The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fitriapujiastuti309, 2023-12-01 01:07:57

BUKU TEKS XI

BUKU TEKS XI

48 Mendengarkan Tembang Macapat ➢ Kompetensi Dasar Mendengarkan tembang macapat yang disampaikan secara langsung atau berupa rekaman ➢ Indikator 1. Mengungkapkan makna yang terkandung dalam tembang yang didengarkan 2. Menyebutkan amanat yang terkandung dalam tembang yang didengarkan 3. Menceritakan kembali secara lisan dengan ragam krama makna tembang yang didengar ➢ Tujuan Pembelajaran 1. Peserta didik dapat mengungkapkan makna yang terkandung dalam tembang yang didengarkan 2. Peserta didik dapat menyebutkan amanat yang terkandung dalam tembang yang didengarkan 3. Peserta didik dapat menceritakan kembali secara lisan dengan ragam krama makna tembang yang didengar Tembang Macapat A. Pangertosan Tembang Macapat Tembang inggih punika reroncening (rangkaian) tembung inggih punika gadhahi paugeran gumathok/tinamtu kang di waca kanthi lagu kang tinamtu.


49 Dados, tembang macapat kabekta anggenipun nyekaraken kapedhot dados kawan-kawan wanda, nanging nadyan mekaten pamedhotipun kedah ngemuti reroncening tembung-tembungipun kaanggit sampun ngantos tembungipun pedhot, ingkang wusananipun mahanani suraosipun dados ewah awit sekar macapatan punika kaiket dening guru lagu, guru wilangan saha guru gatra. Guru lagu : Aksara urip (vokal) ing pungkasaning gatra (baris) Guru wilangan : Akehing kecap (ucap)/wanda (suku kata) saben sagatra. Guru gatra : Cacahing baris saben pada (bait) B. Titi Laras Titi laras inggih punika cara nembang ingkang ngati-ngati kanthi swanten endah lan jumbuh kaliyan intonasinipun. Titi laras kaperang dados kalih inggih punika: 1. Slendro Setunggal oktaf kaperang dados gangsal, jangkahipun meh sami. 1 – 2 – 3 – 5 – 6 – i 2. Pelog Setunggal oktaf kaperang dados pitu, jangkahipun meh sami. 1 – 2 – 3 – 4 – 5 – 6 – 7 – i Jinising pelog : a. Pelog lima : 1 2 3 4 5 6 7 b. Pelog nem : 1 2 3 4 5 6 7 c. Pelog barang/7 : 1 2 3 4 5 6 7 . . . garis pedhot-pedhot tegesipun angka ingkang boten dominan. Tuladha: Sinom pelok pathet nem Yen ing tawang ana lintang 8a Cah ayu agu ngugemi 8i Marang mega ing akasa 8a


50 Sun takon wartani reki 8i Janji janji ku eling 7i Sumedhot raseng tyas ingsun 8u Nimas ingsun prasapa 7a Sineksenan bumi langit 8i Tangisingtyas ngenteni padhang rembulan 12a Tembang sinom ing dhuwur kaiket ing guru gatra : 9, guru lagu : a i a i i u a i a, lan guru wilangan : 8 8 8 8 7 8 7 8 12 Kinanthi slendra sanga 5 6 I I , I I i6 i2 Po - dha gu - lang - eng ing kal - bu i 6 5 5 , 56 532 12 i6 Ing sas - mi - ta am - rih lan - tip I 2 2 2 , I I i2 i65 A - ja pi - jer ma - ngan nen - dra 5 6 65 6i , 5 2 16 2 Ka - pra - wi - ran den ka - es - ti 2 3 5 6 , 6i 532 12 165 Pe - su - nen sa - ri - ra ni - ra 5 6 1 1 , 2 2 16 1216 Ce - ga - hen dha - har lan gu - ling


51 1. Tembangna bareng-bareng! 2. Wangsulana kanthi lesan bae pitakon-pitakon iki! b. Apa surasane tembang iku? c. Kepriye mungguh watake tembang iku? d. Apa amanat kang bisa kajupuk ing tembang iku? Nembang Campursari ❖ Kompetensi Dasar nembang campursari ❖ Indicator 1. Menemukan tembang campursari 2. Menyebutkan isi tembang 3. Menyebutkan nilai yang terdapat dalam tembang 4. Menyebutkan amanat yang terdapat dalam tembang campursari tersebut ❖ Tujuan Pembelajaran 1. Peserta didik dapat menemukan tembang campursari 2. Peserta didik dapat menyebutkan isi tembang 3. Peserta didik dapat menyebutkan nilai yang terdapat dalam tembang 4. Peserta didik dapat menyebutkan amanat dalam tembang campursari Campursari Pengertian tembang campursari Tembang capursari inggih punika salah sawijining tembang jawa populer ingkang migunakaken piranti tradisional lan modern. Lagu campur sari punika ngginakaken basa jawa. Sanesipun kepenak dipunmirengaken, campursari ugi dados kesenian ingkang damel mongkog. Pramila,


