Sasana Golek Ilmu Adinda Dhea OchtaVyana Sekolahku Anggonku golek ilmu Anggone guruku menehi ilmu Karo kekancan bebarengan Aku maca buku, sinau ing sekolah iki Aku diwulang supaya karo wong watakku kudu bekti Diwulang dening bapak ibu guru Aku percaya Ing sekolah iki Aku kudu sregep sinau Kanggo urip ing tengahing bebrayan Kareben mbesuk dadi wong kang aji Senajan abot Kabeh iku kanggo pribadiku Ana wektu kanggo ketemu Lan ana wektu kanggo pisah
Sarana Nuntut Ilmu Wulan Dari Sekolahku Panggonanku petuk karo kanca lan para guru Ing kene panggonku golek ilmu Sing penting kudu sregep sinau Ben dina Dididik lan diwulang dening ibu lan bapak guru Supaya aku entok ilmu Para guru iku wong tuo ing sekolahanku Diomongi, dinasehati ana ing kene Amarga para siswa bisa maju kedepane Ing sekolah aja saling ngece Sekolahku SMPN 2 Pace
Papan Pendhidhikan Shafira Nurrisqi Putri Wiwit esuk tekan awan Ngangsuh kawruh golek ilmu Para guru mulang lan didik para siswa Kanthi sabar sing katon jembar kaya samudra Guruku Polahmu di gugu lan ditiru Pahlawan tanpa pamrih Jasamu sadawaning jaman Sekolahanku Papan anggonku oleh ilmu Kudu manut karo bapak lan ibu guru Gawe masa depan karo oleh ilmu seng berkah
Sekolahku Kang Elok Sisca Deva Y. Sekolahku Panggonan anggonku golek ilmu Sekolahku Diwulang dening bapak ibu guru Sekolahku Anggonku entuk akeh ilmu Anggone guruku paring ilmu Karo kekancan bebarengan Sekolahku yaiku sekolah adiwiyata Tansah njaga karesikan lingkungan Ngguwak sampah ing panggonane Mujudake lingkungan kang resik lan elok
Ngangsu Kawruh Gloria Fransisca Sekolah Kang endah Sekolah Maringi ilmu kang berkah Muga saged Maringi ilmu kang mupangati Ingkang saged Paringi masa depan kang cerah Sekolah adhem Marai ati kang seneng lan ayem Sekolah asri Marai semangat budhal sekolah dina iki
Sekolahku Resik lan Asri M. Yulian Eka Pranata Sekolahku iku adiwiyata Lingkungan kang adhem lan resik Amerga saben dina ana kagiyatan budaya resik Kang agawe aku semangat kanggo sinau Murid-murid kang mboten nakal Agawe sinauku tansah tenang lan penak Guru sing sabar ngadhepi muride Petugas karesikan kang sregep ngresiki Wit-witan kang ijo royo-royo Ndadekake sekolahku kang asri lan adhem Kang agawe atiku ayem Amarga kaendahan sekolahku
Sekolahku Kang Adhem M. Bahrul Ulum Sekolahanku Anggonku gawe golek ilmu Sekolahku Diwulang dening bapak ibu guru Wit-witan kang ijo Nggawe sekolahanku asri lan adhem Bapak ibu guru kang sabar ngadhepi polahku Marakake semangat ing sekolahanku Panggonan sing gawe aku kenal karo kancaku Kanca-kanca sing apik marang aku Kang agawe nyaman anggonku ing ngriku Uga nyaman anggonku golek ilmu
Golek Ilmu Dyah Ayu P. Sekolah Anggonku entuk akeh ilmu Anggone guruku menehi ilmu Karo kekancan bebarengan Sekolah Tanpa kowe aku ora entuk ilmu Tanpa kowe Aku ora nduwe kekancan Mung kowe kang tak senengi Sekolah Ana wektu nalika bebarengan Ana maneh wektu pas dhewe pisah Tetep kowe daksimpen sajrone memoriku
Sinau Ing Sekolahku Aprilia Wahyuning Agustin Anggonku entuk akeh ilmu Anggone guruku menehi ilmu Tanpa kowe aku ora entuk ilmu Panggonan nomer loro sawise omahku Seneng atiku Bisa sekolah ing SMP Negeriku Diwulang karo bapak ibu guru Sinau nulis lan maca buku Aku diwulang supaya sopan Lan dadi bocah kang sregep Kabeh mau kanggo kapentingan awakku Supaya dadi bocah kang pinter
