Kumpulan Gurit Tempe Kemul | i
Kumpulan Gurit Tempe Kemul
Penulis: Alfiyah Indarwati
ISBN
Editor: Murman
Penata Letak: @timsenyum
Desain Sampul: @kholidsenyum
Copyright © Pustaka Media Guru, 2018
vi, 50 hlm, 14,8 x 21 cm
Cetakan Pertama, Juni 2018
Diterbitkan oleh
CV. Pustaka MediaGuru
Anggota IKAPI
Jl. Dharmawangsa 7/14 Surabaya 60286
Website: www.mediaguru.id
Dicetak dan Didistribusikan oleh
Pustaka Media Guru
Hak Cipta Dilindungi Undang‐Undang Republik Indonesia Nomor 19 Tahun
2002 tentang Hak Cipta, PASAL 72
Atur Cecala
P uji syukur kaaturaken dhumateng Allah Swt ingkang
sampun paring lubering sih kanugrahan ingkang tanpa
upami saengga kula saged ngrampungaken kempalan
gurit kanthi irah‐irahan Kumpulan Gurit Tempe Kemul.
Buku kempalan gurit menika isinipun bab sawernining
pasugatan khas kitha Wonosobo, kadosta tempe kemul,
opak, sagon, carica lan sanes‐sanesipun. Kalajengaken
kaendahaning tlatah Wonosobo ingkang kawentar
saindhenging nuswantara ugi manca nagari. Kecalan tiyang
ingkang dipuntresnani saged ugi ndadosaken seratan ingkang
rumesep ing manah.
Kanthi kempalan gurit menika mugya saged dados jampi
dhateng para warga ingkang kapang dhumateng kitha
Wonosobo. Ugi sageda nuwuhaken raos tresna dhumateng
kabudayan Jawi ingkang adiluhung.
Wonosobo, Mei 2018
Panyerat
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | iii
Daftar Isi
Atur Cecala ................................................................................. iii
Daftar Isi ..................................................................................... iv
1. Mie Ongklok ................................................................ 1
2. Sega Megana ..............................................................2
3. Tempe Kemul ............................................................. 3
4. Petos .......................................................................... 4
5. Geblek ........................................................................ 5
6. Klethuk 1 ..................................................................... 6
7. Klethuk 2 .................................................................... 7
8. Carica 1 ........................................................................ 8
9. Carica 2 ....................................................................... 9
10. Carica 3 ...................................................................... 10
11. Purwaceng ................................................................. 11
12. Opak Kalibeber ......................................................... 12
13. Opak Ilat .................................................................... 13
14. Opak Ketan ............................................................... 14
15. Sagon ........................................................................ 15
16. Kripik Jamur .............................................................. 16
17. Wonosobo................................................................. 17
iv | Alfiyah Indarwati
18. Kalianget ................................................................... 18
19. Punthuk Saroja.......................................................... 19
20. Bukit Cinta ................................................................ 20
21. Tlaga Menjer ............................................................. 21
22. Sore Kuwi ing Tlaga Menjer ..................................... 22
23. Dakantu Tresnamu ................................................... 23
24. Ndhuk Le ................................................................... 24
