marang ibune nalika ibune isih sugeng. Dhokter Pardi, gelar kang
wis nyawiji karo jenenge wiwit rong taun wingi. Dheweke bisa
ngangsu kawruh lan lulus saka kuliyahe ora liya mung amarga
pitulungan saka program pamarentah. Kanggo Pardi, bisa ngangsu
kawruh ing salah sijine kampus kang wis kondhang kaloka lan punjul
kuwi kalebu kanugrahan kang ora bisa diukur. Bea kuliyah saben
semestere diwragadi, malah ora mung kuwi, dheweke uga nampa
wragad kanggo urip ing kutha pelajar kuwi saka pamarentah.
Wis sesasi iki, Pardi kapeksa bali menyang desane. Wis patang taun
iki dheweke ora bali. Kajaba sibuk karo gaweyane ing rumah sakit
daerah kagungane Pamarentah ing Kutha Jogja, dheweke uga wis
wegah ngeling-eling lelakone kang gawe tatu atine nganti saiki. Wis
sesasi iki Pardi njupuk cuti kanggo nyiapake berkas kanggo ngangsu
kawruh maneh. Kekarepane ora mung dadi dhokter, nanging uga
kepengin dadi dhosen supaya bisa andum kawruh. Omahe mung
dititipke menyang tanggane, Pak Paino. Pak Paino bisa ngupakara
omah kuwi kanthi temen. Nyatane sanajan mung digawe saka gedheg
lan ngisore isih lemah, omahe isih katon resik tur asri. Sawise
ditinggal seda bapak lan ibune, Pardi pancen kudu urip dhewekan.
Kajaba pancen bocah ontang-anting, ing desa kuwi Pardi pancen ora
duwe sanak kadang. Ana siji ing Sleman, Pak Lik Suwita, adhine
bapake kang kerep niliki Pardi ing kos nalika ngangsu Kawruh ing
Jogja. Kurangan lan bot repot apa bae bisa dicukupi tanpa etang-
etung . Uripe beda banget karo lelakone Bapake Pardi. Pak Lik
47
Suwita dadi pegawe negri kang dinese ing salah sijine sekolah
kagungane pamarentah ing Jogja. Beda karo lelakone swargi Bapake
Pardi sing mung dadi buruh tani. Sanajan mangkono, Pardi tansah
nyokurake kahanan kang wis dadi lelakone.
Sawise dedonga kanthi eluh kang pating crocos, Pardi enggal
ngusap eluhe. Eluh diusap, banjur dheweke enggal resik-resik
omahe. Ora mung wasis, Pardi uga jaka kang sregep nyambut gawe.
Saben sisih lan pojok omahe disapu. Ngelingake jaman rekasa nalika
bapak lan ibune isih sugeng. Saiki kahanane wis beda, sanajan gelar
sarjanane durung suwe, Pardi saiki wis dadi pegawe negri ing rumah
sakit kagungane pamarentah lan malah arep nerusake sinaune karep
ben bisa dadi dhosen. Sanajan tembe sesasi ing omahe, kabar Pardi
bali wis keprungu tekan ngendi ora. Dhokter Pardi, jaka bagus anake
babu karo buruh tani kang wis seda bisa nerusake kuliyah merga
pitulungan saka program pamarentah, mangkono wong-wong padha
aweh jejuluk. Telung dina kepungkur Pardi nampa uleman saka
Minah, kancane ing desa nalika isih cilik. Bungahe atine Pardi bisa
teka ing uleman kuwi lan mesthine bisa sisan ketemu kanca lawase.
Minah kancane cilik arep bebojoan karo wong saka Tegal. Pardi
enggal-enggal adus, nyiapake apa kang bakal dinggo kondangan ing
omahe kancane kuwi. Klambi bathik, kathok dawa warnane ireng
enggal-enggal dinggo. Panganggone mau sangsaya ndadikake Pardi
katon wibawane. Dhasare Pardi jaka kang bagus, pawakane gedhe
dhuwur, pakulitane putih, lan wonge katon prasaja. Pardi enggal-
48
enggal mangkat menyang omahe Minah kang ora adoh saka omahe
dheweke. Sandhal dinggo banjur Pardi mangkat, mlaku ngliwati
dalan-dalan kang dadi saksi nalika Pardi isih ngupadi gegayuhane.
Swara gendhing kebo giro wis keprungu pratandha yen Pardi wis
cedhak karo omahe Minah. Katon wong-wong panganggone sarwa
edi peni nggawa buwuhan kang cinangking ing tangane. “Pardi,
kepiye kabare cah bagus? Wis lawas banget aku ora ketemu kowe”
sanajan wis patang taun suwene ora ketemu, Ibune Minah ora
pangling karo jaka kang winasis, sregep, lan bagus kuwi. “Kula sae,
Bu. Menawi ibu kados pundi? ” Pardi njawab pitakonane Ibune
Minah kanthi esem pait madu ing raine. “Aku sehat, bagas waras cah
bagus. Ayo, melbu ndang dicicipi. Yen ora kleru para glidhigku mau
masak sate kasenenganmu cah bagus, “ Bu Minah ngerti banget kang
dadi kasenengane Pardi. Kajaba wis kekakancan nalika isih cilik, ,
Pardi lan Minah sangsaya raket anggone kekancan nalika sekolah
bareng ing SMA. Kelorone kerep sinau bareng ing omahe Minah,
mula Ibune Minah ngerti banget apa kang dadi kasenengane Pardi.
