LISTYAN P NUGROHO
1
Modul iki adhedhasar Pergub Jatim No. 19 Tahun 2014
Kanthi Kompetensi Dasar 3.5 dam 4.5
Penyusun : Listyan P Nurgroho
Pembimbing : Dr. Syamsul Sodiq. M.Pd.
Validator Ahli Dr. Titik Indarti, M.Pd.
: Latif Nur Hasan, S.Pd., M.Pd
Marsudi, S.Pd., M.Pd.
2
Purwakaning Atur
Puji Syukur konjung datheng Gusthi Allah SWAT ingkang sampun paring
kalimpahan hidayah sahengga saged karampungaken MOKSA (Modul Aksara Jawa)
kang saged dipun ginakaken kagem piwulangan Basa Jawi ing Pawiyatan mliginipun
ing tataran SMA/SMK/MA ing kelas Sedasa (X). Modul menika adhedhasar Kurikulum
2013 Basa Jawi utawi Pergub Jatim No 19 tahun 2014. Modul menika kasusun kagem
ningkataken piwulangan Basa Jawi lan uga minangka bahan ajar kagem piwulangan
Basa Jawi mliginipun ngenani Aksara Jawi.
Panyusun kagungan pangajap bilih modul menika saged dipun damel kagem
piwulangan aksara jawa ingkang efektif kangem kagiyatan piwulangan Basa Jawi ing
SMK PGRI 2 Kediri mliginipun. Modul menika minangka sarana kagem pambiyantu
kagiyatan piwulangan Basa Jawi mliginipun Aksara Jawa kanthi mandiri. Nanging
peran lan wontenipun guru taksih dibetahken kagem piwulangan Basa Jawi menika.
Mugi-mugi modul menika saged asung infromasi lan ugi kagungan manfaat
kagem kagiyatan piwulangan Basa Jawi ing SMK PGRI 2 Kediri mliginipun materi
Aksara Jawa. Mugi-mugi modul menika ugi saged dipungunakaken kagem masyarakat
umum menawi kersa migunakaken minangka sarana piwulangan, ugi sarana sinau
babagan aksara Jawa. Nanging modul menika taksih tebih saking sampurna, mila
wontenipun saran ugi kritik saged nyengkuyung kangem kasumpurnanipun modul
menika. Modul menika adhedhasar tata tulis aksara Jawa ingkang kababaraken
Sriwedari.
Kagem sedaya piyantun ingkang sampun nyengkuyung modul menika,
panyusun namung saged atur panuwun ingkang tanpa upami. Ugi menawi wonten
kirang-langkungipun anggenipun panyusunanipun utawi panyeratanipun modul
menika panyusun namung saged nyuwun agunging samudra pangaksami. Jenang sela
wader kali sesonderan, Apurana lepat kawula. Matur Suwun
Kediri, Mei 2021
Penyusun
3
TANDHA SING DIGUNAKAKE ING MODUL
Minangka tanda sing digunakake kanggo miwiti
video sing wis kasisipake
Sawijine informasi sing ana sesambungane karo
materi sing diandharake
Tandha kanggo nggarap tugas utawa kagiyatan
sing ana
Tandha kanggo nggarap Gladhen saben
pungkasaning Parwa (Unit)
Bebana utawa hadiah sing bisa dijupuk siswa
sawise nyinaoni saben materi
4
Daftar Isi
Halaman Judul...................................................................... 1
Purwakaning Atur .................................................................. 2
Pituduh kanggo migunakake modul ............................................ 3
Daftar Isi ............................................................................. 4
Manggala ............................................................................. 5
a. Lelandhesan Kurikulum sing digunakake .................................. 5
b. Apa sing bisa disinaoni ing modul .......................................... 6
c. Sarat kanggo migunakake modul ........................................... 6
d. Modul iki sejatine ............................................................ 7
Eka Parwa: Aksara Jawa ......................................................... 8
Tumbuhkan ........................................................................ 9
Materi Aksara Jawa .............................................................. 10
Ayo Dijenengi ..................................................................... 24
Gladhen 1.......................................................................... 26
Dwi Parwa: Tata Tulis Aksara Jawa ing Tembung ........................... 28
Fakta Aksara Jawa ............................................................... 29
Materi Tata Tulis Tembung Nggunakake Aksara Jawa ...................... 30
Ayo Dijenengi ..................................................................... 41
Gladhen 2.......................................................................... 43
Tri Parwa: Tata Tulis Aksara Jawa ing Ukara lan Paragraf................. 46
Gegambaran Paragraf Aksara Jawa ............................................ 47
Materi Tata Tulis Ukara lan Paragraf Nggunakake Aksara Jawa ........... 48
Ayo Dijenengi ..................................................................... 53
Gladhen 3.......................................................................... 55
Catur Parwa: Uji Kompetensi.................................................... 59
Panutup .............................................................................. 65
a. Pangarep-arep ................................................................ 65
b. Tumindak sing bisa kabacutake ............................................ 65
c. Baoesatra Cilik ................................................................ 66
Kapustakan .......................................................................... 72
5
A. Kurikulum 2013 edisi Revisi 2016
Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Indikator
3. Memahami, menerapkan, 3.5 3.5.1 Menandai tata tulis
Mengidentifikasi, aksara Jawa /carakan
menganalisis pengetahuan memahami, dan Madura dalam wacana
menganalisis teks
faktual, konseptual, beraksara Jawa/ 3.5.2 Mengelompokkan
carakan Madura tata tulis aksara Jawa
prosedural berdasarkan rasa sesuai kaidah. /carakan Madura sesuai
dengan fungsinya.
ingin tahu tentang ilmu 4.5 Menyusun
paragraf 4.5.1 Menulis kalimat
pengetahuan, teknologi, menggunakan menggunakan aksara Jawa
aksara Jawa/ /carakan Madura sesuai
seni, budaya, dan carakan Madura kaidah.
