The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Antologi Karya Berbahasa Jawa ini berisi geguritan, crita cekak (cerkak), dan naskah drama.

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by syafiranurdamayanti, 2021-07-19 02:23:22

RIKMA Antologi Karya Sastra Berbahasa Jawa

Antologi Karya Berbahasa Jawa ini berisi geguritan, crita cekak (cerkak), dan naskah drama.

Keywords: Antologi Karya Sastra

PAMBUKA

Nuwun,

Wose buku iki karakit kanthi pangajab bisaa dadi
tambahan wacan tumrap para pamaos. Antologi RIKMA
iki ngemot tuladha pakarti luhur kang kasamur ing
geguritan, crita cekak (cerkak), lan drama kang bisa
melu urun rembug ndhidhik lan nggulawenthah para
maos kang tundhone kaajab nduweni jiwa prawira lan
pakarti luhur. Dhasar crita cekak (cerkak) lan drama
mula menawa ana jeneng-jeneng kang madhani, kabeh
mung dhapur ngepasi, ora liwat penyuwune panulis
diagungna pangapurane para maos.

Amrih bisa njangka pangajab kaya kasebut ing
ngarep, panulis banget ngantu-antu panyaruwening para
maos tumuju ing kasampurnaning antologi iki. Ora
katalompen ing kalodhangan iki panulis uga ngaturake
panuwun kang tanpa upama.

Semarang, 17 Juli 2021

Panulis

i

DAFTAR ISI

Wacan Kaca

Pambuka................................................................................. i
Daftar isi ............................................................................... ii
BAB I Geguritan

1. Dhuh Kangmas ........................................................ 1
2. Niemas Mieske ........................................................ 2
3. Wong Alit ................................................................ 3
4. Korban ..................................................................... 4
5. Kadung Tresna......................................................... 5
6. Pacoban.................................................................... 6
7. Asri........................................................................... 7

BAB II Cerkak
1. Juragan Empang....................................................... 8
2. Azan Asar .............................................................. 13
3. Udan Angin............................................................ 21
4. Kabegjan ................................................................ 26
5. Endhog Asin .......................................................... 29

BAB III Naskah Drama
1. Keweleh ................................................................. 32
2. Tepa Selira ............................................................. 36
3. Kerja Bakti............................................................. 42

ii

Bab I
Geguritan

Dhuh Kangmas
Dening : Syafira Nur Damayanti

Wengi tanpa sunar
Cahyaning lintang ilang
Kalingan mega mendhung, peteng dhedhet
Jumbuh karo crita tresnaku

Ing atiku ana rasa kangen
Kangen kang sumimpen
Ya mung sliramu kang tansah ngeridu
Rina kalawan dalu

Dhuh Kangmas papujanku
Asmaraku kanggomu
Asmaraku duwemu
Asmaraku mung sliramu

Pasuryanmu wus lumebu
Ing sajroning kalbu
Kamar klawu kang dadi saksi bisu
Tangis tanpa nyuwaraku

Semarang, 31 Maret 2021
(Pernah dipublish di Antologi Dipta Pradanggapati)

1

Niemas Mieske
Dening : Syafira Nur Damayanti

Nalika ngumbara ing landa
Panas sing sumeblak
Ketemu wanita ayu
Ya sliramu, Nimas Mieske papujanku
Tresna iki kanggomu
Tresna iki mung sliramu
Tresna iki duwemu
Kang sejatine durung bisa gawe nyatu
Senadyan adoh ing paran
Senadyan lara ing batin
Sikil iki kudu terus jumangkah
Neruske perjuangan sing ora kenal menang
Tresnaku-tresnamu dadi rangu
Ora bisa nyawiji
Kelindhes wektu
Lawase padha paprentahan Revolusi
Dalanku dudu karo wong landa
Meja kamar wis dadi saksi gela
Janji setya saiki mung dadi crita
Kang pungkasane pedhot tresna

Semarang, 7 April 2021
(Pernah dipublish di Antologi Dipta Pradanggapati)

2

Wong Alit
Dening : Syafira Nur Damayanti

Ing wengi kang nyenyet
Donya tansah peteng ndhedhet
Panyuwunku marang-Mu ora kendhat
Sambat lan jerit wis kumlebat
Ya gene kadung urip kesrakat

Saka langit biru kaya segara
Nganti srengenge ndhelik ing mega
Lakuku terus munggah
Kanggo nyukupi kabutuhan

Dhuh Gusti…
Awakku mung bisa pasrah saka pacoban
Kanthi dina ora ana pilihan
Nyolong kang dadi dalan
Supaya bisa mangan

Semarang, 14 April 2021
(Pernah dipublish di Antologi Dipta Pradanggapati)

3

Korban
Dening : Syafira Nur Damayanti

Zamane zaman edan
Sing curang garang
Sing culika mulya
Sing jujur kojur

Akeh Bapak lali anak
Akeh manungsa lali asale
Dhuwit lan kringet mung dadi wolak-walik kertu
Krungu anak bojo nangis ora direwes

Tumindakmu salah
Nanging aku ora bisa ngapa-apa
Rina wengi bisane manut lan pasrah
Bapak kang kapolah, Aku sing kepradhah

Surakarta, 11 Juni 2021
(Pernah dipublish di media sosial Instagram

@syafiraand_)

4

Kadung Tresna
Dening : Syafira Nur Damayanti

Rikala takbukak byak
Tetembung ing seratanmu
Dakwaca katon tliti
Rak krasa netes eluhku
Tresnaku marang sliramu
Tresna nyata dudu tresna reka-reka
Tresna tuwuh saka jroning dada
Iki pangucape atiku
Nanging…
Janjimu janji cidra
Ora bisa dipercaya
Mung tansah gawe ati cuwa
Ninggalne rasa lara
Lan saiki…
Percaya rak percaya
Katresnan iki kegawa tekan pati
Senadyan ora klakon nyata ing jagad iki
Tresnamu-tresnaku sejati tumuju Gusti

Semarang, 1 Juli 2021
(Pernah dipublish di media sosial Instagram

@syafiraand_)

5

Pacoban
Dening : Syafira Nur Damayanti
Nalika donya isih sepi
Sang Hyang Bagaskara wis tangi
Menehi pepadhang ing wayah esuk iki
Kang wiwit gumregah golek rejeki
Oh awakku…
Muga legawa bisa nrima
Kudu kuwat saka pacoban
Awak kerdil katisen ing ngisor jembatan
Katutup kerdus ing wayah udan
Kanthi nyawang kahanan
Nyoba kuwat saka pacoban

Semarang, 10 Juli 2021

6

Asri
Dening : Syafira Nur Damayanti
Nalika dakbuka byak
Ngadeg jejeg ing tepine lawang
Swara endah manuk nyambut tangianku
Mecah sepining desa
Desa tanpa sampah
Desa tanpa gelisah
Kang gawe manah krasa bungah
Ana ing antarane sawah
Semribit angin lumebu
Asri, atis, anggegirisi dadi siji
Ing bathin aku namung saget matur
Muga kahanan iki tansah mujur

Semarang, 14 Juli 2021

7

Bab II
Cerkak

Juragan Empang
Dening : Syafira Nur Damayanti

Jenenge Yanto, undang-undangane Totok.
Dheweke sekolah ana SMA Negeri 1 Banyubiru kelas
telu jurusan IPS. Yanto utawa Totok sejatine bocah lola.
Wiwit cilik wis ditinggal dening wong tuwane loro
karone. Dheweke anak tunggal, kakang, mbakyu, utawa
adhi ora duwe. Dene wong tuwane loro karone tilar
donya taun kepungkur, nalika ana pageblug gedhe
nrajang desane. Wiwit wong tuwane tilar donya, Totok
diopeni dening Pak Lik dan Bu Like. Pak Lik dan Bu
Like Totok ing desane klebu wong kang ora duwe.
Pegaweyan ing saben dinane mung buruh empang, dene
opahe utawa buruhane ya mung iwak lele. Akeh utawa
sithike pikolehan buruhane gumantung akeh utawa
sithike iwak-iwak sing wis cukup umure kanggo siap
diedol. Menawa iwak lelene sing wis cukup umur
kanggo siap diedol akeh, dheweke ya oleh opah akeh.
Dene menawa iwak lelene isih cilik-cilik durung cukup
umur, buruhane utawa opahe ya setithik. Mula kahanan
uripe Pak Lik lan Bu Like Totok ya mrihatinke.
Senadyan kaya mangkono, kagawa saka eman lan rasa
tanggung jawabe marang Totok, keponakane sing wis
lola, mula Totok diopeni kayadene anake dhewe.
Dhasare Pak Lik lan Bu Like Totok boten gadhah anak
utawa ora kagungan putra lan putri.

