Halaman Sampul
YUSUF NUR KHOLIQ
Prih (Atos)
Antologi geguritan, cerkak, parikan, lan drama
2021
ii
Atur Pambuka
Kula nuwun
Buku antologi geguritan, cerkak, parikan, lan drama asesirah
prih (atos) kula sowanaken katur para pamaos mliginipun Ibu Rahma
Ari Widhiastuti, M. A. Buku punika kababar laku prihatos ing
mangsa pageblug. Banget prihatosipun kahanan ingkang nglangkungi
setunggal warsa menika dereng sirna. Kathah kahanan ingkang
dipunrumaosi panyerat. Sungkawa, susah, bungah, lan bingung
dipunraos sedaya. Sedaya kahana kala wau kaserat kanthi prasaja
wonten antologi menika.
Sinaosa prasaja mugi tansah katampi kanthi bungah lan
mardikaning panggalih. Mugi migunani, sokur saged murakabi.
Ngaturaken agunging panuwun dhateng pra kanca rombel
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa C warsa 2019 kaliyan Bu
Dhosen Rahma Ari Widhiastuti ingkang tansah paring
panyengkuyung. Mugi seratan menika saged dados sarana kangge
nglestatntunaken basa lan sastra Jawa
Nuwun
Kebumen, Juli 2021
panyerat
iii
DAFTAR ISI
Halaman Sampul ......................................................................................ii
Atur Pambuka..........................................................................................iii
Geguritan .................................................................................................. 2
Nyidrani.................................................................................................... 3
Mblenjani.................................................................................................. 5
Sesidheman............................................................................................... 7
Wisa Tresna .............................................................................................. 9
Ngelah-Ngelih ........................................................................................ 11
Deleh-Deleh............................................................................................ 14
Rahwana Lurah....................................................................................... 16
Tresna Sudra........................................................................................... 18
Pojok Kamar........................................................................................... 21
Tresna Mung Sewates Kertas ................................................................. 23
Aja Lali................................................................................................... 25
Isolasi...................................................................................................... 27
Dalan Gombong Wengi Iki .................................................................... 29
Ngeling-Eling ......................................................................................... 30
Kuwat ..................................................................................................... 32
Ora Nyana............................................................................................... 34
Esuk iki................................................................................................... 36
Parikan.................................................................................................... 38
Parikan Agama (cacah 3)........................................................................ 39
iv
Parikan Nagari (cacah 4) ........................................................................ 40
Parikan korona (cacah 4) ........................................................................ 42
