The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Antologi Geguritan Siswa SMPN 2 Pace

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dewi.19059, 2023-11-25 13:19:29

Antologi Geguritan Siswa

Antologi Geguritan Siswa SMPN 2 Pace

KATA PENGANTAR Dra. Theresia Retna Sri Winarti, M.Si., Kepala SMP Negeri 2 Pace Assalammu’alaikum wrwb Ngaturaken puja puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring nikmat sarta hidayah kagem kita sedaya, saengga ngantos samenika saged ngraosaken nikmatipun gesang dhateng panggenan ingkang sae. Salam ugi shalawat kita junjungaken dhumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang tetep kita rantos syafaatipun tumekaning dinten kiamat. Deklarasi ingkang sampun dipungiyaraken dening UNESCO menika ngandharaken bilih literasi informasi ingkang wonten gandheng cenenge kaliyan kemampuan ngidhentifikasi, nemtoaken, nemokaken, ngginakaken sarta cecaturan informasi kagem ngatasi sawernaning perkawis (UNESCO, 2013). Kemampuan-kemampuan menika kedah dipun gadhahi tumrap pribadhin piyambak-piyambak minangka satunggalipun syarat kagem ndherek partisipasi sajroning informasinipun salebeting bebrayan, perkwis kasebut minangka dhasaring manungsa ingkang gegayuhan kaliyan “long life education” bilih anggenipun sinau menika kedah ngantos tembe wingking. Babagan menika kaserat dhateng Peraturan Menteri Pendhidhikan kaliyan Kabudayan Nomor 2 taun 2015


ngengingi pangrembaganipun Budi Pekerti sajronipun panguripan sabendintene. Salah satunggalipun pembiasaan ingkang kedah dilaksanaken kanthi cara 15 menit saderengipun pembelajaran kawiwitan. Sarta paring penghargaan tumrap para siswa ingkang sampun remen maos kagem pangrembaganipun program literasi sekolah. Program Literasi sawijinipun sarana siswa kagem nepangaken, mangertosi, sarta nindakaken babagan kawruh ingkang sampun dipungadhahi saking sekolah. Kanthi tehnologi ingkang sampun majeng ndadosaken owahowahanipun arus informasi ketawis langkung cepet sarta minangka tantangan sekolah kagem mbubidaya pemanfaatan tehnologi. Penerapanipun Literasi menika awit awon sanget, nanging konsep ingkang sampun karancang menika kedahipun boten namung ndamel nyerat kaliyan maos, nanging kedah nuwuhaken owahan-owahan sanes ingkang langkung sae. Mugi Literasi menika sageda nuwuhaken raos semangat kagem para siswa supados tansaha sregep anggenipun sinau, mliginipun nyerat kaliyan maos. Saengga saged nyiptaaken karya sastra lan saged ndadosaken owahan-owahan pangrembaganipun jaman pendhidhikan. Nganjuk, 25 November 2023


Taman Kayangan Aulia Dewi Zahra Amarta Sekolahku Edi peni budaya luhung Kang agawe atiningsun Kangen kumandhange kidung Kidung lir sumilire sindhung Kelasku kang endah Tansah agawe bungah Bebarengan seneng lan susah Karo kanca kebak sumringah Kahanan kang sinawang asri Wit-witan lan kembang katon lestari Gemricike tirta kang mili Nelesi taman pawiyatan iki Sekolahku Mumbul endah gapuraning jagad Nggayuh lintang kang sumunar Kang sinebut taman kayangan


Endahing Papan Pawiyatanku Shinta Tri Oktavia Baskara kang cumleret ing bawana Suminar dumugi ing sekolah Sumilire anila Nyurung lelakune sepedah Tumekane ana ing sekolah Atiku rumangsa gumregah Nyawang papan pawiyatan kang endah Resik tur asri tan ana sampah Ayo njaga lingkungan sekolah iki Supaya tetep lestari Katon raras adhem ing ati Tumuju ing pawiyatan satiti


