The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ambarisna94, 2022-12-11 22:36:59

Modul Bahasa Jawa Gasal fix

Modul Bahasa Jawa Gasal

MODUL

BASA JAWA

Kangge Siswa SMA/SMK Kelas X
Semester 1

Muhamad Nur Halim



MODUL BASA JAWA

Kangge Siswa SMA/SMK Kelas X Semester 1
Copyright ©

Penulis : Muhamad Nur Halim
Editor : Didik Cahyadi, S.Pd

Hak cipta dilindungi oleh undang-undang
Dilarang mengutip atau memperbanyak sebagian atau seluruh isi buku ini tanpa seijin
tertulis dari penerbit

Atur Sapala

Puji sokur Alhamdulillah konjuk dumateng ngarsa panjenenganipun Gusti Allah
ingkang Maha Kuwasa, dene awit sih lan welasipun buku menika saged dumugi
ing asta panjenengan sedaya.

Buku menika inggih buku basa Jawi ingkang dipunkhususaken dateng lare siswa
kelas X SMA/MA/SMK semester ganjil. Ananging, mboten wonten larangan
menawi para kadang sutresna basa, mliginipun basa Jawi yen badhe sesarengan
nggulawentah saha sinau sesarengan kaliyan buku menika.

Buku kanthi irah-irahan modul basa Jawi menika kaserat adhedhasar nilai-nilai
karakter ingkang dipunsengkuyung kalian pamerentah ing wekdal menika. Nilai-
nilai karakter kalawau nyawiji wonten ing kompetensi inti, kompetensi dasar,
materi saha evaluasi.

Estunipun, minangka gawean manungsa, temtunipun buku menika tasih tebih
saking kasampurnan. Pramila, sedaya panyaruwe estu diputengga murih saenipun
buku menika.

Nuwun.

Daftar Isi

Atur Sapala---------------------------------------------------------------------------- iii
Daftar Isi ------------------------------------------------------------------------------- iv
Peta Konsep & Pedoman Modul------------------------------------------------ v
Sinau Pupuh Pangkur Serat Wedhatama
1
A. Serat Wedhatama ------------------------------------------------------- 1
B. Apa iku Tembang Macapat? ------------------------------------------ 4
C. Trap-Trapan Nulis Tembang Macapat ------------------------------ 7
D. Nggancarake Tembang Pangkur ------------------------------------- 7
Gladhi Mandhiri -------------------------------------------------------------
Cerita Cekak 10
A. Apa iku Cerkak? ---------------------------------------------------------- 10
B. Titikane Cerita Cekak --------------------------------------------------- 10
C. Strukture Cerkak --------------------------------------------------------- 12
D. Nilai-nilai Sajeroning Cerita cekak ---------------------------------- 12
E. Ngringkes Cerita Cekak ------------------------------------------------- 15
F. Nyunting Sinopsis -------------------------------------------------------- 15
Gladhi Mandhiri -------------------------------------------------------------
Sinau Pawarta 20
A. Pangertene Pawarta ---------------------------------------------------- 20
B. Ciri-ciri Teks Pawarta --------------------------------------------------- 20
C. Perangan Pawarta ------------------------------------------------------- 21
D. Unsur-unsur Pawarta --------------------------------------------------- 21
E. Teknik Maca Pawarta --------------------------------------------------- 24
Gladhi Mandhiri -------------------------------------------------------------
Deskripsi Omah Joglo: Perangane, Jinise lan Filosofine 29
A. Apa iku teks Deskripsi? ------------------------------------------------- 29
B. Deskripsi Omah Joglo: Perangane, Jinise lan Filosofine ------- 34
Gladhi Mandhiri -------------------------------------------------------------
Aksara Jawa 37
A. Aksara Nglegena lan Pasangane ------------------------------------- 37
B. Sandhangan --------------------------------------------------------------- 39
C. Sandhangan Manda Swara -------------------------------------------- 41
Gladhi Mandhiri ------------------------------------------------------------- 43
Gladhi Ujian Akhir Semester --------------------------------------------- 51
Daftar Pustaka -----------------------------------------------------------------------

Peta Konsep & Pedoman Modul

Peta Konsep

Sinau Pupuh ->->-> A. Serat Wedhatama
Pangkur Serat B. Apa iku Tembang Macapat?
Wedhatama C. Trap-Trapan Nulis Tembang Macapat
D. Nggancarake Tembang Pangkur
Cerita Cekak
A. Apa iku Cerkak?
Pawarta
->->-> B. Titikane Cerita Cekak
->->-> C. Strukture Cerkak
D. Nilai-nilai Sajeroning Cerita cekak
E. Ngringkes Cerita Cekak
F. Nyunting Sinopsis
A. Pangertene Pawarta

B. Ciri-ciri Teks Pawarta
C. Perangan Pawarta
D. Unsur-unsur Pawarta
E. Teknik Maca Pawarta

Omah Joglo ->->-> A. Apa iku teks Deskripsi?
B. Deskripsi Omah Joglo: Perangane, Jinise lan
Filosofine

Aksara Jawa ->->-> A. Aksara Nglegena lan Pasangane
B. Sandhangan
C. Sandhangan Manda Swara

Pedoman Modul

1. Kangge Siswa
Saderenge maca modul iki, luwih becik yen kita:
a. Maca donga sesarengan
b. Ngadohake alangan nalika sinau modul ini
c. Nyepakake alat tulis sing diperlokake
d. Bebarengan gladhi karakter kejujuran tuwin kapinteran. Ora pareng
nyonto asil jawaban kanca teparo anggone nggarap soal latihan.
e. Kudu nduweni komitmen nalika sianu modul iki. Yen durung paham,
bisa takon marang kanca, utawa guru pengampu mata pelajaran iki.
f. Niti langkah sing wis tumata. Ora pareng nrobos tengah dalan. Tegese,
modul iki kudu runut saka bab awal tumeka bab akhir

2. Peran Guru
Yen nemu kangelan nalikane nggunakake modul iki, kasumanggakake
diskusi kalian kanca sajawat, utawa marang guru mata pelajaran Bahasa
Jawa.



Sinau Pupuh Pangkur
Serat Wedhatama

A. Serat Wedhatama

Serat Wedhatama yaiku salah sawijining serat basa Jawi kuna sing terkenal.
Utamane ing dunya pendhidhikan, serat iki mligi disinauni minangka materi pelajaran
kangge siswa SMA.

Serat Wedhatama diserat taun 1850an. Serat Wedhatama ditulis awujud tembang
macapat sing cacahe ana 100 pada. Jumlah 100 pada mau kabagi dadi 5 Pupuh.
Kalima Pupuh kasebut yaiku Pupuh Pangkur, Pangkur, Pocung, Gambuh lan
Kinanthi. Pupuh Pangkur nduweni 14 pada, Pupuh Pangkur nduweni 18 pada, Pupuh
Pocung nduweni 15 pada, Pupuh Gambuh nduweni 35 pada lan pungkasan Pupuh
Kinanthi nduweni 18 pada.

B. Apa iku Tembang Macapat?

Macapat yaiku salah sawijining tembang saking tlatah Jawi, sing diserat lan
diwaca nganggo patokan/paugeran. Macapat uga disebut maca papat-papat. Saliyane
ing Jawa, tembang macapat uga ana ing dhaerah Bali, Sasak, Madura, Sunda. Dene
ing daerah Palembang lan Banjarmasin uga sampun nate dipunpanggihaken macapat.

Ing jaman Mataram, teks-teks kasusastran klasik biasane ugi diserat mawi
metrum/gaya macapat. Tuladhane serat Kalatidha, Wedhatama. Wulangreh, lsp.
Tembang macapat nggadhahi paugeran tinamtu.

1. Pangertene Tembang Pangkur
Pangkur yaiku salah sawijining tembang kang kaemot ana ing Serat Wedhatama

anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat
Wedhatama kasebut ngemot limang tembang kanthi urutane yaiku Pangkur, Pangkur,
Pucung, Gambuh, kinanthi.

Ngomongke tembang, mboh iku tembang pangkur utawa tembang liyane, kita ora
bisa luput saka paugerane tembang. Apa iku paugerane tembang? Paugeran tembang
yaiku aturan pokok utawa baku sing ora oleh diubah nalikane nulis tembang. Patokan
kasebut ana 3, yaiku guru lagu, guru wilangan lan guru gatra. Sabe tembang nduweni
aturan sing beda.
1. Guru Gatra yaiku cacahing larik utawa gatra saben sapada. Guru gatra tembang

pangkur cacahe ana 7 baris.
2. Guru Lagu yaiku dong-ding utawa tibaning swara ing pungkasane gatra. Ing Basa

Indonesia guru lagu sinebut saja utawa irama. Tuladhane:
Angkara nduweni guru lagu A
Siwi nduweni guru lagu I
Kidung nduweni guru lagu U

Modul Basa Jawa SMA/SMK 1

Sinukarta nduweni guru lagu A
3. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. Tuladha:

Ming/kar/ming/kur/ing/Ang/ka/ra/ ----- > 8 guru wilangan.
A/ka/ra/na/ ka/ra/nan/ mar/di/ si/wi ----- > 11 guru wilangan
Si/na/wung/ res/mi/ning/ki/dung ----- > 8 guru wilangan
Si/nu/ba/ si/nu/kar/ta ----- > 7 guru wilangan
Mrih/ kre/tar/ta/ pa/kar/ti/ning/ ngel/mu/ lu/hung ----- > 12 guru wilangan
Kang/ tum/rap/ neng/ ta/nah/ Ja/wa ----- > 8 guru wilangan
A/ga/ma/ a/ge/ming/ a/ji ----- > 8 guru wilangan

2. Makna tembang Pangkur
Pangkur iku nduweni mangsa antara yuswa pensiun. Pangkur artine padha karo

mungkur, mundur. Ing taun iki, manungsa kudu nyedhak Gusti Allah. Mendekatkan
diri kepada Tuhan. Kabeh bab kadunyan wiwit diculke. Anane mung ngibadah lan
ngibadah. Dheweke wis lepas saka mikir kadunyan.

3. Tuladha tembang Pangkur Serat Wedhatama
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karanan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.

Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi.