Pardi banjur melbu, ngucapake bungahe manah bisa melu aweh
donga restu marang kancane.
Katon ana bocah wadon cilik, umure kurang luwih telung
taunan ing pahargyan kuwi. Pakulitane putih, eseme ngelingake
Pardi karo salah sijine kenya ing desa kuwi. “Minten, kepiye kowe
saiki. Apa esemu isih pait madu, apa pawakanmu isih singset, apa
solahmu isih luwes, apa kowe isih kelingan aku? Minten ” atine
49
terus-terusan ngeling-ngelingi lelakon kang wis kadadeyan. Minten,
Kenya desa kang tau dadi pepujaning atine Pardi nalika isih SMA
raine memper banget karo bocah wadon cilik kuwi. Nanging, jenenge
rasa mung bisa dadi rasa, Pardi kudu lila yen Minten dibojoke karo
juragan lanthing tangga desane kuwi. Nalika semana Bapake Minten
ora setuju yen Minten dipacangake karo Pardi. Kanggone Bapake
Minten, Pardi kuwi mung anake buruh tani kang wis seda lan anake
babu kang ora bakal bisa gawe tentreming uripe sapa wae. Mula
Minten banjur dipacangake karo juragan lanthing tangga desane kang
wis kondhang bandha donyane. Abot lelakone, Pardi kudu lila
anggone nrima kahanane. Nanging, kuwi kabeh ora ndadikake Pardi
mogol atine, lelakone ndadikake Pardi greget ngupadi kawruh tekan
Kutha Jogja. Ora dinyana saiki Pardi bisa dadi dhokter rumah sakit
ing Kutha Jogja kana. “Dhik Pardi, piye kabarmu Dhik? ” swara alus
keprungu tekan kupinge Pardi. “Eeee, Mba Sayem, kula sae, Mba, “
Mbakyu Sayem mbakyune Minten jebul uga kondangan ing omahe
Minah. Ora kinira , Mbakyu Sayem banjur ngundang bocah wadon
cilik mau, Aruna Jenenge. “Panjenengan tepang Mba kaliyan lare
menika? ” Pardi takon, rasane pengin ngerti banget sejatine bocah
kuwi sapa, kok raine persis banget karo Minten kang tau dadi
pepujaning atine. “Iki anake Minten, Dhik Pardi, ” Pardi kaget
banget atine. “Minten samenika wonten pundi, Mba? Sami bagas
waras ? ” Pardi ora bisa ngapusi, embuh setan apa kang ngangslup
menyang atine. Dheweke takon tanpa tedheng aling-aling. Pancen
50
ora ana sing kleru nalika mung takon kabar, nanging kanggo
Mbakyune Minten bab kuwi keprungu ora lumrah. Kajaba Pardi
dijaluk kanggo nglalekake Minten dening Bapake Minten nalika
semana, Pardi uga wis dikabarake duwe pacangan nalika kuliyah ing
Kutha Jogja. “Kaya ngene Dhik Pardi, sawise kowe lunga ngangsu
kawruh ing Jogja, Minten enggal dibojoke karo juragan lanthing. Ora
liya, niyate bapake nalika semana karep ben gawe Minten atine
tentrem lan gawe apa-apa sarwa kecukupan. Emane, patang taun
lumaku anggone jejodhoan, bojone Minten malah atine mangro,
nyawang dadi loro. Sapa wanita kang gelem diwayuh? Minten njaluk
pegat menyang bojone. Sesasi sawise Minten pegatan, bapak seda,
Dhik. Bapak ora nyana yen lakone Minten bakal mangkono. Saben
wengi bapak mung ngalamaun, banjur gerah lan ora let suwe banjur
seda, ” Mbakyune Minten nyritakake karo eluh nyarocos. Kaya
mangkono lelakone Minten sawise dipacangake karo juragan
lanthing lan ditinggal ngangsu kawruh ing Kutha Jogja. Pardi ora
nyana yen lelakone Minten bakal mangkono. Wanodya kang
ditresnani nalika SMA kuwi saiki wis dadi randha.
Kacu kuning kang sumimpen ing sak kathoke Pardi enggal
dijupuk kanggo ngusap kringete kang tumetes amarga saking kagete
krungu kabare Minten. Atine sangsaya panas, bingung kudu kepiye.
