Paribasan – Bebasan Teges
Sabaya pati sabaya mukti Kerukunan kang nganti tekan pati
Sadumuk bathuk sanyari bumi Pasulayan dilabuhi nganti pati
Satru mungguhing cangklakan Mungsuh kang isih sanak sedulur
Sedhakep ngawe-awe Wis ninggalake tumindak ala, nang-
ing ing batin isih nglakoni maneh
Sembur-sembur adas, siram-sir- Bisa kaleksanan merga pandon-
am bayem gane wong akeh
Sepi ing pamrih rame ing gawe Nindakake pagaweyan tanpa melik
apa-apa
Sing salah seleh Sing salah bakal konangan
Sluman slumun slamet Sanajan kurang ngati-ati, nanging
Sumur lumaku tinimba, gong diparingi slamet
lumaku tinabuh Wong tuwa kang kumudu-kudu
dijaluki piwulang utawa ditakoni
T
Tebu tuwuh socane Perkara kang wis apik, bubrah mer-
ga ana kang ngrusuhi
Tega larane ora tega patine Sanajan negakake rekasane nang-
ing isih menehi pitulungan
Tembang rawat-rawat ujare Kabar kang durung bener lan
bakul sinambiwara lupute
Timun jinara Perkara kang gampang banget
Timun mungsuh duren Wong cilik mungsuh panguwasa,
Timun wungkuk jaga imbuh mesthi kalahe
Tinggal glanggang colong playu Wong bodho kanggone mung yen
kekurangan wae
Ninggalake papan pasulayan
91
Paribasan – Bebasan Teges
Tulung menthung Katone nulungi malah ngrusuhi
Tumbak cucukan Wong kang seneng adu-adu
Tuna sathak bathi sanak Rugi bandha bathi paseduluran
Tunggak jarak mrajak, tunggak Perkara ala ngambra-ambra, perka-
jati mati ra becik kari sethithik
U
Ucul saka kudangan Ucul luput karo gegayuhane
Ulat madhet ati karep Wis manteb banget kekarepane
Undhaking pawarta, sudang Lumrahe pawarta beda karo kasun-
kiriman yatane
Unggak-unggak pager arang Ngisin-isini
W
Welas tanpa lalis Karepe welas malah gawe ka-
Wis kebak sundukane pitunan
Wis akeh banget kaluputane
Wiwit kuncung nganti gelung Wiwit cilik nganti tuwa
Y
Yitna yuwana lena kena Sing ngati-ati bakal slamet, sing
sembrana bakal cilaka
Yiyidan mungguhing rampadan Biyen durjana /wong culika, saiki
dadi wong alim
Yoga anyangga yogi Murit nirokake piwulange guru
Yuwana mati lena Wong becik oleh cilaka merga
kurang ngati-ati
Yuyu rumpung amba ronge Omahe magrong-magrong, nang-
ing sejatine mlarat
92
B. Saloka
Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa
pepindhan kang dipindahake wonge.
Tuladha:
Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih
bandha
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih
gedhe
panguwasane
Asu rebutan balung : Rebutan barang sepele
Asu marani gebug : Marani bebaya
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing
nyarujuki, oleh dalan
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter,
sijine kalah ubed utawa kalah
trampil
Belo melu seton : Manut grubyuk ora ngerti karepe
Buru uceng kelangan deleg : Golek barang sepele, kelangan
barang gedhe
Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane
kelakon
Cecak nguntal : Gegayuhan kang ora timbang karo
empyak/cagak kekuwatane
Cedhak celeng boloten : Cedhak wong ala katut ala
Cedhak kebo gupak : Cedhak wong ala katut ala
Dhandhang diunekake : Ala diunekake becik, becik di-
kuntul, kuntul diunekake unek-ake ala
dhandhang
Dhemit ora ndulit, setan ora : Tansah diparingi slamet
doyan
Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyu-
murupi wewadi
93
Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe
Gagak nggangu lare merak : Wong asor tumindak kaya wong
luhur
Gajah kalingan suket teki : Lair lan batine ora padha, mesthi
(ng)gajah elar konangan
: Sarwa gedhe dhuwur kekarepane
Gajah ngidak rapah : Nrajang wewalere/aturan dhewe
Gajah perang karo gajah, : Wong gedhe pasulayan, wong cilik
kancil mati ing tengah
dadi kurban
(n)jagakake endhoke si : (n)jagakake barang kang durung
Blorok mesthi ana lan orane
Iwak lumebu ing wuwu : Wong kena apus kanthi gampang
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kesusuban
wong ala
Jaran kerubuhan empyak : Wong wis kapok banget
Jarit lawas ing sampiran : Duwe kapinteran ning ora digu-
nakake
Kacang ora ninggal lanjaran : Kebiasaane anak niru wong tuwa
Kandhang langit bantal : Wong kang ora duwe papan pang-
ombak, kemul mega gonan
Katepang ngrangsang : Kegedhen kekarepan mokal
gunung: kelakone
Katon kaya cempaka : Tansah disenengi wong akeh
sewakul
Kebo bule mati setra : Wong pinter ning ora ana sing
merlokake
Kebo ilang tombok kandhang : Kelangan gedhen-gedhen
Kebo kabotan sungu : Rekasa merga kakehan anak
Kebo nusu gudel : Wong tuwa jaluk wuruk wong
enom
Kethek seranggon : Wong ala bebarengan
94
Rampek-rampek kethek : Nyedhak mung arep gawe ka-
pitunan
Kuthuk marani sunduk
Kuthuk nggendhong kenari : Wong marani bebaya
: Manganggo sarwa apik, liwat
Nggon welut didoli udhet
dalan mbebayani
Ngaturake kidang lumayu : Wong pinter dipameri kepinteran
Opor bebek, mentas awake sing ora sepiraa
dhewe : Ngaturake barang kang wis ora
Pitik trondhol diumbar ing
padaringan ana
: Rampung saka pambudidayane
Rindhik asu digitik
dhewe
Tekek mati ing ulane : Wong ala dipasrahi barang kang
aji, wekasane malah ngentek-en-
tekake
: Diwenehi pagaweyan kang cocok
karo kekarepane
: Nemu cilaka merga omongane
dhewe
C. Wangsalan
Wangsakan yaiku rumpakan sing saemper cangkriman, ananging
tebusan utawa ancase wis dikandhakake pisan.