4. Negesi Tembung Angel ing Tembang Pangkur

No Tembung Teges/Makna

1 Mingkar mingkuring ngelak, endha

angkara angkara, barang ala

Akarana karanan karana, sebab, jalaran

mardi siwi siwi (anak)

Sinawung dibarengke

resmining kidung endahe tembang

Sinuba dipaes

Modul Basa Jawa SMA/SMK 2

Sinukarta didandani

Mrih kretarta supaya bisa mahami

pakartining ngelmu luhung sejatine hakikate ilmu luhur

Kang tumrap trap

neng tanah Jawa, ing pulo jawa

Agama ageming aji. agama dadi ageman (klambi)

2 Jinejer neng Wedatama disuguhke ing (serat) Wedhatama

Mrih tan kemba supaya ora luntur

kembenganing pambudi kembanging ilmu

Mangka nadyan Najan

tuwa pikun tuwa pikun

Yen tan yen ora

mikani rasa, duweni rasa

yekti sepi asepa mesti sepi, sepa (ora ana rasane)

lir sepah, kaya ampas

samun muspra

Samangsane pasamuan nalikane kumpul

Gonyak ganyuk. ketok bodho

nglilingsemi ngisin-isini

3 Nggugu nuruti

karsaning priyangga, karepe dhewe

Nora nganggo peparah ora nganggo timbangan

lamun angling, yen ngomong

Lumuh nesu / ora gelem

ing ngaran balilu, diarani bodho

Uger mung, namung

guru aleman, luru/ nggolek alem (pujian)

Nanging janma tapi manungsa

ingkang wus waspadeng semu sing wis mumpuni bab semu

Sinamun ing samudana, samar, ora ketingal

Sesadon ingadu manis ketok nengsemake

4 Si pengung si bodho

nora nglegawa, ora nyadar

Sangsayarda tambah ndadi

deniro cacariwis, olehe omongan

Ngandhar-andhar nglantur

angendhukur, aneh, sembarangan

Kandhane nora kaprah, omongane ora kaprah

saya elok tambah aneh

alangka longkanganipun, ora ana mandhege

Si wasis, sing pinter

waskitha ngalah cerdas lan ngalah

Modul Basa Jawa SMA/SMK 3

Ngalingi ngadhangi/ nutupi aib
marang si pingging marang si bodho

C. Trap-Trapan Nulis Tembang Macapat
Cara Panulise tambang Macapat Pangkur kaya ing ngisor iki!

a. Nemtokake Wataking Tembang
Ing babagan menika, minangka trap-trapan sepisanan nembang macapat. Awit

nemtokaken watak tembang, gegayutan kaliyan jinisipun tembang macapat.
b. Nemtokaken Pamilihan Tembung

Kados dene nyerat karya sastra sanesipun, panyeratan tembang macapat ugi milih
tembung ingkang nggadhahi kaendahan/ estetika supados karya menika nggadhahi biji
ingkang sae.
c. Nemtokaken Jinise Tembang Macapat

Nemtokaken jinise tembang macapat ingkang kedah dipunjumbuhaken kaliyan
underanipun. Jinisipun tembang macapat sampun wonten pathokan ingkang baken,
inggih menika guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Pramila, trap-trapan menika
sampun cetha anggenipun bakal nyerat tembang macapat.

Supaya tembang macapat ora mboseni, perlu anane imbuhan utawa variasi
tembung ing sajerone tembang. Imbuhan kasebut antarane yaiku ater-ater,
panambang, seselan, tembung garba, tembung dwilingga lan purwakanthi.

 Ater-ater
Ater-ater yaiku imbuhan awujud wanda kang manggon ana ing ngarep

tembung lingga. Jenis ater-ater ana 3, yaiku.
 Ater-ater anuswara (n, m, ny, ng). Ater-ater iki gunane ngubah tembung

lingga dadi tembung kriya.
Tuladha:
ny + sapu dadi nyapu
n + tulis dadi nulis
ng + langi dadi nglangi

 Ater-ater tripurusa (dak, ko, di). Ater-ater tripurusa nduweni fungsi minangka
tembung sesulih aku (dak) kowe (ko) lan dheweke (di). Tuladha:
dak+tulis dadi daktulis
tak+tulis dadi taktulis
ko+pangan dadi kopangan
mbok+pangan dadi mbokpangan
di+pancing dadi dipancing

 Ater-ater liyane kaya sa, pa, pi, ka, kuma, kami, a, ma, lan sapanunggalane.
Tuladha:
satus -->> sa + atus

Modul Basa Jawa SMA/SMK 4

panulis -->> pa + nulis
pituduh -->> pi + tuduh
kapidek -->> ka + pidek
kumawani -->> kuma + wani
kamitenggeng -->> kami + tenggeng
amasah -->> a + masah
manepi -->> ma + nepi

 Panambang
Panambang yaiku imbuhan arupa wanda kang mapan ana ing pungkasane

tembung lingga. Jenis panambang ana akeh, antarane yaiku –a, -ke, -an, -e, -pun.
Tuladha:
mulih+a dadi muliha
gawa+an dadi gawan ----- > termasuk dalam tembung garba.
dhuwit+e dadi dhuwite

 Seselan
Seselan utawa sisipan. Seselan sajerone basa jawa mung ana 2, yaiku -in-

lan -um-. Biasane seselan mapan sawise wanda sepisan tembung lingga. Cara
gampang ngerteni tembung iku oleh seselan, yaiku kudu mengerteni tembung
linggane. Tuladha:

tinulis == > in + tulis.
tinimbang == > in + timbang.
sinuksmaya == > in + suksmaya
tumrap == > um + trap
tumiba == > um + tiba
tumungkul == > um + tungkul

 Tembung Garba
Tembung garba bisa dipahami minangka lesape 2 hurup vokal dadi siji.

Tembung garba bisa dumadi saka rong tembung utawa tembung karo imbuhan.
Tembung Garba nduweni rumus:

a + a dadi a
a + i dadi e
u + a dadi o
Tuladha
jiwa + angga dadi jiwangga
pa + temu + an dadi patemon
ka + ider + an dadi kederan.

 Tembung Dwilingga

Modul Basa Jawa SMA/SMK 5

Tembung dwilingga yaiku tembung kang dibaleni pangucapane. Sing
dibaleni bisa satembung utuh utawa mung sebagian. Tembung dwilingga ana 5
jenis, yaiku:
 Dwilingga padha swara yaiku tembung kang dibaleni satembung wutuh tanpa

ngubah konsonan/vokale. Tuladha: lagu-lagu, nyanyi-nyanyi.
 Dwilingga salin swara yaiku tembung kang dibaleni satembung wutuh

nanging ana sing owah. Bisa konsonane utawa vokale. Tuladha: mrana-
mrene, tura-turu, nguri-uri, lsp.
 Dwilingga semu yaiku tembung dwilingga yen kelangan salah siji tembunge
ora ana maknane. Tegese, pangucapane kudu utuh. Ora kena mung siji tok.
Tuladha:
a) ondhe-ondhe. Yen tembung ondhe diilangi siji, tembung ondhe ora

nduweni makna.
b) riwa-riwi. Yen tembung riwi utawa riwa diilangi siji, tembung kasebut ora

ana maknane.
 Dwiwasana yaiku tembung dwilingga sing dibaleni wanda pungkasane.

Tuladha:
a) bluluk (kelapa garing sing tiba) saka tembung bluk.
b) cengenges saka tembung cenges
c) cekakak saka tembung cekak
 Dwipurwa yaiku tembung dwilingga sing dibaleni wanda ngarepe. Tuladha:
gegurit saka tembung gurit, lelembut saka tembung lembut lan
sapanunggalane.

 Purwakanthi
Saliyane nganggo imbuhan (ater-ater, seselan, panambang), tembung garba

lan tembung dwilingga, supaya tembang luwih endah, uga digunakake
purwakanthi. Miuturut bausastra, purwakanthi yaiku tetembungan kang nduweni
vokal utawa konsonan sing padha. Tegese yaiku mbaleni vokal utawa konsonan
tembung macapat supaya luwih endah lan kepenak dirungokne.

Ana 3 jenis purwakanthi yaiku purwakanthi swara, purwakanthi sastra lan
purwakanthi lumaksita (basa).
 Purwakanthi Swara yaiku purwakanthi sing huruf vokal saben tembung padha

karo tembung liyane. Tuladhane:
sinawUng resmining kidUng
sInUbA sInUkArtA

 Purwakanthi Sastra yaiku purwakanthi sing nggunakake konsonan padha ing
saben tembung.
Tuladha: miNGKaR miNGKuR ing aNGKaRa

 Purwakanthi Lumaksita (bahasa) yaiku purwakanthi sing tembung
pungkasane dibaleni maneh ing ukara sabanjure.
Tuladha: Bapak saiki wis terkenal. Terkenal ing negara manca.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 6

D. Nggancarake Tembang Pangkur

Nggancarake nduwe teges padha karo parafrase utawa nggawe narasi. Supaya
bisa mangerteni piwulang ing njero Tembang Pangkur tembang iku digancarake luwih
dhisik. Nggancarake tembang tegese ngowahi ukara ukara ing tembang dadi ukara
kang gampang dimangerteni kaya dene ukara kang guneman saben dinane.
Babagan kang kudu digatekake nalika arep nggancarake tembang yaiku:
1. Ukara kang iketaning nganggo paugerane baliswara kudu diudhari. Tuladha:

malumpat sampun  sampun malumpat.
2. Ukara kang mawa basa kawi kudu dijarwakake. Tuladha: tyas dadi ati
3. Kena mbuwang utawa ngimbuhi tembung-tembung sawetara. Tuladha: wong

agung ing ngeksiganda dadi wong agung saka negara ngeksiganda (mataram)
4. Tembung sandi utawa garba kudu diudhari. Tuladha: kayenak dadi karya + enak
5. Manawa ana perlune uga bisa ngilangin utawa nambahi ater ater seselan

panambang. Tuladha: tumrap jadi trap + um

GLADHI MANDHIRI

1. Pathokan sajroning tembang macapat kang ngemot pathokan cacahe larik saben
sapada yaiku...

A. Guru Basa
B. Guru lagu
C. Guru sastra
D. Guru wilangan
E. Guru gatra
2. Dene pathokan kang ngemu pathokan tibaning swara ing pungkasaning gatra yaiku....
A. Guru basa
B. Guru lagu
C. Guru sastra
D. Guru wilangan
E. Guru gatra
3. Pathokan tembang pangkur yaiku...
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i, 7 gatra
B. 7a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 7i, 7 pada
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 7i, 7 gatra
D. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i, 7 pada
E. 7a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i, 7 pada
4. Tembang Kang nduweni teges saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa

nepsu angkara murka, kang dipikir mau kepingin weweh marang sapadha padha
diarani...

Modul Basa Jawa SMA/SMK 7

A. Tembang wedhatama
B. Tembang kinanthi
C. Tembang wulangreh
D. Tembang pangkur
E. Tembang pocung
Wacan kangge soal nomor 5-6
1. Si pengung nora nglegawa,
2. Ngalingi marang si pingging
3. Saya elok alangka longkanganipun,
4. Kandhane nora kaprah,
5. Ngandhar-andhar angendhukur,
6. Si wasis waskitha ngalah,
7. Sangsayarda denira cacariwis,
5. Urutane tembang pangkur kasebut, sing leres yaiku….
A. 1, 5, 7, 4, 3, 6, 2
B. 1, 7, 5, 3, 4, 6, 2
C. 1, 7, 5, 4, 6, 3, 2
D. 1, 5, 4, 7, 3, 6, 2
E. 1, 7, 5, 4, 3, 6, 2
6. Tegese tembung pingging, cacariwis yaiku….
A. Menengan, pinter
B. Bodho, cerewet
C. Pinter, lamis
D. Seneng ngapusi, apikan
E. Pinter, cerewet
Wacan Kangge Soal Nomor 17-20
Dina minggu aku lunga
Menyang Cirebon karo abi umi
Ngajak simbah uti kakung
----------------------------------
Aneng dalan, sering nyalip karo bus-bus
Jantungku krasa dheg-dhegan
Puji Gusti tekan omah
7. Ukara kang trep kangge ngganepi tembang pangkur kasebut yaiku...
A. Karo kakang lan mbakyuku
B. Mampir ing rumah makan
C. Ora lali dedonga
D. Pemandangage apik
E. Aku mabuk mutah
8. Tembung kang kalebu tembung garba yaiku...
A. Jantungku
B. Nyalip

Modul Basa Jawa SMA/SMK 8

C. Ngajak
D. Aneng
E. Menyang
9. bus-bus kalebu tembung...
A. Garba
B. Dwilingga
C. Dwipurwa
D. Dwiwasana
E. Andhahan
10. Ing ngisor iki, pretelan kang bener ngenani tembung andhahan yaiku kejaba...
A. dheg + an dadi dheg -dhegan
B. teka + an dadi tekan
C. ke + rasa dadi krasa
D. Ng + ajak dadi Ngajak
E. ny + alip dadi nyalip

Modul Basa Jawa SMA/SMK 9

Cerita Cekak

A. Apa iku Cerkak?

Cerita cekak mujudake salah sawijine wacana narasi. Wacana narasi yaiku
karangan sing ngandharake lelakon utawa kadadean anut urut wektu (kronologis), ana
paraga (tokoh), latar (setting), lan urutane lelakon (alur). Wacana narasi ditulis kanthi
tujuwan nyritakake pengalaman uripe wong ing saperangan wektu utawa bisa uga
karangan sing minangka asiling rekadaya pikirane pengaranag. Mula sapa bisa
nggambarake kahanan sing sanyatane, ing karangan narasi kudu ana paragane, papan,
swasana, urutan kedadean, lan liya liyane. Wacana Narasi ana rong werna yaik narasi
ekspositoris lan narasi Sugestif.

