44 Pendidikan Karakter Ing Sekolahku Dening : Aulya ina Senin wingi sakwise upacara, Bapak Kepala Sekolah ing sekolahku menehi peraturan anyar, yaiku saiki saben sadurunge nembang lagu Indonesia Raya, kabeh murid sing agamane Islam kudu ngaji saben bocah saklembar. “Saiki sakdurunge nembang lagu Indonesia Raya kabeh murid sing agamane Islam wajib ngaji sak bocah, sak halaman. Lan sing wedok, sing berhalangan, kudu ngrungokne kancakancane sing ngaji. Lan ora oleh ngganggu.” perintahe Kepala Sekolah. Wali kelasku menehi pengarahan ing kelasku. “Saben anak maca Al-Quran padha karo nomor absene dewe-dewe. Tuladha, nomor absen siji maca kaca siji. Padha karo liyane nganti absen 16. Amarga mung ana nganti kaca 16 ing juz 18, awake dhewe oleh juz 18. Sing nomor 17 maca kaca 1 lan liyane karek ngurutake.” ngendikane walikelasku. Banjur kabeh kanca-kancaku njawab, “Nggeh, bu.” Sesuke, aku lan kanca-kancaku maca Al-Quran sing dikancani karo guru pengajar jam pertama. Sakdurunge maca, kanca-kancaku lan aku ditakoni bu guru, “Apa kabeh wis isa ngaji?” Takone bu guru. Kabeh pada jawab, “Sampun, bu.” Sakwise ditakoni, kabeh mulai ngaji lan iki wis dadi kebiasaan murid sekolahku. Tapi, sakdurunge maca Al-Quran kabeh kudu wudhu dhisik supaya suci. Autobiografi Panulis Nami kula Aulya Feby Natasha. Lahir ing kutha Bojonegoro, tanggal 1 April taun 2006. Biasane uga diarani Aulya. Kula nate nyerat ing cerkak “Pendidikan Karakter Ing Sekolahku.” Kula sakniki sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro. Senajan tasik status pelajar. D
45 Pengalaman Wektu Persami Dening : Taskia Wikan A. aktu dina sabtu lan minggu dianakake PERSAMI (Perkemahan Sabtu Minggu) kangge kelas 1 SMPN 5 Bojonegoro lan mas/mba DPP (Dewan Pramuka Penggalang). Dina sabtu isuk, siswa SMPN 5 Bojonegoro,mulai ngumpul ing lapangan Trucuk. Lapangan sampun didirikake tenda, lan siswa-siswa pada ngisi data kangge sing melu PERSAMI. PERSAMI minangka pendidikan ngenani prakara-prakara ing urip bebrayan, kene kudu bisa cara bertahan hidup ing alam bebas. Tenda siswa sampun kepasang kabeh, upacara pembukaan PERSAMI dwiwiti. Upacara rampung banjur diwenehi waktu 30 menit kangge istirahat. Sabanjure siswa-siswa diajak keliling ing sakupenge lapangan Trucuk kangge ngenalake lingkungan liya. Sasampune niku siswa-siswa makempal ing Balai Desa dituturi, diceritani dening Kakak Pembimbing, pituture siswasiswa ngenani Pramuka. Sampun saking Balai Desa siswa-siswa diajak ing omah warga kabeh siswa makempal ing ngarep omah warga lan diwenehi pitakonpitakon marang Kakak Pembina Pramuka supaya siswasiswa bisa nambah pendidikan ngenani Pramuka lan nambah ilmu. Siswa diwenehi kawruh kang maneka werna. Saya dalu kabeh siswa SMPN 5 Bojonegoro. Bapak Kepala Sekolah SMPN 5 Bojonegoro dugi ing Lapangan Trucuk menehi semangat kangge siswa-siswa. Esuke siswa-siswa nyinaoni carane tanam-bertanam ing sawah mas/mba DPP mbiyantu adhik kelas, nanging dalune siswa-siswa diparani wong tuwane. Pengalaman iki nggawe siswa-siswa nambah ilmu, cara bertahan hidup di dunia luar, sifat toleransi uga tuwuh lan nggawe mandiri. Siswa SMPN 5 Bojonegoro dadi apik lan mandiri. W
