The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fitriapujiastuti309, 2023-12-01 01:07:57

BUKU TEKS XI

BUKU TEKS XI

Kurikulum 2o13 Muatan Lokal Jawa Tengah SMA NAHDLOTUSY SYUBAN PLOSO


i Kata Pengantar Puji syukur kehadirat Allah SWT. Atas ijin NYA, akhirnya penyusun dapat menyelesaikan modul pembelajaran bahasa jawa untuk SMA kelas XI dengan judul Basaku Basa Jawa ini. Modul ini disusun berdasarkan Standar isi MGMP Bahasa Jawa kota Demak sebagai bahan ajar untuk siswa SMA kelas XI dan sebagai pegangan dalam mengajar. Kurangnya minat anak membaca modul bahasa jawa yang notabenya membosankan itu, kami menyusun secara berbeda. Disini kami menyajikan banyak gambar agar anak tidak jenuh dalam membaca serta materi yang sangat memadahi menjadikan buku ini lebih unggul. Penyusun berharap modul ini dapat bermanfaat bagi siswa SMA kelas XI. Modul ini adalah hasil kerja keras penyusun dan bantuan dari berbagai pihak. Oleh karena itu, penyusun mengucapkan terimakasih kepada semua pihak terutama Kepala Sekolah Ibu Nur Asiyah, S.Pd.. Tak ada sesuatu yang sempurna selain Allah, karena terbatasnya pengetahuan penyusun menyadari bahwa modul ini jauh dari sempurna, untuk itu kritik dan saran selalu kamiharapkan dari semua pihak. Semoga modul ini bermanfaat. Semarang, Juni 2021 Penyusun


ii Daftar Isi Kata Pengantar ………………………………………………………………………….. i Daftar Isi …………………………………………………………………………. ii Semester I 1. Mendengarkan Sa …………………………………………………….. 1 2. Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja ……………………….. 4 3. Membaca Pemahaman ………………………………………………………… 7 4. Menulis Wacana Sederhana …………………………………………………… 10 5. Mendengarkan Wawancara …………………………………………………… 11 6. Berdialog dengan Tingkat Kesantunan ……………………………………….. 14 7. Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15 kalimat ………………… 18 8. Menulis wacana sederhana menggunakan huruf Jawa ……………………….. 20 9. Mendengarkan geguritan ……………………………………………………... 21 10. Mendiskusikan Isi Geguritan …………………………………………………. 23 11. Nembang macapat ……………………………………………………………. 25 12. Menulis Syair Tembang Macapat …………………………………………….. 27 Semester II 13. Mendengarkan Musyawarah ………………………………………………….. 30 14. Mendiskusikan Isi Tembang Macapat ………………………………………… 33 15. Membaca Nyaring Naskah Pidato ……………………………………………. 37 16. Menulis Wacana Persuasi …………………………………………………….. 40 17. Mendengarkan Tembang Macapat …………………………………………… 44 18. Nembang Campursari ………………………………………………………… 47 19. Menulis Parikan dan atau Wangsalan ………………………………………… 49 Tes Akhir ……………………………………………………………………………… 53 Daftar Pustaka …………………………………………………………………………. 64


1 Mendengarkan Sesorah Sesorah yaiku medharaken gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh. Sesorah iku gedhe banget mupangate antarane kanggo sarana sesambungan karo masyarakat kanthi langsung, supaya apa kang dikarepake bisa langsung dingerteni. Ancas utawa tujuane sesorah yaiku : 1. Aweh panglipur marang wong liya 2. Menehi kabar/informasi 3. Mbujuk wong liya supaya melu apa kang diandharake Rungokna sesorah ing ngisor iki kang diwaosake dening Bapak/Ibu guru utawa kancamu ! Sesorah tirakatan mengeti dinten Proklamasi Kamardhikan Republik Indonesia Assalmu’alaikum warahmatullahi wabarakatu ➢ Para sesepuh pinisepuh ingkang tansah kinabektan ➢ Para pangembating praja ingkang dahat kinumartan ➢ Sedaya warga Desa Tunjungseto kakung saha putrid ingkang minulya ➢ Para kadang mudha ingkang kula tresnani Saderengipun kula ngaturaken babagan dinten proklamasi Kamardhikan RI, langkung rumiyin kula ndherekaken dhateng panjenengan sedaya, sumangga sami ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Welas lan Asih ingkang sampun kepareng paring kanugrahan awujud kasarasan miwah kawilujengan satemah panjengan lan Kompetensi Dasar: Mendengarkan sambutan atau khotbah yang disampaikan Indikator: 1. Siswa mampu menemukan pokok-pokok isi sambutan yang didengarkan 2. Siswa mampu menuliskan kembali isi sambutan yag dibacakan dalam beberapa kalimat 3. Siswa mampu menanggapi secara lisan isi sambutan yang didengar A. Ngrungokake Sesorah


2 kula saged kempal ing ngriki kanthi kebak ing raos suka bagya saperlu ngawontenaken tirakatan mengeti Dinten Kamardhikan Indonesia ingkang kaping 66. Selajengipun, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sedaya warga sampun kapareng rawuh ing papan punika sahenga saged hanjalari malem tirakatan ing dalu punika saged kalaksanan kanthi gangsar. Para Bapak Ibu dalah kadang ingkang minulya, Rahmating Allah ingkang awujud kamardhikan punika mujudaken rahmat ingkang kedhah kita jagi. Kamardhikan punika boten dhawah saking langit, para pahlawan sampun ngurbanaken bandha, tenaga, lan jiwa murih bangsa lan negara punika saged uwal saking regemaning perang muka. Pramila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan, kanthi lenging manah naming : Sepisan : Ngonjukaken syukur kita dhumateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan paring kanugraan arupi kamardhikan bangsa. Kalih : Ngenget-enget lelabetanipun para pahlawan ingkang sampun ngurbanaken jiwa lan raga kangge kamardhikan. Kita unjukaken puji pandonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetenipun lan kaparing piwelas utami dening Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Tiga : Kita lajengaken lelabetanipun para pahlawan nyampurnakaken kasil parjuanganipun kanthi ambangun nagari mardika punika amrih makmur. Kita kedhah rumaos dosa, purun nampi warisan arupa kamardhikan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara. Para sedherek sedaya ingkang bagya mulya, Mangga ing kalodhangan punika kula ngajak supados para warga sageda nuwuhaken watak ingkang saged ngrembakaken semangat nasionalisme tumrap bangsa lan Negara sahengga saged sareng-sareng ambangun angarai ngkang kita tresnani punika. Mekaten atur sepala saking kula, minangka suhing RW01 Desa Tunjungseto, kula nyuwun agunging sadra pangaksami menawi wonten kiranging subasita, miwah cecer ceweting basa tuwin sastra. Nuwun. Wassalamu’alaikum wr. wb. Gangsar : lancar Hanjalari : ndayani Kalodhangan : kesempatan Pindha Bausastra


3 Kasarasan : waras, sehat Kawilujengan : keslametan, slamet, selamat Kempal : kumpul Lelabetanipun : lelabuhan, perjuangan Mengeti : ngeleng-eleng, memperingati Miyara : ngopeni, memelihara Murih : supaya, amrih Panjalari : ndayani, nyebabake Regeman : cengkereman Tumrap : bagi Uwal : ucul, terhindar Wungon : melek-melek, begadang I. Sawise ngrungokake sesorah kang diwaosaken dening gurumu, banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Apa tema sesorah ing dhuwur? 2. Sesorah mau diandharake ing acara apa? 3. Miturut wacan sapa sing paring sesorah? 4. Kepiye carane nerusake lelabuhane para pahlawan? 5. Apa pangajabe ketua RW 01 ing dhuwur? II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang cumawis ing sisih tengen! 1. Medharaken gagasan marang wong akeh … a. Ancas sesorah 2. Aweh panglipur marang wong liya … b. Sesorah 3. Sesorah kanthi ngapalake naskah kang wis digawe diarani … c. Ekstemporan 4. Sesorah dadakan diarani … d. Perangan sesorah 5. Pangajak puji-puji perangan … e. Apalan 6. Sesorah kanthi nggawa cathetan kang pokok-pokok … f. Pambuka 7. Para sesepuh, pinisepuh ingkang kinabektan, kalebu … g. Impromptu B. Uji Kopetensi 1


4 8. Sesorah kanthi maca sawutuhe diarani … h. Naskah 9. Nyuwun pangapura kalebu perangan … i. Panutup 10. Pambuka, isi, panutup kalebu … j. Atur pakurmatan 1. Dhapuka pepanthan/kelompok, saben pepanthan dumadi saka limang siswa! 2. Dhiskusekna bab-bab kang penting dadi ringkesan kang becik saka sesorah ing dhuwur! 3. Sawise saben kelompok kasil gawe ringkesan kang becik, banjur didhiskusikake karo kanca sakelas. Salah sawijine kelompok ngandharaken kasile, dene kelompok liya nangggapi. Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja Ing ngarep wis kasebutake menawa dititik saka ancas-tujuwane, sesorah iku ana kang sipate aweh lelipur, aweh kabar, utawa ajak-ajak marang wong liya. Kanthi mengkono, para siswa ya kudu prigel lan wasis sesorah kaya kasubataken ing dhuwuriku. Ing kene bakal katerangake sarwa setitik ngenani “pambagyaharja”. Tembung “pambagyaharja” iku dumadi saka tembung “pambagya” lan tembung “raharja”. “Pambagya” utawa “pambae” tegese anggone mbagekake utawa anggone ngumarti. Dene tembung “raharja” iku padha karo “rahayu, slamet, widada, begja” utawa luput saka kacilakan. Kanthi dasar katrangan iku, tembung C. Uji Kopetensi 2 Kompetensi Dasar: Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja Indikator: 1. Siswa mampu menentukan pokok isi sambutan dalam bentuk pambagyaharja 2. Siswa mampu menyusun kerangka sambutan dalam bentuk pambagyharja 3. Siswa mampu mengembangkan kerangka sambutan yang berbentuk pambagyharja sesuai dengan unggah-ungguh basa jawa 4. Siswa mampu menyampaikan secara lisan sambutan berbentuk pambagyharja sesuai dengan lafal, intonasi, dan irama yang A. Prigel ngaturaken pambagyaharja tepat