Papan Pasinaonan M. Fikri Octavian Sekolahku Papan panggonanku sinau Sarta panggon golek ilmu Sinauku minangka sangu kanggo masa depanku Wayah esuk ing dina jemuwah Aku budhal menyang sekolah Banter anggonku mancal sepedah Supaya ora keri teka ing sekolah Ing padhange srengenge Lan semangat kang wus daksiyapake Aku precaya yen aku bisa Dadi murid kang sregep lan wignya


Panggonan Ngangsu Kawruh Nabila Naswa Azzahra Sindhung kang sumilir tansah angancani Cahya diwangkara sumunar ing pratiwi Wit-witan ingkang endah lan asri Njalari tentrem ayem lan bungahe ati Papan anggonku ngangsu kawruh Kanggo sangu atma ing tengahing bebrayan Para guru nggulawentah, kanthi sabar Mulang lan ndhidhik para siswa kanthi gemi Panas lan riris tak lakoni Bengawan tansah daksebrangi Ing anggonmu, ngelmu tansah tak goleki Supaya bisa dadi bocah kang mumpuni Lingkunganmu kang resik lan rapi Kang dadi endhahing panggonmu Agawe nyaman olehku sinau Sinau maca buku minangka sumber kawruhku Pawiyatanku Kang daksebut taman kayangan Ing kono akeh banget wernane kenangan Kanthi tak ukir ing jero pikiran Supaya tetep tansah kelingan


Taman Sekolahku Refina Anggistin Sliramu kawangwang endah lan resik Ngganda arum wangi Bayu kang sumilir ing awang-awang Maneka sekar tinatha kanthi edi lan peni Taman sekolahku Endahmu gawe ayem Aku dadi betah sekolah Mergo sekarmu kang endah Taman sekolahku Tetepa lestari lan nyebar ganda wangi murih seneng ati iki Daksuwun aja ana sing sura Ngerusak tamanku Supaya ora getun ing tembe mburi


Bareng Sekolah Santy Nurahma Agustya Rani Putri Sekolah Anggonku entuk akeh ilmu Anggone guruku menehi ilmu Karo kekancan bebarengan Sekolah Tanpa kowe aku ora entuk ilmu Tanpa kowe aku ora duwe kekancan Mung kowe kang aku senengi Sekolah Ana wektu pas bebarengan Ana maneh waktu pas dhewe pisah Tetep kowe daksimpen nang memoriku


Kahanan Sekolahku Aisya Fatika Sari Sekolahku kang nyaman lan resik Anggonku nyaman kanggo sinau Anggonku golek ilmu Lan panggonan kapindho sawise omahku Sekolahku Pelataranmu kang endah Ngawe nyaman nalika ing kana Agawe mangerteni tata tertib sing ana Ing kelas kang rapi lan resik Aku bisa mangerteni nalika guru ngendhika Sinau kanthi manah kang semangat Supaya pikantuk ngelmu kang mupangat


Sekolahku Kang Kawentar Siti Fenika Puji Lestari Bangunanmu kang megah Madeg ing ngarep sawah Dadi tujuwane siswa-siswa Sing arep golek ilmu kanggo sangu tuwa Saben dina Aku tansah ana njero ruanganmu Ngrungokake piwulange bapak ibu guru Apa sing kudu digugu lan ditiru Tambah dina tambah marem driyaku Sekolah ning SMP negeri dua Sing kawentar gurune Sing kawentar prestasine


Pawiyatan Sumber Ilmu Neysifa Tri Wulandari Saben esuk dipadhangi surya bagaskara Lan adheme sumilir hawa Kang yasa atiku bungah Naliko ing sekolahan Sekolahanku Papan panggonanku golek ilmu Papan kanggo nggayuh masa depanku Panggonan sing nomer loro sawise griyaku Sekolahku Ing kana aku diwulang kawruh Panggonan sing rame Ketemu karo kanca-kanca


Endahe Sekolahanku Eva Auliya Rahma Wati Sekolahku Tamanmu apik banget Nyebar hawa seger ing mata Akeh wit-witan ijo sing katon endah ing mripat Sekolah iki anggonku golek ilmu Saben dina nyawang lingkungan kang ayu kanca kang tansah agawe semangat sinau Sajrone kelasku Aku tansah njaga lan ngupaya Supaya tetep endah lan tata Siswa lan guru murih suka bagya