Katon Ijo Taman Sekolahku Faridha Putri Syahriyana Sekolahku Katon endah lan resik Tamane wis rapi uga bersih Maneka kembang warna-warni Sekolahku Ing tamanmu tanduran katon ijo royo-royo Agawe adem ing ati iki Kewan-kewan akeh sing ngubengi Sekolahku Hawa kang sejuk Piranti kang pepek Gawe aku seneng sekolah ing kene
Sinau Kawruh Olivea Olsen Diyah Rengganis Sekolahku, sekolah kang bagus Sekolah kang ana ing pinggir dalan Salah siji sekolah sing apik ing kutha iki Muride sregep tur budi pekertine apik Ing sekolah iki Pasinaon ora mung sewates pembelajaran Sanyatane luwih saka bab kasebut Unggah-ungguh kang diwulangake tumrap siswa Pranatan ana kanggo dilaksanakake Guru lan murid padha mbiyantu Tetulungan jaga sekolah iki Supaya bisa luwih apik
Pawiyatanku Naifa Durrotul Hikmah Sekolahku Panggon golek ilmu Ilmu kang migunani tumrap bangsa & negara Ilmu kang diwulangake para guru Sekolahku Sekolah kang asik Sekolah kang gawe muride seneng Sekolah sing dadi panggon ketemu kancakanca Sekolahku Ing bangunan iki Aku digulawentah bapak ibu guru Supaya bisa dadi siswa kang becik
Wit-Witan Sekolahku Zaskiyah Ayukahana Rahmadani Aku sekolah ana ing SMPN 2 Pace Nduweni lingkungan kang asri hawane Ana wit-witan sing nyejukake Lingkungan resik lan nyenengne Angine kang sumilir Srengenge kang wis madhangi kelasku Kembang-kembang kang lestari Nambahi sumringahe ati SMPN 2 Pace anggonku golek ilmu Ketemu lan guyon bebarengan sekancaku Panggonan sing nyaman agawe aku seneng sinau Ora bakal lali aku marang asalku golek ilmu
Sekolahku Adiwiyata Ridtama Agustina Sekolah Panggonane golek ilmu Sekolah Tujuwan masa depanku Sekolah Panggonane nuntut ilmu Sing mupangat gawe awakku Lan kanca-kancaku Sekolahku sekolah adiwiyata Amarga bisa njaga karesikan Akeh wit-witan kang ijo royo-royo Lan kepenak disawang
Sekolah Panggon Ilmu Dafa Riski Pratama Sumilire angin isuk kang sejuk Ambane langit biru kang suminar Dadi saksi aku lan kancaku nempuh ilmu bebarengan Gerbang sekolah kang paring harapan anyar Ing njero ruang kang sugih ilmu Kumlawung ing angen-angenku Wektu kang terus mlaku Dadi saksi susahku nempuh ilmu Susah seneng tak tempuh ilmu kuwi Demi masa depan kang durung pasti Kesel sajrone awak Pratandha ilmu kuwi mukti Lonceng sing muni Durung bisa mungkasi perjuangan iki Susah seneng bakal daklakoni Kanggo masa depanku iki
Kahanan Golek Ilmu M. Ramadhan Zaiden Stello Adem tentrem ayem lan seneng Angin sumilir wit-witan kang endah Banyu kang mili ambune wangi Beluk mabul jebule saka petugas karesikan Esuk lan awan panase ora kebayang Yen durung bel muni sepine kaya wengi Kahanan sumpek ambune kringet Yen guru fisika lara siswa bungahe ra kira-kira Ing njaba njero hawa kang sumuk Rasane tansah kepengin mantuk Panase srengenge Nalika jam rolas siswa sangune padha telas lan tansah melas
Lapangan Sekolahku Laila Dhuroytun Nur Khasanah Sekolahku Aku seneng sekolah ing kene Amarga nduweni lapangan Kang jembar lan luas Ing lapangan sekolahku Ana akeh wit-witan Uga akeh kembang Agawe sekolahku adem lan kepenak disawang Lapangan sekolahku kang asri Nambahi bungah ing ati Aku bangga dadi salah siji Murid ing sekolahan iki
Sekolah Kang Sugih Ilmu Faizal Nur Rohman Ing panggonan kang sugih ilmu Kabuka gerbang kanggo ngujudake impian Hawa esuk kang sejuk Daklewati gerbang iku Ing panggon iki Awal anyar kanggo ngawujudake impianku Dakleboni ruangan kang kebak ilmu Dakasah siji-siji ilmuku Susah seneng daklakoni karo geguyonan Ananging ora tau daksepelekake Sepaya masa depanku Gemerlip kaya lintang-lintang ing langit Perjuangan iki dadi buktiku Gemerlape masa depanku Ngabekti marang wong tuaku Supaya masa depanku berkah