5 “pambagyaharja” kena ditegesake sesorah kang isine ngaturaken kabar karaharja utawa keslametan marang tamu/priyayi kang diajak guneman. Ing basa Indonesia tembung “pambagyaharja” diarani “ucapan/sambutan selamat datang”. Supaya bisa sesorah pambagyaharja kanthi becik, para siswa prelu ngrancang sesorah, kanthi nggatekake bab-bab ngisor iki : 1. Apa bae pokok-pokok isine 2. Gawe ragangan(kerangka) sesorah 3. Mekaraken ragangan sesorah iku kanthi milih tembung-tembung kang bener 4. Nggatekake unggah-ungguh (sesorah marang sapa) 5. Maragakaken utawa mraktekake kanthi kedal (lafal), wirama (tempo), wirasa (intonasi) lan patrap (sikap) kang trep. Paragakna, pambagyaharja ngisor iki ! Bismillahirrohmanirrohim Assalmu’alaikum warahmatullahi wabarakatu Para pepundhen, para sepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja, para satriyaning nagari ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya, para tamu kakung putri ingkang pantes sinudarsana. Kaparengna kula mambeng anggen panjenengan sadaya katemben wawan pagandikan, karana kula piniji Bapak Santosa seklaihan, kinen ngaturaken wudharing gantha babaring sedya, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya wigatosing gati ing kalenggahan punika. Minangka puwarkaning atur langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken atur puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah berkah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula sahengga taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sumbekala. Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning wiwahan punika panjenenganipun Bapak Sentosa sekalihan lumantar kula ngambali ngaturaken rawuh sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, kasuwun tansah lelengahan kanthi mardu mardikaning panggalih, wondene lekas wekasaning sedya wigatosing gati kula aturaken ing mriki, nadyan panjenengan sedaya hambok bilih sampun ngawuningani


6 gatining sedya ing palenggahan punika ingkang sampun sinerat ing kintaka wara punapa dene jawilan. Nun inggih netepi darmaning asepuh Bapak Santosa sekalihan ing kalenggahan punika mahargya suta hamiwaha siwi, ngentas pitulus Kenya putrinipun ingkang sesilih naminipun Rr, Sinta Arum Kaleksanan dhaup kaliyan Bagus Hari Laksana priya tanaya panjenenganipun. Bapak Suseno sekalihan ingkang pidalem ing sragen ingkang sampun kalampahan ijab miturut satattaning adat kanthi pinayungan kaharajan tebih ing sambekala, ingkang punika panyuwunipun. Bapak Santosa (ingkang mengku gati) wonten ngarsa panjenengan sedaya mugi wontena lilaning panggalih para tamu kakung paring jurung puja hastawa puji hastuti dhumateng temanten sarimbit anggenya badhe gesang wonten ing alam bebrayan tansah runtut atut miwah bagya mulya sembada ingkang jinangka basuki kang kaesthi. Para lenggah kakung putrid ingkang satuhu kinurmatan, kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan karana sih pambiyantunipun para sanak kadang pawong mitra langkung-langkung para warga RT 04 ingkang punika hambok bilih panjenenganipun Bapak Santosa (ingkang mengku gati) mboten saged mangsulaken karana lahir, amung kasumanggakaken wonten ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung mugi sih kadarman panjenengan dadosa ngamal kasaenan. Para tamu kakung putrid ingkang pantes sinudarsana Bapak Santosa sakalihan lumantar kula tansah halenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi kerawuhan panjenengan sedaya, kiranging tanggap tangguh gupuh mugi diagung pangaksama, mboten kekilapan dhumateng para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, hambok bilih wonten kiranging suba sita lumantar kula tansah nyuwun agenging pangaksama panjenengan sedaya. Hing wasana minangka pepuntoning aturipun Bapak Santosa sekalihan lumantar kula hambok bilih wonten kiranging boja miwah karma mugi para tamu ngluberaken samodra pangaksama ingkang agung, kula minangka talanging basa kathah atur kula ingkang mboten hanuju prana labet kula ugi hanglenggana kiranging seserepan miwah kirang pana dhumateng ing reh suba sita, basa tuwin sastra, kula amung tumandhah lumbering pangaksama, selajengipun wekdal kula aturaken wangsul dhateng kadang panatacara.


7 Akhirul kalam Wassalamu’alaikum wr. wb. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis! 1. Apa tema pambagyaharja ing dhuwur? 2. Tulisen pokok-pokok pambagyaharja ing dhuwur! 3. Sawise ndeleng pambagyaharja ing dhuwur, coba saiki gawea cengkorongan pambagyaharja ing acara pengetan “kesaktian pancasila”! Membaca Pemahaman Maca kanthi intensif yaiku maca kanthi tujuan bisa mangerteni lan paham tenan marang pendapat-pendapat ing wacan, urutan, retorise, utawa pola-polane wacan iku. Ning kene dibutuhake maca kang banter wacan kang dawane ora luwih saka 500 tembung kanthi wektu 2 menit. Miturut prenahe ukara baku lan ukara panerange, jinise paragraf ana loro, yaiku paragraf deduktif lan paragraf induktif. Ukara baku yaiku ukara kang dadi dasare paragraf utawa kang pokok. Dene ukara panerang iku kanggo njlentrehake ukara baku supaya maksude bisa dimangerteni dening kang maca. Ukara panerang bisa awujud alasan, perangan, utawa conto. Bedane paragraf deduktif karo paragraf induktif, yakuwi katitik saka prenahe ukara baku, paragraf deduktif ik manggon ing wiwitane paragraf menawi liyane awujud andharan utawa ukara panerang. Suwalike, yen paragraf induktif iku ukara bakune manggon ing mburi dhewe iku minangka dudutane. Yen kagambar kaya ing ngisor iki. Kompetensi Dasar : Memaca pemahaman paragraf berdasarkan letak kalimat utama Indikator : 1. Menjelaskan pengertian paragraf deduktif dan induktif 2. Menentukan kalimat yang mengandung gagasan utama 3. Menentukan kalimat penjelas A. Uji Kompetensi


8 1. Paragraf Deduktif 2. Paragraf Induksi Dhek jaman biyen semarang iku kalebu wewengkon Demak. Sing dadi bupati Semarang wektu iku Kanjeng Bupati Pandhanaran. Watakke Kanjeng Bupati Pandhanaran kirang nggatekake marang kawulane. Sunan Kalijaga kepengin buktekake kahanan kuwi, apa bener-bener kedadean utawa mung rerasane wong sing ora seneng. Sunan Kalijaga memba dadi wong ngarit, sukete didol marang Kanjeng Bupati Pandhanaran. Sawise mesthekake bola-bali kabar kuwi bener, Sunan Kalijaga duka banget ngendhika werna-werna. Kanjeng Bupati Pandhanaran mung kendel, dheleg-dheleg, penggalihe nglelimbang ngendikane Kanjeng Sunan. Ing ati gela banget lan rumangsa luput jalaran dadi pimpinan ora nggatekake marang kawulane. Ature Kanjeng Bupati Pandhanaran marang Sunan Kalijaga, ”Dhuh Kanjeng Sunan kula rumaos lepat, punapa tebusan kula supados dedosa kula kaparingan pangapunten dening Pangerang Ingkang Maha Kuwaos?” Sunan Kalijaga ngendika,”Bagus! Akeh lan abot tebusane. Apa sliramu keduga lan kuwawa nglakoni?” Kanjeng Bupati Pandhanaran, ”Inggih badhe kulo tindakaken sakiyat-kiyati kula, Kanjeng Sunan.” Ukara Panerang Ukara Baku Ukara Baku Ukara Panerang B. Coba wacan ing ngisor, golekana ukara bakune saben paragraf, mesthine kowe kabeh bisa ngarani endi sing deduktif lan indukrif Boyolali


9 ”Tebusane sepisan sliramu daklereni kalungguhan Bupati Semarang, kapindho sliramu dakdhawuhi bebadra padepokan mulang agama Islam ana ing tlatah Jabalekat. Lakumu menyang Jabalekat ora dakparengake sangu raja brana. Sliramu mung dakparengake sangu cengkirman, yaiku kencenging pikir lan iman.” Kanjeng Bupati Pandhanaran lajeng kondur menyang Semarang lan ngajak garwane saperlu menyang Jabalekat sangu cengkirman kaya dhawuhe Sunan Kalijaga. Esuke Nyai Pandhanaran banjur tata-tata arep melu budhal. Sarehne wong wadon isih duwe rasa eman-eman marang raja brana, mula Nyai Pandhanaran ngasta tetekan pring sing dibolongi lan diiseni mas inten berleyan sakebeke, tanpa disumuruki Kyai mula mlakune rada keri. Sawise tekan ing alas gedhe lakune Kyai Pandhanaran dicegat dening rombongan begal telu cacahe. Kyai Pandhanaran diincim kon masrahake bandha apa nyawane. sarehna ora nggawa apa-apa mula begal tikon takon Nyai Pandhanaran. Sarehning wedi mula tongkat isi mas, inten lan berleyan diwenehake begal. Nyai Pandhanaran nerusake laku cepetcepet nututi Kyai Pandhanaran. Sawise ketututan Nyai matur,” Kyai ngrika wau wonten tiyang tiga ingkang tumindak salah.” Kyai banjur ngendika, ”ya wis sesuk yen ana rejaning jaman papan kene arep dak jenengake salah tiga (salatiga).” Kekarone banjur nutugake laku. Begal telu sawise nyigar pring isine mas, inten banjur isih srakah kepengin ngrebut keba, mula begal diunekake kaya watake wedhus. Sanalika begal telu malih dadi wedhus. Kekarone banjur nerusake laku maneh. Dene wedhus tetelune terus ngetutake arep njaluk ngapura supaya bisa malih dadi wong maneh. Nanging Kyai Pandhanaran ngendika yen wis tinakdir ora bisa. Lakune Nyai Pandhanaran tansah keri kepara rada adoh. Nyai Pandhanaran tansah sambat mlaku adoh ditinggal kakunge. Penggalihe nggrantes apa kakunge wis lali karo garwane. Ngendikane, ” Ki Ageng boya lali karo aku.” Sarehne bola-bali disebut asmane mula Kyai Pandhanaran krasa penggalihe. Papan mau banjur dijenengke boya lali, suwesuwe dadi Bayalali, banjur dadi Boyolali. Sawise bisa bebarengan meneh Kyai Pandhanaran sekaliyan banjur nerusake lampah tumuju Jabalekat, saiki katelah Bayat wewengkon Klaten C. Wangsulana Pitakhon ing ngisor iki!


