The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Alfiyah Indarwati, 2021-11-08 15:43:57

SINAU BASA JAWA

SINAU BASA JAWA

Watak Teges
enem Rasa, winaya [mangsa kanem], sad, anggang-anggang
[serangga] tawon, retu, awor , kumpul, unggas, sato
pitu iber-iberan, kayu, wit, wreksa, oyag, obah, krungu, gling-
gang,[rosa, kuwat], pangrasa, kayu [kayu taun], wreksa
wolu [kayu kang tinegor], prabatang [kayu kang rubuh gumuling
sanga malang dalan] kilat, thathit, bledheg, pedhes, kecut, pait.
gurih, asin, manis.
Nol Rasa, winaya [mangsa kanem], sad, anggang-anggang
(dasa) [serangga] tawon, retu, awor , kumpul, unggas, sato
iber-iberan, kayu, wit, wreksa, oyag, obah, krungu, gling-
gang,[rosa, kuwat], pangrasa, kayu [kayu taun], wreksa
[kayu kang tinegor], prabatang [kayu kang rubuh gumuling
malang dalan] kilat, thathit, bledheg, pedhes, kecut, pait.
gurih, asin, manis.
Ula, naga, salira, manyawak, basu, tekèk, araning mangsa,
tanu, bunglon, murti, cecak, pakunjaran, kandhang gajah,
liman, hesti, wantilan, dipangga, bujangga [ula lanang]
brahmanastha, dwipara [gajah kang binekta ring pacang-
kraman, manggala [gajah prang], liman [gajah midhang]
ratu, katong, adipati.
Trustha, bolonganing bedhil, lèng, muka, rai gapura,
lawang wiwara seketheng, dwara [lenging panti], nandha,
kodhok, guwa [lèng patapan], wilasita [lèng kombang],
samun, samar, aling-aling, lodra [aluraning banyu], gatra
[lènging gangsir], elèng [lènging semut], rong [lèng ula],
song [lènging landhak]trusan [lawanging wonmg], bubutu-
lan [angka wilangan], babahan [lèng maling], hawa sanga
[lènging bolongan manungsa]
Boma, suket, mati, sunya, sepi, gagana, langit, mendhung,
barakan tan katon ing warni, adoh, ana nanging tankaton,
windu, tumbuk taun, wiyat kalimput mendhung ngemu
troh, widik-widik, katon gya ilang, kabeh kang sarwa ora
ana, walang mesat, nggusah

41

L. Rurabasa

Rurabasa yaiku basa kang ajeg dienggo sanadyan salah kaprah

Tuladha:

Tembung Tegese
adang sega adang beras supaya dadi sega
jaga gerdhu jaga keamanan
mangan awan mangan wayah awan
bathik jarik bathik mori supaya dadi jarit
buntel tempe buntel dhele
menek klapa menek wit klapa
mikul soto mikul kwali isi soto
dhudhuk sumur dhudhuk lemah kanggo gawe sumur
jahit klambi jahit bahan digawe klambi
negor gedhang negor wit gedhang
netel jadah netel ketan kanggo gawe jadah
ngekum landa ngekum awu merang digawe landa
ngenam klasa ngenam mendhong digawe klasa
nggodhok wedang nggodhok banyu digawe wedang
nulis layang nulis ing dluwang digawe layang
nunggu manuk nglinting klobot karo mbako

M. Pepindhan

Pepindhan yaiku unen-unen kang ngemu teges irih-irihan
utawa memper, meh padha
Tuladha:
• Abang kumpul abang kaya alas kobong (habra markata)
• Abange kaya godhong katirah
• Agunge kaya samudra rob
• Akeh pepati kaya babadan pancing
• Akeh pepati kaya sulung mlebu geni
• Akeh lelara kaya kena pageblug

42

• Ali-aline gunung sapikul
• Aluse kaya sutra
• Antenge kaya penganten ditemokake
• Ayune kaya bethari Ratih
• Baguse kaya bathara Kamajaya
• Bantere kaya angina
• Bebedane kaya kadhal menek
• Bedane kaya bumi karo langit
• Bejane kaya nemu mas segenthong
• Bejane kaya nemu cepaka sewakul
• Bungahe kaya ketiban daru
• Cahyane binger kaya lintang johar
• Cahyane nglentrih kaya rembulan krainan
• Cep klakep kaya orong-orong kepidak
• Cumlorot kaya lintang alihan
• Dalane bathok mengkurep
• Dawane barisan kaya sela blekithi
• Dedege ngringin sungsang
• Gagah prokasa kaya Raden Werkudara
• Galake kaya asu manak
• Gelungane ngadhal manak
• Gelise kaya banyu sinaring
• Gereng-gereng kaya singa antuk bayangan
• Ireng-kumpul ireng kaya gagak areraton
• Janggute pindha tawon gumantung
• Jogede kaya merak kasimpir
• Jogede mucang kanginan
• Kagete kaya tinumbruk ing sima lepat
• Kaku kaya kena kanggo pikulan
• Kekejere kaya manuk branjangan
• Kenese kaya dewi Wara Srikandhi

43

• Kesite kaya kadhal
• Kepengine kaya nyidham cempaluk
• Klular-klulur kaya tuma kathok
• Kopat-kapit kaya buntut ula tapak-angin
• Kuninge kaya emas sinangling
• Kuning kumpul padha kuning kaya podhang pepasihan
• Lakune nlusup-nlusup pindha ayam alas
• Landhepe pitung penyukur
• Lelewange milangoni
• Lir sato munggwing rimbahan
• Luruhe kaya dewi Wara Sembadra
• Mendhak-mendhak kaya sato memeti
• Mider-mider kaya undar
• Miling-miling kaya jangkung
• Mlakune mundur kaya mungkur gangsir
• Mlakune mencolot kaya kodhok
• Nangise ndenginging kaya rase
• Nangise ngorong-ngorong
• Nuturi wong pinter presasat ngajari bebek nglangi
• Nyingeti kaya dhemit
• Olehe kabegjan kaya nemu emas sagenthong
• Omahe awangun glathik mungup
• Omahe awangun gedhang selirang
• Omahe awangun klabang nyander
• Pandhange kaya rina (rahina)
• Padha pleg pindha jambe sinigar
• Panase kaya mecah-mecahna sirah
• Penggalihe padha-pindha suruh lumah lan kurepe, yen dinulu

seje rupane, yen ginigit padha rasane
• Parine gumadhung
• Parine ngemping

44

• Parine nedheng gumadhung
• Petenge ndumuk irung
• Pintere kaya bisa njara langit
• Pintere kaya bisa nyancang langit
• Pipane rokok menyu
• Pipine kaya tomat mateng
• Polahe kaya ganah den-interi
• Polahe kaya kuthuk kelangan babon
• Polahe ngaru napung
• Polatane mbrayak kaya Raden kakrasana / Samba
• Putih kumpul padha putih kaya kuntul neba
• Putih memplak kaya kapuk diwusoni
• Rakete kaya sedulur sinarawedi
• Ramene kaya prahara nempuh wukir
• Ramene kaya pasar temawon
• Ramene surak ambata rubuh
• Rikate kaya angina
• Rukune kaya mimi lan mintuna
• Ruruhe (wong lanang) kaya raden Janaka
• Ruruhe (wong wadon) kaya dewi Wara Sembadra
• Rupane kembar pindha jambe sinigar
• Salake wedhi (masir)
• Sambate kaya granting
• Sambate ngaru napung
• Senenge kaya bubuk oleh leng
• Sentosa banget kaya janget kinatelon
• Sowane mendhak-mendhak kaya sato manggih krama
• Sowane repepeh-repepeh kaya sato matarangan
• Suguhane mbanyu mili
• Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen
• Sumbare kaya wani ndilat wesi abang (mengangah)