52 campursari punika kedah dipunuri-uri supados boten ical kageser dening jinising musik ingkang kathah ing jaman sapunika. Sinten malih ingkang badhe nguri- nguri kabudayab lan kesenian bangsa menawi boten para panerus bangsa. Supados sedaya kalawau kaleksanan, amrih becikipun sami sinau lagu campursari. Kanthi nyinau lagu campursari punika saged nuwuhaken katresnan marang budaya lan kesenian dhaerah. Tuladha teks tembang campursari Alun-alun nganjuk Lunga tak anti-anti Kapan nggonmu bali Mecah endah ing wengi Kutha nganjuk iki Sumilir angin wates Nggugah kangene ati Apa kowe ora ngerteni Kowe tak kangeni Ning alun-alun tak goleki Terminal stasiun tak ubengi Senajan setaun tak enteni Tresnamu sing tak gondeli Lali tenan to dek Nggonmu janji-janji Disekseni lampu alun-alun iki Lali tenan to dek Karo aku iki Ning terminal, stasiun nggonku goleki


53 Wangsulana pitakenan-pitakenan ing andhap punika! 2. Punapa tema tembang campursari punika? 3. Punapa nilai lan amanat ingkang kakandhut ing campursari alun-alun nganjuk? 4. Setting ingkang dipunginakaken wonten ing pundi kemawon? Menulis Parikan dan atau Wangsalan Kompetensi Dasar Menulis parikan dan atau wangsalan Indikator 1. Menentukan kalimat yang termasuk parikan/wangsalan dari tembang/wacana yang ditentukan 2. Membuat parikan/wangsalan sesuai dengan ilustrasi yang diberikan guru 3. Menerapkan/menggunakan parikan/wangsalan ke dalam kalimat 4. Menyunting parikan/wangsalan yang ditulis teman Parikan dan Wangsalan 1. Parikan Parikan inggih punika unen-unen ingkang mawi paugeran tigang werna, inggih punika: a. Kadadean saka rong ukara ingkang dipundapukaken nganggo purwakanthi guru swara. b. Saben satunggal ukara saking kalih kalih gatra c. Ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka wose. Tuladha: 1) Abang-abang ora legi


54 Tiwas magang ora dadi 2) Manuk emprit nucuk pari Dadi murid sing taberi 3) Kembang mlathi, werna peni nggadha wangi, Watak putri kudu gemi lan setiti Carane ngarang parikan Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku sing isi “ngese” utawa “Wose”. Ukarane kadedean saka 4 wanda + 4 Wanda, utawa 4 wanda + 8 wanda + 8 wanda.Sawise rampung pangarange ukara kapidho, banjur ngarang ukara kapisan, yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanthi guru swara karo ukara sing kapindho. 1. Apa tegese parikan? 2. Sebutna paugerane parikan? 3. Parikan iki bacutna! a) Tuku jagung neng pasar legi. …………………………….. b) Duren, duren; kweni, kweni. ……………………………. c) Wetan warung kulon ya warung, Tengah-tengah ana lincake. ……………………………… , ……………………………… . 4. Gawea parikan cacah lima bae, banjur wacakna ing ngarep kelas!


