190 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | MATUR NUWUN IBU BUPATI Esuk sing gawe sumringah Hawa ilir nembus sukma-sukma Matur nuwun teka sing ati Marang Ibu Bupati Dhuwur jasamu mujudna Nikmat urip bareng dirasakna Kabeh syukur sing wujud omongan Kuwe ora cukup Prelu usaha karo pisan makarya Mujudna kahanan Tegal Makmur jibar-jibur Ora kurang sandhang ora kurang pangan Ora kurang papan panggonan Tata tentrem tur aman lair batine Cukup dadi generasi sing beradhab berakhlak Ora wedi kesel nuntut ilmu Njaga semangat luruh kreatifitas Dadi generasi tangguh kanggo ngadhepi Perkembangan jaman lan teknologi Kuwe sejatine cara ampuh ngaturna jasa marang Ibu Bupati BIONARASI PENULIS Nama : Dyah Anggraini, RK Instansi : SMP Negeri 2 Balapulang
191 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | MATUR NUWUN Katur dhumateng Ibu Umi Ingkang kula urmati Ingkang kula tresnani Saking njeroning ati Ibu… Saben dina saben wektu Kanthi ikhlasing ati Berjuang kanggo nagari Ibu… Pancen luhur bebudenmu Urip prasaja ana ing desa Berjuang kanggo negara Ibu… Sewu atur mboten bakal cekap Atur kula naming siji Ngaturaken agunging panuwun Matur nuwun Ibu Awit sedoyo perjuangan Mugi tansah kaberkahan Saking Gusti Allah ingkang Maha Kuasa BIONARASI PENULIS Nama : Eka Usdiawati, S.Pd. Instansi : TK Al Qur’an Roudlotut Tholabah
192 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SAJAK KASIH KAGEM IBU UMI Ibu… Pangorbanan panjengan kangge putra putri bumi pertiwi Memayu hayuning bawana Kangge panguripan sagung dumadi Kanthi sabar anggene panjenengan ngelampahi cerita Ibu… Asihmu kados getare lintang ing akasa Damel endah kahanan dunya Lumunturing tresna panjenengan kados aluning samudra Sambung sumambung tanpo kendat Ibu… Welasmu kados sorote condrep eng wanci dalu Tansyah paring obor anggen pepeteng Naliko sedoyo putra putri pertiwi susah mboten kendat paring pitedah Nalika anak panjenegan luput, tansah paring pangemut Kareben urip sedoyo mboten kalang kabut BIONARASI PENULIS Nama : Esti Kodarwati, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 2 Bojong
193 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU BUPATI Ing dalu gedhang bengi, Wong putri tansah tetep tansah. Ati patepung, manis senyum rupane, Perempuan teges, teladan sejatine. Karya samudra,awak kang kacunduk, Wong sugih ati, urip tansah sederhana. Basa Jawa nglakoni, ajaran luhuring budi, Wong putri jumeneng, tumindak apik rasa. Lungguhe kasunyatan, temanten kehidupan, Perempuan jumeneng, roh karsaning Gusti. Aksara kaseneng, kawruh ing dalem, Teladan marang generasi, waras lan prihatin. Bukan sembarang warno, ati kang slamet, Wong putri, teladan sing jeneng kori. Rukun awit ati, kepiye lamun gampang, Perempuan kang teladan, sinarengi lan sejati. BIONARASI PENULIS Nama : Eti Budiyarti Instansi : SMP Negeri 2 Bumijawa
194 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU UMI (UNTUK KAMI) Nang bumi Tegal sing subur Ayem tentrem lan Makmur Merga pemimpine sing bisa mbaur Marang rakyat wis kaya sedulur. Jenengmu duwur neng awang-awang Nanging panjengan tetep membumi Sing gawe ati tambah sayang Dadi pemimpin gumatineng ati. Tugu poci dadi saksi Sabare panjengan nalikane berjuang Tahu aci wis dadi bukti Panjenegan bijak kebek kasih sayang. Nalikane demo guru-guru wiyata Panjenengan nemoni nyuguhi senyuman Nalikane nyong lan kanca-kanca bersuara Panjenengan teka lan nei harapan. Matursembahnuwun sampun ngayomi Wis gelem sabar ngadepi Wis Amanah anggone nepati Panjenengan pemimpin sing ora mblenjani janji. Saiki aku lan kanca-kanca Wis akeh pada mapan dadi ASN Amarga panjenengan sing nduweni jasa Pas, leres anggone gawe aturan. Panjenengan wong mulia, panjengan wong pilihan Sing dikirim Gusti Pangeran anggone mimpin Kabupaten Tegal Nyuwun sewu ora bisa mbales jasa nanging atine nyong terus dedonga Mugi-mugi panjengan sekeluarga Sehat terus berkah sedawa-dawa. BIONARASI PENULIS Nama : Fahrudin, S.Pd. Instansi : SDN Cintamanik 02
195 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATIKU SING ORA REKA-REKA Bu Umi Bupatiku Wonge sederhana ora reka-reka Senadyan sederhana ari mbangun Kabupaten Tegal ora bisa diremehna Bu Umi Bupatiku Wonge paling becik Nggawe lingkungan dadi resik Alun-alune dadi apik Bu Umi Bupatiku Wonge Ayu, ora kemayu Sregep mlayu Wujudaken Kabupaten Tegal Maju Bu Umi Bupatiku Tua enom, sugih mlarat pada seneng Nduwe Bupati kang kenteng Budaya Kabupaten Tegal dadi Gayeng Bu Umi Bupatiku Balita nganti lansia Buruh pabrik nganti petani Pada ngenteni lan ngajeni Soale Bupatiku nggawe Kabupaten Tegal mbetahi lan ngangeni BIONARASI PENULIS Nama : Gusnetty Harniningtyas, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 2 Pangkah