45

• Suweke nyangkem kodhok
• Swarane kaya ngelap ing mangsa kapat
• Swarane kaya gludhug mangsa kesanga
• Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi (jagad)
• Tandange cukat kadya kilat, kesit kadya thathit
• Tandange cepet kaya sikatan nyambar walang
• Tandange mberug kaya bantheng ketaton
• Tandange giras kaya jangkrik mambu kili
• Tandange kekejer kaya manuk branjangan
• Tandange kopat-kapit kaya ula tapak angina
• Tapa ngalong; ngidang; nyanthoka
• Tekade kaya geni lan uruhe
• Tekade kaya madu lan manise
• Tekade kaya kembang lan sarine
• Tepunge kalis (olehe sesambungan) kaya banyu karo lenga
• Thingak-thinguk kaya kethek ditulup
• Tindake nlusup ngyam alas
• Tulisane awangun ketumbar (aksara jawa)
• Tulisane mbata sarimbang (aksara jawa)
• Tulisane ngeri / kaya eri (aksara jawa)
• Ulese ngembang asem (kucing)
• Ulese ngembang duren (jaran)
• Untabe kaya samodra rob
• Utange nyundhul empyak
• Utange turut usuk
• Utange turut wulu
• Wangsulane saur manuk
• Wangune omah kaya dara gepak
• Wiragane nenangi branta
• Wrangkane gayaman

46

N. Neptu Dina lan Pasaran

Dina Neptu Pasaran Neptu
5
Minggu : Dite 5 Paing : Jenar 9
Senen : Soma 4 Pon : Palguna 7
Selasa : Anggara 3 Wage : Cemengan 4
Rebo : Buda 7 Kliwon : Kasih 8
Kemis : Respati 8 Legi : Manis
Jumat : Sukra 6
setu : Tumpak 9

O. Neptu Wulan lanTaun

Wulan Neptu Taun Neptu
Alip 1
Sura 7 Ehe 5
Sapar 2 Jimawal 3
Mulud 3 Je 7
Bakda Mulud 5 Dal 4
Jumadilawal 6 Be 2
Jumadilakir 1 Wawu 6
Rajap 2 Jimakhir 3
Ruwah 4
Pasa 5 Krama
Sawal 7 selikur
Kaidah 1 kalihlikur
Besar 3 tigalikur

P. Milang Angka

Ngoko Krama Ngoko
selikur
siji setunggal rolikur
loro kalih telulikur
telu tiga

47

Ngoko Krama Ngoko Krama
papat sekawan patlikur sekawanlikur
lima gangsal selawe selangkung
enem enem nemlikur nemlikur
pitu pitu telungpuluh tigangdasa
wolu wolu telungpuluh siji tigangdasa setunggal
sanga sanga patangpuluh sekawandasa
sepuluh sedasa patangpuluh nem sekawandasa nem
sewelas sewelas seket seket
rolas kalihwelas seket lima seket gangsal
telulas tigawelas seket sanga seket sanga
patbelas sekawanwelas suwidak suwidak
limalas gangsalwelas pitungpuluh pitungdasa
nembelas nembelas wolungpuluh wolungdasa
pitulas pitulas sangangpuluh sangangdasa
wolulas wolulas satus satus
sangalas sangalas rongatus kalihatus
rongpuluh kalihdasa sewu sewu

Q. Jeneng Pagaweyan

Pagaweyan Jeneng

ajudan pengawal pejabat/ presidhen
algojo tukang midana wong tumindak ala
apoteker ahli ngracik obat ing apotik
arsitek ahli ngrancang bangunan
bajak(laut) rampok, begal, durjana ing segara
bakul dodolan barang srana cilik-cilikan
batur ngrewangi pakaryan
begal rampok, durjana ing tengah dalan
blandhong tukang negor wit/ kayu gedhe
blantik bakul kewan, rajakaya
buruh nyambut gawe golek upah
cantrik abdi ngiras siswa brahmana/ pandhita

48

Pagaweyan Jeneng
carik juru tulis ing klurahan
dhalang tukang nglakokane/ nyritakake wayang
dhokter nambani wong lara
emban momong ing kraton
empu gawe gaman (keris, tombak)
gamel ngopeni jaran
gandhek nglantarake dhawuhe ratu, utusan ratu
gemblak gawe barang saka kuningan
greji njait sandhangan
grema, tuwaburu golek kewan ing alas
guru mulang muruk murid
jagal mbeleh rajakaya
jlagra gawe barang saka watu, ditatah
juragan sudagar, sing nguwasani pakaryan
juru basa ahli medharake basa liya, manca
juru dang tukang adang
juru kunci ngrawat lan jaga pasareyan
juru nujum tukang ngramal
juru mudhi nglakokake kapal ing segara
jurut ambang nglakokake prau nyabrang kali
juru satang nyatangi prau (cilik lan rakit)
juru silem tukang nyilem ing segara
juru terbang nglakokake motor mabur (pilot)
juru sungging tukang nglukis, nggambar
juru turis nulis utawa ngetik ing kantor
juru miyasa mina golek iwak (nelayan)
juru wicara makili omong
kemasan gawe barang saka mas lan inten
koki masak (olah-olah ing restoran)
kondhektur narik karcis bis utawa sepur
kundhi gawe barang saka mas utawa inten
kusir nglakokake dhokar utawa kreta
kyai ahli agama Islam; sebutane pusaka

49

Pagaweyan Jeneng
madhaharan tukang olah-olah
maklar nglantarake dol tinuku
malang polisi desa
mandhor ngawasi pakaryan tukang lan kuli
masinis nglakokake sepur
merbot punggawa masjid
molang bakul rajakaya, blantik
montir ndandani mesin
mranggi gawe wrangka gaman
niyaga nabuh gamelan, panjak
pakatik nuntun jaran
palara-lara para nyai cilik, isih nom
palayangan ngeterake laying (pak pos)
pandhe gawe barang saka wesi
panegar ngajari jaran kanggo balapan
panjak ngladeni pandhe, niyaga
pangobeng buruh mbathik utawa ngobeng
para bakul mas inten
parekam para nyai ing kraton/ sing ketengan
pasindhen nembang bareng gamelan,
pawongan waranggana
pecalang dadi batur utawa wadon
prajurit parjurit sandi sing ngulatake
pramugari musuh (mata-mata)
pramuwisma labuh nagara
pujangga ngladeni ing montor mabur
sarawedi ngrewangi gaweyan ing omah
sayang ahli sastra, ngarang buku
sekater adol nggosok intern berliyan
sinoman gawe barang saka tembaga
srati taksir rega ing pegadaian
nom-noman sing gaweyane laden
50 ngrumat gajah

Pagaweyan Jeneng
sudhagar dagang ukuran gedhe
sopir nglakokake montor utawa mobil
tandhak/ tladhek tukang njoget
tuwa buru tukang golek kewan
undhagi/ kriya gawe bekakas saka kayu
waranggana pesindhen
wiraswara tukang gerong
wirapitaswara tukang nyetel tape recorder

R. Jeneng Godhong

Godhong Jeneng Godhong Jeneng
kluwih kleyang
aren dliring klapa nom janur
asem sinom klapa tuwa blarak
cocor bebek tiba urip lempuyang lirih
dhadhap tawa lombok sabrang
gedhang nom pupus mlinjo eso
gedhang tuwa ujungan pari damen
gedhang garing klaras pring elarmanyura
gebang kajang randhu baladewa
jambe pracat, dhedhel siwalan lontar
jarak bledheg tales lumbu
jarak kebo lomah-lameh tebu teles momol
jati jompong tebu garing rapak
kacang brol rendeng tela jlegor
kacang lanjaran lembayung turi pethuk
kates gampleng waluh lomah-lameh
kecipir cethethet widara putih trawes
kelor limaran (sewu) wuni mojar
kemladheyan kumuda