Dheweke wis nyoba nglaleke Minten, dilalali-lali sing ana malah
sangsaya kelingan. Pardi kelingan, kacu kuwi tandha mata saka
minten. Kacu kuning kang nganti saiki dadi pepeling nalika Minten
51
Karo Pardi isih sumandhing. Mrana-mrene kacu kuwi tansah digawa,
prasasat ora bisa pisah nadyan mung sedhela. Nanging, atine Pardi
sejatine uga nandang cuwa. Nalika Minten wis janji arep ngancani
tekane pati, dheweke malah mblenjani. Ditinggal ngangsu kawruh
ing kutha pelajar, dheweke malah gelem wae dibojoke karo wong
liya. Kabare keprungu nalika Pardi lagi nglakoni taun kelorone ing
bangku kuliyah. Keprungu kabare Minten, Pardi mung bisa dheleg-
dheleg. Dheweke dadi kelingan marang ngendikane ibune nalika isih
sugeng. “Arepa mulya kaya apa uripmu sesuk, kowe aja nganti
bebojoan karo Minten, Le. Atine ibumu wis kadhung kairis karo
ngendikane Bapake Minten. Kulawargane dhewek wis dipidak,
dienyek, lan dionekake sing ora-ora. Sanajan ibumu mung babu kaya
mangkene, nanging ya ibumu esih duwe rasa-pangrasa , Le. Tak
dongake mugi-mugi kowe oleh jodho saka kancamu kuliyah, Le.
Kang bisa nampa kulawargane dhewek apa anane, “ ing pahargyan
kuwi Pardi tansah kelingan welinge ibune nalika isih sugeng. Pancen
swargi Bapake Minten gething banget karo kulawargane Pardi.
Sebabe ora liya mung merga kulawargane Pardi uripe kesrakat.
Ora let suwe dumadakan ana Kenya teka. Pasuryane katon
sulistya, awake singset, eseme pait madu. “Mas Pardi…” keprungu
swara alus ora liya yaiku Minten. Ana ing pahargyan kono Minten
ketemu karo Pardi. Pepujaning ati kang durung bisa dilalekna.
Bungah banget atine Pardi bisa ketemu karo Minten sawise patang
taun ora ketemu. Minten nyritakake lelakone kang ora beda kaya apa
52
kang dicritake Mbakyu Sayem. “Mas Pardi, jane aku isih tresna
banget karo sampeyan. Apa sampeyan isih bisa ngimbangi rasa
tresnaku iki?” sawise nyritakake lelakone, Minten malah nyuntakake
isi atine kang wis kabendung patang taun suwene. Pardi mung
meneng. Isi atine mung lagi perang arebut menang. Arep nampa
katresnane Minten apa nglakoni welinge Ibune. Pardi sangsaya
bingung. “Aku ora bisa njawab saiki pitakonmu kuwi, Minten, ”
Pardi njawab pitakone Minten. Minten katon cuwa nampa jawabane
Pardi. Pangirane Minten, Pardi arep nampa langsung katresnane
kuwi. Nanging rasa cuwane Minten saiki durung ana apa-apane karo
cuwa kang dirasake Pardi.
Ora let suwe, Pardi banjur mulih menyang omahe. Ing dalan
Pardi mung tansah mikiri pitakonane Minten mau. Tekan omah,
Pardi banjur turon ing kamare. Tangan tengene nyekel kacu kuning
saka Minten kang diselehke dhadha, lan tangan kiwane nyekel sirahe
prasasat lagi mikir perkara kang abote ngluwihi kuliyah
kedhokterane. Dumadakan, Pardi enggal-enggal njupuk rek. Rek
mubyar metu genine banjur kacu kuning diobong nganggo rek kuwi.
Kobonge kacu kuning prasasat pratandha yen Pardi ora arep nampa
katresnane, ananging malah mendhem lan ngilangake bab apa wae
kang ana sambung rapete karo Minten. Pardi kelingan welinge ibune.
Pardi percaya yen sesuk bakal nemu jodho kang luwih saka Minten.
Bisa wae welinge ibune kuwi karep ben Pardi saiki bisa ngangsu
kawruh maneh. Jajal yen nampa rasa tresnane Minten, mesthine ora
53
sida ngangsu kawruh maneh tur ya ora nglakoni welinge ibune. Pardi
sejatine cuwa banget marang Minten. Cuwa amarga Bapake wis
ngidak-ngidak ibune, lan cuwa amarga Minten ora aweh kabar apa-
apa nalika ngangsung kawruh ing Kutha Jogja. Rasa cuwa iku mung
kadhang teka kadhang lunga. Kabar Minten dibojo juragan malah
keprungu saka Minah dudu saka Minten dhewe. Kanggone saiki
luwih wigati nglakoni kuliyah maneh karep ben bisa andum kawruh,
dadi dhokter, lan dhosen propesional. Perkara katresnan mesthine
wis ana sing ngatur kairing pangudi kang dilakoni Pardi. Sesasi
mulih ing omahe, berkase Pardi kanggo nerusake kuliyah jebul wis
jangkep. Nalika srengenge wus katon sunare, Pardi enggal-enggal
masrahake omahe menyang tanggane, Pak Paino. Pardi banjur pamit
lan budhal numpak becak saka omahe menyang setatsiyun. Saiki
kang utama dudu mung perkara tresna. Sinau kanggo nggayuh rasa
mulya uga ora kalah wigatine. Apa maneh kanggo Pardi sing saiki
umure tembe telulikur taun. Mesthine isih tangeh lakone. Perkara
tresna ora perlu digagas banget-banget. Minten, sing tau dadi
geganthilaning atine saiki jenenge wis ilang, kobong bareng kacu
kuning iku.