sesuai kaidah . 4.5.2 Menulis paragraf
humaniora dengan wawasan menggunakan aksara Jawa
/carakan Madura sesuai
kemanusiaan, kebangsaan, kaidah
4.5.3 Mengalihtuliskan
kenegaraan, dan peradaban paragraf beraksara Latin
ke aksara Jawa /carakan
terkait penyebab fenomena Madura sesuai kaidah
dan kejadian, serta
menerapkan pengetahuan
prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai
dengan bakat dan minatnya
untuk memecahkan
masalah
4. Mengolah, menalar, dan
menyaji dalam ranah
konkrit dan ranah abstrak
terkait dengan
pengembangan dari yang
dipelajarinya di sekolah
secara mandiri, dan mampu
menggunakan metoda
sesuai isi keilmuan
6
B. Apa sing bisa disinaoni ing modul iki
Tata tulis aksara pasangan - Sing - Aksara Legena
Tata tulis sandhangan – disinaoni - Aksara Pasangan
Tata tulis - - Padha lan Pananda
aksara khusus - ing Modul Maneka Wernane Aksara
Jawa (Eka Parwa)
Tata tulis Aksara Jawa ing
Tembung (Dwi Parwa) Tata tulis Aksara Jawa
ing Ukara (Tri Parwa)
Tata tulis Aksara Jawa ing - Tandha lan pananda
Paragraf/Teks (Tri Parwa)
kango nulis ukara
Tandha sing - Tata tulis aksara ing
digunakake nalika
nulis teks aksara Jawa ukara
C. Sarat sing dibutuhakake nggunakake modul digital
Supaya anggone nggunakake modul bisa digunakake kanthi prayoga, diajab nalika
nggunakake modul kudu migatekake,
Wis nyinaoni Aksara Jawa paling ora Aksara Legena
Wis ngerti aksara pasangan lan sandhangan
Nduweni piranti digital kaya HP, Laptop, utawa tablet
Luwih becik ana koneksi internet
Ana aplikasi sing bisa digunakake kanggo buka internet lan PDF
7
D. Isine Modul iki
Modul iki minangka salah sijine bahan ajar sing bisa digunakake kanggoi
nyinaoni materi Aksara Jawa ing kelas X. Ing njerone modul iki uga ana link sing isine
maneka werna video lan uga link sing ngarah ing gladhen sing diandharake kanthi
cara daring, kajaba iku uga ana kagiyatan kanggo luwih mangerteni ngenani isine
materi kang kaandharake ing modul
Kanggo nggampangak nggunakaken, modul dibagi dadi telu perangan lan
kagiyatan pasinaon. Saben perangan utawa unit ing modul nggunakake tembung
“PARWA” kados “Eka Parwa, Dwi Parwa, Tri Parwam lan Catur Parwa”. Modul iki
kabagi dadi 4 unit utawa Parwa sing nduweni peprincen kaya ing kene,
Eka Parwa, Minangka unit 1 kang ngandharake ngenani Aksara Sandhangan lan
Aksara Pasangan uga panandhane, ing Eka Parwa ngandharake ngenani jenise mawon
Dwi Parwa, Minangka unit 2 kang ngandharake ngenani Tata Tulis sing bisa
digunakake kanggo nulis Aksara Jawa, lumrahe ing tembung
Tri Parwa, Minangka unit 3 kang ngandhatrake ngenani Tata Tulis Aksara Jawa sing
digunakake kanggo nulis Ukara lan uga panulisan ing Paragraf.
Catur Parwa, Minangka uji kompetensi sing digunakake kanggo luwih mangerteni
ngenani Piwulangan Nulis Aksara Jawa ing Paragraf, Ukara, lan Tembung. Ing Catur
Parwa namung ana Soal lan kagiyatan sing bisa digunakake kanggo luwih mangerteni
ngenani panulisan aksara Jawa.
Panutup, Minangka andharan ngenani tumindak apa sing bisa dibacutake kanggo
luwih mangerteni ngenani Aksara Jawa lan uga apa sing kudu disinaoni kanggo luwih
mangerteni ngenani Aksara Jawa.
8
Wernane aksara Jawa, Pada lan Panandane
Kompetensi Dasar
3.5 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis
teks beraksara Jawa/ Carakan Madura sesuai kaidah.
Indikator
3.5.1 Menandai tata tulis aksara Jawa /carakan Madura
dalam wacana
Materi sing Bakal disinaoni
Aksara Legena lan pasangane
Aksara Sandhangan lan panulisane
Pada lan Panandha lan panulisane
9
Jaman modern kaya saiki aksara Jawa dadi sawijine aksara sing bisa buka
jadi dhirine masyarakat Jawa, akeh tulisan ing papan umum sing
nggunakake aksara Jawa.
Kaya kedadean sing ana ing ndhuwur iku, Aksa lan Ara liwat ing sawijine
gapura lan ing gapura iku tinulis aksara Jawa, nanging Aksa lan Ara ora
bisa maca, apa sing kudu ditindakake Aksa lan Ara?
10
Ayo didelok video ngenani aksara Jawa sing ana ing ngisor iki
utawa dklik tanda sing ana ing sisih iku!
Aksara Jawa
..
Aksara Jawa utawa lumrahe sinebut Hanacaraka iku minangka tulisan sing wis
ana wiwit jaman kerajaan Kediri, nganti saiki Aksara Jawa sing cacahe ana 20 isih
digunakake dening masyarakat Jawa. Miturut crita kuna Aksara Jawa iku dumadi
saka anane legenda Ajisaka sing nduweni Abdi loro nanging pada perangane. Dene
Wujude Aksara Jawa iku kaya ing ngisor iki
11
Kapan wiwit ana aksara Jawa?