Parikan Katresnan (cacah 4) ................................................................... 43
Parikan Piwulang (cacah 4) .................................................................... 44
Cerkak .................................................................................................... 45
Ora Nggagas ........................................................................................... 46
Apes........................................................................................................ 56
Naskah Drama ........................................................................................ 62
Dadi Besan.............................................................................................. 63
Katrangan Panyerat ................................................................................ 71
Pungkasaning Atur ................................................................................. 72
v
Geguritan
2
Nyidrani
Yusuf Nur Kholiq
Rina sangsaya karasa
Sunare sudama katon endah ing bomantara
Wuyungku tansah ngambara
Marang sliramu wong ayu kang sulistya
Rinten dalu
Atiku tansah kelingan marang sliramu
Wong ayu gegantilaning atiku
Aku isih kelingan marang janji prasetyamu
Apa kowe pancen wis lali
Sumpah prasetyamu ing gisiking jalanidhi
Lintang kartika kang dadi saksi
Jarene sliramu arep ngancani tekaning pati
Wong Ayu pepujanku
Wewayanganmu tansah ngebaki pandulu
Wis rong minggu aku ora nyawang endahing esemu
Neng kene aku tansah ngenteni tekamu
Janjimu wus kadhung tak simpen jroning kalbu
Kepiye anggonku percaya
Nawala iku wis dak tampa
3
Seratane agawe rujiting wardaya
Jebul janjimu mung samudana
Kowe luwih milih priya liya
Ora nyana ora kinira
Raja brana jebul wus gawe kowe wuta
Gombong Kebumen. 31 Maret 2021
(kababar wonten tugas UTS)
4
Mblenjani
Yusuf Nur Kholiq
Kepiye anggonku ngerteni kabeh iki
Unine cangkemu wis rinacik dadi janji
Jarene arep jajah desa milang kori
Tandang gawe karep ben negarane loh jinawi
Jebul saiki kowe mblenjani
Nyatane malah githoke dhewe sing dipikiri
Kepiye anggonku percaya
Kabeh sumpahmu jebul mung samudana
Omahmu jejer riyel tanpa sela
Gubugku ambruk katrajang samirana
Kapan negara iki bakal raharja
Yen panguwasane tansah durjana
Kepiye jane
Nalika jagading donya nandhang dhuhkita kaya mangkene
Dhuwit bansos malah kok eleg dhewe
Lobster segara kok wenehke negara liyane
Apa pancen endhasmu wis ora ana polone
Kepiye anggonku tumindak
5
Cangkem lamismu gandane saya anyegrak
Saben dina rega lombok saya mundhak
Dalan-dalan bolong ora kecandhak
Kawulamu nandhang dhuhkita padha pating glethak
Kepiye karepe
Rakyatmu paceklik kowe sangsaya licik
Rakyatmu mlarat bandhamu saarat-arat
Rakyatmu rekasa uripmu mulya
Apa cangkemu bisa digugu
Apa tumindakmu bisa ditiru
Aku wis ora ngandel karo wangine ababmu
Gombong Kebumen, 31 Maret 2021
(kababar wonten tugas UTS)
6
Sesidheman
Yusuf Nur Kholiq
Kepiye anggone ngerteni kabeh iki
Durung lali kadadeyan jroning sepi
Endahing lathi tumempel ana pipi
Kathok klambi dicopot mbaka siji
Jarene janji arep nresanani tekaning pati
Jebul saiki malah ngapusi
Nyatane malah padha mbeda ati
Kepiye anggone percaya
Janji prasetya jebul mung sawetara
Sing priya pancen wis duwe ati liya
Si wanita jebul mangro pijer wis ora tresna
Kapan anake bakal ketemu rasa mulya
Yen wong tuwa tumindak ora kawistara
Kepiye karepe
Esuk dhele sore tempe
Tindak polatane sangsaya mencla-mencle
Nalika para yoga butuh katresnane
7
Githokmu malah ora ana gematine
Apa pancen endhasmu wis jendhel uteke
Kepiye jane
Awan wengi anakmu padha sambat
Sing keprungu jerat-jerit ora kuwat