54
55
Apes
Yusuf Nur Kholiq
Bungahe atiku. Dina iki aku nampa kabar yen pasinaonku bakal
dianakake maneh ing sekolah. Kepiye ora bungah. Wis meh setaun
iki aku sinau dhewe ing omah. Dak arani dhewe mergane pancen ora
ana kancane. Padatane yen sinau ana ing sekolah atiku tansah bungah
bisa ketemu kanca-kanca. Nganti seprene pancen durung ana kabar
kang cetha kapan virus corona arep sirna. Nanging, aku krungu kabar
langsung saka TV kang wus pinracaya punjere. “Sekolah wajib
dibuka kembali pada bulan Juli”. Kurang luwih mengkono kabar sing
dak rungoke. Atiku langsung krasa bungah banget kaya-kaya
kajugrugan segara madu.
Wiwite ana virus corona uripku pancen dadi sangsaya sepi. Dhasare
aku anak ontang-anting. Wis kulina neng omah dhewe, ngapa-ngapa
dhewe. Saben esuk sawise ngibadah aku mesthi ngancani ibuku
pasar. Tuku samubarang apa wae kanggo dodolan ing wayah sore.
Wis limang taun iki ibuku dodol sega goreng. Dodole ana ing pinggir
dalan gedhe kana. Akeh sing ngarani kaki lima. Dodolane direwangi
bapaku. Dadi ibarate wong saomah melu nyiyapake dodolane. Nalika
padha dodolan, aku trima neng omah. Jarene kon tunggu omah.
Mbok-mbok ana bab wigati apa kang kudu ditampa. Ngendikane
bapak ibu, aku ora prelu kakehan rewang-rewang. Aku dikon fokus
sinau wae ana ing omah. Karepe bapak ibu aku kudu bisa mlebu
sekolah sing gratis, sing luluse dadi PNS langsung.
Olehe dodol diwiwiti jam papat sore lan baline kala-kala luwih saka
jam sepuluh. Asile lumayan. Bisa kanggo mangan saben dina, bayar
sekolah, dicelengi, lan kanggo nyukupi butuh-butuh liyane kayata
yen ana wong mantu, wong kesripahan, lan yen lagi nandang
mriyang kang ora kaduga. Pandom jam wis nudhuhake ing angka 10.
56
Keprungu swarane motor vario pratandha yen bapak ibu wis balik.
Olehe dodolan adohe limang kilo. Mula kudu numpak motor.
Grobogan lan piranti liyane ditinggal ing kana kaya bakul-bakul
liyane. Aku gage mbukake lawang lan nggaweke wedang. Pancen
wis dadi padatan neng kulawargaku saben-saben bali dodol mesthi
digaweke wedang. Wedange ora wedang teh apa kopi. Cukup
wedang panas wae.
“Mpun kondur, Pak?” takonku iras pantes takon marang bapaku.
“Uwis, Le. Alhamdulilah dodolane rame,” ngendikane bapaku. Aku
banjur nyritakake kabar bungah mau. Neng meja makan aku kumpul
bebarengan karo bapak ibuku. “Pak Bu wau kula ningali berita
wonten TV, kabare sekolah badhe dibikak malih wonten sasi Juli”
aku ngomong karo rai bungah ing atiku. “Wah syukur Le, nanging
wigatine sing ngati-ati. Aja nganti lena karo pagebluk iki. Nadyan
kurbane wis mudhun jumlahe, nanging kowe kudu tetep manut
protokol kesehatan lho,” ngendikane ibuku sinambi ngunjung
wedang. “Inggih, Bu. Panjenengan sampun priksa ta, menawi kula
medal utawi kesah dhateng pundi-pundi tansah ngangge masker,
mbekta hand sanitaizer. Kepara malah menawi sampun dugi griya
langsung adus”. “la iya le, bapak ibumu lak bakul sega goreng.
Mesthine saben dina ketemu karo wong akeh. Nanging bapak ibumu
ya mesthi tansah manut protokol. Kanggo wong tuku kang ora
nganggo masker saiki wis dak sedyani. Kabeh mau mung kanggo
jaga-jaga aja nganti kulawargane dhewek ana sing kena,” ngendikane
ibuku kaya-kaya paring patuladhan. Pancen pageblug kang wis
kadadeyan iki agawe tatanan ewah. Saiki wong-wong waji nganggo
masker yen arep metu omah. Yen ora nganggo bisa kena razia banjur
diukum.