10 1. Endi ukara bakune paragraf-paragraf ing ndhuwur iku? Wangsulan : .............................................................................................................................. 2. Endi ukara panerange paragraf-paragraf ing ndhuwur iku? Wangsulan : .............................................................................................................................. 3. Endi kang kalebu paragraf deduktif lan paragraf induktif? Wangsulan : .............................................................................................................................. 4. Apa titinane? Wangsulan : .............................................................................................................................. 5. Apa arane yen sajrone paragraf ukara baku prenahe ana ing kawiwitan lan ing mburi? Wangsulan : .............................................................................................................................. Menulis Wacana Sederhana Kabeh mesthi padha duwe pengalaman pribadi kang lucu, nyenengake, utawa gawe susah. Pengalaman kang diceritakake iso pengalaman kang lucu, nyenengake, utawa ora ngepenakake. Anggonmu critakake pengalaman pribadi bisa nganggo ragam basa ngoko utawa krama. Supaya gampang, crita kang arep kokandharake bisa digawe karangka dhisik, banjur neng ngarep kelas koandharake kanthi kreasimu dhewe. Nganggo tembung-tembung lan Kompetensi Dasar Menulis wacana sederhana dengan mempertimbangkan letak kalimat utama Indikator 1. Menceritakan pengalaman pribadi yang berkesan dalam berbagai ragam bahasa ngoko dan krama. 2. Membuat kerangka topik pengalaman pribadi.


11 ukara kang cetha lan bisa nyengsemake, supaya kang ngrungokake padha seneng. Yen wis rampung anggonmu crita, wangsulana pitakon-pitakon saka kancamu. 1. Critakna pengalaman pribadimu ing ngarep kelas! 2. Gaweya pitakonan marang kancamu kang maju neng ngarep kelas! Mendengarkan Wawancara Wawancara iku sawijining cara kanggo nglumpukake dhata utawa katrangankatrangan sing dibutuhake tumrap wong sing lagi ngayahi tugas gawe makalah utawa pawarta, lan uga pengin mangerteni apa wae kang kudu dibutuhake. Wawancara iku ditujokake marang ahline utawa pakare. Wong kang wis ahli mau diarani pujangga sing bisa diendelake kapinterane. Babagan kang prelu digatekake sedurunge nindhakake wawancara yaiku kaya kang ngisor iki : 1. Nemtokake topic wawancara 2. Nemtokake tujuwane (informasi apa kanga rep digoleki) 3. Nyiapake pitakon-pitakonan 4. Nemtokake sapa narasumbere B. Wangsulana pitakon-pitakon saka kancamu! Kompetensi Dasar: Mendengarkan wawancara berupa rekaman atau langsung Indikator: 1. Siswa mampu menemukan hal-hal yang harus diperhatikan dalam wawancara 2. Siswa mampu menyebutkan siapa saja yang terlibat didalam wawancara 3. Siswa mampu menanggapi secara lisan isi wawancara yang didengar 4. Siswa mampu merangkum kembali isi wawancara dengan ragam basa krama A. Ngungokake Wawancara


12 5. Gawe janji karo narasumbere, kapan lan neng papan endi anggone ketemu kanggo wawancara Sabanjure nalika wawancara kudu nggatekake babagan kaya ing ngisor iki : 1. Miwiti wawancara kanthi salam 2. Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguhing basa 3. Pandelenge tumuju marang narasumber 4. Aja menehi pitakonan-pitakonan kang wangsulane “iya” utawa “ora” 5. Mungkais wawancara kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber wis menehi informasi Rungokna wawancara ing ngisor iki kanthi permati, golekana apa isine, sapa sing wawancara lan jlentrehna kanggo basamu dhewe! Eko : Sugeng sonten Bapak Pak Burhan : Sonten, eee….kowe no, ana apa kok kadingaren sore-sore mrene? Eko : inggih Pak, saderengipun nuwun sewu menawi sowan kula punika kirang mranani panggalih. Pak Burhan : Ya ora apa-apa, wong aku ya lagi leyeh-leyeh bae kok, rene lungguh neng jero bae! Eko : Inggih matur nuwun. Mekaten Pak, sowan kula punika sejatosipun badhe nyuwun dipunjlentrehaken caranipun damel jamur kripsi, amargi miturut saperangan tiyang, Bapak ingkang ahlinipun damel jamur kripsi. Pak Burhan : Bener aturmu kuwi, pancen jamur kripsi kuwi saiki lagi kondhang. Eko : Lha kenging menapa kok jamur kripsi kasebut kondhang Pak? Pak Burhan : Jamur kripsi kuwi enak rasane, sakliyane kuwi regane ya ora patiya larang Eko : Lajeng punapa mawon Pak ingkang dipunbetahaken nalika damel jamur kripsi? Pak Burhan : Bahan-bahane ora akeh cukup jamur sakprelune, terus endhog, lan bawang putih, lan terigu, alate cukup kompor lan wajan. Eko : Ooooo mekaten Pak. Lajeng caranipun damek kados pundi Pak? Pak Burhan : Sepisan jamur dikumbah, kaping pindho jamur disuwiri, kaping telu endhog dikocok, kaping papat bawang putih dialuske lan diwenehi banyu, kaping lima gandum diwenehake neng lemper. Carane yaiku jamur kang wis disuwiri dicampur karo endhog kang wis dikocok, sakwise kuwi dijunjung terus dicampuri bawang putih kang diwenehi banyu terus dicampur karo gandum terus diuleni gandume lan digoreng. Eko : Lajeng caranipun nyade kados pundi Pak?


13 Pak Burhan : Gampang, biyasane nganggo kap plastic lan sedurunge diwenehi bumbu rasa balado, sapi panggang lsp utawa diwenehi saos. Eko : Wah, saestu sampun gambling katrangan saking Bapak, mugi-mugi kula saged ngrembakakaken pangertosan punika dhateng para para sanesipun. Selajengipun, kaparengna kula nyuwun pamit lan matur nuwun sanget, Pak. Pak Burhan : Ya….. No, sing ati-ati ya ! Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis! 1. Apa bae kang perlu digatekake nalika nindakake wawancara? 2. Sapa bae kang ana ing wawancara kasebut? 3. Apa tujuwane Eko mawancarai Pak Burhan? 4. Kenapa wong-wong akeh sing padha mbudidaya jamur kripsi? 5. Apa wae kang dibutuhake nalika gawe jamur kripsi? Ringkesen bakune wawancara ing dhuwur mau antarane 7-10 ukara! Rungokna wawancara ana TV (acara bebas, topike bebas) terus garapen soal ngisor iki mitirut bab-bab kang digatekake nalika wawancara! Kepiye tanggapanmu gegayutan karo isine wawancara kang ko rungokake! Berdialog dengan Tingkat Kesantunan B. Uji Kompetensi 1 Uji kompetensi 2 Kompetensi Dasar: Berdialog sesuai dengan tingkat kesantunan Indikator: 1. Siswa mampu menentukan tema dialog


14 Unggah-ungguh basa jawi tansah ngemu surasa kang wigati, amarga basa iku dadi piranti sajroning pasrawungan. Nalika guneman karo wong liya iku prayogane nggunakake unggah-ungguh kanthi nggatekake : 1. Apa kang digunem 2. Sapa sing diajak guneman 3. Sapa sing digunemi 4. Ana ngendi papane 5. Kepriye 6. swasanane Unggah-ungguh basa jawa iku ditrapake utawa dicakake ora liya duwe tujuwan kanggo ngurmati utawa ngajeni wong liya. Miturut cak-cakane basa jawa iku kaperang dadi 2, yaiku basa ngoko lan basa krama. 1. Basa Ngoko Basa ngoko ana werna 2, yaiku : a. Ngoko lugu Ngoko lugu iku kanggone : - Omongane bocah karo bocah sing wis kulina - Omongane wong tuwa karo wong enom sing wis kenal - Omongane wong tuwa karo anake A. Celathu Mawa Unggah-ungguh B.