55 Kepriye tanggapane utawa panemune kanca-kancamu? Yen ana kancamu sing takon, wangsulana kanti patitis! 2. Wangsalan Wangsalan inggih punika unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelakaken batanganipun utawi tebusanipun sarana sinandi. Jinising wangsalan inggih punika: a. Wangsalan Lamba Inggih punika wangsalan ingkang wos batanganipun namung setunggal. Tuladha: Aja jeneng gula lho, Le! (Jenang gula=Glali, batanganipun lali) b. Wangsalan rangkep Inggih punika wangsalan sisih wos batanganipun luwih saking setunggal. Tuladha: kolik priya=wanara Anjani Putra. Tuhu eman, wong enom wedi kangelan. (kolik priya=manuk tuhu, dadi batangane tuhu) Anjani Putra=Anoman, dadi batangane enom c. Wangsalan padinan Inggih punika limrahipun boten mratelakaken batanganipun sebab tiyang-tiyang sampun padha ngerti batanganipun. Tuladha: balung klapa, etok-etok ora ngerti (balung klapa:bathok, dadi batangane ethok-ethok) d. Wangsalan purwakanthi basa Inggih punika wangsalan ingkang edi peni, kepenak dirungokake sebab migunakaken purwakanthi basa, Tuladhanipun: Cipta arda, ardaning tyas mring sesama. Tyas susila, nur raga ambek jatmika (Cipta arda=nepsu) (Ardaning tyas mring sesama=ambek) Sinom Jamang wakul Kamandaka, kawengku ing jinem wangi, kayu malang munggeng wangan,


56 sun wota sabudineki, roning kacang wak mami, yen tan panggih sira nglayung, toya mijil sing wiyat, roning pisang lesah ing wit, edanira tan waras dening usada. (Babad Pasir: IV.4) Wangsulana pitakenan-pitakenan ing andhap punika! 1. Apa tegese wangsalan? 2. Golekano wangsalan kang ana ing tembang sinom! 3. Wangsalan iki terangna tegese ! Tuladha : mbalung geni, mbok menawa aku entuk rejeki dina iki ! Mbalung geni = mawa dadine, mbok menawa a) Balung jagung ta, le, aja janggelan ! Wangsulan …………………………………………………………………… b) Aja mutra bebek, wira-wiri ana apa ? Wangsulan …………………………………………………………………… c) Dadi bocah apa seneng nglemadi bengkah, ta, kok nyela-nyela ! Wangsulan …………………………………………………………………… 5. Gawea parikan cacah lima bae, banjur wacakna ing ngarep kelas! Kepriye tanggapane utawa panemune kanca-kancamu? Yen ana kancamu sing takon, wangsulana kanti patitis!


57 Tes Akhir A. Wenehana tandha ping ana aksara A, B, C, D, utawa E ana wangsulan kang paling bener ! 1. Ing ngisor iki sing dudu kalebu tembang macapat yaiku … A. Gambuh B. Asmaradana C. Maskumambang D. Kinanthi E. Dhandanggula 2. Watake tembang Asmaradana yaiku …. A. Sereng, galak B. Merak ati, sedhih C. Sedhih, ngayawara D. Sembranan, parikeno E. Sesuluh, piwulang 3. Dene tembang sing nduweni watak sereng galak yaiku …. A. Kinanthi B. Durma C. Dhandanggula D. Pangkur E. Mijil 4. Guru gatra tembang Dhandanggula cacahe A. 6 B. 7 C. 8 D. 9 E. 10 5. Guru gatra tembang Asmaradana yaiku …..


58 A. 5 B. 6 C. 7 D. 8 E. 9 6. Simaken tembang Pocung ing ngisor iki ! Pocung Siswa iku kudu manut marang guru Rukun marang kanca Aja drengki aja srei Aja climut aja jail aja nakal Surasaning tembang pocung ing ndhuwur ngemot bab …..kajaba….. A. Pendidikan B. Budi pekerti C. Unggah-ungguh D. Moral E. Cangkriman 7. Tegese climut ana tembang pocung ing ndhuwur yaiku …. A. Seneng colong-jupuk B. Seneng golek ilmu C. Seneng kekancan D. Seneng memitran E. Seneng dolanan 8. Paugerane nggawe tembang ana ing ngisor iki, kajaba ….. A. Guru gatra B. Guru lagu C. Guru wilangan D. Guru tembang E. Watake tembang 9. Tembang sing digawe gancran jenenge …… A. Geguritan B. Parikan C. Wangsulan D. Paraphrase E. Syingir 10. Pawarta sing diwaca ana syarat-syarate kaya ing ngisor iki, kajaba … A. Anget D. Merak ati B. Anyar E. Endah


