The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Riyanti Yanti, 2023-06-01 07:30:35

modul basa jawa

BASA JAWA 10 SMT 2

Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 51 Banjur Aji Saka diwisudha dadi ratu ana ing Medang Kamulan. Aji Saka ngutus Duga lan Prayoga nusul Dora lan Sembada. Ing dalan, wong loro iku kepethuk Dora. Dora banjur ngajak nusul Aji Saka. Sembada ora gelem amarga ora ditimbali Aji Saka. Dora njaluk kerise Aji Saka. Sembada ora ngelungake, amarga dudu Aji Saka dhewe sing jupuk. Wusanane Dora lan Sembada padha pasulayan. Dora lan Sembada perang tandhing. Loro-lorone seda kabeh. Kanggo pangeling-eling kadaden kasebut, Aji Saka nganggit aksara Jawa cacahe dadi rong puluh. Aksara Jawa rong puluh iku mau wujude kaya mangkene. ha na ca ra ka (ana utusan = ana kongkonan) da ta sa wa la (padha kekerengan = padha gelut) pa da ja ya nya (padha digjayane = padha-padha sektine) ma ga ba tha nga (padha nyunggi bathange = padha-padha matine) 2. Aksara Jawa Legena Aksara Jawa klebu salah sawijining asil budaya Jawa kang awujud tulisan. Aksara Jawa cacah 20 kang diarani aksara legena utawa dentawyanjana (carakan). Saben aksara legena nduweni pasangan kanggo nyambung wanda sigeg utawa wanda mati lan wanda candhake. Saben pasangan bisa ‘mateni’ aksara sadurunge. Aksara Jawa legena lan pasangane kaya mangkene. Aksara Pasangan Aksara Pasangan ha .... pa .... na .... dha .... ca .... ja .... ra ... ... ya .... ka .... nya .... da .... ma .... ta .... ga .... sa .... ba .... wa .... tha .... la .... nga .... 3. Sandhangan Swara Sandhangan swara iku ngowahi swara saka fonem /a/ ing aksara legena ing swara liyane. a. Wulu ngowahi swara dadi /i/. b. Suku ngowahi swara dadi /u/. c. Pepet ngowahi swara dadi /ê/. d. Taling ngowahi swara dadi /e/. e. Taling tarung ngowahi swara dadi /o/. Nama Wujud Tuladha Wulu .......


52 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Suku ....... Pepet ....... Taling ....... Taling tarung ....... 4. Sandhangan Panyigeging Wanda Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawe sigeging wanda utawa mateni swara. Sandhangan iki kayata layar, wignyan, cecak lan paten. Nama Wujud Swara Tuladha wignyan ........ h Wayah. layar ........ ....... r Kartu. cecak .............. ng Mangga. pangkon ........ aksara mati Mentas. 5. Aksara Wyanjana Sandhangan wyanjana iku cacahe ana telu kang diarani cakra, keret, lan pengkal. Nama Wujud Swara Tuladha Cakra ...... ...... ra Krasa. Cakra keret ....... ...... re Srengenge. Pengkal ....... ya Prasetya. Panjing wa ............ wa Kwali. Panjing la ............ la Mlaku. 6. Pada (Tanda Baca) Ing ngisor iki wujude pada (tanda baca). a. Pada luhur Pada luhur unine “mangajapa” kanggo bebukane layang kiriman ing sangarepe satata basa utawa adangiyahe layang saka bangsa luhur (saka dhedhuwuran, penggedhe, utawa wong


Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 53 tuwa). Pada Luhur : b. Pada madya Pada madya unine uga “mangajapa” panulisane ana ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka sapadha-padha. Pada Madya : c. Pada andhap Pada andhap unine iya “mangajapa”, panulisane ing sangarepe satatabasa utawa adangiyahe layang kang saka andhahan (utawa saka wong enom). Pada Andhap : d. Purwapada Purwapada unine “becik” panulisane ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan. Purwapada : e. Madyapada Madyapada unine mandrawa, tegese “adoh, tangeh“, maknane isih adoh utawa isih tangeh tamate buku utawa crita iku. Panganggone madyapada ing wekasane pupuh menawa arep ganti pupuh liya. Madyapada : f. Wasanapada Wasanapada unine “iti” tegese “tamat” panulisane ing wekasaning crita kang sinawung ing tembang. Wasanapada : g. Guru utawa uger-uger Guru utawa uger-uger panganggone ana ing sajroning layang kiriman ing sangarepe purwabasa, dadi sawise satata basa utawa adangiyah. Guru (Uger-Uger) : h. Adeg-adeg utawa ada-ada Panganggone ing bebukaning ukara. Adeg-adeg : i. Pada pancak Panutuping wasana basa ing layang kiriman. Pada pancake : j. Pada lingsa Pada lingsa gunane dianggo misah gatraning ukara. Yen ing wekasane gatra kang pancene kudu mawa pada lingsa wis ana pangkon, pangkon iku dadi lelirune pada lingsa. Pada lingsa (koma) : k. Pada lungsi Pada lungsi kanggone ana ing wekasaning ukara, kanggo misah ukara. Menawa ing wekasane ukara ana pangkon, dadine pada lungsi mung kari muwuhi pada lingsa utawa pada siji. Pada lungsi (titik) : l. Pada pangkat Pada pangkat gunane werna-werna ing antarane kaya ing ngisor iki. 1) Kanggo ngapit-apit angka Jawa. 2) Kanggo ngelet-eleti kandhane pangripta karo tembung/ukara kang ditirokake dening pangripta.


54 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 3) Ing saburine tembung yaiku utawa kayata, menawa sawise tembung iku banjur mratelakake bab utawa barang luwih saka loro. 4) Ing saburine tembung mangkene. 5) Kanggo ngelet-eleti tembung utawa bab karo katrangane, supaya gampang dingerteni maksude. 6) Ing wekasaning gatraning tembang, menawa tembung ing wiwitaning gatra candhake, pancene (mathuke) kudu dumunung ana ing wekasaning gatra iku. Pada pangkat : 7. Aksara Swara Gunane aksara swara dianggo nulisi tembung manca kang dicethakake. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Menawa dumunung ing saburine wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku. Wondene aksara swara pa cerek dadine pasangan katulis jejer karo aksara kang dipasangi. Aksara swara nga lelet dadine pasangan katulis ing sangisore aksara kang dipasangi mesthi bae pasangane pepet dumunung ing sadhuwure aksara kang dipasangi. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sangsekerta “aksara” lumrahe mung katulis. Nama Wujud A E I O U 8. Aksara Murda Murda pada karo sirah. Aksara murda yaiku aksara sirah, aksara sesirah. Aksara murda iku satemene ora ana. Wondene kang lumrahe diarani aksara murda, utawa kang dianggep minangka aksara murda iku sejatine aksara mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu dikocapake kanthi abab akeh. Kosok-baline aksara alpaprana, yaiku aksara kang kudu dikocapake lumrah (kanthi abab sathithik). Cacahe aksara murda (kang dianggep aksara murda) ana pitu, yaiku Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Ga, Ba. Saben aksara murda ana pasangane. Aksara Ca ora ana murdane, nanging pasangane ana, nanging saiki wis ora kanggo. Aksara murda ing jaman saiki uga wis ora kanggo. Aksara murda mung kanggo ing tata prunggu, tegese kanggo pakurmatan. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para luhur, jejuluke, lan pedunungane minangka pakurmatan. Aksara murda kanggo nyerat jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya manungsa, kayata raseksa, wanara, lan sapanunggalane kang kasebut ing crita padhalangan lan liya-liyane. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep dhewe ora ana murdane, ya aksara burine. Yen burine ora ana murdane, ya burine maneh, mangkono sateruse. Nama Aksara Murda Na Ga


Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 55 Pa Sa Ka Ta Ba Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Apa gunane adeg-adeg? Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Jlentrehna gunane pada lungsi! Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Tulisen nganggo aksara Jawa! Gebyaring kadonyan. Wangsulan: ................................................................................................................................... 4. Apa gunane wulu? Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Tulisen nganggo aksara Jawa! Cahyane katon sumigrak. Wangsulan: ................................................................................................................................... Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Gawea kelompok watara 2–3 siswa, goleka paragrap kang ngandhut aksara swara banjur salinen nganggo aksara Jawa! Kasile kumpulna marang gurumu! B. Aksara Angka Tegese angka Jawa yaiku peranganing aksara Jawa kang gunane kanggo mratelakake wilangan utawa angka. 1. Wujude Aksara Angka Angka Jawa siji tekan sanga sarta das, wujude kaya mangkene. 1 = aksara ga 6 = aksara E – kara 2 = aksara nga dilelet 7 = aksara la 3 = aksara nga dipengkal 8 = aksara pa murda 4 = aksara ma miring 9 = aksara ya 5 = aksara ma kurung 0 = bunderan