15 - Yen lagi ngunandhika Tuladha : - “Kowe arep menyang endi, Li!” - “Nit, aku jupukna majalah sing ana ing meja kae!” -“Di, bocah sekolah kudu sregep sinau” -“Kapan ya aku duwe sepedha motor” b. Ngoko alus Ngoko alus kadadeyan saka ngoko lan karma inggil, kanggone : - Ibu marang Bapak - Adhi marang kangmase utawa mbakyune, bisa uga kangmas utawa adhi kang diajeni marga pangkate luwih dhuwur - Anak marang wong tuwa Tuladha: - “Pak, panjenengan wis dhahar apa durung?” - “Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskop” - “Ibu apa gerah, kok aras-arasen” 2. Basa Krama Basa krama iku ana werna 2, yaiku : a. Krama lugu Karma lugu kanggone : - Guneman wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni - Guneman bocah karo bocah sing durung kulina Tuladha: - “Adhi kula nembe tilem” - “Wah, kojur garapan kula kathah ingkang lepat” b. Krama alus Krama alus kadadeyan saka krama inggil, kanggone : - Guneman bocah wong enom marang wong tuwa - Wong enom marang wong enom sing diajeni - Sapadhane wong tuwa kang padha ngajeni - Pawongan kang padha-padha ngajeni Tuladha:


16 - “Pak, menapa panjenengan kagungan arta?” - “Bu, kula dipunutus nyaosaken serat ulem” - “dinten menika panjenengan boten tindhakan, Bu?” - “Panjenengan badhe mirsani menapa?” Gatekna pacelathon ing ngisor iki, banjur tindhakna guneman! David : Assalamu’alaikum Pak Ali : Wa’laikumsalam… ooo David, njanur gunung sore-sore wis tekan kene, ana apa? David : Inggih Pak, sowan kula mriki badhe nyuwun pirsa sejarahipun “pertempuran 5 hari” ing kitha semarang. Pak Ali : O…kuwi terus apa sing arep koktakokake marang Bapak? David : Mekaten Pak, kados pundi larah-larahipun kadadosanipun paprangan 5 dinten ing kitha semarang? Pak Ali : Mengkene… Sawise kamardikan RI wis dipratelakake dening Ir Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kadadeyan kaya ngono ana ing ngendi bae kayata medan, Surabaya lsp. Semono uga ing kutha semarang. Nalika semana tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening jepang. Yen pawarta mau bener, ateges wong sasemarang bakal keracunan. Mula pangarsa laoratorium pusat rumah sakit rakyat (Purusara) kutha semarang, dr karyadi enggal budhal menyang siranda saperlu mriksa banyu tandhon wungkal kasebat. Ananging ing dalan dicegat, banjur diprajaya dening jepang. Tahanan jepang ing sekolahan pelayaran padha brontak sateruse perang ora bisa dialang-alangi maneh. Perjuwangane para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang. David : Lajeng, pasulayan menika wiwitanipun surya pinten, ngantos pinten dinten, Pak? Pak Ali : Saka tanggal 14 Oktober 1945 nganti 19 Oktober 1945, kira-kira ya 5 dina David : Lajeng menapa wonten sesambetanipun kaliyan Monumen Tugu Mudha Pak?


17 Pak Ali : Ana, Monumen Tugu Mudha kuwi dibangun kanggo mengeti kadadeyan kuwi David : O…mekaten, samenika kula sampun ngertos Pak, maturnuwun seserepanipun. Pak Ali : Ya, padha-padha David : menawi mekaten kula nyuwun pamit wangsul rumiyin inggih Pak. Pak Ali : Iya, ngati-ati. I. Sawise nindhakake pacelathon ing dhuwur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Apa kang dirembug ing pacelathon dhuwur? 2. Basa apa kang digunakake David marang Pak Ali? 3. Jlentrehna kadadeyane paprangan 5 dina ing Semarang! 4. Kapan kadadeyane paprangan 5 dina ing Semarang! 5. Kanggo apa monument tugu mudha dibangun? II. Jlentrehna panemumu magepokan karo pacelathon ing dhuwur kang ditindhakake dening kancamu! Peranganing Wicara Tanggapan 1. Pamilihing tembung/diksi 2. Wirama/intonasi 3. Kecapan/pelafalan 4. Kelancaran 5. Patrap/sikap 1. ………………………………. 2. ………………………………. 3. ………………………………. 4. ………………………………. 5. ………………………………. A. Uji Kompetensi 2 I. Gathukna tembung-tembung larikan kiwa kang tegese padha karo kang ana sisih tengen ! 1. Seserepan a. Wektu 2. Tabuh b. Sore 3. Sonten c. pengetahuan 4. kitha d. bali A. Uji Kompetensi 1


18 5. wiwitane e. peringatan 6. wangsul f. hubungane 7. sesambetanipun g. awale 8. mengeti h. berita 9. pawarta i. peristiwa 10. prastawa j. kutha II. Ndhapuka pepanthan/kelompok, saben pepanthan 2 siswa. Sabanjure gawea teks dialog lan praktekna ing ngarep kelas! 1. Kang dirembug (tema) kiprahe kawula mudha 2. Parage loro, kang siji dadi nom-noman, dene sijine dadi wong kang luwih tuwa 3. Basa kag kogunakake basa krama 4. Dawane pacelathon sakora-orane pitakon sepuluh ukara lan wangsulan ya sepuluh ukara 5. Ora usah wedi, para siswa mesthi bisa. Sugeng nyoba! Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15 kalimat Saliyane nulis aksara Jawa, para siswa becike uga asring gladden maca teks aksara Jawa. Kanthi gladden nulis lan maca teks mawa Aksara Jawa, sansaya lancar anggonmu bisa gunakake aksara Jawa. Mula iku, akehana anggonmu gladden nulis lan maca teks mawa aksara Jawa. Kompetensi Dasar Membaca pemahaman wacana berhuruf Jawa 10-15 kalimat Indikator: 1. Membaca teks yang disediakan dengan lancar dan benar 2. Mengungkapkan isi bacaan 3. meceritakan kembali bacaan dalam beberapakalimat


19 Dhek jaman biyen semarang iku kalebu wewengkon Demak. Sing dadi bupati Semarang wektu iku Kanjeng Bupati Pandhanaran. Watakke Kanjeng Bupati Pandhanaran kirang nggatekake marang kawulane. Sunan Kalijaga kepengin buktekake kahanan kuwi, apa bener-bener kedadean utawa mung rerasane wong sing ora seneng. Sunan Kalijaga memba dadi wong ngarit, sukete didol marang Kanjeng Bupati Pandhanaran. Sawise mesthekake bola-bali kabar kuwi bener, Sunan Kalijaga duka banget ngendhika werna-werna. Kanjeng Bupati Pandhanaran mung kendel, dheleg-dheleg, penggalihe nglelimbang ngendikane Kanjeng Sunan. Ing ati gela banget lan rumangsa luput jalaran dadi pimpinan ora nggatekake marang kawulane. Ature Kanjeng Bupati Pandhanaran marang Sunan Kalijaga, ”Dhuh Kanjeng Sunan kula rumaos lepat, punapa tebusan kula supados dedosa kula kaparingan pangapunten dening Pangerang Ingkang Maha Kuwaos?” 1. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi lesan! a. Wacan ing dhuwur iku crita apa? b. Irah-irahanipun babagan apa? c. Apa kang bisa dijupuk saka wacan ing nginggil iku? 2. Wacan ing dhuwur iku gawenen ringkesane, nuli critakna ing ngarep kelas nganggo basamu dhewe! Menulis wacana sederhana menggunakan huruf Jawa B. Wacanen teks ngango aksara Jawa iki kanthi lancar! Kompetensi Dasar Menulis wacana sederhana menggunakan huruf Jawa Indikator 1. Mampu menjelaskan fungsi setiap sandhangan panyigeg 2. Mampu menulis kalimat berhuruf Jawa dengan menerapkan sandhangan panyigeg


20 Dhek jaman biyen semarang iku kalebu wewengkon Demak. Sing dadi bupati Semarang wektu iku Kanjeng Bupati Pandhanaran. Watakke Kanjeng Bupati Pandhanaran kirang nggatekake marang kawulane. Sunan Kalijaga kepengin buktekake kahanan kuwi, apa bener-bener kedadean utawa mung rerasane wong sing ora seneng. Sunan Kalijaga memba dadi wong ngarit, sukete didol marang Kanjeng Bupati Pandhanaran. Sawise mesthekake bola-bali kabar kuwi bener, Sunan Kalijaga duka banget ngendhika werna-werna. Kanjeng Bupati Pandhanaran mung kendel, dheleg-dheleg, penggalihe nglelimbang ngendikane Kanjeng Sunan. Ing ati gela banget lan rumangsa luput jalaran dadi pimpinan ora nggatekake marang kawulane. Ature Kanjeng Bupati Pandhanaran marang Sunan Kalijaga, ”Dhuh Kanjeng Sunan kula rumaos lepat, punapa tebusan kula supados dedosa kula kaparingan pangapunten dening Pangerang Ingkang Maha Kuwaos?” 1. Tulisen wacan aksara Jawa iku nganggo aksara latin? 2. Coba sebutna sandhangan panyigeg kang ana ing wacan iku? 3. Tulisen wacan ing dhuwur kanthi nerepake sandhangan panyigeg! Mendengarkan geguritan B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! Kompetensi Dasar: Mendengarkan geguritan yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman Indikator: 1. Siswa mampu menjelaskan tema geguritan yang dibacakan 2. Siswa mampu mengungkapkan makna yang terkandung dalam geguritan 3. Siswa mampu menyebutkan amanat yang terkandung dalam geguritan


