pating grandul ing ternit kelas. Bubar kuwi meja-mejane
disulaki, nembe jogane disampu. Kabeh gumregut
nyambut gawe.
Dodit : “Eh yen wis resik, ayo padha ngunggahke
kursi. Bar kuwi dipel.”
Bocah-bocah : “Siap Pak Ketua.”
Bocah sing rumangsa awake gedhe, nima banyu
ana ember kanggo ngepel. Wis pokoke padha rukun
anggone nyambut gawe. Pancene ngono yen kerja bakti
dilakoni bebarengan, pagaweyan sing abot bakal dadi
entheng yen ditandhangi.
Saiki wis ketok resik kabeh. Jogan, meja kursi
wis padha resik, ora ana lebu sing nemplek. Gambar-
gambar presiden, wakil, garuda, pahlawan sing nemplek
tembok uga wis resik lan tememplek temata. Spidol lan
pambusake ya wis cumepak uga meja guru ya wis
diparingi taplak. Kira-kira jam sepuluh kabeh wis
rerampungan. Kelas wis siap kanggo papan pasinaon.
Bapak lan Ibu Guru mlebu kelas.
Pak Arif : “Wiwit sisuk wis pasinaon, muka saka
kuwi para murid kabeh tak dhawuhi nyiapake kabeh
perabotan kanggo pasinaon, lan ojo lali sinau sing
mempeng ben lulus lan munggah kelas bijine apik.”
Bocah-bocah : “Inggih, Pak.”
Pak Arif : “Wis jam setengah 11 ki, ayo ketua kelas
dipimpin maca donga.”
Dodit : “Inggih, Pak. Bersiap…donga
dipunwiwiti. Donga rampung. Duduk siap, beri salam!”
45
Bocah-bocah : “Selamat siang, Pak. Matur nuwun,
Pak.”
Pak Arif : “Iya, padha-padha. Ati-ati ning dalan ya,
Cah.”
Bubaran, kabeh padha mulih menyang omahe
dhewe-dhewe.
46
PANUTUP
Puji syukur tansah konjuk ing ngarsaning Gusti
Kang Maha Agung awit buku antologi RIKMA iki bisa
kababar lan katur ing ngarsaning para sutresna basal an
susastra Jawa. Alhamdulillah buku Antologi RIKMA
kang wose geguritan, crita cekak (cerkak), lan drama
bisa rampung tepat wektu.
Matur nuwun kagem dosen pengampu inggih
menika Bu Rahma Ari Widihastuti, S.Pd., M.A.. ugi
matur nuwun kanggo kamus bausastra ingkang dados
pendukung wonten panyusunan buku Antologi iki.
Nuwun.
Panulis.
47
BIODATA PENULIS
Nama : Syafira Nur Damayanti
TTL
Alamat : Semarang, 14 Juli 2001
Agama : Perum Korpri Tugurejo Rt
Status 7/Rw 5, Kelurahan
Tugurejo, Kecamatan
Tugu, Kota Semarang
: Islam
: Mahasiswa