Basa Jawa Tengah untuk Kelas X SMA/MA/SMK Semester Genap Atur Pambuka Daptar Isi Kurikulum Merdeka Wulangan 1 Geguritan ..................................... 2 A. Mangerteni Geguritan .............. 3 B. Maca, Nulis, lan Nggancarake Geguritan .......... 8 Gladhen Wulangan 1 .................... 14 Wulangan 2 Crita Wayang (Karna Madeg Senapati) ...................................... 18 A. Crita Wayang ........................... 19 B. Nyritakake Crita Wayang ......... 24 Gladhen Wulangan 2 .................... 27 Gladhen Tengah Semester 2 ........................... 32 Wulangan 3 Pacelathon lan Unggah-ungguh Basa ............................................. 37 A. Teks Pacelathon ...................... 38 B. Maca lan Nulis Pacelathon ...... 41 Gladhen Wulangan 3 .................... 44 Wulangan 4 Aksara Jawa ................................ 49 A. Mahami Aksara Jawa ............... 50 B. Aksara Angka ........................... 55 Gladhen Wulangan 4 .................... 58 Gladhen Akir Semester 2 ................................ 61 Kapustakan ................................................. 64 Puji syukur penulis panjatkan ke hadirat Tuhan Yang Maha Esa karena telah memberi rahmat sehingga penulis dapat menyelesaikan penyusunan buku ini dengan baik. Tahun ajaran baru 2022/2023 dimulai dengan penerapan kurikulum baru yaitu Kurikulum Merdeka pada sekolahsekolah penggerak. Kurikulum tersebut merupakan kurikulum dalam rangka percepatan ketercapaian kompetensi pembelajaran untuk meningkatkan kualitas sumber daya manusia Indonesia. Guna menunjang pelaksanaan Kurikulum Merdeka tersebut perlu adanya implementasi sinergis antarberbagai pihak yang terlibat dalam kegiatan belajar mengajar. Penulis sebagai pihak penyedia buku atau modul pembelajaran juga harus menyesuaikan dengan kurikulum baru tersebut. Adapun peran serta yang dapat penulis berikan yaitu berupa penyediaan buku-buku atau modul pembelajaran berkualitas yang telah disesuaikan dengan capaian pembelajaran dalam Kurikulum Merdeka. Pada dasarnya esensi dalam Kurikulum Merdeka menghendaki adanya kondisi merdeka belajar. Istilah merdeka belajar merupakan konsep yang bertujuan supaya siswa mendalami minat dan bakatnya masing-masing. Hal tersebut memiliki tujuan jangka panjang yaitu terciptanya Sumber Daya Manusia (SDM) Indonesia yang unggul. Pada Kurikulum Merdeka terdapat tiga ciri pembelajaran yaitu pembelajaran berbasis proyek untuk pengembangan soft skills dan karakter sesuai profi l pelajar Pancasila, fokus pada materi esensial, dan fl eksibilitas bagi guru dalam melakukan pembelajaran. Oleh sebab itu, penulis berusaha menghadirkan buku pembelajaran yang berkualitas sesuai dengan Kurikulum Merdeka dengan konten-konten antara lain capaian pembelajaran, profi l pelajar Pancasila, aktivitas individu, aktivitas kelompok, soal-soal latihan bermuatan HOTS (Higher Order Thinking Skills), soal-soal literasi/numerasi, uji kompetensi setiap bab dengan kombinasi soal menjodohkan dan soal benar salah, tambahan pengetahuan berupa QR code, serta tugas proyek penguatan profi l pelajar Pancasila. Semoga dengan terbitnya buku pembelajaran ini dapat memberikan kontribusi dalam menciptakan manusia Indonesia yang unggul serta bermartabat tinggi sesuai nilai-nilai Pancasila. Penyusunan buku pembelajaran ini masih banyak terdapat kekurangan. Oleh sebab itu, masukan positif dari para pengguna sangat kami harapkan. Penulis
2 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Geguritan 1 WULANGAN Menyimak: Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari menyimak teks sastra dalam bentuk crita wayang (Mahabharata). Membaca: Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara Jawa melalui kegiatan membaca teks aksara Jawa (misalnya: legena-pasangan/ sandhangan/angka/swara/murda/rekan/lainnya). Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/narasi/eksposisi/ argumentasi, atau lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu mengidentifi kasi penggunaan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Berbicara: Peserta didik mampu menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat dari teks nonsastra (misalnya: pawarta/reportase/lainnya). Menulis: Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara Jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/eksposisi/argumentasi/lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat melalui teks nonsastra dalam bentuk pawarta. Capaian Pembelajaran Setelah mempelajari materi pada bab ini, siswa diharapkan mampu: 1. mengetahui dan mengartikan kata-kata sulit pada teks geguritan; Tujuan Pembelajaran Geguritan, nggancarake, pralambang purwakanthi reripta Kata Kunci 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia. 2. Berkebinekaan global. 3. Bergotong royong. 4. Mandiri. 5. Bernalar kritis. 6. Kreatif. Profi l Pelajar Pancasila Peta Konsep Geguritan Mangerteni Geguritan Maca, Nulis, lan Nggancarake Geguritan 2. menjawab pertanyaan tentang isi teks geguritan; 3. memberikan tanggapan atau komentar mengenai isi teks geguritan; serta 4. memahami isi pokok dan pembelajaran dalam teks geguritan.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 3 Maca geguritan yaiku maca wacan kang awujud larik-larik kanthi endah. Ing basa Indonesia, geguritan disebut puisi. Geguritan uga disebut puisi basa Jawa. Geguritan iku klebu salah sawijining kasusastran Jawa. Nalika nggawe geguritan kudu nganggo basa rinengga utawa tembung basa Jawa yang endah. Maca geguritan uga ora bisa sakepenake dhewe. Maca geguritan kudu trep karo gancaran kang wis tinulis. Wiwit saka swarane, solah-bawa, nganti swasana kang ginawa. Maca geguritan diarani kasil, nalika pesen kang ana geguritan tinangkep dening pamirenge. Purwaka Gambar maca geguritan. Pancingan Pasinaon 1. Kepriye carane nulis geguritan kang apik? 2. Apa bae unsur-unsur kang ana ing geguritan? 3. Kepriye carane maca geguritan kang apik? Ringkesan Materi A. Mangerteni Geguritan Geguritan yaiku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu. Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Bebas jumlah larik-larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit bisa nggunakake purwakanthi bisa ora migunakake purwakanthi. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak (luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen materi geguritan ing ngisor iki. 1. Pangertene Geguritan Miturut kamus geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kayadene tembang, nanging guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg. Miturut Raminah Baribin, geguritan iku iketaning basa kayadene syair. Mula saperangan pawongan ana kang ngarani utawa nyebut syair Jawa gagrag anyar. Geguritan saka tembung lingga ‘gurita’ yaiku owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Dene tembung ‘gerita’ iku saka tembung lingga ‘gita’ kang nduweni teges tembang utawa syair. Ana uga kang nduweni panemu yen geguritan iku saka tembung lingga ‘gurit’ kang nduweni teges tembang, kidung, syair. Saka maneka teges geguritan kasebut bisa kajupuk dudutane geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar awujud syair kang tanpa nganggo paugeran/ pathokan tertamtu. 2. Jinise Geguritan Ing puisi Jawa kuna mesthi kawiwitan tembung “Sun Anggurit” utawa “Sun Nggegurit”. Ing puisi Jawa anyar utawa geguritan, kabeh aturan mau ora ana. Cacahe gatra, wilangan, lan lagune bebas. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca nganggo wirama, wirasa, lan wiraga manut surasane. Jinise geguritan kabagi dadi loro (2) yaiku geguritan tradisional lan geguritan modheren.
4 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 a. Geguritan tradisional Geguritan tradisional kuwi geguritan kang nganggo paugeran-paugeran tertamtu kaya mangkene. 1) Cacahe gatra (larikan) ora ajeg, nanging sithik-sithike papat. 2) Cacahing wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik kudu padha akehe. 3) Tibaning swara (guru lagu) kudu runtut. 4) Sangarepe guritan diwiwiti tembung “Sun Anggurit” utawa “Sun Nggegurit”. Kang kagolong geguritan tradisional ing antara yaiku parikan, wangsalan, tembang macapat, tembang tengahan, lan tembang gedhe. Tuladha geguritan tradisional: Sun Nggegurit Kahanan jaman saiki Sipat pemudha-pemudhi Srawunge saya ndandi Raket wewekaning sepi Tan kadi jaman nguni Srawung sarwa ngati-ati b. Geguritan modheren Geguritan modheren ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Guritan anyar (geguritan) tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran, nanging edi-penine rumpakan ngendelake tembung kang mentes lan pilihan. Tegese saben pada (bait) ora ditemtokake cacahe larik. Saben larik ora ditemtokake cacahe wanda lan dhongdhinge swara (persajakan). Pangripta mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan modheren uga diarani geguritan bebas utawa kang saiki lumrah diarani geguritan. 3. Arane Geguritan Miturut pandhapuke ukara lan pangiketing tembung, arane geguritan iku werna-werna, kayata ing ngisor iki. a. Gita dwi gatra sapada Gita dwi gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka rong gatra. b. Gita tri gatra sapada Gita tri gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka telung gatra. c. Gita catur gatra sapada Gita catur gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka patang gatra. d. Gita panca gatra sapada Gita panca gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka limang gatra. e. Gita sad gatra sapada Gita sad gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka nem gatra. f. Gita sapta gatra sapada Gita sapta gatra sapada yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka pitung gatra. 3. Paugerane Geguritan Paugerane geguritan yaiku kaya mangkene. a. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. b. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik. c. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetara bae. d. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane. e. Migunakake tembung-tembung kang pinilih. f. Cacahe larikan ora katemtokake. g. Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 5 4. Cara kanggo Mangerteni Isi Sawijining Geguritan Cara kanggo mangerteni isi sawijining geguritan, yaiku kaya mangkene. a. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan-baleni. b. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//). c. Golekna teges tembung-tembung kang kokanggep angel, kanthi terus dieling-eling, menawa tembung-tembung sajrone geguritan bisa nduwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran. d. Perlu digatekake menawa saben karangan mesthi nduwe pesen utawa amanat kang kepengin disampekake marang pamaca. e. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sederhana lan gampang dimangerteni. 5. Unsur-Unsur ing Geguritan Unsur kang kaandhut ing geguritan yaiku unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Kang kagolong unsur intrinsik ing geguritan yaiku tema, citraan, diksi, gaya bahasa, lan latar sarta amanat. Ing ngisor iki kaandharake perangan unsur intrinsik. a. Tema Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. Tuladha tema yaiku ketuhanan, kemanusiaan, patriotisme, demokrasi, lan tema keadilan sosial. Sawijining geguritan terkadhang ngandhut kabeh tema mau, jalaran geguritan pancen linuwih ing makna. b. Citraan Gambaran angen-angen utawa imajinasi panganggit kang kalairake liwat indra. Gambaran angen-angen iku ana kalane kasil liwat indra pandeleng, indra pangrungu, indra pangecap, indra pangrasa, lan indra pangganda. c. Diksi Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung-tembung kang digunakake ana kang nduwe teges lugu utawa apa anane (denotatip), tembung kang nduwe teges entar utawa ora sabenere (konotatip), gambaran utawa pralambang. d. Gaya bahasa/lelewaning basa Liwat asil karyane panganggit uga kepingin ngandharake rasa pangrasane. Kanggo nggayuh pepinginan kasebut, panganggit mbudidaya kanthi milih tembung-tembung kang dironce saengga mujudake ukara kang ngandhut lelewaning basa utawa lumrah diarani gaya bahasa. Jinis lelewaning bahasa utawa gaya bahasa ana akeh, nanging ing piwulang iki kaandharake telung jinis, yaiku kaya mangkene. 1) Personifi kasi Personifi kasi mujudake tumindake samubarang kadidene manungsa, bisa ngrasakake bungah utawa seneng, gumuyu, lumake, gegojegan, lan sapanunggalane. 2) Metafora Metafora minangka srana tumaping panganggit kanggo mbudidaya supaya para pamaca gamblang anggone mbayangake gegambaran kang kinandhut ing sajroning geguritan. Mbandingake sawijining barang marang barang liyane kang nduweni sipat padha. 3) Repetisi Repetisi digunakake dening panganggit nalika kapengin njelasake maksud ing sajroning geguritan, kanthi mbolan-mbaleni tembung. e. Latar Latar kanggo nggambarake panggonan, wektu, lan kahanan kang bisa narik kawigaten kang maca utawa ngrungokake geguritan. f. Amanat Amanat kuwi nggambarake kahanan ing isi geguritan kang bisa agame piwulangan kanggo sapa bae, bisa kanggo pamaca utawa kanggo uwong kang ndudut geguritan kuwi dhewe.
