96 Pepak Basa Jawa Dewi Kunti Pandu Dewanata Puntadewa Bima Arjuna Nakula Sadewa Drupadi 2. Kurawa Keturanane saka Prabu Dretarastra lan Gendari, mapan ing Praja Astina. kang dadi rajane putra mbarepe Prabu Duryudana. Kurawa cacahe 100 yaiku: Agrariyin, Agrasara, Bimaratha, Bimasuwala, Bogadenta, Bomawikata, Carucitra, Cedhakapuspa, ,Citrabaya, Citraboma, Citradharma, Citradirgantara, Citrakala, Citraksa, Citraksi, Citrakunda, Citrakundala, Citramarma, Citrasanda, Citrasena, Citrasurti, Citrawicitra, Citrayuda, Danurdara, Darmajahi, Darmayuda, Dirgabahu, Dirgacitra, Dirgasura, Dredawarma, Durasa, Durdara, Durgahamong, Durganda, Durgandasena, Durgangsa, Durganta, Durgantara, Durgapati, Durgempo, Durjaya, Durkaruno, Durmagati, Durmanggala, Durmuka, Durnetra, Durpakempa, Dursaha, Dursahesa, Dursasana, Dursaya, Dursilawati, Durwimocana, Duryuda, Duryudana (Suyudana), Dusadara, Dusprajaya, Gardapati, Gardapura, Hanudara, Jalasaha, Jayaboma, Jayadarma, Jayapermeya, Jayasakti, Jayasusena, Jayasuwirya, Jayawikata, Kartadenda, Kartamarma (Kertawarma), Kertipeya, Kratana, Naranurwenda, Permeya, Rupacitra, Satrunjaya, Satrusaha,
Pepak Basa Jawa 97 Senacitra, Sudarga, Sudirga, Sulacana, Suradurma, Surasudirga, Surtayu, Surtayuda, Surtayuni, ,Susena,Swaradenta, Swikandini, Swikerna, Tokayo, Upacitra, Wahkawaca, Widandini,Wikarpa, Wikataboma, Wiryajaya, Wiwingsati,Wresaya, Yudakarti D. Paraga Punakawan Punakawan saka tembung pana (paham) lan kawan (kanca), tegese yaiku abdi utawa aknca kang menehi pitutur marang bendarane yaiku para Pandhawa. Punakawan ana papat yaiku: 1. Semar: Sang Hyang Ismaya, Baranaya. Padhukuhan : Karang kadhempel, Rama : Sang Hyang Tunggal. Ibu : Dewi Rekathawati. Watak : sabar, tansah paring sesuluh bab falsafah Urip. Kadigdayan : sekti, aji : entut. Tembung Semar asalae saka tembung haseming samar-samar kang tegese Sang Panuntun. Dewa kang manunggal lan asipat kaya manungsa lumrah. Guru kang mbabarake sejatining urip 2. Gareng: Pancalpamor, Pegatwaja, Cakrawangsa, Pandhu Pragolamanik, Bambang Jati Pitutur. Padhukuhan : Karang Pacukilan. Watak : prasaja, temen, seneng guyon. Aji : aji pengasihan. Gaman : arit. Nala Gareng sikile pincang kang ateges wong kang tumindake ngati-ati. Tangane ciker kang ateges ora seneng njupuk darbene wong liya. 3. Petruk: Kyai Supatra, Kanthong Bolong, Surajenggala, Kebodebleng, Dublajaya, Bambang Pitutur Jati. Watak : jujur, tansah mbela ing bener, setya tuhu dhateng bendara. Gaman : pethel, alu. Petruk pinter omong lan lucu. Watake: pinter momong bendarane, momot (pinter nyimpen wadi lan ngrungokake apa kang dadi masalah lan pinter nglipur bendarane nalika susah) momor (ora lara ati nalika dikritik lan ora gumedhe nalika diugung),mursid (pinter ngabdi lan mangerteni apa kang dikarepake bendarane) dan murakabi (migunani kanggo sapa wae) Drestarastra Gendari Duryudana Karna
98 Pepak Basa Jawa 4. Bagong: Bawor, Cepot, Carub, Astrajingga, Antolgati, Pojok Kethokol. Padhukuhan : Karang Kacepotan. Watak : sabar, lucu lan grusa grusu anggone tumindak. Menawa micara blak-blakan apa anane. Gaman : alu. Bagong iku wewayangane Semar Semar Gareng Petruk Bagong E. Piranti Pagelaran Wayang Kulit 1. Cempala : tlutukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon. 2. Kelir : layar putih/geber kang dibeber kanggo mainake wayang. 3. Blencong: senthir/lampu kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalana migunakake lampu listrik.
Pepak Basa Jawa 99 4. Kepyak : digawe saka kuningan kanggo iringane dhalang 5. Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk cempala 6. Debog : kanggo tancepan wayang 7. Gamelan : kanggo ngiringi wayang Paraga ing wayang kulit: 1. Dhalang : wong kang ngalokake wayang 2. Niyaga : wong kang nabuh gamelan kang ngiringi pagelaran wayang 3. Sindhen : wong kang nyanyi nalika dhalang nglakokake wayang, sindhen uga katelah waranggono.
