The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by onjierunjie, 2021-12-10 01:19:17

MODUL BAHASA JAWA KELAS 3

MODUL BAHASA JAWA KELAS 3

i

Pambuka

Puji syukur alhamdulillah tumanduk ngarsa dalem Allah SWT,
awit Modul Bahasa Jawa Kelas 3 punika saged karampungaken
kangge kelas 3 ing tataran sekolah dasar. Pandhapuk modul punika
mawi lelandhesan Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan Mulok Bahasa
Daerah 2013 Tingkat SD/MI. Kejawi saking punika, materi-materinipun
ugi sampun kasalarasaken kaliyan tema-tema piwucal ingkang
nedahaken wontenipun pendhidhikan karakter. Materinipun ugi sampun
disesuaiaken kale kondisi ingkang wonten daerah Kabupaten
Probolinggo.

Atur panuwun kulo aturaken dhumateng sinten kemawon
ingkang sampun paring pambiyantu dhumateng pandhapukipun modul
punika.
1. Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten Probolinggo
2. Kabid Pembinaan SD
3. Kasi Penilaian dan Kurikulum
4. Pengawas lan Narasumber
Mugi-mugi pikantuk piwales saking Gusti Kang Maha Kuwaos. Wasana
mugi-mugi modul punka wonten gina paedahipun tumrap rancagipun
lan kemajenganipun piwucal basa Jawi wonten ing pawiyatan.

Pandhapuk

ii

DAFTAR ISI

PAMBUKA ............................................................................................ ii
DAFTAR ISI ............................................................................................ iii
Katrangan Modul ................................................................................... iv
Pigunane Modul ...................................................................................... iv

SEMESTER 1 ......................................................................................... 1
WULANGAN 1 ......................................................................................... 2
Peta Konsep ............................................................................................ 3
Pawulangan 1 .......................................................................................... 7
Pawulangan 2 .......................................................................................... 11
Pawulangan 3 ......................................................................................... 14
Pawulangan 4 ......................................................................................... 17
Pawulangan 5 ......................................................................................... 20
Pawulangan 6 ......................................................................................... 22
Pawulangan 7 ......................................................................................... 25
Gladhen Wulangan 1 ................................................................................ 28
WULANGAN 2 ......................................................................................... 30
Peta Konsep ............................................................................................ 31
Pawulangan 1 .......................................................................................... 35
Pawulangan 2 .......................................................................................... 38
Pawulangan 3 ......................................................................................... 41
Pawulangan 4 ......................................................................................... 43
Pawulangan 5 ......................................................................................... 44
Pawulangan 6 ......................................................................................... 46
Pawulangan 7 ......................................................................................... 48
Gladhen Wulangan 2 ................................................................................ 50
SEMESTER 2
WULANGAN 3 ......................................................................................... 54
Peta Konsep ............................................................................................ 55
Pawulangan 1 .......................................................................................... 57
Pawulangan 2 .......................................................................................... 60
Pawulangan 3 ......................................................................................... 63
Pawulangan 4 ......................................................................................... 65
Pawulangan 5 ......................................................................................... 67
Pawulangan 6 ......................................................................................... 69
Gladhen Wulangan 3 ................................................................................ 70
WULANGAN 4 ......................................................................................... 72
Peta Konsep ............................................................................................ 73
Pawulangan 1 .......................................................................................... 76
Pawulangan 2 .......................................................................................... 80
Pawulangan 3 ......................................................................................... 84
Pawulangan 4 ......................................................................................... 88
Pawulangan 5 ......................................................................................... 92
Pawulangan 6 ......................................................................................... 95
Gladhen Wulangan 4 ................................................................................ 99
Daftar Pustaka ......................................................................................... 102

iii

Katrangan Modul

Modul iki njlentrehake babagan:
 Teks crita
 Teks crita kondisi alam
 Ngrakit ukara dadi karangan
 Aksara legena
Modul iki uga dilengkapi:
 Teks crita
 Ringkesan materi
 Soal formatif
 Soal sumatif

Pigunane Modul

Pigunane modul iki yaiku:
1. Kanggo sinau basa jawa
2. Para siswa saged grahita sedaya piwulangan
3. Gegladen para siswa kaweruh basa Jawa

4

1

WULANGAN
1

2

Peta Konsep Modul

Pawulangan 1 1. Maca teks cerita 1
2. Ngidentifikasi unsur-unsur teks cerita 1
3. Nyebutake unsur-unsur teks cerita 1
4. Njelasake unsur-unsur teks cerita 1
5. Nganalisis unsur-unsur teks cerita 1

Pawulangan 2 1. Maca teks cerita 2
2. Ngidentifikasi unsur-unsur cerita 2
3. Nyebutake unsur-unsur teks cerita 2
4. Njelasake unsur-unsur teks cerita 2
5. Nganalisis unsur-unsur teks cerita 2