6 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 5. Bab kang Kaamot ing Geguritan Bab kang kaamot ana ing geguritan yaiku kaya mangkene. a. Wutuh (koheren) Geguritan kudu dadi bab kang wutuh, antarane perangan lan unsur-unsur ing geguritan. Perangane nyawiji ana gandheng ceneng lan gegayutan, ora madeg dhewe-dhewe ing pamikiran lan lelawaning ekspresi. Geguritan dianggit ben diwaca wong liya, supaya ana sesambungan batin antarane panganggit karo wong kang maca geguritan. Kejaba saka iku, bisa dienggo nuntun pangangen-angene wong kang maca lan bisa nemokake makna kang ana ing geguritan kasebut. b. Estetis (nilai/unsur kaendahan) Geguritan kudune nduweni kwalitas estetik kang magepokan karo pilihan kang trep, nuwuhake imajinasi estetik kang kuwat, ana wiramane, kanthi sasmita-samita kang urip lan seger, kanthi lelewaning basa, nuwuhake rasa lan pamikiran kang jero uga ngamot daya ekspresi. Padhatane geguritan iku ngandharakake pikiran, idhe, utawa gagasan kanthi cara ora langsung. c. Unsur edukatip Geguritan luwih becik yen bisa ngamot unsur edukatip (pendhidhikan, amarga anane unsur pendhidikan ing geguritan bisa kanggo aweh tuladha lan pitutur kang becik sing miguna kanggo sangu urip bebrayan ing dunya. d. Nuwuhake rasa tresna Geguritan nduweni idhe-idhe sarta pamikiran kang maju lan kanggo kapentingan umum. Pramila geguritan bisa nuwuhake rasa tresna kanggo masarakat. 6. Babagan kang Prelu Digatekake Ana ing Geguritan Babagan kang prelu digatekake ana ing geguritan yaiku kaya mangkene. a. Nada Nada ing geguritan yaiku sikap batin panganggit, sing arep diekspresekake marang pamaca. Ana nada nuturi, panyaruwe, nyindhir, berontak, meri, drengki, sedhih, kuciwa, benci, bungah, lan sapanunggalane. b. Pilihan tembung Pilihan tembung uga diarani diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, pangaggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung-tembung kang digunakake ana kang nduwe teges lugu utawa apa anane (denotatip), Tembung kang nduwe teges entar utawa ora sabenere (konotatip), gambaran utawa pralambang. c. Pralambang Pralambang iku kena dianggep kayadene pasemon. Tembange liya pralampita, wujuding pralambang warna-warna, ana kang wujudake gegambaran utawa pepetan, solah-bawa barang utawa basa. d. Purwakanthi Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tembung “purwa” tegese wiwitan, ngarep. Dene tembung “kanthi” tegese kanca, gandheng, karo, nganggo. Purwakanthi kena ditegesi gandheng karo ngarep. Kang dikarepake “purwakanthi” yaiku tetembungan kang runtut karo tembung mburine, ngenani bab swarane, sastra, utawa tembunge. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Purwakanthi kena digolongake dadi telu, yaiku kaya mangkene. 1) Purwakanthi guru swara Purwakanthi guru swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal). Diarani purwakanthi guru swara, jalaran ing kono tinemu rujukan swara utawa runtuting swara siji lan sijine. Purwakanthi guru swara akeh panggone, kayata ana ing paribasan, saloka, cangkriman, lelagon, wangsalan, parikan, geguritan, lan rumpakan liyane.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 7 Tuladha: (a) Gemi setiti ngati-ati. (c) Desa mawa cara negara mawa tata. (b) Bungah susah iku lumrah. (d) Aku lara paling para. 2) Purwakanthi guru sastra Purwakanthi guru sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (konsonan). Menawa purwakanthi guru sastra ing kono sing rujuk sastrane utawa tulisane. Tuladha: (a) Tata titi tatas titis. (b) Cecer cicir cewet. (c) Kala kula kelas kalih kula kulak kalo. 3) Purwakanthi lumaksita Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Tembung “lumaksita” tegese lumaku ing kene tembung-tembung, utawa ukara ing mburi runtut karo tembung-tembung ngarepe. Runtuting tembung ora mesthi satembung wutuh, kadhang kala mung saperangan utawa sawanda bae. Mula ukara-ukarane uga katon runtut lan sambung sinambung, kepenak dirungokake. Tuladha: (a) Jarwa pinter, pintere satriya ing Pringgondani. (b) Bayem arda, ardane ngrusak busana. (c) Kolik priya, priyagung anjani putra. e. Majas Majas utawa gaya bahasa diarani lelewaning basa. Majas utawa lelewaning basa iki kanggo nambahi grengsenge geguritan. f. Rima Rima utawa sajak utawa persamaan bunyi kanggo nyiptakake kaendahan lan kakuwatan sawijining geguritan. g. Tipogra Tipografi kuwi larik-larik utawa gatraning geguritan kang tinulis mawa pada utawa bait. Bab kuwi kang mbedakake antaraning geguritan lan gancaran. h. Irama Irama uga diarani ritme yaiku salah sijine unsur kang ana gandheng-cenenge karo bab-bab kang sarwa teratur. i. Tembung entar Mujudake tembung kang tegese wis owah saka teges kang baku. Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Jlentrehna tegese geguritan miturut Raminah Baribin! Wangsulan:.................................................................................................................................... 2. Jlentrehna tegese guritan anyar! Wangsulan:.................................................................................................................................... 3. Apa tegese gita tri gatra sapada? Wangsulan:.................................................................................................................................... 4. Tulisna telu tuladhane purwakanthi basa! Wangsulan:.................................................................................................................................... 5. Apa gunane geguritan? Wangsulan:....................................................................................................................................
8 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Goleka geguritan kanthi tema bebas! Banjur analisisen struktur batin kang kaandhut ing geguritan sing wis kokwaca bebarengan kancamu! Tema Rasa/Pangarsa Nada Swasana Amanat B. Maca, Nulis, lan Nggancarake Geguritan Jaman saiki panulisane geguritan beda karo ing jaman biyen ora nganggo paugeran pinathok. Geguritan ing jaman biyen diarani puisi Jawa kuna utawa puisi Jawa gagrag lawas, jalaran kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. 1. Maca Geguritan Geguritan bisa kanggo medharake utawa ngandharake isine ati lan aweh piwulang, pepeling, sarta pitutur marang wong sing maca. Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragrap, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Geguritan iku bisa dirasakake kanthi maca utawa ngrungokake, satemah bisa nemokake perangan ing ngisor iki. a. Nemokake pesen (amanat/piwulang) kang kamot ing sajroning geguritan. b. Nemtokake sebab kang ndadekake endahing geguritan. c. Nggawe gambaran tumrap geguritan kang diwaca utawa dirungokake. Ana perangan bab kang kudu digatekake nalika maca geguritan, ing antarane ngisor iki. a. Wirama (irama/lagu) Irama kudu digatekake nalika maca geguritan, upamane banter, alon, cetha utawa samar, lan sapanunggalane. Nalika maca geguritan surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas. b. Wirasa (rasaning swasana ati) Surasane utawa isine geguritan kudu dimangerteni tegese utawa karepe. Nuli anggone maca ngetrepake utawa nyelarasake karo isining geguritan, yaiku susah, seneng, wibawa, getun, nesu, lan sapanunggalane. c. Wiraga (obahing awak) Obahing awak yaiku aja kaku, luwes bae, mlaku uga prayoga, ngobahake peranganing awak kanggo mangun swasana. Pasemon, praenan kudu selaras karo isining geguritan nanging aja banget-banget. d. Wicara (pocapan) Pocapan sing cetha nalika ngucapake aksara swara, wanda, lan tembung. Gatekna geguritan ing ngosir iki! Esuk Iki Dening, Ariesta Widya Angin pancen sumilir ngrajut awak Nanging mau bengi hawane nggodha angen
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 9 Kumepyur grimis ngruwis nggawa pengarep Mengko udan ngadhemi bumi sing ngrantu Woh-woh medhot rasa gumawang Lebu sing tumemplek lumahing godhong Durung owah gambarane Jago kluruk sesautan ora miyak cahya srengenge Kaya padhatan jalari donya iki tangi Donya peteng ora kawiyak sunar padhang Ing bang wetan ngranuhi sesawangan Kepara saiki krasa kulit anyep Kesiram angin playon nerak-nerak sakarepe Isih binareng thathit gumerit nyigar keteg dhadha Gordhin jendhela mobat-mabit sesalaman Kleyang-kleyang godhong ing ngarepan Mudal-mudal gumlethak ngebaki plataran Godhong blimbing, jambu Bangkok, blimbing wuluh Mosak-masik ing plataran ora kumanan kentekan semen Got paving urunan warga gumlesah larahan pasar Esuk iki kosok balen karo mau bengi Panas sing sumeblak diwiyak angin adhem mabit Njalari angin keplantrang miyaki jaman Sing teka ora kinira miyak donya Apa iki sasmita lumahing donya kurebing langit Aweh panyendhu marang manungsa Esuk lan sore singgeting dina rahina Wengi nggarit ati miyaki leladi iku wis pinasthi Aja ngowah-owahi lakuning lintang ing akasa Iku luwih prayoga 2. Cara Nggawe Geguritan Urut-urutane nggawe geguritan yaiku kaya mangkene. a. Nemtokake tema kang arep dirembug. b. Milih tetembungan kang mentes. c. Nggawe cengkorongan. d. Endah lan cekak, kanggo nambahi endahe, gunana purwakanthi, baliswara, pepindhan, utawa tembung kawi kanthi cara golek ing kamus. e. Menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan. 3. Gladhen Nulis Geguritan Amrih bisa nulis geguritan kanthi becik, bisa migunakake enem laku minangka tuntunan mekarake kreativitas, yaiku kaya mangkene
10 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 a. Nglatih tanggap sasmita Nglatih tanggap sasmita yaiku nglatih kapekan dhiri kang bisa katindakake kanthi seneng nggatekake kahanan sakiwa-tengene, seneng bandhingake kahanan, lan sapiturute. b. Nangkep ilham Nangkep ilham, ilham ing kene bisa ditegesi cahya kang bisa diandharake. c. Ngetokake tembung pisanan Ngetokake tembung pisanan minangka tembung kang bisa nuntun tembung-tembung sateruse. Satembung mau bisa didawakake kanthi menehi pitakonan apa, sapa, piye, kapan, lan ing papan ngendi. Kanthi mangkono satembung mau bisa nglairake embrio-embrio kang bisa ditulis sauger isih komprehensip lan koheren. d. Ngolah tembung Ngolah tembung, bisa katindakake kanthi nyusun tembung-tembung kang kawetu saka ilham mau. e. Menehi vitamin ing tembung-tembung Nalika tembung-tembung mau krasa durung wangun lan durung pas, bisa diwenehi kagunan basa (purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lan sapanunggale). f. Nyeleksi tembung Bisa katindakake kanthi mikirake sapa kang bakal maca. Kanthi mengkono, kaajap bisa tuwuh geguritan kang prasaja nanging mentes isine lan narik kawigaten dening pawongan kang maca. 4. Nggancarake Geguritan Sawijining geguritan bakal luwih gampang olehe nggoleki amanat utawa piwulang kang ana sajroning geguritan kanthi cara diparafrasekake dhisik. Parafrase geguritan tegese proses owahowahan saka wujud geguritan didadekake wujud gancaran utawa paragrap, kanthi ancas supaya maknane/tegese geguritan luwih cetha lan gamblang. Parafrase geguritan ateges ngowahi geguritan dadi basa gancaran kanthi pangajap maknane geguritan luwih gamblang utawa cetha. Gancaran kuwi ing basa Indonesia diarani prosa. Nggancarake ateges ngowahi tembang utawa geguritan dadi gancaran (prosa). Sadurunge nggawe gancaran kudu mangerteni cara-carane nggancarake. Carane nggancarake geguritan kaya ing ngisor iki. a. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung baliswara kudu diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik. b. Menawa ana tembung Kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake saben dinane. c. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari. d. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bisa mbuwang utawa ngilangi tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang. e. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragrap kanthi ejaan kang bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah, lan sapanunggalane. Gatekna tuladha parafrase geguritan ing ngisor iki! Bocah Cilik Kae Dening: Turiyo Ragil Putra Bocah cilik sing nyapu latar kae (Bocah cilik sing lagi nyapu latar kae) Sapa ngerti mbesuk tembe thukuk etare (Sapa ngerti mbesuk ing tembe mburine dadi bocah pinter) Mabur dhuwur nganglang langit numpak mega-mega
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 11 (Dadi wong kang kepenak uripe) Andom lelana sinambi methaki lintang kartika (Ambagi crita urip lan kabecikan marang wong liya) Bocah cilik kae isih bening jiwane (Bocah cilik kae kang isih urung nduwe dosa) Isih suci lemah atine (Isih suci atine) Aja ditanduri jenu utawa senthe (Aja diajari tumrap barang kang ala) Aja dibumboni basa utawa krawe (Aja diwarahi samubarang kang ora becik) Bocah cilik kae (Bocah cilik kae) Togna menyang ngendi abur jiwane. (Ditogne bae milih dalan uripe dhewe, amung kudu tetep ana ing dalan kang bener) Kebumen, November 1997 Tetembungan kang durung dimangerteni tegese a. Tembe: mengko, mbesuk. b. Thukuk: tuwuh. c. Etare: akal, nalar, pikiran. d. Nganglang: ngubengi. e. Mega-mega: mendhung. f. Andom: ambagi. g. Lelana: lelunga. h. Methaki: ngitung. i. Kartika: lintang. j. Jenu: sawijining tanduran kang nduweni racun. k. Senthe: sawijining tanduran tales-talesan kang uga nduweni racun. l. Abur: miber. Dudutan geguritan “Bocah Cilik Kae” Nasib manungsa mbesuk ora ana sing bisa mangerteni. Sanadyan kapisanane amung wong biyasa lan kaya ora nduweni kadigdayan, nanging bisa uga mbesuk dadi wong pinter kang kepenak uripe lan bisa andum kabecikan marang liyan. Banjur, kanggo anggayuh kasuksesan mangkono iku, bocah kudu didhidhik wiwit cilik ngenani bab-bab kang luhur. Ora malah diwuruki ngenani bab-bab kang ala. Ing tembe mburine, bocah nduweni kabebasan milih dalan uripe dhewe, nanging wong tuwa uga kudu tetep bisa ngarahake bocah supaya ora salah milih dalan uripe lan ora dadi keblinger. 5. Tuladha Analisis Geguritan Ing ngisor iki kaandharake analisis geguritan saka ngudhar unsur intrinsik. Gatekna tuladha analisis nggunakake unsur intrinsik ing ngisor iki! Kekasih Sutresnaku Dening: Hefi Rahayu Binareng kembeng-kembeng waspa ing mripat Dak sawang urubing dahana tansah mbulat
12 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Ngupaya nylamur pangeling-eling ngegla ing dhadha Sarimbit karo sliramu kang saiki datan ana Saiki aku amung ijen dhewe tanpa kanca Ing satengahe urip kang sepi nalangsa Dhewekan, tanpa sliramu ing sisihku Dhuh, larane rasa atiku Aku mbok tinggal lunga Panangisku ijen jroning sungkawa Saptasa dina aku isih brangti Ing sawalike lawang kamarku sepi Kelingan prastawa endah tansah sesandhingan sliramu Lelakon kawuri bebarengan karo aku Arep daksimpen jroning kalbu Kekasih sutresnaku Pocapan pepisahan kumecap ing lathiku Muga-muga ngirid langkahmu ing papan katuju Analisis unsur-unsur instrinsik geguritan ing ndhuwur yaiku kaya mangkene. Tema = katresnan Rasa = sedhih, kangen Lagu = kangen, sedhih Swasana = sedhih Diksi: Dahana = geni Sungkawa = sedhih Brangti = kelingan Kalbu = ati Purwakanthi: Kembeng-kembeng Pengeling-eling Amanat = kita kedah saget nglilakaken punapa ingkang saun kalampahan. Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Sebutna laku minangka tuntunan mekarake kreativitas ing geguritan! Wangsulan:.................................................................................................................................... 2. Apa sing diarani cengkorongan geguritan? Wangsulan:.................................................................................................................................... 3. Apa kang diarani parafase geguritan! Wangsulan:.................................................................................................................................... 4. Kepriye pisanane sadurunge nulis geguritan? Wangsulan:.................................................................................................................................... 5. Kepriye tulisan ing geguriten bisa dadi apik? Wangsulan:....................................................................................................................................