25. Kalawarti ................................................................... 25
26. Mugya Guritku Nuwuhke Tresnamu ......................... 26
27. Kabudayan Jawa ...................................................... 28
28. Tengah Ratri ............................................................. 29
29. Seminggu Sumare ................................................... 30
30. Ing Pasareyanmu ...................................................... 31
31. Patang Puluh Dina .................................................... 32
32. Mbakyu ..................................................................... 33
33. Tumetes Maneh ....................................................... 34
34. Tanpa Sliramu .......................................................... 35
35. Carica Iki Kanggo Sapa ............................................ 36
36. Maesanmu ................................................................37
37. Adhi Kinasih ............................................................. 38
38. Klambi Abang ........................................................... 39
39. Bapa .......................................................................... 40
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | v
40. Patemon .................................................................... 41
41. 48 Taun ..................................................................... 42
42. Ayu ............................................................................ 43
43. Demafa ..................................................................... 44
44. Si Ragil ...................................................................... 45
45. Putri Ayu Klambi Biru ............................................... 46
46. Klambi Anyar ............................................................ 47
47. Kembang Mawar ..................................................... 48
48. Jaket Ireng ............................................................... 49
Profil Panyerat ......................................................................... 50
vi | Alfiyah Indarwati
Mie Ongklok
Nyampleng luget mogelake ilat
Rasa kang tan bisa kagambarake
Nalika sliramu mlebu njero tutukku
Apa maneh dimaem rikala adhem
Karo sate sapi pasanganmu
Mie ongklok
Jumbuh karo jenengmu
Mie kang diongklok‐ongklok
Kagawe saka mie karo bumbu mligi
Sliramu mung tinemu ing kuthaku
Kutha cilik ing perenging arga Sindoro
Kang katelah kutha Wonosobo
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 1
Sega Megana
Dolan menyang Wonosobo
Aja lali sarapan sega megana
kumepul, pulen, gurih rada pedhes
Kabungkus godhong gedhang
Lawuhe tempe kemul, sinambi ngunjuk wedang
Anget‐anget gawe ati padhang
Sega megana
Dhaharan khas Wonosobo
Sega, kobis jawa uga klapa
Kauli dadi siji dening para putri
Nambahi reseping ati
2 | Alfiyah Indarwati
Tempe Kemul
Kuning, mringin ndhudhut ati
Ngawe‐awe sadawaning siyang ratri
Sapa wae kang nate ngrasakake
Tan bisa nglalekake tempe kemule
Kunir, bawang, uyah lan tumbar
Kauli dadi siji tinambah trigu lan pathi
Kacampur onclang sansaya gawe bingar
Tempe kemul
Kaeja saka tembung tempe lan kemul
Tempe wae ana kemule
Ing kene sliramu bisa nemokake
Wonosobo papane
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 3
Petos
Seje karo aranmu
Tempe kang atos
Sejatine sliramu renyah, gurih kemriyik
Tempe dele kairis tipis‐tipis
Kuninge kunir, ketumbar saha pathi trigu
Agawe rasamu sansaya ngreridhu
Kripik tempe kemul
Ayo tuku kanggo sangu sinau
Kanggo nyamikan sinambi dolanan
Ing wayah luhur nambah rakening sedulur