59 C. Gres 11. Kahanan kang bisa didadeake pawarta yaiku … A. Kedadeyan lan prastawa B. Kedadeyan lan kahanan C. Kedadeyan lan panggonan D. Panggonan lan prastawa E. Kahanan lan panggonan 12. Swarane merdu, enak dirungokake, gampang dimangerteni tegese kalebu gladhen … A. Vokal / swara B. Variasi vokal C. Ngatur intonasi D. Pernafasan E. Performance / penampilan Perangan ing ngisor iki kanggo soal nomer 13-18! “Dina-dina iki akeh pawarta tabung gas njeblug. Ya sing ukurane telung kilogram uga sing ukurane rolas kilogram. Njebluge gas iki mau merga kebocoran. Kamangka biyen, nalika isih jamane kompor lenga, pamarentah mbagekake tabung gas sakompore. Dijamin gas elpiji luwih aman tinimbang kompor lenga. Kasunyatane saiki lha kok kuwalik” omonge kang Barjo. “Ya kuwi aku sarujuk, kang. Kenapa pamarentah mblenjani janji. Sacara teknis kudune luwih aman, nanging kasunyatane ora mengkono. Krungu-krungu tabung sing dienggo saiki ora memenuhi standar SNI” saute cak Bedja. “Lha ya, yen pancen ora memenuhi standar SNI, kenapa kok diculna? Iki sing duwe wewenang Pertamina, ya kudune tanggung jawab. Apa maneh yen mbleduge kuwi merga masalah teknis, dudu kesalahan manungsane” tambahe yu Sri. “Pejabate Pertamina ganti wae, sing duwe dedikasi ngono lho..wisora wayahe kerja sembrono!” tutuge lek Gimin. 13. Ing ngisor iki isi semakan wacan ing ndhuwur, kajaba … A. Akeh tabung gas njeblug B. Mleduge merga kebocoran C. Pamarentah mlenjani janji D. Pejabat menehi ganti rugi E. Pertamina kudu tanggung jawab 14. Pawongan kang rembugan ing dhuwur … kajaba … A. Petugas Pertamina


60 B. Yu Sri C. Kang Barjo D. Lek Wagimin E. Cak Bedjo 15. Ukara kang trep kanggo ngrangkum semakan ing dhuwur yaiku … A. Rega gas mundhak B. Pertamina tangggung jawab gas njeblug C. Akeh tabung gas njeblug D. Kang Barjo mandegani demo E. Pamarentah mbagi tabung gas 16. Paragrap kapisan ngemot pawarta bab … A. Rega gas mundhak B. Pertamina tanggung jawab gas njeblug C. Akeh tabung gas njeblug D. Pejabat Pertamina diganti E. Tabung gas ora memenuhi SNI 17. Apa kang dadi pamanggihe Lek Gimin … A. Jaluk ganti rugi B. Pejabat Pertamina diganti C. Nganaake demo ing Pertamina D. Ora maneh nganggo kompor gas E. Ngganti kompor lenga karo kompor gas 18. Kritikan kang trep kanggo kahanan ing sajroning wacan yaiku … A. Kompor lenga diganti kompor gas B. Pamarentah kudu ngawasi teknis keamanan tabung gas sedurunge diculake C. Ora usah nganggo kompor gas D. Pejabat Pertamina kudu diganti E. Pamarentah kudu aweh ganti rugi Maskumambang Samubarang kumambang kentir ing warih Raos kawlas arsa Dene ngaten kang kaeksi Manungsa, kewan, lan brana 19. Ana tembang Maskumambang ing dhuwur, tembung warihtegese … A. Bumi D. Laut


61 B. Banyu E. Gunung C. Angin 20. Tembang Maskumambang iki nyritaake bencana alam apa? A. Longsor ing Aceh B. Banjir ing Aceh C. Kobongan ing Aceh D. Tsunami ing Aceh E. Tabrakan ing Aceh 21. Ngowahi tembang utawa geguritan sing maune awujud pupuh / pada / bait dadi gancaran utawa prosa diarani … A. Parafrase D. Singgetan B. Paramasastra E. Gatra C. Pelog Dhandanggula Kawruhana wong priya sejati Lamun arsa hangupaya garwa Den patitis pamilihe Pisan kengguh wong ayu Kaping pindho milih wong sugih Kapng telu kawibawan Kaping papatipun Kena sambang sesrawungan Bisa uga ginelut ing tembang manis Mawa denya waspada 22. Ana ing tembang Dhandanggula iki, kanggo priya kang arep golek garwa, yen milih garwa kudu …, kajaba … A. Ayu samubarange, ya rupa ya atine B. Sugih samubarange, ya donya ya atine C. Kawibawan D. Sambang sesrawungan E. Ngremehake lan ngina wong liya 23. Watake tembang Dhandanggula yaiku …