Endahe Sekolahanku Nadhira Indhar Mawarni Sumilire angin esuk Angin kang adhem Aku budhal sekolah Nyawang kancaku numpak sepedah Angin esuk adheme nganti tembus tekan ati Atiku bungah saben tekan sekolahan Nyawang sekolahanku kang gedhe lan endah Masjid kang gedhe panggon ngibadah Taman kang apik Tanduran kasusun rapi Gemericike banyu tandon Nambahi suasana asri esuk iku Uga kahanan kang nyengsemake Aku seneng bisa sekolah menyang kene
Panggonan Sinauku Pramitha Eva Elfira SMPN 2 Pace yaiku sekolahku Lingkungan kang resik lan ramah Sekolahan iki wis dadi sekolah impianku Tujuwanku sekolah ing kene yaiku golek ilmu Aku nduweni kanca kang akeh Guru-guru kang ramah lan becik Aku nduweni kelas kang resik Lan kanca-kanca kang apik Ing sekolahku akeh karya-karya sing unik Sekolah kang dadi pengalamanku sing endah Aku nyinaoni ilmu akeh ing sekolahanku iki Muga-muga kabeh ilmuku bisa migunani
Kelasku Herlin Faradila Stifiana Kelasku Aku seneng manggon ing kelas iki Amarga kelasku endah lan rapi Uga kancaku padha bareng ngancani Ing kelas kene Akeh banget kenangane Masiya kadhangkala tukaran Ananging tansah bebarengan Kelasku resik lan nyaman Amarga tansah diresiki Nalika ngresiki kelas iki Bareng kanca tansa bungah ati
Perpustakaan Cantika Fransiska Magdalena Perpustakaanku Perpustakaan kang edi peni Amarga perpustakaanku agawe nyaman Uga nduweni akeh ilmu ing njerone Ing njero perpustakaan Ana maneka werna buku Uga akeh ilmu Agawe para siswa sregep sinau Perpustakaan kang endah Nambah akeh ilmu lan pengalaman Aku bangga duweni perpustakaan iki Muga bisa dadi panggonan kang edi peni
Pawiyatanku Desi Nur Azizah Pawiyatan kang edipeni Lingkungan kang wilis lan asri Hawa kang sumilir Kelasku kang lestari Atiku tansah bungah Bareng kanca budal sekolah Mubeng mubeng numpak sepeda Berbarengan seneng lan susah Ing kene panggonku golek ilmu Maca nulis lan sinau Di wulang karo bapak ibu guru Supaya dadi siswa kang satahu
Perpustakaanku Melisabel Olivia Sekolahku Aku senang sekolah ing kene Yen perpus ing sekolahanku apik Perpustakaan ku endah lan resik Nyang perpus buku kang susun rapi lan becik Yen enek macem-macem buku Enek buku cerpen, novel, lan buku liyane Yen bisa moco cerita kang unik Bocah bocah bisa mencoba buku Kang golek tambahan ilmu Lan ojo lali njaga kebersihan Kang matuhi peraturan
Sekolahanku Ngadhemake Ati Zahra Nur Afifah Aku sekolah ing SMP Negeri 2 Pace Aku bangga dadi murid ing sekolah iki Diwangkara kang sumunar ono ing bumi Sekolah kang indah lan nyenengne ati Hawane kang asri Lingkungan kang indah lan lestari Angin sumilir nyejukne ati Nambahi semangat ku anggone golek ilmu ing sekolah iki Demi masa depan ku iki Marang guru aku ngabekti Supaya bisa mingunani Tumprap agamo lan negri
Guruku Arya Bima Firmanda Aku sekolah supaya aku bisa mbanggakne wong tuwaku Ing sekolahan Aku bisa oleh ilmu Masiya ilmu ra mesti teka sekolahan Guru yaiku wong tuwa sing ana ing sekolahan guru iku tegese digugu lan ditiru guruku menehi ilmu sing jumlahe ra keitung Guruku tetep dadi panutanku Masiya siswane nakal lan ra kenek diatur guruku kathi sabar mulang Supaya dadi bocah apik Apik akhlake lan budi pekertine