8

Wiwit cilik, Totok wis digladi urip kang mandiri
supaya ora aleman. Nalikane dheweke durung wayahe
mlebu sekolah, saben dinane melu ngrewangi Pak Like
ngingu iwak lele ing empang mburi omah.Merga saka
kulina kuwi, dheweke dadi seneng ingon-ingon utawa
open-open kewan kayata iwak lele mau. Nalika dheweke
wis wayahe mlebu sekolah ana ing bangku SD, dheweke
isih tetep melu ngrewangi Pak Like ngingu iwak lele ing
empang mburi omah saben wayah sore, bubar sekolah.
Totok pancen dhasare bocah kang sregep, pinter, gemati,
lan telaten, mula saka kuwi iwak lelene Pak Like lemu-
lemu lan padha gedhe. Semono uga Pak Lik lan Bu Like
Totok saben dinane buruhane utawa opahe anggone
ngingu iwak lele sansaya mundak, kena kanggo nyukupi
kepreluan sekolahe Totok lan kanggo nyukupi kebutuhan
urip saben dinane.

“Le, Tok, kareben sekolahmu sing sregep lan
pinter ya…saben esuk Kowe saiki kudu sarapan dhisik
sakdurunge mangkat sekolah”, mangkono uga
pangandikan Pak Like Toto ing sawijining dina.

“Boten sisah, Pak Lik.Mundak mangke ngrepoti
Bu Lik.”

“Ora, Le. Wong Bu Likmu saguh kok, tur meneh
opahe buruh anggone awake dhewe ngingu iwak lele ana
empang buri omah saiki saya mundak akeh merga mbok
ewangi, Le. Malah Bu Likmu ngendika jare dheweke
saiki bisa nyangoni Kowe ing saben dinane iwak lele siji,

9

lumayan itung-itung kanggo sangu bekal ben Kowe ora
jajan sembarangan, Le.”

“Wah..Pak Lik… mendah senenge Kula.”
“Iya, Le. Wong jenenge rejeki rak ana sing reti
ta, ndilalah ya ana bae”, Bu Like Totok nyambung melu
ngendika.
“Anu, Bu Lik, ulam bekal sangu Kula sekolah
dilintu arta mawon.”
“Lho, arep mbokenggo apa, Le?”
“Badhe Kula tabungaken, Pak Lik.”
“O….. ngono ta. Ngono ya becik, Le cah bagus.”
Mangkono ing saben dinane Totok nabung
setithik-setithik sakrega iwak lele siji. Mundak dina
mundak minggu mundak sasi tabungane Totok sansaya
tambah akeh. Mula saka kuwi, saben ana kebutuhan
kanggo tuku buku utawa kepreluan sekolah liyane,
dheweke ora tau nyuwun marang Pak Lik utawa Bu
Like.Cukup dijupukake tabungane Totok dhewe. Bareng
tabungane wis rada akeh, dheweke duwe ada-ada gawe
empang meneh kanggo diisi bibit iwak lele sing arep
dituku. Ing sakawit dheweke tuku bibit iwak lele sewu
iji. Bibit iwak lele mau bakale dingoni nganti cukup
umur kanggo diedol marang juragan-juragan iwak,
biasane sing bakale tuku juragan kang duwe bisnis
kuliner utawa pemancingan.
“Bu Lik, Kula badhe damel empang wonten
wingking nggih?”

10

“Lha karepmu piye ta, Le cah bagus?Empang
buri omah kae, apa isih kurang?”

“Boten kirang, Bu Lik.Ananging badhe diisi
kaliyan bibit ulam lele ingkang mangke Kula tumbas.”

“Lha Kowe arep gawe empang karo tuku bibit
iwak lele, wis ana dhuwite durung, Le?”

“Sampun wonten, Bu Lik. Saking tabungan.”
“O…. ngono ta. Ya wis mengko tak ngomong
Pak Likmu, ben direwangi tuku-tuku sing diprelukake.”
Ing sepisanan Totok kasil iwak lele satus kang
wis siap panen. Saben esuk, bibit iwak lele mau dipakani
pur lele.Mangkono saben dinane, nganti cukup umur
siap diedol marang juragan. Mula ora suwe Totok wis
bisa nduweni empang lan iwak lele dhewe kang cacahe
rada akeh tinimbang iwak lele duwene Pak Like. Iwak
lelene cepet gedhe lan lemu-lemu, malah sakperangan
wis ana sing diedol marang juragan. Dheweke seneng
banget atine. Samono uga Pak Lik lan Bu Like.
Gandheng iwak-iwak e Totok wis akeh tur wis
padha diedol, mula saiki Pak Like Totok ora dadi buruh
empang kang ngingu iwak maneh. Saiki sing diingu lan
diopeni iwak-iwake Totok kang dianggep iwak-iwake
dhewe. Mundak dina iwak-iwake Totok sing wis gedhe
mundak akeh. Iwak-iwak lele mau kajaba diedol kanggo
tuku pakan pur, sakperangan iwak lele duweke Pak Like
padha manak lan sakperangan iwak lele duweke Totok
kanggo wragat urip saben dinane.

11

Lumantar panggulawenthahe Pak Lik lan Bu
Like Totok, saiki Totok wis dadi juragan empang alias
juragan iwak lele ing desane. Sekolahe ana SMA yawis
rampung utawa wis lulus. Uripe saiki ora kekurangan
maneh, malah kepara cukup.Bubar namatake sekolahe
ana SMA, Totok buka lowongan kerja.Kagawa saka
akehe kang kulakan iwak lelene, Totok rumangsa
kuwalahan yen dhewean. Mula saka iku dheweke ngajak
bocah-bocah utawa kanca-kancane ing desane kang isih
padha durung duwe pagaweyan kang kerja kanggo
bantuni ngrumat empang mburi omah lan ngingu iwak-
iwak lelene. Amarga saka setiti lan temene, Totok saiki
nyata-nyata wis dadi juragan kang sugih. Dheweke wis
bisa mbayar utawa ngopeni buruh lan wis bisa tuku
kendaraan kanggo nyukupi kabutuhan usahane. Kang
gawe seneng lan bungahe atine Pak Lik lan Bu Like,
sanadyan wis dadi juragan gedhe lan sugih, Totok ora
sombong utawa gumedhe. Dheweke malah kepara sugih
lan gedhe sosiale lan sregep mbiyantu tangga teparone
kang isih kekurangan.

(Pernah dipublish di Antologi Dipta Pradanggapati)

12

Azan Asar
Dening : Syafira Nur Damayanti

Wis setaun kepungkur Negara iki kena wabah
pandemi Covid-19. Warta kasebut akeh disiarke ing
sosmed, koran, lan TV. Kabeh dalanan melbu desa
diportal lan ditutup, sekolahe daring, ugi kerjoan padha
di preikne. Merga kahanan iki, akeh bocah-bocah sing
sekolah ana omah. Salah sijine, Sinta. Sinta umure telu
las lan lingguh ning kelas sanga SMP. Ing wayah awan
bubar sekolah daring, kancane Sinta sing jenenge Nina
lan Via moro ning omahe.