Tuladha:
Wangsalan Teges
Jenang gula kowe aja lali jenang gula = gulali
Ngembang garut, nggremeng kembang garut = grameng
ora karuwan
Balung janur, gelema paring balung janur = sada
usada
Ngembang kacang, mbesengut kembang kacang = besengut
ora kalegan
Sekar aren mas, sampun dangu sekar aren = dangu
boten kepanggih
95
Wangsalan Teges
Kembang jambu, kemaruk duwe kembang jambu = karuk
dolanan anyar roning mlinjo = so
Roning mlinjo, sampun sayah klapa mudha = degan
nyuwun ngaso kembang gembili = seneng
Klapa mudha, yen kalegan parin- witing klapa = glugu
gana ngapura jawata ing ngarcapada = wong
Kembang gembili, seneng- kolik priya = manuk tuhu
seneng oleh rejeki anjani putra = anoman
Witing klapa jawata ing ngarca-
pada, saluguning wong mudha
gelem rekasa
Kolik priya, priyagung anjani
putra
Tuhu eman wong anom wedi
kangelan
D. Purwakanthi
Purwakanthi kaperang dadi telu yaiku:
1. Purwakanthi Guru Swara
Yaiku tetembungan kang runtut aksara swarane
Tuladha:
• Ana awan ana pangan
• Ana rina ana upa
• Becik ketitik, ala ketara
• Sapa weweh bakal pikoleh
• Adigang adigung adiguna
• Inggah inggih ora kepanggih
• Ciri wanci lelai ginawa mati
• Desa mawa cara Negara mawa tata
96
• Witing tresna jalaran saka kulina
• Giri lusi jalma tankena kinira
• Ana bungah ana susah
• Gelem obah, mamah
• Ora ngedan ora keduman
• Thenguk-thenguk nemu gethuk
• Tiwas sayah ora paedah
2. Purwakanthi guru sastra
Yaiku unen-unen kang runtut aksara konsonan
Tuladha:
• Tata titi tentrem
• Titi taberi ngati-ati
• Ruruh rereh ririh mrih reseping miyarsa
• Bobot bebet bebet
• Tindak tanduk tutur kang kelantur tamtu katula-tula
• Sluman slumun slamet
• Kala kula kelas kalih kalung kula kolang kaling
• Katulatula katali
• Laras lurus leres laris
• Tatag tutug tanggon
3. Purwakanthi lumaksita utawa basa
Yaiku unen-unen kang runtut tembung-tembunge
Tuladha:
• asung bekti, bektine marang Gusti
• bayem arda ardane ngrasuk busana
• lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
• mangan ati, atine wong kelara-lara
97
• nandhang lara, larane wong lara lapa
• padhu suta, suta madyaning pandhawa
• raja putra putra daleme Ngastina
• rujak degan, degane krambil ijo
• remuk rempu, rempu dadi awu
• saking tresna, tresnane mung samudana
• rujak dhondhong, rujake sisane kalong
• witing tresna, tresnane mung sawetara
E. Parikan
Bengi-bengi menyang kali Gatotkaca kukur-kukur
Karo kanca aja lali Karo kanca padha akur
Menyang wangan dijepit yuyu Werkudara luru teri
Yen ketemu aja lali ngguyu Awak lara diobati
Ana kewan nyungsep ing sawah Keceprut kaca neng pinggir
Yen dolan aja lali omah kasur
Ketemu kanca sing padha akur
Tuku pete karo jengkol
Bocah gedhe aja ngompol Mangan tahu nganggo lombok
Aja lali karo simbok
Awan-awan nape ketan
Yen sowan kudu sing sopan Mangan tahu klambine daster
Ayo sinau supaya pinter
Mlaku-mlaku tuku es puter
Srgep sinau mesti dadi pinter Nggawe klemet nganggo
godhong
Tuku permen regane sewu Bocah slamet aja sombong
Aja klalen karo bu guru
98
Wiji pete wiji jengkol Mlaku-mlaku ing Borobudur
Mangan sate untu prothol Yen kekancan iku kudu akur
Mangan es buah karo lemper Mangan tahu lungguh ing watu
Dadi bocah aja keminter Yen mertamu kudu ngerti
wektu
Gawe bubur nganggo pathi Angon kebo ana ing sawah
Lunga bengi ngati-ngati
Dadi wong bodho uripe susah
Menyang sawah sangu rese Ana ketan warnane biru
ketan Arep ujian ndang sinau
Mangkat sekolah kudu pamitan
Luru sawo ana ing pak Yono Ana omah digawe saka watu
Karo wong tuwa aja sembrono Yen arep sekolah nyuwun
pangestu
Mangkat sekolah nunggang
mikro Cah gendhut mangan biscuit
roma
Dadi bocah aja gampang
nglokro Raja dhangdhut haji Roma
Irama
Tuku bubur ana Cilandak
Wong Kalibeber gawe opak Tuku sepatu karo computer
Tuku peso nggon kang Kadud Ayo sianu supaya pinter
Krupuk gurih saka gurami
Bocah ciclik aja udud
Menyang Klewer numpaka Wong sugid aja gemi-gemi
Tuku pilus karo tahu
becak Pengin lulus ayo sinau
Cah nakal dijewer pa dikethak
Kupat dipangan Painten Daleme eyang ana Singkir
Yen lepat pangapunten Bubar sembahyang ja lali dzikir
Wedang putih wedang susu Saka ngomah dina Jum’at
SMP Mojotengah papane Mangkat sekolah ja nganti telat
ngelmu
99
Mlaku-mlaku menyang Monas Nonton TV opera van java
Ayo sinau nggo Ebtanas Aja lali karo basa jawa
Sayah-sayah mangan duren Tuku rambutan cacahe lima
Mojotengah lulus satus persen Dadi prawan aja sembrana
Yen udan aja mlayu-mlayu
Wong dhondhonmg who
manggis Meh ujian ayo sinau
Woh rambutan legi rasane
Aja ngomong karo nangis
Nggoreng gembus pangan Wong apikan resik atine
Janur gunung jenenge aren
wedhus
Awak prengus during adus Karo sedulur aja klalen
Wohe duren wohe rambutan Santen asale saka klapa
Duda keren dadi rebutan Ja seneng ngapusi wong tuwa
Manuk merpati menclok ing Tuku gethuk bunder-bunder
Bocah ngantuk aja ngiler
ngomah Gulali digawe mbak Nur
Yen wong mati ora bisa obah
Ja lali karo sedulur
Esuk-esuk gawe jangan
Yen kepethuk ja kewirangan
Bakul bakpau ngiyup ing gubug
Ana bocah bodho dadi mbejuk
F. Cangkriman
Cangkriman
Cangkriman yaiku unen-unen kang kudu dibethek
(dibatang).
