Urutane sing leres tembang pangkur kasebut yaiku….
A. 1, 5, 7, 4, 3, 6, 2
B. 1, 7, 5, 3, 4, 6, 2
C. 1, 7, 5, 4, 6, 3, 2
D. 1, 5, 4, 7, 3, 6, 2
E. 1, 7, 5, 4, 3, 6, 2
5. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!
Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake
wong, karuwan lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha,
ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat Semarang. Pranyata
Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan
sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.
“Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih.”
“Inggih, Mbak,” pelayan mau mesem.
Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi
nandang susah ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke
gumun, kenangapa kancane sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine
kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banged priya
sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.
“Kenangapa ta, Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune
nggantheng, nyambut gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?”
pitakone Tangguh.
“Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku
durung kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing
pingin takranggeh,” sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi
nyauri.
Sapa wae paraga ing cerita ing ndhuwur?
A. Kinanthi, Tangguh
B. Kinanthi, Tangguh, pelayan, kasir.
C. Kinanthi, Tangguh, pelayan.
D. Kinanthi, Tangguh, pelayan, Sudibyo
E. Kinanthi, Tangguh, Kasir
6. Saka cerita kasebut, Kinanthi nduweni sipat….
A. Sabar
B. Pangerten
C. Kemayu
D. Teteg
E. Gumedhe
7. Kenapa atine Kinanthi angel direngkuh karo wong lanang?
A. Kinanthi esih mikirake wong liya
B. Kinanthi esih pingin ngentekke lemon tea
C. Kinanthi emoh mikir katresnan
D. Kinanthi gak seneng karo Sudibyo
E. Kinanthi mikir gaweyan
Modul Basa Jawa SMA/SMK 44
8. Mulih saka nggone Babah A Cheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah
rada dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen
panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket ewu ana
patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar ragad Marni golek papan kuliah.
Nilai ingkang saged kapendhet saking pethilan cerkak kasebut, yaiku....
A. Ekonomi
B. Budaya
C. Sosial
D. Agama
E. Pendhidhikan
F.
9. Gatekake pethilan cerkak ing ngisor iki!
Katon saya suwe srengenge saya mlaku mulih nyang parane. Sumiyati isih wae
lungguh karo ngelap eluhe. Disawang foto ibune kang ana ing tangane. Dheweke
isih lungguh ana ngisor wit randhu, ora nglegewa yen Winarto wis ana ing
mburine.
Saka pethilan cerita cekak ing ndhuwur, pesen kang kakandhut yaiku ….
A. Sumiyati putra kang bekti marang ibune
B. Sumiyati mung predhuli marang Winarto
C. Sumiyati putra kang bhekti marang ibune
D. Winarto seneng ndelik ngamati Sumiyati
E. Sumiyati sengaja sedhih ben dimelasi Winarto
10. Ing ngisor iki, jenis paraga ing crita cekak yaiku ...
A. utama, kepindho, katelu
B. protagonis, antagonis, tritagonis
C. protagonis, utama, figuran
D. antagonis, protagonis, utama
E. antagonis, tritagonis, figuran
11. Unsur cerkak ana 2, yaiku unsur intrinsik lan ekstrinsik. Sing sinebut unsur intrinsik
yaiku...
A. unsur pambangun sing nyengkuyung laire cerkak
B. unsur sing nyengkuyung dumadine cerkak saka njero
C. unsur underaning cerita, pitutur lan lakuning cerita
D. unsur sing pambangun sing nyengkuyung pamaca
E. unsur unsur pambangun sing dadi patokan utama penulis
12. Sawentara punika, pelaksana tugas Kepala Dinas PSDA dan ESDM kitha Semarang
Ayu Entis ngakeni menawi rekomendasi saking Kejaksaan Negeri Semarang
magepokan kolam retensi Muktiharjo Kidul ngantos samenika dereng mandhap.