3

Pawulangan 3 1. Maca teks cerita 1

2. Ngidentifikasi ide pokok teks cerita 1

3. nyebutake ide pokok saben paragraf
teks cerita 1

4. Njelasake ide pokok saben paragraf teks
cerita 1

5. Nganalisis ide pokok saben paragraf
teks cerita 1

6. Nulisake ide pokok nang peta konsep

Pawulangan 4 1. Maca teks cerita 2

2. Ngidentifikasi ide pokok teks cerita 2

3. Nyebutake ide pokok saben paragraf
teks cerita 2

4. Njelasake ide pokok saben paragraf teks
cerita 2

5. Nganalisis ide pokok saben paragraf
teks cerita 2

6. Nulisake kerangka karangan nang kartu
kalimat

4

Pawulangan 5 1. Maca teks cerita
2. Ngidentifikasi isi teks cerita
3. Nyebutake isi teks cerita
4. Njelasake isi teks cerita
5. Nganalisis isi teks cerita
6. Nyeritaake mane isi teks cerita

Pawulangan 6 1. maca teks cerita

2. ngidentifikasi tembung-tembung sing
angel nang teks cerita 1

3. nyebutake tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 1

4. njelasake tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 1

5. nganalisis tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 1

6. nulisake tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 1

5

Pawulangan 7 1. Maca teks cerita

2. Ngidentifikasi tembung-tembung sing
angel nang teks cerita 2

3. Nyebutake tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 2

4. Njelasake tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 2

5. Nganalisis tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 2

6. Nulisake tembung-tembung sing angel
nang teks cerita 1

6

Pawulangan 1

Unsur-unsur teks cerita

Tujuan Pembelajaran

1. Disajekno teks cerita siswa iso ngidentifikasi unsur-
unsur teks cerita kanthi ngati-ngati

2. Disajekno teks cerita siswa nyebutaken unsur- cerita
kanthi bener

3. Disajikno teks cerita siswa iso njelaskan unsur-unsur
teks cerita kanthi bener

4. Disajakno teks cerita siswa iso nganalisis unsur dan isi
teks cerita kanthi ngati-ngati

5. Disajikno teks cerita siswa iso moco teks cerita kanthi
lancar

Ayo maca teks cerita

Kembang, kupu, uler lan godhong

Sawijine esuk kan endah gegodhongan
katon obah katiyub angin. Manuk- manuk akeh
kang podho ngoceh. Katon ana buku mabur
mencok ing saben kembang. Kembang-
kembang sing dipanciki katon obah-obah

“sugeng enjang,” kupu nyapa aruh
marang kembang.

“sugeng enjang uga,” kembang semaur kanthi semanak.
“esuk iki kuwe kok katon endah,” pengaleme kupu marang
kembang.
“matur suwun. Kowe ya katon endahlan gagah. Kowe saka ngendi,
lan arep menyang ngendi,” pitakone kembang
Kupu mikir lan sajake katon kangelan arep wangsulan. Nanging
akhire kandha alon, “Aku sakjane kepengen banget njaluk samubarang

7

kang kokduweni. Ing jerone awakmu kuwi sinimpen sari pathine panganan
kang awujud tetesing madu. Aku mbutuhake banget. Apa oleh aku njaluk
setithik wae. Jalaran ya krana saka pitulunganmu aku bakal bisa urip.”

Kembang mangut-mangut lan mikir, ing batine, kupu iki lue lan
kesel. Upama aku ngomong ora oleh mesti kupu kuwi bakal nekat nyecep
madu merga kupu kuwi pancen katon banget yen keluwen. Nanging yen
diolehi kira-kira kupu bakal bungah lan nuwuhake rasa kebagyan. Mulane
akhire kembang menehake saperangan madune supoyo di cecep dening
kupu.

Sawise kupu rampung angone nyecep tetesing madu saka
kembang, kupu rumongso bungah lan ngaturake gunging panuwun
marang kembang.

Wektu lumahku terus nganti tekan titi mangsane kupu ngedhog lan
endoghe netes dadi uler. Uluer banjur ketemugodhong. Uler sambat
marang godhong kepengin mangan saperange godhong kango nerusake
uripe.

Sateruse si uler kudu tapa brata nutupi sakabehing indrane banjur
dadi enthung. Lan nalika wektune tapa wis rampung enthung banjur
pecah, wiwitane ana sing bolong cilik, suwe-suwe kulite si enthung sigar
amba. Banjur metu sawijine wewujudan kang gagah lan endah banget.
Swiwine ombo, wernane neka-neka. Kewan kuwi diarani kupu.

Godhong rumongso seneng, pranyata kancane wis dadi
wewujudtan kang merak ati.

“matur nuwun ya godhong. Tanpa pitulunganmu, aku ora bisa kaya
ngene,” panguvcape kupu marang godhong.

“iya padha-padha ,” godhong semaur kanthi semanak.
Kupu anjur kandha marang gdhong yen deweke kudu golek pangan
sing adoh sarana ngisep-ngisep sarine kembang. Godhong sing bolong-
bolong kuwimesem lan ngiyani kekarepane kupu sing biyene dadi uler.