Anggonku Golek Ilmu Arifah Nur Juvianita Ing kene Madhep mantep bebarengan Ngangsu kawruh Bab tata krama Ing kene Bebarengan karo kanca Ngrembug babagan agama lan matematika Uga nguri-ugi kabudayan jawa Kanggo nggayuh cita-cita Ing kene Lumampah bebarengan Sinau kang dadi sangu Tumrap aku lan kancaku Supaya dadi siswa tuhu


Sekolahku Adiwiyata Andralyna Deanova Ning ngisor langit sing mbentang Amba Nalika nyawang sekolahku Ning ati aku ngrasa bangga Sekolahku katon apik lan gedhe Mlebu ing njero sekolahku Wit-witan kang ijo royo-royo Lingkungan kang asri lan resik Menehi katentreman anggone sinau Sekolahku minangka sekolah diwiyata Tansah njaga keresikan lingkungan Ngguwak sampah ning panggone Mujudake lingkungan kang resik lan elok


Lingkungan Sekolah Ratu Evrilatu S.C.A.B Esukku disambut kanthi sumringah. Ndelok godhong-godhongan ijo sing endah Hawa kang adhem Agawe atiku bungah Teka sekolah kanthi ati sing seneng Ngliwati koridor kang iseh peteng Nyawang kiwa lan tengen Nggandheng kanca kanthi niyat sinau bareng Saben dina tansah njaga karesikan Uga njaga kesehatan Saben budhal sekolah aja lali protokol kesehatan Tansah eling lan waspada marang kahanan


Sekolahanku Kang Megah Icha Naila Sekolahanku Panggonan anggonku golek ilmu Didhidhik supaya karo wong tuwa kudu bekti Kereben mbesuk dadi wong kang aji Miguna tumprap bangsa lan nagari Sekolahku sing indah lan megah Tanduran katon adhem lan asri Kembang-kembang kang endah daksirami bagaskara kang sumunar ing jendela Panggon nomer loro sawise omahku Panggonanku nggolek ilmu Guyup rukun bareng kancaku Uga manut marang bapak ibu guru


Sekolahku Kang Asri Arfian Setya Yusinda Suasana katon adem lan asri Kakupeng wit-witan kang endah Sinawang katon marem ing ati Yaiku panggonan sekolahanku Kiwa tengen katon resik Pratanda kasadaran ing saben murid Sayuk rukun njaga lingkungane Tiguna kanggo sepadha-padha Yen dilakoni bebarengan katon marem Panggawean kang abot dadi entheng Tujuwane amung supaya apik Apik kanggo sakabehe Kena kanggo patuladhan Tumrap murid ing sekolahan Murid-murid kang tansah sopan Andhap asor budi pekertine


Edi Peni Sekolahku Maya Afriska P. Sekolahku Bangunan sing nityasa raras miwah resik Tanduran kang tinata kanthi edi peni Ngganda arum wangi Sumebar wit-witan kang asri Sekolahku Sasana golek ilmu Anggonku diwulang tata krama Miwah tanpa ana pambeda Didhidhik dening guru Amrih dadi rarya kang mutu Gedungmu ora megah Tegelmu keramik Kenanganmu tansah dakeling-eling


Ngadeg Ing Kawruh Arifah Nur Juvianita Urip iku adhedhasar kawruh Kanggo mangerteni kabeh kawruh Mulai kudu sinau Supaya mulya uripmu Ana akeh rumus Mulane, sinau terus Kuwatna kabeh tekadmu Kanggo ngadeg ing kawruh Kabeh ora bakal mandheg Aja bosen sinau Supaya tambah ilmu Ilmu saka bapak ibu guru


Dudu Sekolah Favorit Diajeng Cinta Nur Azahra Srengenge wis katon sumunar Langit kang endah Nalika ing wektu esuk Pithik jago wiwit kluruk Ing dina sing cerah Aku budhal sekolah Ing kene aku golek ilmu Ing sekolah iku wigati tumrap aku Ana guru kang sarwa paring pambiyantu Aku seneng banget ing kene Golek ilmu kanggo masa depanku Ing tembe dadi siswa kang tuhu Aku bangga karo sekolahku


