240 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | MATUR NUWUN IBU BUPATI Ibu Umi Azizah, pemimpin kang adiluhung, Suryo sinangling bulan, nguripi kabupatene Tegal. Kanthi welas asih lan kepemimpinan kang apik, Ibu mbangun Tegal lan ngenteni swarane rakyat. Saka Slawi nganti Guci, saka Pemalang nganti Brebes, Ibu mlaku-mlaku ndeleng kabutuhan lan ngrasakake penderitaan rakyat. Ibu ngerti yen pembangunan kudu merata lan adil, Supaya kabeh rakyat Tegal bisa urip sejahtera lan bahagia. Ibu nggawe program-program kang mbiyantu wong cilik, Lan ngembangake potensi daerah kang apik. Nguri-uri budaya Tegal lan nglestarake keseniane, Supaya bisa diwarisake marang generasi penerus. Ibu Umi Azizah, pemimpin kang kita banggake, Kita do'ake supaya Ibu tansah sehat Lan kuat untuk Kabupaten Tegal. BIONARASI PENULIS Nama : Zamroni Instansi : SDN Danawarih 03
241 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU Ibu ... Tresna asih ibu ora ana kang bisa ngganteke Sabar ing kang kebak utuh Ora bisa ana liyane doa ibu kang tulus Tansah ngiringi pengorbanan tanpa wates Ora biso winales Ibu... Pituturmu bakal tak rungu Tresna asihmu maring wargamu Ora bakal luput Pandongaku ibu Mugo tansah nyembadani Ibu... Pahlawan uripku Donga ibu kang tulus ngiringi langkahku Pengorbanan tanpa pamrih ora kepedhot Pitutur kang ngajari bektiku Sedoyo luput maring lakuku Ibu... Tresna asihmu ora bakal luput Ibu pahlawanku lan donga pujiku kangge ibu Mugi tansah paringan sehat Saged ngiringi lakuku lan suksesku Ibu... Ora bakal tergantekke Kanggo saiki lan sakteruse Saklawase wonten pikiran lan ingatanku Ibu ibu ibu... BIONARASI PENULIS Nama : Zetty Apriliany Instansi : SMP Negeri 3 Pangkah
242 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | PANUTANE WONG TEGAL Pengangkatan PPPK ning Kabupaten Tegal Salah sijine kebijakane Njenengan sing ora gagal Perhatiane Njenengan ning warga Tegal Dadi Tresnane kita sing ora bakal kepenggal Bu Umi salawase dadi teladane warga Tegal Bu Umi andalane para pemuda Tegal Bu Umi inspirasine para Kartini Tegal Bu Umi kesederhanaane dadi panutane wong Tegal BIONARASI PENULIS Nama : Erma Susilowati, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 1 Pagerbarang
243 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATI TEGAL Matur nuwun Ibu Kanggo pengabdiane njenengan Tulus lan peduli marang wong liyan Kanthi ikhlas perjuangan panjenengan Wis pirang-pirang taun dadi bupati tegal Nyuwun agunging pangapunten Penguwasa kudu gawe rakyat tentrem lan makmur Akeh angen-angen sing pengen diwujudake Nanging ora kabeh bisa diwujudake Mugi Ibu saged mujudake Impen-impen sing dikarepake Supaya rakyat tambah makmur ugii sejahtera BIONARASI PENULIS Nama : Silmi Minatur Rizki S Instansi : SMP Negeri 2 Margasari
244 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SAJAK KAGEM BU UMI Ibu Umi Azizah, Pasuryanmu keibuan nentremke ati Wusanamu sederhana nanging ayu kebak keanggunan Ngendikanmu alus nanging lugas lan teges Wiragamu anggun nanging nuduhke ketangguhan Ibu Umi Azizah, Welas asihmu tulus tanpa pamrih Panginten cerdasmu nudhuhake wawasan masa depan Lelakumu wujudake kepedulian kang ora digdaya Tumindakmu kebak keteladhanan pemimipin sejati Ibu Umi Azizah, Maturnuwun pengabdian, perjuangan lan gayuhing prestasi Maturnuwun kagem perjuanganipun mbangun tlatah Slawi Mugi tansah pinaringan rahayu, berkah lan ridhonipun Gusti Keteladhananipun panjenengan nglairake inspirasi Inspirasi mbangun nagari ikon teh poci BIONARASI PENULIS Nama : Domas Y. Anggraeni, S.Pd. Instansi : SDN Bumijawa 01
245 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU UMI AZIZAH PEMIMPIN INGKANG SAE Panjenengan pemimpin ingkang sae sae sanget kali kesehatan rakyate program rames saceting iku salah satunggale kangge ngurangi stunting tuladhane Panjenengan pemimpin ingkang sae sae sanget program rames sacetinge matur nuwun sampun ndamel asn wonten sumbangsine semoga raykat kabupaten tegal berkurang stuntinge BIONARASI PENULIS Nama : Aji Witiyanto, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 3 Pangkah