62 A. Gandrungasmara B. Nesu, dendam, muring C. Gandrung tegang D. Luwes, manis, sarwa cocok E. Nerangake, mbabar kawruh Wacan ing ngisor iki kanggo soal nomer 24-28! Ing dhialog sajroning televisi, menteri komonikasi lan informasi, Sofyan Dzalilnampatelepon saka salah sijining masyarakat. Sing duwe pangjab murih pamarentah saiki wani tumindak tegas lan mbuktiake janjine mbrabtas KKN. Pawongan kuwi nelakake anane aparat pamerentah kang terang-terangan jaluk dhuwit sogokan. Kedadean kuwi dialami nalika dheweke dhaftar CPNS. Dheweke jaluk supaya preman-preman birokrat dibrantas. Pak menteri janji yen arep nerusake perkara mau menyang presiden. Anane oknum-oknum sing njaluki sogokanwissumebar ing masyarakat. Mung wae ora ana sing mbrastha bab kuwi. Malah sawijining pejabat negendikan yen kuwi mung isu, kamangkawisdadi rahasia umum. 24. Irah-irahan kang gumathok kanggo wacan ing dhuwur yaiku … A. Pratelane Menteri Komunikasi lan Informasi B. Acara dhialog ing sawijing stasiun televisi C. Masyarakat ngajab pamarentah supaya mbrantas preman demokrat D. Dhuwit puluhan yuta amblas E. Preman-preman birokrat CPNS 25. Sapa kang diarani “preman-preman birokrat” ing wacan kuwi? A. Aparat pamarentah kang nakal B. Masyarakat sing nelepon C. Oknum-oknum D. Preman-preman ing bis E. Pawongan kang daftar CPNS 26. Sapa kang janji arep nerusake perkara sogokan menyang presiden? A. Pemda B. Penelepon C. Menteri Komunikasi lan Informasi D. Aparat pamarentahan E. Masyarakat umum


63 27. Ana ing ngendi Sofyan Dzalil mangerteni pangajabe masyarakat murih pamarentah mbrastha KKN? A. Ana ing Pemda B. Ing acara dhialog radio C. Ing acara dhialog televisi D. Ing bebrayan umum E. Ana ing pamarentahan 28. Ukara pokok paragrap pungkasan yaiku … A. Acara dhialog ing sawijining stasiun televisi B. Anane penelepon sing jaluk dhuwit sogokan C. Pratelane menteri komunikasi lan informasi D. Anane oknum sing jaluk sigokan sumebar ing tengah masyarakat E. Perkara kuwi dudu rahasia umum 29. Masyarakat ngajab murih pamarentah wani tumindak tegas. Tegese tembung ngajab yaiku … A. Ngarep-ngarep D. Ngabani B. Kepenging E. Ngomong C. Njaluk 30. Tegese mbrasthayaiku … A. Ngilangi D. Ngabani B. Ngresiki E. Nyedhiyani C. Njaluk Perangan tembang ing ngisor iki kanggo soal nomer 30-34! Aja Lamis Aja sok gampang janji wong manis Yen ta amung lamis Becik aluwung prasaja nimas Ora agawe cuwa Tansah ngugemi tresnamu wingi Jebul amung lamis Kaya nngenteni thukuling jamur Ing mangsa ketiga


64 Aku iki prasasat Lara tan antuk jampi Mbok aja mung lamis Kang uwis dadine banjur didis 31. Tembang ing dhuwur kalebu tembang gagrag … A. Lawas D. Moderen B. Anyar E. Tradisional C. Sedherhana 32. Tegese tembung Lamising tembang ing dhuwur yaiku … A. Goroh D. Lara B. Manis E. Apik C. Kleru 33. Tegese tembung Becik ing tembang ing dhuwur yaiku … A. Ketara D. Antuk B. Ala E. Lara C. Apik 34. Tembang ing dhuwur ngemu piwulang … A. Yen wong iku kudu sing goroh B. Dadia wong kang lamis C. Pitutur yen wong iku kudu lamis D. Pitutur yen wong iku kudu jujur E. Tansah ngugemi tresnamu 35. Ana ing tembang campursari Mr. Mendem,ngemu piwulang … A. Miras dadi remenane wong kakung B. Njaluk donga supaya ora kumat C. Ora gagas amarga isih kumat D. Awakke rusak amarga miras E. Tuntunan becik kang aja disepeleake marang wong sakabehane 36. “Nuwun sewu, pak. Punapa kepareng tasipun kula bektaaken?”. Kang matur kepingin … 1. Disiki pak gurune 2. Boncengake pak gurune 3. Pamit marang pak gurune