“Sin, Sinta…Sinta…” Nina lan Via nyeluk karo
bengak bengok ning ngarep omah.

“Sapa ya kuwi?”Kandhane Ibune Sinta saka njero
omah.

“Nina, Bu…”
“Ealah rene mlebu sik, Nduk. Sinta ne lagi delok
TV ning kamar.”
“Inggih, Bu. Assalamu’alaikum…” Nina lan Via
banjur mlebu omahe Sinta karo ngucap salam.
“Wa’alaikumsalam…ealah ana Via harang to
jebule.
“Inggih, Bu.”
”Kae Sinta ning kamar, mlebu o wae rapapa,
Nduk.”
“Sin..Sinta…” nyeluk karo ndodok lawang
kamare Sinta.

13

“Woi..sik sedilut.” Saurane Sinta saka njero

kamar.

Let sadelo, Sinta buka lawang. Nina lan Via

banjur mlebu.
“Ana apa, Nin, Vi mrene?” Takone Sinta.
“Pengin ngajak dolan kowe, Sin.” Jawabe Nina.
“Yo ayo, meh ning ndi? Aku yo bosen nonton

TV, acara TV ne raono sing apik.”
“Pit-pitan wae yok, sisan mengko tuku jajan ning

Pak Supri.”Via usul.
“Yok..tapi aku ijin mbek Ibuku sik, oleh apa ora

panas-panas ngene ora turu awan malah dolan pit-pitan.”
“Halah ijinmu ngerjake tugas kelompok bareng

Fikri karo Aji wae, Sin.Rausah ngomong yen meh pit-
pitan.”

“Iya, Sin. Yen kowe ngomong meh pit-pitan
mesthi rak diolehke karo Ibumu.”

“Ngawur..mosok ngapusi Ibu, dosa.”
“Halah rapapa, Sin.Pisan-pisan.”
“Ora saben dina juga kok ngapusine.”
“Emm….” Sinta bimbang, langsung meneng karo

mikir.
“Ayo lik ndang, selak tambah panas.”
“Iya wis lah, sik tak omong Ibuku.”

Akhire Sinta manut omongane Nina lan Via sing

kon ngapusi Ibune.
“Bu.. Ibu…Aku meh… Aku meh ning…”
“Napa? Meh ning ndi?”

14

“Emm…anu…”
“Anu apa? Sing genah yen ngomong, raksah
plegak-pleguk ngono.”
“Maksudipun Sinta badhe ijin kerja kelompok,
Bu.”Nina banjur nyela omongan Ibu karo Sinta.
“Inggih, Bu. Ngerjake tugas bareng kaliyan Fikri
lan Aji, Bu.” Sambung Via.
“Ealah… mbok ngomong ket mau to, Sin…Sin…
ora plegak-pleguk kaya kuwi mau, Ibu dadi bingung to.”
“Hehe..Inggih ngapunten, Bu.”Jawab Sinta karo

nyengir.
“Yawis oleh, nanging maem sik. Nina, Via wis

maem durung, Nduk? Yen durung, maem sik kana
bareng Sinta.”

“Dereng, Bu.”
“Yawis ndang kana.Sin…iki kancane dijak maem
sisan.”
“Inggih, Bu.”

Sinta, Nina, lan Via banjur mangan awan bareng.

Sawise mangan awan, dheweke langsung pamit marang

Ibu.
“Sampun padha maem, Bu. Sinta, Nina, Via

budhal nggih, Bu.” sinambi padha salim marang Ibune

Sinta.
“Ya tiati, Nduk.Jaluk sangu rak, Nduk?”
“Hehe inggih, Bu.”Jawab Sinta karo nyengir.
“Ya nyoh…”
“Matur nuwun, Bu. Assalamu’alaikum.”

15

“Wa’alaikumsalam.”
Sinta buka garasi alon-alon, supaya ora ketawan
Ibune yen jupuk pit.
“Alhamdulillah wis kajupuk pit e. Yok
mangkat..”
Cah telu mau banjur mangkat pit-pitan.Muter-
muter desa, kabeh gang desa dilewati.Wis lumayan suwi
pit-pitan, dheweke leren mampir tuku jajan ning
warunge Pak Supri. Sawise tuku jajan, Sinta, Nina, lan
Vina banjur pit-pitan meneh, menyang ing tambak sing
ora adoh saka warunge Pak Supri mau. Saktekane
tambak, dheweke padha kaget weruh yuyu karo iwak
padha mati.
“Deloken Nin, Sin, ana yuyu karo iwak mati.
Mesaake tenan…”
“Wah iya, Ya Allah akeh tenan. Merga apa ya
kok isa padha mati ngene?” takon Nina.
“Ealah Nin, Vi, delok o kae akeh sampah ning
pinggir tambak e Pak Kaji Munif. Ayo resiki sampahe
bareng-bareng!” ajak Sinta.
“Ayo..” Nina lan Via nyauri bareng.
Sinta, Nina, lan Via langsung ngresiki sampah-
sampah sing ana ing sapinggiring tambak mau lan
dibuak ning bak sampah.
“Alhamdulillah wis resik… yuyu, iwak, lan
urange bisa padha urip tenang.”
“Iya, nek resik ngene ya penak disawang.”

16

“Saake Pak Kaji Munif harang yen iwake padha
mati, bisa rugi akeh.”

“Iya bener. Yawis ayo metu saka tambak.”
Sinta, Nina, lan Via banjur ngepit alon-alon metu
saka tambak. Ing tengah perjalanan, ujug-ujug Sinta
kebelet. Rak nyandhak tekan omah, mergane isih adoh
lan Sinta wis kebelet banget. Delalahe ana mushola
cedhak tambak mau. Sinta langsung nibake pit e lan
mlayu nggenjrit menyang kamar mandi mushola. Karo
ngenteni Sinta, Nina lan Via ngadem nguripke kipas
njero mushola. Nina dolanan mic mushola, banjur
azan.Ora disangka, jebul mic e murup nyambung
speaker mushola. Nina lan Via langsung kaget lan panik,
wong-wong padha metu saka omah moro ning mushola.
Mesthine padha batin, urung wayahe Asar nanging kok
wis azan. Sing azan suarane bocah wadon sisan. Nina lan
Via banjur didukani Ibu-Ibu.
“Iki sing azan anake sapa to? Gratil men
bocahe.”
“Ho’o ngageti wong wae, tak kirani ana apa kok
jam 2 awan ngene wis azan Asar.”
“Boten Kula, Bu. Niki Nina, Bu.”
“Inggih ngapunten, Bu. Kula kinten mic e mati,
boten nyambung kaliyan speaker.Tibak e murup
nyambung kaliyan speaker mushola.”
“Sisuk meneh aja dibaleni, Nduk.Rak sopan
harang cah wadon yahmene ning jero mushola dolanan
mic nggo azan sisan.”

17

“Inggih, Bu. Kula nyuwun pangapunten.”

Saurane Nina.

Shinta metu saka kamar mandi kaget, amarga

akeh wong padha moro ning mushola. Banjur dheweke

takon marang Nina lan Via.
“Lho Vi, Nin iki ana apa kok rame-rame akeh

wong?”
“Biasa to Nina polah.”
“Aja ngomong sing azan mau Nina?”
“Iya to sapa meneh.”
“Ya Allah Gusti, kowe petingkah o Nin. Ngawur

banget nganti rame wong padha moro ning mushola.”
“Hehe ya ngapurane, aku mung jajal tok mau.”
“Bejo kowe ora digebuki karo warga kene.”
“Heh Ya Allah aja nganti to, tegel kowe karo

kancamu iki.”
“Wis ben, kowe kandanane angel o.”
“Iya iya rak tak baleni meneh wis.”
“Wis ah malah padu ning mushola, rak ilok.Ayo

mending mulih wae.”
“Yawis ayo.”