21 A. Ngrungokake Geguritan Ora saben wong bisa ngrasakake endhahe geguritan. Sejatine, yen bisa ngrasakake endhahe geguritan iku bakal nemokake mupangat kang ora sathithik. Mupangat iku kayata: bisa ngipur ati, bisa nambahi kawruh, bisa ngalusake budi pakarti, bisa ngregani marang karyane wong liya, lan isih akeh maneh mupangat liyane. Supaya bisa ngrasakake endhahe geguritan, ana bab-bab kang perlu digatekake, yaiku : 1. Nemokake tema utawa apa kang dikarepake pangripta (pengarang) kanthi tembungtembung kang dipilih, 2. Nemokake maknane tembung-tembung entar(makna kias) kang digunakake dening pangripta, 3. Nggathuk-ngggathukake karo kanyatan kang kira-kira ana sambung rapete karo isine geguritan, lan 4. Nemokake amanat, yaiku nemokake teges utawa pesen apa kang dikandhut dening geguritan sawutuhe. Kajaba bab-bab ing dhuwur perlu uga digatekake yaiku wirama, wirasa, lan wiraga. Wirama magepokan karo swarane kang maca(artikulasi, intonasi, tempo, nada, irama). Wirasa gegayutan karo pangrasane kang maca(panjiwaan) marang isine geguritan kang diwaca. Dene wiraga(penampilan/peragaan) nyakup cara-carane maca geguritan kang mujudake karya seni. Gatekna geguritan kang diwaca kancamu ing ngisor iki! Kanggo Bumi Kinasih Karipta dening : Djartiwan H.S Yen dinuku saka ngawiyat, kaya jamrud katulistiwa Tanah bumi kinasih iki Jaja ligan gegaman pusaka Rante waja, dhuwung jingga manca warna


22 Sapa ngalap, sapa ingsun Sadumuk bathuk sanyari bumi Bakal kasuwek wani Oh Ibu wutah getihku Tak rungkebi tumeka akhir uripku Warastra langkab tak cangking mesthi Ing iringing dammar sasi Sebaya pati pada ngisi kamardhikan iki Ngurung kebi bumi kinasih iki B. Uji Kompetensi 1 Terangna tegese tembung-tembung ing ngisor iki! 1. Dinulu 2. Ngawiyat 3. Jamrud 4. Katulistiwa 5. Kinasih 6. Dhuwung 7. Manca warna 8. Ngalap 9. Sedumuk bathuk 10. senyari 11. wutah getihku 12. tak rungkebi 13. tuneka 14. warastra 15. langkap 16. damarsasi 17. sebaya pati 18. iringing 19. kamardhikan 20. bumi kinasih C. Uji Kompetensi 2 Wangsulana pitakon ing ngisor iki ! 1. Apa temane geguritan kanthi irah-irahan “kanggo bumi kinasih”? 2. Apa maknane geguritan kasebut? 3. Apa tema saka geguritan kasebut? Mendiskusikan Isi Geguritan Kompetensi Dasar: Membahas atau mendiskusikan isi geguritan Indikator: 1. Siswa mampu mengartikan kata yang sulit dalam geguritan


23 A. Ngrembug Isine geguritan Kanggo ngrembug isine geguritan kudu bisa ngartike tembung-tembung sing angel saka geguritan iku. Gatekna geguritan ing ngisor iki ! Aja Gampang Gumun Saha Getun Aja gampang gumun Marang apa wae kang kokprangguli Nganti gawe ngungun sarta getun Yen swasana sarwa kleru Senadya cengkah marang batinmu Umbaren Ya iki pinangka pandhangane kalbu Jagad kang kebak bebendu Ya begjamu ora gampang kablithuk manthuk Marang kahanan kang sarwa kaladuk Aja ngresenu Yen apa-apa kang kokrungu Mung sarwa ngojok-ojoki atimu Kahanan wis kadhung rojah-rajeh Sanajan wis akeh pameleh Ora jeleh-jeleh Akeh kang dhemen nyimpen waja Ing jerone dhadha Nggembol perkara Wutah dadi prahara Aja gampang gumun sarwa getun Dadi manungsa kang sarwa prasaja Kudu pawitan kawicaksanan manyuta-nyuta


24 B. Uji Kompetensi Wangsulana pitakon iki karana rerembugan 1. Tulisen tegese tembung ing ngisor iki! a. Mrangguli b. Ngungun c. Penemu d. Cengkah e. Ngumbar f. Bebendu g. Kaladuk h. Ngresenu i. Prahara j. kawicaksanan 2. Tulisen wosing pada sepisan awujud gancaran nganggo basa krama inggil akehe 2 ukara! 3. Tulisen piwulang bab budi pekerti kang kamot eneng pada kapindho nganggo basa ngoko lugu! 4. Tulisen piwulang bab urip ana bebrayan iku kudu andhap asor miturut isine pada katelu! Wangsulana nganggo basa krama inggil! Nembang macapat A. Pangertosan Tembang Kompetensi Dasar 3.3 Nembang Tembang Indikator: 1. Menembangkan tembang kinanthi dengan benar 2. Mengetahui guru lagu, guru wilangan tembang kinanthi Wong temen bakal tinemu


25 Tembang inggih punika reroncening (rangkaian) tembung inggih punika gadhahi paugeran gumathok/tinamtu kang di waca kanthi lagu kang tinamtu. Dados, tembang macapat kabekta anggenipun nyekaraken kapedhot dados kawan-kawan wanda, nanging nadyan mekaten pamedhotipun kedah ngemuti reroncening tembung-tembungipun kaanggit sampun ngantos tembungipun pedhot, ingkang wusananipun mahanani suraosipun dados ewah awit sekar macapatan punika kaiket dening guru lagu, guru wilangan saha guru gatra. Guru lagu : Aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra (baris) Guru wilangan : Akehing kecap (ucap)/wanda (suku kata) saben sagatra. Guru gatra : Cacahing baris saben pada (bait) Wonten tigang pamanggih ngingingi pangertosan tembang macapat inggih punika: 1. Maca papat-papat (cacahing wanda) 2. Pat : cacahing tandha vokal diakritik ing seratan jawi ingkang laras kaliyan paugeraning sekar (wulu, suku, taling, taling tarung) 3. Miturut serat Mardawalagu maca pat lagu maca tri lagu maca ro lagu maca sa lagu Kinanthi, slendro sanga 5 6 1 1 1 1 16 12 Padha gulangen ing kalbu 1 6 5 5 56 532 12 16 Ing sasmita a - mrih lantip B. Bareng-bareng nembang macapat Kinanthi


26 1 2 2 2 1 1 12 165 Aja pijer mangan nendra 5 6 65 61 5 2 16 2 Kaprawiran den kaesthi 2 3 5 6 61 532 12 165 Pesunen sa-ri – ra – ni - ra 5 6 1 1 2 2 16 1216 Cegahen dhahar lan gu-ling 1. Tembang ing dhuwur ngemut pituduh apa? 2. Uwong urip iku kudhu kepriye? 3. Kenapa kudhu nyegah dhahar lan turu? 4. Kepriye carane nglatih supaya pener anggone nembang? 5. Pira cacahe guru lagu, guru wilangan tembang kinanthi iku? Menulis Syair Tembang Macapat Kompetensi Dasar 4.3 Menulis Syair tembang macapat Indikator 1. Membuat tembang macapat dengan lafal dan intonasi yang tepat 2. Membuat titilaras tembang Kinanthi 3 Menembangkan tembang Kinanthi sesuai dengan titilaras yang tepat. 4. Mampu memparafrasekan teks tembang Kinanthi. C. Wangsulana pitakon ing ngisor iki adhedasar tembang ing dhuwur!


27 Tembang yaiku reriptan utawa dhapukaning basa mawa paugeran tartemtu (gumathok) kang pamacane kudu dilagokake nganggo kagunan swara. Tembang kapirang dados tigang werna, yaiku: 1. Tembang kawi utawa tembang gedhe; 2. Tembang tengahan utawa tembang dagelan; lan 3. Tembang macapat utawa tembang cilik. kang kepetung tembang macapat yaiku: 1. Asmaradana, saben sapada ana 7 gatra/larik 2. Dhandhanggula, saben sapada ana 10 gatra/larik 3. Durma, saben sapada ana 7 gatra/larik 4. Gambuh, saben sapada ana 5 gatra/larik 5. kinanthi, saben sapada ana 7 gatra/larik 6. Maskumambang, saben sapada ana 4 gatra/larik 7. Megatruh, saben sapada ana 5 gatra/larik 8. Mijil, saben sapada ana 6 gatra/larik 9. Pangkur, saben sapada ana 7 gatra/larik 10. Pocung, saben sapada ana 4 gatra/larik 11. Sinom, saben sapada ana 9 gatra/larik Para siswa wis diajari maca lan ngapresiasi tembang macapat. Saliyane bisa ngapresiasi, amrih becike uga bisa nulis utawa ngarang tembang macapat. Sadurunge nulis, temtokna tema utawa idhe bakune. sabanjure kembangna tema iku arupa tembang macapat. Supaya duwe gambaran, ing ngisor iki kaandarake sawijinng tulodho tembang macapat. Tembang Macapat Kinanti Sanadyan ta nora milu pasthi wruh silahing maling kaya mangkono sabarang panggawe ala puniki sok weruh annuli bisa yeku panuntuning iblis


28 1. Tembang Kinanti ing dhuwur apa temane/ 2. Terangna saben sagatra 3. Goleka ide utawa tema babakan pendidikan, banjur kembangna dadi tembang. A. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan kang paling bener ! 1. Nganjuk wis, wis, wis kita pungkasi padudon iki dimen padha tentrem ruh-ruh kuwi jroning sare kang abadi Saka pethilan geguritan ing dhuwur nggambarake wasana pawongan sing padha … a. Sayuk rukun b. Tepa slira c. Congkah d. Milih-milih kanca e. Kepenak sare