46 Ruang Kelas Dening: Nadila Nafa awise mlebu kelas, Fadil terus lungguh, dheweke lungguh karo Ilham. Bel muni, pelajaran diwiwiti. Pak Darma mlebu kelas, Fadil uluk salam marang Pak Darma, “Assalamualaikum Pak Darma“, salam Fadil. “Waalaikumsalam Fadil, Fadil tulung Pak Darma ewangi nyiapake buku-buku iki“, Pak Darma njaluk tulung Fadil. “Njih Pak”, wangsulane Fadil. Ilham Ndelok Fadil keganggu. “Napa Fadil ethokethok apik ing ngarepe Pak Darma?“. Fadil Mbalik ing lungguhane. “Ilham, Sampean wis ngerjakne PR bahasa Jawa?“, takon Fadil. “Durung”, wangsulane Ilham. “Napa sampean ora ngelakoni, iku PR?“, Fadil takon meneh. “Hah, sampean ora usah ethok-ethok apik”, wangsulane kanthi nesu. “Ya wis”, wangsulane Fadil. Ilham meneng karo praupane sing nesu. “Assalamualaikum anak-anak”, salam saka Pak Darma. “Waalaikumsalam Pak”, bocah-bocah padha mangsuli serentak. “Sapa sing durung ngerjakne PR?“, takon Pak Darma. “Krik-krik-krik” ora enek sing mangsuli. “Pak, Ilham durung ngerjakne PR“, ujare Fadil kanthi banter. ”Apa bener?“, takon Pak Darma. “Njih Pak”, wangsulane Ilham kanthi isin. ”Dina iki tak sepura, sesuk aja dibaleni maneh!“ Pak Darma ngendikan. “Njih pak, aku janji ora nakal ora mbaleni maneh”, jare Ilham. Jam 2 sore, wayahe padha muleh sekolah. Tekan omah, Fadil ngresiki awake lan ngerjakne PR nganti turu. Autobiografi Panulis Nami kula NADILA NAFA NAURA. Aku lair ing Bojonegoro, 1 September 2005. Aku manggon ing Desa Sranak Rt. 06 RW. 01 Kec. Trucuk Kab. Bojonegoro. Aku urip karo wong tuwaku. Aku sekolah ing SMPN 5 bojonegoro. S
47 Wiwitanku Dening: Mozza awise libur lulusan sekolah aku saiki wis wayahe aktivitas kaya awal maneh. Sawise berjuang kanggo mlebu SMP seng tak senengi akhire aku klebu SMP favoritku yaiku SMP Negeri 5 Bojonegoro. Aku deg-degan banget amerga tahun ajaran iki aku wes nuntut ilmu nang SMPN 5. Awal masuk sekolah SMPN 5 aku lan murid-murid liyane mlebu kelase dewe-dewe lan ditulungi karo kakak-kakak OSIS sing nerangne lingkungan sekolah sing jembar lan resik iku. Saben lewat lorong-lorong mesti di terangne karo Kakak-kakak OSIS sing sabar ngadepi siswa-siswi seng mlebu nang SMPN 5. Nek enek bocah takon Kakak OSIS jawab ruangan iki kanggo TIK lan liya-liyane. Sawise ngelilingi SMPN 5 kabeh murid dikon mlebu nang kelase dewedewe amerga di bagi soal kanggo milih kelas. Sawiswe iku murid-murid istirahat 30 menit kanggo arek-arek jajanan. Ono seng nang kantin lan liya-liyane. sawise iku murid-murid padha mlebu kanggo doa mulih amerga wes wayahe murid-murid mulih. Autobiografi Panulis Nami Kula Mozza Aretha Rifayani lahir ing kutha minyak Bojonegoro tanggal 03 Ulan Desember Tahun 2005. Biasane uga di celuk Mozza utawa Aretha kula Sekolah ing SMP N 5 Bojonegoro. Tepat e kula dalem ing Desa Ngrowo cita – cita kula dadi Dokter, kula kepingin ngeraih cita – cita kula lan mbangake wong tuwa. S