Sinta, Nina, lan Via langsung mateni kipas ugi

nutup lawang mushola banjur ngepit mulih menyang

omah. Sak tekane mlebu gang desa, saka kadohan Ibune

Sinta wis ning njaba ngarepan omahe Fikri. Dheweke

cah telu padha kaget.
“Hih piye iki Nin, Vi.Ibuku ning ngarepan omahe

Fikri.Mesthi batin, kok anane mung Aji tok rak ana

18

dhewe.Padahal mau jarene meh nugas kelompok bareng
Fikri karo Aji.”Kandhane Sinta karo wedi.

“Wis rak papa, Sin. Mengko Aku karo Via sing
ngomong marang Ibumu.”

“Iya, Sin. Sing ngajari kowe ngapusi ya Aku karo
Nina.”

Sawise tekan omah Sinta arep ngleboke sepedhane,

dheweke ditimbali Ibune.
“Sin… Sinta… Rene sik, Nduk.”
“Lhais…” batine Sinta karo mlaku menyang

Ibune.
“Wis rak papa, Sin. Aku sing ngomong marang

Ibumu.” Nina ngayemke Sinta.
“Bar saka ndi, Nduk? Kok iki sing nugas

kelompok mung Fikri karo Aji tok.” Takone Ibu.
“Pit-pitan wonten tambak, Bu. Ngapunten

sakderengipun Kula ingkang ngajari Sinta ngapusi
marang Ibu.”

“Sisuk meneh aja dibaleni ya, Nduk. Yen misale

meh pit-pitan utawa dolan, pamite marang wong tua sing

jujur rak usah ngapusi kaya ngene iki. Yen ngapusi
ngene, sing intuk duso sapa?Ya awakmu dhewe to?”

“Inggih, Bu. Kula nyuwun pangapunten.”
“Kula ugi, Bu.”
“Wis rak papa, Nduk. Mau ana wong cedhak

tambak lewat, jarene ana bocah wadon azan. Kuwi sapa
ya kira-kira? Hayo….” Takon Ibu karo mesem ngguyu.

“Emm… anu, Bu.”

19

“Nina, Bu.” Jawab Sinta lan Via kompak
ngenyek.

“Botennnnnnnnnn Kula, Bu……”
Nina isin, banjur mlayu nggenjrit mulih menyang
omah.

(Pernah dipublish di Antologi Dipta
Pradanggapati)

20

Udan Angin
Dening : Syafira Nur Damayanti

Dina iki sedina keceput blas ora ana srengenge,
kumbahan sedina ora padha garing. Srengengene aras-
arasan njedhul.

Udakara jam setengah nem sore wayah maghrib,
udane wiwit tumiba. Swarane ning gendheng kumrosak,
gumrebyes, mratandhani udane pancen gedhe banget.
Banyu kaya disuntak saka dhuwur langit. Sedela bae
dalan, kalen peceren, got, lan plataran ngarep omah wis
lambah-lambah kebak banyu udan. Trelap, tatit susul
sumusul. Dene bledheg lan gludhuge saut-sautan adu
banter. Udane uga dibarengi karo angin. Swasana sing
maune tentrem, kabeh padha owah ngeyub golek papan
kanggo nylametake awake dhewe lan sanak keluargane.
Kabeh mau nggambarake tandha panguasane Gusti
Pangeran Kang Maha Agung kang tanpa sates, ora ana
manungsa utawa kekuwatan sing bisa nandhingi utawa
menggak.

Udan angine terus nggrejeh kaya-kaya grojogan.
Kalen-kalen peceren lan got wis wiwit kebak banyu.
Malah got-gotan kang mambek, mampet merga kebak
sampah kang njalari ora lancaring iline banyu ana
peceren padha mbludag. Banyune padha sumebar
ngelebi papan ing sakiwa tengene. Angin sing maune
padha anteng, dumadakan tumiyub banter. Saking
bantering tumiyubing angin, swarane sumiyut hawane

21

katon nggregesi. Akeh omah ambruk lan wit-witan
gedhe kang semplah jebol saoyot-oyote merga
katerjanging angina mau.

Watara meh patang jam udan angine lagi wiwit
terang. Langit sing maune peteng ndedet amarga
mendhung, saiki katon padhang sumilak. Angine ya wis
anteng maneh. Amarga udan bledheg lan udan angin
kang gedhe, listrik sak desa padha mati. Dadi sanadyan
langite wis padhang sumilak, nanging kahanan isih tetep
katon peteng ndedet . Lampu-lampu dalan ora ana kang
murub. Dumadakan keprungu swara banter kenthongan
ditabuh titi. Saweneh uga keprungu rame warga kang
bengok-bengok.

“Banjiirrr…banjiirrrrr!!”
Arahing swara kapernah saka kidul wetan omahe
Diki. Dadi benere buri omahe Diki sisih kiwa.
Miring swara banter kenthong titir lan
pambengoke wong-wong, Pak Kardi bapake Diki
enggal-enggal nyaut senter banjur madhosi.
“Badhe tindhak pundi, Pak?”, pitakone Diki
marang bapake.
“Kae lho, Ki, arep niliki sing padha kebanjiran.
Sajake ana buri omahe dhewe!”
“Diki ndherek pareng, Pak?”
“Peteng ndedet lho, Ki. Ning yen arep melu
nggawaa senter sijine. Aja lali nganggo sepatu both lan
aja cedhak-cedhak karo banjire mundhak keli utawa
klelep awakmu, Le.”

22

Diki lan bapake mlaku alon-alon marang arah
prenahing swara mau. Saka kadohan wis katon akeh
wong padha kemruyuk. Wah, sajak gedhe temenan
banjire. Omah-omah warga buri omahe Diki sing cedhak
kali wis keleban banyu udan mau. Wong sak kampunh
padha cancut tumandhang aweh pitulungan marang
warga kang kebanjiran. Barang-barang kang isih bisa
dislametake kabeh diusungi menyang papan kang luwih
dhuwur lan aman saka banjir. Nalika wong-wong padha
aweh pitulungan gotong royong usung-usung,
dumadakan udane tumiba maneh. Sakala wong-wong
padha bubar lan bali menyang omahe dhewe-dhewe
jalaran kuwatir banjire sangsaya gedhe. Bapake Diki uga
tumut kondur, Diki ndherek.

“Ketingalipun ageng nggih, Pak, banjiripun kala
wau.”

“Iya, Ki. Wah mesakake Pak Agus, babar pisan
ora bisa nylametake kabeh bekakase. Wis ngono tembok
omahe ya bengkah amba.”

“Kok saget ngaten nggih, Pak?”
“Daleme Pak Agus kae rak ya cedhak kali, lha
anggone gawe pager bumi moncol mlebu kaline.
Kamangka sadurunge yaw is dielingke nanging dheweke
tetep nekat. Wusanane bareng udan angina mau lan
banyu kali teka, temboke baka setithik kegiris banyu.
Suwe-suwe temboke bakal bolong, banjur pondhasine
bisa ambrol. Ambrole pondhasi ditututi karo ambruke
tembok mau. Dene ambruke tembok bakal tiba ing kali,

23

dadi kaya mbendhung. Mula banyune banjur muser
mlebu omahe Pak Agus mau. Gandheng tekane banyu
kang ora sranta, mula ngerti-ngerti mak leb, omahe wis
kebak banyu banjir campur lendhut lan sampah. Barang-
barange Pak Agus ora ana sing bisa dislametake, kabeh
bekakase kentir dening banyu banjir. Dhasare anggone
gawe pager bumi ya raper ora ana bolongan
pembuangane mula banyune mung muser ana kono-kono
thok. Suwe-suwe tembok omahe ya ora kuwat wusanane
ambrol sisan. Sajeboling tembok mau banyu tembe bisa
lumeber ing sakiwa tengene omah”, mengkono katrange
Pak Kardi, bapake Diki.