56 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 2. Panulisane Aksara Angka Panulisane aksara angka yaiku kaya mangkene. a. Sarehning angka Jawa iku awujud aksara Jawa, supaya ora mbingungake, panulisane kudu dipisah karo aksara Jawa kang dumunung ana ing sakiwa tengene. Srana kang dienggo misah iku pada pangkat, mulane angka Jawa diapit ing pada pangkat. b. Menawa ing saburine angka Jawa ana pada lingsa utawa lungsi, ing saburine angka iku banjur tanpa pada pangkat. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 0 Gladhen Mandhiri Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Tulisen nganggo aksara Jawa! Taun 2022 iki akeh pacoban. Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Tulisen nganggo aksara Jawa! Ing taun 2024 ana pemilu. Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Tulisen nganggo aksara Latin! Wangsulan: ................................................................................................................................... 4. Tulisen nganggo aksara Latin! Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Taun 2022 rega minyak mundhak. Tulisen nganggo aksara Jawa! Wangsulan: ................................................................................................................................... Gladhen Kelompok Garapen gladhen ing ngisor iki kanthi kelompok! Gawea kelompok watara 3–5 siswa, banjur golek teks paragrap kang watara 3–5 paragrap! Teks kuwi banjur salinen nganggo aksara Jawa kanthi didum bageyan-bageyan saben siswa, sabubare kuwi rembugna lan tlitinen kanthi bebarengan!


Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 57 Kanggo nambah pamawasanmu babagan aksara Jawa, pindai QR code iki! Sumber: https://lenteramata.com/angka-jawa/ Soal AKM Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan 1–3! Pitakonan 1 Kagiatan ing wacan dianakake tanggal …. Pitakonan 2 Sebutkan munfangate kagitan ing wacan kasebut! Pitakonan 3 Wenehana tandha centhang (√) pranyatan kang trep karo wacan ing ndhuwur! Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku Kerja Bakti. Kagiatan kerja bakti dianakake rutin. Kerja bakti kasebut uga ngecat pos rondha. Kerja bakti dianakake karang taruna. Kerja bakti kasebut dianakake ing Desa Margoyudan. Proyek Penguatan Profi l Pelajar Pancasila Garapen gladhen ing ngisor iki! Goleka pawarta kang nganggo basa Jawa! Banjur salinen nganggo aksara Jawa! (Mandiri)


58 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 Refl eksi Munfangat pasinaon dina iki. Tulisen kesan sing kokrasakake babagan pasinaon ngenani aksara jawa kanthi nyoret pranyataan sing ora trep ing kolom deskripsi singkat! Aspek Deskripsi Kesan ing proses pamulangan seneng/bosen Tingkat kangelan gampang/angel Sikap kooperatip/kurang kooperatip Ngetrapake kasil pamulangan wis/durung A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener! Gladhen Wulangan 4 1. ....... ...... iku diarani aksara …. a. cakra d. panjingan wa b. cakra keret e. panjingan la c. pengkal 2. ............ iku diarani aksara …. a. cakra d. panjingan wa b. cakra keret e. panjingan la c. pengkal 3. Ing ngisor iki kang sinebut cakra yaiku …. a. ...... ...... d. ............ b. ...... ...... e. ........ c. ....... 4. Pada lungsi gunane yaiku .... a. kanggo miwiti ukara b. kanggo ing antarane peranganing ukara c. kanggo mungkasi ukara d. kanggo ngapit angka lan kangge nuduhake panyebuting perangan ukara e. kanggo mateni swara 5. Pada pangkat gunane yaiku .... a. kanggo miwiti ukara b. kanggo ing antarane peranganing ukara c. kanggo mungkasi ukara d. kanggo ngapit angka lan kanggo nuduhake panyebuting perangan ukara e. kanggo mateni swara 6. yaiku aksara angka .... a. 3 d. 8 b. 6 e. 9 c. 7 7. yaiku aksara angka .... a. 3 d. 8 b. 6 e. 9 c. 7 8. yaiku aksara angka .... a. 3 d. 8 b. 6 e. 9 c. 7 9. kasebut …. a. madyapada b. wasana pada c. uger-uger d. ada-ada e. pada pancak 10. Panganggone ana ing sajroning layang kiriman ing sangarepe purwabasa yaiku …. a. madyapada d. ada-ada b. wasana pada e. pada pancak c. uger-uger 11. arane …. a. pada luhur d. guru b. purwapada e. pada lungsi c. madyapada 12. arane …. a. pada luhur d. guru b. purwapada e. pada lungsi c. madyapada 13. Unine “mangajapa” kanggo bebukane layang kiriman ing sangarepe satata basa utawa adangiyahe layang saka bangsa luhur yaiku ....


Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 59 a. pada luhur d. guru b. purwapada e. pada lungsi c. madyapada 14. Unine “becik” panulisane ing bebukane layang tembang ing sangarepe pupuh kapisan, yaiku .... a. pada luhur d. guru b. purwapada e. pada lungsi c. madyapada 15. Kanggone ana ing wekasaning ukara, kanggo misah ukara diarani .... a. pada luhur b. purwapada c. madyapada d. guru e. pada lungsi 16. aksara murda …. a. Sa d. Ga b. Ta e. Ka c. Ba 17. aksara murda …. a. Sa d. Ga b. Ta e. Ka c. Ba 18. aksara murda …. a. Sa d. Ga b. Ta e. Ka c. Ba 19. ........ diarani …. a. wigyan d. pangkon b. layar e. pepet c. cecak 20. ....... iku diarani aksara …. a. cakra b. cakra keret c. pengkal d. panjingan wa e. panjingan la B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep! 1. Aksara Jawa cacahe ana …. 2. Sandhangan kanggo mateni aksara ing pungkasan ukara jenenge …. 3. Taling tarung iku sandhangan swara kanggo ngowahi swara dadi …. 4. Pasangan aksara Jawa kang manggon neng samping cacahe ana …. 5. Sandhangan swara kanggo ngowahi swara dadi u jenenge …. C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Brata menyang sekolah numpak pit onthel bareng-bareng. Tulisen nganggo aksara Jawa! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 2. Ukara kasebut dadekna aksara Latin! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 3. Tulisna nganggo aksara Jawa! Pasuryan kang ana ing batin. Wangsulan: ....................................................................................................................................... 4. Apa tegese mandaswara? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 5. Sandhangan wulu sumandhing ing sisih ngendi? Wangsulan: .......................................................................................................................................


60 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 D. Cocogna katrangan ngisor iki karo wangsulan kang trep! Pranyatan Wangsulan 1. Sandhangan kang swarane ng. 2. Sandhangan kang swarane h. 3. Sandhangan kang swarane r. 4. Aksara angka kang awujud aksara ga. 5. Aksara angka kang awujud aksara la. a. 1 b. 7 c. wignyan d. cecak e. layar E. Wenehana tanda centhang (√) ing wangsulan kang bener saka pranyatan ing ngisor iki! No. Pranyatan Bener Salah 1. Aksara angka bisa dipangku. 2. Aksara swara cacahe ana 5. 3. Wujud aksara angka 6 yaiku . 4. Aksara angka 9 wujude aksara ya. 5. Pada pangkat kanggo ngapit aksara angka. Pambecik Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Jlentrehna panggone nulis sandhangan cecak! Wangsulan: ................................................................................................................................... 2. Aksara Jawa dianggo nulis apa bae? Wangsulan: ................................................................................................................................... 3. Sebutna jinising sandhangan wyanjana! Wangsulan: ................................................................................................................................... 4. Apa gunane aksara swara? Wangsulan: ................................................................................................................................... 5. Parmin dolan menyang omahe kancane. Tulisna ukara ing dhuwur nganggo aksara Jawa! Wangsulan: ................................................................................................................................... Pengayaan Garapen gladhen ing ngisor iki manur prentahe! Goleka ning internet teks aksara Jawa tema bebas kang ngandhut aksara angka! Banjur tulisna dadi aksara Latin ing buku gladhenmu!


Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 61 1. Maca geguritan kudu nggatekake wirama, tegese …. a. munggah mudhune swara b. dawa cendhake tetembungan c. gedhe cilice ukara d. rasa pangrasane pocapan e. munggah-mudhune swara 2. Kang ora klebu titikane geguritan gagrag lawas yaiku …. a. ana kalane nganggo lelewaning basa (gaya bahasa) b. cacahing gatra ajeg lan manut pangripta c. tetembungane pilihan d. isine mentes e. nduweni piwulang marang wong urip 3. Wong maca geguritan kudu dirasakake sajroning ati isi geguritan kang diwaca. Maca geguritan kanthi cara mangkono iku ateges gatekake babagan …. a. wicara d. wirasa b. wirama e. wiyata c. wiraga Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 4 lan 5! Wisora Ana Maneh kanggo Kowe Dening: Yunani Wis ora ana maneh kanggo kowe anakku, Dongeng kancil apa utheg-utheg ugel Nyengkelit kudhi bujel Wacanen dhewe ing kamar Komik bionic, Flash Gordon lan Sailormoon Ing kono ha na ca ra ka asawang layon Wisora ana maneh kanggo kowe anakku Nglangute Pangkur palaran Swarane gendhing dolanan 4. Menawa dijupuk inti sarine geguritan ing ndhuwur nggambarake menawa …. a. para mudha ora tresna marang kabudayan Jawa b. para mudha padha nggatekake kabudayan manca c. para mudha isih tresna marang kabudayan Jawa d. kabudayan Jawa wiwit sirna kagawa jaman e. para mudha ing jaman saiki 5. Bab sing kudu digatekake menawa nggawe geguritan ing antarane … a. milih tembung sing becik lan mentes b. migunakake tembung kawi/Jawa kuna c. ukarane sing dawa d. swara pungkasaning gatra kudu runtut e. panulisan syair geguritan 6. Kakawin Ramayana wujude tembang …. a. dolanan d. gedhe b. alit e. campursari c. tengahan 7. Kakawin Ramayana tinulis nganggo basa …. a. ngoko alus d. krama lugu b. krama desa e. Sangsekerta c. Jawa kuna 8. Kang nganggit kitab Ramayana yaiku …. a. Empu Tantular b. Empu Panuluh c. Empu Kanwa d. Empu Walmiki e. Empu Sedah 9. Crita wayang sing nyritakake nalika Prabu Rama isih timur yaiku serat .... a. Balakandha b. Ayodyakandha c. Aranyakakandha d. Kiskendhakandha e. Yudhakandha 10. wacane yaiku …. a. solah mawa d. polah mawa b. solah-bawa e. polah gawa c. polah bawa 11. wacane yaiku …. a. trima pasrah b. trima ngalah c. trima mundur d. trima bungah e. trima munggah 12. wacane yaiku …. a. srengenge sisih witan b. srengenge sisih wetan c. srengenge sisih ratan d. srengenge wetan e. srengenge ana paran A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, d, utawa e tumrap wangsulan kang bener! Gladhen Akir Semester 2


62 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 13. wacane yaiku …. a. prasetya d. setya panji b. setya tuku e. setya tuhu c. setya janji 14. menawa ditulis aksara Latin yaiku …. a. atur pambagya b. atur kabar c. aweh panglipur d. wasana bagya e. atur pambagiya 15. wacane yaiku …. a. aja gampang sujana b. aja gampang dujana c. aja gampang suyana d. aja numpang sujana e. aja sumbang sujana 16. wacane yaiku …. a. adiluhung budi pakertine b. adiluhung budi pakartine c. adhiluhung budi pakartine d. adiluhung budi wasanane e. adhiluhung budi pakertine 17. “Generasi penerus bangsa” menawa ditulis aksara Jawa yaiku …. a. b. c. d. e. 18. wacane …. a. dhigdhaya tanpa aji b. dhigdaya tanpa aji c. digdaya tanpa asma d. dhigdaya aja aji e. digdaya tanpa aji 19. Tembung pawiyatan nduweni teges aksara Jawa ing ngisor iki yaiku .… a. b. c. d. e. 20. Ngringkes wacan iku bisa kanggo gladhen dadi panulis .... a. nasional d. umum b. profesional e. cerkak c. khusus 21. Sajroning nindakake pacelathon kudu nggatekake .... a. unggah-unggah b. lesan c. uwong sing diajak guneman d. pocapan e. busana 22. Karo wong sing luwih tuwa nggunakake basa .... a. ngoko alus d. Indonesia b. ngoko e. madya c. krama 23. Pacelathon karo kanca sapadha-padha utawa luwih enom nggunakake basa .... a. ngoko alus d. Indonesia b. ngoko e. madya c. krama 24. Gatekna ukara-ukara ing ngisor iki! (1) Topik utawa bab apa kang diomongake. (2) Sapa kang nindakake pacelathon. (3) Owahi saben bab kang wigati saka pacelathon dadi ukara. (4) Ukara-ukara disusun kanthi runtut. (5) Teks pacelathon kerep nggunakake tembung pitakon apa, sapa, kepriye, ing ngendi, lan kapan. Bab-bab kang wigati saka pacelathon, ditunjokake nomer .... a. (1) lan (2) b. (3) lan (4) c. (2) lan (5) d. (4) lan (4) e. (1) lan (5) 25. Carane nulis teks pacelathon yaiku kaya mangkene, kejaba .... a. nemtokake tema ing pacelathon b. nemtokake pokok-pokok isi kang pengin ditulis c. nemtokake paraga ing pacelathon d. nyusun paragrap e. ngembangake pokok-pokok isi dadi perangan ukara kanggo guneman paraga ing pacelathon


Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 63 26. Nalika arep nggawe geguritan, sing ditemtokake kapisan yaiku …. a. tembung d. judul b. ukara e. amanat c. tema 27. Kang ora klebu gunane geguritan yaiku …. a. ngandarake surasa ati b. aweh piwulang c. pitutur marang wong sing maca d. menehi grambyangan marang sing maca e. nglatih kreativitas 28. Geguritan iku asale saka tembung …. a. gegurit d. gurit b. puisi Jawa e. gur lan rit c. ge karo an 29. Gatekna geguritan ing ngisor iki! Sun anggurit, tresna iku kawujud saka manah, akal ora bisa urun nggawe tresna, ananging akal bisa njaga anane tresna. Iku cirine geguritan …. a. tradisional b. gagrag anyar c. gagrag lawas d. modheren e. sinandhi 30. Ing sajroning geguritan, basa kawi Sun utawa Ingsun iku tegese …. a. aku d. wigati b. kowe e. amrih c. panjenengan B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi trep! 1. Nalika nggancarake geguritan, menawa ana tembung garba kudu …. 2. Nulis geguritan bisa nglatih kapekan marang kahanan ing sakiwa tengen kang sinebut …. 3. Paraga kang watake ala sinebut …. 4. Adipati Karna iku asline sedulure …. 5. Nalika caturan karo ibu guru nggunakake basa …. 6. Caturan marang kanca sing lagi kenal becike nganggo basa …. 7. Intonasi nalika pacelathon ora angger …. 8. Aksara angka kang awujud nga lelet yaiku angka …. 9. Kanggo ngapit panulisane angka nganggo pada …. 10. Pada kanggo bebukaning ukara yaiku …. C. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi trep! 1. Apa kang diarani wayang sadat? Wangsulan: ....................................................................................................................................... 2. Jlentrehna kang diarani wayang suket! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 3. Tulisen aksara Latine! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 4. Tulisna urut-urutane nggawe sinopsis! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 5. Kepriye carane ngrasakake swasana ati nalika maca geguritan? Wangsulan: .......................................................................................................................................


64 Basa Jawa Tengah Kelas X SMA/MA/SMK Semester 2 6. Wacanen ukara kang tinulis nganggo aksara Jawa ngisor iki! a. b. Wangsulan: ....................................................................................................................................... 7. Tulisen nganggo aksara Jawa! Asma kinarya japa. Wangsulan: ....................................................................................................................................... 8. Atur pambagyaharja pakurmatan. Tulisen nganggo aksara Jawa! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 9. Bapak kagungan sapi 5. Tulisen nganggo aksara Jawa! Wangsulan: ....................................................................................................................................... 10. Apa kang dicritakake ing wayang madya? Wangsulan: ....................................................................................................................................... Dwiyanto, Djoko. dkk. 2010. Ensiklopedi Wayang. Yogyakarta: Medhia Abadi. Hartatik, Sri. 2011. Pepak Basa Jawa Lengkap. Surabaya: Dua Medhia. Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wijau. 2010. Unggah-ungguh Bahasa Jawa. Yogyakarta: Gama Medhia. Sutardjo, Imam. 2011. Tembang Jawa (Macapat). Surakarta: JSJ Fakultas Sastra dan Seni Rupa UNS. T. Suryadipura, R. dkk. 2008. Cara Belajar Membaca dan Menulis Huruf Jawa Jilid 2. Bandung: Yrama Widya . Tim Dunia Pelajar. 2011. Kawruh Pepak Basa Jawa Anyar. Yogyakarta: Satu Makna. Wibisana. 2009. Pepak Basa Jawi Anyar. Surakarta: Samodra Ilmu. Winoto, Bekti. 2010. Basa Jawa. Surakarta: Widya Duta Grafi ka. Kapustakaan


Click to View FlipBook Version