Miturut panliten saking Prof. JG de Casparis (1975) ing Indonesia
Palaeography: A History of Writing in Indonesia from the Beginings to C A.D
1500 ngandharake menawa aksara Jawa wis dikenal dengan masyarakat wiwit
sewu limang atus tahun kepungkur (1500 taun). Aksara Jawa kawiwitan saka
anane aksara Pallawa kang melbu ing wewengkon tanah Jawa. Banjur owah
nganti dadi aksara Jawa nalika abad ka-5 lan digunakake dening masyarakat
Jawa. Basa ingkang wonten aksarane dianggep minangka basa ingkang
komplit. Mula aksara Jawa kedah di uri-uri supaya basa Jawa dadi basa
ingkang komplit.
Maneka Wernane lan Jenise Aksara Jawa
..
Aksara Legena
Aksara Wilangan Aksara Aksara
Aksara Rekan Jawa Pasangan
Aksara Murda
lan Aksara
Swara
Aksara Rekan
12
Aksara Iku ana maneka werna jenise, ing perangan iki bakal diandharake
maneka wernane aksara Jawa. Ing masyarakat Jawa Aksara Jawa iku bisa awujud
Aksara Legena, aksara Jawa sing mawa vokal “a” utawa durung oleh sandhangan
apa wae.
Aksara Pasangan, aksara Jawa sing ditulis sawise ana aksara legena sing mati (dadi
konsonan) lumrahe panulisane isih ana ing satembung.
13
Aksara Murda, minangka aksara sing digunakake kanggo nulis jeneng wong, jeneng
papan
Akara Swara, minangka aksara sing digunakake kanggop nulis jeneng papan,
wewengkon, utawa wong uga bisa digunakake kanggo nulis tembung manca
Aksara Rekan, minangka aksara sing digunakake kanggo nulis tembung manca utawa
istilah asing
14
Aksara Wilangan, digunakake kanggo nulis tembung wilangan (angka) lumrahe
anggone nulis nggunakake pada pangkat.
Tata Tulis Aksara Pasangan lan Aksara Legena
..
Manungsa urip ing alam donya kedah wonten tatanan uga aturan, semono uga
aksara Pasangan uga wonten tatanan lan aturanie. Tatanan kanggo nulis Aksara
Pasangan iku bisa diperang dadi 2 yaiku ing sapinggire aksara sing dipasangi lan ing
sagisore aksara sing dipasangi. Mula kanggo luwih mangerteni kepriye panulisane
Aksara Pasangan ing panulisan Aksara Jawa ing ngisor iki bakal kaandharake sawijine
gladhen sing bisa digunakake kanggo luwih mangerteni maneh ngenani Aksara
Pasangan.
1. Panulise Aksara Pasangan bisa ing sisihe aksara utawa ing ngisore aksara.
a. Sisihe aksara kaya aksara pasangan ha, sa, pa
Aksara Pasangan
papan amoh
Aksara Pasangan
balik kampung
Aksara Pasangan
bakul bakso
15
b. Ing ngisore aksara lan gandheng karo aksara ndhuwure
Aksara Pasangan ...
anak dara
Aksara Pasangan ...
pakan wedhus
Aksara Pasangan ...
budhal nyekar
Aksara Pasangan ...
urat nadi
c. Ing ngisore aksara lan wujude padha karo sadurunge dadi aksara
pasangan nanging sikile ilang siji
Aksara pasangan ...
sanak kadang
Aksara pasangan ...
bakul tahu
Aksara pasangan ...
mlayu-mlayu
d. Ana ing ngisore aksara lan aksarane padha karo nalika durung dadi
pasangan
Aksara pasangan ...
bahan roti
Aksara pasangan ...
watak gati
16
Aksara pasangan ...
mundhak yasan
Aksara pasangan ...
mangan gedhang
e. Ana ing ngisore aksara lan wujude aksara pasangan maneka werna
Aksara pasangan ...
Aksara pasangan numpak cikar
...
Aksara pasangan sikil jaran
...
Aksara pasangan kulak beras
...
Aksara pasangan awak dhewe
...
Aksara pasangan thuthuk thuthuk
...
manuk mabur
17
Sandhangan Aksara Jawa
..
Kajaba Aksara Jawa sing cacahe ana 20 lan pasangane uga tinemu anane
Sandhangan. Kaya dene manungsa lumrah Aksara Jawa sing durung ana sandhangane
sinebut Aksara Legena (wuda) mula ana Sandhangan supaya Aksara Jawa bisa muni.
Kanggo mangerteni anggone nulis Aksara Jawa lan Sandhangane coba disinaoni
andharan ing ngisor iki
a. Sandhangan Swara
Jenenge Wujude Tuladhane
Wulu (i) ...
Suku (u)
Taling (e) kikil
Taling Tarung (o)
...
suku
...
geger
...
bobor
Pepet (ê) ...
gêgêr
b. Sandhangan Panyigeg Wanda
Jenenge Wujude Tuladhane
Layar (r) layar
...
Wygnyan (h) ...
Cecek (ng) gajah
Pangkon (paten)
...
wayang
...
pangkon
18
c. Sandhangan Wyanjana
Jenenge Wujude Tuladhane
Cakra (ra) ...
cakra
Cakra (ri) ...
krikil
Cakra (re) ...
prentah
Cakra (ru) ...
krungu
Cakra (ro) ...
kroto
Keret (rê) ...
trêtêg
Pengkal (ya) ...
kyai kanjeng
Panulisane Sandhangan ing Aksara Legena
Kaya dene mangsa sing anggone urip nduweni tatanan supaya bisa urip ayem
tentrem mulya lan tinata. Sandhangan anggone nulis ing Aksara Legena uga nduweni
tatanan kaya ing ngisor iki
Sandhangan sing ditulis ing - Wulu
ndhuwure aksara legena
- Pepet
- Layar
- Cecek
Sandhangan sing ditulis ing - Taling - Pangkon
sisihe aksara legena - Taling - Pengkal
Tarung
- Wygnyan
Sandhangan sing ditulis ing - Suku
ngisore aksara legena - Cakra
- Keret
19
Ayo para siswa kabeg Kanggo luwih mangerteni coba nindakake
kagiyatan sing ana ing link https://s.id/game1aksara utawa bisa di
klik tombol ing ngisor iki
Aksara Khusus re lan le
..