4 | Alfiyah Indarwati
Geblek
Aja salah maca mitra
Iki geblek jeneng panganan
Asale saka kutha Wonosobo
Pathi kanji, klapa, uyah lan godhong bawang
Rinacik tangan cilik kagoreng sreng
Wujudmu putih rada bunder ning ora seser
Anget‐anget kamaem sinambi ngunjuk teh tambi
Karo ora lali nyawang endahing kutha Asri
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 5
Klethuk 1
Klethuk‐klethuk suwaramu
Yen dimaem rikala adhem
Klethuk jenengmu
Sliramu gebleg kang ayem
Kairis tipis kapepe pananse srengenge
Kagoreng nganti garing
Klethuk
Nadyan saka barang turahan
Rasamu isa gawe wong ngantu‐antu
Krungu suwaramu kemlethuk
Sawirama uripe manungsa
Saya tuwa kudu rumangsa
6 | Alfiyah Indarwati
Klethuk 2
Mbiyen kowe saka gebleg turahan
Saiki kowe murni digawe panganan
Mligi kanggo kanca wengi
Pathi kanji ora lali
Karo bawang uyah lan dhong bawang
Kauli dadi siji kanthi ati suci
Wujudmu ora mung irisan garing njepiping
Uga kothak cilik‐cilik kaya dolanan dadu
diwadhahi palstik kemasan
tharik‐tharik merak ati ing toko prapatan
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 7
Carica 1
Wohmu cilik sakepelan tangan manungsa
Yen wis tuwa kuning kulitmu
Tlutuhmu galak marang sapa wae
Bakal gatel nylekit yen nyenggol kowe
Ora sadhengah papan kowe gelem saba
Urip ngrembuyung kaya ing papane dewa
Katelah Dieng kang adi lan aeng
Carica
Woh cilik maewu rasa
Kagawe manisan, sirup, uga asinan
Sliramu ngumbara saindhenging nuswantara
Malah tekan negara manca
8 | Alfiyah Indarwati
Carica 2
Sapa sing ora tepung sliramu
Saben aku bali mung sliramu sing dakanti
Kanggo mitra sejati, uga sedulur sinarawedi
Kaadhang ing dalan uga ngarep lawang
Ora perduli kuwi ora sopan
Selak ngicip sliramu kang legit merak ati
Carica
Geneya dayamu semono gedhene
Tansah ngawe‐awe sok sapa wae
Gawe raketing tali silaturahmi
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 9
Carica 3
Sapa ngira sliramu dadi kuncara
Tekan njaba kutha malah negara manca
Sapa nyana sliramu bakal rumeksa
Dadi sawernaning panganan eca
Saka manisan, sirup uga asinan
Carica
Woh saka Dieng kulon uga wetan
Kasulap dadi manisan
Dadi pasugatan ing sadhengah papan
10 | Alfiyah Indarwati
Purwaceng
Daya pangaribawamu
Nyedhot sakehing wisatawan
Kepengin mangerteni sapa iku sliramu
Wujudmu suket
Thukul ing ara‐ara tlatah Dieng
Sakawit mung di arit
Nggo pakan raja kaya ing sakiwa tengenmu
Saiki dudu sapi kang ngrahabi
Dudu wedhus kang ngendhus‐endhus
Ananging sakehing manungsa saindhenging bawana
Aja nyawang sliramu wujud suket
Kang urip samadyane ing papan asale
Regamu saiki ngawu‐awu
Gawe ngelu uga gawe ngguyu
Ngelu kanggo sing tuku
Ngguyu kang ngreksa sliramu
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 11
Opak Kalibeber
Gepeng, bunder uga kothak
Saka bodin, tumbar lan uyah
Kagiles ing lumpang ngarep omah
Tharik‐tharik kapepe nganggo tampah
Opak
Sangkan paranmu Kalibeber
Mula katelah opak Kalibeber
Kondhang kaloka sanuswantara
Gawe mongkog wong Wonosobo
Opak
Nadyan kagawe saka bodin
Iku tandha amrih prihatin
Gelem rekasa lair lan batin
12 | Alfiyah Indarwati
Opak Ilat
Aneh ananging nyata
Asale saka desa Sapuran
Isih tlatah Wonosobo Asri
Kang kebak pasugatan kang merak ati
Wujudmu bunder rada lonjong kaya ilat
Gurih, renyah agawe sumringah
Sapa kang ora kepencut
Weruh wujudmu uga rasamu
Karahapi ing wanci ratri
Kanca caturan karo guyonan
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 13
Opak Ketan
Kutha Wonosobo
sugih pasugatan uga papan kanggo dolan
ana opak Kalibeber uga opak Sapuran
ana uga opak ketan
kagawe saka ketan ditutu banjur kapanggang
aja takon kepiye rasane