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 13 Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Gewea geguritan bebarengan karo samejamu kanthi tema kabudayan! Banjur andharna ing ngarep kelas! Kanggo nambah pamawasanmu babagan geguritan, pindai QR code iki! Sumber: https://www.youtube.com/watch?v=p6Eq4X6t6pY&ab_channel=SMAMuha mmadiyah1Yogyakarta Soal AKM Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan 1–3! Merapi Dening: Puthu Aryana Merapi… Saka kadohan katon gagah Asep putih ndedel ing awiyat Tilas dalan lahar katon cetha Kena sunare Hyang Bagaskara Merapi… Saupama kowe bisa crita Kabeh kedadeyan ing tanah Jawa Wiwit jaman Mataram Kuna Nganti madege Kraton Ngayogyakarta Pitakonan 1 Hyang Bagaskara ing geguritan kasebut maksude …. a. srengenge b. bulan c. gunung d. segara e. krajan Pitakonan 2 Wenehana tandha centhang (√) pranyatan kang trep karo geguritan ing ndhuwur! Gunung Merapi dadi seksine madege Kraton Ngayogyakarta. Merapi katon adoh nganti ora ketok. Gunung Merapi bisa crita kedadeyan kang ana ing tanah Jawa. Katon dalan-dalan ing perengane Gunung Merapi kang diliwati masarakat. Asep kandhel ing ndhuwure Gunung Merapi. Pitakonan 3 Geguritan ing ndhuwur diripta dening ….
14 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Proyek Penguatan Profi l Pelajar Pancasila Garapen gladhen ing ngisor iki! Gawea geguritan kang tema bebas! Banjur wacakna ing ngarep kelas kanthi pracaya dhiri! (Kreatif) Refl eksi Munfangat pasinaon dina iki. Tulisen kesan sing kokrasakake babagan pasinaon ngenani geguritan kanthi nyoret pernyataan sing ora trep ing kolom deskripsi singkat! Aspek Deskripsi Kesan ing proses pamulangan seneng/bosen Tingkat kangelan gampang/angel Sikap kooperatip/kurang kooperatip Ngetrapake kasil pamulangan wis/durung A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener! Gladhen Wulangan 1 1. Ukara jarwa pinter, pintere satriya ing Pringgondani kuwi tuladhane saka purwakanthi .... a. tulis d. guru sastra b. trep e. lumaksita c. guru swara 2. Unen-unen kang runtut sastrane (konsonan) diarani purwakanthi .... a. tulis d. lumaksita b. guru swara e. trep c. guru sastra 3. Tata titi tatas titis klebu tuladha purwakanthi .... a. tulis d. basa b. guru swara e. lumaksita c. guru sastra Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomor 4–7! Merapi Dening: Puthu Aryana Merapi... Saka kadohan katon gagah Asep putih ndedel ing awiyat Tilas dalan lahar katon cetha Kena sunare Hyang Bagaskara Merapi... Saupama kowe bisa crita Kabeh kedadeyan ing tanah Jawa Wiwit jaman Mataram Kuna Nganti madege Kraton Ngayogyakarta 4. Irah-irahane geguritan kasebut yaiku .... a. Merapi d. Rama b. Ilir-ilir e. Banjir c. Biyung 5. “Kena sunare Hyang Bagaskara” ukara iki tegese .... a. kena cipratane banyu segara b. kena angine segara c. kena cahyane srengenge d. kena irenge dandhang e. kena angin ing rina 6. Kang nganggit yaiku .... a. Budhi Setyawan b. Puthu Aryana c. Miji Lestari d. Prembayun e. R. Tantiningsih 7. Bumi basa kramane yaiku .... a. busana d. widada b. bawana e. yuwana c. kuwasa
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 15 8. Nalika maca geguritan sing surasane ngemu kasusahan, kudu alon, alus, lan melas diarani .... a. wirama d. wicara b. wirasa e. wigati c. wiraga 9. Kang mujudake gegambaran utawa pepethan bisa diarani .... a. tembung d. swasana b. irama e. lagu c. pralambang 10. Obahe awak kanggo mangun swasana ing wayah maca geguritan diarani .... a. wirama d. wicara b. wirasa e. wigati c. wiraga 11. Geguritan bisa uga diarani .... a. wacan Jawa b. puisi Jawa c. lagu Jawa d. tulisan Jawa e. pantun Jawa 12. Tembung panganggit nduweni teges .... a. pangkritik d. kawigaten b. sing maca e. pangripta c. pamaca 13. Tembung “gurit” tegese .... a. kidung d. lagu b. serat e. barang c. tulis 14. Salah sawijine unsur kang ana gandheng cenenge karo bab kang sarwa runtut diarani .... a. nada d. diksi b. swasana e. citra c. irama 15. Tembung kang trep, mentes, lan pilihan diarani .... a. nada d. diksi b. swasana e. pralambang c. irama 16. Proses owah-owahan saka wujud geguritan didadekake wujud paragrap diarani .... a. gambaran d. diksi b. tema e. parafrase c. amanat 17. Amanat ing geguritan kuwi kayata .... a. pesen kang bisa dijupuk b. kahanan sing ora nyata c. durung ngerti juntrunge d. kedadeyan apa anane e. kahanan yang kliru 18. Kanggo nambah kaendahan ing geguritan basa nggunakake ... sawetara bae. a. purwakanthi d. tembung b. tuturan e. lagu c. ejaan 19. Geguritan kang nggambarake paraga kang ditresnani lan dikagumi bisa klebu ing tema .... a. pahlawan b. katresnan c. kendahan alam d. nagara e. bencana 20. Unen-unen kang runtut swarane (vokal) diarani purwakanthi .... a. tulis b. guru swara c. guru sastra d. lumaksita e. trep B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep! 1. Ekspresi nalika maca geguritan sinebut …. 2. Geguritan jaman saiki ora kaiket …. 3. Geguritan iku saka tembung …. 4. Geguritan tradisional tibaning swara kudu …. 5. Geguritan kang saben padane kasusun saka telung gatra sinebut …. C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Jlentrehna paugerane wanda ing geguritan tradisional! Wangsulan: .......................................................................................................................................
16 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 2. Jlentrehna babagan maca geguritan kudu nggatekake wirasa (rasa ing swasana ati)! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 3. Jlentrehna kang diarani diksi ing geguritan! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 4. Sebutna lima bae babagan isi ing geguritan! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 5. Kepriye anggone maca geguritan kang laras karo isine? Wangsulan: ....................................................................................................................................... D. Cocogna katrangan ngisor iki karo wangsulan kang trep! Pranyatan Wangsulan 1. Geguritan kang saben padane kasusun saka rong gatra. 2. Pokok gagasan geguritan. 3. Tembung pinilih. 4. Geguritan kang saben padane kasusun saka nem gatra. 5. Cecer cicir cewet. a. diksi b. gita sad gatra sapada c. tema d. gita dwi gatra sapada e. purwakanthi guru sastra E. Wenehana tanda centhang (√) ing wangsulan kang bener saka pranyatan ing ngisor iki! No. Pranyatan Bener Salah 1. Maca geguritan kudu nganggo wewaton. 2. Geguritan modheren winates ing larik. 3. Maca geguritan pahlawan diwaca kanthi nglokro. 4. Obahe awak kudu trep karo tema geguritan. 5. Ngrungokake geguritan bisa antuk piwulangan. Pambecik Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Apa kang diarani tembung konotatip? Wangsulan:.................................................................................................................................... 2. Apa kang diarani tembung denotatip? Wangsulan:.................................................................................................................................... 3. Apa kang diarani purwakanthi? Wangsulan:.................................................................................................................................... 4. Sebutna jinise purwakanthi! Wangsulan:.................................................................................................................................... 5. Apa bae kang kagolong geguritan tradisional? Wangsulan:....................................................................................................................................
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 17 Pengayaan Garapen gladhen ing ngisor iki manur prentahe! Semaken geguritan ing ngisor iki! Wit-witan Pinggir Dalan Aku mlaku, nanging mripatku nyawang sliramu Aku mandheg, sliramu malah ngguya-ngguyu Saya edhum Saya seger lan ngresepake ati Nalika ngaso, sliramu sing dakampiri Nalika kesel, sliramu sing dakgawe sambat Pang-pangmu bisa nggawe sendhenan Godhongmu sing ngrembuyung kaya dadi payung alam Ngresep panas sing teka Ngalangi udan sing mara Nanging atiku nangis Nyawang sliramu sing wis ilang dadi bangunan Got padha mudhal yen udane deres Nanging lemahe padha nela yen udane ora teka Ora ana maneh sing nyerep panase sang surya Ora ana maneh sing ngalangi derese udan Lan, Ora ana maneh panggon iyupan sing biyasane dakampiri Saiki, Dak terusake lakuku Nalika dak sawang bangunan iku, Aku kelingan marang sliramu Oh… Wit-witan pinggir dalan Dakenteni bibit penerusmu Sawise maca, banjur geguritan ing ndhuwur, gawenen gancarane!
18 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Crita Wayang (Karna 2 Madeg Senapati) WULANGAN Menyimak: Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari menyimak teks sastra dalam bentuk crita wayang (Mahabharata). Membaca: Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara Jawa melalui kegiatan membaca teks aksara Jawa (misalnya: legena-pasangan/ sandhangan/angka/swara/murda/rekan/lainnya). Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/narasi/eksposisi/ argumentasi, atau lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu mengidentifi kasi penggunaan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Berbicara: Peserta didik mampu menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat dari teks nonsastra (misalnya: pawarta/reportase/lainnya). Menulis: Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara Jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/eksposisi/argumentasi/lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat melalui teks nonsastra dalam bentuk pawarta. Capaian Pembelajaran Setelah mempelajari materi pada bab ini, siswa diharapkan mampu: 1. memahami crita wayang Karna Madeg Senapati; Tujuan Pembelajaran Crita, Karna, Mahabaratha, senapati, wayang Kata Kunci 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia. 2. Berkebinekaan global. 3. Bergotong royong. 4. Mandiri. 5. Bernalar kritis. 6. Kreatif. Profi l Pelajar Pancasila Peta Konsep Crita Wayang (Karna Madeg Senapati) Mahami Crita Wayang Nyritakake Crita Wayang 2. menjelaskan crita wayang Karna Madeg Senapati; 3. memberikan tanggapan atau komentar mengenai isi crita wayang Karna Madeg Senapati; serta 4. menceritakan kembali crita wayang Karna Madeg Senapati.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 19 Wayang iku kabudayan Jawa kang awujud benda. Wayang ing Jawa akeh jinise. Wiwit wayang purwa, wayang kulit, wayang wong, wayang suket, lan liyaliyane. Crita kang dadi lakon nalika mentasake wayang uga akeh. Ana sing jikuk saka kakawin Ramayana, Mahabharata, 1001 wengi saka Arab, nganti crita-crita jaman krajan Jawa biyen. Ing saben crita wayang mesthi ana piwulangan kang kinandut. Salah siji crita utawa lakon kang ana ing Jawa yaiku Karna Madeg Senapati. Karna iku sedulure Pandhawa ananging dadi mungsuh nalikane Perang Bratayuda. Pancingan Pasinaon 1. Apa bae jinis-jinise wayang? 2. Kepriye crita wayang lakon Karna Madeg Senapati? 3. Apa piwulang kang ana ing crita wayang lakon Karna Madeg Senapati? Ringkesan Materi A. Mahami Crita Wayang Wayang yaiku jenenge tontonan kanthi pepethan uwong lan kewan kang ginawe saka walulang utawa kulit kewan, kayu, godhong, kain, lan sapanunggalane. Wayang iku ana wiwit taun 939 jaman Sri Jaya Baya jumeneng nata ing Kediri. Wektu iku wayang ginawe saka godhong tal, banjur ditutugake Raden Panji ing Jenggala. Ing jaman para sunan, salah sawijining sunan kang migunakake wayang kanggo sarana dakwah nepungake agama Islam yaiku Sunan Kalijaga. Crita kang dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut wayang purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tlatah Arab, wayang kasebut diarani wayang menak. Pagelaran iki misuwur ing tlatah Jawa. Mahabharata yaiku critane Pandhawa. Pandhawa iku cacahe ana lima yaiku Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa. 1. Tegese Wayang Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang purwa. Padatane, wongwong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang kulit. Menawa disawang saka bahan gawene, pancen ora kleru. Ananging, wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise, salah sijine yaiku wayang beber. Wayang yaiku sawijining tembung basa Indonesia (Jawa) asli kang nduweni teges wewayang utawa wewayangan, kang uga asale saka tembung wod “yang” lan dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang nduweni wod yang kanthi maneka warna variasi vokale kayata layang, dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges tansah obah, ora tetep, samar-samar, lan sayupsayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman semana nduweni teges nontonake wewayangan. Saya suwe dadi tontonan wayangan. Lakon-lakon wayang purwa wiwitane mung wewates ana crita pakem lan isih ngugemi sumbering crita, upamane Ramayana lan Mahabharata, klebu sing katulis ing basa Jawa kuna, Jawa tengahan, lan Jawa anyar. Ana ing wektu sawise iku dadi ngrembaka. Mula lair lakon-lakon gubahan anyar kang tetep ngatonake paraga-paraga utama wayang purwa ananging garapane wus kebak variasi lan Purwaka Gambar wayang Karna.