65 4. Menyang mburi 5. Atur pambiyantu marang pak gurune 37. Bapak : “Sesuk awakmu melu lunga apa ora?” Anak : “Insya Allah benjang … derek” A. Saya D. Aku B. Dalem E. Nyong C. Kula 38. Pak Hendra : “Lha ana apa kok nndadak nggoleki Bu Wiwid?” Nazkia : “Kula dikengken ibu maringaken serat kanggo Bu Wiwid. Atur Nazkia ing dhuwur dadi bener manut unggah-ungguh Basa Jawa, yen ukarane diganti … A. Kula dipunutus ibu ngaturaken serat kagem Bu Wiwid B. Kula dikongkon ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid C. Kula dipunutus ibu menehake serat kanggo Bu Wiwid D. Aku diutus ibu nagturaken serat kagem Bu Wiwid E. Aku diutus ibu ngaturake serat kagem Bu Wiwid 39. Parikan ana ing basaIndonesiakaaran … A. Puisi D. Cerpen B. Gurindam E. Soneta C. Pantun 40. Titikane parikan ing ngisor iki kajaba … A. Duweni purwakanthi ab-ab B. Pedhotan parikan 4-4, 4-8, 8-8 C. Dumadi saka sampiran lan isi D. Duweni guna paedahe piweling lan nyemoni E. Awujud cangkriman 41. Kembang mlati, warna peni ganda wangi Watak putri, kudu titi ngati-ati Parikan ing dhuwur duweni pedhotan … A. 4-4, 4-4 D. 4-8, 4-8 B. 4-2, 4-2 E. 8-8, 8-8 C. 4-6, 4-6 42. Manuk tuhu, menclok pager


66 … Isi kang mathuk kanggo parikan ing dhuwur yaiku … A. Dadi murid, sing taberi B. Aja ngenyek, padha kanca C. Yen sinau, dadi pinter D. Watak putri, kudu titi E. Lamun sabar, bisa lejar 43. Unen-unen kang wujude canngkriman, batangane ana ing sajroning unen-unen kuwi diarani … A. Parikan D. Cangkriman B. Wangsalan E. Paribasan C. Purwakanthi 44. Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. Batangane wangsalan ing dhuwur … A. Blarak D. So B. Kreweng E. Meri C. Guling B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki! 1. Wacanen prastawa kasebat : Arimbi punika priyantun saking Semarang ananging kuliyah ing Solo. Preinan sesmester punika boten saged wangsul ing Semarang amargi nembe ngayahi tugas praktek. Dheweke paring pangertosan tiyang sepuh bilih boten saged wangsul lan nyuwun arta kangge mbayar semesteran. Kados pundi layang ingkang kedah dipundamel Arimbi? Tulisen kanthi urut miturut peranganaing layang 2. Tulisen ngangge aksara Jawi lan aksara Latin ! a. Puntadewa pambajeng saking pandhawa. b. Aku numpak kreta kencana (aksara latin) 3. Coba gawenen gancaran / parafrase saka tembang Asmaradana kangwissumadya! Asmaradana


67 Gegarane wong akrami Dudu bandha dudu rupa Among ati pawitane Luput pisan kena pisan Yen ampang luwih gampang Yen angel, angel kalangkung Tan kena tinumbas arta 4. Tulisen mawa Aksara Jawa wacan ing ngisor iki! Merapi Krodha Maneh Trauma merga pajebluge Gunung Merapi durung bae ilang. Nanging gunung geni paling aktif sadonya kuwi krodha meneh. Pengamat Gunung Merapi posko Kaliurang, Sleman,Yogyakarta, Triyono ngandharake menawa aktifitase gunung kasebut saya mundhak wiwit kemis nganti setu. 5. Gawea parikan kanthi pedhotan 4-8! ## Sugeng Makarya ##


68 Daftar Pustaka Sudarni Sri, dkk. 2010. Damar. Semarang : Pinus Yatmana Sudi, dkk. 2005. Kabeh Seneng Basa Jawa 2.Semarang. Yudhistira. Warsesa, Ki Tentrem. 2006. Kasusastran lan Paramasastro Jawi. Semarang. Condhong Rasa. Pdmosoekotjo, S. 1982. Memetri Basa Jawa. Surabaya. Citra Jaya. http://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/21/modul-basa-jawa-kelas-xi- semester-2-2 www.yuyunsaja.blogspot.com


Click to View FlipBook Version