Anakmu kuru sangsaya ora kerumat
Gaweyanmu malah ngalor ngidul nganglang jagat
Nerusake sesidheman karep ben enggal bisa megat
Kepiye anggone ngerteni kahanan
Tumindakmu edan wis nerak tatanan
Nuruti nepsu setan anggerus kapitayan
Anakmu wirang morat-marit ora karuwan
Enggala mapan pungkasi sesidheman
Nyuntakake katresnan gandhengan tangan
Ngupadi sandhang pangan kinarya nggayuh kamulyan
Gombong Kebumen. 1 April 2020
(kababar wonten tugas UTS)
8
Wisa Tresna
Yusuf Nur Kholiq
Lali-linali tan bisa lali
Nagara Walanda kang dadi saksi
Tresnane kembang tulip kagubed gandane melathi
Nadyan nyalawadi nanging wis kasimpen ing teleng ati
Wisa tresna wis kadhung rumesep jroning nala
Sapa sing kena bakale kelangan daya
Dijorna malah agawe cilaka
Diusada malah sangsaya gawe kelara-lara
Mandhega, lerema, aja diterusna anggone anduga
Kusuma bangsa ya mung janma manungsa
Dudu malaekat kang tanpa dosa
Lakune ora mung agawe tentreming negara
Nanging uga wenang nyuntakake wisa tresna
Gombong Kebumen, 8 April 2021
(kababar wonten tugas UTS)
9
10
Ngelah-Ngelih
Yusuf Nur Kholiq
Glurah- gluruh ngelah ngelih
Butuh upa butuh warih
Dudu kok apa-apa kang sarwa gurih
Diematke sangsaya lirih
Keprungu ing kuping agawe rasa ajrih
Saiki wis taun pira
Wis kaping pira negara iki mardika
Tak kira wis lawas lan ora mung sawetara
Negara liya wis tekan antariksa
Negara iki malah katungkul uprek gawe prahara
Swara ngelah-ngelih dianggap ora guna
Sing diarep-arep malah ora bisa rumangsa
Aja kok arep jerat-jerit sambat
Arep ngranggeh upa wae ora kuwat
11
Telak garing prasasat segara asat
Agawe wong-wong pating glethak ngebaki jagat
Swara ngelah-ngelih agawe nggegirisi
Prasasat gagak ireng kang mengese katon ing wiyati
Landhepe tan beda karo peso kang tumancep ing weteng iki
Sangsaya dina bisa dirasa kaya-kaya jagat iki bakal dipungkasi
Gusti Kang Maha Wasesa
Leremana rubeda
Leremana sambikala
Dhatengana pangupa boga
Netra iki ugi netra jengandika
Nala iki ugi nala jengandika
Lan padharan iki ugi padharan jengandika
Padharan kang sampun kebak wisa
Gusti Kang Maha Kuwasa
Nyenyuwun kula dhateng jengandika
Icalana peksi gagak saking bomantara
12
Kula kepengin sumerep endahing swarga
Gombong, 12 April 2021
(kababar wonten tugas UTS)
13
Deleh-Deleh
Yusuf Nur Kholiq
Deleh-deleh
Jamane sangsaya edan
Manungsa morat-marit nerak tatanan
Nuruti nepsu setan anggerus iman
Ujar lelamisan sing penting bisa keduman
Deleh – deleh
Awan wengi ethok-ethok sambat
Sing keprungu jerat-jerit ora kuwat
Ngalor ngidul ngakune wong kesrakat
Nyatane bandhane saarat-arat
Sawah kebon nganti ora kerumat
Deleh – deleh
Bandhane turah karepe oleh jatah
Gaweyane mencak-mencak maido marang pak lurah
Ngakune saben dina mung madhang karo jlantah
14
Ora rumangsa ewuh ngakune malah butuh
Karepe dhuwite wutuh mejane kebak lawuh
Gombong Kebumen. 3 April 2021
(kababar wonten tugas UTS)
15
Rahwana Lurah
Yusuf Nur Kholiq
Ya bandhaku ya donyaku
Sapecak bumi sakilan lemah kabeh dadi duweku
Jit, anakku Megananda
Sun kekudhang bisa njembarake jajahan
Sun kekudhang bisa ngemban canelaku ya Jit
Donyane wong kapetengan
Katutup lebu nerak tatanan
Tumindak durjana golek kalungguhan
Ngalor ngidul golek pangaleman
Ngetan ngulon ujar lelamisan
Jit, anakku Megananda
Sun kekudhang bisa njembarake jajahan
Sun kekudhang bisa ngemban canelaku ya Jit
Awan wengi ora ngerti wayah
Jerat-jerit marani omah-omah jaluk idi palilah
16
Ora lali amplop isi dhuwit diddum sarana jatah
Ngakune bandha donya wis turah-turah
Ora obah isih bisa mamah
Wongkesrakat dijanjeni dikon garap sawah
Bapak polah anak kepradhah
Wisa angkara wus rumesep jroning nala