20 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 diarani kanthi lakon carangan. Cacahe naskah sastra wayang lumayan akeh. Kuwi mau nunjukake menawa sutresna lan kawigatene masarakat karo sastra wayang. Ing kalangane masarakat Jawa sing durung sepira tepung karo buku-buku cithakan, mula kudu nyalin naskah sastra wayang. Maneka warna jinise wayang kang ana ing Indonesia yaiku wayang kulit, wayang golek Sunda, wayang Betawi, wayang Sasak, wayang timplong, wayang krucil, wayang thengul, wayang jemblung, wayang cepak, wayang kancil, wayang beber, wayang wong, wayang topeng, wayang suluh, wayang wahyu, lan sapanunggale. Saka sakehing jinis wayang, sing paling populer lan nduweni umur ewonan taun yaiku wayang kulit. Crita-crita pokoke punjere saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang surasane budaya lan fi lsafat Hindu lan India, ananging wis kaserep ing budaya papan kono. 2. Sejarah Wayang Para ahli durung ana kang bisa mesthikake kapan wayang wiwit ana ing Indonesia. Nanging yen deleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurunge agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur. Sawetara anggitan sastra jaman Mataram Anyar akeh kang nulis prakara sejarah wayang. Nanging, para ahli sejarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono, amarga ora cocog marang cathetan lan tinggalan sejarah kang wis ana. Prasasti paling kuna ana ing abad IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trawaca ing Prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macrita bimma yakumara. Artine kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara. Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara nggawe crita wayang beda karo asline. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991–1016), akeh crita saka India kang mlebu lan digawe gagrag jawane. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara. Crita-crita kang asline saka India iku pungkasane wis geseh karo maune. Para pujangga Jawa nggawe crita dhewe kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan. Jaman Islam mlebu, wali sanga uga nganggo wayang ing panyebarane. Ing jaman iki wiwit ana wayang menak. Gagrag-gagrag tambah akeh ngepasi Mataram Anyar. Walanda kang digdaya nggawe Kraton Surakarta ngracik akeh crita wayang kanggo nglelipur ati. Indonesia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang maneka warna. Maneka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamane dhewe. Wayang kang paling akeh dienggo yaiku wayang kulit purwa. 2. Jinis-Jinis Wayang Wayang kulit utawa wayang purwa yaiku wayang sing digawe saka walulang (kulit). Nyaritakake lelakone Ramayana lan Mahabharata. Kejaba wayang kulit, ana sawetara jinis wayang liyane, kayata ing ngisor iki. a. Wayang purwa Wayang purwa uga kasebut wayang kulit amarga digawe saka kulit lembu/maesa/sapi. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabharata kanthi basa Jawa kuna ana ing jaman Raja Jayabaya. Empu Sedah lan Empu Panuluh sarta Empu Kanwa yaiku pujangga kang misuwur ing jaman iku. Sunan Kalijaga salah satunggaling wali sanga (Demak, abad XV) yaiku wong kang nyipta wayang saka kulit lembu. Dhalang kang misuwur antarane Ki Nartosabdo, Ki Mantep Sudarsana, Ki Anom Suroto, Ki Timbul Hadiorayitna, lan sapanunggalane. b. Wayang wong Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabharata. c. Wayang titi Wayang titi yaiku wayang saka lan sumbering crita ana Nagara Tiongkok. Wayang iki bisa ditonton ana tanggapan ing kampung Tiongkok utawa klenteng. d. Wayang wahyu Wayang wahyu uga kasebut wayang Bibel iki diciptake dening Bruder Temotheos kanggo nyiarake agama Kristen.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 21 e. Wayang kancil Wayang iki uga diarani wayang Dupara. Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil. f. Wayang dhongeng Wayang kang digawe saka dluwang kang digambari wayang awujud kewan-kewan. Wayang iki nyritakake babagan donyane kewan kang dadi sarana refl eksi saka donyane manungsa. Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahe tunggal dadi sakabehing paraga ana wayang, banjur sapa bae bisa dadi dhalang, kang bisa prasaja gunemane. g. Wayang doa Wayang iki klebu wayang kreasi anyar sing nggawe dening Riyono alumine ISI Yogyakarta. Wayang iki digawe awit taun 1990. Sanyatane wayang iki saka akronime dongeng-dongeng anak banjur dadi doa sakabehane wayang kang dadi lakon satriya iku nganggo sorban. h. Wayang beber Wayang beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan iku nggambarake saadegan crita. Yen wis rampung dilakonake, beberane digulung maneh. Wayang iki digawe jaman Krajan Majapahit. Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunungkidul. Wayang iki digawe kanthi kuwat ing bab rong dimensine kanthi seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglestarekake wayang iki yaiku Musyafi q kanthi nggawe wayang beber kang narasine paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake fi gur wayang kang corake dekoratif lan ornamentik, Agus Nuryanto nggawe wayang beber kanthi wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka realitas uripe manungsa ing saben dinane. i. Wayang gedhog Wayang iki wujude meh padha karo wayang kulit. Kang digawe kurang luwih taun 1400- an. Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lan sapanunggale. Wayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lan sapanunggale. Wayang iki mung bisa ditemokake ana museum. j. Wayang klitik (krucil) Wayang klithik (krucil) yaiku wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. Crita kang kerep ditanggapake yaiku nyaritakake Damarwulan lan Majapahit. k. Wayang golek (thengul) Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan sapanunggale. Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongeng Nagara Arab. Wayang golek dipopulerake dening Sunan Kudus. Wayang golek kang misuwur yaiku wayang golek Asep Sunarya saka Sunda. l. Wayang madya Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Wayang madya iki diciptakake dening Mangkunegara IV, kang digunakake kanggo sesambungane wayang purwa karo wayang gedhog. Crita kang misuwur ing wayang madya yaiku crita Angling Dharma. m. Wayang potehi Wayang kang awujud bonekah cilik-cilik. Critane mangsa jaman Kraton Tar-Tar utawa Babad Tiongkok. Thio Tiong Gie yaiku salah sijining dhalang wayang potehi ing Semarang Tengah kang manggon ing Kampung Pesantren, Kalurahan Purwodinatan. Dheweke nduweni prinsip paribasan Tiongkok kang dadi semangate kanggo nglestarekake wayang potehi iki yaiku tak ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi. Yen ta wayangan dheweke nggunakake basa Indonesia kanggo basa pengantar, beda karo para sesepuhe sing biyen nggunakake basa Tiongkok. Ciri khase dheweke uga kerep nggunakake tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umure wis 76 taun, akeh prihatine mikirake kabudayane sing mung didelok dening saglintir wong sing kalah adoh yen dibandingake karo jaman biyen. Langka banget sing kepengin nyinaoni wayang iki sing dadi generasine mung siji, wonge yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yen ta wayangan. Para niyagane adoh banget yaiku saka Surabaya. Dheweke menehi tuturan “Yen ta diwenehi
22 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 panjang umure nganti 100 taun, dheweke bakal terus dhalang, sabab ing jero wayangan kang lumrahe digawe dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepeling-pepeling kang manpaati tumrap uripe manungsa.” n. Wayang sadat Wayang sing nyritakake lakon agama Islam. o. Wayang suluh Wayang sing nyritakake sejarah Indonesia lan kanggo penyuluhan. p. Wayang suket Wayang kang digawe saka suket, critane babagan kahanan saiki lan lumrahe kanggo pitutur utawa kritik marang pemerintah. Asring digunakake bocah cilik kanggo dolanan. q. Wayang menak Wayang menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Critane yaiku babagan dakwah Islam kayata Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarmadi. r. Wayang jemblung Sawijining wujud kasenian teater tradisional saka tlatah Banyumas. Wujude wayang iki kaya pagelaran wayang, nanging dimainake dening sawijining dhalang kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana (vokalis). 3. Crita Ramayana Crita Ramayana iku kaperang dadi pitung kitab/kanda kang sinebut Saptakanda. Urut-urutane kanda kaya mangkene. Balakanda Kitab Balakanda dadi mula bukane crita Ramayana. Kitab Balakanda nyritakake Prabu Dasarata kang nduwe garwa telu, yaiku Dewi Kosalya, Dewi Kekayi, lan Dewi Sumitra. Saka garwa telu iku, Prabu Dasarata nduwe putra cacah papat, yaiku Rama, Bharata, Lesmana, lan Satrugna. Kitab Balakanda uga nyritakake Rama kang kasil menangake sayembara lan nggarwa Dewi Sinta putrine Prabu Janaka. Ayodhyakanda Kitab Ayodhyakanda nyritakake Rama kang nglakoni urip ing tengah alas karo Dewi Sinta lan Lesmana. Sawise Prabu Dasarata seda, Bharata diwisudha dadi raja. Bharata sabenere ora gelem dadi raja amarga kang nduwe hak dadi raja yaiku Rama. Bharata banjur nyusul Rama menyang alas lan nyuwun supaya Rama gelem bali menyang krajan lan madeg dadi raja, ananging Rama ora gelem. Aranyakanda Kitab Aranyakanda nyritakake Rama, Sinta, lan Lesmana sasuwene urip ing tengah alas. Ing tengah alas Rama asring biyantu para pertapa kang diganggu dening para raseksa/buta. Ing kitab iki uga dicritakake Dewi Sinta diculik dening Rahwana. Kiskindhakanda Kitab Kiskindhakanda nyritakake sapatemone Rama klawan raja kethek Sugriwa. Rama biyantu Sugriwa kanggo ngrebut kratone saka Subali, kakange Sugriwa. Ing paperangan iku, Subali gugur. Sugriwa madeg raja ing Guwa Kiskindha. Sabanjure Rama lan Sugriwa dadi kanca. Sundarakanda Kitab Sundarakanda nyritakake lakon para prajurit Kiskindha sing lagi mbangun Kreteg Situbanda sing nyambungake antarane India karo Alengka. Anoman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sinta. Ing Alengka, Anoman dicepeng. Ananging dheweke bisa ucul lan ngobong Kutha Krajan Alengka.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 23 Yuddhakanda Kitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar kethek dhuweke Sang Rama karo pasukan raseksa Sang Rawana. Critane diwiwiti nalika usahane pasukan Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Nagara Alengka. Ananging, bebarengan karo iku Wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakehan menehi pitedah. Neng paprangan, Rahwana dikalahake karo Rama nganggo gaman panah sektine Sang Rama. Sang Rama bali menyang Ayodhya kanthi slamet bareng karo Dewi Sinta. Uttarakanda Kitab Uttarakanda nyritakake lakon diguwake Dewi Sinta amarga Sang Rama krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora pitaya marang kasucene Dewi Sinta. Banjur Dewi Sinta manggon neng pratapan Resi Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang krajane Sang Rama nalika lagi dianakake upacara aswamedha. Nalika iku dheweke kabeh nyanyikake Ramayan sing digubah karo Resi Walmiki. Semaken crita wayang ing ngisor iki! Karna Madeg Senapati Dicritakake dhisik ana putri kang ayu, sing jenenge Dewi Kunthi. Dewi Kunthi nikah karo Prabu Kumajaya lan urip ing desa krajan sing jenenge “Pandhawa”. Dheweke dikaruniai anak sing jenenge, Karna. Sawise Pirang tahun Dewi Kunthi nduwe anak meneh sing dijenengake Arjuna. Dewi Kunthi sayang banget marang Arjuna, ndelok kabeh iku Karna ngarasa awake ora digatekake marang ibune, Karna nganti nguncali watu marang ibune, Dewi Kunthi utawa ibune iku langsung nesu marang Karna, tanpa sadar Dewi Kunthi ngomong kang sing ora becik marang Karna sing nyababake Karna lara ati. Akire Karna milih ngalih saka Krajan Pandhawa. Sawise pirang-pirang taun Karna lunga saka krajan, ibune mesthi nggoleki lan nangisi Karna. Ing sawijining dina, ibune mikirne Karna lan jaluk marang para dewa nemokake dheweke karo Karna. Ora suwene wektu, krungu swara bocah enom swarane kaya Karna. Ing istana Karna ketemu ibune, nanging maksud balike Karna ing krajan ora kanggo ketemu kaluwarga lan dulure. Nanging maksude Karna yaiku kanggo ngerti kahanane ibune lan Karnan njaluk restu kanggo dadi ksatriya perang. Ibune ora ngrestukake amerga yen dadi ksatriya perang padha karo Karna nglawan adi-adine dhewe. Karna ora nggagas, lan dheweke langsung lunga ninggalake ibune kang nangis amerga kaputusane Karna. Akire paparangan antara Arjuna saka kasatriyan Madukara dadi ksatriya perang Nagara Amarta nglawan Adipati Basukarna utawa Karna saka Awongga dadi ksatria perang Nagara Astina. Prabu Salya lan Sengkuni nduwe rencana arep mejahi Abimanyu, salah siji anak saka Arjuna, amerga pihak Astina kaweruh Krajan Amarta arep diturunake marang Abimanyu, amerga kuwi sasaran utamane yaiku mejahi Abimanyu. Pas wektune perang, Abimanyu wis okeh katusuk anak panah, nanging Abimanyu tetep nahan nganti pejah. Sawise, mase Semar nemokake Abimanyu sing kagletak kaku. Mase Semar karo Kresna yaiku Arjuna bingung mikirake Krajan Amarta. Arjuna sing durung ngerti katiwasan putrane terus nyusun rencana kanggo binasakake Ngastina. Sawise ngerti katiwasan putrane, Arjuna langsung maju dhewean kanggo nglawan prajurit Ngastina. Kurawa ngrasa seneng, amerga bisa mejahi Abimanyu. Nanging tanpa diweruhi, Abimanyu nduwe garwa sing lagi bobot, lan mengkone anak iku sing nggantikake Abimanyu. Karna nantang Arjuna perang. Nanging Arjuna nolak, amerga dheweke ngerti Karna iku sedulur kandunge dhewe. Karna ngongkon Arjuna njupuk gamane. Nanging Arjuna nolak perang. Akire atine Karna luluh, terus Karna lan Arjuna dadi rukun. Karna sadar Arjuna iku adhi siji-sijine sing diduweni. Ibune weruh lan ngrasa seneng. Nanging Karna nuduh Arjuna arep mejahi dheweke saka buri. Akire Karna lan Arjuna padudon. Arjuna sengaja ngalah kanggo ibune, lan ngarep atine Karna bisa luluh. Kaweruhan kuwi Kurawa ngguyu amerga Arjuna kalah.