Mangsa Udan Ing Sekolahan Alvia Binti Nurrahmasari Udan deres nelesi lingkungan sekolah Para siswa padha mlayu ngubengi koridor Lan kegiatan pasinaon dipungkasi Kanggo siswa, iki minangka sing kudu ditunggu Apik banget yen udan ora mandheg Supaya para siswa bisa seneng bebarengan Saben keprungu lumakune murid sing liwat Aku tansah nglirik jendela kelasku Aku tansah ngimpi mlayu kaya bocah mau Nanging apa sing bisa daklakoni Kekuranganku ndadekake aku ora bisa kaya siswa liyane Aku mung ngarep-arep yen ing sawijining dina aku bisa ngrasakake apa sing dirasakake kabeh
Perpustakaan Sekolahku Dini Ayu Lestari Sekolahku Sekolah kang endah banget Nduweni halaman kang resik lan jembar Kang nduweni akeh wit-witan lan kembang Sekolahku uga nduweni perpustakaan Ing kana akeh maneka werna buku Perpustakaanku ditata kanthi rapi Akeh buku crita lan materi Aku seneng dadi bageyan saka sekolahku iki Amarga sekolahku kang endah Uga para guru kang ramah Tansah agawe ati bungah
TENTANG PENULIS Dipuntepangaken nami kula Aulia Dewi Zahra Amarta, saged dipuntimbali Aulia. Lair ing Nganjuk, 14 Maret 2009. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 03 RW.08, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-A. Hobi kula olahraga lan nggadhahi cita-cita dados polwan. Dipuntepangaken nami kula Shinta Tri Oktavia, saged dipuntimbali Shinta. Lair ing Nganjuk, 19 Oktober 2008. Samangke kula manggen ing Dusun Bongkal, Desa Kepanjen RT. 01 RW. 09, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-A. Hobi kula maos novel lan nggadhahi cita-cita dados pengusaha sukses. Dipuntepangaken nami kula Muhammad Fikri Octavian, saged dipuntimbali Fikri. Lair ing Nganjuk, 1 Oktober 2008. Samangke kula manggen ing Plosoharjo RT. 03 RW. 08, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-A. Hobi kula main game lan nggadhahi cita-cita dados tiyang ingkang sukses.
Dipuntepangaken nami kula Nabila Naswa Azzahra, saged dipuntimbali Nabila. Lair ing Nganjuk, 30 Agustus 2008. Samangke kula manggen ing Desa Jetis RT. 01 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula mirengaken lagu, maos buku kaliyan nyerat lan nggadhahi cita-cita dados Perawat. Dipuntepangaken nami kula Refina Anggistin, saged dipuntimbali Refina. Lair ing Ponorogo, 23 Februari 2009. Samangke kula manggen ing Desa Plosoharjo RT. 02 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula mirengaken lagu, badminton lan nggadhahi cita-cita dados Dokter. Dipuntepangaken nami kula Santy Nurahma Agustya Rani Putri, saged dipuntimbali Santy. Lair ing Nganjuk, 06 Agustus 2009. Samangke kula manggen ing Dsn. Plosorejo Ds. Kepanjen RT. 02 RW. 12 , Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula mirengaken lagu lan nggadhahi cita-cita dados Dokter.
Dipuntepangaken nami kula Aisya Fatika Sari, saged dipuntimbali Aisya. Lair ing Madiun, 02 Januari 2009. Samangke kula manggen ing Desa Cerme RT. 04 RW. 06, Kecamatan Pace. Kula samen ika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula Olahraga,mirengke lagu lan nggadhahi cita-cita dados Polwan. Dipuntepangaken nami kula Siti Fenika Puji Lestari, saged dipuntimbali Fenika. Lair ing Nganjuk, 04 Februari 2009. Samangke kula manggen ing Desa Jetis RT. 01 RW. 04, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula Masak lan nggadhahi cita-cita dados Dokter. Dipuntepangaken nami kula Neysifa Tri Wulandari, saged dipuntimbali Neysifa . Lair ing Nganjuk, 31 Maret 2009. Samangke kula manggen ing Desa Babadan RT. 01 RW. 07, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi Kulo mirengake lagu , nggambar lan nggadhahi citacita dados arsitektur.