Kanggo nulis aksara rê (ra pepet) iku kudu nggunakake pa ceret
panulisane kaya mangkene kudu katulis →
Tuladhane:
Tembung “rêgêng-rêgêng
ora oleh katulis →
Tembung “barêng kanca” kudu katulis →
pra oleh katulis →
20
Kanggo nulis aksara le (la pepet) kudu nggunakake nga lelet sing panulisane kaya
ing kene →
Tuladhane:
Tembung “godhong lêmbayung” kudu katulis
ora oleh katulis →
Tembung “lêmpêr wolu” kudu katulis →
ora oleh katulis →
Nalika nulis rê (ra pepet) iku kudu nggunakake ora oleh nggunakake
Semono uga lê (la pepet) iku kudu nggunakake ora oleh nggunakake
Pada lan Panandha
. Nalika nulis lan nyinaoni aksara Jawa bakal kaandharake ngenani aksara
legena lan pasangane uga sandhangan sing bisa digunakake kanggo nggawe endahe
swara ing aksara. Banjur kepriye yen arep nulis tanda utawa pada utawa tetenger?
Apa aksara Jawa uga nduweni tetenger sing padha karo Aksara Latin
Aksara Jawa iku karipta dening para pujangga Jawa jaman Kerajaan
Majapahit. Punjangga mono jaman kuna dianggep minangka wong sing wasis ing
babagan Basa lan Sastra. Mula menawa nulis aksara Jawa para pujangga uga
nggunakake pada lan pananda utawa diarani tetenger. Pada iku maneka werna
jenise ana sing digunakake ing wiwitane ukara utawa pada uga ana ing tengahe
ukara utawa pada wonten maneh ing pungkasaning ukara utawa pada.
21
a. Pada adeg-adeg utawa
Pada adeg-adeg digunakake kanggo miwiti sawijine ukara
pada/paragraf, Pada adeg-adeg iki wujud lan pigunane kaya ing ngisor iki
Enjing wau bulik tindak peken.
katulis →
Panggunane pada adeg-adeg iku ana ing wiwitane ukara, kanggo ngampangake
pada adeg-adeg iku digunakake supaya aksara sing ditulis bisa lurus lan ngadheg
kabeh.
b. Pada Lingsa
Menawa ing aksara latin ana tanda koma ing aksara Jawa uga tinemu tanda
koma sing disebut pada lingsa. Pada lingsa iki bisa ana ing tengahe ukara amarga
pada lingsa iku nduweni fungsi minangka tanda koma
.
Dina iki ibu masak sega, tempe, bayem.
katulis →
Pada lingsa iku bisa digunakake ing tengahe ukara sing fungsine pada karo tanda
koma lan minangka tanda koma.
c. Pada Lungsi
Pada lungsi minangka tanda titik sing digunakake ing aksara Jawa. Anane pada
lungsi iku minangka wujud saka tanda titik. Pada lungsi lumrahe digunakake ing
pungkasaning ukara.
Iwak ing kali iku akeh sing mati.
Katulis →
Yen ing aksara latin sawijine ukara iku ditengeri kanthi wiwitan aksara kapital
utawa aksara gedhe lan dipungkasi kanthi aksara titik menawi ing aksara Jawa iku
diwiwti dening pada adeg-adeg lan dipungkasi dening pada lungsi.
d. Pada Pangkon
Pangkon iku kajaba minangka sandhangan uga bisa dadi pada utawa tetenger.
Pangkon menawa wis katulis ing ukara mawa aksara Jawa bisa dadi tnada koma lan
yen katambahan pada lingsa dadi tanda titik.
Pangkon minangka tanda koma, yen ditulis ing sawijine ukara sing ana aksara
matine ing tengahe ukara, mula pangkon dianggep dadi tanda koma. Nanging
22
menawa aksara sigege kaya layar, wygyan, lan cecek ora pareng damel pangkon
kudu damel pada lingsa. Kaya tuladha sing ana ing ngisor iki.
Pangkon minangka tanda titik, yen ditulis ing pungkasaning ukara nanging
ukara kasebut dipungkasi kanthi aksara mati (konsonan), pangkon kari nambahi pada
lingsa, supaya dadi tanda titik. Dadi upama ana tembung sing dipungkasi aksara
konsinan kudu nggawe pangkon lan dipungkasi kanthi tanda koma utawa pada lingsa.
Nanging menawa aksara konsonan (sigeg) nggunakake sandhangan layar, wignyan,
lan cecek ora kena nganggo pangkon. Kaya tuladha sing ana ing ngisor iki
Dina iki ibu masak sega, tempe, bayem.
katulis →
e. Pada Pangkat
Pada oangkat iku digunakake kanggo nulis aksara angka kanggo ngampangake
pada pangkat iku nduweni fungsi kanggo misah watarane aksara legena lan aksara
angka. Panggunakane pada pangkat iku mung kanggo misah aksara legena biasa lan
aksara angka. Menawa ing ukara pada pangkat iku bisa kaya mangkene
Saiki wis tahun 2021.
katulis →
23
Ayo dijenengi apa sing wis disinaoni
Werna Panulisane Aksara Pasangan
- Aksara Pasangan ngisor gandeng (NyaWa NaDa)
... ... ... ...