24 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Pasopati wucul saka gandewa sing awale diarahke mung neng ngarepe Karna, nanging amerga kereta obah mangarep dadi gaman Sakti Pasopati pas ngeneki gulu Adipati Basukarna utawa Karna. Anak Dewa Surya iku mencelat kenek kereta nganti keretane ajur. Kaweruhan kabeh iku Dewi Kunthi utawa ibune Karna lan Arjuna, ngerti yen anake kang kapisan iku kabener lunga kanggo salawase. Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Jlentrehna wiwitane lakon wayang purwa! Wangsulan:.................................................................................................................................... 2. Jlentrehna kang dicritakake ing kitab Ayodhyakanda! Wangsulan:.................................................................................................................................... 3. Apa crita kang kerep ditanggapake ing wayang klitik? Wangsulan:.................................................................................................................................... 4. Apa bae sumbere crita ing wayang gedhog? Wangsulan:.................................................................................................................................... 5. Apa bae sumbere crita ing wayang golek? Wangsulan:.................................................................................................................................... Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Coba dhiskusekna bareng kelompokmu babagan crita wayang Karna Madeg Senapati! Golekana piwulangan ing crita kasebut, banjur andharna ing ngarep kelas! B. Nyritakake Crita Wayang Sadurunge crita ing ngarepe wong akeh, ana bab kang kudu digawe yaiku sinopsis/ringkesan supaya gampang anggone crita. Sinopsis yaiku ringkesan sawijining crita. Ringkesan yaiku salah sawijining wujud nyekakake sawijining crita kanthi tetep migatekake unsur-unsur intrinsik sawijining crita. Nggawe sinopsis iku cara kang efektip kanggo ngaturake crita kang dawa sajroning wujud crita. Sajroning sinopsis kaendahan gaya bahasa, ilustrasi, lan panjlentrehe-panjlentrehe diilangake, nanging tetep gumathok marang isi lan gagasan umum pangripta. Sinopsis biyasane diwatesi dening cacahing halaman. Dawane sinopsis biyasane seperlima utawa sepersepuluh saka dawane karangan asline. 1. Bab kang Digatekake Nalika Nggawe Sinopsis Menawa para siswa pengen nggawe sinopsis, kang perlu digatekake yaiku kaya ing ngisor iki. a. Tema, yaiku ide pokok utawa pokok crita. b. Latar, yaiku papan lan wektu kedadeyane. c. Alur, yaiku dalan crita. d. Paraga, yaiku wong kang main ana ing crita 2. Urut-urutane Nggawe Sinopsis Urut-urutane nggawe sinopsis yaiku kaya ing ngisor iki. a. Maca wacan asline dhisik supaya mangerteni kesan umum penulis. b. Nyathet ide pokok kanthi cara nggaris ngisor ide pokok sing mligi. c. Nulis ringkesan andhedasar ide pokok sing wis dicathet ana ing langkah kaloro. Migunakake ukara kang padhet, efektip, lan narik kanggo nyambung crita dadi karangan cekak sing nggambarake karangan asline.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 25 d. Pacelathon para paraga cukup ditulis utawa digoleki garis gedhene bae. e. Ringkesan utawa sinopsis novel ora oleh beda saka dalan crita lan isi saka sakabehe novel. 3. Unsur Intrinsik Crita Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra saengga karya sastra bisa madeg. Supaya bisa nyaritakake unsur karya sastra kang ana ing sawijining teks kudu bisa ngerteni maksud utawa tegese kang kamot sajroning teks. Unsur-unsur instrinsik karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, alur utawa plot, setting utawa latar, paraga lan watake paraga, amanat, cara mawas utawa point of view, sarta lelewaning basa. a. Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh. b. Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing nduwe sesambungan sababakibat. Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, mundur, lan campuran. c. Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan, wektu, sosial, lan swasana. d. Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatakane paraga bisa dimangerteni kanthi cara kaya mangkene. 1) Analitik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi cetha. 2) Dramatik, yaiku wewatakane paraga digambarake kanthi samudana. Dene watake paraga yaiku watak utawa sipate paraga ing sajrone crita. Watake paraga kaperang dadi telu yaiku kaya mangkene. 1) Antagonis, yaiku paraga kang nduwe watak ala. 2) Protagonis, yaiku paraga kang nduwe watak apik. 3) Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral. e. Amanat yaiku pesen utawa pitungkas sing diaturake panulis marang pamaca. f. Cara mawas utawa point of view yaiku dununge panulis ana ing sajrone crita. g. Lelewaning basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip. 4. Bab Wigati Nalika Maca Supaya bisa mangerteni surasane wacan kang diwaca, nalika maca kudu nggatekake bab-bab ing ngisor iki. a. Maca nganti rampung. b. Nyathet bab kang wigati. c. Goleki ukara baku kang ana ing saben paragrap. d. Sabanjure saka ukara baku ing saben paragrap bisa mangerteni surasane wacan. 5. Ngringkes Wacan Ngringkes iku migunani banget. Amarga memori otak iku winates, mula kanthi anane ringkesan bisa ngelingake maneh surasane wacan kang ora bisa ditangkep dening memori otake awake dhewe. Ngringkes iku ndadekake kang akeh dadi sethithik. Dene ngringkes wacan iku ndadekake tulisan kang akeh dadi sethithik, yaiku babagan-babagan kang penting-penting bae saka wacan iku. Ngringkes iku migunani banget tumrap bocah sekolah. Saliyane bisa nggampangake sinau, uga bisa nglatih katrampilan nulis. Ngringkes iku nganggo basane dhewe kang nggampang dipahami, ukarane ringkes gampang dimangerteni, nanging tetep bisa makili kang diringkes. Ngringkes wacan iku bisa kanggo gladhen dadi penulis profesional. Bisa kawiwitan saka ngringkes buku pelajaran utawa wacan kang narik kawigatenmu. a. Paugerane ngringkes Supaya anggonmu ngringkes wacan mau becik, mula kudu ngerti paugerane, kaya ing ngisor iki. 1) Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi permati. 2) Nulis ukara-ukara bakune. 3) Ngronce ukara-ukara baku mau dadi paragrap kang becik lan gampang dimangerteni.
26 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 b. Carane ngringkes Carane ngringkes yaiku kaya ing ngisor iki. 1) Maca wacan kang arep diringkes. 2) Nulis ukara bakune. 3) Ngronce ukara baku dadi paragrap kang gampang dimangerteni. Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Sebutna cara mangerteni wewatakane paraga! Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Apa kang diarani cara mawas? Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Sebutna jinising latar! Wangsulan: ................................................................................................................................... 4. Apa kang diarani paraga? Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Apa kang perlu digatekake nalika arep nggawe sinopsis? Wangsulan: ................................................................................................................................... Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Gawea kelompok watara 7–8 siswa! Banjur tindakna musawarat kang ngrembug bab wayang lan jinisjinise! Tindakna kanthi pamawas saka gurumu! Kanggo nambah pamawasanmu babagan crita wayang Karna Madeg Senapati pindailah QR code berikut ini! Sumber: https://id.scribd.com/document/589997390/Ringkasan-Karna-MadegSenopati Soal AKM Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan 1–3! Karna akire gelem dadi senapati amarga wis ora ana maneh sing bisa dadi calon senapati kuwat liyane. Nalika awale Perang Bratayuda, Karna ora gelem melu perang amarga ana Bisma. Nalika iku Bisma dadi senapati perang. Banjur bibar gugure Bisma, Karna akire gelem melu perang. Nanging nalika iku isih dadi wakil senapati. Nalika Durna gugur, akire Karna gelem dadi senapati, amarga panjaluke Duryudana. Bubar kuwi ing dina kaping 18, Karna akire gugur merga kreta sing ditumpaki mlebu neng njerone lendhut, kanthi ora bisa metu. Ngerti ana kesempatan iku mau, Arjuna nganggo Panah Pasopatine diculake marang Karna nganti tugel sirahe.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 27 Pitakonan 1 Gamane Arjuna jenenge …. a. Kuku Pancanaka b. Gada Rujakpala c. Panah Pasopati d. Jamus Kalimasada e. Panah Nagapasa Pitakonan 2 Wenehana tandha centhang (√) pranyatan kang trep karo wacan ing ndhuwur! Karna ngganteni Duryudana dadi senapati. Kreta sing ditumpaki Karna mlebu neng njero lendhut. Karna gugur ing Perang Bratayuda ing dina kaping 18. Karna ngganteni Bisma dadi wakil senapati ing Perang Bratayuda. Wiwitan Karna ora gelem dadi senapati amarga ana Arjuna. Pitakonan 3 Karna gelem dadi senapati amarga panjaluke …. Proyek Penguatan Profi l Pelajar Pancasila Garapen gladhen ing ngisor iki! Garapen karo kanca samejamu! Goleka crita wayang lakon Karna Madeg Senapati! Ringkesen lan golekana piwulang kang kinandhut ing crita kasebut! Banjur tulisen ing buku tugasmu! (Bernalar kritis) Refl eksi Munfangat pasinaon dina iki. Tulisen kesan sing kokrasakake babagan pasinaon ngenani crita wayang Karna Madeg Senapati kanthi nyoret pranyataan sing ora trep ing kolom deskripsi singkat! Aspek Deskripsi Kesan ing proses pamulangan seneng/bosen Tingkat kangelan gampang/angel Sikap kooperatip/kurang kooperatip Ngetrapake kasil pamulangan wis/durung A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener! Gladhen Wulangan 2 1. Wayang kang critane dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut wayang .... a. beber d. menak b. wong e. golek c. purwa 2. Wayang kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tlatah Arab diarani wayang .... a. beber b. wong c. purwa d. menak e. golek
28 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 3. Jaman Islam mlebu, wali sanga uga nganggo wayang ing panyebarane. Ing jaman iki wiwit ana .... a. beber b. wong c. purwa d. menak e. golek 4. Wayang kang paling akeh dienggo yaiku wayang .... a. beber b. wong c. purwa d. menak e. golek 5. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Wayang iki digawe awit taun 1990. (2) Sanyatane wayang iki saka akronime dongeng-dongeng anak. (3) Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunung Kidul. (4) Wayang iki digawe kanthi kuwat ing bab rong dimensine kanthi seni lukis ing kanvas. (5) Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lan sapanunggale. Titikane wayang doa ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (5) 6. Gatekna gambar wayang ing ngisor iki! Gambar wayang ing ndhuwur jenenge …. a. Dewi Kunthi b. Dewi Citrawati c. Dewi Sinta d. Dewi Anjani e. Dei Srikandhi 7. Adipati Karna ratu ing .... a. Awangga b. Dwarawati c. Pringgondani d. Amarta e. Astina 8. Raden Gathutkaca kasatriyane ing .... a. Pringgondani b. Madukara c. Jodhipati d. Sawojajar e. Astina 9. Wayang purwa iku digawe saka .... a. lulang d. rontal b. kayu e. godhong c. dluwang 10. Wayang purwa anane wiwit taun 939 M, nalika Sri Jayabaya jumeneng nata ing .... a. Jenggala d. Singasari b. Medhang e. Kahuripan c. Kediri 11. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Wayang iki digawe awit taun 1990. (2) Sanyatane wayang iki saka akronime dongeng-dongeng anak. (3) Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunung Kidul. (4) Wayang iki digawe ing rong dimensi kanthi seni lukis ing kanvas. (5) Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lan sapanunggale. Titikane wayang beber ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) d. (4) lan (5) b. (3) lan (4) e. (5) c. (3) lan (5) 12. Salah sawijining sunan kang migunakake wayang kanggo sarana dakwah nepungake agama Islam yaiku Sunan .... a. Kudus b. Ampel c. Bonang d. Gunung jati e. Kalijaga 13. Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabharata yaiku wayang .... a. purwa b. wong c. titi d. wahyu e. kancil
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 29 14. Wayang saka lan sumbering crita ana Nagara Tiongkok yaiku wayang .... a. purwa b. wong c. titi d. wahyu e. kancil 15. Wayang dupara kasebut uga wayang .... a. purwa d. wahyu b. wong e. kancil c. titi 16. Ringkesan sawijining crita bisa uga diarani .... a. prolog d. anonim b. epilog e. monolog c. sinopsis 17. Salah sawijining wujud nyekakake sawijining crita kanthi tetep migatekake unsur-unsur intrinsik sawijing crita iku diarani .... a. prolog d. anonim b. epilog e. ringkesan c. monolog 18. Cara kang efektip kanggo ngaturake sawijining crita kang dawa sajroning wujud crita yaiku nggawe .... a. prolog b. epilog c. sinopsis d. anonim e. monolog 19. Sinopsis biyasane diwatesi dening cacahing ... a. gatra b. wanda c. ukara d. halaman e. alur 20. Dalan ing sawijining crita diarani .... a. tema b. latar c. alur d. paraga e. amanat B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep! 1. Crita wayang lakon Karna Madeg Senapati klebu babagan epos crita …. 2. Kang nglakokake wayang jenenge …. 3. Wayang kang diciptakake dening Riyono yaiku wayang …. 4. Paraga kang netral ing crita sinebut …. 5. Papan lan wektu iku klebu unsur crita kang sinebut …. C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Apa kang diarani crita wayang purwa? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 2. Apa kang dicritakake Mahabharata? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 3. Ana pira perangan kitab Mahabharata? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 4. Apa kang sing kokmudhengi saka wayang jemblung? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 5. Saka ngendi asale wayang beber? Wangsulan: .......................................................................................................................................
30 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 D. Cocogna katrangan ngisor iki karo wangsulan kang trep! Pranyatan Wangsulan 1. Piwulang kang ana ing crita wayang lakon Karna Madeg Senapati. 2. Sedulure Karna kang dadi mungsuh. 3. Wayang kang kagawe saka suket. 4. Ide pokoke crita. 5. Wong kang main ing crita. a. tema b. Pandhawa c. bela negara d. paraga e. wayang suket E. Wenehana tanda centhang (√) ing wangsulan kang bener saka pranyatan ing ngisor iki! No. Pranyatan Bener Salah 1. Karna menang ing Perang Bratayuda. 2. Wayang iku wujud kabudayan Jawa. 3. Pandhawa sedulure Karna. 4. Wayang beber iku awujud saka kain utawa kulit lembu. 5. Ibune Karna asmane Dewi Kunthi. Pambecik Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Apa kang diarani wayang menak? Wangsulan: ................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 2. Sapa pangriptane wayang madya? Wangsulan: ................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 3. Geneya ngringkes iku migunani banget? Wangsulan: ................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 4. Kapan wayang wiwit ana ing Indonesia? Wangsulan: ................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 5. Pagelaran wayang purwa misuwur ing tlatah ngendi? Wangsulan: ................................................................................................................................... .........................................................................................................................................
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 31 Pengayaan Garapen gladhen ing ngisor iki manur prentahe! Semaken crita ing ngisor iki kanthi permati! Bima Bungkus Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunthi jalaran laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana gaman kang tumawa kanggo bedhah bungkus. Kurawa uga melu cawecawe arsa mecah bungkus, sanadyan among lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing Alas Krendhawahana. Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat Punakawan. “Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa boten wonten suraos ingkang sae, bab punika Eyang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunthi”. Tertamtu sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. “Putuku ngger, Permadi, mangertia jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…” Anane Si Bungkus ndadekake gegering Suralaya. Bumi gonjang-ganjing kadya binelah, samodra asat. Ing Suralaya, Bathara Guru nimbali Gajah Sena, putra sang Bathara kang awujud gajah, kinen mecah Si Bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kotaman marang Si Bungkus. Purna anggennya peparing ajaran marang Si Bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan Kuku Pancanaka. Salajengipun, Gajah Sena buka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajah Sena. Sirna jasad sang Gajah. Roh lan daya kakiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus. Praptene Bathara Narada. Si Bungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sapa?” “Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra nomor loro ratu ing Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lair awujud bungkus lan kersaning dewa sira kudu dadi satriya utama, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya Ngger.” Rawuhipun ratu saking Tasikmadu kang nyuwun gaman pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta, lan Kala Ranu. Sekawan kakiyatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih punika kakiyatan geni, lemah, angin, lan banyu. Coba ringkesen wacan ing ndhuwur nganggo basa padinan, banjur kumpulna marang gurumu!