S. Jenenge Kembang

Kembang Arane Kembang Arane

aren dangu kemlandhingan jedhidhing

51

Kembang Arane Kembang Arane
blimbing maya kencur sedhet
bestru (blutru) montro tales, kimpul pancal
cengkeh polong kluwih onthel
cubung torong kopi blanggreng
dhadhap celung krambil manggar
duren dlongop krokot naknik
ganyong puspanyidra lamtara jedhidhing
garut grameng lombok menik
gebang krandhil mlinjo/so uceng (kroto)
gedhang ontong, tuntut nangka angkup
gembili seneng nipah dongong
jagung sinuwun (jeprak) pandhan pudhak
jambe mayang pace nyrewetah
jambu karuk pete pendul
jarak juwis pohung, tela ingklik
jati janggleng pring krosak
jengkol kecuwis randhu karuk
kacang besengut (bundhel) salak ketheker
kanthil gadhing suruh drenges
kapas kadi tales (kimpul) pancal
kara kepek tebu glagah
kecipir cethethet timun montro
kelor limaran widara putih rejasa

T. Jenenge Pentil

Pentil Arane Pentil Arane
manggis blibar
asem cempaluk nangka babl, gori
jagung janten pelem pencil
jembe bleber randhu plencing
jambu karuk semangka plonco
kacang besengut so / mlinjo kroto
krambil blubuk, cengkir timun serit
manggis degan

52

U. Jenenge Wit

Woh Arane Woh Arane
mlinjo so, bego
aren ruyung pari damen
gedhang debog bodin (pohong) bonggol
jagung tebon pring nom bung
jambe pucang pring tuwa bungkilan
kacang rending siwalan tal, bogor
kapuk randhu tela lung
klapa glugu

V. Jeneng Woh

Woh Arane Woh Arane
kesambi kecacil
aren kolang-kaling kluwak pocung
bengkowang besusu pandhan eri pandhaga
cengkeh polong so mlinjo
gebang krandhing tal siwalan
gembili katak turi klenthang
jati janggleng uwi katak
kanthil gandhek widara putih anyang
kelor klenthang

W. Jeneng Isi Arane Isi Arane
klungsu kesambi kecacil
Isi botor mlinjo klathak
asem pongge nangka beton
cipir jebug pelem pelok
duren wuku randhu klentheng
jambe trempos salak kenthos
kapas pocung sawo kecik
kates bethem semangka kuwaci
kluwak
kluwih

X. Jeneng Tali Arane
tali ing weteng jaran
Tali
amben

53

Tali Arane
apus buntut, apus gulu tali prabote abah-abah jaran
dhadhung tali kanggo nyancang sapi
dhandhan tali kanggo nggeret glondhongan
elis (lis) tali kendhali jaran
goci tali layangan
godhi tali gombal
jala-jala tali mbendneg kelir wayang
janget, ulap-ulap tali mblebet pethel
jejet taline plipitan
karset taline arloji
keluh tali ing irung sapi
kenur tali pancing
klamar tali lawang bekungkung
klanthe taling caping
koloran, usus-usus tali kathok
pluntur tali kanggo nggantung gong
rante gelangan wesi direnteng; rante sepur,
rante asu, lsp.
salang tali pikulan
sawed tali pasangan sapi
sendheng tali gandhewa utawa langkap
setagen, sabuk, setut tali weteng wong
suh tali sapu
tutus irat-iratan pring utawa penjalin kanggo tali
ulur benang kanggo ngulukake layangan
upat-upat tali pecut
uwed tali kanggo ngibengke gangsingan

Y. Jeneng Pala Arane
woh-wohan sing gumantung ing wit sing umure
Pala cendhak (kates, gedhang, lsp.)
pala gumantung woh-wohan sing kependhem ing lemah (tela,
pohung, gembili, tales, uwi, lsp.)
pala kependhem

54

Pala Arane
pala kesimpar woh-wohan sing wite rumambat (timun, krai,
pala kitri / kirna waluh, besusu, semangka, lsp.)
tetanduran ing pekarangan kang umure dawa
palawija (jeruk, nangka, pelem, duren, klapa, lsp.)
tetanduran kang tinandur ing tegal/sawah sali-
yane pari (jagung, kacang, kedhele, lsp.)

Z. Jeneng Anak Wong Arane
anak 1 – lanang
Jeneng anak anak 1 – wadon
ontang-anting anak 2 – lanang kabeh
unting-unting anak 2 – wadon kabeh
uger-uger lawang anak 3 – lanang kabeh
kembang sepasang anak 3 – wadon kabeh
cukit dulit anak 4 – lanang kabeh
gotong mayit anak 4 – wadon kabeh
saramba anak 5 – lanang kabeh
sarimpi anak 5 – wadon kabeh
pandhawa anak 2 – wadon, lanang
pancagati anak 2 – lanang, wadon
kedhini-kedhana anak 3 – wadon, lanang, wadon
kedhana-kedhini anak 3 – lanang, wadon, lanang
pancuran kaapit sendhang anak 4 – lanang, wadon
sendhang kaapit pancuran anak 5 – lanang, wadon
keblat papat anak 5 – lanang siji
sepasar anak 5 – wadone siji
ipil-ipil (pipilan) anak 6 – wadone siji
padangan anak 2 – lanang wadon, lair bareng
pandhawa nyandhangi waruju anak luwih saka 1 – lanang wadon,
kembar dhampit lanang kabeh utawa wadon kabeh – sing
kembar laire bareng

55

Jeneng anak Arane
grandhel anak lanang pirang-pirang sing waruju
gendhong wadon / suwalike
pathok anak pirang-pirang sing tengah wadon
sumanak anak wadon pirang-pirang sing tengah
gilir kacang lanang
lompat kidang anak pirang-pirang sing lanang luwih
anggana akeh
pembarep anak pirang-pirang giliran lanang wadon
panggulu anak pirang-pirang ora giliran lanang
pandhadha wadon
sumendhi anak pirang-pirang sing urip kari siji
wuragil, waruju anak sing nomer 1
panenggak anak sing nomer 2
panengah anak sing nomer 3
julung caplok kakange wuragil
julung kembang anak sing keri dhewe
julung sarap / surup anak lima, sing nomer loro
julung sungsang anak lima, sing nomer telu
jempina bocah laire mbarengi surupe srengenge
margana bocah laire mbarengi pletheke srengenge
wahana bocah laire ngarepake surup srengenge
wuyungan bocah laire wayah bedhug awan
konduran bocah lair durung wayahe
thok-thing bocah laire pinuju ibune lelungan
sumala bocah laire pinuju ibune ing pasamuwan
sungsang bocah laire pinuju ibune ing madya
kalung usus perang (geger)
yatim bocah lair, nanging ibune seda/mati
lola (yatim piatu) bocah laire sing sirahe cilik
lola bapak / biyung bocah cacad wiwit lair
bocah lair sikile dhisik
bocah lair, taline puser nggubet gulu
bocah laire ora menangi bapake
bocah sing wis ora duwe bapak lan ibu
bocah sing wis ora duwe bapak/ibu

56

AA. Prenahe Sedulur

Jeneng Sedulur Arane

sadulur sadulur tunggal bapak-ibu
misanan sadulur tunggal embah buyut
nak-ndulur sadulur tunggal embah
midhoan sadulur tunggal embah canggah
keponakan anake sedulur tuwa / sedulur enom
putu anake anak
putu keponakan anake keponakan
paklik (paman) adhike lanang bapak / ibu
bulik (bibi) adhike wadon bapak / ibu
pakdhe/pakpuh/uwa kangmase bapak / ibu
budhe/bupuh/uwa mbakyune bapak / ibu
besan wong tuwane (bapak ibune) mantu
maratuwa wong tuwane (bapak ibune) bojo
anak mantu bojone anak
putu mantu bojone putu
sadulur ipe sedulure bojo
pripean ipene sedulur
bapak kuwalon bapak sambungan (dudu bapake dhewe)
ibu kuwalon ibu sambungan (dudu bapake dhewe)
anak kuwalon anak gawane bojo
sadulur kuwalon sedulur seje bapak tunggal ibu / seje ibu
tunggal susu tunggal bapak
bapak/ibu angkat sedulur tunggal ibu seje bapak
anak angkat wong liya (lanang/wadon) sing ngakoni anak
tunggal banyu bocah liya sing diakoni anak
tunggal welat sedulur tunggal guru
sedulur tunggal bapak ibu