Dipuntepangaken nami kula Eva Auliya Rahma Wati, saged dipuntimbali Eva. Lair ing Nganjuk, 23 agustus 2009. Samangke kula manggen ing Dsn. Kranggan RT.6 RW.02 Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula Mirengaken lagu lan nggadhahi cita-cita dados marshaller. Dipuntepangaken nami kula Arifah Nur Juvianita, saged dipuntimbali Arifah. Lair ing Nganjuk, 23 Juni 2009. Samangke kula manggen ing Desa Nglaban RT. 03 RW. 06, Kecamatan Loceret. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula maos buku novel, mirengaken lagu lan nggadhahi cita-cita dados wanita berkarir. Dipuntepangaken nami kula Andralyna Deanova, saged dipuntimbali Lyna. Lair ing Nganjuk, 22 September 2008. Samangke kula manggen ing Kecubung RT 12 RW 03, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-C. Hobi kula nyanyi lan nggadhahi cita-cita dados hakim.
Dipuntepangaken nami kula Ratu Evrilatu Soliha Cahya Al Banarani, saged dipuntimbali Evril. Lair ing Nganjuk, 22 April 2009. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT 01 RW 04, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-C. Hobi kula nggambar lan nggadhahi cita-cita dados dokter spesialis anak. Dipuntepangaken nami kula Icha Naila Fissa'Adah, saged dipuntimbali Icha. Lair ing Nganjuk, 25 Januari 2009. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 02 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula mirengaken lagu, nyerat lan nggadhahi cita-cita dados arsitek. Dipuntepangaken nami kula Arfian Setya Yusinda, saged dipuntimbali Arfian. Lair ing Nganjuk, 17 Juli 2008 . Samangke kula manggen ing Desa kecubung RT. 11 RW. 03, Kecamatan pace . Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B . Hobi kula nggambar lan nggadhahi cita-cita dados arsitektur lan seniman dhalang.
Dipuntepangaken nami kula Maya Afriska Putri, saged dipuntimbali Maya. Lair ing Nganjuk, 10 Januari 2009. Samangke kula manggen ing Desa Kecubung RT. 21 RW. 06, Kecamatan Pace . Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula mirengake lagu lan nggadhahi cita-cita dados marshaller. Dipuntepangaken nami kula Arifah Nur Juvianita, saged dipuntimbali Arifah. Lair ing Nganjuk, 23 Juni 2009. Samangke kula manggen ing Desa Nglaban RT. 03 RW. 06, Kecamatan Loceret. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula maos buku novel, mirengaken lagu lan nggadhahi cita-cita dados wanita berkarir. Dipuntepangaken nami kula Diajeng Cinta Nur Azahra, saged dipuntimbali Ajeng . Lair ing Nganjuk, 03 Desember 2009. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 01 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula nggambar, mirengaken lagu lan nggadhahi citacita dados Psikolog.
Dipuntepangaken nami kula Melinda Oryza Sativa, saged dipuntimbali Oryza. Lair ing Nganjuk, 28 Februari 2010. Samangke kula manggen ing Desa Jetis RT. 01 RW. 01, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula scroll tiktok lan nggadhahi cita-cita dados psikolog. Dipuntepangaken nami kula M.Naffa'ur Rohman, saged dipuntimbali Faur. Lair ing Nganjuk, 14 April 2009. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 02 RW. 06, Kecamatan PACE. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX. Hobi kula memelihara burung merpati lan nggadhahi citacita dados TNI. Dipuntepangaken nami kula Renno Ilham Revaldo, saged dipuntimbali Renno. Lair ing Nganjuk,21 Mei 2008. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 02 RW. 06, Kecamatan pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-A. Hobi kula voli lan nggadhahi cita-cita dados TNI.
Dipuntepangaken nami kula Juliani Wati, saged dipuntimbali Ani. Lair ing Nganjuk, 04 Juli 2008. Samangke kula manggen ing Dsn.klempun RT. 004 RW. 002, DS. Sonobekel ,Kecamatan Tanjunganom. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula masak lan nggadhahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Risma Febriana, saged dipuntimbali Risma. Lair ing Nganjuk, 02 Februari 2010. Samangke kula manggen ing Desa Kecubung RT. 12 RW. 03, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula maca alternate universe/au, menggambar lan nggadhahi citacita dados Dadi wong sukses. Dipuntepangaken nami kula Gravandy Oktana Yudistira saget dipuntimbali Okta. Lair ing nganjuk, 7 oktober 2008 samangke kula manggen ing Desa Kecubung RT 24 RW 06 Kecamatan Pace kula samenika siswa ing SMP Negri 2 Pace kelas IX-C hobi kula voli lan nggadhahi cita-cita dados tiyang sukses.