196 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | KETELADANAN IBU UMI AZIZAH KATUR PANJENENGANIPUN IBU UMI AZIZAH Ibu… Panjenengan minongko wanita panjelmanipun RA Kartlni Sanadyan wanita ananging prakosa Lan canthas ing babagan inspirasi Pramila pantes nyandhang pangkat BUPATI Mbaten sakedhik amanah lan jejibahan… ingkang kedah panjenengan ugemi Sedaya punika kedah panjenengan wigatosaken sampun ngantos wanten ingkang katalompen tumrap janji-janji Kathah pangajeng ajeng tumrap nasibipun para guru wiyata bhakti Guru guru ingkang ikhlas ngabdi sanadyan honoripun mbaten cekap… kangge mangan sesasi Ibu... Mugi mugi ngantos purna bakti sedaya kebijakan panjenengan saged nentremaken ati tumrap guru-guru wiyata bhakti Matur nuwun Ibu... Kasarasan kaberkahan… mugi tansah sinandhing tumrap Ibu Bupati saking kamurahanipun Gusti Allah ingkang murbeng dumadi Aamiin BIONARASI PENULIS Nama : Hasna Akifah Nabilah, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 2 Pangkah
197 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATI KANG PINUJI Srengenge saka wetan katon cumlorot Bupati kang kinurmatan, kebak dedikasi Mandhegani tanah gemah ripah loh jinawi Tegal magrong-magrong, sarwa endah panggonane Bupati kanthi lila legowo mandhegani Tegal Memangun rahayu tyas ing sasami Tegal adem, ayem, tentrem Ing jangkahe Bupati katon tatag teteg tangguh tanggon Ing sawah para kadang tetanen, katon sumringah ing pasar para kadang dol tinuku katon remojonge Iki tandha Bupati bisa mandhegani kanthi becik Bukti yen ing ngarsa sung tuladha Ing eseme kang pait madu, katon pasuryan kang ikhlas Mandhegani kanthi becik, mbimbing kanthi rasa tresna asih Asah asih asuh mratandha Bupati Tegal kang sumeh Nandur kabecikan seban dinane Ayo, bebarengan gawe Tegal maju Kanthi pimpinan Bupati kang kebak dedikasi Tegal nyawiji, remojong remen gotong royong Melu mujudake cita-citaning negara, rakyate sejahtera BIONARASI PENULIS Nama : Hildayatul Muttakin Instansi : SMP Islam Al Musyaffa’ Bojong
198 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SEJARAH BAKAL NETES MANEH Sepira lawase ndhekem ing kene Ngadhepi lelakone manungsa kang pirang-pirang wujude Mbuwangi dina-dina tanpa upama Ndhungkuli lemah ing kota tegal garing nela-nela Ing kota tegal atine sapa kang kebranang Bis kota isih bae ngumandhang Suling sepur esuk aweh aba, aweh tandha Bu Umi pakaryan menyang endi iki dina? Gumerah sing tawa barang asongan Gumerah sing wit-wit mangkat gaweyan Dina iku ya Bu umi tindak pakayan Yaa… Bu umi ibu bupati kang bekti gaweyan Mula ora gampang dadi pimpinan Kang wani ninggal kesenengan Kanggo kamulyaning bebarengan Apa maneh wong wadon kang nyekel kepemimpinan Mula optimis panas sumelet Ngobong bandha kang ngliga Nggawa pangarep-arep kang tansah sumiyak Sakwise kuwi … Sejarah bakal netes maneh….. BIONARASI PENULIS Nama : Ika Yuliana Dewi Instansi : SMP N 3 Satu Atap Bojong
199 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | TEGAL LAN BUPATINE, IBU UMI AZIZAH Laladane… katon jembar Sesawangane… kang edi peni wus kawentar Kabeh wargane… Kang katon sabar Uga padha makarya… Kanthi bingar Tlatahe pranyata wiyar Kadunungan redi lan seganten Ana mall lan uga pasar Kadya kupat disiram santen Tri sanja semboyane Wis ana awit mbiyene Ana ing Tegal Kabupaten Papan kang tentrem kanggo panguripane Hajah Umi Azizah Bupatine Wus katingal ulah kridhane Samesthine para warga saisine Maturnuwun lan syukur maring panjenengane BIONARASI PENULIS Nama : Indah Atika Putri, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 2 Kramat
200 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | POKOKE MBOKE Padange wulan ning tengahe wengi mbuka dalan ning prapatan Nein harapan ning arep mburi Duhai Bupatiku, Mboke ne nyong sing cekatan Duhai Mbokene nyong Engkau, kaya Gurune nyong Sing ora pernah mandeg Nein Pencerahan nggo wargane Duhai Mbokene nyong Sikapmu sing penuuh sederhana Yen ngomong ya sopan santun Dadi percontohan nganggo bocah bocah Duhai Mbokene nyong welas asihmu maring wargane Meski ora pingin diundang pahlawan Engkau tetep pahlawan nggo nyong Duhai Mbokene nyong maturnuwun sing akeh nemen nggo kemajuan kabupaten tegal Tempat lair lan ngasab e nyong BIONARASI PENULIS Nama : Indra Prassetiyo Instansi : SD Negeri Gunungjati
201 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | KABUPATEN TEGAL SING MBETAHI LAN NGANGENI Kabupaten Tegal… Slawi Ayu Kotane kota sing ayem lan tentrem. Masyarakate… Rukun-rukun seneng gotong royong lan seneng tulung tinulung Kabupaten Tegal… Kabupaten sing dipimpin dening Ibu Dra. Umi Azizah Bupati sing Ayu, gesit, pinter, lan bersih saka KKN Saengga kondhang senusantara. Ibu Dra. Umi Azizah… Awit awal njabat Bupati tumekan purna… Mampu nguduna kemiskinan lan stunting Bupati sing asih ngrangkul masyarakate tanpa pilih kasih Ibu Dra. Umi Azizah… Mbangun Kabupaten Tegal… Dadi Kabupaten sing ayem, tentrem, mbetahi lan ngangeni Baldatun Toyyibatun Warobbun Ghofur. BIONARASI PENULIS Nama : Junaedi, S.Pd.I Instansi : SD N Timbangreja 02
202 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | UMI Uripmu dadi soroting srengenge kanggo bebrayan Menehi sumunar cahya kebak pangarepan Ing petenge jagad panguripan donya iki Umi …. Mung marang panjenengan gegayuhan dipunantu-antu Iya… panjenengan… Uga madhangi lorong kang buntu Umi…. Mung panjenengan kang nemtokake nasib papan iki Mujudake generasi bangsa kang gumebyar Ing saendenging nuswantara Umi …. Saben dina panjenengan nindake kamulyan Kebak rasa sabar lan Ikhlas Jasamu ora bisa diwales Mung Gusti kang bisa paring piwales Umi …. Jasamu bakal tak ukir ing sajroning ati Lan ora bakal luntur dening wektu Maturnuwun Umi kang daktresnani Panjenengan banget migunani BIONARASI PENULIS Nama : Khusnul Khotimah, S.Pd Instansi : SMP Negeri 1 Bumijawa