BB. Jeneng Panggonan

Jeneng Panggonan Papan kanggo

alas papan wit-witan, thethukulan
alun-alun plataran amba ing tengah kutha
babadan papan wis dibabadi
balapan adu balap

57

Jeneng Panggonan Papan kanggo
balemangu ngadhili wong luput
bango dodolan
bangsal pasamuan
besalen mandha
beteng tembok kandel lan dhuwur kanggo nahan musuh
bong kuburan cina
botekan wadhah bumbu, jamu
bubat adu samubarang
cakruk jaga kampong
clunthang wadhah jangkrik
endhong wadhah panah
epuk wadhah kinang
esong growongan pinggire kali, papan landhak
gadhen kanggo nggadhekake barang
gayor nyanthelake gong
gedhogan kandhang jaran
gedhong omag gedhe kanggo pasamuan
gerdu kanggo jaga
glodhogan kanggo omah tawon
gowok growongan ing wit, kanggo nyusuh manuk
greja kanggo ibadah wong Kristen
grobog kanggo nyimpen barang
gubug omah cilik ing sawah
gudhang kanggo nyimpen barang
gupit mandragini kanggo sare raja, ratu
hotel omah sewan penginepan
iyan wadha kanggo ngeler sega
jodhang grobok sing dipikul wadhah panganan
jumbaleng kakus
jun wadhah banyu
kedhaton, kraton omah ratu, raja
kandhang omah kanggo ngingu kewan
kanthong sak klambi
kanthongan, tas wadhah barang
klentheng papan sembahyang cina
klenthing wadhah banyu

58

Jeneng Panggonan Papan kanggo
kombong kandhang bebek, pitik
koper wadhah klambi lelungan
krangkeng kandhang kewan galak
kranjang wadhah saka pring
kuburan kanggo ngubur wong mati
kuncung omah cilik ngarep pendhapa
kurungan kanggo ngingu manuk
langgar pasalatan wong islam
lemari nyimpen sandhangan
leng omah semut, gangsir lsp
loji omah tinggalan landa
lumbung nyimpen pari
masjid pasalatan wong Islam
pacrabakan papan Wiku
padaringan wadhah kanggo nyimpan beras
padasan papan kanggo wudhu
padhepokan papan pamulangan, pertapan
paestren sawah pinggir kali
paga kanggo nyimpen bekakas pawon
pagagan sawah tegalan pari gaga
pagupon omah dara
paidon papan kanggo idu
pakunjaran papan kanggo ngukum wong luput
pamulangan papan kanggo mulang
panepan kanggo semedi
pantisari/ beji omah cilik tengah taman
papon wadhah njet
pasanggrahan papan palereman., mesanggarah
pasar kanggo dodolan
pasetran kanggo buwang bangke
pateman tanduran kembang
patapan kanggo tapa
pawon kanggo olah-olah
payudan kanggo adu perang
pekarangan sakiwatengene utawa buri omah
pelabuhan kanggo mandheg prau
plataran lemah ngarep omah

59

Jeneng Panggonan Papan kanggo
pendhapa perangan omah sisih ngarep
pesantren kanggo mulang santri
pesisir pinggir segara
petarangan kanggo ngendhok babon
pinihan lemah kanggo dhedher winih
plangkan kanggo wadhah payung
plangkan wengku kanggo masang gambar
plegungan kanggo leren sapi
ploncon kanggo tumbak teken
pluwang luweng kanggo masang kewan
pomahan pekarang didegi omah
pondhok omah kanggo mondhok santri
pranggen kanggo wadhah bumbu
pranji, kranji wadhah pitik
pranggon gubug tengah alas
rong leng omah tikus
sanatorium kanggo nambani wong TBC
sanggar kanggo latihan semedi
sawah kanggo nandur pari
segaran teteron segara kanggo ngingu iwak
sekolahan papan kanggo golek ngelmu
selon wadhah bumbu
senthong kanggo turu
stasiun mandhege sepur
stren sawah pinggir kali
slepen kanggo wadhah rokok tingwe
sundhung grumbul omah celeng
susuh omah manuk
tala omah tawon
talon papan ing pegunungan
tambak papan ngingu iwak
tangki wadhah lenga
tangsi papan tentara
tas wadhah buku
tegalan lemah ditanduri palawija
tobong kanggo ngobong gendheng, bata
tulang kothak cilik kanggo adu jangkrik

60

Jeneng Panggonan Papan kanggo
wadhuk blumbang gedhe gaweyan manungsa
warung kanggo dodolan
wiraha kanggo sembahyang Budha
wrangka wadhah keris

CC. Jeneng Anak Kewan

Kewan Arane Kewan Arane
kodhok precil
ampal embug kombang engkuk
angrang kroto konang endrak
asu kirik kremi racek
ayam (pitik) kutuk kucing cemeng
babi gemblug kul/keyong krikik
bandeng nener kupu uler
bantheng wareng kura laos
banyak blengur kutuk kotesan/koncelan
baya rete kwangwung gendhot
bebek meri aler set/singgat
bethik menter lamuk jenthik
blanak sendha lawa kampret
brati tongki lele jabrisan
budheng kowe lemut uget-uget
bulus ketul lintah pacet
cacing lur lisang beles
cecak sawiyah lodan jengkelong
celeng genjik lutung kenyung
coro mendhet luwak kuwuk
dara piyik luwing gonggo
dhorang tamper macan gogor
emprit indhil manuk piyik
gagak engkak menjangan kompreng
gajah bledug menthok minthi
gangsir clondho merak uncung
garangan rase nyambik slira
garengpung drungkuk pe genyong
gemak drigul

61

Kewan Arane Kewan Arane
glathik cecrekan pleting jaringan
gundhik laron/rayap sapi pedhet
iwak beyong sembilang lenger
jangkrik gendholo singa dibal
jaran belo tambra bokol
kadhal tobil tawon gana
kakap caplek tekek celolo
kalajengking ketupa tikus cindhil
kancil kenthi tongkol cengkik
kebo gudel tuma kor
kecapung jenthit ula kisi/ucet
kemangga ceriwi urang grago
kepik mreki wader sriwet
kidang kompreng wagal jendhil
kimar kedah walang dhogol
kinjeng senggutru warak plencing
kinjeng dom undur-undur wedhus cempe
kintel kenthus welut udhet
kethek munyuk/ken- yuyu beyes
yung

DD. Watak Manungsa

Watak Tegese

adigang ngendel-endelake kekuwatan
adigung ngendel-endelake kaluhuran
adiguna ngendel-endelake kapinteran
ambekdarma seneng tetutung/ welasan
ambekpati ora wedi mati
ambeksiya seneng nganiaya liyan
ambeksura/ ambekwani kendel banget
alim anteng
amem ora akeh guneme
andhap asor ora gumedhe, ora umuk

62

Watak Tegese
bandel ora ciwek, ora gembeng, ora nangisan
bares ora goroh, lugu
bencirih gampang kena lelara
berbudi seneng weweh, loma
blater pinter srawung
blubud nekad, ora duwe isin
brangasan gampang nesu, gampang muring
brekunung nggugu karepe dhewe
candhala ala pakartine, kelakuwane
cethil pelit, jedhis, wegah weweh
climut seneng colong jupuk
clingus isinan, ora kendel srawung
cluthak mangas, seneng mangan apa wae
cubluk bodho, ora pinter
cugetan mutungan, ora sabar
culika licik, dhemen ngapusi
(n)dablek/ tambeng nggugu karepe dhewe
dahwen seneng nacad
daksiya sawenang-wenang, seneng milara liyan
delap seneng jaluk
drengki meri begjane liyan
dhendheng nggugu karepe dhewe
dhugal ora duwe sopan santun
gathekan pinter yen diwenehi pangerten
geleman manutan
gembeng, ciwek gampang nangis
gemi ngirit
getapan kagetan, gampang brangasan
nggragas, mangas apa wae dipangan
jail seneng gawe piala liyan
jirih/ jidhen wedi
julig licik, seneng tumindak ala
kemproh ora resikan