Griya Kapindhoku Melinda Oryza Sativa Sekolahku, panggonan golek ilmu Sing nggawe aku ngerti kasunyatan Sing nggawe aku ngerti mitos lan fakta Dadi suar ing dalan peteng Sekolahku, papan kanggo sinau tembung Nembang nasehat seindah permata Supaya uripku ora wuta maneh Ing jagad sing dibayangi goroh Sekolahku, papan kanggo eksplorasi bakat Nyengkuyung aku kerja lan nggawe Motivasi sinau setinggi alam semesta Supaya masa depan ora dilalekake


Papan Panggonaning Rasa M. Naffa’ur Rohman Pawiyatan panggonaning jiwa Ngangsu kawruh ngupaya makna Ngayahi budi, mangerteni budaya Nguri-uri bakti lan tata krama Pawiyatan panggonaning rasa Murih rasa, cipta lan karsa Paring pitedah paring tuladha Dening dwija marang siswa Minangka pelajar pancasila Siswa kudu bisa nerapake trapsila Tata krama sarta subasita Marang dwija uga para kanca


Sekolahku Istanaku Renno Ilham Revaldo Sekolahku istanaku Papan anggonku golek ilmu Saka bapak lan ibu guru Sing bagus sarta ayu nalika kelas sanga Ngukir kisah nulis carita Ngupaya ing saben prastawa Guyup rukun marang kanca Sekolahku… Omah kapindho sawise omahku Saben dina nggawa buku Agawe maca, nulis lan nggambar waru


Gedhong Sekolahku Juliani Wati Sekolahku anggonku golek ilmu Kranamu Aku ngerti barang ala lan sae Katah rencang lan sadulur Kumpul bareng damel nambah wawasan Para guru ingkang ngajarake kebagusan Mangerteni carane bakti kalih tiyang sepah Dedunga marang gusti pangeran Lan ngertos carane kekancan kanti sae Gedungmu ora megah Nanging tansah agawe ati bungah Kranamu aku bisa dadi bocah kang pinter Bebarengan karo kanca kang becik atine


Lestari Sekolahku Risma Febriana Lingkungan sekolahku sing asri Resik, wiyar lan becik Dadi luwih apik kanggo ndeleng Lingkungan sekolahku pancen sampurna Yen ndeleng wit-witan kaaton ijo royo royo Awujud ciptaan sing kuasa Lan kesucian sinar surya Kanggo padange dunya iki Puji syukur marang gusti allah Marang keindahan lingkungan sekolah Sing kudu dijaga lan dilestarikne Tanpa ngilangke kaendahane


Lestari Taman Pawiyatanku Gravandy Oktana Yudistira Taman ing Sekolahku Sliramu katon endah lan resik Ngganda arum wangi Sumebar wiwit awang tekan wengi Maneka tetanduran tinata kanthi edi lan peni Manuk, kupu, tawon, lan kumbang Padha nggumun nyawang kaendahanmu Madune kembang ing taman sekolahku Kaya ngawe-awe Ngajak kabeh titah nyekseni kaendahane Taman ing sekolahku Endahmu gawe tentrem lan bungahe ati Aku dadi betah sekolah Merga kembangmu kang endah


Crita Kang Kaukir Binti Ulil Azizah Kabeh mau Kedadeyan ing gedhong kotak sing jenenge sekolah Merangkak bareng golek ilmu Kenangan kita bebarengan nangis lan ngguyu Ora suwe maneh kabeh bakal dadi fiksi Susah seneng bareng kang bakale kaganti Dening wektu sing ora bisa dipungkiri Kabeh crita kita bakal rampung ing kertas iki Kancaku Aku ora arep pisah Aku pengin kita rangkulan Aku pengin crita kita ora bakal ana pungkasan Nalika wis ora bebarengan Aku pengin kita nggawe janji ing ati Kita janji Ora bakal lali Marang crita sing wis kaukir ing ati


Lapangan Sekolahku Dinda Ferdiana Yolanda Restiani Panggon upacara bendera dina senin Pangonanku kanggo olahraga Ngendi aku dolanan karo kanca-kancaku Panggon Pengalaman disimpen ing lapangan iku Pengalaman sedih Pengalaman sing nyenengake Papan kanggo menehi informasi Aku guyon karo kanca-kanca Ing kana aku oleh hadiah Ing kana aku lan kancaku melu lomba Ing kana aku lan kanca-kanca liyane ngrayakake gebyar ulang tahun smp