“Saupaminipun tembok dalemipun Pak Agus
boten ambruk dhateng lepen, mbokmenawi bakal boten
banjir nggih, Pak?”

“Ya bisa uga ngono, jalaran ilining banyu dadi
lancar. Nanging bisa uga ya tetep banjir jalaran ilining
banyu kang ana kalen-kalen got padha mampet amarga
akeh sampah sing padha dibuwang sembarangan ana
kalen!”

“Menawi mekaten mbucal uwuh menika boten
kenging wonten kalen utawi got nggih, Pak?”

“Ya ora mung kuwi, bangunan-bangunan lan
tanggul-tanggul ing sadawaning kalen ya kudu
ditertibake, sing moncol dikepras dene sing mlebu
dilempengake kareben ilining banyu bisa lancar.
Wusanane banjir kang bakal teka bisa dicegah dhisik
utawa ditanggulangi. Lan maneh got utawa kalen sing

24

padha mampet mau dadi susuh lemut, lha iki rak ya
marahi DBD utawa penyakit liyane. Saiki wis wengi,
ayo lik ndang mapan turu kana, Le, sisuk sekolah! Bapak
arep rondha dhisik, sisan ngawasi banjir.”

“Inggih, Pak.” Diki langsung mapan turu.

25

Kabegjan
Dening : Syafira Nur Damayanti

Dayat wiwit biyen mula pancen seneng open-
open maneka kewan. Nalika dheweke munggah kelas
lima, dheweke diparingi bebek sajodho dening mbah
kakunge. Ing wektu iku bebeke sing wadon isih cilik lan
sing lanang sih nom. Amarga gematine Dayat anggone
ngrumati, ora let suwe bebeke wis padha ngendhog.
Kapisanan endhoge mung sepuluh. Endhog sepuluh sing
diteteske ana lima, lima sisane diengkremi. Ndilalahe
begjan, endhog sing diengkremi kabeh netes. Dayat
langsung bungah atine.

Meri lima mau diopeni Dayat kanthi gemati,
semono uga bebek wadon lan bebek lanange. Saben esuk
lan sore mesthi dipakani. Pakane sing mesthi katul lan
dedak. Kadang kala uga diwenehi jagung sing wis
digiling, tepung roti, lan gegodhongan, sok godhong
pohong utawa kangkung. Kabeh mau pamrihe kareben
bebek-bebeke sehat-sehat.

“Kula nyuwun arta kagem tumbas bekatul, Pak.”
“Oh iya bapak lali, sik tak jupuke ning kamar.”
“Inggih, Pak.”
“Nyoh ki, Le. Pokoke yen meh tuku pakan bebek
matur bapak langsung, aja isin-isin. Dhuwitmu ditabung
wae.”
“Inggih, Pak. Matur nuwun, Pak.”

26

Dhuwit tukon pakan bebeke saperangan nyuwun
bapake, saperangan maneh dijupukake saka tabungan
sangu sekolahe.

Udakara rong sasi iki, meri-merine wis padha
disapih. Bebek wadone wis wiwit ngendhog maneh.
Ngendhog kang kaping pindho iki cacahe ana limalas.
Endhog limalas mau sing diteteske mung sepuluh, sisane
digoreng kanggo lawuh. Gandheng pangopenane Dayat
gemati lan setiti, endhog sepuluh mau ndilalahe bisa
netes kabeh, Dayat begjan meneh. Wah merine Dayat
apik-apik maceme, ana sing putih, ana sing ireng, lan ana
uga sing blirik.

Ora krasa wis setaun lawase Dayat open-open
bebek. Saiki bebek wadone wis ana rolas, dene bebek
lanange ana papat. Ngelingi saiki bebek wis akeh. Dayat
nyuwun digawekake kandang ana buri omahe. Kebon
kosong ana buri omah sakubenge dipageri pring kang
dhuwure kurang luwih rong meter setengah. Pamrihe
kareben bebek-bebeke ora saba menyang ngendi-endi,
cukup ana kandhang utawa papan kono wae.

Bebek wadon kang cacahe rolas mau bebarengan
meh ngendhog kabeh. Rame tenan, saben-saben
keprungu swarane bebek wadone kang mratandani bubar
ngendhog. Dayat saya bikut anggone nggawekake
petarangan kanggo ngendhog lan angkreme bebek-
bebeke.

Saben dina pagaweyane Dayat nglumpukake
endhog-endhog bebeke. Sakperangan diedol kanggo tuku

27

pakan lan ditabungake, dene saperangan maneh
ditetesake kareben bebeke sangsaya tambah akeh. Rong
dina pisan Dayat adol endhog bebeke kira-kira 20-30 iji.
Saben endhoge payu Rp. 1.500,-. Pangedole ora perlu
menyang warung utawa pasar, nanging cukup ana
ngomah wis mesthi diparani bakule.

Kaya mangkono ing sabendinane. Ngancik
unggah-unggahan menyang kelas enem, Dayat wis kena
diarani juragan bebek utawa juragan endhog. Jalaran
kajaba ngadol endhog, kala-kala Dayat uga ngedol
bebeke, mligi sing bebek lanang utawa bebek wadone
kang uwis tuwa siap didol. Dhuwite terus ditabungake
ana Bank.

Nalika Dayat munggah menyang kelas enem,
dheweke wis bisa tuku sepedha nganggo dhuwite dhewe
aslie adol bebek lan endhoge. Dayat saiki ya tambah
bregas, menawa sekolah numpak sepedha. Buku lan
perabotan sekolah liyane uga bisa dicukupi dhewe.
Dayat kalebu wong kang begjan. Bocah SD liyane
bisane lagi mudheng dolan, ananging Dayat bedha saka
bocah liyane dheweke bisa golek dhuwit dhewe.
Mangkono oleh-olehane Dayat kang gemati ngopeni
kewan, senadyan isih sekolah nanging wis bisa nyukupi
butuhe dhewe.

28

Endhog Asin
Dening : Syafira Nur Damayanti

Usahane Dayat ing babagan open-open bebek lan
endhog mundak dina mundak maju. Nanging amarga
kadaya saka setiti lan gematine Dayat, dheweke tansah
ikhtiyar mbudidaya amrih bisa gawe utawa bukak usaha
liya. Jalaran saka iku, mula bapake diaturi ngurusi usaha
bebeke kang uwis lumaku. Dheweke saiki nyoba gawe
usaha liya, yaiku gawe endhog asin.

Sakdurunge dheweke njebur ing usaha gawe
endhog asin iki, dheweke muter-muter mrana-mrene
golek sangu kapinteran marang wong-wong kang erti
carane gawe. Kajaba saka iku dheweke uga bikut nukoni
lan maca buku-buku kang magepokan karo usaha
endhog asin. Bubar oleh tambahan pangerten ing
babagan gawe endhog asin, dheweke nukoni lan gawe
perabotan sing dibutuhake. Dene perabotan-perabotan
mau ing antarane: ember kanggo ngumbah endhog
bebek, sikat kanggo nggosoki endhog, rak papan kayu
kanggo nyelehake endhog sing wis asin, lan liyane.

Sanadyan dheweke rumangsa wis oleh tambahan
pangerten utawa kawruh ing babagan gawe endhog
bebek sing rada akeh, dheweke uga ora kesusu
ngecakake usahane. Dheweke nggawe pacoban-pacoban
luwih dhisik lan banjur nyuwun priksa dhateng ibune
cara gawe endhog asin.

“Bu, kula badhe nyuwun priksa dhateng ibu.”