48 Kepala Sekolahku Dening : Ria Dwi lebu SMP aku nduwe kanca anyar, kelas anyar, guru anyar, lan mesthi ya Kepala Sekolah anyar. Sakdurunge aku ya durung kenal karo kabeh iku. Tapi wis pirang ulan sekolah, aku kenal karo kabeh sing ana ing sekolahku. Kancaku ana sing apik, mbedhig, rena – renalah, sak eneke ana ing kelasku. Gurune apik – apik, nanging biasane ya kereng amerga polahe cah – cah ing kelas sing rame. Aku seneng banget karo Kepala Sekolahku. Kenapa aku seneng? Amerga wonge lucu, seneng nggawe guyonan yen ngerti muride. Eh eh aja salah lho, masia ngunu Kepala Sekolahku iku serius tapi santai. Apa sing diomongna wonge mesti langsung dibuktikna. Tuladhane kaya bocah sing telat, karo Kepala Sekolahku langsung dicekel dilebokna ruangane dikon ngaji. Sak urunge dikon ngaji ya dijemur dhisik kaya iwak dipepe. Kepala Sekolahku iku disiplin banget. Masia ngunu, tapi akeh bocah sing mbandel. Kepala Sekolahku iku sangat disiplin tuladhane ana bocah sing wis ra kenek dikandani ya langsung dilokna. Ibarat tangan wis ra kenek diobati ya ditugel tangane. Iku pituture Kepala Sekolah. Kepala Sekolahku wonge seneng nandur makane kuwi sekolahku isa dadi sekolah Adiwiyata. Ana 1000 tanduran luwih sing ana ing sekolahanku. Tandurane rena – rena. Ana wit – witan, kembang lan liyane. Kepala Sekolahku termasuk wong sing seneng foto lho hehe ... buktine akeh banget foto – foto kegiatan sing ana ing sekolahan. Mulai saka kegiatan upacara, lomba lan liyane akeh foto – foto bareng saben foto ana kenangane lho.. Pirang ulan pisan ngunu. Kepala sekolahku iku nganakake briefing kabeh murid di kumpulna. Mari M
49 ngunu diwenehi pengarahan ngenani kegiatan – kegiatan ing sekolahan. Kepala sekolahku wonge seneng guyon cerita sithik apa ngunu mesti ana guyonane makane kui aku sueneng banget karo kepala sekolahku Aku seneng ngerti kepala sekolahku ngobraki bocah sholat. Saiki nek weruh wonge pada gagenan wudhu. Amerga wedi karo kepala sekolahe hehe .... aku kadhang ya nggumun karo kepala sekolahku. Briefing nganti pirang – pirang jam ngunu kok ya ora ana kesele. Padahal iku ngadeg lo cah. Ngadeg karo ngomong ngunu kuwi apa ya gak kesel. Lha aku sing upacara mung pirang menit wae wis sambat he he ... Wis ngunu wae cerita ngenani kepala sekolahku. Semoga terhibur nggih Autobiografi Panulis Nami kula Ria Dwi Nurwahyuna lahir ing kutha minyak Bojonegoro tahun 2006. Biasane uga diceluk ria. Kula sekolah ing SMPN 5 Bojonegoro luwih tepate dalem kula ing desa padang trucuk. Mangga sing badhe dolan cita – cita kula pengen dadi guru. Kula pengen mbanggakne wong tua lan sukses dunia akhirat