29 2. a.) supaya padha bareng-bareng ngadekake cagak kang ambruk b.) supaya padha rukun, tulung tinulung amarga bakal ana prahara teka c.) supaya padha bareng-bareng babadi gerumbulan rungkud d.) supaya padha siaga amarga prahara meh teka e.) supaya padha ora padu amarga nyebabake ruh padha tangi Amanat kang kandhut ing geguritan “Nganjuk” yaiku … a. 1 b. 2 c. 3 d. 4 e. 5 3. Geneya … bagaskara mesem sumilak hangajak gawe driya adem ora kudu nyuwara seru mundhak saru Tembung bagaskara tegese yaiku … a. Langit b. Bumi c. Srengenge d. Gunung e. Banyu 4. Sanadyan calon dokter, Suryadi ora sombong, tetep ramah, andhap asor marang sapa bae. Tembung andhap asor tegese … a. Prasaja b. Gawe kebecikan c. Ora milih-milih kanca d. Seneng tetulung e. Lembah manah 5. Wayang wong lan ketoprak iku kalebu kesenian daerah … a. Jawa timur lan bali b. Jawa tengah lan jawa timur c. Jawa tengah lan Madura d. Jawa tengah lan jawa barat e. Jawa timur lan madura 6. “Subasita mung kari crita” Ukara kang tegese padha karo ukara ing dhuwur yaiku … a. Manungsa isih ngugemi subasita b. Manungsa seneng dicritani subasita c. Manungsa wis ora ngerti subasita


30 d. Manungsa wis ora ana critane maneh e. Subasita mung dienggo crita 7. Aku kerep mrangguli siaran wayang kulit ing televise, mrangguli tegese … a. Weruh b. Nonton c. Ngenteni d. Ndeleng e. Methuki 8. Jinise tembang kang kawengku dening guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra iku kalebu golonganing tembang … a. Dolanan b. Gedhe c. Macapat d. Cilik e. Tengahan 9. Ing kutha semarang uga nduweni bidaya tari khas semarang, yaiku … a. Kudha lumping b. Gambang semarang c. Kukila d. Barongse e. Merak 10. Ing ngisor iki tuladha tembung dwi lingga yaiku … a. Kumlawe b. Bola-bali c. Grusa-grusu d. Cengenges e. Dolan-dolan 11. Cacahing wanda saben sagatra ing tembang macapat diarani … a. Dhong dhing b. Guru wilangan c. Guru wanda d. Guru lagu e. Guru gatra 12. Menawa arep menyang pasar aku titip Lombok sewu rupiah. sing kalebu tembung rura basa yaiku … a. Menyang pasar b. Aku titip c. Titip Lombok


31 d. Sewu rupiah e. Arep menyang 13. Linggane tembung mriksani yaiku … a. Mriksa b. Priksa c. Riksa d. Amriksa e. Ngreksa 14. Bapak nembe … panjenengan dipunaturi nengga sawetawis a. Mangan b. Nedhi c. Nedho d. Dhahar e. Nedha 15. Ing crita Ramayana, nalika Rama nggoleki Dewi Shinta sing dicidra dening Rahwana, Rama direwangi dening sawijine wanara putih kang arane … a. Sugriwa b. Subali c. Anoman d. Anila e. Anggada 16. Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane tembung entar yaiku … a. Dewa-dewi padha jejogedan ing khayangan b. Awake Paijo saya suwe mung kari lunglit c. Eseme bocah kae pait madu d. Ibu nguleg sambel e. He,,, ngati-ati lho, pranyata bocah kae dawa tangane 17. Dasa namane tembung “anak” yaiku … a. Warih b. Sunu c. Bantala d. Wukir e. Re 18. Guru gatra, guru lagu lan guru wilangane tembang pangkur yaiku … a. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8a b. 8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i c. 8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8a d. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i


32 e. 8a, 10i, 7u, 7a, 12u, 8a, 8i 19. Sadumuk bathuk ntinari bumi, tegese … a. Ora nduweni tepa slira marang sapadha-padha b. Wong kang tansah nyepelekake liyan c. Wong kang lembah manah d. Wong kang rumangsa paling becik e. Wong kang ora gelem kalah karo wong liya 20. Kesenian tradisional ngisor iki wis diakoni dadi kesenian nasional, kajaba … a. Kethoprak b. Cokekan c. Beksan gambyong d. Wayang wong e. Karawitan B. Wangsulana pitaken-pitaken iki kanthi pratitis ! 1. Geguritan ngisor iki dadekna gancaran! Sajadah warisane ibu kang tansah gumanthung ing canthelan Kumlebat kena panyuntake kipas angin Setya nggugah ngorok sesengguran Kalela-lela impen katalompen Hawa angles wiwit lumesep Aku ndhedhepe karep Dosa-dosa iku kudu walaka marang sapa Marang saben ngaling-alingi Dosa-dosa kang tansah dakjumputi Ing sepine wengi ora ana sapa-sapa Ing telenge ati Aku bisa walaka Sajadah warisane ibu kang tansah gumanthung ing canthelan Kumlebat nuduhake cathetan-cathetan Saka sajadah tansah taksimak Panyendhu saka penyurunge ibu Kang tansah nyuntak-nyuntak Wangsulan : ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… 2. Kembangna pethilan geguritan ngisor iki supaya dadi geguritan kang endah lan ngandut teges kang becik! Indonesia nangis


33 akeh wong-wong padha gumlewang tanpa ana teges akeh wong-wong padha mati Wangsulan : ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… 3. Sebutna bab-bab kang kudu digatekake yen arep nggawe sesorah! Wangsulan : ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… 4. Sebutna patang lageyan basa (gaya bahasa) kang komangerteni, banjur wenehana tuladha! Wangsulan : ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… 5. Nulisa geguritan kang ngemot pitutur bekti marang wong tuwa kang ngandut basa kawi, purwakanthi, lan lageyan basa kang trep! Wangsulan : ……………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………


34 Mendengarkan Musyawarah Kompetensi Dasar : Mendengarkan kegiatan musyawarah yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman. Indikator 1. mencata Mencacat pokok-pokok pembicaraan. 2. Merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat 3. Menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan atau dukungan Tujuan Pembelajaran 1.Peserta didik dapat mengidentifikasi pokok-pokok isi pembicaraan yang di. 2.Peserta didik dapat merangkum isi pembicaraan ke dalam beberapa kalimat. 3. Peserta didik dapat menanggapi pembicaraan dalam bentuk kritikan atau dukungan.


35 Materi Musyawarah Musyawarah punika mujudaken kegiyatan gineman sesarengan ingkang ngrembug sawijing prekara kanthi ancas pikanthuk kasil mupangat. Saking kasiling mupakat kangge lelandhesan ngayahi sawijining pakaryan. Pramila ing musyawarah kasebat saking panemu ingkang saged makili kekarepanipun tiyang kathah murih ktmu becik ing tembe mburi. Musyawarah saged lumaku kanthi becik menawi sedaya ingkang magepokan kaliyan kagiyatan punika ngetrepi kuwajibanipun piyambak-piyambak. Wonten sawijining tiyang ingkang dados moderator ingkag mranata lakunipun musyawarah. Moderator punika miwiti kanthi ngandharaken punapa ingkang dipunrembug, mratitisaken sinten ingkang kajibah ngundhal panemu, maringi kalodhangan marang ingkang nanggapi, lan ingkang pungkasan mesthi nemtokaken dudutan/kesimpulan. Rungakna wacana kanga rep diandharake dening ibu/bapak guru! Ketua OSIS : Para kadang pangurus ingkang tansah kinurmatan, wonten kalodhangan punika mangga sesarengan ngrembag babagan punapa kemawon ingkang prelu dipuncepakaken kangge mahargya damel ageng inggih punika Semarang Pesona Asia ingkang badhe kaleksanan surya kaping 10-15 November 2011. Widodo : Sedherek ketua, punapa kemawon wujudipun kagiyatan SPA punika? pikajeng kula, menawi kita mangertos langkung gamblang kita boten tumpang suh anggenipun nyepakaken sedayanipun.


36 Satriyo : Leres punapa ingkang dipunandharaken dening sedherek Widodo punika. Kita punika namung jejeripun siswa, kanthi mekaten ingkang saged kita adani punika mligi ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pendidikan. Ketua OSIS : Maturnuwun, pitakenan sedherek Widodo lan sedherek Satria. Miturut kabar ingkang kula tampi kagiyatanipun ingkang badhe dipungelar ingih punika: (1) pagelaran seni lan budaya tingkat Asia; (2) pameran lan seminar internasional; (3) wisata, inggih punika nepangaken obyek wisata ingkang wonten ing Semarang ngantos sakupengipun Jawa Tengah. Pratiwi : Wah, dados kagiyatan punika tataranipun internasional to? Lajeng punapa ingkang saged kita lampahi? Ketua OSIS : Mesthinipun saged amargi miturut edaran saking wali kota, sedaya warga masyarakat kota Semarang kapurih nyengkuyung kanthi maneka cara. Ingkang gampil piyambak inggih punika nderek njagi karesikanipun papan panggenan sakiwatengen kita piyambak. Supados lingkungan kutha Semarang punika tansah ketingal asri lan nyengsemaken tumrap para tamu saking mancanegari. Rawuipun wisatawan datheng Semarang kaajab saged ngindhahaken wulu pametune warga kota Semarang. Widodo : Ketingalipun sampun gamblang punapa ingkang dipunandharaken dening ketua. Miturut pamanggih kula, kita prelu enggal-enggal damel jadwal kerja bhakti. Pratiwi : Kula sarujuk kaliyan pamanggihipun sedherek widodo, ananging punapa namung punika ingkang saged kita ayahi? Kados pundi gegayutanipun kaliyan pentas seni utawi pameran, punapa kita saged nderek ngisi? Satria : Lho mesthinipun inggih saged.......malah mangke dipunkudang sageda nderek ngindhahaken daya pariwisata ing Semarang. Ketua OSIS : Leres sanged punika sedherek Satria. Kita dipunparingaken nderek ngisi pameran. Utawi pentas seni. Pangajeng-ngajenipun, sageda kangge nglipur para tamu ugi saged kangge narik kawigaten mliginipun para tamu saking manca. Pratiwi : Maturnuwun para sedherek, ....menawi mekaten kula sakanca badhe enggal gladhen beksa sarta sandiwara kemawon.