Nya Wa Na Da
- Aksara Pasangan ngisor ilang (KaTaLa)
... ... ...
Ka Ta La
- Aksara Pasangan ngisor wutuh (RaGa NgaYa)
... ... ... ...
Ra Ga Nga Ya
- Aksara Pasangan ngisor rena-rena (MaCa DhaTha BJ)
... ... ... ... ... ...
Ma Ca Dha Tha Ba Ja
- Aksara Pasangan sisihe (Ha SaPa)
... ... ...
Ha Sa Pa
24
Ayo ditindake!
1. Ayo tulisan sing ana ing ngisor iki diowahi dadi tulisan ing aksara Jawa
1. panen jagung 6. kurungan pitik
2. bukak lawang 7. cungkup
3. saben dina 8. klapa ijo
4. sajen manten 9. karangtalun
5. gethok tular 10. wayang golek
Wangsulan bisa dikirim ing https://s.id/kagiyatan1bjawa utawa kanthi cara klik
tombol ing ngisor iki,
25
GLADHEN 1
Amarga sampun nyinaoni piwulangan ing ekaparwa kanthi runtut coba gladhen
ing ngisor iki dikerjakake
Gladhen iki bisa dikerjakane wonten ing kene
utawa diklik tombol iki
1. Sawijine aksara sing digunakake masyarakat Jawa kanggo nulis basa Jawa iku
diarani ...
a. Aksara Latin
b. Aksara Bali
c. Aksara Jawa
d. Aksara Hiragana
e. Aksara Arab
2. Aksara Jawa nduweni perangan werna-werna, aksara Jawa sing cacahe 20 iku
diarani aksara Legena, dene aksara sing minangka pasangane saka aksara
Legena diarani ...
a. Aksara Wilangan
b. Aksara Rekan
c. Aksara Swara
d. Aksara Sandhangan
e. Aksara Pasangan
3.
Aksara legena sing digunakake ing tulisan iku cacahe ana ....
a. 11
b. 10
c. 9
d. 8
e. 7
26
4.
Aksara Pasangan apa wae sing digunakake ing tulisan iku...
a.
b.
c.
d.
e.
5.
Aksara Sandhangan apa wae sing digunakake ing tulisan iku ...
a.
b.
c.
d.
e.
6.
Menawa wonten tulisan kaya ing ndhuwur iku bisa di andharake menawa
aksara Jawa sing digunakake iku cacahe ana ...
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13
e. 14
7. Coba perangan aksara Jawa sing ana ing ngisor iki aksara Apa sing cacahe
paling akeh dhewe......
a. Aksara Legena
b. Aksara Murda
c. Aksara Swara
d. Aksara Rekan
e. Aksara Wilangan
27
8. Aksara sandhangan digunakake kanggo nulis aksara Jawa sing nduwen vokal i,
u, e ,e, o. Nalika arep nulis tembung “Taling” nggunakake aksara sandhangan
...
a. taling
b. taling tarung
c. pepet
d. wulu
e. suku
9. Ani minangksa siswa ing SMK PGRI 2 Kediri, dina iki mau nyinaoni aksara
Sandhangan lan aksara pasangan. Ani kebagian nulis aksara sandhangan sing
nggunakake sandhangan wyanjana. Kira-kira tembung sing bisa ditulis Ani
yaiku ...
a. Pak Kyai
b. mobal
c. gandeng
d. gathuk
e. thuthuk
10. Tembung sing kaya iku nggunakake aksara sandhangan sing
diarani aksara sandhangan .....
a. Swara lan wyanjana
b. Swara lan panyigeg
c. Wyanjana lan panyigeg
d. Pasangan lan swara
e. Pangkon lan wulu
Amarga kabeh sampun kasil anggone nyinaoni Eka Parwa iki ana
bebana awujud sertifikat sing dikirim ing email sing digunakake
kanggo ngerjakake gladhen 1 ing ndhuwru iku mula kabeh bsbisa di
cek emaile
28
Tata tulis tembung nggunakake
Aksara Jawa
Kompetensi Dasar
3.5 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis
teks beraksara Jawa/ Carakan Madura sesuai
kaidah.
Indikator
3.5.2 Mengelompokkan tata tulis aksara Jawa
/carakan Madura sesuai dengan fungsinya.
Materi sing Bakal disinaoni
Tata tulis Sandhangan ing Tembung
Tata tulis Aksara Legena lan
Aksara Pasangan ing Tembung
Tata tulis Aksara Jawa
ing tembung Rimbag
29
Fakta ngenani Aksara Jawa
Aksara Jawa wis ana wiwit tahun 1250 Masehi nalika iku isih ana
Kerajaan Majapahit
Aksara Jawa minangka aksara Jawa sing paling endah miturut
matadornetwork.com kanthi urutan no 5
Aksara Jawa nduweni font digital sing diarani hanacaraka lan bisa
nulis hanacara kanthi online ing situs www.sastra.org
Aksara Jawa saiki wis digunake kanggo menehi tandha utawa
tetenger sawijine papan utamane papan wisata
Aksara Jawa saiki akeh digawe kaligrafi lan diagunakake kanggo
oleh-ole, hadiah, utawa mahar manten
30
Ayo didelok video ngenani aksara Jawa sing ana ing ngisor
iki!
Aksara Jawa iku nduweni maneka werna aksara lan uga amneka werta tata
tulis lan aturan. Tata tulis sing ana ing aksara Jawa iku gumantung marang pigunane
kanggo nulis aksara. Tata tulis ing aksara Jawa iku digunakake kanggo nggawe
kaendahane tulisan nalika nggunakake aksara Jawa kanggo nulis. Uga kanggo
nggampangake kanggo nulis aksara Jawa.