sliramu bakal ora bisa sare
tansah kelingan sepira gurihe
opak ketan pratikele piyayi Klesman
nambah pasugatan narik wisatawan
14 | Alfiyah Indarwati
Sagon
Sapa kang ora pirsa
Pasugatan khas Wonosobo
Kagawe saka sagu, gula lan klapa
Bunder, kandel gurih ngangenake
Sapa wae kang nate mrene
Sagon
Panganan tradhisiyonal
Tinemu ing njero pasar
Karacik dening para ibu karo mesem sumunar
Agawe ati sansaya bingar
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 15
Kripik Jamur
Jamur yen tumempel ing kulit dadi penyakit
Yen mlebu awakmu marakake kuru
Ananging beda karo kripik jamur
Jamur kuping uga jamur kancing
Sanadyan amung jamur
Regamu agawe gumyur
Rasamu marakake ora bisa nendra
Ngawe‐awe sadawaning netra
Kripik jamur pasugatan khas Wonosobo
kondhang kaonang tekan negara manca
16 | Alfiyah Indarwati
Wonosobo
Ewoning riptaning Gusti
Tan bisa kaetung dening tangan iki
Amung rasa syukur kang tanpa upami
Nadyan aku ora lair ing papan iki
Nanging tresnaku wis nyawiji
Wonosobo
Saka tembung wana lan saba
Wana alas, dening saba wis nglegena
kawentar kutha adhem
Mapan ing erenging Sindoro arga
Kang kebak karo maneka warna
Kaendahan alam uga pasugatan
Dadi papan para wisatawan
Anuju prana ngenggar‐enggar ati kang lara
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 17
Kalianget
Wong kuna paring nama
Akeh teges kang karipta
Gedhe maknane tekan seprene
Kanggo putra wayahe
Semono uga jeneng Kalianget
Ngemu teges banyu kang anget
Jumedhul sumber ing pinggir desa
Digawe blumbang dening para warga
Nadyan mambu ganda belerang
Nanging bisa kanggo tetamba
Lelara kulit maneka warna
Ditekani pra tamu saka njaba kutha
Pengin lelumban mbuwang lelara
18 | Alfiyah Indarwati
Punthuk Saroja
Beda nama beda sedya karo tembang bunga Saroja
Ing kene isa nyawang endahe Tlaga Menjer
Nyawang prau gethek kang tumata jinejer
Saka desa Tlogo yaiku punthuk Saroja
Durung suwe kawentar
Dadi papan wisata anyar
Ing kene ana papan kanggo selfie
Kang dikaremi para jaler pawestri
Uga para bayi nganti kaki nini
Ing kene sliramu bisa sumendhe
Ngalamun angantu wanci sore
Tekan angslupe srengenge
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 19
Bukit Cinta
Seje papan seje sesawangan
Pengin nyawang ciptaning Pangeran
Saka papan kang aran Bukit Cinta
Sandhuwure tlaga Menjer
Sisih lor sinawang saka tlaga
Ing Bukit Cinta sliramu bisa sesandhingan
Endahing alam kang gawe ati bingar
Sinambi ngresepi aruming kembang alang‐alang
Ing Bukit Cinta sliramu bisa gegojegan
Karo kanca ngrakit ukara ngudhal carita
Sadawaning rasa nganti purnaning dina
20 | Alfiyah Indarwati
Tlaga Menjer
Prau gethek jinejer ing Tlaga Menjer
Kinanthi sang juru prau
Para mudha kang luru pangupa jiwa
Angrantu tamu ngubengi tlagamu
Wiwit parak esuk tekan bagaskara mapan turu
Setya tuhu gawe mareming pandulu
Tlaga Menjer
Endahing pasuryanmu
Kondhang kaloka tekan njaban kutha
Gawe raharjaning warga sacelaking tlaga
Guyup rukun bebarengan nyukupi sedya
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 21
Sore Kuwi ing Tlaga Menjer
Sore kuwi
Ing tlaga kang asri merak ati
Aku lan sliramu
Nyawiji ing gethek ngubengi tlaga iki
Kumriciking banyu tlaga
Nambahi endahing suwasana
Wit‐witan kang ngrembuyung
Tinemu sadawaning laku
Sore kuwi
Ing tlaga iki tresnaku nyawiji
Sineksenan eseme unjar kang lagi gegojegan
Uga manuk derkuku kang alon keprungu
Sore kuwi
Ing Tlaga Menjer aku lungguh jejer
Nyawang sakehing godhong genjer
Nanging saiki
Binareng angslupe sang bagaskara
Ati iki sansaya keranta‐ranta
Eling nalika zaman semana
Saiki kari punggeling carita
22 | Alfiyah Indarwati