63

Watak Tegese
kendel wani
kesed ora seneng nyambut gawe
kethul ora pinter
loma seneng weweh
lonjo guneme sawiyah-wiyah
lugu prasaja
melikan penginan
mentalan tegelan
meren gampang meri
mopo ora gelem nglakoni pesimis
murka srakah, kudu akeh
muthakil sugih akal nggo kepentingane dhewe
ngebreh boros
panasten seneng manasi atine liyan
parawadulan seneng wadul/ tumbak cucukan
prasaja lugu
sabar ora gampang nesu
saen ora isinan
satiti sarwa ngati-ati
slingkuh ora beres
srakah kudu akeh
srei kudu menang
sumanak grapyak
sumelangan gampang kuwatir
sumongah gampang umuk
taberi sregep, tlaten
tekad kuwat nahan rekasa
tegelan ora mesakake liyan
temen ora seneg goroh
tumbak cucukan wadulan
ugal-ugalan kurang ajar
ugungan tansah dituruti panjaluke
umpakan seneng dialem

64

Watak Tegese
wangkot ora manutan
wasis pinter
wekel sregep nyambut gawe

EE. Tata Cara ing Kantin Sekolah

Tata krama utawa unggah- ungguh kuwi kudu ditrapake ing
sadhengah papan. Semono uga menawa para siswa padha jajan
ing kantin sekolah. Sanadyan ana ing kantin, siswa uga kudu ngerti
tata krama utawa unggah-ungguh.
• Ing ngisor iki tuladhane unggah-ungguh ing kantin sekolah,

kayata:
• Antri sing sopan aja dhisik- dhisikan.
• Wijik dhisik sakdurunge mangan jajan.
• Aja gegojegan karo guyonan.
• Menawa mbayar aja ngapusi, antarane sing dijupuk karo

olehe mbayar kudu padha.
• Migunakake basa sing sopan karo ibu kantin.
• Yen wis mbayar banjur lungguh ing papan kang

disedhiyakake.
• Aja lali dedonga sakdurunge mangan manut agamane

dhewe- dhewe.
• Aja mangan karo mlaku- mlaku utawa karo ngadeg.
• Sawise rampung olehe mangan, uwuh dibuwang ing papan

kang wis sumadya.

FF. Tata Cara Guneman

Wong guneman prayogane migatekake:
• Yen guneman karo wong liya, aja karo menga-mengo, aja

nyingkur.
• Rungokakna, gatekake guneme wong tuwa.
• Aja kepengin selak sumela guneman wong liya. Entenana

nganti ukarane rampung.

65

• Guneman kanthi cetha, ora kesusu, ora keseron lan ora
kelirihen.

• Aja omong sesidheman ing ngarepe wong akeh.
• Guneman aja karo angop, sisi, idu, ngentut, kurek- kurek

kuping utawa irung.
• Yen kepeksa wahing, watuk, kudu ditutupi.
• Aja kleru nyebut jenenge wong liya.
• Sanadyan cocog karo panemune dhewe, panemune wong

liya kudu diurmati, lan digatekake.
• Aja gampang nyacad wong liya.

GG. Tata Cara Mlebu Kelas Liya

Sing kudu digatekake nalika mlebu kelas yaiku:
• Nothok lawang kanthi sopan lan uluk salam.
• Menawa ana bapak/ibu guru ing sajroning kelas kudu

nyuwun idin marang bapak/ ibu guru.
• Menawa ora ana gurune, lapor karo ketua kelase, apa

wigatine.
• Ora kena longok- longok jendhela lan bengak- bengok

ngundang kancane.
• Ing jero kelas omong saperlune wae lan ora seru-seru

anggone caturan amarga ngganggu
• Menawa wis rampung wigatine, matur nuwun lan nyuwun

pamit marang guru utawa ketua kelas.

HH. Panyandraning Awak

Panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane
mawa tetandingan sarta ngemu teges mirip utawa memper.
Kang dicandra baba becike lan mengku ngalem kaendahan,
kayata kahananing manungsa, kahanane sata kewan, kahanane

66

tetuwuhan, kahanane alam lsp.
Tuladha:

Perangan Awak Panyandra

alise nanggal sepisan
astane nggendewa pinenthang
athi-athine ngudhup turi
awake ramping
bangkekane nawon kemit
bathuke nyela cendhani
bokonge manjang ngilang
brengose laler menclok
brengose nguler keket
cahyane sumunu/sumunar
cahyane ngalentrih
drijine mucuk eri
godhege simbar rumembun
gulune ngelung gadhung
gulune ngolan-olan
eseme kaya madu pinastika
eseme pait madu
idepe tumenga ing tawang
irung kencana pinatar
irung bangir
irunge ngudhup turi
kempole ngembang pundhak
kempole nyikil walang
lakune macan luwe
lakune mager timun
lambehane blarak sempal

67

Perangan Awak Panyandra
lambene gula satemplik
lambene manggis karengat
lengene gendhewa pinenthang
mripate blalak-blalak
mripate damar kanginan
netrane liyep alindri
pakulitane ngulit langsep
pakulitane ireng manis
pamulune bengkle kiris
pamulune prada binabar
pawakane gagah pidegsa
pawakane lencir kuning
pipine duren sajuring
polatane ruruh jatmika
praene sumunar
pundhake nraju mas
rambute ngandhan-andhan
rambute ngembang bakung
sinome micis wuntah
sinome bibis mabur
slirane sedhet singset
solahe merak ati
susune nyengkir gadhing
swarane ngombak banyu
tangane gendhewa pinentahang
tungkake bunder lir janangka
ulate sumeh/sumunar
untune miji timun
untune ngelar kombang
wange ngungkal Gerang
wange nyangkal putung
watake andhap asor
wentise mukang gangsir
wentise damen meteng

68

BAB II
PARAMASASTRA

A. Tembung

Tembung yaiku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning
tutuk kang ngemu teges.

1. Tembung Lingga
Tembung lingga utawa kata dasar yaiku tembung kang isih

wutuh lan durung rinaketan imbuhan apa-apa.
Tuladha:

• buku - gong

• sabun - las

• rekasa - kapiran

• weteng - padharan

2. Tembung Andhahan
Tembung andhahan utawa kata jadian yaiku tembung kang wis
owah saka linggane, kanthi kawuwuhan imbuhan, karangkep,
utawa kagabung.

a. Ater-ater
Ater-ater utawa awalan, prefiks, iku imbuhan kang dununge ing
ngarep tembung.

Ater-ater Tembung lingga Tuladha

anuswara tulis nulis
n pangan mangan
m ombe ngombe
ng sapu nyapu
ny

69

Ater-ater Tembung lingga Tuladha
tripurusa gawa dakgawa
jupuk kojupuk
dak tulis ditulis
ko
di basa abasa
bawa ha ujud maujud
a gawe mergawe
ma rumat karumat
mer jupuk kajupuk
ater-ater ka pidak kepidak
urus keurus
ater-ater ke gelas sagelas
gunung sagunung
ater-ater sa (siji) omah saomah
sa (padha karo) wareg sawareg(mu)
sa (kabeh) warta pawarta
sa (nganti) enget paenget-penget
ater-ater pa- andel piandel

ater-ater pi- wales piwales
setya prasetya
ater-ater pra- lambang pralambang
ater-ater pri- angga priangga
bumi pribumi
ater-ater tar- kadhang tarkadhang
waca tarwaca

70

Ater-ater Tembung lingga Tuladha
ater-ater kuma- ayu kumaayu (kumayu)
wani kumawani
ater-ater kami-
seseg(en) kamisesegen
ater-ater kapi- tetep(en) kamitetepen

dereng kapidereng
adreng kapiadreng

b. Seselan
Seselan utawa sisipan, infisk, iku imbuhan kang dununge ing
tengah tembung.