Tata Tulis Sandhangan
..
Sadurunge wis dibahas ngenani aksara Jawa lan panulisane aksara sandhangan
kanthi ringkes. Kaya sandhangan sing panulisane ing ndhuwure aksara uga ana ing
sisihe lan ana ing tengahe aksara Jawa.
1. Aksara Sandhangan ing Aksara Legena
a. Panulisane ing ndhuwure aksara legena
Aksara sandhangan yen digawe nulis ing aksara legena iku nduweni 3 aturan
utawa posisi yaiku ana ing ngisore aksara legena, ana ing sisihe aksara legena lan
ana ing ndhuwure aksara legena.
31
Sandhangan wulu, pepet, layar, lan cecek iku minangka aksara sandhangan
sing panulisane ana ing ndhuwure aksara legena
Tuldhane: →
Sejajar layar kiwa
Sangkan paraning dumadi →
b. Panulisane ing sisihe aksara legena
Banjur menawa aksara sandhangan kaya taling, taling tarung, wygnyan,
pangkon, lan pengkal panulisane ing aksara legena ana ing sisihe aksara, sisihe ana
loro yaiku ing ngarepe lan ing burine utawa ing ngarep lan burine. Kaya ing tuladha
ngisor iki,
Kalorone kabeh. →
Tumbas wos, gendhis, tigan. →
c. Panulisane ing ngisore aksara legena
Kang pungkasan yaiku aksara sandhangan sing panulisane ing ngisore aksara Jawa.
Kaya aksara suku, cakra, lan keret, panulisane aksara sandhangan iku ana ing ngisore
aksara sandhangan. Tuladhane,
Cakranipun Kresna →
Krungu swara kuthuk →
32
pepet yen ketemu aksara cecek, menawa aksara pepet ketemu karo aksara cecek,
aksara cecek kudu mlebu ing aksara pepet, iki digunakake kanggo sarana
kaendahan lan uga supaya tulisan aksara Jawa katon rapi lan ringkes.
Tuladhane : →
Sugeng midangetaken
katulis
ora kena katulis →
cakra ketemu suku, panulisane aksara suku digabung aksara cakra, dadi nulis suku
dhisik banjur dibacutake kanggo nulis aksara cakra, kaya tuladha ing ngisor iki
Tuladhane: →
Ali dikabruk pitik
katulis
ora kena katulis →
→
33
2. Aksara Sandhangan ing Aksara Pasangan
Aksara sandhangan yen ditulis ing aksara pasangan uga nduweni aturan lan tatanan
supaya dadi endahe lan bisa diwaca kanthi gampang.
a. Aksara sandhangan bisa ditulis ing ngarepe aksara sing dadi pasangane aksara ha,
sa, pa utawa aksara mati sing ana ing ngarepe aksara ha, sa, lan pa. Kaya tuladha
Aksara minangka aksara mati lan aksara minangka aksara pasangan.
Aksara sandhangan sing ana ing pasangan ha, sa, pa kaya dene suku, wulu, pepet,
cecek, cakra, keret, pengkal lan layar.
Tuladhan:
Peksi Maksud Ampyan
Sandhangan sing ana ing aksara legena (aksara mati) kaya dene taling, taling tarung
Nalika nulis “numpak pedah”
kudu katulis →
ora oleh katulis →
Nalika nulis “mangan soto” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
34
b. Aksara sandhangan ditulis ing sisihe lan ngapit aksara pasangan lan uga aksara
sing dipasangi, iki kaya dene nulis aksara sandhangan sing ngapit aksara, kaya ing
ngisor iki (taling tarung)
Nalika nulis “bakal tobat” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
c. Aksara sandhangan ditulis ing ngisore aksara pasangan utawa gabung karo aksara
pasangan yen aksara sandhangan kasebut panulisane ing ngisore aksara. (suku,
cakra, keret, pengkal)
Menawa nulis “sluku bathok”
kudu katulis →
ora oleh katulis →
d. Aksara sandhangan panulisane ing ndhuwure aksara sing dipasangi yen aksara
pasangane panulisane ing ngisore akara pasangan (wulu, pepet, cecek, lan layar)
Nalika nulis “bakul beras” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
Tata Tulis Aksara Pasangan
.
Sawise nyinaoni lan mangerteni ngenani aksara pasangan sing cacahe padha
karo aksara legena yaiku 20 Aksara, saiki wis wancine kanggo mangerteni tata tulis
lan aturane kanggo nulis aksara pasangan sing ana ing tembung. Kanggo mangerteni
panulisane aksara pasangan iku diperang dadi maneka werna lan rupa menawa
panulisane ing tembung.
1. Aksara Pasangan Ka. Ta. La
35
Aksara psangan ka, ta, lan la minangka aksara pasangan sing ditulis ing
ngisore aksara lan panulisane diilangi salah siji sikile utawa garise. Nanging nalika
aksara pasangan ketemu aksara sandhangan sing panulisane ing ngisore aksara,
aksara pasangan ka, ta lan la balik maneh kaya wujud asline lan sikile (garise) ora
diilangi nanging digandeng karo aksara sandhangane.
Tuladha: → Ninggal Kutha
Aksara ...
Katulis →
Ora Katulis →
Aksara ... → Wiwit tukul
Katulis →
Ora Katulis →
Aksara ... → Bluluk klapa
Katulis →
Ora Katulis →
Aksara Pasangan KaTaLa iku yen oleh sandhangan suku, cakra, keret, lan pengkal
owah mali dadi wutuh lan pada kaya aksara awale.
36
Aksara ... Oleh Sandhangan Owah dadi
Aksara ...
Aksara ... Suku ...
Cakra
Keret ...
Pengkal
...