Bebayane nganti agawe Si Mega mupus namur Indra
Kurban ludira rumangsane ora siya-siya
Prelune githoke madeg dadi pangarsa desa
Kebumen, 17 Juni 2021
(kababar wonten tugas alih wahana 1)
17
Tresna Sudra
Yusuf Nur Kholiq
Mulane tanpa wiwitan
Tanpa pawitan
Upamakna kesandhunging rata kabentusing tawang
Nembe unjal napas wae
Rasaku lan rasamu kaya dene ri bebondhotan
Kang rine kinemulan mega peteng
Sulur anglur pedhute warata tan kinilan lemah kang bisa nuwuhake
wiji
Nanging iki ora bisa
Upamakna keplok
Tanganku wus ora kuwawa
Tan bisa kumlawe
Tan bisa aweh pralampita
Dak lilake sliramu disandhing wong liya
Wong lang sugih picis raja brana
Tan kaya aku kang among sudra
18
Tresna tulus bisane mung disiya-siya
Tresna iki kapeksa dak pedhot
Sliramu wenang mulya karo priya liya
Cukup semene wae lelakone
Enggal turutana kersane wong tuwamu
Katresnan pancen kudu wani kurban
Dhuh memanising jiwaku
Pepesthen iki wis dak tampa
Rampungen crita wirang iki
Aja nganti aku lan sliramu sangsaya keli
Keplok mung kari sesisih
Ateges tan bisa muni
Sawangen kae, kedhung sore wus kinemulan pedhut
Mung kari nunggu tangan sisihe mulih marang mulanira
Aku kang sliramu wiwitane dudu sapa-sapa
Aku lan sliramu kang saikine
Tanpa kangsen
19
Tanpa kanthen
Tanpa impen
Kebumen, 26 Juni 2021 (kababar wonten tugas alih wahana 2)
20
Pojok Kamar
Yusuf Nur Kholiq
Pojok kamar
Lampune katon sumunar
Kancani wengiku iki
Wengi sepi kang isine among lali
Banyu udan tansah mili
Kelep gludhug sangsaya nggegirisi
Tangan iki
Tan bisa mandheg
Nulis tembung mbaka tembung
Kapan rasane ati iki
Bisa sinau
Bisa gumuyu
Bisa lumaku
Kaya dhek biyen
Biyen jaman mardika
21
Ora kaya saiki jaman dikunjara
Ngalor-ngidul kudu nganggo masker
Agawe ora bisa minger
Utekku sangsaya judheg
Elinga
Dina sesuk pakaryan iki kudu ndang dikumpulke
Bapak Ibu dhosen wis nengga kanthi endahe eseme
Kebumen, 30 Juni 2021
22
Tresna Mung Sewates Kertas
Yusuf Nur Kholiq
Dak esemi potomu
Poto kang kok wenehke nalika iku
Kagambar sulistyane rupamu
Lungguh kanthi jenak
Pasuryanmu
Esemmu
Tansah gawe kedanan atiku
Kathok klambi sarwa ireng kuwi tansah agawe merak ati
Solahmu kang lagi ngombe kuwi
Jane sliramu lagi ngombe apa
Apa iya sliramu nenggak tresnaku
Tresna kang wus dak suntak tanpa aling-aling
Wong ayu
Apa bisa aku nyandhing sliramu
Ora kuwawa aku ngucap rasa iki
23
Uler kambang, ben satitahe anggonku nresnani
Ing kutha gedhe kana
Mugi kowe tansah raharja
Golek sandhang pangupa
Kinarya nggayuh pangangene wong tuwa
Wewayanganmu
Tansah dak simpen
Ing atiku
Ing pamikirku
Dak eling saben wektu
Kebumen, 4 Juli 2021
24
Aja Lali
Yusuf Nur Kholiq
Rinujit ati iki
Yen kelingan sliramu rina wengi
Sinungging gumuyumu
Solah bawamu
Rasa tresna asihmu
Kabeh mau saiki among semu
Gandhane kembang mlathi kae
Ngelingake lelakon aku lan kowe
Aku lank owe kang wus prasetya
Dadi kanca saben dina
Saben kahanan saben wayah
Atut runtut bebarengan
Ngungkuli Mimi lan Mintuna
Lungamu salawase dhek wingi kae
Durung bisa dak tampa nganti seprene
25
Lungamu kang tanpa pamitan
Tanpa pratandha
Tanpa aba-aba
Tansah gawe getun sapadha-padha
Aku kelingan
Susahku ya susahmu
Susahmu ya susahku
Aku lank owe tansah ngudarasa
Sambung rasa nyuntake apa kang dirasa
Gusti luwih tresna kowe
Sugeng tindak kanca sedulurku
Entenana aku ana lawang swarga kana
Nganti kapan wae, rasa tresna asihmu bakal dak eling
Kebumen, 2 Januari 2020
26
Isolasi
Yusuf Nur Kholiq
Aku dhewe neng kene
Kamar cilik ing pojok rumah sakit
Tura-turu ngarep-arep bakal ana sing dulit
Kasunyatane ora ana sing tilik
Panganan sarwa enak tansah cumepak
Ombe the kopi gandhane wus ora nyegrak