Seselan Tembung lingga Tuladha

seselan -er- kelip kerelip – krelip
gandhul gerandhul – grandhul

seselan -el- kepyur kelepyur – kepyur
guruh geluruh – gluruh

seselan -in- pecut pinecut
pedhang pinedhang

seselan -um- (bawa dunung dumunung
ma) sega sumega

c. Panambang
Panambang utawa akhiran, sufiks, iku imbuhan kang dununge ing
buri tembung.

Panambang Tembung lingga Tembung andhahan

panambang -i lara larai – larani
tamba tambai – tambani
antem tambani
jiwit jiwiti

71

Panambang Tembung lingga Tembung andhahan
panambang -a tuku tukua
panambang -e mrono mronoa
panambang -en takon takona
panambang -an gelem gelema
sate satene
panambang -na buku bukune
cibuk cibuke
panambang -ana tas tase
cacing cacingen
tutup tutupen
isi isinen
gawe gawenen
kancing kancingan
joged jogedan
bathi bathian – bathen
tuku tukuan – tukon
gadhe gadhian – gadhen
kanca kancaan – kancan
jiwit jiwitna
jupuk jupukna
kandha kandhakna
turu turuna – turokna
jero jerona – jerokna
gawe gawena – gawekna
tali talina – talekna
kanca kancaana – kancanana
tali taliana – talenana
ombe ombeana – ombenana
tuku tukuana – tukonana
tulung tulungana

72

Panambang Tembung lingga Tembung andhahan
panambang -ana kanca kancaana – kancanana
tali taliana – talenana
panambang -ane ombe ombeana – ombenana
tuku tukuana – tukonana
panambang –ake tulung tulungana
keplak
srebet keplakane
sapu srebetane
tamba sapuane – saponane
tali tambaane – tambanane
kendho taliane – talenane
kendhoane – kendho-
gawa nane
turu
pati gawaake – gawakake
tulis turuake – turokake
gule tatiake – patenane
tulisake
guleake – gulekake

3. Tembung Rangkep
Tembung rangkep utawa reduplikasi, cacahe ana telu, yaiku
dwipurwa, dwilingga, lan dwiwasana.

Jinis Tembung Rangkep Tembung Lingga Tuladha

Dwipurwa bungah bubungah – bebungah
lara lalara – lelara
gaman gagaman – gegaman
pangan papangan – pepangan
colong cocolong - cecolong

Dwilingga wutuh ayu ayu-ayu
Dwilingga salin swara takon takon-takon
watuk watuk-watuk
tulis tulis-tulis
celuk celak-celuk
duren duran-duren

73

Jinis Tembung Rangkep Tembung Lingga Tuladha
Dwiwasana cenges cengenges
cekak cekakak

4. Tembung Camboran
Tembung camboran utawa kata majemuk (kompositum) yaiku
tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji.

a. Tembung Camboran Wutuh
Tembung camboran wutuh yaiku tembung kang luwih saka
siji dianggo bebarengan isih wutuh wandane.
Tuladha:

ajur ajer, bibit kawit, cekak aos, edi peni, gagah prakosa,
jalma manungsa, abang branang, omah dara, baratayudha,
pancasila, dewa dewi, enom tuwa lsp.

b. Tembung Camboran Tugel
Tembung camboran tugel yaiku tembung loro dianggo
bebarengan wandane kurang.
Tuladha:

Tembung Asale Tembung Asale
camboran tugel camboran
tugel

bangcuk abang pucuk kwelem kweni pelem
bangjo abang ijo linakl lali anak
barbeh bubar kabeh lijo lali bojo
barji bubar siji lingga lali tangga
bulik ibu cilik lical lali kanca
budhe ibu gedhe lunglit balung kulit
dhewa gedhe dawa mahrep omah ngarep
dhegus gedhe bagus pakdhe bapak gedhe

74

Tembung Asale Tembung Asale
camboran tugel cendhek lemu camboran bapak cilik
(n)dhekmu cendhek dhuwur tugel bapak sepuh
(n)dhekwur gedhe cilik paklik emper toko
dhelik gedhe lemes pakpuh entek eting
dhemes siji loro perko linting dhewe
jiro siji satus tekting bathuk klimis
jitus tungkak bokong tingwe metu sethithik
kakkong mengko dhisik thukmis dawa cendhak
kosik bongkot pucuk tutik sewu telu
kotcuk wandhak
wulu

5. Jinising Tembung Tuladha
Jinising Tembung bocah
Tembung aran (kata benda) nomina buku
Maujud sekolah
Ora maujud ngelmu
malaekat
Tembung kriya (kata kerja) verb kabudayan
lunga
Tembung kahanan (kata sifat) adjektifa mangan
nggambar
Tembung katrangan (kata keterangan) nyilih
adverbia pinter
sugih
srei
bombong
arep
meh
bae
saged
enggal

75

Jinising Tembung Tuladha
Tembung sesulih (kata ganti) pronominal
a. Sesulih wong kapisan (utama purusa) aku
kula
b. Sesulih wong kapindho (madyama ingsun
purusa) adalem
kowe
c. Sesulih wong katelu (pratama purusa) sampeyan
panjenengan
Tembung wilangan (kata bilangan) nu- samang
meralia deke
rika
Tembung panggandheng (kata sambung) sira
konjungsi dheweke
piyambake
Tembung ancer-ancer (kata depan) prep- piyambakipun
osisi dheknene
siji
sewelas
sepasang
segros
sasiyung
nanging
nganti
tekan
apadene
lan
menawa
jalaran
ing
menyang
saka
saking
dhateng

76

Jinising Tembung Tuladha

Tembung panyilah (kata sandang) artikula Si
Sri
Sang
Para
Kang

Tembung panyeru (kata seru) interjeksi O
Hus
Hore
Wah
Sokur
Dais
La

B. Sinonim

Yaiku tembung kang tulisan lan pangucape padha, naanging
tegese beda.
Tuladha:

No. Tembung Tuladha

1. sekar Ibu methik kembang
2. mawa Tembang macapat cacahe ana 11
3. arep Donat iki mawa keju.
4. saka Kowe aja cedhak mawa kuwi!
5. catur Aku arep lunga menyang Kaliwiro.
Kowe dakwenehi klambi iki arep apa ora?
6.. duka Omah joglo kuwi sakane kayu jati.
7. suduken Kowe lunga saka ngendi?
Adhiku dolanan catur.
Bocah loro kuwi lagi caturan ing latar.
Pak Catur, putra nomer papat.
Bapak lagi duka amarga mulihku telat.
Duka, Mbah, kula boten mangertos.
Wetengku suduken amarga kewaregen.
Yen wani suduken wetenge macan kuwi!

77

C. Homofon

Yaiku tembung kang pangucape padha, ananging panulise lan
tegese beda.
Tuladha:

No. Tembung Tuladha

1. parab Adhimu parabane sapa?
parap Kowe saiki parap dhisik ing layang iki!
Bayem iki enak yen dikulub.
2. kulub “Ngger kulup Abimanyu, enggal nyedhaka
kulup mrene!”
Kowe saiki anteb saploke maemmu akeh.
3. anteb Kowe kudu antepan ati, supaya kekarepan-
antep mu kaleksanan!

D. Homograf
Yaiku tembung kang panulisa padha, ananging pamacane lan
tegese beda.
Tuladha:

No. Tembung Teges Tuladha

1. teken tongkat Simbah tindak ngagem teken.
paraf Kowe teken sik ana layang iki!
2. cemeng ireng Rasukan kula werni cemeng.
anak kucing Cemeng kuwi lair wingi.
3. kendel wani Bocah kuwi kendel banget.
mandhek Menawi sayah kendel rumiyin!
4. geger rebut/ rame Bal-balan kok buntute geger.
punggung Gegermu ana ulere.
5. meri pengin Dadi bocah aja gampang meri.
anak bebek Meri iki pakanana katul!

E. Ukara

Yaiku rerangkening tembung kang bisa ngudharake sawijining
karep.