203 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SAJAK ESUK Tegal wilayahe suara lan rasa Ben waktu drama dipentasna diulang-ulang Suara iku akeh neng endi-endi Dudu masalah teks apik kaya terange rembulan Bupatiku… Suara-suara kuwe butuh dukungan Ngisi jiwa sing kosong Kabeh ana ing pikiran Mlaku-mlaku Penuh senyum, penuh bangga Apa sing dhewek rindukna? Ya… suara iku, semangat iku sing mbiyen ana Jawaban kanggo saben ati sing penuh arepan Terimakasih semangatmu lan pedulimu Senyummu rak bakal ilang kegerus wektu Kabeh eling masa iku Saking bupatine dhewek Kanggo dhewek kabeh Matur nuwun Ibu BIONARASI PENULIS Nama : Mia Apriyani Trihartini Instansi : SMP Negeri 2 Slawi
204 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | WONG WADON SING HEBAT Saiki delengen.. Kayong apa Kabupaten Tegal gemiyen. Desa plosok sepi nyeyet Laka wong plesiran maring desa Saiki delengen.. Desa sing gemiyen sepi nyeyet Wiwit desa sing mbang lor nganti desa nang kidul pucuke gunung Wiwit desa mbang wetan nganti kulon Rame akeh wong pada plesir maring desa Kowen wong wadon sing pinter, mumpuni Tangguh, ora peduli kesel boyok mbetut Endhas mumet Sing nang angan-angan mung siji Pembangunan rata perekonomian lancar Kabupaten Tegal luwih maju Kowen wong wadon sing alus budine alus rupane Kowen wong wadon sing nginspirasi wong wadon sekabupaten Tegal Enom nganti tuwa Kowen nnggores sejarah nomer siji Bupati wadon ning Kabupaten Tegal Kowen mujudaken pemerintah ora korupsi Mbangun pemerintahan adil rata Kowen kaya lintang sing gemerlap ning wayah bengi Kowen kaya sewiwi ning Kabupaten Tegal Kowenlah panutanku Kowenlan inspirasiku Kowenlah tauladank kanggo nggapai kesuksesan BIONARASI PENULIS Nama : Mufronah Instansi : SMP NU I HASYIM ASY”ARI TARUB
205 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | POTRETMU Ibu umi pancen top! Wonge ayu lan bersahaja Wonge pinter lan keibuan Wonge sholeha lan dermawan Aku kagum amrang panjenengan... Ibu umi pancen top! Esuk sore awan, bengi Sing dipikir wargane Kepriye carane eben urip mulya. Kepriye eben pendidikan maju Kepriye carane dalan dalan eben aja pating jeglong. Ibu umi pancen top! Wong wadon sing ora duwe rasa kesel. Sanajan kesel… esih tetep ngisi pengajian. Ibu umi pancen top! Sanajan bupati ora duwe rasa sombong . Panjenengan pancen pantes di tiru, Mugi mugi rasa kesel panjengan dadi lillah.. Aaminn,, Ibu umi pancen top, lanjutaken! BIONARASI PENULIS Nama : Neli Aftiriyah Instansi : SMP IT Daar Alfaradis
206 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | GRAPYAK Meseme pait madu Pangandikane trenyuh ing kalbu Mula ora gawe satru Para kadang sing wis setuju Gliyak-gliyak tumindak Alon-alon waton klakon Alus grapyak ora nyentak Nanging katon ing panon Panjenengan iku Tiyang ageng kang mituhu Lampahe ayu Ora waton grusa grusu Sunyata ing pradipta Wasis lan marta Gawe tata raharja Adoh ing prahara Lakune endah lan sumringah Gawe bungahe manah Nadyan akehe titah Tetep tlatah sing gemah ripah BIONARASI PENULIS Nama : Nur Kholipah, S.Pd. Instansi : SMPIT Bimantara Al Furqon Slawi
207 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | PANGAREP-AREP Soko mletheke srengenge tekan metune rembulan Panyuwunku marang gusti kang kuoso amung siji Mugo Nyai dipun paringi bungah katentreman lan kasehatan Lewat layang iki tak titipke pengerep-arep marang Nyai Mugi kadhikdayaan kang Nyai duweni saget manfaat Kagem tiang cilik, sesame, lan khususipun kagem guru Pengarep-arep marang Nyai Tresno lan asih ora bisa dituku iku namine ibu Digugu lan ditiru iku namine guru Mugo kasejahtraan lan nasib kang becik saget diperjuangaken Nyai ibarat ibu lan guru kagem tiang punika Pangorbanan tanpa wates ora bisa dibales Kasabaran Nyai kang ora bisa ditumabas Memahayu hayuning pribadi Memahayu hayuning kluarga Memahayu hayuning sesama Memahayu hayuning bawana Ambarasta dur hangkara Kang dadi tumindhak kang becik Mugi gusti kang ngrestoni BIONARASI PENULIS Nama : Okti Handayani, S.Pd. Instansi : SDN Kambangan 03
208 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | KAGEM IBU BUPATI Wis 5 tahun Kabupaten Tegal Ora kurangan pangan lan pengayoman Ora ana padu lan ora ana cidra Akeh gedung di bangun Sapa sing mimpin Kabupaten Tegal Sanajan aku ora tau srawung Neng atiku Sing mimpin pasti cerdas Sing mimpin pasti tangguh Sing mimpin pasti apik Sapa kue.... Sapa wonge.... Ibu umi Azizah Ibu bupati Kabupaten Tegal Laka Laka.... Bupatine wadon Sanajan wadon Laka laka Bisa diandelna Ibu... Panjenengan inspirasi ku.... Maturnuwun Sampun njagani Kabupaten Tegal Ibu..... Pan dongaku Mugi Mugi ibu sehat terus.... Ibu bupati sing Laka laka BIONARASI PENULIS Nama : Panti Sri Pujiati Instansi : KB Kharisma