29

“Iya piye, Le cah bagus. Meh takon apa?”
“Ibu kala biyen pas taksih sekolah lha nggih
tumut simbah anggenipun ndamel tigan asin wonten
pabrik. Lha Dayat nyuwun tulung dhateng ibu, ajari
Dayat cara ndamel tigan asin menika, Bu.”
“Ealah Le..Le…dicepake sik perabotan-
perabotane. Yen uwis, dene lakuning pacoban mau kaya
ngene:
Endhog-endhog sing arep digawe asin dikum ana
ember sing wis dicawisake. Karepe ben reregedan sing
nempel ana kulite endhog gampang diilangi. Kira-kira
sepuluh menitan endhog sing wis dikum wiwit disikat
nganggo sikat. Nyikate ora perlu banter-banter cukup
alon-alon wae. Jalaran menawa nyikate banter banget,
endhoge bisa pecah. Sakbubare nyikat endhog, banjur
gawe adonan sing kanggo buntel endhog. Adonan mau
digawe saka uyah, awu, lan banyu sacukupe. Uyah
dijegurake ana banyu lan dicampur kareben nyatu.
Sakbubare iku awu diulet karo banyu asin mau. Yen
adonan mau wis dadi, nembe endhog sing wis dikumbah
dibuntel nganggo adonan asin mau. Anggone mbuntel
kudu rata ben asine endhog uga rata. Sakwise mbuntel
endhog, banjur diselehake ana rak. Suwene mbuntel
endhog nganggo awu asin mau kira-kira nganti rong dina
utawa nganti patang dina. Bubar iku banjur endhoge
dikumbah ben resik saka awu bekase buntel. Yen
endhoge wis resik, nembe digodhog nganti mateng.”
“Ealah jebul ngene ta, Bu.”

30

“Iya, Le cah bagus.”
Dayat anggone gawe pacoban ora mung sapisan,
nanging uga bola-bali. Tujuwane ben oleh endhog sing
asile ngepasi rasa kang dikarepake. Ora kurang asin lan
uga ora kasinen. Dene awu bekas bunteling endhog sing
wis asin mau ora langsung dibuwang, nanging
diklumpukake lan dipigunakake maneh supaya irit.
Rampung anggone gawe pacoban endhog asin,
Dayat muter saba toko lan warung-warung saprelu
nawakake endhog asine karo nggawa conto utawa tester.
Anggone muter ora mung ana desane dhewe, nanging
tekan jaban desa barang. Nyatane akeh tokoh lan warung
sing gelem nampa dagangan endhog asine Dayat. Kanthi
kanyatan kuwi Dayat duwe pikiran menawa usahane
bakale maju, mula dheweke banjur wiwit dodol endhog
asin.
Merga saka usahane kang paribasan ora duwe
kesel, mula sedhela wae sing pesen wis akeh. Usaha
anyare iki uga cepet majune. Malah saiki dheweke uga
bisa duwe pegawe. Ana sing dipasrahi ngumbah endhog,
mbunteli endhog, nggodhog endhog, ngecapi endhog,
lan ngider nyetorake marang toko lan warung-warung
sing wis langganan. Ora suwe Dayat wis kasil
ngedhegake pabrik endhog bebek dhewe ing desane.
Pegawene akeh tenan malah dhaerah pemasaran endhog
asine wis tekan jaban kutha.

31

Bab III
Naskah Drama

Keweleh
Dening : Syafira Nur Damayanti

Esuk iku, Bima lan Adit lagi lungguh ing jroning
kelas. Durung ana murid liya sing teka, sakliyane
dheweke kuwi.
Bima : “Dit, dina iki ana PR ora?”
Adit : “Rak ana, Bim. Oh iya, awakmu mau bengi
lunga ning ndi to, Bim?”
Bima : “Buka jaba bareng Bapak Ibuku. Loh kok
kowe reti yen aku lungo, Dit?”
Adit : “Ya mesthi reti, wong aku mau bengi meh
teraweh ngampiri kowe kok omahmu petengan karo
sepi.”
Bima : “Ealah iya, mau bengi aku kelalen ora
ngurupke lampu ngarep omah dadine ya petengan.”
Adit : “Pantesan…”

Jam 7 suasana kelas wis rame amarga wis padha
mangkat. Kring……… bel mlebu lan miwiti pelajaran
muni. Pak Budi mlebet kelas.
Pak Budi : “Sugeng enjang, Cah. Kurang seminggu
maneh bakal ngadhepi ujian. Mula ben gampang
anggone sinau, saiki dibagi kelompok supaya sinau
bebarengan sakbubare sekolah.Sak kelompok cah-cahe 4
nganti 5 wong. Ben adil, tak urutke absen ya.”
Murid-murid : “Inggih, Pak.”
Adi, Bani, Chandra, lan Doni dadi sakelompok karo
Bima. Bima kuwi anake wong kang ora duwe ananging

32

dheweke pinter lan intuk beasiswa. Sawise bagi
kelompok, Pak Budi jengkar merga bel ngaso muni.
Bocah papat mau kukuh ngemohi Bima dadi anggotane.
Bani : “Bim, menawa kowe dadi kelompokku njur
yen pinuju giliran sinau ana nggonmu, arep
mbokdokokake ngendi?” (pitakone Bani sajak ngenyek
Bima).
Adi : “Apa aku mbokjak klesetan lungguh jogan
lambaran klasa amoh?”
Bima sing ditakoni lan dinyek mak brabak atine, nanging
ora bisa kumecap apa-apa jalaran pancen kaya
mangkono kahanane.
Doni : “Lan maneh, Bim, aku arep mboksuguhi apa?”
(panyambunge Doni).
Chandra: “Haya penak kowe, Bim! Ning nggonku
lungguh kursi apik, daksuguhi jajan enak, wedange sing
larang. Balik ning nggonmu, pohong godhog wae
ndadak golek dhisik ana kebon. Apa kowe njaluk meluk
kelompokku ben bisa ngrasakake mangan enak, Bim?”
(panyelane Chandra).
Bani : “Mbok ya ngelingi ta, Bim. Wong kaya kowe
ki pantese ya sinau bareng karo wedhus sing padha
prenguse!” (kandhane Bani karo mithes irunge).
Bocah papat : “Ha….ha….ha…..” (bocah papat ngguyu
lakak-lakak meruhi Bima arep nangis).

Bima dadi cilik atine, nanging dheweke ora duwe
sipat nglokro utawa putus asa. Dheweke tetep sengkut
sinau, paribasan tanpa duwe kesel. Dina Setu jam 10.00

33

wong tuwane bocah-bocah kelas enem diklumpukake

ana aula sekolahan, semono uga para siswa kelas enem.

Bareng wis nglumpuk kabeh, Kepala Sekolah jumeneng

ana ngarep lan ngendika :
Kepala sekolah : “Bapak Ibu sekaliyan ing taun menika

sekolahan kita kasil lulus sedaya ing babagan Ujian

Nasional. Malah awit tambahing pangestu panjenengan

sedaya sekolahan kita ing taun menika kasil pikantuk

Juara 1 tingkat Kota. Ing babagan menika satunggaling

siswa kita saged nggayuh biji inggih piyambak. Awit

saking menika Bapak Walikota ngersakaken lare menika

supados purun nampi bebingah wonten ing Upacara

Bendera benjang Senen menika. Dene bebingahipun

arupi beasiswa sakdangunipun sekolah wonten ing SMP
ing kitha ngriki.”

Pak Joko, Bapake Bani kang rumangsa bola-bali

diwaduli dening Bani menawa dheweke sing paling

pinter dhewe ana kelas sajak ora sabar. Karo ngulungake

asthane Pak Joko ngendika gugup :

Pak Joko : “ Sin…sinten larenipun, Pak? Menapa

Bani anak kula?”