100 Pepak Basa Jawa F. Crita Wayang Ramayana Crita Wayang Ramayana kaperang ana 7 kanda yaiku: 1. Balakanda: nyritakake Raja Dasarata raja ing Ayodhya kagungan garwa telu yaiku: Dewi Kosalya, Dewi Kekayi lan Dewi Sumitra. Dewi Kosalya peputra Rama, Dewi Kekayi peputra Barata lan Dewi Sumitra kagungan putra loro yaiku Laksmana lan Satrugna. Rama melu sayembara ing Wideha lan kasil mboyong Dewi Sinta dadi garwane. 2. Ayodhyakanda: nyritakake Dasarata bakal misuda rama dadi raja ananging dialangi dening Dewi Kekayi kang nagih janji amarga Dasarata wis janji bakal menehake warisan praja marang putrane yaiku Barata. Rama, Sinta lan Laksmana banjur ngumbara menyang alas Dhandaka lawase 14 taun. Sapungkure Rama ninggalake praja Prabu Dasarata seda amarga nandhang sungkawa. Barata banjur nggoleki Rama lan menehake praja marang Rama, ananging rama ora gelem tetep dhawuh marang Barata supaya tetep dadi raja ing Ayodhya. Kanggo symbol minangka Barata dadi wakile Rama kang merintah praja diwenehi sandale Rama. 3. Aranyakanda: nyritakake Rama lan Laksmana paring pambyantu marang para tapa kang diganggu para raseksa. Laksamna banjur diganggu dening raseksa Sarpakenaka kang malih dadi wanita ayu. Laksamana ora kapilut karo Sarpakenaka malah nugel irunge Sarpakenaka. Sarpakenaka nesu banjur ngadu marang kakange Rahwana, lan ngrayu supaya nyulik Dewi Sinta. Rahwana direwangi Kala Marica kasil ndhusta Dewi Sinta kanthi ngapusi cara kang culika. Kala Marica malih dadi kidang kencana lan nggawe Dewi Sinta kesengsem. Dewi Sinta njaluk dicekelake kidang kencana marang Rama. Amarga rasa tresna marang sang garwa Rama banjur mbujung kidang. Kidang malihane Kala Marica pancen lincah anggone nggodha Rama. Amarga rasa jengkel kidang banjur dipanah satemah malih dadi raseksa maneh. Panjerite Kala Marica nalika dipanah diduga swarane Rama. Dewi Sinta banjur dhawuh supaya Laksamana nututi Rama. Laksmana wis janji marang rama menawa dheweke bakal ngancani Dewi Sinta, mula dheweke ora gelem nututi Rama. Laksmana ora percaya menawa kuwi swarane Rama. Dewi Sinta banjur nudhuh Laksmana menawa dheweke sejatine duwe melik marang Dewi Sinta. Laksmana banjur nusul Rama, ananging sadurunge lunga dheweke nggawe bunderan kang sekti supaya Dewi Sinta ora ana kang nyedhaki. Rahwana malih dadi pengemis lan kasil ndhusta Dewi Sinta. Nalika ing gegana Rahwana diadhang dening Jatayu. Jatayu kasoran nganti sengkleh swiwine perang tandhing karo Rahwana. Nalika tiba ing bumi Jatayu ketemu karo Rama lan nyritakake menawa Dewi Sinta diculik Rahwana digawa menyang Alengka.
Pepak Basa Jawa 101 4. Kiskendhakanda: nyritakake Rama sungkawa penggalihe amarga ilange Dewi Sinta. Nalika tekan alas Resimuka Rama ketemu Anoman kang njaluk pitulungan supaya nulungi pamane yaiku Sugriwa ngalahake Subali. Subali mati kena panahe Rama, Sugriwa banjur suwita marang Rama lan gelem paring pambyantu nggoleki Dewi Sinta. 5. Sundarakanda: nyritakake Anoman menyang negara Alengka minangka dutane Rama nggoleki sisik melik Dewi Sinta. Anoman kasil ngobong negara Alengka. 6. Yuddhakanda: nyritakake Rama kang dibantu Sugriwa lan bala tentarane nyerang negara Alengka. Bala tentara Sugriwa kang awujud wanara nggawe jembatan kanggo nyebrang menyang negara Alengka. Nalika mbangun jembatang ing samudra akeh rubeda nanging bisa dikalahake. Wusanane bala tentara wanara kasil mbedhah negara Alengka lan Rama ngalahake Rahwana. Dewi Sinta kasil kaboyong menyang negara Ayodhya, nanging sadurungu Dewi Sinta mbuktekake menawa dheweke isih suci kanthi diobong nanging dheweke ora papa. 7. Uttarakanda; kitab tambahan kang awujud prosa, nyritakake Sinta kang disingkirake menyang alas amarga rakyat Ayodhya ora percaya menawa Dewi