Narasi ekspositoris, yaiku narasi sing duwe ancas menehi ngerti para maos
supaya tambah pangertene. Tuladhane: biografi, otobiografi, riwayat, kisah perjalanan.
Dene narasi Sugestif, yaiku narasi sing nyritakake surasa (makna) lumantar pangangen-
angen (imajinasi). Tuladhane novel lan cerkak.

Cerkak yaiku cerita rekan fiksi sing dumadi saka saperangan prastawa. Susunan
peristiwa mau dialami kanti runtut saengga dadi teks narasi sing nyritakake prastawa
sing dialami paraga.

Sing mbedakake cerka karo karya sastra Jawa liyane yaiku suwene maca. Nalika
maca cerkak, lumarahe waktu sing digunakake mung sedhelok. Kena diwaca saadegan.
Sebab iku, cerkak ditulis singkat lan prasaja. Semono uga isine. Ora butuh cara aneh-
aneh kanggo mahami isine cerkak.

B. Titikane Cerita Cekak

Cerkak nduweni titikan utawa ciri sing khusus. Ciri cerkak kasebut yaiku:
1. Karya fiksi utawa rekaan.
2. Mung nyritakake saperangan prastawa.
3. Anane paraga sajroning cerita
4. Anane tumindak ing sajroning cerita
5. Cerita mau ditindakake ing sawijine wektu
6. Bisa diwaca relative sedhela. Ora perlu wektu sing suwe

C. Strukture Cerkak

Bab-bab sing perlu digatekake ing cerita Cekak :
a. Tema / underaning cerita

Tema yaiku gagasan ide utawa underan pokok sing dibahas sajerone cerita
cekak. Tema minangka dhasar lumakune cerita cekak.
b. Setting / latar
Setting yaiku latar sing nyengkuyung lumakune cerita cekak. Setting ana 3, yaiku

10 ♦ Modul Basa Jawa Kangge Siswa Sma/MA Lan SMK/MAK Kelas MXoSdeuml Beasstar 2Jawa SMA/SMK 10

setting wayah, setting papan lan setting swasana.
c. Sudut pandang / punjering cerita / cara pamawas.

Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita. Ing unsur iki, panulis bisa
mapan ing 2 sudut pandang, yaiku:

o sudut pandang wong kapisan (pertama). Ciri saka sudut pandang iki yaiku
nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa
sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku.

o sudut pandang wong katelu. Ciri utamane yaiku nggunakake tembung
sesulih wong katelu yaiku dheweke / wonge lan sapanunggalane.

d. Alur / plot / lumakuning cerita
Alur yaiku rerangken kedadean sing dumadi sajerone cerita cekak. Alur diperang
dadi 3 yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran.
Alur maju yaiku alur sing nuduhake laku progresif (maju). Alur mundur
nyritakake peristiwa flashback, dene alur campuran nyuguhke persitiwa acak,
kadang maju lan kadang mundur.

e. Tokoh penokohan / paraga lan watak
Paraga lan watak iku unsur sing ora bisa dipisahke. Paraga yaiku tokoh pelaku
sajeroning cerita cekak, dene watak yaiku sifat sing diduweni paraga.
Paraga ana 3, yaiku protagonis (tokoh apikan) tokoh antagonis (tokoh penentang
protagonis) lan tokoh netral (tritagonis).

f. Gaya Bahasa / Lelewaning Basa
Basa ana ing cerita nduweni kagunaan kanggo nyiptakake kahanan persuasif uga
ngrumusake dialog sing bisa ngetokake hubungan lan interaksi tokoh siji lan
sijine.
Lelewaning Basa yaiku gaya cerita panulis. Lelewaning basa iki bisa arupa majas
lan purwakanthi. Majas sing umum digunakake ing cerita cekak yaiku
majas sarkasme (basa kasar) lan eufisme (basa alus) ing basa krama
alus. Saliane majas kasebut, ana uga majas majas hiperbola, metafora lan
sapanunggalane.

g. Amanat/ Piwulang/ Pitutur
Amanat yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita cekak. Amanat
iki ora kudu padha saben pawongan sing maca cerita. Bisa wae amanat sing
ditampa pamaca siji lan liyane beda.

h. Teknik Analitik, yaiku Karakter utawa watak tokoh dijlentrehake kanthi langsung
i. Teknik Dramatik

- Pengambaran bab fisik lan tindak tanduk
- Pengambaran lingkungan kahuripan tokoh
- Penggambaran Tatabasane Tokoh
- Penggambaran dalan pikirane tokoh
- Panggambaran dening tokoh liyane
Bab-bab ing dhuwur iku diarani unsur intrinsik, sing tegese unsur-unsur sing mbangun
cerita saka jroning cerita kasebut.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 11

D. Nilai-nilai Sajeroning Cerita cekak

Sajeroning karya sastra cerita cekak, mesthine ana nilai-nilai sing bisa ditrapake
dening pamaca. Nilai-nilai kasebut antarane yaiku:
1. Nilai pendidikan minangka dalan perubahan manungsa dadi luwih apik.
2. Nilai moral sing jumbuh karo norma masyarakat bebrayan.
3. Nilai religius jumbuh karo tuntunan agama lan kepercayaan
4. Nilai budaya ana gayute karo gagasan pamikiran, asil cipta rasa karsane manungsa.
5. Nilai sosial minangka nilai sing ana gandheng cenenge karo brayane manungsa ing

alam donya.
6. Nilai Etika, Nilai Politis, Nilai estetis lan nilai-nilai liyane sing ana hubungane

karo panguripane manungsa.

E. Ngringkes Cerita Cekak

Ngringkes utawa sinopsis yaiku proses ngringkes tulisan sing dawa supaya dadi luwih
cekak, nanging ora ngurangi isine tulisan mau. Ancas gawe ringkesan yaiku supaya
informasi saka tulisan luwih cepet ditampa dening pamaca. Cara gawe ringkesan yaiku
1. Bolan-baleni maca tulisan sing ameh diringkes. Tujuan saka cara iki yaiku supaya

panulis ringkesan bisa ngerteni lan gambling bab apa sing bakal diringkes.
Saliyane iku, panulis uga bisa nggawe cengkorongan ngenani wos/ isi saka wacan
kasebut.
2. Nulis saben prastawa penting saka wacan kasebut. Ing dhuwur wis diaturake yen
tujuan nulis sinopsi yaiku ngaturake informasi penting maran pamaca. Mula kudu
prastawa penting sing ditulis.
3. Yen ana pacelathon, usahakna dikurangi. Cara iki minangka cara sing paling
gampang ngringkes. Pacelathon ora perlu ditulis maneh. Cukup diaturke isine.
4. Yen gawe ringkesan, usahakna basane komunikatif. Cara iki dadi cara sing ora
kalah penting. Sebab, kadhangkala para pamaca ora mengerteni tembung ukara
saka cerita cekak. Mula, panulis ringkesan, kudu bisa nulis kanthi komunikatif.

Tuladha cerita cekak

Kesandung Guru
dening: Nur Halim

“Cah, cah. Gelem ngrungokne Pak Seno crita bab rasa?”
“Rasa apa, Pak? Rasa melon, jambu, nanas?” muridku Anton njawabi.
“Rasah mbayar! Puas awakmu!" Muridku takjak guyon”
“Ya ampun sewot, ngaten ta Pak? Santé wae. Woles ngono lo. Nesu cepet tuwa
lo, Pak.”
Owalah, cah nom saiki pancen wis beda adoh karo jaman mbiyen. Bab sopan

Modul Basa Jawa SMA/SMK 12

santune, laku lan srawunge ora kaya jaman mbiyen. Tapi ya dhasare isih bocah.

Njawab kaya mengkono aku ya tetep seneng. Tinimbang meneng tanpa kucap, banjur

mlebu berita kecekel polisi.
“Ngene, Cah! Rungokna!” kandhaku miwiti crita. “Awakmu kan iki wis padha

gedhe. Wis nyandhak umur 17 taun. Lak ya, ta? Nganti umur 17 taun iki, sapa sing
pernah jatuh cinta?”

“Huuuu, Pak Seno gucin.” Kelas dadi rame.
Gucin ki apa, Cah?” takonku ketok bodho.
Guru cinta, Pak,” jawabe Anggi, muridku sing lungguhe pas ngarep meja guru.

Aku mbatin. Dhapurane murid kelas XI kok bisa oleh tembung gucin iku saka

ngendi, ya?

Padhahal yen takrasak-rasakne, tekan saiki aku mung pacaran ping pisan. Apa
maneh dadi guru cinta. Wis jan, jan! Ngrasakne murid saiki. Nek ora sareh, mesthi

bakal ana penghapus terbang. Ora merga sulap, tapi merga gregeten terus ngantem

murid sing kebangeten mau. Bejane, aku kelebu wong sing rada sabar. Dadi yen ana
murid sing cewawakan, paling mung takesemi. Takdelok jenenge, trus takcim. Bocah

iki sumbut apa ora.
Seterah awakmu, Cah. Pak Seno ya mung kandhan.” Aku unjal ambegan. “Sida

dilanjut ora?”
"Lanjut, Pak!” Murid sekelas njawab kompak.

Apa lanjut pelajaran wae? Mumpung isih ana wektu iki. Kan pas. Bar ulangan,
trus pelajaran. Cocok, kan?” kandhaku mesem.

Jangan, Pak! Crita aja! Capek ya, Pak. Hari ini itu, kita ulangan terus, Pak.”
Muridku Uswah sing aleman urun rembug. Kanca-kancane sarujuk karo manthuk-

manthuk.
“Ok, merga baik hati, kita lanjut ke cerita saja. Listen carefully!”
“Bab rasa, kabeh wong mesthi pernah ngrasakne. Mbuh iku wong cilik, wong

gedhe, wong sugih, wong ora nduwe, lan wong ngendi wae, mesthi tau. Rasa iku

mboh rasa seneng, susah, sedhih lan bahagia. Apa maneh jatuh cinta, nandang wuyung

ameh kabeh wong tau. Nanging saben wong kadhangkala ora bisa ngadhepi bab iku
dhewekan. Mesthi ana sing disambati. Ya kanca, wong tuwa uga Pangerane. Saben
wong, termasuk gurumu iki, Pak Seno. Ya tau, Cah.” Kandhaku mongkog. “Najan ora
tekan,” batinku.