246 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | KETELADANAN Ing petenge arah lan langkahku iki Panjenengan dados srengenge kangge uripku Menehi cahya kanggo kabeh pengarepan Panjenengan kang nemtokake nasib Mujudake generasi emas bangsa Jasamu kang iso nggawe bintang ing pepeteng BIONARASI PENULIS Nama : Eva Yunita Muslimah Instansi : SMP Muhammadiyah Jatinegara
247 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | TEGAL AJI-AJI Kabupaten Tegal iku pendopone ning kota Slawi Pemerintahane amanah lan ngayomi Kahanane adem tur ngangeni Panganan khase kupat glabed tahu aci Ora klalen, mendoane lan teh poci Slogane Tegal berkah rakyate bungah kabeh wis pada ngerti Kabupaten Tegal iku keramat ibarat aji-aji Matur nuwun Ibu Bupati lan Bapak Wakil Bupati BIONARASI PENULIS Nama : Ikhwan Nurmuslim, S.Pd. Instansi : SD Ma’arif NU Marga Ayu
248 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUNGAH KETEMU IBU UMI Saking kadohan katon sosok wadon Nglambai asta marang wong-wong ing saubenge Menehi eseman manis mboten bakal mungkasi Jabat tangan kanthi grapyak Nyedaki lan takon soko kanggo kula Luwih cedhak prasaja, ayu adhem dipandheng Punika ing ngarsa kula, Ibu UMI AZIZAH BIONARASI PENULIS Nama : Nida Nahdiyatul Mualimah, S.Pd. Instansi : SMP NU Sunan Kalijaga
249 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | TERIMA KASIH IBU Terima kasih ibu tercinta Dados kita terpana kalih dilah-dilah menyala Para pengagem margi bingah Matur nuwun Ibu Bupati Ingkang sampun merombak kampung-kampung destinasi Jasa baktinipun panjenengan terhampar mesthi Mugi ingkang kuwaos memberkati BIONARASI PENULIS Nama : Siti Seikhayati Instansi : SMP Ma’arif NU Margasari
250 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | MANUNGGAL ING SWARGI LAKA-LAKA Ingsun ngucap syukur, Kaparing pemimpin ingkang adil Jumeneg karsa welas asih Tumpraning rasa aman Kemujuran tansah kaendahan Umi Azizah Ratu ing tanah Jawi_Tegal Laka-laka Cahyaning tata karsa nyata Tumindak tanpa kenal pamrih Sedya lan welas Sepi ing pamrih rame ing gawe Tumraping jagad kang resik Pinuju kabupaten Tegal ingkang loh jinawi Tumraping ati kang tulus Karsaning wong cilik Tetap andhap ashor sanajan dadi wong dhuwur Iku sejatine ratu ing tanah nusantara luhur Maju sanes namung jabatan, Nanging ngrangkul sedoyo wargi Mawi pendidikan, sosial ugi ekonomi Mboten luput ing kamardikan ing agami Sedoyo amargi caket kalih ilhai Ibu Umi Azizah, Ratu kang kasmaran ing wewengkon Tegal Sanajan Ibu ajeng budhal Nanging estu mboten uwal Ing manah warga ingkang ditinggal In syaa Allah ibu tetap manunggal Ing swargi laka-laka_ Tegal BIONARASI PENULIS Nama : Aisya Tsaqifa Instansi : SD Muhamadiyah Pacul
251 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATI KANG WELAS ASIH Ibu Umi Azizah Panutan Kabupaten Tegal Wanita kanthi ikhlas lila Paring dedikasi kanggo negri Sumbering motivasi lan inovasi Pemimpin kang ditresnani Ibu Umi Bupati kang gemati maring para warga Program Rames Saceting Kanggo mbrantas stunting Bukti panjenengane gemati maring warga lan tansah welas asih Semana gedhe bektimu Jiwa, raga Bandha donya Tanpa sisa Mugya gusti paring nugraha BIONARASI PENULIS : Nama : Rullis,S.Pd. Instansi : SMPN 3 SLawi
TRESNA TUHU TUWUH Iku kang kudu dadi ciri wanci Bebarengan ngupadi saha ngupaya Untapna donga mring sasama Bundelana ing jiwangga Umiku ya Bupatiku Pamitane anggawe kelangan Aja sira njenang gula Tansah ngugemi janji Ingatase Bupati iku tresna, tuhu, Tuwuh. ……………… BUPATIKU, TERUSLAH BERSINAR Bupatiku, di tongkat kepemimpinanmu Anak-anak Slawi tak berpapa makin terurus Karena kau paham makna di balik Muharram Program RAMES SACETING yang kau usung Membuat anak-anak stunting yang bertubuh kurus dan lemah, makin terurus Ibu…. Teruslah menjadi Mentari yang menyinari bumi pertiwi Teruskan pengabdian para sesepuh Kadipaten Tegal Pengabdian Ki Gede Sebayu, Ki Gede Honggowono, Pangeran Adipati Martoloyo, Tumenggung Sindurejo, dan Pengabdian Ki Enthus Susmono ……………… THE TRUE WARRIOR Charismatic.., elegant…, Gentle.., firm.., That’s her .. Our leader Beberapa penggalan bait di atas adalah cuplikan dari kumpulan 1001 sajak dalam tiga bahasa, persembahan dari guru-guru Kabupaten Tegal sebagai wujud ungkapan terimakasih kepada Bupati Tegal, Nyai Hj.Umi Azizah. Membaca buku ini bisa mengobrak-abrik rasa para pembaca. Penasaran? Segera miliki buku ini sebagai salah satu referensi di perpustakaan Anda!