Sinta isih suci. Dewi Sinta kagungan putra kembar yaiku Lawa lan Kusa. Lawa lan Kusa banjur dadi muride Resi Walmiki. Ing sawijining dina Resi Walwiki dhawuh marang putra kembar mau macakake crita Ramayana ing ngarepe Prabu Rama. Saka crita kuwi Prabu Rama mangerteni menawa Dewi Sinta isih suci. Dewi Sinta mbuktekake maneh marang Rama menawa dheweke isih suci kanthi njaluk marang dewa supaya bumi gelem mbelah lan ngubur Dewi Sinta. Nalika Dewi Sinta kekubur ing bumi Rama njaluk supaya Dewi Sinta dibalekake nanging wis ora bisa. G. Cerita Wayang Mahabharata Crita Wayang Mahabarata kaperang ing Parwa yaiku: 1. Adiparwa: nyritakake sejarah lan asal usul kulawarga Pandhawa lan Kurawa. Watak lan Drestarastra lan Pandu uga putra-putrane lan Pandhawa kasil menang sayembara Dewi Drupadi putrid Praja Pancala. 2. Sabhaparwa: nyritakake sidang Pandawa lan Kurawa merga Yudhistira kalah main dadu karo Duryudana. Pandhawa banjur dibuwang ing alas. 3. Wanaparwa: nyritakake nalika Pandhawa ngumbara ing alas kamkaya. 4. Wirataparwa: nyritakake Pandhawa nyamar ing Negara Wirata suwene setaun. 5. Udyogaparwa: Pandhawa lan Kurawa siyaga ngadhepi perang Kurusetra 6. Bhismaparwa:nggambarake bala tentara perang Kurawa dipandegani dening Resi Bhisma
102 Pepak Basa Jawa 7. Dronaparwa: Strategi lan taktik perang Kuranga nglawan Pandhawa dipandegani dening Resi Drona. 8. Karnaparwa: nyritakake medan peperangan Kurusetra nalika dipandegani dening Karna kang dadi senopati perang lan gugure Karna karo Arjuna 9. Salyaparwa: nyritakake Salya dadi senapati perang pungkasan (terakhir) Kurawa lan gugure Duryudhono 10. Sauptikaparwa: Kemah Pandhawa diserang lan dibakar ing wayah wengi dening Kurawa. 11. Striparwa: Akeh para wanita kang dadi randa lan nandang sungkawa amarga garwane seda ing peperangan. 12. Shantiparwa: Ajaran Bhisma marang Yudhistira bab moral lan jejibahan raja kanggo menehi ketenangan para ksatria nalika ngadhepi sirnane bangsa. 13. Anusasanaparwa: isih teruse ajaran Bhisma marang Yudhistira lan gugure Bhisma bali ing swargaloka. 14. Aswamedhikaparwa: nyritakake upacara Aswamedha lan Yudhistira diparingi gelar Maharaja Diraja 15. Asramaparwa: nyritakake sirnane Raja Drestarastra, Dewi Gendari lan Dewi Kunti kobongan nalika lagi tapa. 16. Mausalaparwa: nggambarake baline Balarama dan Krisna ing alam kelanggengan. Kereme Negara Dwaraka ing dhasar samudra lan sirnane Bangsa Yadawa amarga padha perang migunakake gada. 17. Mahaprashthanikaparwa: nyritakake Yudhistira ninggalake praja lan menehake kalungguhan marang Parikesit putune Arjuna. Uga nyritakake Pandhawa menyang puncak Himalaya kanggo nemoni Batara Indra. 18. Swargarohanaparwa: nyritakake Yudhistira, Bhima, Arjuna, Nakula, Sadewa, dan Drupadi tekan ing gapura kaswargan, lan ujian kang kudu diadhepi Yudhistira sadurunge mlebu swarga. H. Hastha Brata Hastha Brata yaiku Wahyu keprabon utawa watake pangarsa kang njupuk tuladha saka watake 8 Dewa lan 8 unsur alam. Piwulang iki diturunke Begawan Kesawadhi marang Arjuna ing Mahabharata. Ajaran iki uga diwulangke Prabu Rama marang Raden Gunawan Wibisana nalika jumeneng raja ing Singgelapura. Ajaran iki piwulang menawa dadi pimpinan kudu ndweni watak unsur alam yaiku: 1. Bathara Wisnu, watake Bantala (Bumi) Bumi nggambarake menawa pemimpin kudu nduweni watek sabar kang tanpa upama, senajan dipacul, digaru, lan diluku, nanging malah