Dipuntepangaken nami kula Binti Ulil Azizah, saged dipuntimbali Azizah. Lair ing Nganjuk,14 Mei 2010. Samangke kula manggen ing Desa Nglaban RT. 03 RW. 01 Kec. Loceret Kab.Nganjuk. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula mirengaken musik lan nggadhahi cita-cita dados arsitektur. Dipuntepangaken nami kula Dinda Ferdiana Yolanda Restiani, saged dipuntimbali Yola. Lair ing Nganjuk, 13 Maret 2009. samangke kula manggen ing Desa Jetis RT. 1 RW. 3, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula sinau, mirengaken lagu lan nggadhahi cita-cita dados pramugari. Dipuntepangaken nami kula Puput Aulia saged dipuntimbali Puput. Lair ing Nganjuk, 26 oktober 2009. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 02 RW. 08 Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-G. Hobi kula maca lan mirengaken lagu lan nggadhahi cita-cita dados bos muda.
Dipuntepangaken nami kula Lintang Almira Windasari, saged dipuntimbali Lintang. Lair ing Nganjuk, 09 Januari 2010. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 03 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas Vlll-E. Hobi kula mirengaken lagu kalih maos buku lan nggadhahi cita-cita dados dokter Dipuntepangaken nami kula Diah Ayu Astining Tyas Tari, saged dipuntimbali Tari. Lair ing Kediri, 29 Desember 2009. Samangke kula manggen ing Desa Nglaban RT. 03 RW. 01 Kec. Loceret Kab.Nganjuk. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-H. Hobi kula nyanyi lan nggadhahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Gravandy Oktana Yudistira saget dipuntimbali Okta. Lair ing nganjuk, 7 oktober 2008 samangke kula manggen ing Desa Kecubung RT 24 RW 06 Kecamatan Pace kula samenika siswa ing SMP Negri 2 Pace kelas IX-C hobi kula voli lan nggadhahi cita-cita dados tiyang sukses.
Dipuntepangaken nami kulo Bila Salsabila saged dipuntimbali Bila. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 03. RW. 03 Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 pace kelas IX-E. Hobi kula masak lan nggadhahi cita -cita guru. Dipuntepangaken nami kula Norma Vebriana Aliffa, saged dipuntimbali Iffa. Lair ing Nganjuk, 15 November 2008. Samangke kula manggen ing Desa Nglaban RT. 02 RW. 05 Kecamatan Loceret Kab. Nganjuk. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula maos Novel lan nggadahi cita-cita dados Dokter. Dipuntepangaken nami kula Dirly Galuh Pramudya, saged dipuntimbali Dirly. Lair ing Nganjuk, 23 Maret 2009. Samangke Kulo manggen ing Desa nglaban RT. 02 RW. 02, Kecamatan Loceret. Kulo samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-C. Hobi kula majelisan, nabuh rebana lan nggadahi cita-cita dados guru. Dipuntepangaken nami kula Laudia Vera Agustin, saged dipuntimbali Vera. Lair ing Nganjuk, 31 Agustus 2009. Samangke kula manggen ing Desa Plosoharjo RT. 01 RW. 01,
Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula Scroll tiktok lan nggadahi cita-cita dados Kowad. Dipuntepangaken nami kula Siti Zahwanda Santrinafisa, saged dipuntimbali Wanda. Lair ing Nganjuk, 16 April 2008. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 03 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula mirengaken lagu, scroll tiktok lan nggadahi citacita dados guru. Dipuntepangaken nami kula Cherry Aulia Ramadhani, saged dipuntimbali Cherry. Lair ing Ponorogo, 13 September 2008. Samangke kula manggen ing Desa Babadan RT. 02 RW. 04, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula berenang lan nggadahi cita-cita dados pramugari. Dipuntepangaken nami kula Fahmida Shaista Nafisa, saged dipuntimbali Nafisa. Lair ing Nganjuk, 9 Juni 2009. Samangke kula manggen ing Desa Kates RT.1 RW.3, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing
SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula Moco buku lan nggadahi cita-cita dados Pengusaha. Dipuntepangaken nami kula Irsya Putri Nur Aini, saged dipuntimbali Irsya. Lair ing Nganjuk, 16 Desember 2008. Samangke kula manggen ing Desa putuk rejoRT. 03 RW. 06, Kecamatan Loceret. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula maos buku, mirengake lagu lan nggadahi cita-cita dados guru. Dipuntepangaken nami kula Meinisa Ika Nur Naila, saged dipuntimbali Nisa. Lair ing Nganjuk, 6 mei 2008. Samangke kula manggen ing Desa kepanjen RT. 01 RW. 08 Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula rebahan lan nggadahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Desi Nur Azizah, saged dipuntimbali Desi. Lair ing Nganjuk 31 Desember 2008. Samangke kula manggen ing Dusun Jegles, Desa Plosoharjo RT. 01 RW. 01, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-E. Hobi kula memasak lan nggadahi cita-cita dados tiyang sukses.