Dadosipun proses pembangunan dereng saged dipunlajengaken. Senajan mekaten,
piyambakipun ngandharaken menawi pembangunan kolam retensi benten amargi
badhe enggal dipunlajengaken. ”Ing taun niki sampun dianggaraken konjuk rencana
pembangunan kolam retensi Tlogosari. Kita sedaya badhe nindakaken kanthi
bertahap,” Criyosipun rikala dikonfirmasi lumantar ponsel.
(Kapethik saking Pawarta Basa Jawa)
Wosipun pethilan pawarta ing ndhuwur yaiku….
Modul Basa Jawa SMA/SMK 45
A. Pembangunan kolam retensi Tlogosari boten badhe dipunlajengaken malih
amargi kirangipun anggaran.
B. Pembangunan kolam retensi Tlogosari enggal dipunlajengaken sanajan
rekomendasi dereng mandhap.
C. Pembangunan kolam retensi Tlogosari dipunlajengaken lan asilipun sampun
saged dipunginakaken masyarakat.
D. Masyarakat Tlogosari mboten sarujuk pembangunan kolam retensi Tlogosari
pramila mboten kalajengaken.
E. Masyarakat Tlogosari ngawontenaken swabiaya magepokan kaliyan
pembangunan kolam retensi Tlogosari.
13. Flying Object Research Center (FORCE) kang anduweni anggota para Mahasiswa
Teknik Mesin UGM kasil ngembangake teknologi pesawat tanpa awak utawi
Unmanned Aerial Vehicle (UAV) ingkang dipunsukani nama 'Camar biru'. Damar
Satria Guntoro salah satunggaling anggota FORCE ngendikakaken, pesawat ingkang
sampun dikembangke salebetipun kalih taun menika nelasaken dana saageng Rp 25
yuta (selawe yuta rupiah). Pesawat menika dipundesain kanthi ukuran 120
centimeter uga anteb 4 Kg.
Undering pawarta kasebut, yaiku...
A. Pesawat tanpa awak
B. FORCE duwe pesawat
C. Damar nggawe pesawat
D. FORCE ngembangake UAV
E. Mahasiswa UGM nggawe pesawat
14. Pamaos nalika macakake pawarta kudu isa mbedakake aksara konsonan ing abjad
Jawa. Amarga ana perangan kang beda karo abjad umum. Abjad kasebut yaiku da
lan dha, ta lan tha. Perangan iku kalebu kaprigelan babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
15. Ngatur mandheg lan nerrusake pamacane naskah pawarta iku diarani babagan ….
A. nggunakake pangucap kang trep
B. pamedhote frasa kang trep
C. nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
D. ngreteni tandha wacan kanthi trep
E. swara kang cetha
16. Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun
saka pirang-pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake
kanggo nampa tamu. Dene, ana bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu
kang luwih raket, ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana
uga bagean papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-
pirang kamar yaiku sisih tengen lan kiwa.
Bagean joglo ingkang dipunginakaken kangge pagelaran seni tradisi inggih
punika….
Modul Basa Jawa SMA/SMK 46
A. pendhapa
B. pringgitan
C. omah ndalem
D. senthong tengen
E. senthong kiwa
17. Ruwangane jembar tanpa ana sekat-sekat, digunakake kanggo nampa tamu utawa
ruwang kanggo dolanan bocah-bocah. Papan kanggo kumpul kulawarga. Wujudw
pesagi lan nduweni patang tiang (saka guru) kang ana ing tengah-tengah.
Andharan kasebut nduduhaken wujud bagian griya joglo ingkang dipunwastani....
A. Pringgitan
B. Pendhapa
C. Senthong kiwa
D. Dalem ageng
E. Senthong tengah
Gatekna Wacan Jawa ing ngisor iki!