Pepak Basa Jawa 103 ndadekake subur lan nuwuhake sawernane tetanduran kang bisa diundhuh. Menehi sakabehing kang dikandhut ing sajroning bumi tanpa pilih kasih. Menehi panguripan kabeh makhluk kang urip ing bumi, manungsa, kewan lan tanduran. 2. Bathara Bayu, watake Maruta (Angin) Pemimpin kudu bisa kaya angin kang bisa rumasuk marang sakabehing panggonan tanpa pilih-pilih, ora perduli panggonan iku resik utawa reged. Sumrambah sakabehing panggonan kanthi warata, murakabi (migunani) kanggo urip sakabehing makhluk. 3. Bathara Baruna, watake Samodra (Banyu) Kaya samodra kang amba bawera pimpinan kudu nduweni watek adil lan legawa, ora duwe watak kudu menang dhewe. Sipat banyu senajan dipisahke bisa pulih maneh. Uga menehi panguripan, keslametan, katentreman, lan bisa ngresiki barang kang reged. Watake samodra nrima lan Legawa nampa samubarang kang lumebu. 4. Bathara Ratih, watake Candra (Rembulan) Pemimin kudu bisa kaya rembulan kang sumunar ing wayah wengi kang peteng. Bisa menehi pepadhang marang bumi saisine (kawulane) kanthi rasa seneng lan tentrem, luwes, nuwuhake rada tresna asih. 5. Bathara Surya, watake Surya (Srengenge) Kaya cumlorote srengenge pemimpin kudu bisa menehi pepadhang, menehi daya kanthi rata marang bumi lan sakabehing makhluk tanpa pilih kasih. 6. Bathara Indra, watake Akasa (Langit) Kaya langit kang menehi pengayoman marang bumi lan sakabehing makhluk tanpa pilih kasih, adil mbagi mangsa. Pemimpin kudu bisa ngayomi para kawulane. 7. Bathara Brahma, watake Dahana ( Geni) Pemimpin kudu nduweni watek nglebur, wani mbrastha angkara, mbengkas karya, mrantasi gawe, prakara cilik, prakara Gedhe, Alus lan kasar bisa mentas amarga dayaning Geni. 8. Bathara Ismaya, watake Kartika (Lintang) Lintang kang gumebyar akeh ing angkasa sanajan akeh ananging duweni watak tata lan tertib, uga tangguh ora gampang kena pengaruh sapa bae, bisa menehi panglipur kang Agi rekasa, menehi Panuntun marang kang lagi bingung. I. Simpingan Pagelaran wayang kulit kang jejer-jejer ditancepake ing sisih tengen lan kiwa kelir. Para paraga wayang iki bisa dimangerteni karaktere saka simpingan. Menawa ing sisih tengen kelir paraga wayang kang duwe watak apik utawa ksatria utawa bathara/dewa. Paraga iki pralambang kabecikan,
104 Pepak Basa Jawa jujur lan resik bebudene (suci). Warna praupane (rai) wayang yaiku ireng, putih lan kuning emas. Paraga kang ana sisih kiwa kelir duwe watak ala, angkara murka, lan brangasan. Ing sisih iki sing ditancepake para satria Kurawa kang biasane ora dimainake, para raseksa, lan para raja kang candhala. Praupane rai wayang warnane abang pralambang gampang nesu. Simpingan wayang sisih tengan lan kiwa ditata kanthi ribig saka paraga kang dhuwur/gedhe ing sisih paling pinggir tekan sing cendhek/cilik ing sisih tengah cedhak kelir kanggo pagelaran. Wewangune wayang uga bisa dimangerteni karakter/sifate: a. Ndhingkluk : sabar, sareh, wicaksana lan waspada b. Lancap : kendel, brangasan, siap siaga lan waspada c. Mrongso/mendelik : galak, brangasan, ugal-ugalan lan gampang nesu Watak wayang miturut jinise: a. Satriya : alus, luhur, sabar, luruh, dhemen tetulung, tansah siaga lan wicaksana b. Buta : kasar, gumedhe, brangasan, ugal-ugalan, lan gampang nesu. c. Kethek : pencilakan, usil, seneng, ngrusuhi. J. Urut-urutan crita wayang 1. Jejer: Jejer kanggo miwiti crita, ing paseban raja diadhep dening patih lan para punggawa praja. 2. Kedhatonan: yaiku paseban agung nalika raja diadhep patih, para punggawa praja lan tamu agung. 3. Paseban njaba: pagelaran sawise jejer ing njaba kedhaton ngrembug nerusake bab kang dirembug ing jejer. 4. Bedholan (ampyak): mbedhol (nyabut) paraga wayang kanggo mungkasi adegan ing praja ditandhani dalang njaluk gendhing migunakake sasmita. Bodholan uga ditegesi budhalan utawa mangkate wadya bala (ampyak) 5. Jejer sabrangan: paseban ing praja negara liyane. 6. Perang gagal: perange wadya bala during ana pepati. 7. Gara-gara : metune para puna kawan (Semar, Gareng, Petruk lan Bagong) 8. Perang Kembang: perange buta nglawan satriya. 9. Perang Brubuh: perang amuk-amukan lan akeh pepati. 10. Tancep kayon: tumancepe gunungan ing pagelaran