Dakantu Tresnamu
Dakantu tekamu
Sliramu pepujaning atiku
Ing pinggir tlaga kene
Saben sore nganti enteking srengenge
Dakantu tekamu siyang tuwin dalu
Nganti aku ora bisa turu
Mbiyen sliramu nate janji
Ing pinggir tlaga iki
Tresna tekan puputing nyawa
Lila legawa mbangun tresna
Geneya saiki cidra
Lunga tanpa pawarta
Amung ati iki katinggalna
Ing pinggir tlaga atiku nelangsa
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 23
Ndhuk Le
Thole, gendhuk anakku cah bagus cah ayu
adoh saka sampurna
nggonku mulang muruk mring sliramu
isih adoh saka sampurna
paring kautaman sing sanyatane
nalika sliramu mbeka aku durung bisa narima
nalika sliramu durung bisa, aku durung bisa nampa kanthi
legawa
nalika sliramu sambat lara, aku durung bisa enggal paring
usada
Gendhuk thole cah ayu cah bagus
sing dawa ususmu marang aku kang ngaku dadi gurumu
apuranen kabeh kekuranganku
durung bisa ngabekti kaya Umar Bakri
kang tansah nggegulang ngelmu
nadyan tanpa piwales kang samurwate
Ndhuk Le cah ayu cah bagus
Isih adoh jroning pangangen isa ngabekti kaya Umar Bakri
kapan aku bisa ngabekti tanpa pamrih sertifikasi
24 | Alfiyah Indarwati
Kalawarti
Kadya siniram banyu sewindu
Kadya kejugrugan segara madu
Bungah tan kinira
Mireng pawarta sliramu teka
Esuk iki wulan Maret rong ewu wolulas
Ing tlatah Ngayogyakarta
Kalawarti basa Jawi
Tansah dakantu ing tyas mami
Mligi nguri‐uri kabudayan Jawi
Kang adiluhung tumrap ibu pertiwi
Ing kene solah bawa diajarake
Ngrakit ukara kang utama
Kawruh basa, paramasastra uga tulisan Jawa
Kabeh nyawiji ing kalawarti iki
Amrih wong Jawa ora ilang jawane
Para mudha ngerti tata krama
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 25
Mugya Guritku Nuwuhke Tresnamu
Mitra
dakrakit aksara ha na ca ra ka
ginawe tembung nyawiji dadi ukara
ukara mbaka ukara rinipta dadi gurit
minangka srana wutahing isi wardaya
Mitra
ing gurit iki tresnaku nyawiji
tan ana tembung aku arek Surabaya, Bojonegoro utawa
Sidoharjo
tan ana pocapan nyong cah Banyumas, Brebes utawa
Wonosobo
apa maneh ngaku piyayi Solo utawa Ngayogyakarta
kabeh nyawiji tresna mring budaya Jawa
Mitra
aja kok regedi guritku karo asalmu
aja kok regedi guritku karo keyakinanmu
aja kok regedi guritku karo rasmu
ayo nyawiji mbangun tresna marang negara lumantar gurit
samadya
Mitra
ing gurit iki tresnaku ngrembaka
mring budaya Jawa kang sansaya sirna
kesilep ombyaking zaman
26 | Alfiyah Indarwati
ketilep kemajuwaning teknologi
kang tininggal para mudha taruna
klayu mring budaya manca
Mitra
lumantar gurit iki aku ngudarasa
mrih budaya Jawa tetep manjila
kuncara kanggo sentosaning bangsa
sinareng esemme sang bagaskara
kang sumunar madhangi titahing jalma
amung siji panyuwunku
mugya guritku nuwuhke tresnamu
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 27
Kabudayan Jawa
Wiwit lathi iki durung bisa celathu
wiwit sikil iki durung bisa lumaku
wiwit raga iki isih dipangku ibu
prasetya wus mijil jroning atiku
jiwa ragaku amung kanggo sliramu
Mitra
Aku bisa matur kanggo tutur sembur
aku bisa guyon nganggo waton
aku bisa dolan nganggo tatanan
aku bisa dandan nganggo pranatan
kabeh merga sliramu
Mitra
Nadyan akeh wong kang ngina
nadyan akeh wong kang degsiya
nadyan akeh wong kang nyenyamah
nadyan akeh wong kang sawiyah‐wiyah
Sliramu tetep puguh tetep kukuh
tan keguh mring owahing lakon
Mitra
Sliramu kabudayan Jawi kang edi merak ati
28 | Alfiyah Indarwati
Tengah Ratri
Kanggo alm. Adhiku Ahmad Haryono
Jam siji bengi tengah ratri
Telpun muni gawe kageting ati
Karo ngresula telpun taktampa
Jebul saka mbakyu Kartasura
Karo merem aku aras‐arasen
“Ngapa mbak?”