Ilat tan bisa kecap
Apa maneh ngrasake panganan sing jere enak-enak
Ambegan krasa pega prasasat udarane ora kecandhak
Aku wedi
Kahanan iki sangsaya nggegirisi
Ati iki durung kumawani
Yen uripku bakal dipungkasi
Aku isih kelingan dhek semana
27
Masker iku tansah dak enggo
Warih tamba tansah dak usap ana asta
Jawat asta ora dak lakoni
Lire kanggo jaga dhiri
Dhuh Gusti
Dak trima kahanan iki
Kahanan kang medeni
Kahanan kang nggegirisi
Muga pageblug enggal dipungkasi
Kebumen, 5 April 2021
28
Dalan Gombong Wengi Iki
Yusuf Nur Kholiq
Dalan Gombong wengi iki
Kahanane katon sepi
Motor mobil kaitung mawa driji
Katon nggegirisi kaya bumi bakal dipungkasi
Sawangen pulisi kae
Tindak tanduke trengginas tanpa welas asihe
Jerat-jerit bakul ora diringoke
Tanpa rembug dagangane enggal dikukud
Tangise pra bakul kae babar blas ora digape
Endi sing jenenge rasa adil
Wong cilik ora digagas panyakrabawane
Pageblug iki kalah nggegirisi
Karo tangise para bakul kang keprungu saben wengi
Gombong, nalika PPKM Darurat
29
Ngeling-Eling
Yusuf Nur Kholiq
Sepi mamring wengi iki
Angiris telenging ati
Pamikirku kumelem agawe sangsaya lali
Ngeling-eling kabeh kang wus dumadi
Lelamunanku tansah kebak pitakon
Gedhene darmaku ana uripmu kuwi
Apa kok anggep blas ora pangaji
Asung tetulung
Asung welas asih
Asung piwulang
Apa kok lalekna kaya angina midhit ing segara
Nerjang godhong kagawa tanpa aba-aba
Elinga
Rasa mulyamu saiki
Ora liya merga panuntunku
30
Geneya kowe nganti lali
Apa merga kowe wus nemu kang luwih saka aku
Sawangen kae
Langit wengi melu nyuntake sungkawaning ati
Rembulan dumadakan pamit
Krasa lingsem nyawang tumindakmu
Swara kodhok ngorek kaya-kaya aweh panglipur
Angina wengi prasasat aweh pratandha
Lire supaya aku enggal turu lan nglalekna
Urip tansah lumaku
Dak coba nglaleke sliramu
Dak larung pangelingku ngenani sliramu
Muga kowe tansah mulya
Manggih raharja
Kebumen, 10 Juli 2021
31
Kuwat
Yusuf Nur Kholiq
Ngang-ngung swara lemut
Agawe ati sangsaya nglangut
Isine sirah tansah semrawut
Nelangsa batin iki tan bisa dak kukud
Langit wengi wus katon ireng
Lintang rembulan wus ora sudi ngringoke critaku iki
Sajake ngiwi-iwi
Lire supaya aku bisa ngempet ana ing ati
Prekara dina wingi kae durung dak rampungi
Prekara dina iki wis jaluk diurusi
Prekara kang teka datan ana madhege
Agawe angel turu
Agawe sangsaya kuru
Sangsaya suwe aku kebak lelamun
32
Pamikirku ngelingi ngendikane pra mursid kae
Gusti Allah boten nate sare
Anggone paring pacoban marang titahe wis ana takerene
Tan bakal ngungkuli wates kabisane
Kebumen, 23 Mei 2021
33
Ora Nyana
Yusuf Nur Kholiq
Tanpa sengaja
Tanpa niyatan
Tanpa ketemu ing dalan
Aku lan kowe bisa kekancan
Aku wong kang sarwa kurang
Kurang tata krama
Kurang bandha donya
Kok tulung tanpa ngarep apa-apa
Elinga jaman semana
Kowe isih tidha-tidha nyuntake panggajele ati
Nanging saiki
Kowe crita tanpa aling-aling
Aku tansah ngupaya kanggo bisa ngrewangi
Kabeh mau jalaran saka kulina
34
Sangsaya dina
Kulina iki dak rasa wis sirna
Aku lan kowe mlaku dhewe-dhewe
Apa merga aku owah
Kabeh mau amung merga wekti
Kebumen, 9 Juli 2021
35
Esuk iki
Yusuf nur kholiq
Datan karasa
Gumantine dina
Kuwajiban wus neng ngarep mata
Sinau ngupaya
Kanggo mulyaning nagara
Aku si siswa
Gumregete datan tidha-tidha
Mancal pit saben dina
Ora dadi pambengan apa-apa
Panas udan
Udan panas
Kabeh wus dadi kanca
Sawangen bangku pojok ana kelas kae
Meneng tan bisa kumlawe
Lir saksi bisu kang nora bisa ngandhakake
36
Rasa tumemen anggonku nggateke
Pra dwija kang sugih kawruh
Ngasta murid tanpa rasa ewuh
Paring kawruh paring pitudhuh
Kabeh disuntak karep ben muride kukuh