50 Kelas Sing Rame Dening: Adelia Rahmawati adheg esuk wayahe bocah – bocah budhal, aku lan kanca – kanca nduweni kebiasaan sing nakal, yaiku kumpul lan crita ning ngarep kelas pas wayahe nganti lali piket kelas lan ngresiki kelas. Nganti bel sekolah muni kanca – kancaku isih nang njaba kelas. Ning kelas biasane bocah – bocah isih sanggup crita lan kumpul maneh nganti Guru – guru sing ngulang kelasku crita ning Guru – guru liyane yen kelasku paling rame. Tekan crita guruku mau kancaku malah dadi rame. Kancaku kuwi beda – beda ana sing kakean omong nganti sing ora wani omong. Bukane aku iki ngenyek tapi ya tenan. Terus kancaku padha nakal lan pencilakan. Tapi sak nakal – nakale kancaku tetep solid lan padha kancanan kabeh gak ana sing mbedakna. Aku seneng banget nduwe kanca kaya kanca – kancaku. Kelasku pancen rame, tapi sak rame – ramene kelasku isih ana Guru sing peduli lan tetep bimbing muride nganti isa. Aku lan kanca – kancaku ya sayang banget karo Guru – guru lan Kepala Sekolah. Matursuwun Bapak Ibu Guru lan Kepala Sekolah ingkang sampun mendidik muride nganti isa lan sukses. Iku kabeh ya perjuangan lan pituture Bapak Ibu Guru lan Kepala Sekolah. P
51 Pentinge Pendidikan Dening: Okta Ayu inginane aku, bapak, lan adhiku mlaku-mlaku ing alun-alun Bojonegoro. Ing kunu aku ketemu karo Linda adhik kelasku sd, Linda iku bocahe pinter, apik, lan sopan karo wong liya. Aku sempet sapa lan ngomong-ngomong karo Linda ing kunu, bapak lan adhiku dolanan ing panggonan dolanan. Ing kunu aku sempet takon-takonan karo Linda, aku lan Linda ngomong akeh ngenani sekolah lan liyaliyane. “Lin kowe ing kene karo sapa?” takonku . “dhewe mbak” jawabe Linda. “Sampean mek apa awan-awan ing kene”. “Nunggoni ibuku mbak”. “ kaet dhek kapan sampean ing kene” . “ dhek mau jam 11” . “Lha apa sampean ora sekolah kok jam 11 wis ing kene”. “ora mbak aku sak iki ora sekolah” . “kena ngapa kok ora sekolah”. “ sekolah iku mbutuhake ragad sing akeh terus kan wong tuaku iku wong ora nduwe mbak” . “ la apa wong tuamu iku ora nyeneni”. “ya mbak diseneni aku seng meksa gak usah aku mesakne ke wong tuaku mbak”. “sampean kan melu lomba olimpiade pas Sd, kena ngapa gak dienggo”. “o iku isa ya mbak”. “ ya iku isa dienggo daftar amarga iku tingkat kabupaten”. “tapi tetep mbak ragad seragame mengko piye”. “ wong tuamu kan ngongkon sekolah mesti mengko bakal di golekake, sampean kudu sekolah iku masa depanmu yen sampean ora sekolah terus sok ben arep dadi apa Lin”. “ ya mbak”. Banjur ngono aku njelasna ing Linda pentinge pendidikan kanggo dheweke amarga iku kanggo masa depane dheweke dhewe. Dheweke ya wis ngerti pentinge pendidikan. Dheweke ya ngomong yen taun ngarep bakal melu ppdb utawa daftar sekolah . Amarga wis jam setengah 3 aku, bapak, lan adhik banjur bali. Aku terus pamitan karo Linda. Saiki dheweke wis sumringah ora kaya dhek mau praupane sedhih. W
52 Autobiografi Panulis Nami kula Okta Ayu Primidya, kula lair ing kuta minyak Bojonegoro. kula lair tanggal 12 Oktober 2005. Kula niki anak pambarep saking wong loro. Kula sakniki sekolah ing SMP Negeri 5 Bojonegoro utawa SMP LIPI. Kula sakniki kelas VIII-H. Alamat kula ing Desa Mulyoagung RT. 1 RW .1 Bojonegoro, Jawa Timur. Hobi kula niku nulis, nggambar, masak lan ana liyane.