209 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | REMBULANE ING SLAWI Limang tahun kang kepungkur Cahyo rembulane ndadari katon padang trawangan jedul saka ing gegere gunung slamet madangi jagade bumi kadipaten tegal lan sakiwa tengene Wanodya ora sepiraha ananging katon digdaya cerdas lugas lan trengginas kabeh bebaya bakal dilibas opomaning kurupsi bakal dibrantas ngani tuntas Kabupaten Tegal …. Tansah ngangeni lan betahi Sing lagi ngupoyo jiwo nangmanca mesthi pengin Awit tansah adem ayem digendong Bu Umi Kabupaten tegal pancen laka tunggale Subur makmur awit bojong nganti dukuhturi Gunung nganti laut ya nduweni Pedagang Tani Uga PNS-e tansah nyawiji Cacaban tansah dadi kenangan Guci datan ninggal janji Purwahamba Indah tetep megah Slawi dadi endah lan gumregah merga Bu Umi BIONARASI PENULIS Nama : Pariyanto, S.Pd.SD Instansi : SDN Bumiharja 01 Kecamatan Tarun
210 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU Ibu... Rasa asihmu marang warga kadya banyu mili Kang ora pedhot ing dalan Sanadyan kebak pepalang kang diliwati Ora bisa mendhung rasa tresna asihmu marang warga Ibu.... Nalika kawasisanmu diuji Dening pepeteng lan tumindak angkara Sliramu cancut taliwandha Mrantasi kanthi eseman welas asih Ibu... Rasa pangrasa welasmu marang warga Nuduhake menawa sliramu tuladha Tuladha narendra kang pantes tiniru ing bebrayan Ibu... Sliramu tansah tumungkul marang Gusti Nalika wargamu isih mesem ngguyu ing alam impen Sliramu sampun timpuh lan sujud nyenyuwun dateng Gusti Kang Maha Agung Dimen paring pepadhang anggen bebrayan lan kamuktining praja Ibu… Matur nuwun BIONARASI PENULIS Nama : Puji Warsih, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 2 Slawi
211 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | RASA SYUKUR BAKAL MAKMUR Saben manungsa duweni pinuju Saben manungsa duweni pengarepan Saben manungsa duweni prinsip Yen menika wis ana dalane saking Gusti Allah Urip ing donya wis ana sing ngaturake Tugase manungsa ikhtiar lan usaha Diakehi rasa syukur sing wis ana ing awake dewek Amarga rasa syukur bisa dadine uripe rasa makmur Kerja keras kanggo ing donya Dilakoni kanti sabar lan ikhlas Kerja keras kanggo akhirat Iku luwih penting kanggo awake dewek ing akhirat Mikir becik kanggo masa tuane Supaya natani uripe nganti bener Aja ngelakokni sing awon Amarga ora ana manfaate Ujian saking Gusti Allah Rasane gawe priatin lan sabar Yen menika tetep disyukuri apa anane Bakal ana pawarta sing becik saka iku BIONARASI PENULIS Nama : Rena Pujiati Instansi : SMP Ma’arif NU 1 Bumijawa
212 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SAJAK SEWU SIJI Ngobrol ning wa ora ngadep rai Ning group guru gawe sajak sewu siji Bral brol tulisan wacanan puisi Pengin maca bae hawane nyenengi Ora kenal rai penting iso nyawangi Obrolane group guru sajak sewu siji Pancen wong sastra kue nyenengi Ne nulis diwaca ora mboseni Senenge jero ati Mlebu group sajak sewu siji Ora kenal rai tapi ngangeni Mugi-mugi terjalin silaturahmi Maturnuwun ibu Umi Ngumpulna guru gawe puisi Sajak sewu siji bukti inovasi Senenge bisa sinau berbagi Sajak sewu siji Ungkapan kasih nggo Ibu Umi Bahasane ora mung siji Indoesia Inggris lan Jawi Mugio gawe seneng Ibu Umi Bukti tulus ati Sing guru sekabupaten Slawi Tersenyumlah selalu berseri Ibu Umi BIONARASI PENULIS Nama : Reni Faiqoh, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 3 Margasari
213 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU BUPATI Ibu Bupati Wanita ingkang welas asih Wanita ingkang luhur ing budi Wanita ingkang saged ngupaya lan marsudi Wanita ingkang nata lumampahing nagari Ibu Bupati Kanthi tulusing manah pindha sajembaring samudra Tansah nyruweni dhateng pra sujanma Tansah ambudidayaning pitulungan Dadosi nagari ingkang kebak kanugrahan Asih tresna mring sasami Raos tentrem ayem sesandingan dadya lestari Tata titi tentrem tumpraping nagari Adil makmur dumados bungahing ati Ing pungkasaning warsa Gilir gumanti titahing sang arya Pra sujanma hamung saged nrima legawa Mugya tansah pikantuk berkahing Gusti Maha Kuwasa Matur nuwun pangabektinipun dhateng nagari Sung dunga puja puji hastuti Mugya rahayu sagung dumadi Ibu Bupati Tegal, Ibu Umi BIONARASI PENULIS Nama : Restu Dwi Anggoro Instansi : SMP Negeri 1 Kramat
214 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | LELABUHAN Kadya ron garing Kumleyang kabur kanginan.. Nalika sliramu kondur Marang ngarsaning Gusti Sanalika netramu kumelap Anggrengga pesawangan Ya Allah Gusti … Paringana kekuatan … Sajroning nglampahi lelabuhanmu... Padhang petenging ati manungsa Ora liya Gusti kang nyengkuyung.... Sanadyan panjengan wanodya... Ing kasunyatan... Ing ngarsa… wani mrantasi karyamu Apa kang kajibah dadi panjering praja Apa kang kagubet ribet lan ruwet... Ilang saka cahyamu... Pedhut ing saindenging kabupaten Tegal... ilang... Ginanti padhang sesawangan ... Matur nuwun ibu… muga lelabuhan panjenengan… Gusti tansah paring piwales... Aamiin.... BIONARASI PENULIS Nama : Retno Praminingsih Instansi : KWK Dikbud Bumijawa