Cangkriman Wancahan
Cangkriman wancahan yaiku cangkriman kang
100
kedadeyan saka tembung-tembung kang diwancah
utawa dicekak.
- burnas kopen : bubur panas kokopen
- yu mae rong : yuyu omahe ngerong
- pakboletus : tepak kebo metu lelene satus
Cangkriman Pepindhan
Cangkriman pepindhan yaiku cangkriman kang
kedadeyan saka pepindhan utawa irib-iriban barang.
- Sega sekepel dirubung tinggi : salak
- Wit adhikih woh adhakah : semangka
- Tengah pasar ana apane : bakul s (P A S A R)
Cangkriman Blenderan
Cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang ngemu
surasa blenderan, batangane kudu luwih ngati-ati.
- Wong dodol tempe ditalini : sing ditaleni
tempene
- Wong dodol sapi dicancang : sing dicancang
sapine
- Wong dodol klapa dikepruki : sing dikepruki
klapane
Cangkriman ing Tembang
Cangkriman ing tembang yaiku cangkriman kang ana
ing tembang.
Tembang macapat pucung
Bapak pucung dudu watu dudu gunung
sabamu ing alas
ngon-ingone sang bupati prapteng marga si pucung
lambehan grana (gajah)
101
bapak pucung renteng-renteng kaya kalung
dawa kaya ula
pencokanmu wesi miring
sing disaba si pucung mung turut kutha (sepur)
G. Pidhato
Urut-urutan pidhato:
Pambuka (purawaka basa)
- Salam pambuka
- Mbagekake para tamu
- Ngucapake syukur
- Ngaturake panuwun
- Nyebutake dhiri pribadi lan ayahane
Tuladha:
Assalamu’alaikum w. w
Saderengipun sumangga sesarengan ngaturaken
puja-puji dhumateng Allah SWT ingkang sampun
paring berkah kawijungan, kasarasan saha kabagyan
satemah ing wekdal punika kula panjenengan saged
kempal manunggal kanthi karaharja. Shalawat saha
salam tansah kaaturaken dhumateng junjungan kula
panjenengan sedaya nabi Agung Muhammad SAW.
Isi (surasa basa)
- Ngaturake wose pahargyan
- Ngaturake kawilujengan
- Ngaturake panuwun
- Ngaturake kaluputan yen ana kekurangan
anggone nampa rawuhe
- Nyuwun dongane para tamu
Tuladha:
Ing wekdal punika kula minangka sesulih saking
kanca-kanca kelas IX, sepisan badhe ngaturaken
102
gunging panuwun dhumateng para dwija ingkang
sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit mlebet
pawiyatan menika ngantos titi wanci wekdal punika.
Para dwija sampun paring maewu-ewu seserepan
ingkang boten saged kaetung dhumateng kula
sakanca. Kaping kalihipun, kula sakanca ugi nyuwun
agunging pangaksama dhumateng para dwija
ing salebeting kula sakanca ngangsu kawruh ing
pawiyatan menika tansah damel suthiking manah
para dwija. Salajengipun angka tiga kula nyuwun idi
pangestu dhumateng para dwija, muga-mugi kula
sakanca saged nggayuh gegayuhan ingkang kaidham-
idhamaken. Pungkasan kula ugi nyuwun pangapunten
dhumateng adhi-adhi kula kelas VII, saha kelas VII
mbokbilih sadangunipun sesrawungan nate damel
kalepatan.
Panutup (wasana basa)
- Pangarep-arep
- Ngaturake dudutan
- Ngaturake kaluputan anggone matur
- Salam
Tuladha:
Dudutan
Sepisan malih kula ambali, kula sakanca
ngaturaken gunging panuwun dhumateng para
dwija ingkang sampun paring kawruh dhumateng
kula sakanca, tuwin nyuwun agunging pangaksami
sadangunipun kula ngudi kawruh ing pawiyatan
menika. Ugi nyuwun idi pangestu mugi-mugi
kula sakanca saged nggayuh gegayuhan ingkang
sampun karantam.
Pangarep-arep
103
Mugi-mugi bapak/ibu saha adhi-adhi kelas kula
saged langkung monceraken pawiyatan menika
sasampunipun kula sakanca purna anggenipun
ngudi kawrhuh ing pawiyatan punika.
Panutup (wasana basa)
Kula kinten kirang prayogi mbokbilih anggenkula
matur sakalangkung kathah, kupat kecemplung
santen sedaya lepat nyuwun pangapunten.
Salam panutup
Wassalamu’alaikum wr. wb.
H. Panyandra Panganten
Panyandra Rawuhe Panganten Putri
Binarung swaraning pradangga munya hangrangin,
hambabar ketawang sekarteja/puspawarna. Kaya ganda
hangambar arum katiyuping samirana manda. Kawistara
jengkaring temanten putri mijil saking panti busana.
Panti ateges papan busana ageman, mijil saking panti
busana ateges miyos saking papan ageman nedya sumarak
wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting
sasana pahargya.
Penganten putri hangagem busana kang sarwa
retna hangemba busananing garwa nata. Katon pating
galebyar pating calorot, lamun rinumpaka ing ukara yayah
silih prenah. Hangagem puspita rinonce ingkang ukelira
kasampiraken ing pamidhangan kanan, lamun katiyuping
samirana kongas gandane hangebegi sajroning sasana
pahargya. Endah edining busana hangimbuhi gandhes
luwes solah bawane, lamun cinandra ical sipating jalma
sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.
Panyandra Rawuhe Panganten Kakung
Geter pater kaya ana teja kang manther, horek sajawining
104
sasana pahargya bebasan sorak hambata rubuh swarane.
Awit kena pangaribawane risang temanten kakung ingkang
ketingal agung, ageng lan wibawa. Temanten kakung lamun
cinandra bebasan kurang candra luwih warna. Dasar pekik
ing warna, dedek pidheksa pangawak pradata. Langkun-
langkung sinasaban busana kang tinaretes benang kencana,
sumunar agilar-gilar nanging datan hambelerengi. Saya
malih hangagem dhestar hangemba nata tan ana kan
kuciwa. Dampyak-dampyak para kadang saha warga
wandana alur selur ndalidir tan ana pedhote ingkang samya
kangayap hambayangkara tindakipun temanten priya.