Ora krasa wis jam sewelas wengi. Aku isih ana tanggungan tugas
kanggo nggarap soal matematika saka guruku. Dudu dikumpulke
57
dina sesuk, nanging mesthine kudu langsung digarap. Karepe ben
aku bisa ayem. Aku pancen kudu teberi olehku ngudi kawruh.
Karepe ben bapak ibu ora prelu dodolan nganti wayah wengi.
Nadyan aku ontang-anting nanging wiwit cilik aku ora tau dadi
bocah aleman. Mula nganti saiki akeh sing ngarani aku bocah
tumuwa. Apa- aba bisa dak lakoni dhewe.
Durung ana rong minggu keprunge yen sekolah bakal dibukak,
telung dina iki rasa-rasaku kasus covid-19 sangsaya ngakehi.
Kebijakan pamarentah enggal padha direvisi maneh. Sing maune
oleh nganake yasinan, kumpulan, lan mantu saiki kudu diendheg
maneh. Masjid kudu ditutup dhisik, kumpulan ora oleh, wong mantu
padha dibubarke. Dak kira pangangenku kanggo sinau lan ketemu
kanca-kanca ing sekolah bakal pedhot. Lho piye, wis setaun
pageblug ing nuswantara nanging kok kaya-kaya pamarentah durung
bisa aweh solusi kang trep. Sangsaya akeh kasus malah sangsaya ora
cetha kabijakane. Seniman wayang, ebeg, kethoprak padha nganake
demo neng ngarep kantor DPR Kabupaten Kebumen. Jerat-jerit jere
ora oleh nganake tanggapan. Kabeh padha bingung olehe golek
pangupa jiwa kanggo kulawarga.
Wiwitan sasi Juli pangarep-arepku ilang. Pangiraku bener yen
sekolah durung sida dibukak. Aku pancen munggah kelas. Saiki aku
dadi kelas 12 SMA ing SMA favorit Kutha Kebumen. Sinauku
sangsaya dina sangsaya tumemen. Sawise sholat isya, wengi iki aku
nonton TV. Dumadakan keprungu swara motor varione bapake. “Le,
bukake lawang,” ngendikane bapaku. Aku gage bukak lawang.
Pancen dudu padatane bapak ibuku kondur jam semene. Aku
langsung takon marang bapak ibuku. “Pak, kok kadingaren kondur
jam sementen?”. Bapaku ngendika yen warunge bapaku kudu tutup
sedurung jam wolu wengi. Kabeh mau ora liya saka kebijakan
pamarentah amarga kasus covid ing nuswantara wis nembu angka
58
rong yuta. Pasuryane bapak ibuku krasa sungkawa. Sega kang
durung sida digoreng awit dikon tutup dening satpol PP mau gage
digoreng lan dibageke karo tangga teparo. Tanggaku mesthine wis
nyana yen iki efek saka kebijakan mau. Mula nalika aku ngeterke
sega goreng, kasungging rasah welas asih ing raine tangga-tanggaku.
Bapak ibuku ora tau ndresula. Ngendikane kabeh kahanan iki kudu
dilakoni kanthi legawa. Tangga kiwa tengenku siji loro wis padha
akeh sing positif. Mula wiwit iku bapak ibu tansah ngelingake
babagan protokol kesehatan mau. Pancen wis telung dina iki bapak
ibuku ora dodol. Jalarane merga bapaku gerah. Gerahe kaya-kaya
wong pilek. Ora wani dipriksake amarga wedi yen dianggep kena
corona. Sangsaya dina pileke nambah dadi watuk. Aku lan ibuku
sangsaya bingung kepiye olehe nambani. Obat apotek uwis, priksa
mantra uwis, obat tradisonal uga uwis. Kabeh prasasate wis dilakoni.
Wayah wengi kira-kira jam 8 bapaku krasa pega. “Le, iki bapakmu
tulungi le. Napase katon pega, ” aku gage marani. Aku pancen kaget
awit ora kaya padatan yen bapak nganti pega. Riwayate darah tinggi.
Nanging kok bisa pega.
“Nggih, Bu. Kados pundi menawi dibekta rumah sakit kemawon…”
aku ngomong karo ana rasa bingung neng atiku. “Ayo, Le…”. Aku
enggal-enggal golek pitulungan marang tangga teparo. Golek mobil
kanggo nggawa bapaku. Bapaku enggal-enggal tindak menyang
rumah sakit.
Ing rumah sakit kahanane kato nggegirisi. Ruwangan padha kebak.