8

Ayo gegeladhen

Sawise maca teks cerita “kembang, kupu, uler lan godhong” isinen cecek-
cecek ing ngisor iki ngango tembung kang sarujuk!

Tema ……………………………………………………………………………
……….

Paraga ……………………………………………………………………………
Latar Pangonan ……………………………………………………………………………

Latar Wektu ….
Latar Wektu
……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………

….

……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………

….

……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………

….

Ringkesan Materi

Unsur teks cerita yaiku unsur-unsur sing bisa nyengkuyung
utowo mendukung anane teks cerita.

 Tema : punjere utawa undarane cerito
 Paraga : wong sing meragaake cerita
 Latar pangonan : pangonan kedadeane cerita
 Latar wektu : kapan kedadeane cerita
 Amanat : pesen utowo tulodha becik sing
bisa dijupuk saka isisne cerita

9

Tes Formatif
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1. Apa wae unsur-unsur teks cerita?
2. Apa kang dimaksud tema cerita?
3. Apa sing dimaksud latar wektu ?

10

Pawulangan 2

Unsur-unsur teks cerita

Tujuan Pembelajaran

1. Disajekno teks cerita siswa iso ngidentifikasi unsur-
unsur teks cerita kanthi ngati-ngati

2. Disajekno teks cerita siswa nyebutaken unsur- cerita
kanthi bener

3. Disajikno teks cerita siswa iso njelaskan unsur-unsur
teks cerita kanthi bener

4. Disajakno teks cerita siswa iso nganalisis unsur dan isi
teks cerita kanthi ngati-ngati

5. Disajikno teks cerita siswa iso moco teks cerita kanthi
lancar

Ayo moco teks cerita

Asal -Usul Kutha Suroboyo

Dhek jaman semana, Baya seng
panggone ana kali bengawan lagi golek
pangan. Olehe golek pangan ora sengaja
nganti tekan pesisir. Ing papan iku, Baya
ketemu karo iwak Sura seng uga lagi golek
pangan.

Rumongso keganggu, iwak Sura

banjur ngelingake baya.”

He…baya…karepmu iki apa? Kowe rak wes duwe papan dhewe. Kena

apa kowe golek pangan nganti tekan kene? Apa kowe ora ngerti …yen

papan iki isih klebu panguwasaku?”

11

Baya ora kalah banter oleh mbengok, “ sura…kowe ngertia.
Papanmu ana tengah segara. Dadi kowe ora duwe kuwasa menging aku
golek pangan ana kene.” Saya suwe olehe bengkerengan saya rame,
amarga rumangsa padha benere. Kewan loro mau banjur gelut, perang
tanding nganthi pirang-pirang dina.

Wong-wong sacedheke pesoisir sing padha meruhi perang
tandinge iwak sura karo baya mau banjur padha bengok-bengok. “ana
sura karo baya…………… ana sura karo baya…… ana sura karo
baya….”Mula suwenesuwe papan pangonan mau banjur karan Surabaya.

Ayo gegeladhen

Sawise maca teks cerita “Asal usul kutha Surabaya” isinen cecek-cecek ing
ngisor iki ngango tembung kang sarujuk!

Tema ……………………………………………………………………………
……….

Paraga ……………………………………………………………………………
Latar Pangonan ……………………………………………………………………………

Latar Wektu ….
Latar Wektu
……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………

….

……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………

….

……………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………

….

12

Ringkesan Materi

Unsur- unsur cerita selain tema, panokohan , latar lan
amanat isi ana sing di sebut alur cerita. Alur yaiku
urutan kedadean ana ing cerita, digandenganake kanthi
urutan serbab akibat. Alur cerita dibedakake dadi 3
yaiku: alur maju, alur mundur, lan alur campuran

Tes Formatif
1. Apa kang dimaksud alur cerita?
2. Ana pira maceme alur cerita? Sebutno!
3. Kepriye alur ceritane wacaan ing duwur wau?

13

Pawulangan 3

Ide pokok paragraf

Tujuan Pembelajaran

1. Disajikno teks cerita siswa mampu ngidentifikasi ide
pokok saben paragraf ingjerone teks cerita kanthi
ngati-ati

2. Disajikno teks cerita siswa mampu menyebutkan ide
pokok tiap paragraf dalam teks cerita dengan benar

3. Disajikno teks cerita siswa mampu menjelaskan ide pokok
tiap paragraf dalam teks ceritadengan tepat

4. Disajikno teks cerita siswa mampu menganalisis ide
pokok tiap paragraf dalam teks cerita

5. Disajikno peta konsep siswa mampu menulis ide pokok
tiap paragraf dalam teks cerita dengan benar

Ayo moco

Kawah Ijen

Rikala liburan akhir taun kapungkur, Rini lan Bima diajak bapake
plesiran. Ndilalah sing dipilih yaiku objek wisata alam Kawah Ijen. Kawah
Ijen iku manggon ing dataran tinggi Ijen, mlebu tlatah Kabupaten
Banyuwangi lan Kabupaten Bondowoso, Jawa Timur. Kawah ijen
mujudake obyek wisata kawah sing wis dadi tlaga (danau) ing tengahe
gunung sing amba banget. Banyune werna ijo, endah dinulu.