Pepak Basa Jawa 105 K. Dewa lan Kahyangane 1. Bathara Endra : Endraloka (Kaendran) 2. Bathara Bayu : Argamaruta 3. Bathara Brama : Argadahana 4. Bathara Kamajaya : Cakrakembar 5. Bathara Ismaya : Sonyaruri 6. Bathara Yama : Yomaniloka 7. Bathara Baruna : Telengsamodra 8. Bathara Wisnu : Ariloka / Untarasegara 9. Bathara Durga : Setra Gandayamit 10. Bathara Hanantaboga : Sapta Pretala 11. Sanghyang Bathara Guru : Suralaya, Jonggringkaloka, Argadumilah, Salendrabawana, Tijomaya 12. Sanghyang Nagaraja : Sumur Jalatundha 13. Sanghyang Tunggal : Linggamaya 14. Sanghyang Wenang : Ondar-andir Bawana, Alang-alang Kumitir L. Pandhita lan Pertapane 1. Begawan Abiyasa : Wukir Rahtawu 2. Bagawan Anoman : Kendhalisada 3. Begawan Bisma : Talkandha 4. Begawan Ciptaning : Mintaraga 5. Begawan Durna : Sokalima 6. Begawan Gutama : Sonyapringga 7. Begawan Jaladara : Argasonya 8. Begawan Jimbawan : Gadamadana 9. Begawan Mintaraga : Indrakila 10. Begawan Palasara : Saptaarga 11. Begawan Seta : Selaprawata 12. Begawan Subali : Guwa Kiskendha M. Ratu lan Negarane 1. Prabu Abiyasa : Astina/Ngastina 2. Prabu Arjunasasrabahu : Maespati 3. Prabu Baladewa : Mandura 4. Prabu Basudewa : Mandura 5. Prabu Basukarna/ Karna : Awangga/Ngawangga 6. Prabu Boma Narakasura : Trajutresna 7. Prabu Danaraja : Lokapala 8. Prabu Dasamuka : Alengka 9. Prabu Dasarata : Ayodyapala 10. Prabu Drusada : Pancawala 11. Prabu Drestarasta : Astina/Ngastina
106 Pepak Basa Jawa 12. Prabu Gathutkaca :Pringgondani 13. Prabu Janaka : Manthili 14. Prabu Kanthong Bolong : Sonyawibawa 15. Prabu Karna : Awangga 16. Parbu Kresna : Dwarawati 17. Prabu Matswapati : Wiratha 18. Prabu Niwatakawaca : Hima Himantaka 19. Prabu Pandhu Dewanata : Astina/Ngastina 20. Prabu Parikesit : Astina/Ngastina 21. Prabu Puntadewa : Amarta/Ngamarta 22. Prabu Ramawijaya : Pancawati 23. Prabu Salya : Mandaraka 24. Prabu Sugriwa : Guwa Kiskendha 25. Prabu Sumali : Alengka/Ngalengka 26. Prabu Suyudana/Duryudana : Astina/Ngastina N. Satriya kan Kasatriyane 1. Raden Abimayu : Plangkawati 2. Raden Anoman : Kendhalisada 3. Raden Antareja :Jangkar Bumi 4. Raden Arjuna (Janaka) : Madukara 5. Raden Aswatama : Sokalima 6. Raden Bimasena (Werkudara) : Jodhipati (Mungguhpalwenang) 7. Raden Drestadyumna : Pancalaradya 8. Raden Dursasana : Banjar Jumput 9. Raden Gathutkaca : Pringgodani 10. Raden Indrajid : Bikukungpura 11. Raden Irawan : Yasarata 12. Raden Jayadrata : Banakeling 13. Raden Kartamarma : Tirta Tinalang 14. Raden Kumbakarna : Pangleburgangsa 15. Raden Laksmana Widagda : Gondhang Lipura 16. Raden Lesmana Mandrakumara: Saroja Binangun 17. Raden Nakula : Sawojajar 18. Raden Ontasena : Sapta Baruna 19. Raden Sadewa : Bumi Retawu / Gumbiratalun 20. Raden Samba : Parang Garudha 21. Raden Setyaki : Swalabumi / Lesanpura 22. Raden Sengkuni : Plasajenar 23. Raden Setyaka : Tambak Mas 24. Raden Udawa : Widara Kandang 25. Raden Werkudara : Jodhipati/ Munggulpawenang
Pepak Basa Jawa 107 O. Pusaka, Gegaman lan Aji-aji 1. Raden Antareja 2. Prabu Baladewa 3. Bathara Brama 4. Resi Bisma 5. Prabu Danaraja 6. Prabu Dasamuka 7. Parbu Dhestarastra 8. Prabu Duryudana 9. Raden Gathutkaca 10. Raden Indrajit 11. Raden Janaka 12. Prabu Karna 13. Prabu Kresna 14. Prabu Niwatakawanca 15. Prabu Puntadewa 16. Ki Lurah Petruk 17. Resi Ramaparasu 18. Prabu Ramawijaya 19. Prabu Salya 20. Resi Seta 21. Raden Setyaki 22. Resi Subali 23. Raden Werkudara 24. Bathari Wilutama : Upas Wisa : Nenggala lan Alugora : Agni Prabata : Panah Jungkat Piñatas : Aji Pancasona : Aji Pancasona, Panah Candrasa : Aji Grayang : Gada Inten : Caping Basunanda, Kotang