78

1. Ukara Tanduk
Ukara tanduk utawa kalimat aktif yaiku ukara kang wasesane
awujud tembung kriya tanduk. Adate wasesane migunakake ater-
ater anuswara (an, am, ang, any)
Tuladha:
• Siska lagi nulis layang.
• Azfa nyaponi latar.
• Dea mbungkus kadho.
• Ema ngombe es teh.

2. Ukara Tanggap
Ukara tanggap utawa kalimat pasif yaiku kang wasesane kriya
tanggap. Adate wasesane mawa ater-ater tripurisa (dak, ko, di)
Tuladha:
• Adhiku didukani Pak Guru.
• Pelem ana meja mau apa kopangan?
• Bukuku digawa sapa?

3. Ukara Lamba
Ukara lamba utawa kalimat sederhana yaiku ukara kang kedadeyan
saka saklausa. Utawa ukara kang jejer, wasesa, lesan, katrangan
mung siji.
Tuladha:
• Susmi nggoreng tempe kemul.
• Etik ngetung dhuwit ing kelas.
• Nunung ngguyu.

4. Ukara Camboran
Ukara camboran utawa kalimat majemuk yaiku ukara kang

79

dumadi saka rong klausa utawa luwih. Ukara kang jejer, wasesa,
lesan, katrangan luwih saka siji.
Tuladha:
• Azfa pinter tur ayu sisan.
• Yuli ora mangkat sekolah amarga lara.
• Nalika bu Suci rawuh, bocah-bocah lagi nggarap tugas.
• Dea nonton TV karo ngombe es teh.

5. Warna-warnaning Ukara
a. Ukara Carita
Ukara carita utawa kalimat berita yaiku ukara kang isine nyritakake
utawa ngandhakake sawijining bab, kedadean, utawa kaanan
marang wong liya.
Tuladha:
• Pak Khundori lagi badminton ing GOR mau esuk.
• Nalika aku mangkat sekolah, ing Dieng Djaya ana kacilakan.
• Sing nganggo klambi abang kae adhiku ragil.
• Ibu lagi tindak pasar nitih angkot.
• Nimas mangkat les bareng kancane.

b. Ukara Pakon
Ukara pakon utawa kalimat perintah yaiku ukara kang surasane
awujud pakon utawa prentah marang wong liya supaya nindakake
sawijining bab utawa pakaryan.
Tuladha:
• Soal kaca 35 kuwi garapen ing kertas!
• Kowe ora kena dolan wae, sedhela maneh ulangan akhir

semester!
• Yen kowe pengin pinter, kowe kudu sregep sinau!

80

• Mangkata gasik, ben ora telat!
• Deke meh tes, aja dolan wae, ta!

c. Ukara Pitakon
Ukara pitakon utawa kalimat tanya yaiku ukara kang isine awujud
pitakonan. Adate nganggo tembung apa, piye, sapa, pira, ing
ngendi, kapan, geneya, coba lsp.
Tuladha:
• Sapa asmane pak guru sing nembe rawuh mau?
• Apa kowe wis nggarap PR?
• Omahmu ngendi?
• Pira regane buku iki?
• Kapan kowe dolan menyang omahku?
• Geneya kowe ora mangkat sekolah?

d. Ukara Sambawa
Ukara sambawa yaiku ukara kang isine pangarep-arep, saupama
utawa sanadyan.
Tuladha:
• Udana sing deres ben kembangku subur.
• Duwea sangu aku rak wis dolan nyang Bali.
• Diwenehana klambi apik ya ora tau dienggo.

e. Ukara Sananta
Ukara sananta yaiku ukara kang isine niyat, karep, utawa sedya.
Tuladha:
• Aku arep ngumbah klambi, kowe aja ngajak dongeng wae!
• Timbang ndomblong, daksinau maca Jawa wae.
• Kareben munggah kelas, aku daksinau.

81

BAB III
KASUSASTRAN

A. Paribasan – Bebasan

Paribasan yaiku unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora
ngemu surasa pepindhane.
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan
kang dipindahake sifate utawa kahanane wong.

Tuladha:

Paribasan – Bebasan Teges

A

Adhang- adhang tetese ebun (n)jagakake barang saolehe

Adigang adigung adiguna Ngendelake kekuwatan, kaluhuran,
kapinteran

Aji godhong garing Wong kang ora ana ajine babar
pisan

Ana catur mungkur Ora gelem ngrungokake rerasan
kang ala

Ana dhaulate ora ana bejane Arep nebu kabegjan ning ora sida

Anak polah bapa kepradhah Tingkah polah anak, wong tuwa
kang nanggung

Anggenthong umos Ora bisa nyimpen wadi

Angon mangsa Golek wektu prayoga kanggo
tumindak

Angon ulat ngumbar tangan Ngulatake kanggo menehi pambi-
yantu

Arep jamure emoh watange Gelem kepenake wegah rekasane

82

Paribasan – Bebasan Teges
Ati bengkong oleh oncong Duwe niyat ala oleh kanca

Baladewa ilang gapite B
Wong kang wis ora duwe keku-
Banyu pinerang ora bakal watan
pedhot Pasulayan sedulur ora bakal med-
Bathang lelaku hotake paseduluran
Lunga ijen ngambah papan kang
Bathok bolu isi madu mbebayani
Ala rupane ananging sugih kapin-
Blaba muda teran
Saking lomane nganti awake
dhewe ora kumanan

Becik ketitik ala ketara Sing becik lan sing ala bakal konan-
gan tembe burine
Beras wutah arang bali men- Barang kang wis owah ora bakal
yang takere bali menyang asale
Bidhung api rowing Ethok-ethok nulung sejatine pengin
ngrusuhi
Blilu tau pinter durung tau Wong bodho asring nglakoni luwih
nglakoni ngerti tinimbang wong pinter
durung tau ngakoni
Bubuk oleh leng Wong duwe niyat ala oleh dalan
Bung pring petung Bocah kang gelis gedhe
Buntel kadhut ora kinang ora Wong nyambut gawe borongan
udut ora olih mangan ora olih udud
Busuk ketekuk pinter keblinger Sing bodho lan sing pinter padha
cilaka
Carang canthel C
Ora dijak guneman ning melu-melu

83

Paribasan – Bebasan Teges
Car cor kurang janganan Ngomong kang ora nganggo dipikir
dhisik
Cathok gawel Seneng cawe-cawe sanajan ora
dijak rasan
Ciri wanci lilae ginawa mati Pakulinan ala ora bisa ilang yen
durung mati
Cincing-cincing meksa klebus Karepe ngirit ananging tetep
ngorod
Criwis cawis Kakehan omong ananging gelem
nglakoni
Cuplak andheng-andheng, yen Wong kang njalari ala prayogane
dudu panggonane bakal dising- disingkirake
kirake
D
Dadia banyu moh nyamuk, dad- Wis ora gelem nyanak babar pisan
ia godhong moh nyuwek, dadia
suket moh nyenggut Nyacad ananging sejatine melik
Dahwen ati open Saben papan panggonan duwe
Desa mawa cara, Negara mawa tatacara dhewe-dhewe
tata Dikongkon nyambut gawe abot
Digarokake dilukokake dida-
hunga medhot, dipalangana Diwenehi sethithik njaluk akeh
mlumpat Laku sesidheman kanggo golek
Diwenehi ati ngrigoh rempela sisik melik
Dom sumurup ing banyu Sanajan wong liya yen rekasa uga
dibiyantu
Dudu sanak dudu kadang yen Nesu banget
mati melu kelangan
Duka yayah sanipi jaja bang Padha kethikan sing siji ethok-
mawinga-winga ethok ora ngerti
Dudutan lan anculan