Kanggone Rini lan Bima, plesiran menyang objek wisata Kawah
Ijen iki mujudake pengalaman kang nyenengake lan ora bisa dilalekake.
Sadalan-dalan bocah loro bisa nyawang kaendahaning alam. Ijone
tetuwuhan lan gunungan kang endah. Sawise tekan kawah ijen, Rini lan
Bima kaget. Jebule sing plesiran ing kono ora mung wisatawan dhomestik.
Wisatawan saka manca negara uga akeh sing mrana. Pancen kawah Ijen
mujudake salah sijine objek wisata unggulan ing Jawa Timur.

14

Ayo gegeladhen

Tulisen ide pokok tiap- tiap paragrap ing kotak ngisor iki!

Paragraf 1 Paragraf 2

…………………………………………… ………………………………………………
……………………………………………… ………………………………………………
……………………………………………… ………………………………………………
……………………………………………… ………………………………………………
……………………………………………… ………………………………………………
……………………………………………… ………………………………………………
…………………………………………………… …………………………………………………



Kawah Ijen

15

Ringkesan Materi
Ide pokok paragrap yaiku ukara utama sing

ana ing njeroning paragrap. Paragrap biasane
kesusun saka ukara utama lan ukara pendukung.

Tes Formatif
1. Apa tegese ide pokok paragrap?
2. Sebutno ukara- ukara sing ana ing njroning paragrap!

16

Pawulangan 4

Ide pokok paragraf

Tujuan Pembelajaran

1. Disajikno teks cerita siswa mampu ngidentifikasi ide
pokok saben paragraf ingjerone teks cerita kanthi ngati-
ati

2. Disajikno teks cerita siswa mampu menyebutkan ide
pokok tiap paragraf dalam teks cerita dengan benar

3. Disajikno teks cerita siswa mampu menjelaskan ide pokok
tiap paragraf dalam teks ceritadengan tepat

4. Disajikno teks cerita siswa mampu menganalisis ide
pokok tiap paragraf dalam teks cerita

5. Disajikno kartu kalimat siswa mampu menulis ide pokok
tiap paragraf dalam teks cerita dengan benar

Ayo moco

Dolan Bareng

Rini lan Kunthi bocahe pancen sregep sinau. Sing disinaone ora
mung piwulangan ing sekolahan, nanging uga nyinau bab lingkungan.
Nyawang kaendahaning alam lan moto mujudake kasenengane Rini lan
Kunthi.

Dina minggu Rini, Kunthi, lan kanca-kancane dolan menyang
sawah karo nyangking tustel. Sawahe katon ijo royo-royo. Tandurane pari
wiwit njebul. Para kadang tani sengkud ngopeni sawahe supaya asil
panenane akeh. Ana sing lagi matun, uga ana sing lagi ngrabuk.

Rini sakancane seneng atine. Bocah-bocah muji syukur marang
Gusti Kang Maha Agung dene pinaringan kanugrahan bumi saisine kang
endah lan subur.

17

Ayo gegeladhen

Coba wacanen maneh teks “Dolan Bareng” ing ndhuwur banjur golekono
ide pokok saben paragraph, tulisen ing njroning kartu ukara ing ngisor iki !

Paragrap 1 Paragrap 2

…………………………………………….. ……………………………………………..
…………………………………………….. ……………………………………………..
…………………………………………….. ……………………………………………..
…………………………………………….. ……………………………………………..
…………………………………………….. ……………………………………………..
…………………………………………….. ……………………………………………..

Paragrap 3

……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..
……………………………………………..

18

Ringkesan Materi
Miturut panggonane ide pokok paragrap dibedakno dadi 3, yaiku:
1. Induktif yaiku paragrap seng ukara utamane ana ing mburi

paragrap
2. Deduktif seng ukara utamane ana ing ngarep paragrap
3. Ineratif seng ukara utamane ana ing tengah paragrap

Tes Formatif
1. Paragrap induktif yaiku ……………….
2. Paragrap seng ukara utamane ana ing ngarep paragrap diarani ……………
3. Apa tegese paragrap ineratif ……………….

19

Pawulangan 5

isi bakune teks cerita

Tujuan Pembelajaran

1. Disajekno teks cerita siswa iso ngidentifikasi isi bakune teks
2. Disajekno teks cerita siswa iso nyebutkake isi bakune teks
3. Disajekno teks cerita siswa iso njelasake isi bakune teks
4. Disajekno teks cerita siswa iso nganalisis isi bakune teks
5. Disajekno teks cerita siswa iso nyeritakake mane isi bakune

teks

Ayo moco

“Acara Ulang tahunku”
Minggu wingi aku ulang tahun umur 10 tahun, ibukku duweni
rencana gawe acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-
koncoku sing jumlahe ono 15.