Dhoktere dirasa kurang. Meh piye maneh. Pancen kasus covid saiki
lagi akeh-akehe. Bejane bapaku enggal nemu ruwangan. Sanadyan
neng IGD kuwi wis beja banget kabar wingi jarene pasien-pasien ing
rumah sakit nganti padha diselehke ing latar-latar. “Dhok, kados
pundi bapak kula,” aku takon marang salah sijine dhokter kang wis
masang selang impus lan oksigen marang bapaku. “Bapake
59
panjenengan orapapa, Le…” ngendikane Pak Dhokter. “Lha kados
pundi kok saged mekaten wau?,” aku takon marang Pak Dhokter
Surya kanthi tliti. “Menika naming merga gantose mangsa, nanging
mangke dicobi tes swab nggih, ”. atiku bingung. Saiki pancen lagi
ganti mangsa. Tibane mangsa kesepuluh. Jarake bawana karo surya
lagi adoh-adohe. Mula yen esuk hawane krasa adhem kaya mlebu
tekan balung sumsum. Nanging kok gene bapaku kudu dites-tes.
Ahh, nanging aku nyoba ngilangna pikiran ala saka atiku.
Arepa kaya apa asile, aku lan ibuku wis nyarujuki sing paling apik
kanggo bapaku. Aku lungguh ana ing ruwang tunggu jejere ibuku
sinambi nunggoni asil tes. “Sumangga ibu asilipun sampun medal, ”
ngendikane Pak Dhokter. Aku lan ibuku banjur melbu meng
ruwangan dhokter mau. “Menika garwane panjenengan positif covid,
badhe isolasi piyambak menapa wonten mriki,”. Mak tratab krungu
ngendikane Pak Dhokter. Sirahku krasa kaya dikampleng. Balungku
krasa kaya ditugel. Wetengku krasa kaya ditunyuk-tunyuk. Ibuku
katon sungkawa pasuryane. Aku enggal aweh tembung-tembung
kang bisa ngilangake rasa kuwatire ibuku.
Sawise ibuku rada katon ilang rasa kuwatire, aku gage bali kaliyan
ibu. Nanging dumadakan ana salah siji dhokter kang marani.
“Sumangga Mas, Ibu. Panjenengan ugi kasuwun kangge tes ugi.
Menika naming kangge ngirangi risiko penularan dhateng tangga
tepalih panjenengan”. Aku gage manut ngendikane Pak Dhokter.
Aku lan ibuku dites. Pancen bapak ibuku kagungan risiko gedhe kena
corona. Lha piye ora gedhe, saben dina kudu ketemu karo wong
akeh. Ngladeni sega goreng ing pinggir dalan Kutha Gombong kana.
Wong saka ngendi wae teka mrana arep tuku. Sawise rada suwe
olehe ngenteni asil, Pak dhokter metu saka ruwangan. Mak tratab
atiku, ngerti yen Ibuku uga positif. Aku bingung banget. aku kudu
piye. Tapi dak rasa jenenge rasa apes pancen ora pilih-pilih arep
60
tumiba sapa. Dak kira bapak ibuku wis manut protokol kesehatan.
Nanging kok ya isih kena. Oh iya, apa maneh tembe telung dina
wing bapak ibuku ndherek vaksin ana ing bale desa. Kabeh mau
pancen ora dinyana. Aku enggal bali sawise ngerti asil iku. Ora lali
aku ngirim WA marang ibuku. “Bu, menawi betah menapa-menapa
ngendika kemawon”. Pikirku, bapak ibuku kudu enggal dhangan.
Aja nganti kesuwen ana ing rumah sakit. Aku ya ora kepengin urip
dhewekan ana ing omah.
Sawise kabar iki keprungu tangga teparo omahku gage ditempleki
stiker. Unine jere dalam pengawasan. Aku rumangsa yen
kaluwargaku padha positif. Mula aku ora wani metu saka omah.
Bejane, tangga teparoku padha gemati. Saben esuk, awan, lan wengi
kabeh kabutuhanku disiyapake. Diwenehke ana ing lawang kanthi
dicantelke. Aku uga ora sumelang yen kabutuhane bapak ibuku uga
wis kacukupi. Kabeh mau dak pasrahake karo tanggaku, Mas Gito
kang, tanggaku kang umure ora adoh saka aku.
61
Naskah Drama
62
Dadi Besan
Yusuf Nur Kholiq
BABAK 1
DINA MINGGU WAYAH ESUK. PANDOM JAM WIS
NUDHUHAKE ING ANGKA LIMA. KAYA ADAT SABEN, BU
DARTI NINDAKAKE KUWAJIBANE. DALEME TANSAH
KATON SEPI. PANCEN SEPI AMARGA PANJENENGANE
SUGENG DHEWE ING OMAH KUWI. GARWANE WIS SEDA
WATARA PATANG TAUN KEPUNGKUR. PUTRANE SAIKI
LAGI NGANGSU KAWRUH ING KUTHA JOGJA.
PANJENENGANE SAIKI NGASTA ANA ING KANTOR
KECAMATAN. NGLADENI WONG-WONG KANG PADHA
GAWE KTP.
ADEGAN 1
KEPRUNGU SWARANE BU DARTI KANG LAGI NDONGA.
NYUNTAKAKE ISEN-ISENING PANGGALIHE.