Lumangkah Ing Sekolah Puput Aulia Sekolahku Nalika esuke wiwit surup Srengenge wiwit sumunar Kanthi lumangkah aku mlebu sekolah Sekolah ingkang tansah kula banggakaken Sumilir angin seger Aku krungu manuk kicau Tansah ngrenggani lingkungan sekolah iki Iki sekolahku Karo ewonan wit-witan sing kuat Kanthi hawa seger tanpa udud Lan lingkungan sing resik tanpa sampah


Papan Piwulangan Lintang Almira W. Sekolahan kawula Papan anggonku ngangsu kawruh Ndhidhik siswa supaya subasita Maringi tuladha lan budi luhur Tanduran katon ijo royo-royo Kembang kang katon endah Nambahi semangat anggugah manah Para siswa katon sumringah Piwulang kang diandharake dwija Ngenani tata krama lan solah bawa Supaya siswa bisa rumangsa Sregep lan tata anggone ngupaya


Perpustakaan Sekolahku Diah Ayu Astining Tyas Perpustakaan anggonku golek ilmu Bareng kanca aku maca buku Ing kana akeh buku kang dadi jendela ilmu Saben dina aku lan kancaku wonten ngriku Ana buku matematika lan seni budaya Ana uga bahasa jawa Kabeh mau tansah nambahi ilmuku Uga kanca-kancaku Sregep anggonku sinau Nalika diwulang dening guru Aku kelingan marang buku sing dakwaca Buku ngenani kabudayan jawa


Asrining Taman Sekolahku Gravandy Oktana Yudistira Hawa segermu kasil nyirnakake Panase dina gumanti hawa adhem Gawe ati rinasa tentrem Taman sekolahku Tetepa lestari lan nyebar ganda wangi Murih seneng ati iki Daksuwun aja ana sing wani Ngrusak tamanku Supaya ora ana getun Ing tembe mburi


Saksi Pangonku Sinau Bila Salsabila Sekolahku Sekolahku dadi saksi pangon ku sinau Nulis, gambar lan moco buku Aku lan kancaku asring bareng-bareng sinau Sekolahku endah amarga ana wit-wit kang asri Fasilitase terpenuhi Aku lan kanca-kancaku betah sinau ing kana Aku lan kanca-kancaku kudu semangat sinau Aku lan kanca-kancaku percaya Senajan abot kudu di lakoni Demi masa depan iki Dadi siswa kang mumpuni


Sekolahku Kebak Ilmu Norma Vebriana Aliffa Sekolah, papan ngrembakane ilmu Seneng budaya, njaga karakter Guru tekad, muride semangat Bebarengan, kita mbangun masa depan sing cerah Kelas kebak warna, suasana seneng Sinau bebarengan nuduhake kawruh lan pengalaman Njelajah potensial, ngasah bakat sing didhelikake Ing sekolah kita tuwuh lan berkembang Esuk-esuk bel wis muni Para siswa wis padha baris ngurmati gendera abang putih Sinau disiplin, sinau tanggung jawab Sekolah panggonan kita nemokake identitas kita


Sekolah Omah Kapindhoku Dirly Galuh Pramudya Sekolahku Saka kadohan Katon megah Pager ijo kang adem lan endah Saben dino aku betah Ono ruanganmu Panggonan nuntut ilmu seng kejogo keresikanmu Sekolahku Aku bangga marang lingkungan sekolah ku Lingkungan adem lan wit-witan kang subur Nggawe aku betah manggon ing sekolahan ku Aku bangga ing omah keloro ku Sekolahku Panggon nomer loro sakwise omah ku Di ulang bapak lan ibu guru Sinau, maca buku kanthi dadi bocah kang mituhu Tentrem lan seneng rasane atiku Sekolahku Mugia dadi panggonan kang mituhu Aku bangga marang lingkungan mu Aku Tresna sekolah ku