Aku seneng banget pas diaturi ibuk
ulang tahunku bakal dirayakno.
Sebelum dino kang ditunggu-tunggu,
aku diajak ibuk lan bapak tumbas
klambi anyar gae acara kasebut.
Ruang tamu omahku juga bakal di
hias gawe balon-balon lan pita sing
katon apik lan meriah. Ora
ketinggalan ibukku juga pesen roti
ulang tahun bentuk minion sesuai
karo sing tak senengi. Dulur-dulur
sekitaran omah ugo moro lan
mbantu ibukku ngewangi masak gae acara kasebut.

20

Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado
buku, pensi, tas, lepak lan sepatu. Acara kasebut berjalan dengan meriah,
momen iku ora bakal iso tak lalekne.

Ayo gegeladhen

Sawise maca teks cerita “Acara Ulang Tahunku ” wangsulono pitakon-pitakon
ing ngisor iki!

1. sapa sing bakale ulang tahun?
2. Sapa sing mbantu ngewangi masak gae acara ulang tahun?
3. Apa wae hadia sing diterima pas acara ulang tahun?

Ringkesan Materi

Isi bakune teks yaiku gagasan pokok ing jeroning teks. Langkah-
langkah gawe ngerti isi bakune teks yaiku:
1. moco teks kanthi ngati-ati
2. pahamono isi ceritane lan saget nyimpulake isi teks

Tes Formatif

1. Apa kang dimaksud isi bakune cerita?
2. Apa isi bakune teks cerita sing judule Acara Ualang tahun!
3. Ceritakake mane cerita acara ulang tahun nang ngarep kelas!

21

Pawulangan 6

Teks Cerita

Tujuan Pembelajaran

1. Disajekno teks cerita siswa iso ngidentifikasi tembung -
tembungsing angel kanthi ngati-ati

2. Disajekno teks cerita siswa iso nyebutake tembung -
tembungsing angel kanthi bener

3. Disajekno teks cerita siswa iso njelasake tembung -
tembungsing angel kanthi tepat

4. Disajekno teks cerita siswa iso nganalisis tembung -
tembungsing angel kanthi benar

5. Disajekno teks cerita siswa iso nulisake tembung-
tembungsing angel kanthi bener

6. Disajekno teks cerita siswa iso membaca nulisake
tembung – tembung sing angel kanthi lancar

Ayo moco

Ngingu Kucing Anggora

Rini saiki wis kelas telu.
Saliyane sregep sekolah, dheweke
uga sregep ngrewangi wong tuwane.
Nalika prei, Rini tansah ngrewangi
ibune nyapu lan korahkorah. Kabeh
pegawean mau dilakoni kanthi ati
seneng tanpa ngresula. Mula, ora
mokal menawa bapak lan ibune asih banget marang dheweke.

22

Rini seneng banget marang sakabehe jinis kewan ingon-ingon. Ing
omahe dheweke duwe ingoningon kucing anggora. Rini asih banget
marang kucing ingon-ingone mau. Saben dina kucinge dipakani lan
seminggu pisan uga didusi. Krangkenge uga mesthi diresiki dhewe. Mula,
kucing anggorane katon sehat lan nggemesake banget.

Ayo gegeladhen

Sawise maca teks cerita “Ngingu Kucing Anggora ” pasangno tembung
- tembunging ngisor iki karo tegese!

1. ngerusula Kasenengan
2. mokal sambat

3. ingon- ingon khayal

Ringkesan Materi

Kawruh sapala:
ngresula = sambat
asih = seneng banget
nggemesake = lucu
ingon-ingon = klangenan, kasenengan
mokal = khayal, ora mungkin
ngrewangi = biyantu

23

Tes Formatif
1. Apa tegese ngerewangi?
2. Kucingku telu kabeh kucingku ngemesake. Apa tegese tembung

ngemesake?
3. Coba gawean ukora saka tembung ngerewangi!

24

Pawulangan 7

Teks cerita

Tujuan Pembelajaran

1 Disajekno teks cerita siswa iso ngidentifikasi tembung –
tembung sing angel nang teks cerita kanthi bener

2. Disajekno teks cerita siswa nyebutaken tembung – tembung
sing angel nang teks cerita kanthi bener

3. Disajikno teks cerita siswa iso njelasno tembug – tembung sing
angel kanthi bener

4. Disajakno teks cerita siswa iso nganalisis tembung – tembung
sing angel kanthi bener

5. Disajikno teks cerita siswa nulis tembung- tembung sing angel
kanthi bener

Ayo maca teks cerita

Wacanen sing tliti!