Kepala sekolah : “Bapak Ibu sekaliyan….lare menika

ingkang nggadhahi nomer ujian 17! Ayo bocah-bocah
sing rumangsa nomer ujian 17 engga maju!”

Mak brol, Bima ora kuwat ngampet eluhe.

Awake sakkojur krasa lemes kaya-kaya ora duwe daya

karo pipine teles eluh.pancen dheweke kang dikersakake

Pak Walikota kaya kang dingendikake Kepala Sekolah.

34

priksa kahanan kang kaya mangkono, Adit kanca

cedhake Bima nyedhaki Bima banjur ditangekake lan

digandheng Pak Budi disowanake Kepala Sekolah, karo

Bapake Bima melu tut wuri.
Kepala sekolah : “Bapak Ibu sekaliyan, inggih lare

menika ingkang nomer ujianipun 17 . naminipun Bima,

putranipun Bapak Slamet. Inggih menika juwaranipun

tingkat Kota taun menika. Lho kok malah nangis, Bim?”

Bima : “Kula trenyuh, Pak!” (ature Bima cekak

ora kuwat nahan tangise).

Bubar paring ucapan selamat marang Bima lan

wong tuwane, patemon wusanane dipungkasi. Bocah-

bocah kelas enem lanang wadon padha nyalami Bima,

nanging Adi, Bani, Chandra, lan Doni mung pating

plenggong pendheng-pendhengan sajak kisinan.

(Pernah dipublish di Antologi Dipta Pradanggapati)

35

Tepa Selira
Dening : Syafira Nur Damayanti

Tekan ing omah, Aryo terus njujug kamare. Tas
sekolahe terus diuncalake ngono wae ana ambene. Bubar
nyopot sepatune dheweke lungguh thenger-thenger ana
pinggir amben. Atine judheg, mangkel, trenyuh, uga
pikirane ngawang. Trasa pangrasane lungkrah, lemes,
kaya tanpa daya. Ngawang-ngawang cetha terwaca ana
tlapukaning mripat kedadeyan awan mau ana
sekolahane. Nalika iku Bu Siwi guru kelase, niti priksa
PR garapane bocah-bocah kelas papat. Buku tugas
Matematika kabeh ditumpuk ana dhuwur meja arep
dipriksani Bu Siwi. Buku tugas sing wis dipriksani
dibalekake marang sing duwe kanthi ditimbali siji baka
siji. Bocah-bocah kabeh padha lungguh anteng, ora ana
sing cemuwit.
Bu Siwi : “Bocah-bocah, apa dina iki ana sing ora
mlebu?”

Sauntara ora ana sing mangsuli. Bocah-bocah
kabeh padha noleh mangiwa manengen, mangarep, lan
memburi. Kabeh milang-miling naliti kancane. Ora let
suwe Roni, ketua kelas papat, ngacung banjur matur.
Roni : “Boten wonten, Bu. Sedaya mlebet, Bu.”
Bu Siwi : “Lho banjur sapa sing ora numpuk buku
tugas?”

36

Siji lan sijine padha pandheng-pandhengan.
Dumadakan saka bangku nomer loro sisih kiwa. Yadi
ngadeg karo ngacung banjur matur.
Yadi : “Nyu…nyuwun pangapunten, Bu, estunipun
kula ingkang boten numpuk, Bu!”
Bu Siwi : “Lho, kowe, Yadi. Kadingaren, kena apa kowe
ora numpuk? Apa kowe ora nggarap PR?”
Yadi : “Bo…boten, Bu.”
Bu Siwi : “Banjur, kena apa kowe ora numpuk
garapanmu?”
Yadi : “Buku kula teles, Bu.”

Dheg! Aryo kumlepas atine. Menawa Yadi crita
apa anane, mesthi dheweke bakal didukani bu guru. Ora
mung kuwi, mesthi dheweke uga bakal diaturake
menyang bapak utawa ibune. Wah lhais. Dheweke
mbayangake bakal didukani Bapake utawa malah diajar
sisan.

Pancen sanadyan Aryo kuwi anak tunggal lan
paribasane diugung, nanging bab pendidikan wong
tuwane banget nggatekake. Menawa dheweke luput
mesthi dielikake, utawa didukani, bapake Aryo iku lurah,
dene ibune ngasta guru ana ing SMP. Mula kang saka
iku wong tuwane ora kepengin ing tembe burine Aryo
dadi bocah ndugal. Sanadyan kaya mangkono bawane
bocah anak tunggal, mula sipat nakale tetep ana.
Menawa ana ing omah Aryo mbangun turut marang
kabeh dhawuhe wong tuwane. Nanging menawa ana
jaban omah, kena diarani Aryo nakal banget.

37

Esuk mau nalika mangkat sekolah, ana dalan
Aryo kepethuk Yadi. Dheweke isih mangkel karo Yadi,
jalaran biji ulangan bahasa Indonesia dek wingenane
kalah dhuwur karo Yadi. Yadi oleh sanga, dene Aryo
mung oleh pitu. Kagawa saka merine, Aryo wingi
mulasara Yadi. Klambine Yadi dioser-oseri thutuh debog
gedhang sing digawane saka omah. Yadi meneng wae,
ora nggagas. Dheweke rumangsa wedi, kajaba kalah
gedhe, dheweke uga wedi merga Aryo anake lurah ing
desane. Isih kurang marem anggone nyuntak rasa irine,
bukune Yadi banjur direbut dicegurake ana kalen kang
kabeneran banyune rada gedhe. Mula kang iku bukune
Yadi kabeh teles kebes.
Bu Siwi : “Lho, teles priye, ta Yad? Apa kowe mau
kudanan?”

Aryo sangsaya goreh atine, panyawange terus
tumuju marang Yadi.
Yadi : “Boten, Bu. Kala wau kula kepleset, lajeng
buku tugas kula dhawah wonten ing blumbang.”

Mak plong! Aryo rumangsa lega atine krungu
wangsulane Yadi kang nutupi tindake dheweke marang
Yadi.
Bu Siwi : “Lha klambimu barang kok ya kebak tlutuh ki
kowe bubar ngapa, ta, Le jane?”
Yadi : “Anu…anu…,Bu. Kala wingi kesampiran ron
pisang. Kala wingi simbok pados ron pisang kangge
pesenanipun Bu Tejo.”

38

Senadyan krungu kabeh wangsulane Yadi
nanging jroning batin Aryo krasa gela tenan, keduwung,
lan ternyuh. Dheweke rumangsa menawa kabeh mau

merga saka polahe kang kegawa rasa meri marang Yadi.
Mula saka kuwi jroning ati tukul pikiran kanggo nebus
sakabehing kaluputane marang Yadi. Nanging kepriye
carane? Dheweke bingung, mumet, lan judheg dhewe.
Ibu : “Lho kok durung salin, Ar?” Pandangune Ibu
kang wis kondur.
Aryo : “Ing…inggih, Bu.” Aryo gagap.
Ibu : “Ana apa ta, Ar, kok sajake lagi bingung?”
Aryo : “Boten kok, bu. Bapak dereng kondur, Bu?”
Ibu : “Durung,…o lha kae apa. Ya wis ayo lik ndang
maem bareng!”
Aryo : “Inggih, Bu.”

Bubar dhahar bareng, Aryo banjur matur karo
bapake.
Aryo : “Pak, Aryo badhe matur, annging ampun
didukani, nggih?”
Ibu : “Lho, ana apa ta, Ar, kok sajak penting
banget?”, panyelane Ibu.
Aryo : “Inggih, Bu.”
Bapak : “Wis, ayo gage ndang matur! Apa sing arep
mbokaturake?”
Aryo : “Anu..Pak, Aryo kala mau nakal, Pak. Nanging
sakniki Aryo gela lan rumaos kedosan. Aryo kepengen
nebus kalepatanipun Aryo, nanging kados pundi nggih,
Pak?”