Panyandra Panggihing Panganten
Rep tidhem premanem, datan ana sabawane walang
salisik, bebasan gegodhongan tan ebah awit samiran tan
lumampah, kang kapyarsa amung swaranya pradangga
lokananta ingkang munya ing sasana wiwaha, senadyan
hamung lumantar swaraning pita swara. Awit sedaya
kalawau kena pangaribawane kang samya binoja krama.
Tuhu wes pinesti ana titahing Gusti ingkang
asipat jalu lan wanita ingkang nedya ngancik ing ngalam
madya hanenggih sambut silaning akrama nulya
kumlawe astane temanten putri sarwi hambalang gantal
mring temanten priya kang winastan Gondhang Kasih
Datan saranta temanten kakung gya amales hambalang
gantalmring temanten putri kang winastan Gondhang tutur.
Midak Endhok
Kawistara kanang antiga tiapak padha pecah sanalika
deningtemanten kakung, bpunika asung pralampita bilih
temanten kakung calon dados lantaraning tuwuh/wiji
ingkang suci, pratima bangkit tata jalma, putra kinarya
tetalining akrama.
105
Ngumbah Sikil
Tanggap temanten putri gita-gita hanjengku mring
pepadhaning keng raka, sarwi sumembah sarta hamiji
pepadhaning ingkang garwa. Sinduran Titipurna adicara
panggih, tumuli lumadi adicara sinduran, kawistara
temanten kekalih sinengepan sindur ingkang kaaturaken
dening ingkang Ibu.tanggapin sasmita ingkang Bapa gita-gita
angasta poncoting sindur tumuli hanganthi putra temanten
kekalih tumuju ing kursi palakrami. Kawuryaaan alon-alon
tindhake lan banget pangati-atine ingkang Bapa tuwin Ibu
hanganthi putra temanten sekaliyan tumuju unggyan kang
tinuju. Punika asung pralampita dhumateng kang binoja
krama, mugi-mugi anggenipun nepusi jangkaning agesang
mangun brayat anyar, tansah kebak ing pangati-ati, datan
grusa-grusu mundhak kesluru, tan milik barang kang elok
jalaran keselak muluk.
Sungkeman
(kairing ungeling Gendhing Ladrang Mugi Rahayu Slendro
Manyura)
Penganten kakung wus jengkar saking dhampar,
anganthi ingkang garwa lumarap angabyantara mring para
pinundhi. Esthiningpanggalihmuhungsumedyasumungkem
anguswa pepadaning ingkang eyang miwah ingkang rama
ibu. Sigra tumungkul amarikelu yayah konjem ing bantala
wadanane penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah
ing jengku kanan, sinartan aninging cipta rumasuk ing
sanibari, anyenyadhang rumenthahing pangastawa saking
ingkang eyang sarimbit, miwah rama ibu, mrih esthining
driya denira mangun brayan hinaywan dening Gusti
Ingkang Mahawelas tuwin Mahaasih. Lir sinendhal mayang
jroning galih dupi ingkang rama ibu inguswa pepadanira
106
dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit
sinyutan, sakala ingelus-elus pamindhangane penganten
putri winiwir-wiwir remane, kebak ing rasa asih sutresna.
Tan kawawa anandhang duhkitaning galih, waspa mijil
amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang
rama ibu.
Kirab Kanarendran
(Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita Sri
Narendra Pelog Barang)
Rampak runtut swaranya anganyut-anyut, lah
punika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang
Langggeng Gita Sri Narendra, umiring tindakira sekaring
pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang
arsa kirab, nulad adi endahing budaya.
Penganten kakung angagem makutha awarna
kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi
munggwing jangga lir ginupit, amimbuhi pekiking penganten
kakung, dhahat adi luhung. Atela awarni langking sinulam
benang kencana pinentha roning gadhung amalengkung,
prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi carup wor
kalawan sangsangan sekar mlathi rinonce munggwing
pamindhangan kanan miwah kering, angalewer tumibeng
jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat. Sinigeg
gatnya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambar
teja manda maya, tejaning rising suryeng ratri, pranyata
lamun tan kucuwa memanise. Meloking wadana sumunar
agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.
Kirab Kasatriyan
(binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa
Slendro 9)
107
Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana,
kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas
gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-
maya. Sansaya dangu saya milangoni, saya celak sansaya
angranuhi. Sanyata tejane sang pinanganten, mijil saking
wisma wiwaha. Wus lukar busana katong angrasuk busana
satriya, sansaya ngenguwung prabane, sansaya mencorong
guwayane, sansaya manteb panggalihe, cinandra kadi
Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan,
akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira
Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar
driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari
puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi.
I. Tembang Jawa
Tembang Jawa kaperang dadi 3 yaiku:
1. Tembang Gedhe (Sekar Ageng)
- Puspanjana - Kumudasmara
- Sudirawarna - Langen kusuma
- Langen asmara - Palugangsa
- Patra suratna - Puspamadya
- Suraretna - Kenya Kedhiri
- Citramengeng - Retna Mulya
- Manggalagita - Candra asmara
- Sudirawicitra
2. Tembang Tengahan
- Balabak - Girisa
- Jurudemung - Wirangrong
-
3. Tembang Cilik (Macapat)
108
Tembang Macapat Cacahing Gatra Guru lagu, guru wilangan
Maskumambang 4 larik 12i, 6a, 8i, 8a
Mijil 6 larik 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Kinanthi 6 larik 8u, 8i, 8a, 8i, 8a,8i
Sinom 9 larik 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7i, 8i,12a
Asmarandana 8 larik 8i, 8a, 8o, 7a, 8a, 8u, 8a
Gambuh Dhandhang- 5 larik 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
gula 10 larik 10i, 10a, 8e, 7u, 6u, 8a, 12i. 7a
Pangkur 7 larik 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Durma 7 larik 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Megatruh 5 larik 12u, 10i, 8u, 8i, 8o
Pucung 4 larik 12u, 6a, 8i, 12a
Watak Tembang Macapat
Tembang macapat miturut filosofi jawa nduweni watak dhewe-
dhewe. Sewelas tembang kasebut, minangka pralambang
panguripane manungsa wiwit ana guwa garba nganti puputing
nyawa.
Maskumambang
Asale saka tembung mas kang ateges durung dimangerteeni
lanang apa wadon. Kumambang, tegese isih gumantung
marang ibune ing guwa garba. Tembang maskumambang
minangka tetenger manungsa isih ing kandhutane ibune.