Yen omah Joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional kasusun saka pirang-
pirang bagean kadya pendhapa, pringgitan lan uga omah dalem/omah njero. Pendhapa
yaiku bagean omah Joglo umume digunakake kanggo nampa tamu. Pendhapa mapane ana
ing ngarepan lan ora ana pagere. Iki duweni teges yen wong Jawa iku ramah la ora milih-
milih tamu. Saliyane iku pendhapa biasane ora ana kursine. Kang ateges antarane tamu
lan sing kagungan omah derajate padha. Dene pringgitan dadi simbul yen sing kagungan
omah mung wayang. Ora mung ngandhut simbul lan filosofi kag adiluhung, omah joglo
uga omah kang “tahan gempa”. Dene, pringgitan iku bagean kang luwih njero, bisa
kanggo nampa tamu kang luweh raket, ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran
wayang. Omah ndalem utawa omah njero papan kanggo kulawarga. Kamar kulawarga
uga diperang dadi pirang-pirang kamar utawa senthong, yaiku tengah, tengen, lan kiwa.
18. Bagean omah Joglo kang umume digunakake kanggo nampa tamu yaiku…
A. Pringitan
B. Senthong kiwa
C. Senthong tengen
D. Senthong tengah
E. Pendhapa
19. Ing ngisor iki kalebu jinising omah joglo, kejaba…
A. Joglo Pendhapa, Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit,
B. Joglo Mangkurat, Joglo Hageng, Joglo Lawakan,
C. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Jompongan, Joglo Pringgitan
D. Joglo Jompongan, Joglo Pangrawit, Joglo Regolan
E. Joglo Semar Tinandhu, Joglo Regolan, Joglo Pringgitan
20. Joglo ugi nggadhahi kamar khusus ingkang kaasmani Gedhongan. Gedhongan
minangka panggenan kagem katentreman, panggenan ibadah tuwin samubarang
kagiyatan suci sanesipun.
Saking pethilan wacan kasebut, nilai-nilai ingkang kaandhut inggih punika.....
A. Agama
B. Politik
Modul Basa Jawa SMA/SMK 47
C. Sosial
D. Budaya
E. Ekonomi
21. Gatekaken panyeraran ukara mawi aksara Jawa menika!
1)
2)
3)
4)
Ukara mawi aksara Jawa kasebut ingkang migunakaken sandhangan mandaswara
inggih punika….
A. 1 lan 2
B. 1 lan 3
C. 2 lan 3
D. 2 lan 4
E. 3 lan 4
22.
Saka ukara ing dhuwur, tembung kang nggunakake sandhangan manda swara
yaiku…
A.
B.
C.
D.
E.
23. Ukara sing ngandhut sandhangan mandaswara, yaiku.....
Modul Basa Jawa SMA/SMK 48
A. .
B.
C.
D.
E.
24. Pasar lan sekolahan. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku…
A.
B.
C.
D.
E.
25. Golek kawruh. Yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi…
A.
B.
C.
D.
E.
Modul Basa Jawa SMA/SMK 49
Daftar Pustaka
Anggoro, Sayuti. 2016. Tuladha Medar Sabda. Semarang: Penerbit Griya Jawi.
Anggoro, Sayuti. 2016. Pengantar Pranatacara. Semarang: Penerbit Griya Jawi.
Anggoro, Sayuti. 2017. Upacara Pengantin Jawa: Siraman, Midodareni, Temon,
Ngundhuh Mantu Adat Surakarta. Semarang: Penerbit Griya Jawi.
Hardjawijana, dkk. 1995. Pedoman penulisan aksara Jawi. Yogyakarta: Yayasan Pustaka
Nusantara
Purwadaminto. 1939. Kamus Bausastra Jawa. Batavia: J.B. Wolters‟ Uitgevers
Maatchappij N.V. Groningen.
Purwanto eko. 2011. Pepak Basa Jawi. Yogyakarta: Diva Press
Sarwini Bening, dkk. 2019. Belajar Praktis Bahasa Jawa Mata Pelajaran Muatan Lokal.
Solo: Viva Pakarindo.
Tim MGMP Bahasa Jawa Kota Semarang. 2018. Damar. Semarang: Pinus
Widaryatmo, Gandung dkk. 2014. Prigel Basa Jawa kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas X.
Jakarta: Erlangga.
Modul Basa Jawa SMA/SMK 50