Antakusuma, Cripu Madukecerma, Aji Narantaka, Kepel Brajadenta, : Nagapasa : Cincin Sotyaninggampal, Keris Pulanggeni, Panah Ardhadhedhali, Gong Pancadomnya, Sangkakala Dewadatta, Panah Pasopati, Panah Sarutama, Panah Bramasirah, Aji sepiangin : KerisKyai Jalak,Kunta Wijayandanu, Wijaya Capa : Kembang Wijaya Kusuma, Buku Jitabrasa, Rata Jaladara, Senjata Cakra : Aji Gineng : Jimat kalimasada, Keris Kyai Muyeng : Kyai Pethel : Barga wastra : Panah Guwa Wijaya : Aji Candhra Birawa : Aji Narantaka : Gada Wesi Kuning : Aji Pancasona : Gada Lukitasari, GadaRujakpala, Kuku Pancanaka, AjiBandung Bandawasa, Aji Ungkal Bener, Aji Blabak Pengantolantol, Tirta Rasa Kundha : Cundha manik
108 Pepak Basa Jawa KAPUSTAKAN Anwari, Budi. 2016. Baboning Pepak Basa Jawa .Surabaya : Genta Group Production. Budi. S Tito, Wisnu Sri Widodo. 2007. Wasis Basa Jawa. Sragen. Genta Mediatama. Haryono, Soewardi. Buku Pepak Basa Jawa Kanggo Cah Sekolah. 2009. Yogyakarta : Pustaka Widyatama. Indarwati, Alfiyah dan Dyah Widaningrum. 2019. Sinau Basa Jawa. Purwokerto: SIP Kuning. Bendung Layung, 2011. Atlas Tokoh-tokoh Wayang. Yogyakarta: Narasi. M, Toeriman. Wayang Purwa (Silsilah Jilid 1).1984 Purwokerto : Putera Ms, Sarwanto. 2000. Wacana Kawedhar. Surakarta : CV. Cendrawasih Prabowo, Dhanu Priyo. Dkk. 2007. Glosarium Istilah Sastra Jawa. Yogyakarta: Narasi Purwadi, 2005. Ensiklopedi Kebudayaan Jawa. Yogyakarta : Bina Media Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2010. Unggah Ungguh Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua. 2011. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta.: Yayasan Paramalingua. Sastrowiryono, W. 1983. Sekar Macapat. Yogyakarta : Bimbingan Kesenian Majelis Luhur Persatuan Taman Siswa. Sucipta. Mahendra. 2010. Ensiklopedia Tokoh-tokoh Wayang dan Silsilahnya. Yogyakarta Narasi.. Sutardjo Imam. Drs. 2008. Kajian Budaya Jawa. Surakarta. FSSR UNS. Suwarno, Y. 1998. Wewarah Basa Jawa. Yogyakarta: S.A. Dhaksinarga Tim MGMP Bahasa Jawa kab. Wonosobo. 2015. Wasis Basa Jawa. Solo Wahyu Mukti Grafika. Tofani, M. Abi, G. Setyo Nugroho. 2005. Gagrag Anyar Basa Jawa Pepak. Surabaya: Pustaka Agung Harapan. https://id.wikipedia.org/wiki/Korawa https://id.wikipedia.org/wiki/Pandawa http://www.wayangstore.com/category/uncategorized https://www.mutiarahindu.com/2019/11/18-parwa-parwa-dalam-kitabmahabharata.html https://www.kompasiana.com/rusrusman522/5c906aa77a6d8843bb5be162/ simpingan https://id.wikipedia.org/wiki/Bedholan https://www.ensiklopediaindonesia.com/4379/makna-filosofis-dari-tokohpunakawan
Pepak Basa Jawa 109 PANYERAT I. DATA PRIBADI Nama Jenis Kelamin Tempat/Tgl Lahir Status Perkawinan Agama Instansi Jabatan Sekarang Lama Masa Kerja Alamat Kantor Telepon Alamat Rumah Telepon Hp Email II. POTENSI 1. Latar Belakang Pendidikan No. Jenjang Pendidikan Nama Institusi/Jurusan Tahun Tamat 1. S D SDN Klumpit Karanggede Boyolali 1983 2. S L T P SMPN Karanggede Boyolali 1986 3. S L T A SMAN Simo Boyolali 1989 4. S1 IKIP Negeri Semarang/Prodi Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa 1994 5. S2 (Magister) Unwidha Klaten 2017 6. Doktor (S3) - : Alfiyah Indarwati, M.Pd : Perempuan : Boyolali/ 08 April 1971 : Kawin : Islam : SMP Negeri 1 Mojotengah Wonosobo : Guru : 24 tahun : Jl. Dieng Km 04 Wonosobo : 0286(322038) : Perum. Limas Garden Blok I no 04 Wonosobo : - : 085201503312 : [email protected]