Rasa iki ora dak nyana
Tumeka tanpa aba-aba
Disirnake mesthine datan bisa
Arepa kaya apa kudu ditampa
Kebumen, 5 Maret 2019
37
Parikan
38
Parikan Agama (cacah 3)
Yusuf Nur Kholiq
Ngombe degan karo roti
Roti mari diwenehi gula
Aja lali dhawuhe Gusti
Sholat ngaji cagak agama
Tanah Jawa tanah kang subur
Ditanduri pari digawe bubur
Ayo sedulur padha ngucap sukur
Ati tentrem negara makmur
Es dhawet gulane Jawa
Ora entek dipangan pitik
Tansaha bekti marang wong tuwa
Marang kanca aja serik
39
Parikan Nagari (cacah 4)
Yusuf Nur Kholiq
Puthu ayu weton Sukaharja
Cekap mirah tan kuciwa
Manggih hayu sri raharja
Nagri wutah kang ludira
Jarik patra ceploke gurdha
Soga klawu wutah ing klasa
Jati nyata labuhe pra mudha
Jati labuh majuning bangsa
Siji salak salake binelah papat
Yen manisa manise semangka
Indonesiya nagari bhineka
Manca warna budaya lan basa
Ireng-ireng watune kali
Banyu kali amisa ambune
40
Nagari Indonesia loh jinawi
Grapyak sumanak masarakate
41
Parikan korona (cacah 4)
Yusuf Nur Kholiq
Bakwan digoreng neng dhuwur wajan
Ora lali diwenehi lenga
Ayo kanca padha rembugan
Cara-carane mbrantas korona
Wedang jeruk rasane seger
Apa maneh yen ditambah salak
Sing kapisan nganggo masker
Kapindhone jaga jarak
Tuku endhog cacahe siji
Endhog digoreng ing wayanh wengi
Ayo kanca padha nyawiji
Mbrantas korona kanthi vaksinasi
Gawe bumbu ditambahi uyah
Bumbu diuleg enak rasane
Ayo kanca manut pamarentah
Tulung-tinulung ditengenake
42
Parikan Katresnan (cacah 4)
Yusuf Nur Kholiq
Nguleg sambel karo muthu
Muthu didol wis ora payu
Saben wengi aku ora bisa turu
Kelingan esemu kang sepet madu
Sekar kara kembang mlathi
Rinonce edi sinangsang
Sun pepintha away lali
Yen sira musthikaningwang
Wedang teh gula Jawa
Gula Jawa rasane legi
Wong ayu sun lela-lela
Aja selak marang janji
Jenang gula aja lali
Gelang alit ali-ali
Wong ayu musthikaning ati
Esemu nglam-lami rina wengi
43
Parikan Piwulang (cacah 4)
Yusuf Nur Kholiq
Sawo dhuku binuntel ron tebu
Kalawan jambu dersana
Urip mlaku lelakuning wektu
Iku jaman aranira
Jenang gula glali iku aranira
Diseleh tambur aja sisa
Sira mudha sing sentosa
Jujur lelandhesaning utama
Putih-putih kembang mlathi
Kembang mlathi gandhane wangi
Pendhidhikan bab wigati
Murih nggayuh tentreming nagari
Keris pamor wrangka gayaman
Mendhak kuning selute mrutu
Andhap asor ngudi kautaman
Atine wening tan grusa-grusu
44
Cerkak
45
Ora Nggagas
Yusuf Nur Kholiq
“ Dhuh Gusti Kang Maha mirah, mugi panjenengan tansah paring
kekiyatan lair tumusing batos dhateng kula. Bingah sanget manah
kula saged wangsul malih dhateng dhusun kula sanajan sampun
boten saged pinanggih malih kaliyan tiyang sepuh kula. Dhuh Gusti,
muga panjenengan tansah paring pepadhang dhateng tiyang sepuh
kula lan paring pangayoman dhateng kula. ”
Keprungu swarane jaka kang lagi dedonga kanthi eluh
nyarocos mbanyu mili nelesi rai prasasat tanggul jebol kang agawe
banjir tanpa aba-aba. Pandom jam genep mandheg ing angka lima.
Adhem kekes mangsa ketiga sangsaya ngresep balung sumsum.
Pardi tansah eling lakuning uripe ing omah kuwi. Wis sesasi iki
dheweke bali menyang omahe ing Kabupaten Kebumen sawise
ngrampungake ngangsu kawruh ing Fakultas Kedokteran UGM.
Pardi pancen jaka kang wis kulina urip prihatin. Dheweke wis
ditinggal bapake seda nalika SMP kelas siji lan saiki kudu dadi bocah
lola amarga ibune nyusul bapake nalika dheweke lulus SMA.
Sanajan mangkono kahanan kang kudu dilakoni, Pardi ora tau mogol.
Dheweke terus ngudi kanthi donga marang Gusti lan sinau saben
awan wengi. Ora liya pangudine ya mung kanggo njangka
gegayuhane yaiku karep ben bisa dadi dhokter kaya prasetyane
46