215 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATIKU TELADANKU Wis pirang-pirang pemimpin tau tak ranapi Nembe iki pemimpin wadon nang kutha Slawi Ora liyan asmane ibu umi Bupati Tegal sing ngayomi Ing ngarsa sung tuladha Cocok karo bupatiku kiye Nyontoni sing apik kanggo warga Tuture karo tindak-tanduke Perjuanganmu kanggo Tegal ora baen-baen Nata kutha nganthi tata Kuthane olih adipura Wargame tambah Sejahtera Jepara nduwe ibu Kartini Tegal nduwe ibu Umi Padha berjuange Kudu ditiru teladane Matur nuwun… Bupatiku… Berkah kanggo perjuanganmu BIONARASI PENULIS Nama : Rifqi Nadzifah Instansi : SMP Negeri 1 Adiwerna
216 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | UMI Umi Umi menika ibu Ibu wonten tlagah Tegal temtunipun Ibu ingkang ngayomi para wargi Janma ingkang sanget dikurmati Dikurmati… amarga tindak tandukipun Dikurmati… amarga wateke pancen boten wonten tandinge Umi Azizah Dados tuladha para warginipun Ing ngarsa sung tuladha ing madya Mangun Karsa Pancen trap kanggo piyambakipun Saged paring tuladha Saged biyantu Dukung para warganipun saged maju Menika saged kabukten Tlatah Tegal dados ijo royo royo gemah ripah loh jinawi Matur nuwun Ibu Sampun paring getih ludira panjenengan kangge Tegal Matur nuwun sedayanipun BIONARASI PENULIS Nama : Ririn Juniati, S.Pd. Instansi : SMPN Satap 3 Jatinegara
217 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | KADYA KARTINI Datan lali ing angen-angenku iki dina siji … kang banget wigati Piyantun ayu, tyas lan rupa … Jumeneng jejeg kebak patuladha … Inggih … Menika Ibu, Ibu kang kebak wibawa Ibu kang angon patuladhan … Ukara kang rumesep ing ati, kawedhar paring wewanti, marang awak iki … “Dadiya abdi negara kang kebak pangabekti, Makarya sing tansah gemati” Ukara cekak lan aos iki sing dadi pambukane dhiri anggonku nglakoni dalan anyar minangka abdi negara … Ngendikane iku ora bakal tak laleni, Kadya Kartini, Gegambaraning Wanita jaman saiki… “Ibu Umi tansah dadi inspirasi” BIONARASI PENULIS Nama : Riski Pamedharsih Instansi : SMP N 1 Suradadi
218 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATI INSPIRASIKU Saben dina saben wektu Perjuangan mulya panjenengan niku Nyenengake kawulane Migunani kanggo rakyate Alus luhur bebudimu Rakyat urip rukun lan ngelmu Tindhak tanduk uga tata krama Kang bisa tansah ngrembaka Cahyaning ati sumebar paedahe Sedoyo kesabaran lan pengabdiane Gawe bingah tansah lan sejahtera Dadi abdining bangsa Bupatiku Digugu pengucapanmu Ditiru tumindakmu Gawe adem lan tentrem atiku Asmamu ing ati sanubari manungsa Wonten pemimpin prasaja Uga jujur wicaksana Mujudake generasi emas kang minulya BIONARASI PENULIS Nama : Rizki Amalia Instansi : SMP Ma’arif NU 03 Tarbiyatut Tholibin Bumijawa
219 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU RATU KAB TEGAL Piyantunipun item manis Se legi… gendhis jawa Mlampahipun… leres Se sae malaikat... Ingkang jaga surga Amalipun... kathah Sedekah ibarat teng Mekah Unggah-ungguhipun langkung sopan Tutur bahasanipun Selembut… benang Sutra Kanjeng Ratu Ibu ageng… Ingkang kula tresnani Lan kula panuti Dawuhipun tata Inggih menika Ibu Umi ... Kula tresna panjenangan BIONARASI PENULIS Nama : Sarini.S.Pd.AUD Instansi : TK Khalifa IMS Mejasem Barat Tegal
220 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | MATUR NEMBAH NUWUN IBU UMI AZIZAH BUPATI TEGAL Ibu Umi Azizah … Bupatine wong Tegal Awakmu lahir ing dunya Gawe manfaat ingkang kathah Khususipun kangge warga Kabupaten Tegal Lakumu gawe teladan para kaum Ibu Kepedulianmu gawe ayem lan tentrem rakyate Kesederhanaamu gawe seneng lan merakyat jelata Nanging tetap anggun lan menawan Ketegasanmu gawe maju lan hebat kabupaten Tegal Kecerdasanmu gawe uripe kabupaten tegal Ketangguhanmu gawe daya saing ora terkalahkan Kabupaten Tegal langka langka Kearifan lan kelembutanmu gawe selaras … lan sejalan budaya Tegal ... Sumber inspiratif para pendidik Jasa jasamu ora bakalan ilang Matur nembah nuwun Ibu Umi… BIONARASI PENULIS Nama : Setiyawati Instansi : TK Al-Qomar
221 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | JARE MBOKE Paribasane ora nyana ora ndipe Kedele kuwe bisa bakal dadi tempe Ndea ana sing sangsi Sekalane Ibu Umi munggah pangkat Bupati Wong wadon ora ethor, ora penthol Ning saiki wis kebukti Tegal moncer, lan ayem tentrem Hawane ati wong cilik adhem Program tilik desa mana-mana Pojok wetan, pojok kulon Sing lor tekan kidul ditilki Ngrungokna sing pan pada wadul Mbokan dalan desa esih mbregudhul Lan wong cilik sing wedi bisa ketemu jaman paceklik Kanca batir ra usah watir Ana program ponggol sacething Kanggo nglawan ben wong cilik ora gering ringking Utawa bocah cilik aja nganti ngalami stunting Ibu mikire pinter tur ya bener sing digawe program kabeh dilakoni Ora mung umbrus wira wiri Ning ngalor ngidul kahanan didandani Matur suwun ibu Kabeh rekadaya wis ditampa Daning warga Tegal ora nganggo ngresula Jare Mboke durung mesti ana liane Bupati wadon Tegal sing pertama Ibu Umi, Panjengan luar biasa (Slawi, wulan rolas 2023) BIONARASI PENULIS Nama : Siti Aenah, S.Pd.SD Instansi : SDN Lebakgowah 01