Dipuntepangaken nami kula Khenny Agies Ayunda Sari, saged dipuntimbali Keni, lair ing Nganjuk 19 Juni 2008 . Semangke Kula manggen ing desa Kepanjen RT.02 RW.08 kecamatan Pace kab Nganjuk, kula samenika siswa SMP Negeri 2 Pace Kelas IX-E. Hobi kula masak lan nggadahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Mohammad Fahri Nur Rizky, saged dipuntimbali Fahri. Lair ing Nganjuk, 12 Agustus 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 02 RW. 14, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula nggambar, mancing lan nggadhahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Fani Faridatul Puji Rahayu saged dipuntimbali Fani. Lair ing Nganjuk, 31 Januari 2009. Samangke kula manggen ing Desa Kecubung RT. 12 RW. 03, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-C. Hobi kula mirengaken lagu, maos buku lan nggadahi citacita dados pengusaha.
Dipuntepangaken nami kula Siti Munawaroh Ayu Amelia, saged dipuntimbali Amel. Lair ing Nganjuk, 12 Januari 2009. Samangke kula manggen ing Desa ploso harjo RT. 04 RW. 06, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-C. Hobi kula makan, kaleh mresani sholawatan lan nggadahi cita-cita dados pramugari pesawat. Dipuntepangaken nami kula Nabila Naswa Azzahra, saged dipuntimbali Nabila. Lair ing Nganjuk, 30 Agustus 2008. Samangke kula manggen ing Desa Jetis RT. 01 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula mirengaken lagu, maos buku kaliyan nyerat lan nggadhahi cita-cita dados Perawat. Dipuntepangaken nami kula Fitriani Nurul Norhayati, saged dipuntimbali Fitri. Lair ing Nganjuk, 17 September 2008. Samangke kula manggen ing Dsn. Kecubung RT. 19 RW. 05 Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula Mirengaken lagu lan nggadahi citacita dados Dokter.
Dipuntepangaken nami kula Nurul Hidayah, saged dipuntimbali Nurul. Lair ing Nganjuk, 22 Maret 2009. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 03 RW. 03, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula mirsani film lan nggadhahi cita-cita dados. Dipuntepangaken nami kula Adinda Dhea OchtaVyana, saged dipuntimbali Ochta. Lair ing Nganjuk, 23 Desember 2010. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 01 RW. 10, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula olahraga lan nggadhahi cita-cita dados polwan. Dipuntepangaken nami kula Wulan Dari, saged dipuntimbali Wulan. Lair ing Nganjuk, 29 Juni 2008. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 02 RW. 05 Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-B. Hobi kula menggambar, maos buku kaliyan nyerat lan nggadhahi cita-cita dados Desain grafis. Dipuntepangaken nami kula Shafira Nurisqi Putri saged dipuntimbali Shafira. Lair ing Nganjuk, 03 November 2009. Samangke kula manggen ing Desa Babadan, Kecamatan Pace.
Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula mirengaken lagu, maos buku kaliyan nyerat lan nggadhahi cita-cita dados seniman. Dipuntepangaken nami kula Sisca Deva Y., saged dipuntimbali Deva. Lair ing Nganjuk, 30 Mei 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 03 RW. 08, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-f. Hobi kula nyanyi lan nggadhahi citacita dados perawat. Dipuntepangaken nami kula Gloria Fransisca, saged dipuntimbali Sisca. Lair ing Nganjuk, 16 Maret 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 03 RW. 08, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula olahraga lan nggadhahi cita-cita dados abdi negara. Dipuntepangaken nami kula M. Yulian Eka Pranata, saged dipuntimbali Iyan. Lair ing Nganjuk, 29 Juli 2009. Samangke kula manggen ing Desa Banaran RT. 01 RW. 05, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula
tholabul ilmi nyerat lan nggadhahi cita-cita dados pengusaha sukses. Dipuntepangaken nami kula M. Bahrul Ulum, saged dipuntimbali Bahrul. Lair ing Mojokerto, 26 Maret 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kecubung, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula basket lan nggadhahi cita-cita dados pengusaha sukses. Dipuntepangaken nami kula Dyah Ayu P., saged dipuntimbali Dyah. Lair ing Kediri, 15 April 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kedungombo RT. 02 RW. 01, Kecamatan Tanjunganom. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula mirengaken nggambar lan nggadhahi cita-cita dados polwan. Dipuntepangaken nami kula Aprilia Wahyuning Agustin, saged dipuntimbali Lia. Lair ing Nganjuk, 6 April 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen RT. 03 RW. 13, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula nari lan nggadhahi cita-cita dados abdi negara.