32 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 1. Geguritan asale saka tembung “gurit” kang ateges .... a. intonasi b. tulisan kang awujud tatahan c. ekspresi d. swara-swara endah e. kabudayan Jawa 2. Cacahe gatra ora ajeg kuwi klebu tetengere …. a. tembang macapat b. geguritan c. prosa d. tanggapan e. novel 3. Ing ngisor iki kang kudu digatekake nalika maca geguritan, kejaba …. a. intonasi d. lafal b. ekspresi e. wiraga c. klambi 4. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Wayang iki digawe awit taun 1990. (2) Sanyatane wayang iki saka akronime dongeng-dongeng anak. (3) Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunungkidul. (4) Wayang iki digawe kanthi kuwat ing bab rong dimensine kanthi seni lukis ing kanvas. (5) Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lan sapanunggale. Titikane wayang gedhog ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (5) Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 5–8! Ibu Dening: Mahardhika Dwi W Ibu Aku ora bisa apa-apa tanpa awakmu Aku dudu apa-apa tanpa awakmu Matur nuwun Sanajan amung tembung Nanging tembung iku tumeka saka sajroning ati Amarga awakmu, aku bisa dadi kaya saiki Matur nuwun Ibu Aku sayang Ibu 5. Geguritan “Ibu” dianggit dening …. a. ibu b. anak c. Yoga d. Mahardhika e. Siswa 6. Geguritan “Ibu” nyritakake menawa .... a. ibu galak b. ibu cethil c. ibu kang ndadekake awake dhewe kaya ngene d. surga ana ing ngisor sikile ibu e. ibu wong kang nglairake 7. Ing geguritan “Ibu” penganggit nduweni rasa …. a. sedhih marang ibune b. matur nuwun marang ibune c. anyel marang ibune d. ora kelingan marang ibune e. welas asih marang ibune 8. Penganggit ... marang ibune. a. tresna d. kuciwa b. anyel e. getun c. lali 9. Tembung pujangga ing geguritan ateges …. a. pracaya d. pinter b. wiwitan e. seni c. pengarang 10. Wayang klitik uga bisa diarani wayang .... a. purwa d. krucil b. golek e. titi c. beber 11. Gatekna bab-bab ing ngisor iki! (1) Maca nganti rampung. (2) Nyathet bab kang wigati. (3) Maca wacan sakabehe (4) Nulis ukara-ukara bakune. (5) Ngronce ukara-ukara baku mau dadi paragrap A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener! Gladhen Tengah Semester 2
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 33 Bab kang kudu digatekake supaya anggonmu ngringkes wacan mau becik, ditujokake angka .... a. (1) lan (2) b. (2) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (1) lan (5) 12. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. (2) Crita kang kerep ditanggapake yaiku nyaritakake Damarwulan lan Majapahit. (3) Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa. (4) Sumbering crita kajupuk saka sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan sapanunggale. (5) Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Titikane wayang klitik ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) d. (4) lan (5) b. (3) lan (4) e. (5) c. (3) lan (5) 13. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. (2) Crita kang kerep ditanggapake yaiku nyaritakake Damarwulan lan Majapahit. (3) Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa. (4) Sumbering crita kajupuk saka sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan sapanunggale. (5) Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Titikane wayang golek ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (5) 14. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Wayang kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. (2) Crita kang kerep ditanggapake yaiku nyaritakake Damarwulan lan Majapahit. (3) Wayang iki digawe saka kayu lan diklambeni kayata manungsa. (4) Sumbering crita kajupuk saka sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lan sapanunggale. (5) Wayang kulit sing nyritakake lelakone parikesit saturunane. Titikane wayang madya ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (5) 15. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Pinangka awal saka lakon Ramayana. (2) Nyritakake Prabu Dasarata, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. (3) Nyritakake babagan uripe Rama, Sinta, lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni wektu pengasingan. (4) Nyritakake babagan Sinta kang diculik dening Rahwana lan crita babagan paprangane Rahwana mungsuh Jatayu. (5) Nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lesmana marga panjalukke Dewi Kekayi. Kang njlentrehake kitab Balakanda ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) d. (4) lan (5) b. (3) lan (4) e. (5) c. (3) lan (5) Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 16–19! Alam kang Lestari Dening: Rikiega Bukit-bukit kang ijo Sawah-sawah kang selak kuning Swara alang-alang kang gumrising Ndadekna atiku ayem lan tentrem Wit-witan kang rindang Embun kang nyejukake ati Lemah kang subur lan gembur Alamku, alam kang apik lan agung Swara tetembangan manuk sing mabur Swara banyu kang netes-netes Angin kang sumrisik ngrasuk ati Pancen lestantun alamku Alam kang adhem hawane Alam kang endah isine Alam kang bisa nentremake Iki alamku, alam kang lestantun
34 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 16. Irah-irahan geguritan ing ndhuwur yaiku …. a. alam b. alam kang lestari c. nglestarekake alam d. jaga lestarining alam e. endahe alam 17. Geguritan ing ndhuwur nggambarake …. a. kahanane alam b. alam c. jaga alam d. anak kang jaga alam e. pawongan ing alam 18. Geguritan kasebut nduweni tema …. a. alam d. pendhidhikan b. sosial e. moral c. kabudayan 19. Gatekna pranyatan ing ngisor iki! (1) Manungsa kudu jaga alam. (2) Kahanane alam kang kudu dirumat. (3) Manungsa lan alam kudu bisa nyawiji. (4) Supaya sregep anggone sinau. (5) Siswa sing nakal. Amanat kang ora kamot ing geguritan ing, kejaba ditujokake nomer …. a. (1) lan (2) b. (2) lan (4) c. (3) lan (4) d. (4) lan (5) e. (1) lan (5) 20. Titikane geguritan gagrag anyar yaiku .... a. ora kaiket paugeran tertamtu b. diwiwiti kanthi tembung Sun Gegurit c. isih ngugemi anane guru wilangan d. guru lagune pinathok e. ana sinambungane karo urip 21. Ing ngisor iki kang ora klebu bab-bab sing kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku .... a. mangerteni isine geguritan sing arep diwaca b. ngrasakake isi lan kekarepan geguritan c. gatekake pocapan d. bisa mragakake kanthi mimik lan ekspresi kanthi trep e. gatekake wiramane 22. Titikane geguritan gagrag lawas, yaiku .... a. diwiwiti kanthi ukara Sun Nggegurit b. lumrahe sapadane dumadi saka rong gatra c. ora pinathok guru lagu d. ora kaiket paugeran e. ngendelake tembung kang mentes lan pilihan. Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 23 lan 24! Pahlawanku .... Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku Bandha lan nyawa kokprasrahake Kanggo kamulyaning bumiku Indonesiaku .... Getih luber mili netesi Ibu pertiwi 23. Kanggo kamulyaning bumiku. Tembung mulya ing ukara kasebut tegese .... a. sugih b. pulih c. pahlawan d. negara e. lemah 24. Manut wacan kasebut, kang dikorbanake pahlawan, kejaba .... a. jiwa raga b. donya c. bandha d. nyawa e. wektu 25. Dheg-dhegan lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra (larik) yaiku .... a. intonasi b. tandha wacana c. jeda d. titik e. rima 26. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Pinangka awal saka lakon Ramayana. (2) Nyritakake Prabu Dasarastra, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. (3) Nyritakake babagan uripe Rama, Sinta, lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni wektu pengasingan. (4) Nyritakake babagan Sinta kang diculik dening Rahwana lan crita babagan paprangane Rahwana mungsuh Jatayu. (5) Nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lesmana marga panjaluke Dewi Kekayi. Kang njlentrehake kitab Ayodhyakanda ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (5)
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 35 27. Gatekna pranyatan-pranyatan ing ngisor iki! (1) Pinangka awal saka lakon Ramayana. (2) Nyritakake Prabu Dasarastra, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. (3) Nyritakake babagan uripe Rama, Sinta, lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni wektu pengasingan. (4) Nyritakake babagan Sinta kang diculik dening Rahwana lan crita babagan paprangane Rahwana mungsuh Jatayu. (5) Nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lesmana marga panjaluke Dewi Kekayi. Kang njlentrehake kitab Aranyakanda ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (5) 28. Geguritan kang saben padane kasusun saka nem gatra kasebut .... a. gita tri gatra sapada b. gita catur gatra sapada c. gita panca gatra sapada d. gita sad gatra sapada e. gita sapta gatra sapada 29. Geguritan kang saben padane kasusun saka patang gatra kasebut .... a. gita tri gatra sapada b. gita catur gatra sapada c. gita panca gatra sapada d. gita sad gatra sapada e. gita sapta gatra sapada 30. Geguritan kang saben padane kasusun saka pitung gatra kasebut .... a. gita tri gatra sapada b. gita catur gatra sapada c. gita panca gatra sapada d. gita sad gatra sapada e. gita sapta gatra sapada B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep! 1. Diwiwiti kanhti tembung “Sun Nggegurit” iku titikane geguritan gagrag …. 2. Nalika maca geguritan tema sedhih, swara kaucap kanthi …. 3. Geguritan kang saben padane kasusun saka pitung gatra kasebut …. 4. Geguritan iku tembung-tembung …. 5. Gemi setiti ngati-ati iku tuladha purwakanthi …. 6. Ing Perang Bratayuda, Karna mungsuh …. 7. Lampung kang kanggo panerangan ing pagelaran wayang sinebut …. 8. Wayang kang critakake lakon Darmawulan lan Majapahit yaiku wayang …. 9. Nancepake wayang ing pagelaran wayang nganggo …. 10. Ngringkes crita iku ndadekake crita sing dawa dadi .... C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Kepriye carane nyemak geguritan? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 2. Apa kang dicritakake ing lampahan Adipurwa? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 3. Sebutna cara kanggo mangerteni isi sawijining geguritan! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 4. Jlentrehna kang diarani gita panca gatra sapada ing geguritan! Wangsulan: .......................................................................................................................................
36 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 5. Tulisna telu bae sumbering crita wayang gedhog! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 6. Apa sing kokmangerteni saka wayang madya? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 7. Jlentrehna carane nulis geguritan! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 8. Jlentrehna kang diarani geguritan! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 9. Apa basa kang digunakake ing geguritan? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 10. Jlentrehna kang diarani gita dwi gatra sapada ing geguritan! Wangsulan: .......................................................................................................................................
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 37 Pacelathon lan Unggah-ungguh 3 Basa WULANGAN Menyimak: Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari menyimak teks sastra dalam bentuk crita wayang (Mahabharata). Membaca: Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara Jawa melalui kegiatan membaca teks aksara Jawa (misalnya: legena-pasangan/ sandhangan/angka/swara/murda/rekan/lainnya). Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/narasi/eksposisi/ argumentasi, atau lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu mengidentifi kasi penggunaan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Berbicara: Peserta didik mampu menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat dari teks nonsastra (misalnya: pawarta/reportase/lainnya). Menulis: Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara Jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/eksposisi/argumentasi/lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat melalui teks nonsastra dalam bentuk pawarta. Capaian Pembelajaran Setelah mempelajari materi pada bab ini, siswa diharapkan mampu: 1. memahami teks percakapan/dialog dengan teman sebaya atau orang tua; Tujuan Pembelajaran Budi pekerti, krama, ngoko, pacelathon, unggah-ungguh. Kata Kunci 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia. 2. Berkebinekaan global. 3. Bergotong royong. 4. Mandiri. Profi l Pelajar Pancasila Peta Konsep Pacelathon lan Unggahungguh Basa Teks Pacelathon Maca lan Nulis Pacelathon 2. menjelaskan teks percakapan/dialog dengan teman sebaya atau orang tua; serta 3. menulis teks percakapan dengan teman sebaya atau orang tua.
38 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Pacelathon yaiku pirembugan antarane wong loro utawa luwih kang ancase ngrembug bab tertamtu, bisa kanthi langsung utawa lesan lan bisa kanthi ora langsung utawa nganggo media. Komunikasi langsung yaiku bisa kanthi tatap pasuryan lan komunikasi ora langsung bisa lumantar saka media elektronik kayadene tilpun, radhio, tipi, lan uga media elektronik liyane. Komunikasi bisa dadi sarana kanggo kirim kabar, menehi pangerten bab prastawa, lan uga kanggo sarana guneman. Pancingan Pasinaon 1. Kepriye budi pakertine wong nalika nindakake pacelathon? 2. Apa bae unggah-unggah nalike nindakake pacelathon? 3. Kepriye carane ngubah teks pacelathon dadi teks narasi? Ringkesan Materi A. Teks Pacelathon Minangka makluk sosial, ing kagiatan padinan mesthi kowe tansah nglibatake wong-wong ing sakiwa tengenmu. Nalika ketemu apa dene nyambut nggawe bareng mesthi ana omong-omongane. Omongomongan iku sing diarani pacelathon. 1. Budi Pakertine Wong kang Nindakake Pacelathon Budi pakertine wong kang nindakake pacelathon kaya ing ngisor iki. a. Guneman ora waton guneman, nanging guneman kudu nganggo waton (aturan). b. Ngadege, lungguhe, obahe tangan, uga becik nganggo waton. c. Swarane, banter lirihe becik nganggo waton. d. Polatane utawa pasuryan uga nganggo waton. Aja nganti mencereng-mencereng upamane. e. Intonasine (lagune) uga nganggo aturan, ora angger bengok-bengok. 2. Unggah-Ungguh ing Pacelathon Unggah-ungguh basa bisa kaperang dadi loro yaiku kaya ing ngisor iki. a. Ngoko Unggah-ungguh basa kang awujud ngoko kaperang dadi loro yaiku kaya ing ngisor iki. 1) Ngoko lugu Basa ngoko lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha-usuk basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Ngoko lugu nduweni titikan yaiku tembunge nggunakake ngoko kabeh. Panganggone ngoko lugu yaiku kaya mangkene. a) Menyang sapadha-padha kang wis kulina banget. b) Menyang sing kaprenah enom. c) Yen lagi ngunandika. d) Tumrap bocah sing durung bisa guneman ganep. Purwaka Gambar bocah nindakake pacelathon marang wong tuwa.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 39 Tuladha: a) Kowe mengko sore sida ngampiri aku les? b) Dhik, yen arep ndelok pameran, aku mengko tulung ampirana ya! 2) Ngoko alus Basa ngoko alus yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Sing dikramake inggil tembung sesulih lan tembung kriya. Ater-ater lan panambang tetep ngoko. Panganggone ngoko alus yaiku kaya mangkene. a) Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajate. b) Garwane priyayi marang sing kakung. c) Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan. Tuladha: a) Dhik, sliramu mengko nek kondur arep nitih apa? Apa kersa tak dherekake? b) Aku mau ngundhuh pelem akeh, panjenengan apa kersa dakaturi? c) Yen kersa mengko dakaturi sejinah. b. Krama Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi loro yaiku kaya ing ngisor iki. 1) Krama lugu Basa krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge krama kabeh. Panganggone krama lugu yaiku kaya mangkene. a) Kanggo marang kanca sing wis kulina, padha drajate lan ngajeni. b) Garwane priyayi marang sing kakung. c) Priyayi marang sedulure tuwa kang luwih cendhek drajate. Tuladha: a) Sampeyan niku manawi kesah dhateng kantor napa taksih kiyat bekta sepedhah motor mas? b) Napa ndika saking desa ngriki mawon ta mas? 2) Krama alus Wujude tetembungan krama (ater-ater lan panambang krama) lan krama inggil (tumrap wong sing diajak guneman). Panganggone krama alus yaiku kaya mangkene. a) Wong enom marang wong tuwa. b) Batur marang bendarane. c) Murid marang gurune. d) Andhahan marang pimpinane. e) Kanca karo kanca sing durung kulina. Tuladha: a) Kula badhe matur dhateng ibu, bilih menawi saestu sowan dhateng eyang, kula badhe tumut. b) Tindak-tandukipun kanca kula ingkang naminipun Edo punika sae sanget. 3. Ngetrapake Unggah-Ungguh Sajrone pacelathon, wong Jawa biyasane nuduhake subasita, yaiku kaya mangkene. a. Sadurunge pacelathon ngaturake ndhingkluk minangka tandha pakurmatan. b. Polatan (ekspresi) tansah sumeh. c. Tangane ngapurancang (ditangkepake ing ngarep), kejaba yen nuduhake samubarang. d. Madhep ora tolah-toleh lan ora nyawang pasuryane wong sepuh sing diajak guneman. e. Ora disambi karo ngemut utawa ngemil panganan.