84

Paribasan – Bebasan Teges

Durung ilang pupuk lempuyange Wong dianggep cah cilik ora ngerti
apa-apa

Durung becus keselak besus Durung pinter nanging kakehan
panjangka

E

Eman-eman ora keduman Karepe eman awake dhewe ora
keduman

Emban cindhe emban siladan Pilih kasih, ora adil

Embat-embat celarat Wong nyambut gawe ngati-ati
banget

Endhas gundhul dikepeti Wong kepenak luwih dikepenakake

Endhas pethak ketiban empyak Wong kang bola bali nemu cilaka

Entek amek kurang golek Diunek-unekake samareme

Entek jarake Wis entek kasugihane

Esuk dhele, sore tempe Wong kang mencla-mencle
guneme

G

Garang garing Wong sumugih sejatine kekurangan

Gawe luwangan, nutupi luwan- Golek utang kanggo nutup utang
gan liyane

Gayuk gayuk tuna, gayuh-gayuh Samubarang kekarepane ora ana
luput sing kelakon

Gliyak-gliyak tumindak, sareh Sanadyan alon nanging kabeh
pikoleh kekarepane keturutan

Golek banyu bening Golek ngelmu utawa kawruh

Golek-golek ketemu wong Karepe golek utangan malah diu-
luru-luru tangi

Gupak pulute ora mangan Melu rekasa ora melu kepenake
nangkane

I

85

Paribasan – Bebasan Teges
Idu didilat maneh Murungake janji kang wis dio-
mongke
Jajah desa milang kori Lelungan golek pengalaman
Jalma angkara mati murka Nemu cilaka amarga angkara
murkane
(n)jalukan ora wewehan Seneng njaluk ora seneng menehi
Jati ketlusuban ruyung Kumpulan wong becik keslusuban
wong ala
Jarit lawas ing sampiran Duwe kapinteran ananging ora
digunakake
Jer basuki mawa beya Gegayuhan mbutuhake wragat
Jujul muwul Perkara sing nambahi rekasa
Junjung ngantebake Ngalembana ananging duwe niyat
ngasorake
Kacang ora ninggal lanjaran K
Kadang konang Pakartine anak niru wong tuwane
Gelem ngakoni sedulur sing sugih
Kalah cacak menang cacak thok
Samubarang pagaweyan dicoba
Kandhang langit, bantal ombak luwih dhisik bisa lan orane
kemul mega Wong kang ora duwe papan pag-
Katepang ngrangsang gunung gonan
Kegedhen kekarepan kang mokal
Katon kaya cempaka sawakul kelakone
Kaya banyu karo lenga Tansah disenengi wong akeh
Kakehan gludhuk kurang udan Wong sing ora bisa rukun
Kebanjiran segara madu Kakehan omong ora ana nyatane
Kebat kliwat, gamcang pincang Nemu kabegjan kang gedhe banget
Tumindak kesusu mesthi ora ke-
beneran

86

Paribasan – Bebasan Teges

Kegedhen empyak kurang cagak Kakehan kekarepan kurang sem-
bada

Kejugrugan gunung menyan Ketiban rejeki akeh

Kekudhung walulang macan Ngapusi kanthi kekudhung wong
kang diwedeni

Kelacak kepathak Ora bisa mungkir amarga wis ko-
nangan kelakuwane

Kencana katon wingka Sanadyan apik nanging ora
disenengi

Kendel ngringkel, dhadhag ora Ngakoni pinter nanging jebul jirih
godhak lan bodho

Kenes ora ethes Wong umuk nanging bodho

Keplok ora tombok Seneng maido nanging ora seeng
cawe-cawe

Kere munggah bale Asisten (batur) dipek bojo karo
bendarane

Kere nemoni malem Wong kang bedigasan tur srakah

Kerot tanpa untu Duwe pepenginan nanging ora
duwe wragat

Kerubuhan gunung Wong nemoni kesusuahan kang
gedhe banget

Kesandhung ing wrata, kabentus Oleh cilaka kang ora dinyana-nyana
ing tawang, ketula-tula katali

Kleyang kabur kanginan, ora Wong kang ora duwe papan pang-
sanak ora kadang gonan

Klenthing wadhah masin Angel ninggalake tumindak ala

Kongsi jambul wanen Nganti tuwa banget

Krokot ing galeng Wong sing mlarat banget

Kriwikan dadi grojogan Perkara cilik dadi gedhe

Kementhus ora becus Seneng umuk ananging ora sem-
bada

87

Paribasan – Bebasan Teges

Kurung munggah lumbung Wong asor didadekake wong gedhe

Kuncung nganti gelung Suwe banget anggone ngenteni

L

Ladak kecangklak Wong angkuh nemoni pakewuh
merga tumindake dhewe

Lahang karoban manis Rupane bagus/ ayu tur luhur
bebudene

Lambe satumang kari samerang Dituturi bola-bali meksa ora ng-
gugu

Lanang kemangi Wong lanang sing jirih

Legan golek momongan Wong kepenak malah golek rekasa

Lumpuh ngideri jagad Duwe kekarepan kang mokal
kelakone

M

Maju tatu mundur ajur Perkara kang sarwa ngewuhake

Matang tuna numbak luput (m) Tansah luput kabeh gegayuhane
buwang tilas

Meneng widara uleran Ethok-ethok ora ngerti marang
tumindake kang ala

Menthung koja kena sembagine Katone anteng ananging sejatine
ala kelakuwane

Merangi tatal Rumangsane ngapusi ananging
malah kapusan dhewe

Mikul dhuwur mendhem jero Mancahi rembug wis dadi

Milih-milih tebu oleh boleng Bisa njunjung drajade wong tuwa
Kakehan milih, wekasane oleh kang
ora becik

Mrojol selaning garu Wong kang luput saka bebaya

Mubra-mubru mblabar madu Wong kang sarwa kecukupan

Nabok nyilih tangan Tumindak ala kanthi kongkonan
wong liya

88

Paribasan – Bebasan Teges
Nggagar metu kawul N
Ngojok-ojoki supaya dadi pasu-
Ngalasake negara layan, nanging sing diojok-ojoki ora
Ngalem legining gula mempan
Nglungguhi klasa gumelar Wong kang ora manut pranatane
Ngontrakake gunung negara
Ngalembana kapinterane wong
Nguyahi segara kang pancen pinter utawa sugih
Nucuk ngiberake Nindakake pagaweyan kang
Nututi layangan pedhot kepenak
Nyangoni kawula minggat Wong cilik/asor bisa ngalahake
Nyolong pethek wong luhur/ gedhe, nganti gawe
kagete wong akeh
Weweh marang wong sugih kang
ora ana pituwase
Wis disuguh mangan mulihe
mbrekat
Barang sepele kang wis ilang
Ndandani barang kang tansah
rusak
Tansah mleset saka pambetheke
O

Obah ngarep obet buri Tumindake panggedhe dadi conto,
Ora ana banyu mili mandhuwur panutane wong cilik
Ora ana kukus tanpa geni Watake anak adate tinu wong
tuwane
Ora ana akibat tanpa sebab

Ora ganja ora unus Wong kanga la rupane uga ala
Ora mambu enthong irus atine
Dudu sanak dudu kadang

89

Paribasan – Bebasan Teges
Ora tembung ora srawung Njupuk barange liyan tanpa kandha
Ora uwur ora sembur luwih dhisik
Ora kinang ora udut Ora gelem cawe-cawe babar pisan
Othak-athik didudut angel
Ora mangan apa-apa
Palang mangan tandur
Pandengan karo srengenge Guneme sajak ora kepenak, bareng
Pandhitane antake ditenane jebule angel
Pecruk tunggu bara P
Pupur sadurunge benjut
Diwenehi kepercayaan malah gawe
Rawe-rawe rantas malang-ma- kapitunan
lang putung Mungsuh panguwasa
Rebutan balung tanpa isi
Rupa nggendhong rega Laire katone suci batine ala
Rukun agawe santosa, crah
agawe bubrah Dipasrahi barang kang dadi
kasenengane
Sabar sareh mesthi bakal Ngati-ati mumpung durung cilaka
pikoleh
R

Samubarang kang ngalang-alangi
bakal disingkirake
Pasulayan barang kang sepele

Merga barange apik mula regane
larang
Yen padha rukun mesthi kuwat
lan sentosa, yen congkrah mesthi
bakal bubrah, rusak
S

Tumindak samubarang aja kesusu

90


Click to View FlipBook Version