37 Ketua OSIS : Nggih...., sae punika. Kadospundi, taksih wonten ingkang prelu kita rembag malih? Kula kinten cekap nggih? Menawi mekaten mangga pepanggihan punika kita pungkasi, mugi-mugi sedyatama kita binerkahan dening Gusti Ingkang Murbeng Bawana. Amien. Kirang saha langkungipun atur, kula nyadhong agunging pangaksama. Nuwun, nuwun, maturnuwun. Wangsulana pitakenan-pitakenan ing andhap punika! 1. Babagan punapa ingkang dipunrembug dening Ketua OSIS lan para anggotanipun? 2. Tulisen 5-10 ukara kasil ingkang baku rembugan ing inggil. Mendiskusikan Isi Tembang Macapat ❖ Kompetensi Dasar Membahas dan mendiskusikan isi tembang macapat ❖ Indikator 1. Menentukan watak tembang macapat 2. Mengutarakan nilai-nilai macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa 3. Mengapresiasikan macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa 4. Menentukan amanat yang terkandung dalam tembang macapat 5. Membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama ❖ Tujuan Pembelejaran 1. Peserta didik dapat menentukan watak tembang macapat 2. Peserta didik dapat mengutarakan nilai-nilai macapat dalam berbagai ragam bahasa jawa 3. Peserta didik dapat mengapresiasikan macapat dalam berbagai ragam bahasa Jawa 4. Peserta didik dapat menentukan amanat yang terkandung dalam tembang macapat 5. Peserta didik dapat membuat tembang macapat (yang ditentukan oleh guru) dengan bahasa ngoko/krama


38 Sinden Soimah kawentar ing manca negara Tembang inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawa paugeran tertamtu ingkang maosipun dipunsekaraken miturut titilaras ingkang gumathok. Salah satunggaling tembang Jawa inggih punika tembang macapat. Tembang macapat kaiket dening paugeran tertamtu inggih punika : 1. Guru Gatra : cacahing gatra (larik) saben sapada 2. Guru Lagu : tibaning swara saben pungkasaning gatra 3. Guru Wilangan : cacahing wanda saben sagatra Tembang macapat cacaipun wonten 11 inggih punika : 12. Asmaradana 13. Dhandhanggula 14. Durma 15. Gambuh 16. kinanthi 17. Maskumambang 18. Megatruh 19. Mijil 20. Pangkur 21. Pocung 22. Sinom Titikaning tembang macapat inggih punika : 1. Nganggo paugeran guru gatra, guru wilangan, guru lagu 2. Basanipun ngangge basa Jawi enggal 3. Saged tanpa iringan gendhing Supaya luwih gampang mbedakake antaraning guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang kuwi, saben metrum ditata ana sajroning table ing ngisor iki.: Metrum Gatra I II III IV V VI VII VIII IX X Tembang cilik / Sekar alit Dhandhanggula 10 10i 10a 8é 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i


39 Asmarandana 7 8a 8i 8é 8a 7a 8u 8a Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i Mijil 6 10i 6o 10é 10i 6i 6u Pocung 4 12u 6a 8i 12a Tembang tengahan / Sekar madya Jurudhemung 7 8a 8u 8u 8a 8u 8a 8u Wirangrong 6 8i 8o 10u 6i 7a 8a Balabak 6 12a 3é 12a 3é 12u 3é Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o Tembang gedhé / Sekar ageng Girisa 8 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a 8a Wataking Tembang • Tembang Pocung : saenake, sembranan, guyonan. Gunane kanggo guyonan , (berkelakar), cangkriman, pitutur. • Tembang Mijil : gandrung-gandrung, prihatin, Gunane: pangudhar rasa prihatin. • Tembang Maskumambang : susah nelangsa, prihatin, merana. Gunane kanggo mratelakake rasa susah karana. • Tembang Kinanthi : gandrungasmara. Gunane: kanggo mratelakake rasa susah karanaasmara. • Tembang Durma : nesu, dendam, muring. Gunane kanggo pengeten anlikaning perang, tantang-tantangan. • Tembang Asmaradana : sengsem, nesu, dendam. Gunane mratelakake rasa susah karanaasmara. • Tembang Pangkur : gandrung, tegang. Gunane kanggo menehi pepenget/peringatan • Tembang Sinom : lugu, susah, prasaja. Gunane kanggo menehi pitutur, kanggo mbabar rasa susah. • Tembang Dhandhanggula : luwes, manis, sarwa cocok. Gunane kanggo pitutur, mbabar rasa susah, kanggo pambuka gendhing. • Tembang megatruh : susah, rasa cuwa/gela kang mbangeti. Gunane kanggo mbabarake rasa susah. • Tembang Gambuh : nerangake, nbeber kawruh. Gunane kanggo mulang muruk.


40 Asmaradana Semarangan Aja turu sore kaki Ana dewa nganglang jagad Nyangking bokor kencanane Isine donga tetulak Sandhang kulawan pangan Yaiku bageyanipun Wong melek sabar narima 1. Gawea kelompok saben kelompok patang siswa banjur wangsulana pitako-pitakon ing ngisor iki! a. Apa watak kang kaandhut ing tembang macapat Asmaradana semarangan? b. Nilai-nilai apa wae kang ana ing tembang macapat kasebut ? c. Gancarna tembang macapat lasebut ! d. Apa amanat kang ana ing tembang macapat kasebut ? 2. Saben siswa ngarang tembang macapat Asmaradana Semarangan nganggo titikan guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan uga trep karo watak tembang macapat Asmaradana kanti cara mandiri lan tanggung jawab.


41 Membaca Nyaring Naskah Pidato • Kompetensi Dasar Membaca nyaring naskah pidato • Indikator 1. Mengetahui pokok-pokok isi pidato 2. Membaca teks pidato dengan lafal dan intonasi yang sesuai dengan unggah ungguh basa jawa • Tujuan Pembelajaran 1. Peserta didik dapat mengetahui pokok-pokok isi pidato 2. Peserta didik dapat membaca teks pidato dengan lafal dan intonasi yang sesuai dengan unggah ungguh basa jawa Pidhato Pawongan ingkang sesorah utawi pidhato inggih punika tiyang ingkang medharaken utawi jlentrehake surasaning manah dhumateng tiyang sanes. Jumbuh kaliyan ancasipun, tetenger sesolah punika maneka warna, tuladhanipun sesorah kangge upacara supitan, manten, pengetan, rapat, ceramah, sesuluh, dinas, seminar, sarasehan, kuliah umum, lsp. Ingkang baku, ancas pidhato kaperang dados tiga, inggih punika: 1. Paring pangertan (informasi)


42 2. Paring panglipur/damel remen 3. Nggerpol utawi mengaruhi supados tumindak kaya ingkang dikarepaken dhumateng tiyang ingkang mirengaken. Nulis pidhato punika kawiwitan saking nemtokaken tema, lajeng madosi subtema, nyerat irah-irahan, nemtokaken irah-irahan utawa judhule pidhato. Dene cengkorongan naskah pidhato inggih punika: 1. Uluk salam/salam pembuka 2. Purwaka basa a. Atur pakurmatan b. Atur syukur marang Gusti Allah c. Atur panuwun 3. Surasa basa Ngemot bab-bab ingkang gegayutan kaliyan tema, subtema, lan irah-irahan 4. Ringkesan isi Isine dudutan, pangarep-arep, nyuwun pangapura 5. Salam panutup Ancase sesorah salah sijine yaiku pangajak. Sesorah kang asipat pangajak kanthi ancas supaya sing mirengake percaya banjur kapilut/melu. Tuladha pidato: Pambuka Mengeti Nuzulul Quran Assalamu'alaikum warahmatullahi wabara katuh. Bapak-bapak, Ibu-ibu, kaum muslimin Ian muslimat ingkang satuhu bagya mulya. Mangga sesarengan ngaturaken pudya pudyastuti wonten ing ngarsaning Pangeran Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufik Ian hidayah. Katandha kula panjenengan sami taksih pinaringan kasugengan saengga saged makempal wonten ing masjid ... mriki, saperlu ngawontenaken malem pengetan Nuzulul Qur'an. Ing dalu punika tanggal 17 wulan Ramadhan tahun ... utawi tanggal ... wulan… panjenengan sadaya dalasan kula ngawontenaken pengetan pengetan Nuzulul Qur'an, inggih punika tumurunipun Kitab Suci Al Qur'an ingkang dipunturunaken dhumateng junjungan kita kanjeng Nabi Muhammad SAW ingkang salajengipun awujud Kitab Suci


43 Al Qur’an ingkang sedaya wonten 30 Juz, 114 Surat ingkang dipunperinci dados 6666 ayat. Matur nuwun sanget dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pangetan Nuzulul Qur’an ing masjid … Mriki. Kaum muslimin saha muslimat ingkang minulya, AlQur`an punika saestu mujudaken cepenganipun kaum muslimin lan muslimat. Allah SWT sampun paring pitedah leres dhumateng kita sadaya ngangge Al Qur`an punika. Pitedah punika prelu, awit lumampah tanpa pitedah temtu badhe manggih sasar lan susur. Ewa semanten, kathah para tiyang ingkang sami mboten kersa lan lumuh migunakaken pitedah wau. Najan Al Qur’an punika pitedah ingkang yekti, ingkang nyata lan sejati, nanging namung pilih-pilih tiyang ingkang angsal pitedahipun Allah SWT. Wondene Al Qur’an minangka pitedah, lan kados pundi anggen kita tumindak sarana Al Qur’an, badhe kaandharaken dening Bapak Mubaligh … Saking… ing adi cara candakipun. Mboten kintun saderengipun pengetan punika kula bikak langkung rumiyen kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sanak sedherek, tanggatepaling ingkang sampun ngentengaken sesanggan pangetan Nuzulul Qur’an ing wulan Maqhfirah punika. Kula minangka panitia penyelenggara mboten saged ngaturaken piwales punapapunapa, namung saged ngonjukaken pudyo pudyastuti wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel. Pengetan Nuzulul Qur'an ing dalu punika kula bikak kanthi maos basmallah sesarengan sumangga, Bismillahir rahmanir rahiim. Mangga sesarengan ngathah-ngathahaken amal kesaenan wonten ing malem lailatul Qadar punika. Kanthi nindakaken siyam jama'ah taraweh wonten ing jamaah tarwehipun piyambak¬-piyambak. Akhirahul kalam, billahit taufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. a. Tulisen pokok-pokok isi sesorah punika!