Tanpa kanyana‐nyana mbakyuku muwun sora
“Aja kaget adhimu ora ana!”
Aku ora ngira yen ngendikane ngayawara
“Apa mbak, baleni neh!”
“Aja kaget adhimu ora ana”
Kuwi pawarta kang daktampa nalika sliramu ora ana.
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 29
Seminggu Sumare
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Seminggu luwih sliramu sumare
Tindak, sowan ing Ngarsane
Ndhisiki timbalaning Gusti
Lunga ora matur apa‐apa
Ninggal aku, ibu saha garwa putra
Seminggu kepungkur
Jumat Legi jam setengah siji
Ing telenging ratri
Amung donga pamuji
Mugya Gusti nampa sliramu rayi
30 | Alfiyah Indarwati
Ing Pasareyanmu
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Ati iki tan bisa dora
Waspa iki tan bisa selak
Kapang iki tan bisa sewala
Selapan lawase sliramu lunga
Sowan Gusti tanpa kandha‐kandha
Rayi
Sikil iki jumangkah
Alon tumuju pasareyanmu
Apuranen aku
Luh iki tumetes maneh
Rasa kapang mring sliramu
Rayi
Nyawang putramu
Luwih kapang saka aku
Mugya sliramu
Sumare kepenak salawase
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 31
Patang Puluh Dina
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Patang puluh dina kepungkur
Telu Maret rong ewu wolulas
Malem Jemuah Legi
Sliramu tindak sowan Gusti
Ing telenging ratri
Kadya sinamber thathit
Miring pawarta
Sliramu ora ana
Dhimas
Lathi iki tan bisa kumucap
Jajaku kadya mengkap‐mengkap
Seseg, mbedhedheg
Rah getihku rinasa mandheg
Dhimas
Isih durung percaya
Nanging iki nyata
Amung sakehing donga
Mugya sliramu mapan ing swarga
32 | Alfiyah Indarwati
Mbakyu
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
“Mbakyu…”
“Piye kabarmu, rak ya apik ta?”
Tansah gumawang pitakonmu
Saben‐saben sliramu kapang aku
“Mbakyu…”
“Mbahe rak ya apik ta?”
Saben sliramu kangen ibu
Swaramu tansah gumrengeng ing talinganku
Kaya nembe wingi wae
Sliramu takon pawartaku
Takon kahananku
Nanging…
Saiki mokal kalakone
Sliramu wis kepenak sumare
Mapan ing ngarsa‐Ne
Telung lapan lawase
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 33
Tumetes Maneh
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Luh iki tumetes
Kelingan mring sliramu
Rasa kapang tan bisa kapenggak
Among gambarmu jampining rasaku
Yayi…
Dina iki putramu agi berjuwang
Mlebu pawiyatan luhur
Amrih bisa nerusake gegayuhanmu
Kang kapunggel durung nganti kecekel
Yayi…
Sliramu isih nduwe panjangka
Tinerusna dening para putra
Mugya bisa rinanggeh sakehing sedya
Urip mulya njunjung asma wong tuwa
Dadi putra bangsa utamaning negara
34 | Alfiyah Indarwati
Tanpa Sliramu
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Saiki wulan pasa tanggal sanga
Sepisanan pasa tanpa sliramu
Rasa kapang kang tansah ngreridhu
Amung donga kang dadi tambane
Adate sliramu nakokake
Kapan mbakyu tekan kene
Lebaran bareng adat sabene
Saiki rasane gothang
Atiku cemplang
Suwaramu kang tansah dakantu
Nyawang telpunku kang tanpa nomermu
Mokal kelakone kowe nelpun mrene
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 35
Carica Iki Kanggo Sapa