222 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | GURIT KAGEM IBU UMI AZIZAH Kairing gurit pamuji pandonga Kairing gurit kebak tresna Miyos saka kapang kang ngumbara Ing pangarep-arep bisaha tempuking netra Sanajan ta amung sakedheping netra. Limang tahun kepungkur wingi Wus sinerat ana ing kitab duk uni Warga Tegal guyup mangayubagya Rawuhing Sang Pepadhang minulya Warta bebungah punasta Warga sami tumenga aweh pandonga Muga kabeh pangajab,pangangên mumbul angkasa Katampi,kajabah déning Gusti Murbeng Dumadi Rong ewu telulikur lagi lumaku Limang tahun suwene aku kulak warta adol prungu Ndeleng mrana,ndeleng mrana,weruh kae weruh iku Amung kabecikan,kategasan,kawicaksanan sing takdeleng takrungu Saka Sang Pepadhang ginelar Kanjeng Ibu Jembaring Tegal panjengan pecaki Dawaning gili panjengan tindaki Petenging mangsa Panjenengan wiyaki Pedhut gumeleng Panjenengan cuthiki Sepira suwene aku kulak warta adol prungu Ndeleng mrana mrene weruh kae weruh iku Tan ana sesambat, sesumbar sing takrungu Tan ana Cidra lan Dora sing lumaku Amung ganda arum sumebar sing takambu Saka Panjengan Kanjeng Ibu Satekane gurit ngarsane Panjenengan, Ibu Ateges Panjengan pirsa marang aku Lumantar gurit kula atur gunging panuwun, pamuji, pandonga Merga guritan kereta kencana kang nggawa rasa pangrasaku kanthi lila Ridha BIONARASI PENULIS Nama : Siti Aisyah, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 2 Dukuhturi
223 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | GURITAN KAGEM IBU HJ UMI AZIZAH Ibu.... Mboten keraos Panjenengan badhe purna ngayahi mimpin kabupaten Tegal Kulo tansyah kelingan Maring panjenengan Ibu Pitutur kang alus nanging bisa ndadekake aku kuat. Ngayahi urip lan kerja kang akeh perkara Swantenipun ibu alus Nanging tansah rumaket… marang atiku Ora gampang nesu lan sabar Ibu... Kabupaten iki esih kangen… Marang usapan astamu. Kanggo bebenah… Bab wigati kang durung tumata. Ibu... Matur nuwun saking sedaya perjuanganmu Mugi Allah tansyah paringi kawilujengan lan kaberkahan. Aamiin BIONARASI PENULIS Nama : Siti Mutmainah Instansi : SDN Jatimulya 01 Kec. Lebaksiu
224 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SLAWI AYU SING MBETAHI LAN NGANGENI Slawi Ayu… Kotane sing ayu ayem lan tentrem gemah ripah loh jinawi Para wargane… Grapyak-grapyak seneng tetulung lan seneng sedekah. Slawi Ayu… Pusate pemerintahan kabupaten Tegal. Pemimpine Ibu Dra. Umi Azizah Sing ayu… pinter lan wicaksana Pandegane Ibu Umi Azizah… Mampu nguduna astane Ngrangkul kabeh wargane Tanpa pandang sugih lan mlarat Ibu Umi Azizah… Panjenengane mampu jumeneng tegak Mbagun kota Slawi Ayu… Dadi kota sing ayu, tata, ayem, mbetahi lan ngangeni. BIONARASI PENULIS Nama : Si Mulyani, S.P. Instansi : SMP Ma’arif NU Dukuhwaru
225 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | PANJALUK Ibu…….. Pengin tansah atiku Ndeleng sliramu gumuyu Kadya rikala semana Tanpa rubeda lan gara-gara Ibu…….. Pengin tansah atiku Nyawang sliramu seneng Cangkem-cangkem padha mingkem Urip kalem Ibu…………… Pengin tansah atiku Weruh sliramu bombong Ora ana ati kang sombong Amarga tan ana sing ngobong Ibu…………… Pengin rasane atiku Bisa urip marem Nadyan mata merem Ati ayem lan Tentrem Ibu…. Matur nuwun Mugi-mugi sedaya gegayuhan Saged kaleksanan BIONARASI PENULIS Nama : Sri Rahayu, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 1 Pangkah
226 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATIKU, PANUTANKU Ibu Umi Azizah .... Panjenengan pancan hebat Pangageng wanita tanggen Kabupaten Tegal Tansah kuat lan tanpa sambat Anggenipun ngabdi dumateng nagri Ibu Umi Azizah .... Kesederhanaan ibu.... Ketulusan ibu... Tansah maringi keteladhanan Ndadosaken panutan Kinarya sanes janji-janji Nanging sampun terbukti Kabupaten Tegal sakmenika Sampun kondhang ngandha buwana Awit kaendahan kutha dumugi prestasi Ibu Umi Azizah..... Tanpa diraosaken .... Sampun dumugi wekdhal pungkasan kasarengan kita Badhe kula ukir endah ing sanubari Asmanipun ibu.... panutanku Ibu ....Pangapunten kula Dereng saged ngaturi bebingah Kula anamung saged peparing dedonga Mugi-mugi ibu tansah pangayoman Gusti murbeng dumadi BIONARASI PENULIS Nama : Sri Rahayu, S.Pd. Instansi : SDN Jembayat 03
227 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SRIKANDHI TEGAL Katon mencorong pamore Katon luwes kewes lagehane, Dedeg piyadege merak ati, Tandang tanduke mitayani lan ngedap-edapi, Sapa sing ora kenal karo Srikandhi Tegal? Ya iku ibu Umi Azizah kang prigel tandang gawene, Tanpa kenal wayah anggone mandhegani para manggalayuda lan para nara praja, Ing pangarep dadi kadipaten kang makmur lan mulya tumrap para kawula alit. Ing penggalih tansah kawedhar kawula alit aja kosi nista lan sengsara, Ing pangajap dadya kadipaten kang adil makmur sak laminipun... Ora lepas ing sujudipun menuwun mugi Allah paring qobul lan paring ijabah.... Mugi Srikandhi Tegal ibu Umi, tansah pinayungan sih saking Allah SWT.... aamiin BIONARASI PENULIS Nama : Sri Rahayuningsih,S.Pd. Instansi : SDN Kedungkelor 02