39

Bapak : “Lha larah-larahe piye, Le?”
Aryo banjur nyritakake kedadeyan kala wingi lan

mau esuk ana sekolahane. Kabeh diaturake tanpa ana
sing ditutupi utawa ditambahi.
Bapak : “Ealah ngono ta. Yen ngono Bapak saguh
nulungi, nanging kowe kudu janji marang awakmu
dhewe menawa kowe bakal mareni nakalmu!”
Aryo : “Inggih, pak.”
Bapak : “Ayo, saiki ndherek Bapak!”

Aryo ora wangsulan maneh, dheweke langsung
ndherek Bapake. Dheweke diboncengake bapake
numpak sepedha motore menyang toko buku lan
perabotan sekolah. Ing toko iku bapake mundhut buku
rong puluh iji, jangkep karo alat tulis liyane. Ora lali uga
rong stel seragam sekolah SD. Bubar mundhut perabotan
sekolah, bapake Aryo banjur njujug menyang omahe
Yadi. Nalika iku Yadi lagi ngeleri buku-bukune sing
teles kebes ana ing ngarep omahe. Meruhi ana kancane,
kang nekani, dheweke langsung mrepeki.
Yadi : “O…mas Aryo, mangga. Mangga pinarak griya,
Pak?”

Mirsani kahanan kang kaya mangkono bapake
Aryo trenyuh banget manahe.
Bapak : “Lha wong tuwamu ana ngendi, Le?”
Yadi : “Anu, bapak sampun seda, dene simbok taksih
berah nggirahi wonten daleme Bu Tutik, Pak.”
Bapak : “Oh yawis…tekaku mrene iki saperlu njalukake
pangapura anakku Aryo sing wis nakali kowe, Le. Lha

40

iki bukumu sing teles kebes karo seragammu sing reged
kebak tlutuh takijoli. Tampanen ya Le Yadi lan apuranen
lupute Aryo, ya Le?” pangandikane Bapak karo
ngelungake bingkisan isi buku lan seragam sekolah.
Yadi : “Duh..lho…lha..” Yadi bingung.
Bapak : “Wis ta tampanen, le. Mengko kowe crita
marang simbokmu, dene Bapak karo Aryo mampir dilit
terus bali, Le.”
Yadi : “Inggih, inggih sendhika, pak. Matur nuwun,
Pak. Matur nuwun, mas Aryo.”

Bubar kedadeyan iku, Aryo lan Yadi dadi
kekancan raket banget. Kajaba saka iku, wiwit
kedadeyan kuwi Aryo wis ora nakal maneh. Sinaune uga
sangsaya mempeng lan ndadekake bapak lan ibune
sangsaya seneng penggalihe.

41

Kerja Bakti
Dening : Syafira Nur Damayanti

Ora kaya adat sabene, dina iki sanadyan wis meh
jam pitu esuk, lawang-lawang kelas isih padha tutupan.
Dina iki dina Senin, dina kang kapisanan bocah-bocah
padha mlebu sekolah. bocah kelas siji nganti kelas enem
wis katon padha teka. Bapak karo Ibu Guru uga wis
padha rawuh. Gandheng lawang-lawang kelas isih
kekuncen, bocah-bocah ora ana sing mlebu kelas. Kabeh
katon padha nggrombol ngumpul karo kancane dhewe-
dhewe sajake padha kangen-kangenan sakwise pisah
sawetara merga prei. Saperangan ana sing padha
dolanan, playon lan gegojegan. Saperangan maneh ana
sing padha ngetuprus nyritakake pengalaman preinane.
“Teng…..! Teng….! Teng….!” Ngepasi jam pitu bel
ditabuh. Dening Pak Arif, guru olahraga, bocah-bocah
diklumpukake ana plataran tengah sekolahan. Saben
kelas ketuane didhawuhi mbarisake kanca-kancane.
Bareng kabeh wis baris rata, Pak Arif paring aba-aba.
Pak Arif : “Perhatian…siaappp, grak! Istirahat di tempat
grak!”

Bocah-bocah padha sikep istirahat. Tangan
dipalangake ana mburi sangisore geger. Dene sikil
lelorone setengah mekangkang. Ing ngarepe bocah-
bocah padha baris katon bapak lan ibu guru jumeneng
jejer. Kabeh ora ana kang nyuwara.

42

Pak Arif : “Murid-muridku kabeh, dina kapisanan iki
kowe kabeh ing wayah esuk iki durung dikeparengake
mlebu ana kelas. Mengko Bapak Kepala Sekolah bakal
paring dhawuh, mula kabeh padha anteng lan gatekna
apa dhawuhe Bapak Kepala Sekolah!”

Bubar ngendikan mangkono banjur tindak
mrepeki Pak Widodo, iya Bapak Kepala Sekolah. Pak
Widodo banjur tindhak maju, jumeneng ana ngarepe
barisan.
Pak Widodo : “Murid-muridku kabeh, rak yawis padha
seneng nampa preinan catur wulan wingi, ta?”
Bocah-bocah : “Inggih, Pak.”
Pak Widodo : “Dina iki dina kang kapisanan kowe
kabeh padha mlebu maneh, nanging kowe kabeh mesthi
ya ngerti, kelas sing mbok tinggal preinan sajrone
seminggu ora ana kang ngresiki. Dadi wis mesthi reged,
lebune kandel. Mula saka iku, sadurunge kowe kabeh
bali sinau ana kelas, luwih becik kelase diresiki dhisik.
Jalaran sinau ana papan kang resik mesthi luwih
kepenak, ngresepake lan nuwuhake swasana sing sehat.
Mula dina iki kowe kabeh taksuwun gelema padha kerja
bakti resik-resik kelase dhewe-dhewe. Saben kelas
dipimpin ketua kelase. Dene Bapak utawa Bu Guru
ndampingi saperlu ngawasi lan mernah-mernahake
bocah-bocahe. Wis cetha durung, Cah?”
Bocah-bocah : “Sampun…,Pak!”
Pak Widodo : “Sapa sing arep takon? Menawa ana sing
durung mudheng karepe.”

43

Dodit, ketua kelas enem, ngacung karo maju

telong langkah.

Dodit : “Nuwun sewu, Pak. Lajeng pirantosipun

menapa mawon, Pak?”

Pak Widodo : “O…bab kuwi ta. Ngene, sing sapa omahe

cedhak dakparengake mulih dhisik saperlu njupuk

piranti. Saperangan ana sing njupuk sulak, sapu, kain pel

utawa lap, saperangan maneh ana sing njupuk ember.

Dene sing omahe rada adoh, ora usah mulih.”

Dodit : “Lajeng, buku kaliyan tasipun kados

pundi, Pak?”

Pak Widodo : “Kanggo sapa sing mulih, buku lan tase

tinggalen ana ngomah wae. Dina iki ora ana pelajaran,

mligi kanggo kerja bakti. Wis cetha? Menawa wis cetha

barisane ben dibubarake karo Pak Arif.”

Dodit : “Inggih sampun, Pak.”

Bubar ngendikan kaya mangkono Pak Widodo

langsung kondur menyang papan sakawit nglumpuk karo

guru-guru liyane. Lajeng Pak Arif jumangkah maju ing

ngarep barisan.
Pak Arif : “Kepriye bocah-bocah, wis padha cetha
kabeh ta?”
Bocah-bocah : “Sampun….,Pak!”
Pak Arif : “Siki gatekna! Perhatian...siaappp grak!
Bubar…jalan!”

Sawise atur kurmat, bocah-bocah padha bubaran.

Ora let suwe bocah-bocah katon sengkut nyambut gawe.

Ing sepisan sing diresiki sawang omah kemangga sing

44


Click to View FlipBook Version