110 Pepak Basa Jawa 2. Pelatihan-Pelatihan No. Jenis Pelatihan Institusi yang menyelenggarakan Lama Tahun 1. Google Suite For Education Refo 4 hari 2021 2. AKM Kemdikbud 4 hari 2021 3. Memperkokoh kedudukan Bahasa Daerah PPDBI 4 hari 2021 4. Optimalisasi Merdeka Mengajar Diklat Online 4 hari 2022 3. Kemampuan Lain Yang Relevan (Misalnya: Bidang komputer, penterjemah, dan sebagainya) No. Kemampuan 1. Menguasai MS Office, Widows 2. Menulis buku teks, cerita, geguritan, puisi, drama/sandiwara 3. Membuat media video pembelajaran 4. Prestasi Yang Pernah Diraih (Misalnya Guru Teladan, Pertukaran Guru dengan luar negeri, juara bidang tertentu, dan sebagainya) No. Bidang Prestasi Keterangan Tahun 1. - 2. - 3. - 5. Karya Tulis Yang Pernah Diterbitkan (Berupa buku, makalah, novel, dan sebagainya yang dicetak, distensil atau difotocopi untuk disebarluaskan) No. Judul Buku Jmlh. Hal. Tahun Penerbitan Yang menerbitkan /menyebarluaskan 1. Kumpulan Gurit Tempe Kemul 55 2018 Media Guru 2. Sasuwir Pangimpen 109 2019 Fire Publiser 3. Sinau Basa Jawa 144 2019 SIP 4. Kumpulan Hati 43 2022 Nyalanesia No. Judul Karya Ilmian Non Buku Jmlh. Hal. Tahun Penerbitan Yang menerbitkan /menyebarluaskan 1. - 2. - 3. -
Pepak Basa Jawa 111 III. PENGALAMAN KERJA 1. Pekerjaan Sekarang Unit Kerja : SMP Negeri 1 Mojotengah Nama Atasan : Tri Hari Agustati, S.Pd.MM Tugas Pokok : Guru 2. Pekerjaan Sebelumnya No. Jenis Pekerjaan Nama Atasan Mulai Tahun Sampai Tahun 1. Guru Bahasa Jawa di SMP Negeri 3 Larangan Brebes Masnuri Firdaus, BA 1998 2000 2. Guru Bahasa Jawa di SMP Negeri 1 Mojotengah Wonosobo Tri Hari Agustati, S.Pd.MM 2000 sekarang 3. Seminar/Kongres/Konferensi (Tingkat Nasional atau Regional/ Propinsi) No. Jenis Kegiatan Kedudukan Sebagai Tempat Tahun 4. Organisasi Profesi (Tingkat Nasional atau Regional/Propinsi) No. Nama Organisasi Kedudukan Sebagai Tempat Tahun 1. MGMP Bahasa Jawa Bendahara Wonosobo 2022 5. Pengalaman yang berhasil dalam memimpin suatu unit kerja seperti: Wakil Kepala Sekolah bidang Kurikulum, Kepala Jurusan, Kepala Pokja, OSIS, Perusahaan, Koperasi, PGRI, dan sebagainya. No. Nama unit kerja Jabatan Tempat Tahun 6. REFERENSI Tokoh Masyarakat atau pejabat yang mengenal saudara dengan baik. No. Nama Jabatan dan alamat No. Telepon Daftar riwayat hidup ini saya buat sesuai dengan keadaan yang sesungguhnya. Saya bertanggung Jawab atas kebenaran isinya.
112 Pepak Basa Jawa DAFTAR RIWAYAT HIDUP PENULIS I. DATA PRIBADI Nama Jenis Kelamin Status Perkawinan Agama Pangkat/Golongan Instansi Jabatan Sekarang Lama Masa Kerja Alamat Kantor Telepon Alamat Rumah Telepon Hp Email II. POTENSI 1. Latar Belakang Pendidikan No. Jenjang Pendidikan Nama Institusi/Jurusan Tahun Tamat 1. S D SD N 2 Sapuran Wonosobo 1988 2. S MP SMP N Sapuran Wonosobo 1991 3. SMA SMA N 1 Purworejo 1994 4. Perguruan Tinggi [S1] Bahasa dan Sastra Jawa Universitas Sebelas Maret Surakarta (UNS) 1999 5. Magister (S2) Universitas Widya Dharma Klaten Prodi Pendidikan Bahasa Konsentrasi Pendidikan Bahasa Jawa 2017 6. Doktor (S3) - : WIDYASTUTI, S.S., M. Pd. : Perempuan : Kawin : Islam : III /d : SMP Negeri 1 Kertek Wonosobo Jawa Tengah : Guru : 16 tahun 8 bulan : Desa Karangluhur Kertek Wonosobo 56371 : - : Semunggang RT. 01 RW. 04 Sedayu Sapuran : - : 082144294381 : [email protected]
Pepak Basa Jawa 113 2. Pelatihan-Pelatihan No. Jenis Pelatihan Institusi yang menyelenggarakan Lama Tahun 1. Peningkatan Kompetensi Guru dalam Pembelajaran Berbasis TIK (PembaTIK) Tahun 2021 Level Literasi Pusat Data dan Teknologi Informasi Pendidikan dan Kebudayaan Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan 18 Mei - 30 Mei 2021 secara daring 2021 2. Peningkatan Kompetensi Guru dalam Pembelajaran Berbasis TIK (PembaTIK) Tahun 2021 Level Implementasi Pusat Data dan Teknologi Informasi Pendidikan dan Kebudayaan Kementerian Pendidikan Kebudayaan, Riset dan Teknologi 06 Juni 2021 - 20 Juni 2021 2021 3. Workshop Pembelajaran Jarak Jauh bagi Guru SMP Dinas Pendidikan Kota Semarang 4 hari 2021 4. Peningkatan Kompetensi Guru