44 b. Wacanen naskah pidato kanthi intonasi kang trep! Menulis Wacana Persuasi ▪ Kompetensi Dasar Menulis wacana persuasi dalam bentuk naskah pidato ▪ Indicator 1. Menentukan tema wacana persuasi 2. Menyusun kerangka karangan persuasi 3. Menulis wacana persuasi sesuai dengan tema 4. Menyusun naskah pidato dengan pemilihan kata yang sesuai dengan unggah-ungguh ▪ Tujuan Pembelajaran 1. Peserta didik dapat menentukan tema wacana persuasi melalui menulis wacana pidato 2. Peserta didik dapat menyusun kerangkan karangan melalui menulis wacana pidato 3. Peserta didik dapat menulis wacana persuasi sesuai dengan tema melalui menulis wacana pidato 4. Peserta didik dapat menyusun naskah pidato dengan pemilihan kata yang sesuai dengan unggah-ungguh Wacana Persuasi (Pangajak) Paragrap persuasi inggih punika sesambungan saking pangrembakanipun paragrap argumentasi. Persuasi kaping setunggal ngandharaken gagasan ngginakaken alesan, bukti, utawi patuladhan kangge nyakinaken pamaos. Lajeng dipunsarengi ngangge ajakan, bujukan,


45 rayuan, imbauan utawi saran datheng pamaos. Bentenipun paragraph argumentasi lan paragraph persuasi inggih punika bilih paragraph argumentasi ingkang dados bakunipun inggih punika klentu leresipun gagasan utawi pamanggih. Bilih paragraph persuasi nggadhahi kekarepan supados pamaos nderek kaliyan kekarepanipun panulis. Nyerat Naskah Pidhato Nyerat pidhato punika kawiwitan saking nemtokaken tema, lajeng dipunpadosi subtemanipun nembe nemtokaken irah-irahan pidhato. Cengkoronganipun naskah pidhato inggih punika: 1. Pambuka : Salam, pakurmatan, muji syukur dhateng Gusti Allah, ugi ngaturaken panuwun. 2. Isi : wosing pidhato punika ngandhut babagan ingkang gegayutan kaliyan tema, subtema, ugi irah-irahan. 3. Panutup : dudutan, pangajeng-ngajeng, nyuwun pangapunten, ugi salam panutup. Ancas sesorah salah satunggalipun punika pangajak, sesorah ingkang asipat pangajak kanthi ancas supados ingkang midhangetaken percados lajeng kapilut utawi ndereg. Ing ngisor iki ngenani tuladha sesorah kang nganggo wacan persuasi. Wacanen kanthi permati, banjur titenana ciri-ciri kang mligi wacan peruasi! Mengeti dinten pendidikan nasional Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun! Bapak Ibu Dwija Basa Jawa ingkang satuhu kinabekten; sarta sedaya kanca panyarta lomba sesorah ingkang dados kekudanganing para pinisepuh. Sumangga kula dherekaken ngunjukaken raos syukur Alhamdulillah hirobil’alamin wonten ngarsanipun Pangeran ingkang Mahawikan inggih Allah Ta’alla, ingkang sampun kepareng ngrentahaken pinten-pinten kanikmatan, kabingahan, sarta kawilujengan dhumateng kula sedaya, satemah saged ndherek lomba sesorah ing enjing menika. Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, tumedhakipun dhateng garwa putra, para sekabat, sarta sedaya pandherekipun, mugi kalebetna kula lan panjenengan sedaya. Amin.


46 Ing salajengipun keparenga kula kanthi andhap asoring manah badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irahan Gerakan Disiplin Nasional Tumrap para Mudha lan Para Siswa. Sanggyaning para siswa ingkang kula tresnani, tetembungan Gerakan Disiplin Nasional utawi GDN sampun sawetawis dangu kula mangertosi. Wondene menggah ingkang dados werdinipun inggih menika satunggaling tindak lampah ingkang kanthi raos lila lan legawa nindakaken sedaya pranatan saha aturan ingkang lumampah ing papan ngriku, sarta nebihi sedaya pepacuh utawi awisan kados ingkang sampun kapacak ing Tata Tertib Sekolah ingkang lumampah salebeting negari Indonesia. Jer kula sedaya kedah tansah enget, bilih wonten sawenehing paribasan mawa Basa Indonesia ingkang ungelipun Di mana bumi dipijak, di situ langit dijunjung. Ingkang tegesipun, wonten ing sadhengah papan ingkang kula anggeni menika, kula sedaya kedah angugemi, ngurmati, sarta nindakaken adapt-istiadat utawi tata cara ingkang sampun lumampah ing papan ngriku. Sampun ngantos nyingkiri utawi nebihi, kepara anjejegaken angger-angger ssaengga dados kuwajiban ingkang kedah dipunlampahi, syukur bage dados pakulinan ingkang mbalung sungsum tumraping para siswa. Angon mangsa makaten wonten Basa Jawi. Tegesipun dados siswa menika kedahipun mangertosi mpan lan papa, mangertosi kahanan utawi situasi ingkang dipun adhepi. Wonten ing irah-irahan sinebut tumrap para mudha saha para siswa, artosipun gerakan Disiplin Nasional mekaten kedah katindakaken dening para mudha sarta para siswa. Kanthi makaten lampahing gladhen kedah kawiwitan nalika taksih lare (prasiswa/dereng sekolah), kalajengaken sasampunipun mlebet sekolah utawi sampun dados nem-neman. Samangke dumugi dewasa sarta sepuh sampun dados budayanipun saben tiyang sami nggadhahi budaya dhisiplin ngantos mratah sanegari. Kula sedaya kedah mangertosi bilih, ingkang kawastanan panggulawenthah (pendidikan) mekaten lumampah ing samadyaning kulawarga, ekolah, tuwin ing madyaning masyarakat. Kanthi mekaten kula sedaya kedah tansah mulat dhateng sedaya satunggal-satunggaling papan panggulawenthah kasebut, ingkang saestu benten kawontenanipun sarta pangaribawanipun dhateng kadewasaning lare. Menawi ing keluwarg sarta ing sekolah, temtu kemawon ingkang dados patuladhan sarrta paringipun seserepan ingkang sae-sae, ananging beda sarta tebih inggih menika pengaruh sarta patuladhan ingkang pinanggih ing masyarakat, menika menawi boten tansah ngatos-atos kathah perkawis-perkawis ingkang kedah dipunsaring kanthin saestu. Kanthi wontenipun panggladhi Gerakkan disiplin Nasional wiwit alit sarta nalikanipun lare dados siswa, menawi lare menika saestu sampun nggadhahi cepengan ingkang dados piandeling gesang utawi way of life, saestu nalikanipun pikantuk pambujuk-pambujuk sarta pangaribawa ingkang boten laras kaliyan adapt-istiadat sarta kabudayanipun, mesthi kemawon sampun gadhah panyaring utawi filter. Saged milih pundit ingkang saged dipuntulad sarta katindakaken tuwin pundi ingkang kedah dipuntebihi kepara dipuntilaraken. Ing wekdal menika, kula sedaya sami ngawuningani, bilih Gerakan Disiplin Nasional saestu mrihatosaken sanget, kacihna kanthi wontenipun kedadosan-kedadosan ingkang saestu nyimpang saking paugeran sarta tata karma Nasional, kepara para pangarsa ingkang wonten nginggil inggih boten saged kangge tepa palupi, nalikanipun kula miwah panjenengan nyumerepi kawontenan ing TV ngantos sami jejotosan amargi beda


47 pamanggih. Menika saestu tebih saking landhesan Pancasila ingkang antawisipun nyebataken demokrasi. Lan cetha boten jumbuh kalih piwulangan Jawa ingkang kebak tepa selira. Ingkang menika , kula sedaya mliginipun para siswa sumangga nggrengsengaken GDN kanthi saking sekedhik ngulinakaken tigang kabudayan, inggih menika : budaya tertib (tertib ing sekolah, tertib ing margi, tertib ing masyarakat); budaya resikan (resikan badan, boten mbucal uwuh ing sadhengah papan) lan budaya makarya (ngginakaken wekdal kangge sinau) Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng kadewasan lair lan batos. Amin. Wonten kasar sarta lepating atur, kula namung tansah nyuwun lumunturing samodra pangaksama. Wabilahitaufik wal hidayah, Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun. A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki! 1. Apa isining pidato ing ndhuwur? 2.. Apa kang diarani Gerakan Disiplin Nasional kuwi? 3. Kenangapa disiplin nasional mrihatinake banget? 4. Ana wacan ing ndhuwur, ukara ngendi kang nuduhake menawa sesorah ing ndhuwur kuwi kalebu persuasi? 5. Gawea pitakonan lan wangsulane sisan, kang gegayutan karo paragraph ing ndhuwur kang cacahe 5! B. Gawenen paragraph persuasi kang saparagraf nduweni ukara paling sithik enem ukara!


Click to View FlipBook Version