2. Aksara Pasangan le lan re
Aksara le lan re minangka aksara khusus sing ana dhewe lan beda karo aksara
liyane. Kanggo nulis aksara pasangan re iku ana aksara pasangane kaya mangkene,
Aksara wujud yen dadi pasangan
Tuladhane : Wawanrembug →
Aksara wujud yen dadi pasangan ...
Tuladhane : Wawanrembug →
3. Aksara Pasangan luwih saka siji (pasangan tumpuk)
Panulisan aksara pasangan sing luwih saka siji utawa pasangan tumpuk ora
oleh. Amarga iku bakal ngilangi kaendahane panulisan aksara Jawa. Mula kanggo
nulis pasangan tumpuk iku nggunakake aturan, siji aksara mati sing ana ing ngarep
dhewe kudu diwenehi sandhangan pangkon, kaya mangkene
Nalika nulis “Bluluk Klapa” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
Banjur maneh nalika nulis “Mangan kwaci”
37
kudu katulis →
ora oleh katulis →
4. Tata tulisa aksara nj lan nc
Nalika ana aksara n ketemu karo aksara ja lan ca panulisane aksara n kudu
owah dadi aksra ny. kaya ing ngisor iki
Tulisan “Banjir Bandang” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
Tulisan “Bocah Lancang” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
Tata tulisa kaya ing ndhuwur iku mung bisa katulis menawa aksara (na
sigeg/na mati) ketemu aksara (ca pasangan) ... utawa aksara (ja pasangan)
...ing satembung utawa tunggal, nanging yen beda tembung katulis kaya lumrahe
Kaya dene “Bahan cendol” →
kudu katulis
ora oleh katulis →
Maneh nalika nulis “Wajan Jenang”
38
kudu katulis →
ora oleh katulis →
Panulisane Tembung Rimbag
..
Sawise nyinaoni ngenani tata tulis aksara pasangan lan aksara sandhangan sing
ana ing ndhuwur iku saiki wayahe nyinaoni panulisane aksara jawa miturut rimbage
utawa anane rimbag ing tembung.
1. Ater-ater Anuswara
Menawa ana tembung andhahan sing nggunakake ather-ater anuswara kaya
dene n, m, ng, ny iku nduweni tatanan kaya mangkene,
a. Menawa ater-ater anuswara iku ing purwaning luluh (awal luluh) mula panulisane
ora perlu nganggo aksara (ha) bisa langsung katulis n, m, ng, utawa ny. Tetenger
menwa tembung linggane iku gabung karo ater-ater lumrahe kedadeyan ing
tembung sing purwane vokal utawa k, p, t, lan s. Kaya ing tuladha,
Nyekar →
Ngangsu →
Mrananta →
b, Menawa ater-ater kasebut ing purwaning tembung ora luluh panulisane kudu
nggunake tembung (ha) a ing purwaning tembung.
Ndadar →
Mbuwang →
Ndulang →
2. wuwuhan kake/ake
39
Panulisane tembung sing oleh wuwuhan ake/kake panulisane kudu kaya ing
ngisor iki
gabungake →
bacutake →
nanging yen ing ukara kang karimbag iku nduweni pungkasan k bisa katulisa kaya ing
ngisor iki
menakake →
dibalekake →
3. wuwuhan e/ne/a
Menawa ana tembung sing oleh wuwuhan e/ne panulisane kudu kaya ing
ngisor iki
a. Menawa tembung sing dipungkasi kanthi aksara vokal iku panulisane wuwuhan ne
klambine →
gulune →
banyune →
b. Menawa tembung sing dipungkasi kanthi aksara konsonan panulisane e
rembuge →
rambute →
c. Menawa tembung oleh wuwuhan a yen dipungkasi dening konsosonan ditulis apa
aksara sigege (aksarane sigeg tangkep) nanging menawi kapungkasan dening
aksara vokal (menga) kedah katulis kepriye anggone macane.
40
arahna →
elinga →
mingata →
Menawa aksara ing pungkase vokal kedah katulis,
lungaa →
slukua →
balia →
Anggone nulis aksara Jawa iku pancen nduweni tata tulis sing kudu
ditrapake ing panulisan aksara Jawa, Ayo para siswa kanggo luwih
mangerteni kepriye panulsiane aksara Jawa ing tembung bisa
nindakake dolanan ing s.id/game2moksa
41
Ayo dijenengi apa sing wis disinaoni
Tata Tulis Aksara Pasangan
1. Aksara pasangan iku anggone nulis nduweni tatanan sing diarani
“SETYA utawa MATI”
SETYA, saben aksara Jawa mung bisa nduweni siji pasangan wae
manawa ana tembung utawa kumpulane tembung sing nduweni
pasangan luwih saka siji salah siji pasangane kudu diwenehi
sandhangan pangkon (dipateni)
MATI, Aksara pasangan katulis sawise aksara mati (konsonan).
2. Ana maneh aturan utawa tatanan sing diarani “BleWah”
BALEK Asale kanggo aksara pasangan Ka, Ta, lan La yen oleh
sandhangan suku, cakra, keret lan pengkal
OWAH dadi aksara Nya yen ana aksara Na mati ketemu Ca utawa Ja
ing satembung
3. Aksara Jawa iku anggone nulis apa sing diucapake mua nduweni
aturn sing diarani “POCAP (aPA sing kumeCAP)”
42
Ayo ditindakake!
Kanggo luwih mangerteni maneh ngenani tata tulis ing piwulangan sadurunge
coba ditindakake kagiyatan ing kene,
Pituduh kagiyatan
1. Kanthi nggunakake tembung sing katulis kanthi aksara Jawa coba tindakna
tumindak kanthi nganalisis cacahe aksara sandhangan sing digunakake ing
saben tembung sing ana ing ngisor iki
a. cacahe ana ..... yaiku aksara sandhangan ......
b. cacahe ana ..... yaiku aksara sandhangan ......
c. cacahe ana ..... yaiku aksara sandhangan ......
d. cacahe ana ..... yaiku aksara sandhangan ......
e. cacahe ana ..... yaiku aksara sandhangan
......