"Kok bisa, Pak?” Anton nyaut karo cengengesan.
"Ya bisa ta, ya. Apa awakmu ora tau, Ton? Aja-aja awakmu gak payu?”
"Ngece, ik?”
"Emang awakmu nduwe pacar?” Aku ganti takon.
“Irma pacare Anton, Pak.” Murid-murid lanang nyauri.
"Iya, Nok, Ma? Upama iya, ya gak papa. Paling cinta monyet. Awakmu cintane,
Anton…”
"Monyete..” kelas tambah rame.
“Bukan ya, Pak. Bukan!” Irma njawab. Saka ulate aku bisa nebak, yen dheweke

Modul Basa Jawa SMA/SMK 13

anyel. Mbuh merga digasaki kancane utawa merga nutupi kasunyatane.

Aku tanggap. Age-age aku ganti objek. Ben ora tambah ndadra anggone Dina
dadi korban gasakane kancane. “Liyane? Ana sing tau? Umurmu iku wayahe nduwe
rasa seneng karo pasangan lo, ya. Mosok gak ana sing nyanthol blas siji-sijiya? Kalian
normal, kan?” kandhaku mancing ben kelas saya gayeng.

“Aku ya tau, Pak.” Anggi nyela.
“Tau apa, Nok?”
Nalikane Anggi meh njawab, bel ganti jam muni.
“Ok. Merga jam pelajaran wis rampung, critane Pak Seno dilanjutne minggu
ngarep. Matur nuwun, sugeng siyang, Assalamu alaikum warahmatullahi
wabarokatuh.”
“Wa alaikum salam warahmatullahi wabarokatuh.”
Aku jukuk bukuku ing meja. Anggi maju salim. “Pak, yen aku pingin curhat oleh,
Pak.”
“Ya jelas oleh, Nok. Pareng.”
“Oke, Pak.” Bocah umur lasan taun iku mesem.

***
Ing ruang guru aku nyelonjorne sikil. Rasane ngadeg ameh sajam luwih dadekne
sikil kemeng. Ing atase arsip buku ra kanggo sing ngisor meja, sikilku takselehne.
Pinuuuke, batinku.
Sinambi ngoreksi asil ulangan sing numpuk, aku mbukak hape. Ora ana
pemberitahuan. Wis, jan! umur wis ngancik patang puluh taun, hape kok ya isih sepi
sepi wae. Apa iki sing diarani karma. Gegara aku nglepeh bocah wadon sing cinta
mati karo aku mbiyen. Ah, aku ora oleh mikir aneh-aneh. Kabeh wis ana dalane.
Upama anggonku bebojoan dipendhing Gusti, aku ra papa. Wong tuwaku ya isih
nyante. Ora ngesusoni aku kon ndang gage nikah.
“Yen meh ndang, ya ora papa. Ibu malah seneng. Tapi yen meh ngenteni likmu
mentas sik, Bapak Ibu mung manut,” ngendikane Ibu sanalika.
________________________________________

“Aku rung nduwe modal Bu. Mengko piye bojoku? Meh takpakani apa?”
“Ya awakmu kudu sing ati-ati. Sing primpen. Gajimu dadi guru ditabung.”
Ealah Bu, Bu. Nabunge ki piye trusan? Wong bayaran ki mung cukup nggo
mangan karo mbayar kos, kok isih dikon nabung. Gak sida lemu aku Bu, jawabku
takbatin. Ucapku mung “Inggih, Bu. Nyuwun pangestune.”
“Sing penting, aja lali salate, ngajine.”
Aku ndhingkluk isin.
Ora krasa nggonku ngoreksi lan nglamun meh jam rolas. Tandhane sedhelok
maneh bel istirahat. Ngaso. Garapanku sing lagi oleh limang lembar taktinggal. Aku
nuju mushola sekolahan.
Limalas menit suwene, aku ngadhep marang Gusti. Ndonga muga-muga wong

Modul Basa Jawa SMA/SMK 14

tuwaku diparingi umur dawa lan bisa melu momong putune sok mben. Saliyane iku,
aku uga njaluk dalan sing padhang kanggo awakku. Luwih-luwih, bab jodho. Muga-
muga ndang cepet.

Rampung sembahyang, aku langsung mlebu ruang guru. Pikirku, gek ndang
ngebarke gawean. Supaya weekend bisa leren. Bisa liburan dengan tenang. Muncak
utawa nongkrong ning Kedai sing Putu ngentekne kopi.

“Eh, Pak. Mau ana bocah sing nggoleki sampeyan,” Ujare Pak Amin, kanca guru.
“Sapa, Pak?”
“Cah XI TKJ, Pak.”
Paling Anggi, pikirku. “Ok, Pak. Nuwun, nggih.”
Saka kadohan, ing dhuwur mejaku ketok ana amplop putih. Barang takcedhaki,
ana tulisane “katur Pak Seno”. Sawise namatne kiwa tengenku sepi, lon-lonan
takdudut isine amplop. Ing jerone ana kertas jambon. Saiba kagete nalika aku maca
isine “Pak, aku isih kelingan janjine Jenengan ameh nglamar aku. Jenengan ora lali ta,
Pak?"

F. Nyunting Sinopsis

Nyunting yaiku proses evaluasi tulisan, naskah saka kesalahan ejaan, tanda baca,
diksi, kaefektifan ukara, kapaduan paragraf.
Babagan sing kudu digatekake nalika nyunting cerita cekak yaiku:
1. Katepatan nulis aksara, tembung, angka, sarta katepatantanda baca
2. Katepatan tetembungan kanggo medharake tujuan sing pas karo kahanan
3. Kaefektifan ukara kanggo makili ide sing arep diwedharake panulis

Babagan sing disunting ing teks cerita cekak yaiku:
1. Ejaan
2. Tanda baca
3. Diksi
4. Ukara
5. Sistematika panulisan
6. Katepatan konsep

GLADHI MANDHIRI

Gatekna cerkak ing ngisor iki!!
Gara-gara ora nggugu wongtuwa

Dening : Indah Kurniawati
Agus iku satemene bocah pinter lan manut marang wongtuwane. Nanging kadhang

kala ya dadi ora nggugu wongtuwa amarga prakara sepele. Kaya dina kuwi, Agus kepengin
banget dolanan montor-montoran sing nganggo remot. Agus wus matur marang ibune
supaya dipundhutake ing tokone Pak Wardi. Nanging ibune nyemayani sesuke amarga ing

Modul Basa Jawa SMA/SMK 15

kalodhangan iku lagi ora kagungan arta.
“Sesuk Bapak lak kondur saka dhines luar. Mesthi ngasta oleh-oleh lan arta ora

ketang sethithik. Ibu dak nyuwun Bapak arta kanggo numbaske Agus dolanan montor-
montoran, nggih?,” ujare Ibu.

Ibu ngendikan ngono kuwi sajane kanggo mulang putra tunggale iku supaya ajar
sabar.

Apa- apa sing dadi panjalukane ora kudu dituruti saka kuwi.
Sajane Ibu ya kagungan arta, nanging ya kuwi mau. Piyambake ndidik Agus supaya
bisa ajar lan mudheng kahanane wongtuwane. Biyasane Agus dikandhani pisan ngono
langsung mudheng lan manut.
Nanging embuh dina kuwi ana apa, Agus malah dadi rewel lan njegot. Nalika diakon
maem, ora semaur, milih meneng wae. Ulate njegadul terus nganti alise sakloron arep
gathuk. Rupane mbesengut lan milih neng njero kamar terus. Ibune ngelus dhadha
nyawang putra kinasihe iku. Sajane bisa wae sanalika kuwi banjur ditukokake pepenginane
Agus. Nanging piye maneh.
Mau wus kebacut ngendika supaya Agus ngenteni sarawuhe Bapak sesuk, lagi
dipundhutake dolanan montor-montoran. Ora suwe, seng omahe Agus pathing kemlothak
ketibanan banyu udan saka langit. Agus sing maune ana njero kamar age-age metu. Saka
cendhela omahe katon yen udane rada deres. Ya saka cendhela kuwi, Agus uga weruh
Doni lan Joko, tanggane, padha udan-udan keceh banyu ing njaba sinambi bal-balan. Agus
dadi kepengin melu dolanan ing njaba.
“Agus…boten pareng udan-udan lho nggih. Mengko mundhak masuk angin”. Ibu
kayane wus pirsa apa sing ana ing njero atine Agus.
Krungu ngandikane Ibune, Agus sansaya tambah mbesengut. Apa-apa ora oleh.
Njaluk dolanan montor-montoran ora ditumbaske. Saiki arep nyeneng-nyenengke atine
dhewe kanthi udan-udan bareng kancane, ya ora oleh.
“Ibu iki karepe piye ta?” Agus nggrundel ing batin. Dheweke amung bisa nyawang
kancane mau dolanan sajak gayeng ing njaban omah. Awake padha kebes, nanging
senenge ora karuwan.
Saya suwe nyawang, Agus saya ora tahan. Ndilalah wae nalika ditoleh, Ibune ora
katon.
Sajake Ibu nembe masak ing pawon. Agus age-age ucul klambi. Kathokan thok,
Agus banjur mlayu metu, nggabung kanca-kancane bal-balan ing njaba sinambi udan-
udan. Agus seneng banget. Atine bungah. Rasane mardika banget. Sekali-kali ora
ngrungokake ature Ibune.
“Aguuuss…..piye ta Le! Dikandhani aja udan-udan kok ora manut. Ayo gek ndang
mlebu omah!”.
Ibune mbengoki saka njero omah. Kayane Ibu mau weruh ana klambine Agus
gumlethak ing jobin, nanging Aguse dhewe ora ana.
“Riyin Buuuu….”. Semaure Agus saka kadohan. Ibune isih sabar. Nanging udakara
10 menit dienteni, Agus tetep durung gelem leren sing udan-udan. Ibune wiwit kuwatir yen
kesuwen sing udan-udan mengko Agus dadi masuk angin. Mula Ibu banjur nyigrakake

Modul Basa Jawa SMA/SMK 16

payung lan marani Agus ing njaba.
“Ayo Agus. Wis leren. Gek ndang mlebu omah. Manut Ibu”.
“Riyin Bu. Sekedhap malih”.
“Ora bisa. Mengko kowe ndhak masuk angin, Ibu sing susah”. Ibu banjur nglarak

tangane Agus, digeret ngarah mlebu omah.Tekan njero omah, Agus didukani Ibune amarga

ora nggugu.
“Wis saiki ayo dak pakpungi, gek salin klambi sing anget. Kowe lak ya durung

maem barang ta?”

Agus amung meneng wae. Dheweke ora wani nyauri apa-apa. Nanging sarampunge

adus lan klamben, nalika arep didulang maem, Agus tetep wae wegah maem.
“Agus langsung bobok mawon Bu. Agus kesel”.

Agus banjur mlebu kamare.Ibune amung ngunjal ambegan dhawa nyawang anake.

***

“Ibu…Ibuuu…..”.

Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune sing nembe ing mburi

age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare Agus.
“Ana apa Le”.
“Anu Bu….awak kula mboten penak banget,” Agus sambat ngrasakake awake sing

ora nggenah. Ibune banjur ndemok bathuke.Rada panas. Tangan lan sikile diusap-usap, ya

rada panas. Dene Agus turune njingkrung kemulan brukut sajak kadhemen kae.
“Wooooo..genah iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu mau.Ya

ngene iki undur- undurane yen ora manut marang wongtuwa. Saiki lak Agus ngrasakake
dhewe ta akibate?”

“Nggih Bu. Nyuwun pangapunten Bu. Agus pancen salah, mboten manut Ibu.Boten
kula baleni malih Bu”.

“Ya wis. Ayo saiki dak keroki sedhela, mengko gek maem dhisik banjur ngombe
obat.Bubar kuwi mapan turu maneh,” ujare Ibu.

Kapethik saka : Jagad Sastra,
SOLOPOS

Ing ngisor iki ana wangsulan sing bener, pilihen!
1. Paraga utama cerkak ing ndhuwur yaiku ….
a. Agus
b. Ibu
c. Pak Wardi
d. Doni
e. Joko
2. Sing nyemayani arep nukokake montor-montoran yaiku …
a. Agus
b. Ibu
c. Pak Wardi
d. Doni

Modul Basa Jawa SMA/SMK 17

e. Joko
3. Sing duwe sipat sabar, tresna mring putra, gatek karo anak yaiku …

a. Agus
b. Ibu
c. Pak Wardi
d. Doni
e. Joko
4. Sing duwe sipat pinter, nanging ora nggugu ngendikane wong tuwa yaiku …
a. Agus
b. Ibu
c. Pak Wardi
d. Doni
e. Joko
5. Ancas utawa tujuwane ibu ora nukokake montor-montoran Agus yaiku …
a. dolanane Agus wis akeh
b. dolanane regane larang
c. ora duwe dhuwit
d. nunggu bapak
e. supaya Agus sabar
6. Alesane ibu ora numbasake montor-montoran Agus yaiku ….
a. ora duwe dhuwit
b. ngenteni bapak kondur
c. amarga udan
d. tokone adoh
e. sing dijaluk regane larang
7. Gegambarane Agus gela yen ora ditukokake montor-montoran kaya ing ngisor iki,
kajaba …
a. mbesengut
b. meneng wae
c. ora gelem maem
d. ora leren sinau
e. langsung mlebu kamar
8. Ana ing ngendi Agus udan-udan?
a. lapangan
b. ratan
c. mburi omah
d. prapatan
e. njaba ngomah
9. Apa sing ditindakake Agus sakancane nalika udan-udan?
a. bal-balan
b. jamuran
c. gobaksodor

Modul Basa Jawa SMA/SMK 18

d. nekeran
e. ngulukake layangan
10. Wos surasane cerita iku, yaiku ….
a. Agus ora ditukokake montor-montoran
b. Agus nesu
c. Agus ora nggugu dikandhani ibu
d. Agus bocah pinter
e. Agus bocah manut
II. Essay
1. Sebutna tema, latar, penokohan, alur, pesan, sudut pandang, lan konflik sajroning cerkak
iku! 2. Jlentrehna amanat/pesen sing kamot sajroning cerkak!
3. Andharna wos surasane cerkak kasebut nganggo basamu dhewe kanthi lesan! Bisa
nggunakake basa dhialekmu!
4. Kepriye relevansi nilai-nilai sing diduweni cerita cekak karo kauripane manungsa masa
kini? Terangna!

Modul Basa Jawa SMA/SMK 19

Sinau Pawarta

A. Pangertene Pawarta

Pawarta yaiku berita basa Jawa. Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi
ngennani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran,
internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

Isi pawarta iku penting lan ana manfaate kanggo wong akeh. Informasi sing
penting iki disebut minangka pokok informasi.

Ukara sajeroning teks pawarta dibagi dadi 2, yaiku teks fakta lan teks opini. Teks
fakta kasebut minangka kasunyatan lan bisa dibuktikne adhedhasar grafik, gambar,
foto, tabel lan sapanunggalane. Dene isi opini yaiku panyaruwe (pendapat), hasil
pamikiran saha pangarepe wartawan sing durung kalakon.

B. Ciri-ciri Teks Pawarta

Teks pawarta nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.
a. Faktual lan bisa dipercaya.
b. Dudu fiktif utawa reka-reka.
c. Logis. Saben teks pawarta kudu logis lan masuk akal.
d. Jangkep unsur 5W1H.
e. Struktur ukarane jangkep, tegese jejer (subjek) wasesa (predikat) lan wasesa

(objek) lengkap.
f. Pamilihe tembung tepat, ora ambigu.
g. Penting kanggone pamaos
h. Ana manfaate tumrap liyan

C. Perangan Pawarta

Perangan pawarta ing antarane yaiku :
a. Headline (judul/irah-irahan)

Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : (1) nggampangake pamaca
ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta kang dianggep penting
kanthi variasi aksara utawa gambar.
b. Deadline
Ancas deadlineyaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula
perangan iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal kedadeyan.
c. Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis
amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati
pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta
d. Body (tubuh/surasane pawarta)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan
cetha. Kanthi mangkono bodyminangka pangembange pawarta.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 20

D. Unsur-unsur Pawarta

Kaya sing dijelaske ing nduwur mau, unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku
5W + 1H.
a. Apa (what) yaiku unsur sing jelaske prastawa apa sing lagi dumadi.
b. Sapa (who) yaiku unsur pawarta sing jelasake paraga ing prastawa pawarta. Paraga

iki bisa awujud pelaku, korban, saksi lan sapanunggalane.
c. Kapan (when) njelasake kapan prastawa iku dumadi. Bisa esok, sore utawa dina

tertentu.
d. Ana ngendi (where) yaiku unsur pawarta sing njelasake papan panggonan prastawa

iku dumadi.
e. Kenapa (why) yaiku unsur pawarta sing ngandhakake sebab musabab utawa

perkara sing njalari dumadine prastawa
f. Kepiye (how) njelasake bab kepiye runute prastawa sing dumadi.

E. Teknik Maca Pawarta

Kegiyatan macakake pawarta utawa ngandharake informasi mesthine pakaryan
kang wis kulina dingreteni. Sabab meh saben jam awake dhewe isa mangreteni saka
layar televisi lan ngrungokake radio.

Macakake pawarta ora mung profesi nanging uga isa dadi pakaryan kang prayoga
ing pasrawungan padinan, upamane nalika nemokake sawijining pawarta kang narik
kawigaten saka ariwarti lan kanca-kanca liya pengin mangreteni, mula supaya efektif
ariwarti kasebut ora prelu diwaca kanthi gentenan, cukup sawijining pawongan wae
kang macakake lan liyane nggatekake.

Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa
rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya
andharan iki.
1) Nggunakake pangucap kang trep
2) Pamedhote frasa kang trep
3) Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4) Ngreteni tandha wacan kanthi trep
5) Swara kang cetha
6) Ekspresi kang trep
7) Ngatur alon lan cepete pamaca
8) Ngolah treping mlebu wetuning napas
9) Mahami wacan
10) Percaya marang dhiri pribadi

F. Nulis Teks Pawarta

Cara nulis teks pawarta beda karo nulis teks liyane. Sebab yen nulis teks pawarta, kita
kudu bisa faktual lan obyektif. Ora kena timpang sisih.
a. Faktual tegese nulis teks pawarta kudu padha karo prastawa sing dumadi. Ora kena

ditambahi utawa didramatisir. Wartawan wajib hukume nulis berita bener. Ora
oleh ngarang berita utawa nyebarake berita hoax.
b. Obeyektif tegese yaiku netral. Ora timpang sisih. Ora ana pihak sing diuntungke
apa maneh dirugikne. Blakasuta apa anane.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 21

Langkah nulis teks pawarta
a. Nentuke tema ing lapangan
b. Ngumpulake data lan fakta. Data kasebut bisa lewat wawancara utawa pengamatan

langsung
c. Nentokake lead
d. Nggunakake diksi sing tepat
e. Ditulis kanthi temen. Ora ingah-ingih.

Tuladha Teks Pawarta
Tuladha Teks Pawarta Koran

SBC Kapindho

Solo Batik Carnival (SBC) kapindho bakal digelar ing taun 2009 iki.Miturut
rancangan, SBC kapindho bakal digelar ndalem sasi Juni 2009. Mangkono pratelane
Dynand Fariz, tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC
kapisan, nalika mandhegani gladhen joged SBC kapindho ig Taman Balekambang,
dina Minggu (11/1).

Miturut Dynand, SBC sing digelar kapisan sawetara sasi kepungkur, kasil
nuwuhake krenteg ing generasi mudha Kutha Solo kanggo ndayakake bathik dadi asil
karya seni busana. Saliyane iku, SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon
budaya ing Kutha Solo.

Kapethik saka : Jagad Kridha, SOLOPOS

Tuladha Teks Pawarta Tivi
KW 1
PREMAN KEAMANAN PROYEK REL RANGKEP DITEMBAK /// SEMARANG
(((LEAD IN)))
SAWIJINE PREMAN KANG DADI KEAMANAN PROYEK PAMBANGUNAN
REL RANGKEP ING SEMARANG / KEMIS WAYAH GAGAT BANGUN ESUK /
TIWAS DITEMBAK PAWONGAN KANG ORA DIWANUHI / ING NGAREP
OMAHE / ING KEBONHARJO SEMARANG ///
(((PKG)))
PANEMBAKE SOLEH / WARGA GANG GARUDA / KEBONHARJO /
SEMARANG UTARA IKI // KEDAEDYAN KEMIS WAYAH GAGAT BANGUN
ESUK / WATARA JAM TELU /// PRIA UMUR 33 TAHUN KANG NAYMBUT
GAWE DADI KEAMANAN PROYEK REL RANGKEP ING WEWNEGKON
SEMARANG UTARA KASBEUT / DITEMOKAKE TIWAS GUMLETHAK ING
NGAREP OMAHE / KANTHI TATU TEMBAK ING BAHU MBURI TEMBUS
PARU-PARU /// SUWARA TEMBAK NALIKA KEDADEYAN / LANGSUNG
NGGEGERAKE WARGA // KANG NULI METU NGOMAH LAN MIKANTUKI
KORBAN WIS GUMLETHAK GUBRAS GETIH TANPA NYAWA /// BOJO LAN
ANAKE KORBAN KANG ANA ING NJERO NGOMAH / LANGSUNG NANGIS ///

Modul Basa Jawa SMA/SMK 22

MITURUT SAKEHING SEKSI / SAWETARA JAM SADURUNGE KEDADEYAN /
KOBER NGONGANI SAWIJINE PAWONGAN NUMPAK PIT MONTOR / WIRA-
WIRI ING NGAREP OMAHE KORBAN /// ADEDASAR ASILE PANITI PRIKSA
SAWETARA / KORBAN DITEMBAK SAKA CEDHAKAN /// PELAKU NEMBAK
PING PINDHO / SEPISAN KENA KACA CENDELA OMAHE KORBAN /// POLISI
ISIH MRIKSA LAN MBURU PELAKU KANG KAKIRA ANA SAMBUNG
RAPETE KARO AKSI COLONG JUPUK REL / KANG KASIL DIKONANGI
SOLEH // LAN SALAH SIJINE MALING REL KOBER DIPILARA SOLEH ///
SURYO WICAKSONO / SEMARANG / TATV