Sinawang Taman Sekolahku Laudia Vera Agustin Taman ijo sekolahku Ijone tansah dadi seger Kanton endah disawang ana mata Angin semilir gawa rasa kang nyata Taman hijau sekolahku Asri nalika disawang Resik kang dadi tatanan Sampah-sampah mboten ketingal Taman ijo sekolahku Wangi kembang tansah semerbak Mambu wangi ana sekitaran Tansah nambah endah yen disawang


Jejak Kenangan Ing Sekolah Siti Zahwanda Santrinafisa Ing aula sekolah, tilas kenangan diukir Ketawa sing nyenengake, pilu nangis, kabeh kedadeyan ing kene Kanca-kanca sing paling apik, tansah bebarengan ing saben pojok Ing kelas warna-warni, pelajaran lan crita digawe Guru sing wicaksana, nuntun langkah kita Sinau lan tuwuh bebarengan, entuk cita-cita sing dhuwur Ing lapangan ijo, kita mlayu lan muter Semangat kompetisi, kekancan ora bisa dipisahake Kenangan sing apik sing ora bakal ilang Jejak kenangan ing sekolah, tansah ing ati Ngelingake kita wektu sing ora bisa dilalekake Sekolah, papan sing kita tuwuh lan sinau bareng


Kelasku Kaukir Kenangan Cherry Aulia Ramadhani Sumilire hawa enjing Kang endah lan asri Kelasku kang dadi saksi Tansah bungahe ati Naliko aku lan koncoku Bebarengan lumaku Tumuju ing sekolahanku Kanthi niat golek ilmu Susah lan seneng bebarengan Tansah rumaket anggonku kekancan Naliko aku kelingan Kudu sukses ing masa depan


Sekolahku Panggonku Sinau Fahmida Shaista Nafisa Sekolah ku kang megah Dadi tujuan ku golek ilmu Remen rasane atiku Ningali sekolahan ingkang resik lan endah Sekolah panggonku sinau Panggon ku ngerungokne piwulange guruku Anggonku golek ilmu seng migunani kanggo bangsa lan negara Sekolah panggonku ketemu konco konco Sekolahan ku Bakal tak jogo pangonan niki Kanti lakon kang sae lan setiti Sabendino di resiki Kersane tetep indah bagus lan asri


Aku Ora Kelingan Irsya Putri Nur Aini Aku ora kelingan Nanging aku ngreti Ing guwa garba uripku di wiwiti Ngringel di gembol lan ditresnani Aku ora kelingan Nanging aku ngreti Aku digendong lan digendhong Di kudang lan di gadhang Gelis gedhe dadi becik lan misaeni Senajan ora kelingan Nanging aku ngreti Sih kuwi tansah padeh menehi kabeh dicukupi


Sekolah Kang Endah Meinisa Ika Nur Naila Sekolah ingkang endah Papan kang kebak ilmu Tansah mbekta kasalarasan Ndamel dinten-dinten kita kebak warni ilmu kabuka wiyar lan lebet Para dwija kang kebak welas asih Piyambakipun sedaya inggih punika pilar inspirasi lebet jejak perjalanan Mucalaken kita nilai-nilai ingkang mboten ternilai reginipun Wonten pabukon, donya kawruh kebikak wiyar Buku-buku dados jendela tumuju supena ingkang mboten kewates Kita manggihaken criyos-criyos ingkang nginspirasi Ngiseni pamanah panggalih kalih kaliyan pangertosan


Sekolahku Adiwiyataku Desi Nur Azizah Sekolahku Pawiyatan kang edipeni Bangunan indah lan megah Wit wit kang ijo Sumilire hawa kang nentremake ati Lan fikiranku Kekancan susah lan seneng Sekolahku Papan panggonku golek ilmu Wiwit isuk tekan awan Ngangsu kaweruh golek ilmu Damel ngerungokaken piwulangan bapak ibu guru kang tansah digugu Lan di turut Kelasku Lan sekolahku kang asri tenteram naliko Sinau Damel ngerancang masa depan sing padang


Papan Piwulangan Khenny Agies Ayunda Sari Sekolahan ku Panggonanku golek ilmu Aku ana ing njero ruanganmu Lan ngrungokake piwulange bapak ibu guru apa sing di gugu lan ditiru Ing panggonan iki Aku diajari marang guru Lan di paringi pr kanggo gladhen Kanggo tengah bebrayan karo ibu guru Aku percaya Senajan abot kudu dilakoni Kabeh mau kanggo bangsa lan negara Supaya negara iso maju lan makmur lan nduweni semangat kang tinggi