Watak: sedhih, nelangsa, dhuhkita
Tuladha:
Kelek-kelek biyung sira ana ngendi
Enggal tulungana
Anakmu kecemplung warih
Gulagepan wis meh pejah
109
Mijil
Mijil tegese lair, metu. Minangka gegambarane manungsa lair
ing alam donya isih arupa bayi kang durung duwe dosa.
Watak: tinarbuka, pitutur, tresna
Tuladha:
Poma kaki padha dipuneling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarwa wasis
Samubarangipun
Kinanthi
Saka tembun kanthi, digandheng. Bocah isih kudu dikanthi
supaya anggone srawung ora luput.
Watak: seneng, tresna, wicaksana
Tuladha:
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Ingkang iga-iga kaeksi
Sinom
Nom-noman kudu luru ngelmu kanggo sangu urip. Ing kene
akeh pitutr kang diperlokake kanggo dheweke.
Watak: sabar, pitutur, grapyak semanak
110
Tuladha:
Nuladha laku utama
Tumrape wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksi gandha
Panembahan senopati
Kapati amarsudi
Sudaning haa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Asmarandana
Saka tembung kasmaran utawa gandrung. Pralambang
manungsa kang wiwit seneng jalu lawan estri. Uga kudu tansah
ngati-ati ing samubarange.
Watak: tresna, kasmaran, sedhih, nelangsa
Tuladha:
Gegaraning wong akramai
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Gambuh
Ing kene manungsa wis nemu pasangan kanggo urip
bebarengan.
Watak: kekancan, sumeh
111
Tuladha:
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatuh
Katutupan dadi awon
Dhandhanggula
Pralambang wong anom kang lagi kasmaran, gandrung ngalami
kedadeyan kang endah.
Sasmitane tembang yaiku manis, madu, gendhis apa wae kang
manis.
Watak: luwes, ngresepake, mathuk kanggo medharake
piwulang, rasa kasmaran.
Tuladha:
Nanging yen sira nggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing ukum
Kang ngibadah lan kang ngirangi
Sukur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing liyan
Iku pantes sira guronana kaki
Sartane kawruhana
Durma
Wong urip kudu tansah rukun, padha-padha butuhe.
Watak: nesu, makantar-kantar
112
Tuladha:
Dipunsami ambanting sariranira
Cegah dhahar lawan guling
Darapon sudaa
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyasireki
Dadi sabarang
Karsanira lestari
Pangkur
Wis wiwit mungkurake kadonyan. Sing dipikir mung anggone
arep sowan marang kang gawe urip.
Watak: gagah prakosa, duwe ati kang tatag
Tuladha
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageing aji
Megatruh
Pralambang manungsa kang wis pedhot ruh. Tinimbalan ening
kang Akarya Jagad.
Watak: kelangan, muspra
Tuladha
Sigra milir kang gethek sinangga bajul
113
Kawan dasa gangsal kang njageni
Ing ngarsa miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kering
Kang gethek lampahnya alon
Pocung
Tembang pocung minangka pungkasan ing tembang macapat.
Pralambang uripe manungsa kang wis dipocong, dikafani arep
dikubur.
Watak: mardika, sasenenge dhewe, lucu, uga pitutur
Tuladha
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sabamu ing alas
Ngon-ingone sang bupati
Prapteng marga
Si pocung lambehan grana
Tembang Dolanan
Ilir-ilir
Ilir-ilir ilir-ilir tandure wus sumulir
Takijo royo-royo daksengguh penganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dododira
Mumpung gedhe rembulane
Mumpung jembar kalangane
Taksuraka surak hore
Gajah-gajah
Gajah-gajah kowe dakkandhani
Mata kaya laron siyung loro kuping gedhe
114
Kathik nganggo tlale buntut cilik
Tansah kopat kapit sikil kaya bumbung
Mung lakumu megal megol lakumu megal megol
Gambang Suling
Gambang suling kumandhang swaran
Thulat thulit kepenak unine
Unine mung nrenyuhake bareng lan kentrung
Sigrak kendhangane
Menthog-menthog
Menthog-menthog dakkandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Menthog menthog mung lakumu
Megal megol gawe guyu
Aku duwe pitik
J. Gamelan
Miturut wujude:
- Gamelan gedhe
- Gamelan cilik
Miturut swarane:
- Pelog
- Slendro
Perangane gamelan:
- Bonang
- demung
- gambang
- gender
115
- gong
- kempul
- kendhang Gambar Gamelan
- kenong
- kethuk
- peking
- rebab
- saron
- siter
- suwuk
- thimplung
116
Tembung Tumrap Gamelan
Jeneng Tegese
dhalang tukang nglakokake wayang
waranggana tukang nembang gendhing ing pagelaran wayang
niyaga tukang nabuh gamelan
gerong nabuh gamelan sinambi nembang
pathet jero cetheke utawa endhek dhuwure swara
adate: sore pathet 6
wilet
laras bengi pathet 9
bawa parak esuk pathet manyura
buka sambunge swara
buka celuk runtute swara gamelan
cakepan tembang kanggo bukane gendhing
cengkok wiwitane nembang
gendhing bukaning gendhing mung saperangan wae
gerongan tetembungan ing tembang
pelog eluk-elukan ing lelagon tembang
plangkan lelagoning gamelan
tetembangan bareng unine gamelan
larasing gamelan
jagrag sanggan kendhang
Jeneng Tegese
pluntur tali kanggo nyangga racikaning gamelan
rancakan jagrag sanggan boning, kethuk, kenong
sarancak saprangkat
senggakan unen-unen ing tengahing tembang
slendro larasing gamelan
suluk pathetan kidungan arep ganti pathet
suwuk leren, sirep tumrap gamelan
wirama kendho kencenging nabuh gamelan
117
Bab IV
AKSARA JAWA
A. Aksara Jawa
Aksara Jawa manut tembunge duwe teges:
: ana utusan (sesulih)
: padha sulayane (padudon)
: padha digdayane (sekti)
: padha dadi bathange (mati kabeh)
B. Aksara Jawa lan pasangan
C. Sandhangan
Jinise sandhangan ing aksara Jawa yaiku:
1. Sandhangan swara
Wulu (i) =
118
Tuladha:
sapi :
mlathi :
Taling (e) =
Tuladha:
sate :
gule :
Taling tarung (o) =
Tuladha:
Karo :
soto :
Wulu (u) =
Tuladha:
turu :
mlaku :
Pepet (e) =
Tuladha:
kebo :
pegel
119
Sandhangan e pepet kejaba aksara re karo
le gantine yaiku:
Pa cerek (re) =
Tuladha:
rega :
reged :
Nga lelet (le) =
Tuladha:
lenga :
lemes :
2. Sandhangan panyigeg
Layar (r) =
Tuladha:
pasar :
Sangar :
Wignyan (h) =
Tuladha:
sayah :
turah :
120
Cecak (ng) =
Tuladha:
Payung :
bingung :
Pangkon =
Tuladha:
pakan :
lebon :
D. Lafal Aksara Swara
Swara Pocapan Jejeg Pocapan Miring Pocapan Pepet
a apa, sapa, rana, padhang, sandhang,
mara, kanca, lunga, kacang, jajan, pilang,
lila, suda, bandha, kapang, tampah, kran-
mata, lara, netra, jang, ilang, lsp.