KW 2
KONANGAN MBOBOL OMAH, MALING DIKEPUNG WARGA /// BANTUL
[LEAD]
MALING LORO / KONANGAN NALIKA MBOBOL SAWIJINE OMAH ING
RATAN PARANGTRTIS KM 9 // GABUSAN SEWON BANTUL /// WARGA /
NULI MBUDIDAYA MIKUT MALING /// ANANGING / AMARGA LIMPAT //
MALING KASIL MLAYU KANTHI NGGONDHOL MAS-MASAN LAN DHUWIT
YUTAN RUPIAH ///
[ANCHOR]
PULUHAN WARGA IKI / MBUDIDAYA NGEPUNG KOMPLOTAN MALING
KANG NINDAKAKE AKSINE ING OMAHE DOKTER SUPOMO / ING RATAN
PARANGTRITIS KM 9 // PENERE ING PEDUKUHAN GABUSAN SEWON ///
ANA UGA WARGA KANG MUNGGAH LIWAT GENDHENG // AMARGA
JUBRIYA MALING ISIH NDHELIK ING SAINDHENGE KONO /// ANANGING
SAWISE DIENTENI WATARA SAK JAM // MALING ORA KASIL DITEMOKAKE
/ LAN KAKIRA WIS MLAYU /// SADURUNGE // AKSI COLONG JUPUK IKI
DIKONANGI DENING ANAKE KANG DUWE OMAH / KANG WEKTU IKKU
MENERI LAGI ING NJERO NGOMAH KARO REWANGE /// SEKAWIT KRUNGU
SUWARA RAME // ANANGING ORA JUBRIYA LAN NGIRA ANA TANGGA
KANG LAGI NDANDANI OMAH /// ANANGING SUWARA KASEBUT /
PRANYATA MALING KANG LAGI MBOBOL CENDELA NGIRINGAN OMAH ///
AMARGA JUBRIYA // WUSANANE KANG DUWE OMAH MRIKSA LAN
NGONANGI CENDELA LAN LAWANG NGIRINGAN RUSAK /// LAN
WUSANANE NJALUK TULUNG MARANG WARGA / LUMANTAR LAWANG
MBURI /// WARGA BANJUR NGEPUNG OMAH IKU /// WATARA SAK JAM
NGENTENI // MALING ORA KASIL DITEMOKAKE // LAN KAKIRA WIS
MLAYU /// SAWISE DIPRIKSA // PRANYATA DHUWIT 22 YUTA RUPIAH LAN
SSAKEHING MAS-MASAN / KANG DISIMPEN ING LEMARI // ILANG
DIGONDHOL PELAKU /// NGANTI WEKTU IKI / PETUGAS ISIH MBUDIDAYA
MIYAK KASUS KASEBUT /// PURWANTO BANTUL TATV

Modul Basa Jawa SMA/SMK 23

GLADHI MANDHIRI

I. Jawaben pitakon ing ngisor iki kanthi bener,!
Wacanen pawarta iki!
Guru Punika Pancen Kedah Mumpuni

Kinten-kinten ingkang cekap dados rembagan, utaminipun ing madyaning
pendidikan, inggih punika perkawis sertifiksi guru, kanthi ancas boten sanes kangge
nemtokaken standarisasi profesinipun guru, ingkang salajengipun ugi kangge
nemtokaken standarisasinipun pendidikan nasional kita.Pranyata boten sekedhik
cacahipun guru-guru ingkang nalika dipunuji boten lulus.

Sanajan kados menapa kemawon standarisasi pendiikan punika penting sanget.
Pramila piyayi ingkang dados guru kedah saged minangkani standar tartamtu ingkang
dipuntemtokake dening Pamarentah, kangge mujudaken pendidikan ingkang
mutunipun becik. Jalaran pendidikan pancen sanes barang gampil, pramila boten
sedaya piyayi saged dados guru, sanajan malah wonten ingkang kapeksa milih profesi
guru amargi gagal pados padamelan ing pundi-pundi papan.

Mangka satemenipun guru punika mujudaken profesi ingkang kebak tantangan.
Ingkang cetha, guru kedah keconggah njalari tiyang boten saged maos lan etang dados
saged. Guru ugi kedah saged maringi motivasi dhateng putra siswanipun supados
sregep sinau lan dados warga masyarakat ingkang becik. Pancen boten gampil
tumrapipun guru ngyakinaken putra siswanipun, menawi kekiyatan tembe
wingkingipun gesangipun saperangan ageng badhe gumantung dhateng daya kekiyatan
pikiripun.Lan kekiyatan pikiran wau boten dhawah mandhap ngaten kemawon saking
langit, nanging kedah lumantar proses sinau ingkang sregep lan dangu.

Kangge mujudaken sedaya kala wau dipunbetahaken fasilitas sinau ingkang
nyekapi. Sebab kados pundi guru saged mucal kanthi becik, lan putra siswanipun
saged sinau kanthi taberi, menawi ruwangan sekolahipun (kelasipun) kerendhem banjir
utawi payonipun meh ambruk lan tembok-tembokipun sami ambrol? Ateges ing ngriki
sarana pendidikan, sasanesipun faktor guru, ugi perlu pikantuk kawigaten ingkang
mirunggan.
1. Miturut pawarta kasebut ancas wontenipun sertifikasi guru inggih punika …

a. Nemtokaken standarisasi guru
b. Supados guru mucalipun kathah
c. Namung kangge lelamisan
d. Minangka sarana syarat kemawon
e. Kangge ngindhakaken gaji
2. Kangge ngindhakaken profesionalisme guru, guru punika kedah purun …, kajawi

a. Minangkani standarisasi tinamtu.
b. Maringi motivasi dhateng putra siswanipun.
c. Saged ndadosaken ingkang boten saged dados saged.
d. Tansah ningkataken profesionalismenipun.
e. Dados guru tinimbang boten wonten padamelan sanesipun
3. Adhedhasar saking pawarta ing nginggil, wos suraosipun paragraf sepisan inggih
punika …
a. ngindhakaken gaji
b. kapinteran punika baku sanget

Modul Basa Jawa SMA/SMK 24

c. standarisasi guru
d. dados guru menika pancen angel
e. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan
4. Ingkang dados wos suraosipun paragraf katiga inggih punika …
a. ngindhakaken gaji
b. kapinteran baku sanget
c. standarisasi guru
d. dados guru menika pancen angel
e. guru minangka profesi ingkang kebak tantangan
5. Ingkang dados tema pawarta ing nginggil inggih punika …
a. kabudayan
b. basa
c. pariwisata
d. pendidikan
e. panggesangan
6. Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad
Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da
lan dha, ta lan tha. Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….

a. nggunakake pangucap kang trep
b. pamedhote frasa kang trep
c. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
d. ngreteni tandha wacan kanthi trep
e. swara kang cetha
7. Kaprigelan kang digunakake nalika ngatur mandheg lan teruse pamacane naskah
pawarta iku diarani babagan ….
a. nggunakake pangucap kang trep
b. pamedhote frasa kang trep
c. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
d. ngreteni tandha wacan kanthi trep
e. swara kang cetha
8. Trap-trapan ngembangake cengkorongan dadi paragraf minangka sepisanan yaiku
….
a. nemtokake topik/tema
b. nemtokake ancas karangan
c. nglumpukake bahan karangan
d. gawe cengkorongan/kerangka karangan
e. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh
9. Trap-trapan kang ditindakake panulis eksposisi nalika ngrinci lan mithati sakabehe
bahan kang diklumpukake yaiku ….
a. nemtokake topik/tema
b. nemtokake ancas karangan
c. nglumpukake bahan karangan
d. gawe cengkorongan/kerangka karangan
e. ngembangake cengkorongan dadi paragraf kang utuh
10. Pathokan panulise eksposisi kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a. eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok
prastawa/persoalan.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 25

b. isi eskposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani sikap lan panemune
pamaos.

c. gaya eksposisi kudu imajinatif.
d. basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional.
e. ing eskposisi, fakta-fakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi

Kanggo mangsuli pitakon nomer 11-13
SBC Kapindho

Solo Batik Carnival (SBC) kapindho bakal digelar ing taun 2009 iki.Miturut
rancangan, SBC kapindho bakal digelar ndalem sasi Juni 2009. Mangkono pratelane
Dynand Fariz, tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC
kapisan, nalika mandhegani gladhen joged SBC kapindho ig Taman Balekambang,
dina Minggu (11/1).

Miturut Dynand, SBC sing digelar kapisan sawetara sasi kepungkur, kasil
nuwuhake krenteg ing generasi mudha Kutha Solo kanggo ndayakake bathik dadi asil
karya seni busana. Saliyane iku, SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon
budaya ing Kutha Solo.

Kapethik saka : Jagad Kridha, SOLOPOS
11. Teks ing dhuwur kagolong ....

A. Tembang dolanan
B. Tembang macapat
C. Cerkak
D. Pawarta
E. Novel

12. Tembung nuwuhake duweni teges ….
A. mati
B. mlayu
C. nguripake
D. mlaku
E. tiba

13. Isi saka pawarta ing dhuwur yaiku …
A. SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon budaya ing Kutha Solo.
B. SBC bisa gawe rugi warga kutha Solo.
C. SBC ora ana gunane yen ora ana idin saka warga kutha Solo.
D. Warga Solo sing duwe krenteg ngrembakake seni.
E. Warga Solo ora seneng kabudayan Jawa.

14. 1. Sasuwene iki program wajib sinau sing ditrapake pamarentah mung lumaku
sangan taun utawa setingkat karo Sekolah Menengah Pertama. B
2. Direktur Jenderal Menengah Kementrian Pandidikan nasional Hamid
Muhammad, Senen, 26 Septembmer 2011 ngandharake, wiwit taun ngarep
pamarentah bakal ngrintis program wajib belajar 12 taun.a

Modul Basa Jawa SMA/SMK 26

3. Program rintisan wajib belajar 12 taun kasebut, manut Hamid, wis diajokake
dening Menteri Pendidikan Nasional Muhammad Nuh marang DPR. Konsepe,
kandhane Hamid, ing taun-taun kawitan program rintisan mau bakal fokus
marang telung bab, yaiku nyepakake daya tampunge siswa SMA lan SMK, lan
nambah cacahing bea siswa tunrap MA/SMK. C

4. Nanging dhuwit BOS kuwi isih arep disalurake ing taun ajawan 2019/2013.f
5. Miturut Hamid, APBN Perubahan 2011 wis nyarujuki tambahe anggaran

kanggo pendhidhikan mau.d
5. Konsekuensine, saben siswa SMA/SMK bakal entuk dhuwit BOS sing gedhene
200 ewu. e

Urutan sing bener yaiku ...
A. 3-1-2-5-4
B. 2-5-3-1-4
C. 4-1-3-5-2
D. 2-1-4-5-3
E. 2-1-3-5-4

15. Gatekna pranyatan ngisor iki!
1) nemtokake tema utawa bab kang arep diwedharake
2) isi kudu nyata
3) isi kudu ngapusi
4) basa sing diandharake ringkes
5) basa sing diandharake muter-muter
Kang kudu digatekake nalika arep nulis cakepan tembang macapat yaiku….
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 1 lan 5
D. 2 lan 3
E. 2 lan 5