dalam Pembelajaran Berbasis TIK (PembaTIK) Tahun 2021 Level Implementasi Pusat Data dan Teknologi Informasi Pendidikan dan Kebudayaan Kementerian Pendidikan Kebudayaan, Riset dan Teknologi 07 September 2021 - 23 September 2021 2021 5. Diklat Kepala Perpustakaan UNY 6 Februari – 10 Maret 2021 2021 6. Peningkatan Kompetensi Guru dalam Pembelajaran Berbasis TIK (PembaTIK) Tahun 2021 Level Literasi Pusat Data dan Teknologi Informasi Pendidikan dan Kebudayaan Kementerian Pendidikan Kebudayaan, Riset dan Teknologi 24 July 2022 - 03 August 2022 2022 3. Kemampuan Lain Yang Relevan (Misalnya: Bidang komputer, penterjemah, dan sebagainya) No. Kemampuan 1. Menguasai MS Office, Widows 2. Menulis buku teks, cerita, geguritan, puisi, drama/sandiwara 3. Membuat media video pembelajaran 4. Membuat MPI 4. Prestasi Yang Pernah Diraih (Misalnya Guru Teladan, Pertukaran Guru dengan luar negeri, juara bidang tertentu, dan sebagainya) No. Bidang Prestasi Keterangan Tahun 1. - 2. -
114 Pepak Basa Jawa 5. Karya Tulis Yang Pernah Diterbitkan (Berupa buku, makalah, novel, dan sebagainya yang dicetak, distensil atau difotocopi untuk disebarluaskan) No. Judul Buku Jmlh. Hal. Tahun Penerbitan Yang menerbitkan /menyebarluaskan 1. Bintang di Cemara Tunggal 114 2018 Media Guru 2. Kramakala (Antologi Geguritan) 50 2022 Nuhantra Production No. Judul Karya Ilmian Non Buku Jmlh. Hal. Tahun Penerbitan Yang menerbitkan /menyebarluaskan 1. - 2. - 3. - III. PENGALAMAN KERJA 1. Pekerjaan Sekarang 2. Pekerjaan Sebelumnya No. Jenis Pekerjaan Nama Atasan Mulai Tahun Sampai Tahun 1. Guru Bahasa Jawa di SMP Negeri 1 Sapuran Wonosobo Drs. Ludiyatno, M.M 2005 2011 2. Guru Bahasa Jawa di SMP Negeri 1 Kertek Wonosobo Bambang Nuryanto, S.Pd., M. M. Pd. 2011 Sekarang 3. Seminar/Kongres/Konferensi (Tingkat Nasional atau Regional/ Propinsi) No. Jenis Kegiatan Kedudukan Sebagai Tempat Tahun 1 Webinar: SEAMEO Outlook Pendidikan 21 “Merdeka Belajar Era New Normal COVID-19” Peserta Virtual 2021 2 Transformasi Digital Sebagai Solusi Menghadapi Disrupsi Era Digital Peserta Virtual 2021 3 Bahasa Jawa Kanggo Sesrawungan Peserta Virtual 2021 4 Tradsisi Lisan dalam Berbagai Perspektif Peserta Virtual 2021 5 Bahasa Jawa dalam Perspektif Global Peserta Virtual 2021
Pepak Basa Jawa 115 4. Organisasi Profesi (Tingkat Nasional atau Regional/Propinsi) No. Nama Organisasi Kedudukan Sebagai Tempat Tahun 1. Musyawarah Guru Bahasa Jawa SMP kab. Wonosobo Anggota Wonosobo 2021 2. KGBN Anggota Wonosobo 2021 5. Pengalaman yang berhasil dalam memimpin suatu unit kerja seperti: Wakil Kepala Sekolah bidang Kurikulum, Kepala Jurusan, Kepala Pokja, OSIS, Perusahaan, Koperasi, PGRI, dan sebagainya. No. Nama unit kerja Jabatan Tempat Tahun 6. REFERENSI Tokoh Masyarakat atau pejabat yang mengenal saudara dengan baik. No. Nama Jabatan dan alamat No. Telepon 1. Dr. Ganjar Harimansyah Kepala Balai Bahasa Jawa Tengah 082113310100 Daftar riwayat hidup ini saya buat sesuai dengan keadaan yang sesungguhnya. Saya bertanggung Jawab atas kebenaran isinya.
116 Pepak Basa Jawa Sinopsis Buku Pepak Basa Jawa Gagrag Anyar inggih buku ingkang cundhuk kaliyan thek kliweripun basa Jawa. Wiwit paramasastra, kawruh basa, kasusastran, nyerat aksara Jawa, ugi bab wayang. Sedaya sampun kajumbuhaken kaliyan basa Jawa sapunika. Paramasastra ngrembag bab asal-usule tembung ugi pangrimbaging tembung. Kawruh basa ngemot bab unggah-ungguh basa, ugi bab-bab ingkang magepokan kaliyan basa. Kasusastran isinipun bab ingkang wonten gandheng-cenengipun kaliyan sastra Jawa. Buku punika ugi dipunjangkepi bab nyerat Jawa ugi bab wayang. Mugya buku punika sansaya damel grengsengipun para siswa, dwija, utawi panaliti basa Jawa kangge nglestantunaken basa Jawa.