gawa, sida, lsp.
i iki, dina, siji, pitu, pring, garing, aking, ger-
ijo, dadi, keri, mili, ing, mampir, mancing,
biji, ganti, driji, pira, guling, piring, kucing,
lsp. lsp.
u udhu, kuru, luru, karung, jagung, sarung,
putu, kayu, maru, akur, alus, alum, lsp.
garu, sangu, tebu,
sungu, kudu, lemu,
lunyu, ungu, lsp.
121
Swara Pocapan Jejeg Pocapan Miring Pocapan Pepet
o jodho, karo, soto, kolor, mlompong, kene, sepet, sega,
loro, ijo, bojo,coro, kosong, bolong, kolor, kelas, keret, teles,
e ngaso, teko, lsp kebon, lsp. sembah, telas,
kene, sate, jare, oleh, ember, elek, nge- gelas, teges, lsp.
rese, sale, dhewe, mek,ceret, melu, akeh,
tempe, kere, rame, lsp.
sare, lsp.
E. Aksara Mandraswara =
Cakra (r)
Tuladha:
krambil :
pring :
Cakra keret (re) =
Tuladha:
kreteg :
krema :
Pengkal (y) =
Tuladha:
kyai :
tyas :
Cakra la =
klapa :
122
klambil :
Cakra wa =
Tuladha:
kwali :
kwaci :
F. Pada : koma, mandheg sedhela
pada lingsa
pada lungsi : ukarane wis rampung (titik)
pada pangkat : kanggo ngelet-eleti aksara
lan angka
pada adeg-adeg : kanggo wimiti ukara
pada guru : kanggo miwiti nulis layang
pada pancake : kanggo mungkasi layang
G. Aksara Swara
123
H. Aksara Murda
I. Aksara Rekan
124
J. Angka Jawa
125
Bab V
WAYANG
A. Satriya lan Kasatriyane
Satriya Kasatriyan
Raden Abimayu Plangkawati
Raden Anoman Kendhalisada
Raden Antareja Jangkar Bumi
Raden Arjuna (Janaka) Madukara
Raden Aswatama Sokalima
Raden Bimasena (Werkudara) Jodhipati (Mungguhpalwenang)
Raden Drestadyumna Pancalaradya
Raden Dursasana Banjar Jumput
Raden Gathutkaca Pringgodani
Raden Jayadrata Banakeling
Raden Kumbakarna Pangleburgangsa
Raden Indrajid Bikukungpura
Raden Lesmana Mandrakumara Saroja Binangun
Raden Leksmana Widagda Gondhang Lipura
Raden Nakula Sawojajar
Raden Sadewa Bumi Retawu (Gumbiratalun)
Raden Samba Parang Garudha
Raden Setyaki Swalabumi (Lesanpura)
Raden Sengkuni Plasajenar
Raden Irawan Yasarata
Raden Ontasena Sapta Baruna
Raden kartamarma Tirta Tinalang
Raden Setyaka Tambak Mas
Raden Udawa Widara Kandang
126
B. Pandhita lan Pertapane
Pandhita Pertapan
Begawan Abiyasa Wukir Rahtawu
Begawan Mintaraga Indrakila
Begawan Durna Sokalima
Bagawan Anoman Kendhalisada
Begawan Bisma Talkandha
Begawan Palasara Saptaarga
Begawan Subali Guwa Kiskendha
Begawan Jaladara Argasonya
Begawan Ciptaning Mintaraga
Begawan Gutama Sonyapringga
Begawan Sidikwacana Andongsumawi
Begawan Jimbawan Gadamadana
Begawan Seta Selaprawata
C. Ratu lan Negarane Negara
Maespati
Ratu Mandura
Prabu Arjunasasrabahu Mandura
Prabu Baladewa Arwangga
Prabu Basudewa Trajutresna
Prabu Basukarna/ Karna Alengka
Prabu Boma Narakasura Ayodyapala
Prabu Dasamuka Pancalarada
Prabu Dasaranta Ngastina
Prabu Drusada Dwarawati
Prabu Drestarasta Wirata
Parbu Kresna Hima Himantaka
Prabu Matswapati Ngastina
Prabu Niwatakawaca Ngastina
Prabu Pandhu Dewanata Pringgondani
Prabu Parikesit Ngamarta
Prabu Kala Tremboko Pringgondani
Prabu Puntadewa Pancawati
Prabu Gathutkaca
Prabu Ramawijaya
127
Ratu Negara
Prabu Salya Mandaraka
Prabu Sugriwa Guwa Kiskendha
Prabu Suyudana Ngastina
Prabu Abiyasa Ngastina
Prabu Danaraja Lokapala
Prabu Kanthong Bolong Sonyawibawa
Prabu Murdaningrat Himapura
Prabu Dewa Srani Nusa Kambana
Prabu Duryudana Ngastina
Prabu Janaka Manthili
Prabu Jungkung Mardeya Paranggumbarja
Prabu Palgunadi Paranggelung
Prabu Sentanumurti Ngastina
Prabu Sumali Alengka
Prabu Suteja Trajutresna
D. Pusaka, Gegaman, lan Aji-Aji
Pusaka, Gaman, Aji-Aji Kagungane
Aji candhra birawa Prabu Salya
Aji grayang Parbu Dhestarastra
Kembang wijaya kusuma Raden Gathutkaca
Caping basunanda Raden Gathutkaca
Kotang antakusuma Raden Gathutkaca
Cripu madukecerma Raden Gathutkaca
Aji narantaka Raden Gathutkaca
Aji pancasona Resi Seta
Prabu danaraja
Aji sepiangin Prabu Dasamuka
Buku jitabrasa Resi Subali
Cincin sotyaninggampal Raden Janaka
Keris pulanggeni Prabu Kresna
Panah ardhadhedhali Raden Janaka
Panah jungkat penatas Raden Janaka
Gong pancadomnya Raden Janaka
Raden Janaka
Raden Janaka
128
Pusaka, Gaman, Aji-Aji Kagungane
Sangkakala dewadata Raden Janaka
Panah pasopati Raden Janaka
Panah sarutama Raden Janaka
Panah bramasirah Raden Janaka
Cundha manik Bathari Wilutama
Gada inten Prabu Duryudana
Gada lukitasari Raden Werkudara
Gada rujakpala Raden Werkudara
Kuku pancanaka Raden Werkudara
Aji bandung bandawasa Raden Werkudara
Aji ungkal bener Raden Werkudara
Aji blabak pengantol-antol Raden Werkudara
Tirta rasa kundha Raden Werkudara
Gada wesi kuning Raden Setyaki
Jimat kalimasada Prabu Puntadewa
Kepel brajadenta Prabu Kresna
Keris kyai jalak Prabu Karna