2. Sawise iku banjur nata aksara sandhangan adhedhasar posisine menawa
digunakake kanggo nulis tembung utawa ing aksara pasangan.
3. Tumindak ingkang nomor 2 bisa ditindakake ing kene utawa di klik tombol
iki
43
GLADHEN 2
Amarga sampun nyinaoni piwulangan ing ekaparwa kanthi runtut coba gladhen
ing ngisor iki dikerjakake
Gladhen iki bisa dikerjakane wonten ing kene
utawa diklik tombol iki
1.
Tembung sing ana ing nduwur iku nggunakake sandhangan swara lan
sandhangan panyigeg, uga wonten pasangane. Sing diarani sandhangan
panyigeg saka tembung iku nduweni fungsi kanggo ....
a. kanggo menehi swara sigeg “r”
b. kanggo menehi swara sigeg “h”
c. kanggo menehi swara sigeg “ng”
d. kanggo mateni aksara
e. kanggo nambahi swara “ra”
2. Aksara sing nggunakake aksara sandhangn wyanjana saka tembung sing ana
ing ngisor iki yaiku ....
a.
b.
c.
d.
e.
44
3. Aksara pasangan sing panulisane wonten ing sisihe aksara iku kaya aksara ha,
sa, pa wujude panulisan aksara ha, sa, pa sing bener saka tembung ing ngisor
iki yaiku ...
a.
b.
c.
d.
e.
4. Aksara pasangan sing digunakake kanggo nulis tembung “Sumlorot” iku
nggunakake aksara pasangan.... lan mapane (posisine) ana ing .... aksara.
a.
b.
c.
d.
e.
5. Aksara pasangan sing digunakake kanggo nulis tembung “Sambang Kampung”
iku aksara pasangan ....
a.
b.
c.
d.
e.
45
6. Aksara Pasangan sing digunakake kanggo nulis tembung “Ricik-ricik” iku
aksara sing panulisane pada karo aksara pasangan ....
a.
b.
c.
d.
e.
7. Panulisane tembung sing nggunakake aksara pasangan sing ana ing sisihe yaiku
tembung ....
a. hapsari d. priyayi
b. gumregah e. krucil
c. kemlawe
8. Aksara pasangan sing digunakake kanggo nulis tembung “Kampung” iku
panulisane pada karo aksara pasangan sing digunakake kanggo tembung ...
a. kemaki d. klamutan
b. slawe e. kwalon
c. lempeng
9. Nalika nulis aksara Jawa menawa ana aksara mati ing pungkasane aksara,
kudu dipungkasi kanthi tanda (tetenger).....
a. d.
b. e.
c.
10.Wujude pata (tetenger) pada lungsi yaiku ....
a. d.
b. e.
c.
Amarga kabeh sampun kasil anggone nyinaoni Dwi Parwa iki ana
bebana awujud sertifikat sing dikirim ing email sing digunakake
kanggo ngerjakake gladhen 2 ing ndhuwur iku mula kabeh bisa di
cek emaile
46
Tata tulis ukara lan paragra nggunakake
Aksara Jawa
Kompetensi Dasar
4.5 Menyusun paragraf menggunakan aksara Jawa
/ carakan Madura sesuai kaidah .
Indikator
4.5.1 Menulis kalimat menggunakan aksara Jawa
/carakan Madura sesuai kaidah.
4.5.2 Menulis Paragraf menggunakan aksara Jawa
sesuai kaidah
Materi sing Bakal disinaoni
Tata tulis ukara nggunakake
Aksara Jawa
Tata tulis paragraf utawa teks
nggunakake Aksara Jawa
47
Kaligrafi saka aksara Jawa iku wis akeh tinemu ing
masyarakat lan digawe hiasan kanggo nambahi kaendahane
ruangan utawa papan. Mula ayo kabeg sianu aksara Jawa
supaya aksara Jawa tetep lestari lan uga tetep
digunakake. Kaendahane aksara Jawa ora kalah karo
aksara liyane
48
Ayo didelok video ngenani aksara Jawa sing ana ing ngisor
iki!
Wonten ing perangan sadurunge sampun ngandharake ngenani tata tulis
aksara Jawa nalika kanggo nulis tembung. Maneka werna tatanan lan uga pada
(tetenger) sing wis kaandharake ing ndhuwur utawa ing perangan sadurunge iku bisa
digunakake kanggo nulis tembung utawa ukara.
Tandha (tetengere) ukara nalika nulis aksara Jawa
. Ukara iku minangka kumpulaning tembung sing rumaket dadi siji lan digabung
supaya nduweni sawijine makna tartamtu. Kanggo nulis aksara Jawa menawa dadi
ukara kudu migatekake anane tanda (tetenger) kaya dene aturane sing wis ana.
1. Panulisan aksara Jawa iku kawiwitan kanthi tandha (tetenger) adeg-adeg ? kaya
dene anggone nulis ukara sing ana ing ngisor iki,
“Kresna aweh pitutur marang para pandhawa.”
49
“Piwulangan basa Jawa kanggo nglestarekake Basa Jawa.”
“Pandhawa iku sedulur lima sing jenenge puntadewa, bima, arjuna, nakula lan
sadewa.”
2. Panulisan aksara Jawa dipungkasi kanthi tandha (tetenger) pada lungsi ( ) utawa
pangkon lan pada lingsa ( ) kaya dene panulisan ing ngisor iki.
“Perang bratayudha dimenangake dening Pandhawa.”
“Nalika nulis aksara Jawa kudu trep karo tata tulis.”