40 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 4. Titikan Teks Pacelathon Teks pacelathon iku nduwe titikan yaiku kaya mangkene. a. Katulis kanthi wujud dialog. b. Nggunakake ukara kandha. c. Isine pangajak lan panerang d. Cacahing paraga loro utawa luwih. e. Nggunakake ukara cekak aos. Pratikna pacelathon ing ngisor iki! Sadurunge Mangkat Sekolah Dina Senin jam lima esuk kahanan ing daleme Pak Darmaji wis katon regeng. Bu Darmaji ibut tumandang nggawe. Panjenengane asah-asah sinambi ngliwet, dene Pak Darmaji wis cecawis kendaraan sing bakal digunakake dening kulawarga. Montor-montor ditokake saka garasi, diresiki lan ditliti kahanane aja nganti marahi bilahi ing dalan. Sawetara iku Desinta wis rampung adus, dheweke biyantu wong tuwane ngentas sandhangan saka mesin cuci. Sandhangan-sandhangan mau banjur dijereng ana ing teras ndhuwur. Riyanti ora gelem keri karo mbakyune, sanadyan lagi kelas papat SD dheweke biyantu nyepaknyepakake sarapan kanggo wong saomah. Sega sing isih panas dicidhuk saka magic com supaya yen wong saomah padha sarapan ora kepanasen lan enak dirasakake. Pas jam enem kurang seprapat wong saomah wis padha samekta budhal nindakake kuwajiban. Meja ing ruang makan banjur padha dirubung karo lungguh ing kursi. Sarapan diwiwiti kanthi donga bebarengan. Sawise rampung sarapan lan ngasahi ajang nuli padha pamit-pamitan. Desinta mangkat sekolah bareng Bu Darmaji, dene Riyanti bonceng Pak Darmaji. Bu Darmaji : “Wis ya Pak, aku dak mangkat dhisik, ayo Desinta enggal pamit marang Bapak.” Pak Darmaji : “Yen sliramu arep tindak saiki, becike awake dhewe pamit sisan karo Mbah Kakung, mengko budhal bebarengan.” Desinta : “Wis ya Pak aku pamit, ne njaluk sangu.” Bu Darmaji : “Lo... lo... lo, kok le pamit kok kaya ngono. Mbok ya sing bener, mengko yen kepireng Mbah Kakung rak ya ngisin-isini.” Desinta : “Lah.., piye Bu, rak durung tau diwarahi.” Bu Darmaji : “Pak, kula nyuwun sangu, salajengipun keparenga kula pamit bidhal sekolah.” Desinta : “Pak, kula nyuwun sangu, salajengipun keparenga kula pamit bidhal sekolah.” Pak Darmaji : “Yoh.., nya iki dak paringi sangu. Kana saiki Riyanti uga pamit Ibu!” Riyanti : “Bu, kula nyuwun pangestu badhe bidhal sekolah.” Bu Darmaji : “Ya..., kana ngati-ati, gene Riyanti malah wis langsung bisa matur.” Riyanti : “Rak ya wis krungu le matur Mbak Desi.” Bu Darmaji : “Kana Desinta lan Riyanti pamit Mbah Kakung sisan.” Desinta banjur mlayu marani Mbah Kakunge sing lagi makani pitik ing sandhing daleme. Riyanti uga melu nututi, bocah loro banjur matur nyuwun pamit. Desinta, Riyanti : “Mbah Kakung, kula nyuwun pamit badhe bidhal sekolah.” Mbah Kakung : “Yoh.., sing ngati-ati. Walah-walah kok jebul wis bisa omongan kanthi unggah-ungguh sing pas.” Desinta, Riyanti : “Wau kula pun diwarahi Ibu.” (Mbah Marta mriksani wayahe karo ngunandika), Mbah Kakung : “Ya sokur, putuku ora ilang Jawane. Wilang-wilang bocah saiki, gelem diajari unggahungguh Jawa.” (Pak Darmaji lan Bu Darmaji uga ora lali pamit marang Mbah Marta) Pak Darmaji : “Pareng Pak, kula kekalih bidhal nyambut damel.” Sawise padha salam-salaman kulawargane Pak Darmaji budhal sowang-sowangan. Bu Darmaji lan Desinta numpak sepedhah montor ngidul tumuju arah Wonokromo, dene Pak Darmaji lan Riyanti ngetan tumuju Wonocolo.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 41 Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Pacelathon asale saka tembung lingga celathu. Jelasna tegese celathu! Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Tulisna budi pakertine wong kang nindakake pacelathon! Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Jlentrehna cara ngetrapake unggah-ungguh/subasita ing pacelathon! Wangsulan: ................................................................................................................................... 4. Apa kang diarani pacelathon? Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Sapa kang nggunakake basa krama lugu? Wangsulan: ................................................................................................................................... Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Bareng kanca kelompokmu, gawea pacelathon babagan dina kamardikan! Asile andharna ing ngarep kelas! B. Maca lan Nulis Pacelathon Pacelathon iku wujud guneman karo wong liya. Ana ing bebrayan diperlokake nindakake pacelathon karo wong liya supaya bisa oleh informasi utawa bebrayan bisa mlaku kanthi becik. Sajroning nindakake pacelathon kudu nggatekake unggah-ungguh. Unggah-ungguh kanggo wong kang luwih tuwa beda karo unggah-ungguh kanggo kanca kang saumuran. Karo wong luwih tuwa nggunakake basa krama, dene karo kanca sapadha-padha utawa luwih enom nggunakake basa ngoko. 1. Paugeran Nyemak lan Ngrungokake Pacelathon Dene wong kang nyemak lan ngrungokake pacelathon kudu nggatekake paugeran-paugeran, kayata ing ngisor iki. a. Topik utawa bab kang diomongake ana ing pacelathon kuwi. b. Sapa wong kang nindakake pacelathon. c. Papan anggone nindakake pacelathon. 2. Basa sing Digunakake nalika Maragakake Pacelathon Basa kang digunakake nalika rembugan kudu jumbuh karo sapa sing diajak pacelathon, kaperluane apa, lan ing ngendi nalika nindakake pacelathon kasebut. Upamane kaya ing ngisor iki. a. Bocah cilik karo bocah cilik migunakake ngoko lugu. b. Diwasa karo diwasa migunakake ngoko lugu. c. Diwasa karo wong tuwa migunakake krama alus. d. Wong tuwa karo wong tuwa migunakake krama alus, lan ngoko andhap. e. Wong tuwa karo bocah migunakake ngoko lugu. 3. Carane Nulis Pacelathon Nalika nulis teks pacelathon, ana bab sing kudu dadi kawigaten, yaiku ukara sing digunakake kudu saur-sauran (gentenan ngomong). Teks pacelathon kerep nggunakake tembung pitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi, lan kapan. Carane nulis teks pacelathon yaiku kaya mangkene.
42 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 a. Nemtokake tema ing pacelathon. b. Nemtokake pokok-pokok isi kang pengin ditulis. c. Nemtokake paraga ing pacelathon. d. Ngembangake pokok-pokok isi dadi perangan ukara kanggo guneman paraga ing pacelathon. e. Sawise jeneng paraga diwenehi tandha wacan titik loro ( : ). f. Guneman ditulis ing jero tandha kutip ( “....” ). g. Katrangan panggonan, wektu, lan swasana ditulis ing jero tandha kurung ( ). 4. Ngubah Teks Pacelathon dadi Narasi Titikane teks narasi sing paling bisa dititeni yaiku nganggo ukara langsung. Nalika teks pacelathon digawe crita narasi kudu ngowahi ukara langsung dadi ukara ora langsung. Amarga narasi yaiku karangan utawa paragrap kang nyritakake kedadeyan kanthi wektu kang runtut saka wiwitan nganti pungkasan. Gatekna tuladha pacelathon ing ngisor iki! Dina Minggu, Reno tumut Pak Dirjo, ya bapake Reno dhewe kang minangka pegawe Dinas Kehutanan. Reno : “Pak, punapa mawon paedahipun wana?” Pak Dirjo : “Paedahe alas iku akeh, kayata alas minangka sumber oksigen kang diperlokake dening manungsa. Alas bisa nyegah lemah jugrug amarga oyot wit-witan bisa ngraketake struktur lemah. Alas bisa nyimpen banyu, mula akeh sumber banyu kang iline saka alas. Sejene kuwi, alas minangka papan uripe maneka warna kewan lan tetanduran.” Reno : “Wah, nyata kathah paedahipun wana nggih, Pak. Menawi wana punika boten dipunjagi kalestantunipun saged mitunani tumrap kita piyambak.” Pak Dirjo : “Ya, pancen mangkono, mula saka iku awake dhewe kudu bisa migunakake asil alas kanthi wicaksana. Tegese, oleh njupuk asile alas nanging salumrahe bae lan ora nggawe rerusak.” Reno : “Miturut pawarta, ing wekdal sapunika wana ing salumahing siti nrenyuhake sanget kahananipun. Kenging punapa, Pak?” Pak Dirjo : “Iya, pancen bener. Saiki wis akeh alas kang gundhul amarga ditegori wit-witane tanpa disulami, akeh kang bakar alas kanggo mbukak papan pakebonan, lan uga akeh kewan ing alas didekep didemaki kanthi ilegal.” Reno : “Wah, ingkang nindakaken kados punika tiyang-tiyang ingkang boten gadhah raos tanggung jawab. Becike kedah enggal dipuncegah.” Pak Dirjo : “Mula saka iku, kowe kudu dadi bocah kang nduweni pendhidhikan lan uga calon generasi kang bakal mimpin nagara iki, aja pisan-pisan nggawe rerusaking alas. Becike alas tansah dijaga murih lestari.” Rena : “Inggih, Pak.” Gatekna nalika diubah dadi narasi kaya ing ngisor iki! Dina Minggu, Reno melu Pak Dirjo, ya bapake Reno dhewe kang minangka pegawe Dinas Kehutanan. Nalika mlaku ing tengah alas, Reno takon marang bapake apa paedahe alas. Miturut Pak Dirjo, paedahe alas iku akeh, kayata alas minangka sumber oksigen kang diprelokake dening manungsa, alas bisa nyegah lemah jugrug amarga oyot wit-witan bisa ngraketake struktur lemah, alas bisa nyimpen banyu mula akeh sumber banyu kang iline saka alas, lan alas minangka papan uripe maneka warna kewan lan tetanduran. Krungu sing dingendikakake Pak Dirjo ngenani paedahe alas, Reno gumun pranyata alas iku akeh paedahe lan kudu dijaga. Mula saka iku, Pak Dirjo ngandhani dene awake dhewe kudu bisa migunakake asil alas kanthi wicaksana. Tegese oleh njupuk asile alas nanging salumrahe bae lan ora nggawe rerusak. Reno krungu saka pawarta yen alas ing donya iki kahanane wis melasake. Reno banjur nyuwun piterang marang bapake. Miturut bapake, alas ing donya iki wis akeh sing gundhul, wit-witan padha ditegor, lan alas-alas padha dibakar. Sejene kuwi, akeh kewan sing padha didekep kanthi ilegal. Pak Dirjo uga ngandhani dene minangka dadi bocah sing nduweni pendhidhikan kudu bisa njaga lestarine alas ing donya iki.
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 43 Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Apa munfangate nalika nindakake pacelathon? Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Apa sing kudu digatekake nalika nindakake pacelathon? Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Jlentrehna basa kang digunakake nalika mragakake pacelathon! Wangsulan: ................................................................................................................................... 4. Sebutna bab kang kudu digatekake nalika nulis pacelathon! Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Tembung apa bae sing kerep digunakake ing teks pacelathon? Wangsulan: ................................................................................................................................... Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Coba dhiskusekna bareng kanca samejamu babagan cara ngubah teks pacelathon dadi narasi! Kasile banjur andharna ing ngarep kelas! Kanggo nambah pamawasanmu babagan pacelathon lan unggah-ungguh basa, pindai QR code iki! Sumber: https://www.youtube.com/watch?v=-I0hp9AomiQ&ab_ channel=HamdanSyauqi Soal AKM Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan 1–3! Ahmadi : “Lho, kok mlaku Bud, kenek apa sepedhah montormu?” Budiman : “Ya Mad, awit mung cedhak bae.” Ahmadi : “Klebu njanur gunung kowe iku, Bud.” Budiman : “Karepku pancen pengiritan tur ya njaga kasehatan, Mad.” Ahmadi : “Weh, dadine kowe iku mau ngira olahraga, ta?” Budiman : “Ya, ngono ngira sinau ngirit energi lan njaga kasehatan.” Ahmadi : “Apa sambung rakete karo mlaku?” Budiman : “Ngene lho Mad, mlaku ngobahake kabeh perangane awak uga ora nggawe polusi udara. Kejaba iku sing luwih wigati ngirit bahan bakar.” Ahmadi : “Wah, yen ngono kena kanggo tuladha program irit BBM uga nyegah polusi udara.” Budiman : “Bener Mad, kapan maneh yen ora wiwit saiki.” Ahmadi : “Cocog banget kekarepanmu iku lan bisa nyuda macete dalan.”