Kyai pedhel Ki Lurah Petruk
Aji gineng Prabu Niwatakawanca
Nagapasa Raden Indrajit
Nenggala lan alugora Prabu Baladewa
Panah candrasa Prabu Dasamuka
Panah guwa wijaya Prabu Ramawijaya
Barga wastra Resi Ramaparasu
Rata jaladara Prabu Kresna
Sejata cakra Prabu Kresna
Kunta wijayandanu Prabu Karna
Wijaya capa Prabu Karna
Keris kyai muyeng Prabu Puntadewa
Agni prabata Bathara Brama
Upas Wisa Raden Antareja
E. Dewa lan Kahyangane
Dewa (Jawata) Kahyangan
Bathara Endra Endraloka (Kaendran)
129
Dewa (Jawata) Kahyangan
Bathara Bayu Argamaruta
Bathara Brama Argadahana
Bathara Kamajaya Cakrakembar
Bathara Ismaya Sonyaruri
Bathara Yama Yomaniloka
Bathara Baruna Telengsamodra
Bathara Wisnu Ariloka (Untarasegara)
Bathara Durga Setra Gandayamit
Bathara Hanantaboga Sapta Pretala
Sanghyang Bathara Guru Suralaya, Jonggringkaloka, Argadumila,
Salendrabawana, Tijomaya
Sanghyang Nagaraja Sumur Jalatundha
Sanghyang Tunggal Linggamaya
Sanghyang Wenang Ondar-andir Bawana
Alang-alang Kumitir
F. Jenenge Abdi Kinasih
Pandhawa : Punakawan (Semar, Gareng, Petruk,
Bagong)
Para putri : Cangik, Limbuk
Begawan Sidik Wacana : Cantrik Janaloka
Raja Sabrang : Togog, Bilung
130
G. Pandhawa
Begawan Palasara + Dewi Durgandini
Begawan Abiasa + Dewi Ambalika
Dewi Kunthi + Pandu Dewanata + Dewi Madrim
1. Puntadewa 4. Nakula
2. Werkudara 5. Sadewa
3 Janaka
Pandhawa Putra
Puntadewa Pancawala
Werkudara Gathutkaca, Antareja, Antasena
Janaka (Arjuna) Abimanyu, Irawan, wisanggeni
Wijanarko, Prabakusuma,
Nakula riyambada, Pregiwa, Pregiwati
Sadewa Pramusinta
Sabekti
131
H. Kurawa
Begawan Palasara + Dewi Durgandini
Begawan Abiasa + Dewi Ambalika
Dhestarasta + Dewi Gendari
Sata Kurawa (Kurawa)
Katrangan:
Kurawa cacahe 100 wadon mung 1 yaiku Dursilawati
I. Watake Wayang
Watake wayang miturut wangune:
- Dhingkluk : sabar, sareh, wicaksana
- Lancap : kendel, brangasan, siap siyaga
- Mrongos mendelik : galak, brangasan, ugal-ugalan,
gampang nesu
Watake wayang miturut jinise:
- Satriya : alus, sabar, luruh,
dhemen tetulung, wicaksana
132
- Buta : kasar, gumedhe, brangasan,
gampang nesu, ugal-ugalan
- Kethek : pencilakan, usil, seneng
ngrusuhi
Watake wayang miturut sunggingane:
- Putih, kuning, ireng : becik, suci
- Abang : kendel, brangasan
- Biru : jirih
J. Urut-urutane Crita Wayang
- Jejer
- Kedhaton
- Paseban jaba
- Bodholan (ampyak)
- Jejer sabrangan
- Perang gagal
- Gara-gara
- Perang kembang
- Perang brubuh
- Tancep kayon
K. Paraga ing Pewayangan
- Dhalang : sing nglakokake wayang
- Penyumping : sing mbiyantu dhalang
nyiapake wayang
- Niyaga : nabuh gamelan
- Waranggana : sing nyindhen
133
L. Tembung ing Pewayangan
- Ada-ada : kidunge dhalang arep
nyritakake wayang
- Antawacana : cengkoke swara wayang
- Bala tengen : prajurit kang sinandhing ing
kelir tengen
- Bala kiwa : prajurit kang sinandhing ing
kelir kiwa
- Blencong : lampu kanggo madhangi
wayang
- Bodholan : budhale wadyabala (ampyak)
- Cempala : kayu kanggo ndeleh kothak
- Gara-gara : metune punakawan
- Jejer : lagi rembugan
- Kecrek (kepyak) : blebekan wesi loro utawa telu
unine crek crek
- Kelir : lawon putih kanggo nampani
wewayangane wayang
- Perang brubuh : perang akeh pepati
- Perang gagal : perang wadyabala durung ana
pepati
- Perang kembang : perang nglawan satriya
- Sabetan : patrape dhalang nglakokake
wayang
- Suluk : ada-ada
- Talu : unine gamelan ngarepake jejer
pisanan
- Tancep kayon : tumancepe gunungan mungkasi
pagelaran wayang kulit
134
M. Jeneng Paraban Wayang
Jeneng Paraban
Abimanyu Angkawijaya, Partasuta, Palgunaputra
Anoman Anjaniputra, Mayangkara, Bayutanaya, Kapiwara,
Bambang Senggana, Wanaraseta, Ramandayapati
Arjuna Dananjaya, Indratanaya, Kariti, palguna, Pandhupu-
tra, Sang Parta, Pamade, Permadi, Janaka, Wrehat-
Baladewa nala
Dasamuka Balamara, Kakrasana, Kusumawalikitha
Durna Rahwana-raja
Duryudana Kumbayana
Gathutkaca Jaka Pitaya, Kurupati, Suyudana
Indrajit Bambang Tetuka, Bimaputra, Guritna, Purbaya,
Kresna Kacanegara, Arimbiatmaja
Sadewa Megananda
Nakula Harimurti, Narayana, Dewakiputra, Padmanaba
Puntadewa Tengsen
Semar Pinten
Werkudara Darmakusuma, Darmawangsa, Yudhistira, Dwija-
Bathara Guru kangka, Ajatasatru, Gunatalikrama
Ismaya, Badranaya, Nayantaka
Bratasena, Bayuputra, Jagalbilawa, Kusumayuda,
Bimasena, Wijayasena
Manikmaya, Girinata, Sangkara, Pramesthi, Hyang
Siwah
N. Lakon Wayang
Manuti jinise lakon wayang kabedakake dadi 8 pakem sing arep
dilakokake dening dhalang yaiku:
1. Lakon Raben utawa alap alapan
2. Lakon bab kedadeyan palakrama antarane para satriya
lan putri raja.