228 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | UMI AZIZAH KANG DADI PANDEGANING WANITA Bupatiku Adoh neng pendelengku Ananging perek ning atiku Bupatiku Kang tansah tatag teteg lan tangguh Dadi pandegani kanthi prawira tama Bupatiku Mugiyo tansah pinaringan hamemayu hayuning bawono Laku lampah kang migunani Bupatiku Sabar iku ingaran mustikaning laku Kang dadi wejanganipun para Kyai Bupatiku Kupat kecemplung santen Maturnuwun lan nyuwun pangapunten BIONARASI PENULIS Nama : Adhi Dhani Prihatno, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 4 Bumijawa
229 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SLAWINE TAMBAH AYU Sing kaya kie likuh kotane Diarep – arep daning wargane Urip seneng, ayem tentrem Dideleng kepenak toli adem Ngetan – ngulon dalane alus Ora keder yen pan golet fulus Ngalor – ngidul dalane padang Hasil kerjane ibu Umi sing semangat berjuang Saiki Slawine tambah ayu Tambah moncer lan tambah maju Fasilitas apa bae, kabeh ana Disediakna kanggo seluruh warga Saiki Slawine tambah ayu Hasil kerjane bupatiku Saiki Slawine tambah ayu Semoga tetep jaya selalu Matur nuwun ibu Umi Azizah Bisa gawe rakyate bungah Matur nuwun ibu Umi Azizah Paringi panjang umur lan urip sing berkah.... Aamiin. BIONARASI PENULIS Nama : Sunarjo, S.Pd. Instansi : SDN Lebaksiu Lor 01
230 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATINE ENYONG HEBAT Enyong arep kanda-kanda karo sampeyan Kabeh Sedulur sebrayan wong Kabupaten Tegal Kanda bungah karo sumringah Bupati Tegal iku Bu Umi Azizah Wonge ayu, rupane lan atine. Ora mung ayu tapi hebat Bupatine enyong hebat, Nganti Wolulas Kecamatan njaluk tulung lan sambat Saking Bumijawa nganti Kramat Bupatine enyong pancen hebat Wong wadon tapi rikat Gerakane ora lambat Sag seg ora kakehen rapat Bupatine enyong tenan hebat Dalan pada rusak langsung dirumat Bupatine enyong yakin hebat Ora ketinggalan solat lan solawat Kanda hebat, Ora jare-jare Buktine olih piala bae Saking Gubernur nganti Presidene Sebabe maju Kesehatan lan pendidikane Kanda hebat, ora eman-eman Buktine nei bantuan Kanda hebat, ora gawe ragu Buktine pembangunan mlaku Kanda hebat, ora duwur-duwur Buktine rakyate pada Makmur Saiki aku pan kanda Kanda Karo sampeyan kabeh Kiye sejarah Kabupaten Tegal Nduweni Bupati wadon Wonge hebat, rikat. lan ora klalen solat karo solawat muga-muga dinei nikmat. sehat lan berkat. BIONARASI PENULIS Nama : Suratno Hadi Saputra Instansi : SMP Negeri 3 Bumijawa
231 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATI WADON KANG AMBEG UTAMA Aku junjung tangan loroku Aku Donga dumateng Allah SWT Kanggo wong tua loroku Kanggo keluargaku lan bupatiku Esuk wengi tak impi-impi Esuk wengi tak golet-goleti Esuk wengi tak kumpul-kumpuli Kabeh ucapan wong sing tak hormati Wong pinter Kabeh pada neng duwur Ora wadon ora Lanang sing penting pada tadabur Sifat jujur kang dadi pada mujur Bupatiku wong wadon kang tafakur Mimpin wong akeh angel sajane Sifat sabar, bijak sopan santune Beliau Bu Umi Azizah asmane Bupati Tegal kuwe dadi kotane Urip ayem akeh bantuane Kanggo masyarakat kang ora duwe Kudu temen kelingan Karo rakyate Kabeh kuwe sifat kang mulyane BIONARASI PENULIS Nama : Taronah, S.Pd. Instansi : TK Pertiwi 26-57 Karang Mulya
232 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | SRIKANDI ING TLATAH SLAWI Gilar-gilar... Mubyar-mubyar... Ing pandulu netra Gawe mongkok raos pangrasa Cles adem.... Bungah saha tentrem Karaharjan tuwin tentrem Slawi Ayu pancen ngoten Obah mosik tlatah Slawi Kapandegan Woro Srikandi Ingkang tregel tuwin trengginas Angrungkepi kasantosan bumi pertiwi Bebasan.... Wutah ludira... Netesing waspa Sewu siji, tetep sawiji kutha Slawi Matur nuwun Ibu Umi… Awit saking prestasi Awit saking inovasi Ingkang dados motivasi BIONARASI PENULIS Nama : Taufiq Munafiatun S.Sn Instansi : SMP Negeri 3 Slawi
233 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | AJA GUMUN LAN AJA NGUNGUN Aja gumun lan aja ngungun Ing atase priyayi putri Kang mijil ing perenging redi Nanging duwe daya kang ngedap edapi Aja gumun lan aja ngungun Sanadyan yuswa 63 taun Gumregut ambangun Cancut taliwondo Agawe kabupaten Tegal kuncoro lan mbawera Tan keguh, tan gampang kena pengaruh Kasrimpet, kaglibet Ruwet rentenging kahanan lan mobah mosiking jaman Lebet labuh labetnyo Kasimpen jroning dhadha Datan bakal lali Nganti tumekaning pati Hamung tansah memuji Muga muga ibu Umi bagya mulya nir ing sambekala Nuwun BIONARASI PENULIS Nama : Tukilah S.Pd.SD Instansi : SDN Bongkok 01
234 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | DUH BAKAL KELANGAN Pemimpin inyong sing apik Pemimpin inyong seng hebat Pemimpin inyong sing kuat Pemimpin inyong tek senengi Program kerja 4 cinta pemerintah kabupaten tegal seng selalu melekat ning benak atine aku kabeh kanggo peningkatan, pembangunan lan kesejahteraan. Ora liya empat cinta kuwe Pertama Cinta desa Kaping loro cinta rakyat Ping telu cinta pelayanan publik dan produk kabupaten tegal. Seng ke papat cinta budaya lokal Seng kabeh mau wes dilakoni kabeh Walau ana seng durung dilakoni bagi aku ora masalah seng penting programe westerlaksana Sebab daerah seng dijangkau amba terus waktune secuil Duh nyong bakal kelangan Kelangan kebijakan Kelangan 4 cinta kelangan kerja kerase kelangan kedisiplinane Duh nyong bakal kelangan Sampeyan sing tek senengi pan pamit seng pendopo keprabon Muga-muga sampeyan sawise ora dadi Bupati Terus diwein kebahagiaan, kesenengan Enak njalani kehidupan normal Kaya masyarakat biasa BIONARASI PENULIS Nama : Tuti Awaliyah Instansi : TKMNU Masyithoh Kaladawa