II. Gatekna pawarta ing ngisor iki!

Narkoba Ngrusak Donyaning Pendidikan
Wilujeng siyang para miyarsa. Siyang iki, Kemis Pon, surya kaping 29
Nopember 2019, pinanggih maneh kaliyan kula Widaryatmo Adi Supriyanto, lumantar
radhiyo “SISWA PATULADHAN” SMA Aldakarejo, badhe kaandharake pawarta
cekak nanging wigati “SEMPALAN PRASTAWA WIGATI”.
Rebo paing (28/11), Dinas Pendidikan bebarengan Polres Aldakarejo, kang
dipangarsani dening Kepala Dinas lan Kapolres nganakake sidak narkoba ing SMA lan
SMK Kota Aldakarejo. Kegiyatan kasebut kawitan esuk nganti sore. Ing sidak kasebut
ditemokake ana siswa kang nggawa narkoba lan obat-obatan terlarang, kayata ganja
lan pil koplo. Nanging sing akeh gunggunge yaiku ganja. Ora mung winates nyidak
narkoba, petugas uga nganakake tes urin kang ancase supaya ngreteni apa ana siswa
kang kulina nggunakake narkoba. Saka tes kang dianakake, puluhan siswa dinyatakake
pengguna narkoba, amarga asil tes-e nuduhake positif ngandhut narkoba.
Saka asil kasebut ndadekake keprihatinan tumrap warga pendidikan, dene isih
ana wae bocah kang durung sadar marang bebaya lan akibat nggunakake narkoba, ora

Modul Basa Jawa SMA/SMK 27

mung isa ngrusak awak nanging uga isa urusan karo hukum. Mula saka iku miturut
ngendikane Kepala Dinas Pendidikan, kegiyatan kaya kasebut bakal dianakake
minangka kegiyatan rutin Dinas Pendidikan, supaya aja ana maneh siswa kang lumaku
ing dalan sesat.
1. Jlentrehna wos surasane pawarta-pawarta kasebut!
2. Critakna maneh wos surasane pawarta iku nganggo basamu dhewe! Isa

nggunakake basa dhialekmu!
3. Gaweya wacana eksposisi awujud pawarta cekak. Nanging sadurunge gaweya

cengkorongane. Sabanjure kembangna cengkorongan iku dadi pawarta
nggunakake basa ngoko lan krama!

Modul Basa Jawa SMA/SMK 28

Deskripsi Omah Joglo:
Perangane, Jinise lan Filosofine

A. Apa iku teks Deskripsi?

Teks deskripsi yaiku salah sawijining wacana kang mbudidaya ngandharake
pokok pikiran sing bisa njembarake wawasan, utawa pangertene kang maca. Supaya
luwih cetha biasane dilengkapi kanthi grafik utawa gambar. Wacana deskripsi adate
digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah -
langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa
utawa bab.

Teks Deskripsi iku awujud tulisan utawa karangan sing nggambarake samubarang,
papan, kahanan, utawa barang kanthi tembung-tembung kanthi pratela utawa jelas.
Padatan sing nggambarake ing karangan iku kasile ngamati ngganggo mripat. Teks
deskripsi nengenake gambaran saka wujud, titikan, lan kahanan samubarang sing
digambarake kanggo panggonan lan wektu tertemtu.
1. Ciri teks deskripsi

Teks deskripsi nduweni ciri kaya ing ngisor iki!
a. Teks deskripsi ujude nonfiksi. Objek sing digambarke iku fakta. Sanes

khayalan.
b. Nggambarake objek tertentu.
c. Ngambarake objek kanthi jelas lan rinci
d. Sing digambarake yaiku ujud objek, bentuke, utawa warnane.
e. Teks dekripsi bisa gawe pamaos kaya-kaya bisa nonton, krungu, ngrasa lan

nyekel barang apa sing digambarke

2. Cara Nulis teks deskripsi
Bab sing kudu digatekake nalika nulis teks deskripsi yaiku:
1. Nemtokake bab sing arep ditulis
2. Ngumpulake katerangan kanthi namatake bab sing arep ditulis
3. Nyathet bagean utawa perangan kanthi teliti
4. Nulis asil pengamatan kanthi urut, cetha, sarta nggunakake tembung sing trep
5. Naliti maneh asil tulisan supaya dadi karangan kang luwih apik

B. Deskripsi Omah Joglo: Perangane, Jinise lan
Filosofine

Padha karo suku-suku liyane ing Indonesia, wong Jawa uga nduweni omah adat.
Omah adat mau jenenge omah joglo. Ciri utama saka omah joglo yaiku nduwe saka
guru. Saka guru yaiku cagak utawa tiyang utama sing jumlahe ana papat.

Papan kanggo mbangun omah joglo kudu jembar. Sebabe apa? Omah joglo kalebu
omah sing ujude gedhe lan nduwe bagian sing akeh. Saengga butuh panggon sing
amba banget.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 29

Bahan bangunan omah joglo biasane ujud kayu. Kayu kasebut bisa awujud kayu
jati, maoni, sonokeling, glugu, kayu nangka lan sapanunggalane. Amarga rega kayu iki
kaetung larang, mula ora sembarang wong bisa lan gelem mbangun omah joglo.
1. Perangan utawa Bagian Omah Joglo

Omah joglo nduweni patang bagian yaiku pendhapa, pringgitan, dalem agung lan
gandhok.
1. Pendhapa

Pendhapa iku bagian omah joglo sing mapan paling ngarep. Wangunan ora katutup
gebyog (gedhek) alias dibukak byak. Fungsine pendhapa yaiku kanggo nampa tamu,
rapat musyawarah warga lan bisa uga kanggo papan dolanan anak-anak.
2. Pringgitan

Manut saka jengene, pringgitan iku asale saka tembung ringgit sing artine wayang.
Pringgitan nduweni teges yaiku bagian omah joglo sing biasa digunakake kanggo
pagelaran wayang. Pringgitan iki mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem ageng.
Jaman mbiyen, akeh sing padha seneng wayang. Mula, ing omah ana bagian kusus
kanggo pagelaran wayang.

3. Omah dalem / omah njero /dalem agung utawa krobongan
Omah dalem iku minangka bagian utama saka omah joglo. Bagian iki banget

privasine kanggo wong Jawa. Merga privasi, omah dalem katutup rapet utawa diwenehi
gebyog. Supaya ana hawa sing mlebu, omah dalem diwenehi lawang lan jendela.
Fungsi utama saka omah dalem yaiku kanggo kumpul keluarga, nyimpen rajabrana
(barang berharga) lan kanggo ngaso (turu, leren).

Omah dalem iki kaperang dadi telung bagian yaiku senthong tengah, senthong kiwa
lan senthong tengen. Gunane senthong kiwa lan senthong tengen yaiku kanggo papan
turu. Dene senthong tengah dadi ruang keluarga. Ing upacara adat manten, senthong
tengah diarani krobongan.

4. Omah gandhok
Omah gandhok iku bagian omah joglo sing awujud omah tambahan (dudu bagian

inti). Biasane omah gandhok kanggo garasi, pawon, lan pakiwan (WC).
Pawon yaiku dhapur utawa papan kanggo masak. Disebut pawon amarga papan iki

ngasilake awu (abu) sisa bakaran kayu. Dene Pakiwan yaiku perangan omah gandhok
kanggo reresik, kaya ta adus, MCK, umbah-umbah lan sapanunggalane.

Saliyane perangan kasebut, ana perangan liyane yaiku:
Bagian njaba
1. Pagar yaiku bagian omah joglo paling pinggir sing winates karo dalan
2. Latar yaiku bagian ngarep omah (halaman)
3. Emper yaiku bagian ngarep omah sing isih kayoman genteng
4. Tritis yaiku bagian kiwa tengen omah
Bagian ngisor
1. Jobin yaiku lantai keramik
2. Jogan yaiku lantai sing awujud lemah (durung dikramik)

Modul Basa Jawa SMA/SMK 30

3. Umpak yaiku alas tiyang supaya ora ambles ing bumi
Bagian kerangka
1. Saka yaiku tiyang utawa cagak kanggo nyangga payon
2. Payon, empyak yaiku atap
3. Blandar yaiku panyangga payon sing mapan sandhuwure cagak
4. Cathok yaiku pucuke blandar sing disambung
5. Pangeret yaiku sing nggathukne blandar
Bagian atas
1. Empyak yaiku rangka payon sing isine reng lan usuk
2. Pencu yaiku pucuking payon
3. Talang yaiku panggon ilining banyu udan
4. Usuk yaiku panyangga reng
5. Reng yaiku panggon mapane genteng
Bagian panutup
1. Lawang yaiku pintu
2. Jendela/ candela yaiku jendela
3. Gedhek, gebyog yaiku dinding kayu, bisa awujud kayu jati, maoni, uga pring

2. Filosofi omah Joglo
Pendhapa yaiku perangan omah joglo tanpa tutup. Iki nuduhake yen wong Jawa

iku siyaga lan siap nampa sapa lan apa wae sing bakal teka. Saliyane iku, uga nduweni
teges wong Jawa tansah nengenke (mementingkan) kerukunan lan kekeluargaan.
Pendhapa iku nduweni fungsi minangka papan kanggo mbahas kadonyan kaya ta
bisnis, gawean, dagangan lan sapanunggalane.

Pringgitan nduweni filosofi yen awake dhewe kudu tansah njaga warisan para
leluhur ing bidang seni lan olah rasa. Saliane njaga awake dhewe kaajab uga bisa melu
ngrembakake ringgit utawa ujud kasenian kasebut.

Dalem agung iku nduweni filosofi yen wong Jawa nduwe privasi. Tegese, saben
wong nduwe rahasia sing cukup diweruhi keluargane dhewe lan ora perlu diumbar.
Saliyane iku, dalem agung uga nduweni pitutur yen ngibadahe manungsa iku cukup
Gusti Allah sing ngerti. Dhewe minangka manungsa mung netepi dhawuh.

Omah gandhok nduweni fungsi kanggo masak, lan reresik. Yen dideleng saka
fungsine, perangan iki nduweni filosofi ye n awake dhewe kudu gemi setiti lan ngati-
ati. Maksude yaiku manungsa kudu irit, ora boros, ora ngumbar aibe lan tansah ngati-
ati nalikane tumindak.

3. Jinising omah Joglo
Omah joglo nduweni pirang-pirang jinis yaiku:
1. Joglo sinom

Modul Basa Jawa SMA/SMK 31

Omah joglo iku kaetung amba banget amarga cacahe saka/ cagak ana 36.
Cagak utamane ana papat lan disebut saka guru. Bangunan iki minangka
inovasi saka omah joglo sing nduweni teras keliling (diubengi teras)
2. Joglo Jompongan

Joglo iki kalebu jenis omah joglo dhasar utawa ora ana owah-owahan sing
aeng. Sing mbedakake joglo iki karo omah joglo liyane yaiku cacahe pengeret
sing ana 2.
3. Joglo Pangrawit

Yaiku omah joglo kang nganggo ambang gantung, payone lancip lan nduwe
telung undhak-undhakan. Saben pojokan payon, diwenehi tumpang (cagak
cilik).
4. Joglo Mangkurat

Modul Basa Jawa SMA/SMK 32

Joglo mangkurat mirip karo joglo pangrawit. Bedane luwih dhuwur lan
disambung nganggo penitih.
5. Joglo Hageng

Omah iki ukurane luwih pendhek lan amba. Ambane merga katambahan
tratak keliling.
6. Joglo Lawakan

Omah joglo jenis iki kalebu omah dhasar joglo. Ora ana tambahan babar blas.
Cacahe cagak ana 16 lan ing antarane ana saka guru.
7. Joglo Semar Tinandhu

Modul Basa Jawa SMA/SMK 33

Joglo iki biasane dadi regol utawa gerbang utama. Ciri utama joglo iki yaiku
saka gurune nempel karo tembok pager.