3. Lakon lair
Lakon kang nyaritakake bab laire jabang bayi
135
ing pewayangan.
4. Lakon kraman
Lakon kang nyaritakake paraga utama bab rebutan
panguwasa.
5. Lakon wahyu
Lakon kang nyaritakake lelakone paraga satriya
kang nampa wahyu utawa anugrah.
6. Lakon mistik
Lakon kang nyaritakake lelakone satriya kang
golek maknane panguripan utawa ngelmu luhur kang
ngemot filsafat urip.
7. Lakon tragedi
Lakon kang nyaritakake perang bharatayudha antarane
Pandhawa lan Kurawa. Ing lakon kasebut para
paraga murut ing kasidan jati siji baka siji.
8. Lakon ruwat
Lakon kang nyaritakake bab tolak balak utawa ruwatan
supaya kali sing rubeda kanggo sawenehing wong uga
masyarakat.
9. Lakon jumenengan
Lakon kang nyaritakake lelakone para satriya kang
dijumenengake dadi raja.
O. Astha Brata
Astha Brata yaiku Wahyu keprabon utawa watake pangarsa
kang njupuk tuladha saka watake 8 Dewa pan 8 unsur
alam.
136
1. Bathara Wisnu, watake Bumi
Nduweni watek sabar kang tanpa upama, senajan
dipacul, digaru, lan diluku, nanging malah ndadekake
subur lan nuwuhake sawernane tetanduran kang bisa
diundhuh. Menehi sakabehing oang dikandhut ing
sajroning bumi tanpa pilih kasih.
2. Bathara Bayu, watake Maruta (Angin)
Rumasuk marang sakabehing panggonan tanpa
pilih-pilih, ora perduli panggonan resik lan rehed,
sumrambah sakabehing panggonan kanthi warata,
murakabi kanggo uripe sakabehing makhluk.
3. Bathara Baruna, watake Samodra (Banyu)
Nduweni watek adil lan Legawa, ora duwe watak
menang dhewe. Sipat banyu senajan dipisahke bisa
pulih maneh. Uga menehi pangiripan, keslametan,
katentreman, lan bisa ngresiki barang kang reged.
Watake samodra nrima lan Legawa nampa samubarang
kang lumebu.
4. Bathara Ratih, watake Candra (Rembulan)
Sunare menehi pepadhang marang bumi saisine kanthi
rasa seneng lan tentrem, luwes, nuwuhake rada Tresna
asih.
5. Bathara Surya, watake Surya (Srengenge)
Bisa menehi pepadhang, menehi daya kanthi rata
137
marang bumi lan sakabehing makhluk tanpa pilih kasih.
6. Bathara Indra, watake Akasa (Langit)
Menehi pengayoman marang sakabehing makhluk
tanpa pilih kasih, adil mbagi mangsa.
7. Bathara Brahma, watake Dahana (Geni)
Nduweni watek nglebur, mbrastha Angkara, mbengkas
karya, mrantasi gawe, prakara cilik, prakara Gedhe,
Alus lan kasar bisa mentas amarga dayaning Geni.
8. Bathara Ismaya, watake Kartika (Lintang)
Watake tata, lan tertib uga tangguh ora gampang kena
pengaruh sapa Bae, bisa menehi panglipur kang Agi
rekasa, menehi Panuntun marang kang lagi bingung.
P. Punakawan
1. Semar
Dasanama : Sang Hyang Ismaya, Baranaya.
Padhukuhan : Karang Kadhempel
Rama : Sang Hyang Tunggal
Ibu : Dewi Rekathawati
Watak : sabar, tansah paring sesuluh
bab falsafah urip
Kadigdayan : sekti
Aji : entut
Tembung Semar asalae saka tembung haseming
138
samar-samar kang tegese Sang Panuntun. Dewa kang
manunggal lan asipat kaya manungsa lumrah. Guru
kang mbabarake sejatining urip.
2. Gareng
Dasanama : Pancalpamor, Pegatwaja,
Cakrawangsa,
Pandhu Pragolamanik,
Bambang Jati Pitutur.
Padhukuhan : Karang Pacukilan
Watak : prasaja, temen, seneng guyon
Aji : Aji pengasihan
Gaman : arit
Nala Gareng wong kang ora pinter ngomong, nanging
lucu lan seneng gawe guyu.
3. Petruk
Dasanama : Kyai Supatra, Kanthong Bolong,
Surajenggala, Kebodebleng,
Dublajaya
Nama Emen : Bambang Pitutur Jati
Watak : jujur, tansah mbela ing bener,
setya tuhu dhateng bendara
Gaman : pethel, alu
Petruk pinter omong lan lucu.
4. Bagong : Bawor, Cepot, Carub,
Dasanama
139
Astrajingga, Antolgati,
Pojok Kethokol
Padhukuhan : Karang Kacepotan
Watak : nakal, lucu, lugu, seneng guyon,
kaya bocah cilik
Gaman : alu
Bagong Kuwi anak ragile Semar, nduweni watek
lancang lan seneng mbodho.
Q. Gambar Wayang
140