Plesir Menyang Pantai Bohai

Dina Minggu, tanggal 7 Agustus 2019 kepungkur Rini,Bima, Pak
Wibawa, lan Bu Dewi tindak plesir menyang Pantai Bohai. Pantai Bohai
iku manggon ana ing tlatah Kabupaten Probolinggo. Salah sijine
kabupaten ing Jawa Timur Budhal saka daleme simbah jam 06.00. Watara
jam 07.00 Pak Wibawa sakulawarga wis tekan pinggire segara. Bu Dewi
banjur menyang loket. Karcis mlebune murah banget. Mung Rp 5000,00
saben wong. Sakwise nyekel karcis, kabeh banjur mudhun saka mobil,
tumuju menyang pendhapa sing manggon persis sapinggire segara.
Pendhapane gedhe tur resik. Hawane rada adhem, amarga angin segara
kang sumribit.

25

Rini banjur ngejak Bima mlaku ngetan, menyang panggonan
pelelangan iwak. Wah... ana prau sing lagi mbongkar iwak olehe njaring
saka segara. Iwake akeh banget lan werna-werna. Ana sing gedhe lan
ana uga sing cilik. Seneng rasane ndeleng para nelayan ngusung asil
kerjane. Bocah loro nyata kesengsem ndeleng kahanan iku. Nyata
Indonesia iki pancen sugih. Ora krasa wis jam telu sore. Pak Wibawa
banjur nimbali Rini lan Bima supaya padha tata-tata. Jam setengah papat
banjur budhal mulih.

Ayo gegeladhen

Wenehana tandha panah saka tembung menyang tegese
tembung sing cocok!

Tlatah Dolan

Sumribit Menuju

Tumuju Sumilir
Plesir Wewengko

26

Ringkesan Materi

Kawruh sapala:
Kepungkur = wingi, yang lalu
Plesir = dolan, rekreasi
Tlatah = wewengkon, wilayah
Tekan = teka ing
Tumuju = menuju
Pendhapa = bale, papan kanggo pertemuan
Sumribit = sumilir
Njaring = golek iwak nganggo jaring
Kesengsem= kayungyun, terpesona

Tes Formatif

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Apa irah-irahane wacan ing ndhuwur?
2. Sapa sing plesir?
3. Ana tlatah ngendi papan plesir iku?
4. Kapan olehe padha plesir?
5. Jam pira olehe budhal saka daleme simbah?

27

Gegeladhen Wulangan 1

A. Pilihen jawaban ing ngisor iki kang bener!

1. Punjere utawa undarane crito diarani . . . .
a. Paraga
b. Amanah
c. Tema

2. Pesen utawa tuladha becik sing bisa dijupuk saka isine cerita diarani . . . .
a. Latar
b. Amanat
c. Paraga

3. Unsur- unsur sing ana ing njroning cerito, kajaba . . . .
a. Ukara
b. Tema
c. Latar

4. Urutan kedadean sing ana ing njroning cerita diarani . . . .
a. Amanat
b. Tema
c. Alur

Wacanan ing ngisor iki kanggo ngerjakno soal no 5 – 7 !
Rikala liburan akhir taun kapungkur, Rini lan Bima diajak bapake

plesiran. Ndilalah sing dipilih yaiku objek wisata alam Kawah Ijen. Kawah
Ijen iku manggon ing dataran tinggi Ijen, mlebu tlatah Kabupaten
Banyuwangi lan Kabupaten Bondowoso, Jawa Timur. Kawah ijen
mujudake obyek wisata kawah sing wis dadi tlaga (danau) ing tengahe
gunung sing amba banget. Banyune werna ijo, endah dinulu.

5. Ide pokok paragraph ing nduwur ana ing ukara . . . .
a. 1
b. 2
c. 3

6. Miturut panggonane ide pokok, paragrap ing nduwur diarani pargrap . . . .
a. Induktif
b. Ineratif
c. Deduktif

28

7. Banyune werna ijo, endah dinulu.
Tegese tembung ‘endah’ yaiku . . . .
a. Rame
b. Apik
c. Sepi

8. Paragrap biasane kesusun saka ukara utama lan ukara . . . .
a. Pendukung
b. Pitakon
c. Panuwun

9. Gagasan pokok ing njroning teks iku diarani . . . .
a. Tema teks
b. Isi bakune teks
c. Amanah teks

10. Mula, ora mokal menawa bapak lan ibune asih banget marang
dheweke.
Tembung ‘mokal’ tegese . . . .
a. Nulung
b. Ngopeni
c. Khayal

B. Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Apa wae unsur-unsur teks cerita?
………………………………………………………………………………

2. Apa kang dimaksud tema cerita?
………………………………………………………………………………

3. Apa tegese ide pokok paragrap?
………………………………………………………………………………

4. Sebutno ukara- ukara sing ana ing njroning paragrap!
………………………………………………………………………………

5. Coba gawean ukora saka tembung ngerewangi!
………………………………………………………………………………

29

30

Peta Konsep Modul

Pawulangan 1 1. Maca Teks Informasi
2. Ngidentifikasi istilah – istilah cuaca
3. Nyebutake istilah – istilah cuaca
4. Njelasake istilah – istilah cuaca
5. Nganalisis istilah – istilah cuaca
6. Maca teks istilah – istilah cuaca