235 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU UMI AZIZAH BUPATIKU Ibu Umi Azizah Bupatiku, Ing tanah Tegal sunorot Umi, Bupati kanthi ati kang suci, Kanggo limang tahun , Mimpin Kabupaten tegal, Keprigelane nandhang ati, Ndemek kabeh wong, Ing kesederhanaan, Dheweke sumunar, Kaya kembang sing apik ing wayah esuk sing cerah Ibu Umi Azizah,Bupatiku, Lembut,eseman ing saben tumindak, Keanggunan ngrenggani lakune, Tegas aturan diterapake, Ngalir darah pengabdian kanggo wujudake kemajuan kabupaten tegal Tegal ingkang ayem tentrem, Bupati ingkang wicaksana,nuntun kita, Mbangun bebarengan tegal makmur, Tabah ing saben tantangan, Dadi cahyaning kanggo wong Tegal Maturnuwun Ibu Umi Azizah Bupatiku, Panutan sejati, Tuntun langkah kita, Tumuju pangarep arep, Pandonga tansah ngiringi BIONARASI PENULIS Nama : Tuti Handayani, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 3 Margasari
236 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | ARUM WANGI Arum wangi asmane Dikenal kabeh… Wong ning kene Ning Kabupaten Tegal Lakumu… Awit mlampah tekan lungguh Kaya sinorot lampu Sing padang ora kelingan Pitutur lan nasihatmu selalu digugu wong ning kene Pitutur sing apik Sing bisa gawe ati tentram Pewelingmu… Sing bisa gawe ati teteg Sing bisa gawe adem ning dada Sing bisa gawe bungah para warga Polah lan tindakane dadi conto sing apik Dadi panutan sing apik Kabeh kebijakan lan peraturan sering dilanggar wong kene Nanging panjenengan tetep nentremke ati Panjenengan tetep ngupaya Tegal keminclong BIONARASI PENULIS Nama : Ulfy Sanatin, S.Pd. Instansi : SMP Negeri 4 Bumijawa
237 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | PEMIMPINKU Iki ana crita… Crita sosok pemimpin Kabupaten Tegal Pemimpin sing dadi teladan Mbangun Kabupaten Tegal dadi kota sing maju Pembangunan sing terus jalan agawe dadi kota sing apik lan endah Tegal, kota sing dadi kenang-kenangan Panganan, wisata, budaya lan kaendahan sing dikangeni Wisatane sing tambah apik Kaendahan alam sing tambah endah Budayane sing trus dilestariake Iku kabeh asil kerja pemimpinku Pemimpinku… Pemimpin sing dadi panutanku Rasa ikhlas lan tulus ngayomi rakyate Beban tugas sing gede Digarap nganti ikhlas lan ora ngeluh Esuk, awan, bengi kerja Kanggo mbangun Kabupaten Tegal Kanggo rakyat urip makmur Abot tugasmu Tetep semangat pemimpinku Pemimpinku… Akeh prestasi sing wis kokgawe Pemimpin sing bakal dikenang Pemimpin sing dadi panutan Matur nuwun pemimpinku Kanggo jasa lan pangurbananmu BIONARASI PENULIS Nama : Vina Khayatun Nufus, S.Pd. Instansi : SMPIT Luqman Al-Hakim
238 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | IBU BUPATIKU SAYANG Ibu Bupatiku sayang Kepareng kulo matur Kulo sanes sinten - sinten Sanes piantun hebat nopo malih pejabat Ngapunten Ibu Bupati Saben pimpinan kagungan crita dewe - dewe Kagungan kekuatan dewe - dewe Nanging gangsal taun kulo nyekseni Priyantun misuwur sederhana Tulus, grapyak, welas asih, nginspirasi Nanging tegas menawi urusan pelayanan masyarakat Pinuju pelayanan kang paripurna. Anggone Ibu nglayani warga Tanpa rasa lesu Tansah kuat tanpa sambat Mung kanggo warga Kabupaten Tegal. Ibu Bupatiku sayang Sewu atur nora bakal cukup Kanggo nggenteni ketulusan Ibu Kulo amung biso dedungo mugi Ibu diparingi Kawarasan lan kaberkahan Umur. BIONARASI PENULIS Nama : Widyastuti, SPd.SD Instansi: SDN Pegirikan 03
239 1001 Sajak Guru Untuk Bupati | Tahun 2023 | BUPATIKU Bupatiku Sosok Kang Adil Ing tlatah Tegal, wonten sosok adil , Bunda Umi Azizah, teges lan kawentar, Bupati kang teguh, tumuju kahanan , Pangandikan kula, pemimpin kang wibawa. Keteladananipun, ing saben jalma , Conto kebajikan, pambudi lan jumantara, Senyum ibu, kaya mentari marang kalbu, Ibu Umi Azizah, tansah nandhang sasmita. Ing sederhana, kasebut kakuwatan, Lajeng pituduh, kalbu mboten ngambang, Hakumoraning budi, kadosa lan sugih budi , Bupati jumeneng, wonten ana ing Tegal. Kasunyatanipun, mengkono tegese, Kalbu kang temenan, lan kidung ademe, Wonten ing klambi, saged padha tedhak, Urip kang tedak, ing bumi Tegal. Witing tresna lan ingkang tentrem, Nyengkuyung sarwosarwi, kawruh alam, Ing setiap tapel, utami wonten ati , Ibu Umi Azizah, pambudi Tegal kang adil. Ing liyaning watak, langkung kudu sadermo, Pamimpin kang tangguh, kanggo tegese kesetiaan , Ing dene kawruh, saged akeh ngersani, Bupati teguh, ruruh Tegal mangayu. Ing titik dhewe, panjeren urip , Ibu Umi Azizah, kang para dewe, Nyumangaten kasugihan, laning kersaning Gusti , Tangan kang tangguh, mangertosi Tegal. Ing wonten cengkrama, malih ana leluhur, Bupati Tegal, laning masa abasa , Nyawiji budaya, ing ketahanan luhur , Ibu Umi Azizah, Tegal kang tansah rasa. BIONARASI PENULIS Nama : Windiawan Instansi: : SDN Sokatengah 01 Bumijawa