44 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Pitakonan 1 Budiman mlaku amarga …. Pitakonan 2 Wenehana tandha centhang (√) pranyatan kang trep karo pacelathon ing ndhuwur! Ahmadi karo Budiman lagi ngrembug babagan gladhen sekolah. Ahmadi ngira Budiman lagi olahraga. Kendaraan nyababake polusi. BBM lagi langka. Mlaku ngobahake kabeh perangane awak. Pitakonan 3 Apa munfangate kang dikarepake Budiman nalika mlaku? Proyek Penguatan Profi l Pelajar Pancasila Garapen gladhen ing ngisor iki! Garapen gladhen iki karo kanca samejamu! Gawea pacelathon kang nganggo unggah-ungguh basa Jawa ngoko lan krama! Banjur praktikna ing ngarep kelas! (Bergotong royong) Refl eksi Munfangat pasinaon dina iki. Tulisen kesan sing kokrasakake babagan pasinaon ngenani pacelathon lan unggah-ungguh basa kanthi nyoret pranyatan sing ora trep ing kolom deskripsi singkat! Aspek Deskripsi Kesan ing proses pamulangan seneng/bosen Tingkat kangelan gampang/angel Sikap kooperatip/kurang kooperatip Ngetrapake kasil pamulangan wis/durung A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener! Gladhen Wulangan 3 1. Supaya ancase kang bakal dikandhakake ana sajroning pacelathon isa ditampa kanthi cetha, rembugan kudu …. a. ngambra-ambra b. jumbuh karo bab kang diomongake c. ngayawara d. milih-milih sapa kang diajak rembugan e. nemtokake sapa sing arep diajak omong 2. Gatekna pacelathon ngisor iki! Bu Lina : “Pak, panjenengan sidane kondure nitih apa?” Pak Nardi : “Aku mengko arep numpak bis.” Bu Lina : “Terus kondur apa arep tindak liya enggon, Pak?” Pak Nardi : “Terus bali kok, Bu.” Unggah-ungguh basa kang digunakake dening Bu Lina ing pacelathon kuwi yaiku …. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. rinengga
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 45 3. Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama lugu yaiku … a. Sampeyan mau wis dhahar durung? b. Sampeyan kalawau sampun nedha dereng? c. Panjenengan mau wis dhahar durung? d. Kowe mau wis dhahar durung? e. Panjenengan sampun dugi pundi? 4. Ridho : “Ingkang kalebet tembang macapat punika ingkang pundi kemawon, Pak?” Miturut pacelathon kasebut, Ridho nggunakake basa …. a. krama lugu b. krama alus c. krama desa d. ngoko lugu e. rinengga 5. Unggah-ungguh basa kang digunakake dening guru nalika guneman karo siswa yaiku …. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. rinengga Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 6–9! Nyuwun Pangestu Galih : “Bu, kula nyuwun pangestu, benjingenjing badhe tes semester kalih.” Ibu : “Dak pangestoni, Le cah bagus, sing nggarap ya sing tenang, aja seneng nirun kancane ya?” Galih : “Boten Bu, kula sinau saestu kok. Dados boten perlu nirun kanca malih. Nirun, njaplak niku rak boten sae ta, Bu?” Ibu : “Bener Le, dak paring pangestu lan dak dongakake muga-muga kowe bisa nggarap tes kanthi gampang lan oleh biji sing apik!” Galih : “Matur nuwun, Bu. Mangke menawi angsal juwara nyuwun hadiah nggih, Bu?” Ibu : “Ah kowe kuwi lho, diwenehi ati ngrogoh rempela.” Galih : “Hadiahe buku wacan sing kathah nggih, Bu?” Ibu : “Ah, ya embuh, ora sah ngarani dhisik!” Galih : “Nggih sampun Bu, kula badhe sinau.” Ibu : “Ya wis kana sinau sing tenanan!” 6. Cacahe paraga pacelathon ing ndhuwur yaiku …. a. loro b. telu c. papat d. lima e. enem 7. Surasane pacelathon kang ditindakake dening Galih lan Ibune yaiku njaluk …. a. pangestu nalika arep ujian b. ati ngrogoh rempela c. hadiah d. dhuwit e. pitutur 8. Nalika guneman marang ibune ing pacelathon kuwi Galih migunakake basa …. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. rinengga 9. Hadiah kang dijaluk Galih menawa antuk juwara yaiku …. a. tas b. sepatu c. hp d. buku wacan e. montor 10. Kowe kesusu mangkat sekolah, ing pinggir dalan ana wong tuwa kang arep nyabrang dalan nanging ora wani. Kang kudu koktindakake kang mujudake unggah-ungguh, yaiku .... a. nerusake laku amarga selak telat b. nulungi wong tuwa iku nyabrang c. ethok-ethok ora weruh d. ngakon kancamu supaya nulungi e. melu nyabrang 11. Gatekna bab-bab ing ngisor iki! (1) Praupan. (2) Intonasi. (3) Titi laras. (4) Lafal. (5) Rima. Bab kang ora perlu digatekake nalika nindakake pacelathon katunjukake nomer …. a. (1) lan (2) b. (2) lan (4) c. (3) lan (5) d. (4) lan (5) e. (1) lan (5)
46 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 12. Tembung lingga saka tembung pacelathon,yaiku …. a. celathon b. celathu c. pacela d. palathon e. lathon 13. Panjenengan rawuha wingi, aku nanggap wayang. Ukara kuwi migunakake basa …. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. rinengga 14. Gunemane kanca marang kanca kang durung kulina migunakake basa …. a. krama lugu b. krama alus c. ngoko lugu d. ngoko alus e. rinengga 15. Mengko sore sida dolan apa ora? Ukara pitakon iku nggunakake basa …. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. rinengga 16. Ukara ing ngisor iki kang diarani ngoko alus yaiku … a. Ibu lagi bae dugi saka pasar. b. Simbah nembe gerah wajanipun ngantos muwun. c. Bapak ningali tipi wonten kamar. d. Pak Lurah ora sida tindak, amarga sukune gerah. e. Bapak nembe kesah dateng kantor. 17. Sampeyan bektani ayam ingkang pethak punika? Ukara pitakon kuwi migunakake basa …. a. ngoko lugu b. krama alus c. ngoko alus d. krama lugu e. rinengga 18. Ngisor iki ukara kang ora migunakake basa krama alus, yaiku … a. Badhe dhateng Klaten, dipuntimbali Bapak. b. Panjenengan arep tindak ngendi? c. Bu Guru badhe dhateng peken. d. Ibu menawi mapan sare, mesthi ngunjuk rumiyin. e. Ibu mirsani tipi wonten kamar. 19. Menawi panjenengan badhe tindak dhateng Semarang, kula ndherek. Ukara kasebut menawa didadekake ngoko alus dadi … a. Menawa panjenengan arep tindak menyang Semarang, aku melu. b. Menawi sampeyan arep tindak dhateng Semarang, kula melu. c. Menawi sampeyan badhe kesah dhateng Semarang, kula ndherek. d. Menawa sampeyan arep kesah menyang Semarang, aku melu. e. Menawi sampeyan arep tindak dhateng Semarang, aku ndherek. 20. Gunemane wong kang srawunge wis raket kuwi panganggone basa …. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. rinengga B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep! 1. Bocah karo bocah omong-omongan nganggo basa …. 2. Nalikane caturan karo bapak ibu becike nganggo basa …. 3. Reni marang simbahe, becike caturan nganggo basa …. 4. Nalika nindakake pacelathon kudu nggatekake …. 5. Omong-omongan uga diarani ….
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 47 C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Sebutna bab kang kudu digatekake nalika nindakake pacelathon! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 2. Sebutna paugeran nyemak lan ngrungokake pacelathon! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 3. Geneya nalika guneman becike kudu nggatekake sapa wong kang diajak guneman? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 4. Bapak lunga menyang Semarang numpak sepedhah montor ketemu kancane ana ing dalan. Tulisen dadi basa krama! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 5. Sebutna panganggone krama lugu! Wangsulan: ....................................................................................................................................... D. Cocogna katrangan ngisor iki karo wangsulan kang trep! Pranyatan Wangsulan 1. Bapak nembe kesah kala wau. 2. Adhik mangan roti. 3. Ibu tindak pasar nitih sepedhah. 4. Panjenengan mengko kondur jam pinten? 5. Tembung kang paling dhuwur. a. ngoko lugu b. ngoko alus c. krama lugu d. krama alus e. krama inggil E. Wenehana tanda centhang (√) ing wangsulan kang bener saka pranyatan ing ngisor iki! No. Pranyatan Bener Salah 1. Anak marang wong tuwa caturan nganggo basa krama alus. 2. Ngoko alus tetembungane ngoko kabeh. 3. Basa krama alus digunakake murid marang gurune. 4. Nalika pacelathon, polatane kudu nganggo waton. 5. Bocah cilik karo bocah cilik omong-omongan migunakake basa ngoko alus. Pambecik Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Unggah-ungguh basa kang awujud krama kaperang dadi loro, sebutna! Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Sebutna unggah-ungguh basa Jawa lan titikane! Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Gawea telu bae tuladha ukara kang nganggo basa krama alus! Wangsulan: ...................................................................................................................................
48 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 4. Jlentrehna wujude basa ngoko alus! Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Apa bae sing dikramake ing basa ngoko alus? Wangsulan: ................................................................................................................................... Pengayaan Garapen gladhen ing ngisor iki manur prentahe! Gawea pacelathon kanthi tema prastawa budaya! Tulisen pacelathon kasebut ing kertas folio, sawise tumpuken marang gurumu!
Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 49 Aksara Jawa 4 WULANGAN Menyimak: Peserta didik mampu mengapresiasi dan memahami informasi berupa arahan atau pesan yang akurat dari menyimak teks sastra dalam bentuk crita wayang (Mahabharata). Membaca: Peserta didik mampu memahami kaidah penulisan teks aksara Jawa melalui kegiatan membaca teks aksara Jawa (misalnya: legena-pasangan/ sandhangan/angka/swara/murda/rekan/lainnya). Peserta didik mampu mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/narasi/eksposisi/ argumentasi, atau lainnya) untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu memahami dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, pandangan, arahan, atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. Peserta didik mampu mengidentifi kasi penggunaan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Berbicara: Peserta didik mampu menggunakan bahasa Jawa sesuai dengan kaidah kebahasaan (paramasastra) dan unggah-ungguh basa untuk menyampaikan informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat dari teks nonsastra (misalnya: pawarta/reportase/lainnya). Menulis: Peserta didik mampu menulis gagasan dan pikiran dalam bentuk teks aksara Jawa dengan memperhatikan kaidah penulisan aksara Jawa. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam bentuk teks sastra geguritan. Peserta didik mampu menulis gagasan, pikiran, pandangan, arahan dalam berbagai jenis teks nonsastra (misalnya: deskripsi/ narasi/eksposisi/argumentasi/lainnya) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis, dan kreatif. Peserta didik mampu mengolah dan menyajikan secara lisan berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan, atau pesan yang akurat melalui teks nonsastra dalam bentuk pawarta. Capaian Pembelajaran Setelah mempelajari materi pada bab ini, siswa diharapkan mampu: 1. memahami kaidah penulisan aksara Jawa; Tujuan Pembelajaran Aksara angka, aksara Jawa, legena, pada, pada pangkat Kata Kunci 1. Beriman, bertakwa kepada Tuhan Yang Maha Esa, dan berakhlak mulia. 2. Berkebinekaan global. 3. Bergotong royong. 4. Mandiri. 5. Bernalar kritis. 6. Kreatif. Profi l Pelajar Pancasila Peta Konsep Aksara Jawa Mahami Aksara Angka Aksara Angka 2. memahami kaidah penulisan aksara Jawa angka; serta 3. menulis paragrap berhuruf Jawa yang menggunakan aksara angka.
50 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Pancingan Pasinaon 1. Kepriye panulisane aksara Jawa kang trep? 2. Apa bae sandhangan kang ana ing aksara Jawa? 3. Kepriye panulisane aksara angka ing ukara awujud aksara Jawa? Ringkesan Materi A. Mahami Aksara Jawa Aksara Jawa iku cacahe ana 20 kang uga kasebut aksara legena utawa dentawyanjana. Kajlentrehake kaya ing ngisor iki. 1. Sejarah Aksara Jawa Dumadine aksara Jawa iku ana asal-usule. Crita wutuhe kaya ing ngisor iki. Dumadine Aksara Jawa Prabu Dewata Cengkar ratu ing Medang Kamulan. Prabu Dewata Cengkar seneng mangan daging wong. Mula wong-wong ing Medang Kamulan padha susah atine. Malah akeh sing padha ngungsi menyang panggonan liya, amarga wedi yen dimangsa Dewata Cengkar. Nalika rakyat padha susah, teka satriya bagus kang aran Aji Saka. Aji Saka mertamu marang Mbok Randha salah siji rakyate Prabu Dewata Cengkar. Mbok Randha crita kedadeyan ing Nagara Medhang Kamulan. Aji Saka trenyuh atine. Aji Saka nduwe abdi cacah papat kang aran Duga, Prayoga, Dora, lan Sembada. Dora lan Sembada ditinggal ana ing Pulo Majethi. Dora lan Sembada mau didhawuhi njaga keris. Aji Saka menehi weling marang Dora lan Sembada. Welinge Aji Saka ana loro cacahe, yaiku kaya mangkene. 1. Dora lan Sembada ora kepareng nusul yen ora ditimbali. 2. Kerise ora kepareng diwenehake sapa bae kejaba Aji Saka dhewe. Sawijining dina, Aji Saka nemoni Prabu Dewata Cengkar. Aji Saka saguh dimangsa Prabu Dewata Cengkar, nanging Aji Saka nduwe panyuwun, yaiku lemah saambane ikete. Prabu Dewata Cengkar nyaguhi. Aji Saka njereng ikete. Jebul ikete amba banget. Ambane nganti tekan Sagara Kidul. Prabu Dewata Cengkar ngetutake. Nalika tekan sapinggire Sagara Kidul, Prabu Dewata Cengkar kecemplung sagara. Prabu Dewata Cengkar badhar dadi bajul putih. Purwaka Gambar aksara jawa Gladhen nulis aksara Jawa kuwi kudu ajeg supaya enggal trampil, amarga aksara kang maune rada lali bisa eling maneh. Panulising aksara Jawa mujudake bab kang wigati lan kudu digatekake. Bab iki ana gegayutane karo anggone ngudi, ngeluri, lan ngluhurake kabudayaan Jawa, amarga aksara Jawa kuwi klebu kasusastran Jawa. Aksara hanacaraka kagolong aksara jinis abugida utawa hibrida antara aksara silabik lan aksara alfabet. Aksara silabik iki tegese yen saben aksara uga nyandhang sawijining swara.