Pawulangan 2 1. Maca Teks Informasi
2. . Ngidentifikasi istilah – istilah cuaca
3. Nyebutake istilah – istilah cuaca
4. Njelasake istilah – istilah cuaca
5. Nganalisis istilah – istilah cuaca
6. Maca teks istilah – istilah cuaca

31

Pawulangan 3 1. Maca Teks Informasi
Pawulangan 4
2. Ngidentifikasi istilah – istilah musim

3. Nyebutake istilah – istilah musim

4. Njelasake istilah – istilah musim

5. Nganalisis istilah – istilah musim

6. nulis crito tentang istilah – istilah musim

1.Ngematake isi vidio istilah – istilah
musim
2. Ngidentifikasi isi vidio istilah – istilah
musim
3. Nyebutake isi vidio istilah – istilah
musim
4. Njelasake isi vidio istilah – istilah musim

5. Nganalisis isi vidio istilah – istilah
musim
6. nulis crito isi vidio tentang istilah –

istilah musim

32

Pawulangan 5 1. maca teks kondisi alam

2. mengidentifikasi dampak musim
penghujan

3. Nyebutake teks dampak musim
penghujan

4. Njelasake teks dampak musim
penghujan

5. Nganalisis teks dampak musim
penghujan

6. Nyritake maneh teks dampak musim
penghujan

Pawulangan 6 1. maca teks kondisi alam

2. Ngidentifikasi teks dampak musim
kemarau

3. Nyebutake teks dampak musim kemarau

4. Njelasake teks dampak musim kemarau

5. Nganalisis teks dampak musim kemarau

6. Nyritake maneh teks dampak musim
kemarau

33

Pawulangan 7 1.Ngematake gambar
2. Ngidentifikasi gambar bab musim
3. Nyebutake gambar bab musim
4. Njelasake gambar bab musim
5. Nganalisis gambar bab musim
6. Nulis crita miturut gambar bab musim

34

Pawulangan 1

Teks Informasi

Tujuan Pembelajaran

Disajikna teks informasi, siswa iso:
1. Ngidentifikasi istilah – istilah cuaca kanti bener
2. Nyebutkan istilah - istilah cuaca kanti bener
3. Njelaskan istilah - istilah cuaca kanti bener
4. Nganilisis istilah - istilah cuaca kanti tliti
5. Maca teks informasi cuaca kanti tepat.

Ayo maca

35

Ayo Gladen

Isinana tegese tembung ing ngisor iki!

No Tembung Tegese tembung

1 plesir .....

2 sumbribit .....

3 Kesengsem .....

4 Tlatah .....

5 Pendhapa .....

36

Tes Formatif
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. apa irah – irahe wacan ing dhuwur?
2. sapa sing plesir?
3. ana tlatah endi papan plesir iku?
4. jam piro olehe budhal saka daleme simbah ?
5. sadurunge mlebu pantai kudu tuku apa ?

37

Pawulangan 2

Teks Informasi kondisi alam

Tujuan Pembelajaran

Disajikna teks informasi, siswa iso:
1. Ngidentifikasi istilah – istilah cuaca kanti bener
2. Nyebutkan istilah - istilah cuaca kanti bener
3. Njelaskan istilah - istilah cuaca kanti bener
4. Nganilisis istilah - istilah cuaca kanti tliti
5. Maca teks informasi cuaca kanti tepat.

Ayo maca

38

Ayo Gladen

Isinana tegese tembung ing ngisor iki!

No Tembung Tegese tembung

1 Kapungkur .....

2 Ndilalah .....

3 Mujudake .....

4 kaendahaning .....

5 Domestik .....

39

Tes Formatif

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi milih salah siji wangsulan
sing bener!
1. Manut wacan ing dhuwur, sing diajak plesiran yaiku ....

a. Rini lan Bima
b. Ririn lan Bima
c. Rini lan Rudi
2. Olehe plesiran meyang ....
a. Tlaga Sarangan
b. Tlaga ngabel
c. Kawah Ijen
3. Kawah Ijen manggon ing tlatah ....
a. Magetan
b. Banyuwangi lan Bondowoso
c. Ponorogo
4. Kaendahaning kawah ijen ing antarane ndhuweni banyu werna ....
a. abang
b. biru
c. ijo
5. Saliyane wisatawan domestik, kawah ijen uga ditekani wisatawan saka
....
a. luar negeri
b. manca negara
c. turis

40

Pawulangan 3

Teks cerita

Tujuan Pembelajaran

Lewat teks kang diwaca guru siswa bisa:
1. Ngidentifikasi teks cerita bab musim kanti tliti
2. Nyebutake teks cerita bab musim kanti benar
3. Njelasake teks cerita bab musim kanti benar
4. Nganalisis teks cerita bab musim kanti benar
5. Nyritakake ulang teks cerita bab musim kang
di rungokake kanti percaya diri

Ayo Ngematake

Wacanen kanthi setiti!

