Ayu
Minggu, telu Desember rong ewu pitulas
Aku lan sliramu bisa patemon
Sawise telung puluh loro warsa
Pinisah tanpa pawarta
Tan kinira eba bungahing atiku
Bisa nggegem astamu
Bisa nyawang netramu
Ing pahargyan palakramane putamu
Ayu…
Aku lan sliramu amung bisa nyawang
Tan bisa nyandhing
Kedheping netramu
Nggambarake gedhening kapangmu
Ayu…
Apuranen aku amung nambahi gorehing atimu
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 43
Demafa
Dea Ema lan Azfa
Tenger kang dakparingake
Marang katelune
Bocah ayu gegantilaning atiku
Wiwit isih dakpangku nganti pungkasing wektu
Tresnaku mbayu mili
Ora kentir dening ilining banyu jaladri
Rasa lara ora dakrasa
Amrih sliramu mulya
Bisa njunjung asmane wong tuwa
Dadi kembang kusumaning bangsa
44 | Alfiyah Indarwati
Si Ragil
Kanggo anakku Azfa Noor Gistha
Sliramu mijil nalika yuswa wis ora mudha
Telung puluh sanga rikala semana
Yuswa kang rekasa kanggo nambah putra
Bisa‐bisa koncatan nyawa kari raga
Ananging kabeh wis ginaris
Sliramu dadi putra winasis
Tamba ati rikala sepi
Sregep ngaji uga luru ngelmi
Genep sewindu umurmu
Sansaya ayu uga kemayu
Yen awan pijer dolan
Pit‐pitan tekan dalan prapatan
Amung siji panuwunku
Dadya putri kang utami
Njaga asma yayah wibi
Dadi kusumaning negari
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 45
Putri Ayu Klambi Biru
Putri ayu seneng klambi biru
Netramu sumunar kadya lintang ing wayah dalu
Nimas Noor Gistha aranmu
Yen nyenyuwun gampang muwun
Udan tangis ora uwis‐uwis
Putri ayu seneng klambi biru
Saiki wis wolulas umurmu
Seneng turu uga maca buku
Nadyan mangkono awakmu ora lemu
Amung siji panyuwun ibu
Dadya putri kang mituhu
Mikul dhuwur asmane wong tuwamu
46 | Alfiyah Indarwati
Klambi Anyar
Isih gumawang jroning rasaku
Nalika aku isih ndherek ibu
Ing desa kang adoh saka kutha
Papan amba pinggir ara‐ara
Isih kelingan jroning ati iki
Bisa tuku klambi setahun mung siji
Ngadhepi bada riyadi
Wayah pasa badane kurang siji
Klambi anyar agawe bingar
Ora ana dhokar mlakune gancar
Munggah mudhun gumuk karo mesem sumunar
Bapa ibu sansaya katon lejar
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 47
Kembang Mawar
Tinandur ing tengah latar
Arum angambar agawe ati jembar
warna‐warna rupamu
abang, putih, kuning uga ungu
dadi karemane para putri uga para ibu
ginawe pethitan nambah reseping kalbu
kembang mawar
jinejer ing tengah latar
kinupeng eri kanggo ngalang‐alangi tangan kemaki
njaga ati supaya tetep suci
48 | Alfiyah Indarwati
Jaket Ireng
Sing nganggo jenenge Sugeng
Saben dina ora nate liya
Jaket ireng nambahi gantheng
Ora krasa wis telung dina
Jaket ireng ora ana
Digoleki tekan telenging wana
Nganti entek sandhal lima
Jaket ireng lagi ngumbara
Lunga ora pamit uga ora kandha
Gawe susah wong sakomah
Semono uga tangga sagotrah
Kumpulan Gurit Tempe Kemul | 49
Profil Panyerat
Alfiyah Indarwati, M.Pd. lair ing
Boyolali 08 April taun 1971. Wiwit SD
tekan SMA sekolah ing tlatah Boyolali.
Taun 1990, dheweke nerusake kuliah
ing IKIP Semarang lulus taun 1994.
Njupuk Pasca Sarjana ing Unwidha
Klaten lulus taun 2017. Kaangkat dadi
guru taun 1998 lan dibenum ing SMP 3
Larangan Brebes. Wiwit taun 2000, dheweke ngabdi ing
SMPN 1 Mojotengah Kabupaten Wonosobo nganti seprene.
Asring nulis geguritan lan Apa Tumon kang diemot ing
majalah basa Jawa Panjebar Semangat. Antologi Geguritan
Padhang Mbulan 2017 (asil nulis bareng kanca). Saiki
manggon ing Perumahan Limas Garden Blok I no 4 Jlamprang
Wonosobo. Dheweke isa dihubungi ing
[email protected].
50 | Alfiyah Indarwati