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Carica iki kanggo sapa
Taksiapna sedurunge bada
Adate sliramu gumregah nunggu teka
Saiki kabeh amung carita
Carica iki kanggo sapa
Sliramu kang tansah gita‐gita
Banget tresna tansah kaantu
Karo mesem kebak pangerten
Saiki mung kari pangimpen
36 | Alfiyah Indarwati
Maesanmu
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Apa aku salah
Apa aku owah
Apa aku susah
Nalika tininggal sliramu
Nalika kari jenengmu
Nalika kari maesanmu
Mung tulisan iki minangka penget
Sepira gedhene katresnanku
Tak sok glogok rinipta gurit
Kanggo pangenget ati kang pingget
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 37
Adhi Kinasih
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Aja dikira aku dora
Aja dikira amung apus krama
Yen tangan iki tansah ngripta
Isining ati kelangan adhi
Tininggal lunga tanpa kandha‐kandha
Saben rina lawan ratri
Pocapanmu tumancep ing ati
Esemmu tansah kelingan
Wiwit cilik nganti garising Gusti
Sliramu ndhisiki sowan Gusti
38 | Alfiyah Indarwati
Klambi Abang
Kanggo adhiku alm. Ahmad Haryono
Takbukak lemari iki
Njupuk klambi kari siji
Werna abang karemanmu
Tansah mbokanggo saben wektu
Adhi…
Mung iki gantine sliramu
Supaya bisa ngobati kapangku
Saben ratri tansah dakantu
Mugya nyumpena ketemu sliramu
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 39
Bapa
Kagem alm. Bapa Pujo Raharjo
Aku ora percaya
Aku ora ngira
Esemmu isih nyandhing jroning netraku
Tuturmu isih dumeling jroning angenku
Aku ora percaya
Aku ora ngira
Kadya sinamber thathit ing mangsa ketiga
Sliramu sowan tanpa ninggal ukara
Bapa…
Geneya sliramu tega
Kondur ora pamit putra
Nilap aku kang lagi makarya
Bapa…
Geneya sliramu tega
Ninggal putra tanpa meling apa‐apa
Sugeng tindak rama
Mugya sinandhing kepenak ing kana
40 | Alfiyah Indarwati
Patemon
Kanggo alumni SMPN 1 Karanggede ‘86
Mitra…
Apuranen aku ora bisa njawat astamu
Ora bisa ngruket saliramu
Ora bisa sinandhing bebarengan
Ngrakit ukara ngudhal carita
Mitra…
Ing pahargyan patemon kuwi
Mung luhku kang tumetes
Nggrantes kelingan mring sliramu
Iba bungahe atiku
Yen bisa manunggal
Nyawiji kembul bujana andrawina
Ing vila Blue Mansion wengi iki
Mitra…
Ananging kabeh mung pangimpen
Merga sikilku tan bisa obah
Tanganku kang bisa polah
Meneng, anteng ing papanku
Kang adoh saka sliramu
Mitra…
Amung gurit iki minangka sulihku
Mugya dadi jampining kapangku
Sapatemon karo sliramu
Para mitra kanca sekolahku
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 41
48 Taun
(Kanggo mitraku Muhroni, S.E)
Sepuluh Maret 48 taun kepungkur
Sliramu mijil weruh padhanging surya
Ing desa cedhak ara‐ara
Adoh kutha sepi tan kinira
Disekseni swaraning kukila
Jangkrik lan kalamangga
Tangismu kang sepisanan
Gawe esem bapa biyungmu
Gawe bungah tangga sagotrah
Tamba sayah tansah sumringah
Mitraku…
Ing ambal warsamu
Among siji panuwunku
Sliramu tansah pinaringan berkah
Saka Gusti Kang Maha Mirah
Kapacak PS no 15 tanggal 14 April 2018
42 | Alfiyah Indarwati