Bu Darti
(KANTHI RAOS SUNGKAWA BU DARTI NYUNTAKE APA
KANG DADI PANGGALIHE)
Dhuh, Gusti. Sampun sekawan warsa kula gesang piyambak tanpa
garwa. Sanadyan saben dinten kula rumaos sepen nanging kula
tansah rumaos mulya. Menapa pesthinipun panjenengan tansah
kawula tampi. Mugi-mugi kula saged nglampahi kanthi ikhlas.
Kangge anak kula Warsih, mugi-mugi panjenengan tansah paring
pangayoman. Sedaya pangangenipun enggal kasembadan. Mugi-
mugi enggal pikantuk padamelan lan wahyu jodho.
63
(SAWISE NDONGA, BU DARTI ENGGAL RERESIK.)
BU Darti
(ORA SENGAJA BU DARTI NGRESIKI FOTO KENANGAN
SING KACANTHEL ANA ING TEMBOK. FOTO KELUARGANE
KUWI KAJUPUK NALIKA GARWANE MUNGGAH PANGKAT
DADI KEPALA SEKOLAH).
Owalah, Pak Pak. Jane nganti seprene suwene aku durung bisa lali
marang panjenengan. Saben dinaku rasa-rasaku isih kaya ana
panjenengan neng omah iki. Anake dhewek wis meh lulus kuliyah
pak. Pandongaku muga-muga dadi bocah sing beja ya pak. Bisa ulih
pagaweyan kaya kang dikarepake. Aku janji pak. Arepa sepira akehe
wong kanga rep ngepek aku bojo, bakal dak tulak kabeh. Semene
gedhene rasa tresnaku marang panjenengan Pak. Aku pokoke arep
fokus ngibadah wae pak sinambi nyawang anak putu.
BANGET GEDHENE RASA TRESNANE BU DARTI MARANG
GARWANE. NGANTI SEPRENE TRESNANE DURUNG BISA
DILALEKE
(BU DARTI NGRANGKU POTO MAU SINAMBI ELUHE
PATING CROCOS)
ADEGAN 2
SAWISE RERESIK, BU DARTI NYIRAM TANDURAN ING
NGAREP DALEME. PANCEN BU DARTI KUWI REMEN
BANGET MARANG TANDURAN. MANEKA JINIS
TANDURAN DITANDUR. ANA KEMBANG, KANGKUNG, WIT
PELEM, WIT DUREN, PRASASAT ANA KABEH.
64
Bu Darti
Alhamdulilah. Seneng banget atiku. Kembang mawar kae wis mekar.
Iki wit peleme najan isih cilik ya wis padha woh. Memper wae, wong
aku bibite ya tuku.
(BU DARTI SENENG BANGET. AWIT WIT-WITE PADHA
TUKUL). ORA SENGAJA BU LURAH LIWAT ING NGAREP
DALEME BU DARTI.
Bu Lurah
Bu Darti, sami sehat, Bu?
Bu Darti
Alhamdulilah, kula sehat Bu. Bu Lurah, panjenengan kados pundi
Bu? Sami sehat ta?
Bu Lurah
Inggih, Bu. Alhamdulilah. Panjenengan kok ketingale lagi bungah
banget Bu?
Bu Darti
Inggih, Bu Lurah. Menika kembang lan pelem kula sampun sami
woh, Bu. Dados bungah banget manah kula.
Bu Lurah
Wah, saged kangge patuladhan ibu-ibu PKK ngaten. Ketingalipun
rendhel wohe lan ngrembuyung nggih, Bu? Ngenjang panjenengan
sosialisasi nggih babagan menika?
Bu Darti
65
Wah, kula naming tiyang bodho, Bu. Tetanem kados mekatan wau
inggih naming nyobi. Lha kok jebul wohipun lumayan.
Bu Lurah
Halah. Menika saestu sae asilipun, Bu. Ngenjang nggih Bu, kula
kabari malih. Panejengan menika lho, nadyan sampun boten
kagungan garwa nanging kok ketingalipun tansah produktif.
Bu Darti
Inggih, Bu. Sedaya tetanen kula wau naming kangge panglipu manah
kemawon. Daripada wonten griya naming nglangut, mangke malah
kepara kelingan ingkang boten-boten.
Bu Lurah
Inggih, Bu. Nyuwun pangapunten, kula badhe teras kemawon nggih.
Badhe dhateng wande menika.
Bu Darti
Inggih, Bu. Ndherekaken.
BABAK 2
SAWISE NYIRAMI, BU DARTI SIRAM. NAJAN UMURE
YUSWANE WIS NGANCIK SEKETAN TAUN NANGING ISIH
KETINGAL AYU. DHASARE RESIK TUR LANCIR KUNING.
APA MANEH YEN NGANGGO SRAGAM KANTORAN.
PASURYANE KATON SANGSAYA AYU.
ADEGAN 1
66
DUMADAKAN ANA PAK PAINO RAWUH ING DALEME BU
DARTI. PAK PAINO KUWI JURAGAN TEMPE KANG WIS
DADI DHUDHA WATARA PITUNG TAUN. PANJENENGANE
KAGUNGAN PUTRA KANG SEUMURAN KARO PUTRANE
BU DARTI.