GLADHI MANDHIRI

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener!
1. Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun

saka pirang-pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake
kanggo nampa tamu. Dene, ana bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu
kang luwih raket, ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana
uga bagean papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi
pirang-pirang kamar yaiku sisih tengen lan kiwa.
Bagean joglo ingkang dipunginakaken kangge pagelaran seni tradisi inggih punika….
A. pendhapa
B. pringgitan
C. omah ndalem
D. senthong tengen
E. senthong kiwa

2. Ruwangane jembar tanpa ana sekat-sekat, digunakake kanggo nampa tamu utawa
ruwang kanggo dolanan bocah-bocah. Papan kanggo kumpul kulawarga.
Wujudw pesagi lan nduweni patang tiang (saka guru) kang ana ing tengah-tengah.
Andharan kasebut nduduhaken wujud bagian griya joglo ingkang dipunwastani....
A. Pringgitan
B. Pendhapa
C. Senthong kiwa
D. Dalem ageng
E. Senthong tengah

3. Gatekna Wacan Jawa ing ngisor iki!
Yen omah Joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional kasusun saka pirang-
pirang bagean kaya pendhapa, pringgitan lan uga omah dalem/omah njero. Pendhapa
yaiku bagean omah Joglo umume digunakake kanggo nampa tamu. Pendhapa
mapane ana ing ngarepan lan ora ana pagere. Iki duweni teges yen wong Jawa iku
ramah la ora milih-milih tamu. Saliyane iku pendhapa biasane ora ana kursine.
Kang ateges antarane tamu lan sing kagungan omah derajate padha. Dene pringgitan
dadi simbul yen sing kagungan omah mung wayang. Ora mung ngandhut simbul lan
filosofi kag adiluhung, omah joglo uga omah kang “tahan gempa”. Dene, pringgitan
iku bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luweh raket, ananging
fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Omah ndalem utawa omah

Modul Basa Jawa SMA/SMK 34

njero papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-pirang
kamar utawa senthong, yaiku tengah, tengen, lan kiwa.
Bagean omah Joglo kang umume digunakake kanggo nampa tamu yaiku…
A. Pringitan
B. Senthong kiwa
C. Senthong tengen
D. Senthong tengah
E. Pendhapa

4. Ing ngisor iki kalebu jinising omah joglo, kejaba…
A. Joglo Pendhapa, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit,
B. Joglo Mangkurat, Joglo Hageng, Joglo Lawakan,
C. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Jompongan, Joglo Pringgitan
D. Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, Joglo Regolan
E. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Regolan, Joglo Pringgitan

5. Joglo ugi nggadhahi kamar khusus ingkang kaasmani Gedhongan. Gedhongan
minangka panggenan kagem katentreman, panggenan ibadah tuwin samubarang
kagiyatan suci sanesipun.
Saking pethilan wacan kasebut, nilai-nilai ingkang kaandhut inggih punika..... A.
Agama
B. Politik
C. Sosial
D. Budaya
E. Ekonomi

6. Ruwangane jembar tanpa ana sekat-sekat, digunakake kanggo nampa tamu utawa
ruwang kanggo dolanan bocah-bocah. Papan kanggo kumpul kulawarga. Wujude
pesagi lan nduweni patang tiang (saka guru) kang ana ing tengah-tengah.
Nilai ingkang kaemot ing andharan kasebut, yaiku......
A. Estetika
B. Etika
C. Sosial
D. Religi
E. Ekonomi

7. Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun
saka pirang-pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake
kanggo nampa tamu. Dene, ana bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu
kang luwih raket, ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana
uga bagean papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-
pirang kamar yaiku sisih tengen lan kiwa.

Modul Basa Jawa SMA/SMK 35

Paragrap kasebut ngandharaken endahipun Joglo ingkang kaperang wonten pinten-
pinten bagean ing salebetipun. Pramila menika joglo menika ngemot nilai inggih
punika….
A. Pendhidhikan
B. Sosial
C. Moral
D. Etika
E. Estetika

8. Ruwangan ingkang jembar tanpa sekat-sekat, dipunginakaken kangge nampi tamu
utawi ruwang kangge dolanan lare-lare. Papan kangge kumpul kaluwarga. Wujude
pesagi lan kagungan sekawan tiyang (saka guru) ing tengah-tengah.
Andharan kasebut kaemot ing andharan kasebut, yaiku ....
A. Sosial
B. Estetika
C. Etika
D. Ekonomi
E. Religi

9. Wong Jawa nduwe privasi. Tegese, saben wong nduwe rahasia sing cukup diweruhi
keluargane dhewe lan ora perlu diumbar.
Ukara kasebut nuduhake filosofi saka bagean omah joglo yaiku…
A. Pringgitan
B. Gandhok
C. Pawon
D. Pakiwan
E. Omah Ageng

10. Yen dideleng saka fungsine, perangan iki nduweni filosofi yen awake dhewe kudu
gemi setiti lan ngati-ati. Maksude yaiku manungsa kudu irit, ora boros, ora ngumbar
aibe lan tansah ngati-ati nalikane tumindak. Ukara kasebut minangka gambaran saka
filosofi bagean omah joglo, yaiku….
A. Pringgitan
B. Gandhok
C. Pawon
D. Pakiwan
E. Omah Ageng

Modul Basa Jawa SMA/SMK 36

Aksara Jawa

A. Aksara Nglegena lan Pasangane

ha na ca ra ka

da ta sa wa la

pa dha ja ya nya

ma ga ba tha nga
B. Sandhangan
........ Swara i
Sandhangan Swara ........ Swara e
Wulu ........ Swara u
........ Swara e
Pepet

Suku

Taling

Modul Basa Jawa SMA/SMK 37

Taling tarung ........ Swara o
nyigeg aksara “ha”
Sandhangan Panyigeg Wanda

Wignyan ….....

Layar ....... nyigeg aksara “ra”

Cecak ........ nyigeg aksara “nga”
Pangkon ........
Sandhangan Wyanjana nyigeg aksara ing
Cakra ngarepe
Keret
Pengkal …..... Gantine aksara „ra”
…..... Gantine aksara „re”
…..... Gantine aksara „ya”

Tuladha : Budi
Saka

Apa Kudu
Tapa Dhapur

Modul Basa Jawa SMA/SMK 38

Kamulyan Sumimpen
pandangon prasapa

C. Sandhangan Manda Swara

1. Sandhangan Manda Swara “ng”

Contohnya untuk menulis kata (tembung):

Modul Basa Jawa SMA/SMK 39

2. Sandhangan Manda Swara “r”
Contohnya untuk menulis kata (tembung):
3. Sandhangan Manda Swara “h”

Modul Basa Jawa SMA/SMK 40

Contohnya untuk menulis kata (tembung):

GLADHI MANDHIRI
1. Golekana aksara sandhangan Mandaswara saka teks sing

migunakake aksara Jawa!

Modul Basa Jawa SMA/SMK 41

2. Golekana tembung ing panulisan aksara Jawa sing luput!

3. Tulisen wacana iki nganggo aksara Jawa!
a. Dhek jaman biyen semarang iku kalebu wewengkon Demak.
Sing dadi bupati Semarang wektu iku Kanjeng Bupati
Pandhanaran.
b. Sing dadi bupati Semarang wektu iku Kanjeng Bupati
Pandhanaran
c. Sawise mesthekake bola-bali kabar kuwi bener, Sunan
Kalijaga duka banget ngendhika werna-werna

4. Tulisen wacana iki nganggo aksara Jawa!
Dhek jaman biyen semarang iku kalebu wewengkon Demak.

Sing dadi bupati Semarang wektu iku Kanjeng Bupati
Pandhanaran. Watakke Kanjeng Bupati Pandhanaran kirang
nggatekake marang kawulane. Sunan Kalijaga kepengin
buktekake kahanan kuwi, apa bener-bener kedadean utawa
mung rerasane wong sing ora seneng. Sunan Kalijaga memba
dadi wong ngarit, sukete didol marang Kanjeng Bupati
Pandhanaran.

Sawise mesthekake bola-bali kabar kuwi bener, Sunan
Kalijaga duka banget ngendhika werna-werna. Kanjeng Bupati
Pandhanaran mung kendel, dheleg-dheleg, penggalihe
nglelimbang ngendikane Kanjeng Sunan. Ing ati gela banget lan
rumangsa luput jalaran dadi pimpinan ora nggatekake marang

Modul Basa Jawa SMA/SMK 42

kawulane. Ature Kanjeng Bupati Pandhanaran marang Sunan
Kalijaga, ”Dhuh Kanjeng Sunan kula rumaos lepat, punapa
tebusan kula supados dedosa kula kaparingan pangapunten
dening Pangerang Ingkang Maha Kuwaos?”

GLADHI UJIAN AKHIR SEMESTER

I. Wenehana tandha ping ing jawaban a, b, c, d utawa e minangka wangsulan
sing paling bener!

1. Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung. Pethilan tembang kasebut
minangka tuladha saking…
A. Purwakanthi basa
B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi swara
D. Tembung dwilingga
E. Tembung garba

2. Ukara ing ngandhap, ingkap nduweni purwakanthi lumaksita yaiku…
A. Ugungan sadina-dina, Aja mangkono wong urip

B. Ingkang sipat wisesa winisesa wus, Mulih mula mulanira
C. Mangkono ilmu kang nyata, Sanyatane mung weh reseping ati
D. Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung, Kang tumrap neng tanah jawi
E. Bungah ingaranan cubluk, Sukeng tyas yen denira
3. mangkono ngèlmu kang nyata
sanyatane mung wèh rêsêping ati
bungah ingaranan cubluk
sukèng tyas yèn dèn ina
nora kaya si punggung anggung gumunggung
ugungan sadina-dina
aja mangkono wong urip
Piwulang saking tembang macapat kasebut inggih punika ....
A. Kedah sinau ingkang patut lan ugi nerapaken ilmu punika kangge dhiri

pribadhi.
B. Kedah gadhah ilmu kang saged damel ati tentrem, nebihi sipat gumedhe lan

remen dipangalembana.
C. Tiyang ingkang bodho padatan langkung kathah omong.
D. Kedah nuladha tiyang pinter kang saged ngalah lan purun nutupi salahe tiyang

sanes.
E. kedah dados tiyang ingkang saged ngrumangsani kaluputane piyambak.

4. Gatekna Tembang ing ngisor iki!
1. Si pengung nora nglegawa,
2. Ngalingi marang si pingging
3. Saya elok alangka longkanganipun,
4. Kandhane nora kaprah,
5. Ngandhar-andhar angendhukur,
6. Si wasis waskitha ngalah,
7. Sangsayarda denira cacariwis,

Modul Basa Jawa SMA/SMK 43


Click to View FlipBook Version