nang ngarep kelasku ana tanduran gantung kang tumbuh saya dhuwur lan seger-seger . Lawang kelas wis dibukak lha kok reged banjur tak resiki. sawise resik-resik aku uga nang kantin arep tuku jajan. Tak delok nang kana jajanane akeh lan regane murah-murah. Banjur aku mengarep ndelok tanduran sing subur-subur lan ndeloki adhik kelas mlebu gerbang. Gak krasa bel wis muni lan kabeh padha mlebu kelase dhewe-dhewe. Pelajaran wis arep diwiwti lan sak durunge diwiwti kabeh para murid maca jus amma. sawise iku nyanyikake lagu Indonesia raya. Sekolahku kuwi Adiwiyata Nasional, ing 2019 tumuju Adiwiyata Mandiri. Pak Ufar selaku Kepala Sekolah bertekad banget arep nggawe sekolah iki sekolah adiwiyata. Sekolahku ya sekolah sing berkarakter. Terus ndidik putra-putrine supaya dadi sukses. Pak Fay selaku Guru Kesiswaan kanthi tegas menehi pengumuman nalika ora oleh sakarepe dhewe lan yen dilanggar ya sangsine luwih abot. A


40 Autobiografi Panulis Nami kula ALEYDIA ZALWA AZ ZAHRA kula biyasane diarani Aleydia. Kula statuse pelajar ing SMPN 5 Bojonegoro . Kula nduweni cita cita dadi dokter spesialis anak. Kula kelas 8F absen 4.


41 Pengalaman Ing Sekolahan Dening : Moh nur Khozin ku sekolah ing SMPN 5 BOJONEGORO. Aku seneng sekolah ing SMPN 5, amarga akeh kanca kanca lan kanca kancane apik apik. Aku sekolah ing kana amarga sekolah iku sekolahan favorit. Pengalamanku ing sekolah yaiku kadhang aku nggarap PR ing sekolah. Aku njaluk nduduhi PR karo kanca kancaku. Amarga aku lali ora nggarap PR kuwi. Ora mung kuwi pengalamanku, pengalamanku ing sekolahan akeh. Kadhang aku di kongkon piket aku ora gelem, aku diseneni karo kanca kancaku. Aku ora piket amarga kancaku sing piket karo aku ora gelem piket, aku melu ora piket menisan. Wayah dikandaro guru aku didhawuhi guruku supaya piket. Aku karo kancaku banjur langsung piket. Aku sekolah ing SMPN 5 supaya dadi bocah sing disiplin. Budhal sekolah tepat waktu, lan ora tahu kari. Aku seneng dadi bocah sing disiplin supaya bisa dadi wong sing sukses. Aku sekolah ing kene supaya bisa dadi bocah sing apik lan supaya pinter. Autobiografi Panulis Nami Kula Moh Nur Khozin, lahir ing kutha Bojonegoro tahun 2005. Biasanya uga diarani Khozin penangguhan ing group lan ing sekolahan. Hobi Kula yaiku nggambar. Cita cita kula yaiku arsitek. Uga saget pepanggiha FB Khozin. Kula sakniki sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro. A


42 Pengalaman Pendidikan Dening : Tito Micliano iwitane aku ing sekolahan SMPN 5 bojonegoro ora krasan amerga kabotan karo peraturane. lingkungan sekolahku indah lan asri. Wit-witan utawa icir-icirane wernane padha ijo kabeh. Sekolahku kalebu sekolah adiwiyata. Sekolahku cete warnane ana birune lan ana ijone. Peraturan salah sijine budal jam 6.30. SMPN 5 iku sekolah adiwiyata. SMPN 5 saiki dadi sekolahe kang kebak inspirasi kanggo awak dewe sing bisa adaptasi. Seng ora isa adaptasi ya kepaksa kudu ditokno. Aku duwe pengalaman. Saiki aku bakal nyritakake pengalamanku nek SMPN 5. Dina selasa ana pelajaran IPS. Mesthi nek pelajaran IPS ana pitakonan, tanya jawab wiwitane aku ora bisa njawab kabeh. Pinggirku ya ora ngerti. Akhire aku meh putus asa tapi aku eling. Yen jare ibuku aja gampang menyerah soale sukses kuwi butuh pengorbanan ora amung kepenake. Sakwise banjur takonan kuwi mau akhire dikeki bonus aku goleki wangsulane nang paket akhire aku ora nyangka nek wangsulanku bener. Saiki aku arep nyritakake lingkungan sekolahku. Sekolahku kuwi panggone ing kidule dalan gedhe. Ngarepe ana bakul dolanan. Jerone sekolahanku ana 30 kelas. Lingkungsn sekolahanku ana CCTV. W


43 Sekolah Ing Smpn 5 Bojonegoro Dening : Mita Nurhidayah awitan aku mlebu kelas anyarku, aku bungah banget amarga aku oleh kanca anyar. Kawitane aku isih sungkan, tapi kudu wani kenalan. “Halo mbak, kenalke aku Mita. Namine sampean sinten?” Takonku ing bocah pinggirku. “Hai, namiku Safira.” Wangsulane Safira. Sakwise kenalan, aku lan Safira guyonan. Bel istirahat wes muni, aku karo Safira metu saka kelas lan mlaku-mlaku delok-delok lingkungan SMPN 5 Bojonegoro. SMPN 5 Bojonegoro iku ana Leter U, Leter I, lan Leter O. “Mita, delok tamane. Endah lan adhem banget.” kandhane Safira. Wangsulanku, “Iya, Sa. Enak disawang.” Sakwise ing Later O, aku banjur ing Leter U. Later U iku ana 2 lantai. Ing lantai 2 ana tanamantanaman kang merambat dawa nganti mengisor. Sakwise saka Leter U, aku lan Safira banjur ing Leter I. Ing Leter I aku lan Safira nyawang kembangkembang gantung. Adhem lan rindhang banget ing Leter I. Amarga akeh tanduran senajan latare ora amba banget. SMPN 5 Bojonegoro uga duwe taman pelangi. Taman iku dicat warna-warni kaya pelangi. Uga ana Auter (Aula Terbuka), Indoor, kantin, kopsis, lan isih akeh maneh. Aku seneng banget isa sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro Autobiografi Panulis Nami kula Mita Nurhidayah. Kula lahir ing kutha Bojonegoro, tanggal 18 Februari, taun 2006. Biasane uga diarani Mita. Nate nyerat ing cerkak “Sekolah Ing SMPN 5 Bojonegoro”. Saged pepanggihan ing FB ‘Mita Hida’. Sakniki kula sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro. Senajan tasik status pelajar. K


Click to View FlipBook Version