Pak Paino
Kula nuwun, Bu Darti.
Bu Darti
Mangga, Eh Pak Paino. Mangga mlebet pinarak lenggah, Pak.
(Bu Darti langsung ngasta unjukan teh kanggo Pak Paino.)
Bu Darti
Wonten wigati menapa, Pak? Kadingaren kersa rawuh dhateng
gubuk kula.
Pak paino
Nyuwun pangapunten saderengipun, Bu. Sampun panjenengan
mangertosi menawi kula sampun dangu dados dhudha. Panjenengan
inggih sami, sampun radi dangu dados randha. Maksut lan panyuwun
kula boten menapa-menapa, kados pundi menawi kula lan
panjenengan enggal krami, lak mesthi putranipun panjenengan lan
anak kula bakal bungah banget atine.
Bu Darti
SINUNGGUNG ESEM ING PASURYANE BU DARTI.
Bingah sanget manah kula Pak Paino, dene panjenengan sampun
kersa nresnani kula. Malah ugi ngajak kangge palakrami. Nanging
67
nyuwun pangapunten, Pak. Kula sampun prasetya kaliyan swargi
garwa kula. Kula boten badhe krami malih Pak nyuwun pangapunten
saageng-agengipun.
Pak Paino
Inggih, Bu Darti. Boten dados menapa. Kula mangertos
kawontenanipun panjenengan.
Bu Darti
Inggih, Pak. Kula lan panjenengan taksih saged sedherekan.
Pangajab kula, kula namung kepengin nyawang putu kula lan fokus
kangge ngibadah kemawon.
AWIT PANGLAMARE ORA DITAMPA, PAK PAINO GAGE
KONDUR. ORA ANA POLATAN KANG NGGAMBARAKE
KUCIWA KANG BANGET-BANGET.
Babak 3
DINA TANSAH GUMANTI. ORA DINYANA, PUTRANE BU
DARTI SING JENENGE SANTI WIS LULUS LAN BALI
MENYANG OMAHE KANGGO NGANCANI IBUNE.
DHEWEKE UGA LAGI NYAMBI GOLEK PAGAWEYAN KANG
TREP.
Adegan 1
Santi
Sugeng enjang, Bu.
Bu Darti
68
Walah Cah Ayu, kowe bali kok ora ngabari aku. Yen ngabari lak
mesthine aku bisa masak panganan kasenenganmu.
Santi
Halah namung damel repot. Boten usah Bu.
BUNGAH BANGET ATINE SANTI. BISA BALI LAN
NGANCANI IBUNE ING OMAH.
Adegan 2
DUMADAKAN PAK PAINO RAWUH MANEH ING DALEME
BU DARTI.
Pak Paino
Sugeng enjing, kula nuwun, Bu Darti.
Bu Darti
Mangga, Pak Paino. Pinarak lenggah.
Pak Paino
Nyuwun pangapunten Bu Darti, dene kula sampun kumawantu
dhateng wonten dalemipun panjenengan.
Bu Darti
Boten dados menapa Pak. Menika anak kula ugi sampun wangsul
saking Jogja Pak.
Pak Paino
Kula dhateng mriki kangge silaturahim. Lajeng kula badhe nglamar
putranipun panjenengan kangge anakipun kula, Agus.
69
Bu Darti
Ealah jebul anaku lan putrane panjenengan sampun sami tepang.
Menika langsung kula timbale kemawon anak kula Santi.
(ORA LET SUWE SANTI METU. SANTI GELEM NAMPA
PANGLAMARE AGUS. ORA DINYANA. JEBUL KELORONE
PANCEN WIS SAMBUNG KATRESNAN WIWIT PADHA-
PADHA KULIYAH NENG JOGJA. SANAJAN BU DARTI LAN
PAK PAINO ORA SIDA PALAKRAMI, NANGING KELORONE
BISA BESANAN)
70
Katrangan Panyerat
Nama : Yusuf Nur Kholiq
Tempat, tanggal lahir : Kebumen, 21 April 2001
Alamat: Desa Guunungmujil, RT 01 RW 03, Kuwarasan Kebumen
No. HP : 085601861525
NIM : 2601419052
71
Pungkasaning Atur
Ngaturaken agunging panuwun tanpa pepindhan dhateng para
pamaos ingkang sampun kersa maos antologi sastra Jawa ingkang
irah-irahanipun”Prih (Atos)” saking wiwitan ngantos pungkasan.
Mugi saged dados panglipur lan migunani.
Antologi menika temtu kemawon taksih kathah kekirangan.
Awit saking menika kula nyuwun agunging pangaksami.
Dhumateng para pamaos, kula tansah ngantu-antu
panyaruwe, kritik , lan panyenduipun saking panjenengan sedaya.
Sumangga saged dipunkintun mawi nomer panyerat. Menika wigati
sanget supados seratan saking panyerat saged langkung sae.
72