Musim

Musim utawa mangsa mujudake salah sijine perangane taun, biasane
adhedhasar wujud iklim amba. Jroning setaun ing ndonya iki cacahe ana
papat, yaiku: mangsa semi, mangsa gugur, mangsa panas lan mangsa
adhem.Nanging awit Indonesia dumunung ing daerah tropis, mula jroning
setahun mung ana rong mangsa yaiku mangsa ketiga lan mangsa
rendheng (usume udan).

Mangsa rendheng meh saben dina udan. Wong tani seneng amarga
ora perlu ngelepi
tetuwuhane. Dene sing gething iku uga akeh jalarane ana sing pemehane
ora garing – garing, ana sing nganggep udan iku alangan nalika lelungan.

Mangsa ketiga mujudake mangsa sing wis ora ana udan. Tandha –
tandhane mangsa ketiga yaiku lemah padha mrepak, godhong jati ing alas
padha gogrog, lan kali – kali padha asat.

41

Ayo Gegladhen!

Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi bener!
1. Jenesi mangsa nang Indonesia ana loro yaiku mangsa .... lan mangsa
...
2. Saben dina udan iku tandha tandhane mangsa ....
3. Mangsa rendheng wong tani seneng amarga ....
4. Mangsa ketiga mujudake wis ora ana ....
5. Mangsa ketiga godhong jati padha ....

Ringkasan materi

Teks crita bab musim
Musim utawa mangsa nang Indonesia iku ana loro
yaiku mangsa rendheng lan mangsa ketiga.
Mangsa rendheng iku tandha – tandhane saben dina
udan, tetuwuhan seger, kali – kali akeh banyune.
Beda karo mangsa ketiga mujudake wis ora ana udan,
lemah garing, kali – kali asat lan ing sebagian
panggonan padha kekurangan banyu.

Tes Formatif

Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1. Mangsa apa wae sing ana ing Indonesia?
2. Apa bedane mangsa rendheng karo mangsa ketiga?

42

Pawulangan 4

Tujuan Pembelajaran

Ditanyangake vidio siswa bisa:
1. Ngidentifikasi isi vidio Kanti tliti
2. Nyebutkan istilah – istilah musim kanti bener
3. Njelaskan isi vidio istilah – istilah musim kanti benar
4. Nganalisis isi vidio istilah – istilah musim kanti tliti
5. Nulis isi informasi istilah – istilah musim kanti bener

Ayo simak video

https://youtu.be/TZAU50E8Gqw
Ayo Gladen

ayo nulis isi video menurut bahasamu

Tes Formatif

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Apa judul video sing di tonton ?
2. Onok pira macem mangsa neng daerahmu?
3. Tanduran opo sing onok mangsa rendeng?
4. Apa akibate udan deres?
5. Tetuwuhan opoae ing mangsa ketiga?

43

Pawulangan 5

Tujuan Pembelajaran

Disajikan teks bacaan siswa dapat :
1. ngidentifikasi isi teks informasi dampak musim rendeng
dengan teliti.
2. menyebutkan isi teks informasi dampak musim rendeng
dengan teliti.
3. menjelaskan isi teks informasi dampak musim rendeng
dengan teliti.
4. menganalisis isi teks informasi dampak musim rendeng
dengan teliti.
5. nulis isi teks informasi dampak musim rendeng dengan
benar.
6. maca isi teks informasi dampak musim rendeng dengan
benar
7.

Ayo Maca

Musim Udan

Musim udan wis teka, saben dinaprasasat mendhung ora klewat.
Esuk, awan, sore nganti tekan bengi udan sak wayah –wayah. Musim
udan kudu waspada, penyakit pada mara, bocah – bocah kudu jaga
kasarasan, lingkungan kudu resik amarga musim udan penyakit saya
ndandra.

Musim udan padha karo musim banjir padha teka, got – got
kang sumpet kudu diresiki supaya banjir ora mara, lingkungan sakupenge
kita kudu dijaga amarga udan sawayah – wayah bias teka, lelara padha
ngincer manungsa, mula kuwi ayo rada njaga lingkungan supaya lelara
ora teka banjir ora ana

Ayo Gladen

1. Tulisen crita sing kon rungukne nganggo basa jawa.

44

Tes Formatif

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Sebutno dampakmangsa rendeng?
2. Apawae akibat mangsa rendeng?
3. Penyakit apa sing biasane nyerang ing mangsa rendeng?

45

Pawulangan 6
Tujuan Pembelajaran

Disajikan teks bacaan siswa dapat :
1. Ngidentifikasi isi teks informasi dampak musim ketiga
dengan teliti.
2. Menyebutkan isi teks informasi dampak musim ketiga
dengan teliti.
3. Menjelaskan isi teks informasi dampak musim ketiga
dengan teliti.
4. Menganalisis isi teks informasi dampak musim ketiga
dengan teliti.
5. Nulis isi teks informasi dampak musim ketiga dengan benar.
6. Maca isi teks informasi dampak musim ketiga dengan benar
Ayo Maca

46


Click to View FlipBook Version