Kagiyatan Ing Sekolahku Mohammad Fahri Nur Rizky Aku sinau ing sekolah Aku diwulang ing sekolah dening guru Piwulangan kang satuhu Lan bisa nggawe kita sinau pelajaran sing migunani kanggo masa depan Ing kana aku dadi kanca apik Ing kana aku bisa maca lan entuk kawruh ing perpustakaan Ing kana aku uga dilatih dadi wong enom sing tanggung jawab Lan ing kana aku entuk pr nalika arep mulih, pr iki uga minangka latihan kanggo kita supaya disiplin. Ing kana, para siswa uga bisa melu kegiatan ekstrakurikuler Ana macem-macem ekstrakurikuler sing diwenehake kanggo kita Salah sijine pramuka Ing kana kita dilatih Kanggo ngganti sikap kita sadurunge Lan kita kudu dadi individu sing wicaksana


Bangku Sekolah Fani Faridatul Puji Rahayu Bangku kayu iki Mbok menawa aku bakal kantun Papan tulis iki Apa sampeyan ngerti? Disimpen akeh kawruh Lapangan iki Ngendi aku ngadeg Karo kanca tanpa lawan Kita nginep ing kene Ing sekolah iki Sekolahku sing tak tresnani Ngendi aku sinau Papan kanggo aku ngguyu Papan kula kepanggih kaliyan para guru Ngendi kita ngobrol bebarengan Golek ilmu neng kene Ing sekolah kita Kita kudu njaga sekolah


Njaga Karesikan Sekolah Siti Munawaroh Ayu Amelia Esuk sing ayu Srengenge padhang Pesona lingkungan sing megah Pemandangan sawah ing sawah Lingkungan sekolahku resik Rasa nyaman ing pikiranku Atiku tansah bungah Ndeleng kaendahan sekolahku Aku nyaman sinau Karesikan tansah dijaga Siswa mbantu Gotong royong, bapak ibu guru Jaga kebersihan lingkungan Aja mbuwang sampah Supaya ora nyebabake kuman Lan kita golek ilmu kanthi kepenak


Endahing Pawiyatanku Nabila Naswa Azzahra Cahyane bagaskara tansah madhangi Hawa esuk agawe nyaman nyantosani Sumilir sindhung kang dadi saksi Panggonanmu kang kebak edi peni Dhuh pawiyatanku Lingkungan mu kang endhah lan asri Duweni julukan pawiyatan taman kayangan Kembang kembangmu padha mekar Kang ambune arum wangi katon nyegeri Para siswa padha kerja bakti Nyambut gawe bareng kanthi senengen ati Ngresiki pratiwi kang wus diwarisi Lingkungan pawiyatan kang tetep asri Wit-witan kang katon rindhang Agawe mripat tansah padhang Guru-guru padha maringi ngelmu Supaya muride dadi mumpuni lan sregep sinau


Sekolahku Katon Endah Fitriani Nurul Norhayati Ing dina slasa Aku budhal karo kanca Sekolah ing adoh kana Nanging atiku tansah suka bagya Sekolahku ing pinggire sawah Yen daksawang katon endah Sumilir angin agawe nggugah manah Supaya tetep mesem sumringah Sajrone sekolah ana perpustakaan Kang gawe ayeme kahanan Saben dina aku maca bukune sastrawan Ana geguritan lan parikan


Panggon Piwulangan Nurul Hidayah Sekolahku Papanku nalika pados ilmu Kaliyan bapak ibu guru Kanggo masa depanku Sekolahanku Saben dina aku ing njeromu Nggatekake piwulange guruku Kanthi sregep olehku sinau Bangunanmu kang ayu Kaya omah nomer loroku Papan ketemu kanca-kancaku Kang tansah nyenengne atiku Sumilir ing mripatku Kahananmu kang asri Didhidhik kaliyan bapak ibu guru Supaya dadi bocah sing ngabekti


Click to View FlipBook Version