Dipuntepangaken nami kula Faridha Putri Syahriyana, saged dipuntimbali Faridha. Lair ing Nganjuk, 23 April 2010. Samangke kula manggen ing Desa Banaran, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-F. Hobi kula masak lan nggadhahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Olivea Olsen Diyah Rengganis, saged dipuntimbali Olivea. Lair ing Nganjuk, 13 Oktober 2010. Samangke kula manggen ing Desa, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-F. Hobi kula maos buku lan nggadhahi cita-cita dados polwan. Dipuntepangaken nami kula Naifa Durrotul Hikmah, saged dipuntimbali Naifa. Lair ing Nganjuk, 3 Januari 2010. Samangke kula manggen ing Desa Putukrejo, Kecamatan Loceret. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas VIII-F. Hobi kula masak, maos buku lan nggadhahi cita-cita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Zaskiyah Ayu Rahmadani, saged dipuntimbali Rahma. Lair ing Nganjuk, 14 September 2008. Samangke kula manggen ing Desa Plosoharjo, Kecamatan
Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-G. Hobi kula nyanyi lan nggadhahi cita-cita dados pengusaha sukses. Dipuntepangaken nami kula Ridtama Agustina, saged dipuntimbali Tama. Lair ing Nganjuk, 17 Agustus 2009. Samangke kula manggen ing Desa Plosoharjo RT. 02 RW. 02, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-F. Hobi kula bersepeda lan nggadhahi cita-cita dados pengusaha polwan. Dipuntepangaken nami kula Dafa Riski Pratama, saged dipuntimbali Dafa. Lair ing Nganjuk, 13 Oktober 2009. Samangke kula manggen ing Desa Plosoharjo, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-G. Hobi kula mirengaken musik ugi nggambar lan nggadhahi cita-cita dados arsitek. Dipuntepangaken nami kula M. Ramadhan Zaiden Stello, saged dipuntimbali Stello. Lair ing Nganjuk, 15 September 2008. Samangke kula manggen ing Desa Ganggang Malang. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace
kelas IX-G. Hobi kula olahraga lan nggadhahi cita-cita dados astronot. Dipuntepangaken nami kula Laila Dhuroytun Nur Khasanah, saged dipuntimbali Laila. Lair ing Nganjuk, 16 April 2008. Samangke kula manggen ing Desa Kepanjen, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-G. Hobi kula maca buku lan nggadhahi cita-cita dados perawat. Dipuntepangaken nami kula Faizal Nur Rohman, saged dipuntimbali Faizal. Lair ing Nganjuk, 18 Maret 2008. Samangke kula manggen ing Desa Ganggang Malang. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-G. Hobi kula gamers lan nggadhahi cita-cita dados tiyang ingkang sukses. Dipuntepangaken nami kula Nadhira Indhar Mawarni, saged dipuntimbali Dira. Lair ing Nganjuk, 5 Januari 2008. Samangke kula manggen ing Desa Sonobekel, Kecamatan Tanjunganom. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-D. Hobi kula badminton lan nggadhahi cita-cita dados atlet bulutangkis.
Dipuntepangaken nami kula Pramitha Eva Elfira, saged dipuntimbali Mita. Lair ing Nganjuk, 22 Juli 2008. Samangke kula manggen ing Desa Pacekulon, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-D. Hobi kula maca lan nggadhahi cita-cita dados wirausaha/akuntansi. Dipuntepangaken nami kula Herlin Faradila Stifiana, saged dipuntimbali Herlin. Lair ing Nganjuk, 1 Juli 2008. Samangke kula manggen ing Desa Plosoharjo, Kecamatan Pace. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-D. Hobi kula badminton lan nggadhahi citacita dados dokter. Dipuntepangaken nami kula Cantika Fransiska Magdalena, saged dipuntimbali Cantika. Lair ing Nganjuk, 14 November 2008. Samangke kula manggen ing Desa Putukrejo, Kecamatan Loceret. Kula samenika siswa ing SMP Negeri 2 Pace kelas IX-D. Hobi kula maca buku lan nggadhahi cita-cita dados pengusaha sukses.