The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by baskorosukristiawan20, 2023-08-14 23:08:41

PANABASA 7 GASAL_merged

PANABASA 7 GASAL_merged

DOKUMENTASI MGMP BAHASA JAWA MTs SE KAB. PURWOREJO LAUNCHING BAHAN AJAR “PANABASA KELAS VII,VIII, IX Gb. Pelaksanaan MGMP Bahasa Jawa di MTs Negeri 1 Purworejo launching Bahan Ajar Panabasa Kelas 7,8 dan 9 Gb. Pelaksanaan MGMP Bahasa Jawa di MTs Negeri 1 Purworejo launching Bahan Ajar Panabasa Kelas 7,8 dan 9 Gb. Pelaksanaan MGMP Bahasa Jawa di MTs Negeri 1 Purworejo launching Bahan Ajar Panabasa Kelas 7,8 dan 9 9


2 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL PENGETAHUAN Kompetensi Dasar 3.1 Memahami teks narasi tentang peristiwa atau kejadian. Indikator : 3.1.1 Mencatat dan mengartikan kata-kata yang sulit yang terdapat dalam teks wacana. 3.1.2 Menjawab pertanyaan wacana yang didengarkan dalam ragam karma. 3.1.3 Menemukan pokok-pokok isi teks wacana 3.1.4 Menyebutkan kosok balen ( lawan kata) 3.1.5 Memahami arti tembun entar dan bebasan A. MACA TEKS NARASI KEDADEAN Saben wong mesthi wis tau nyritakake kedadean kang dumadi ing sawijing papan panggonan kanthi urut lan cetha. Semono uga siswa, bisa nulis utawa nyaritakake teks narasi sebab kajaba bisa ngalami prastawa dhewe ing sawjining papan, utawa bisa lumantar pawarta / kabar kang ditampa. Kedadean kasebut diarani carita teks narasi. Ing pamulangan iki bakal diwedharake sing diarani teks narasi kedadean. Teks narasi kedadean iku sipate nyaritakake sawijining kedadean kang dumadi ig sawijining dhaerah utawa tlatah kanthi urut lan cetha. Ing carita iki, prastawa kang ditulis / diwedharake bisa nyata kedadean utawa mung daya angen angen panulis wae utawa imajinasi panulis. Kanggo mangerteni kaya ngapa tuladha teks narasi kasebut, ing ngisor iki kacawisake teks wacana kaajap siswa bisa maca kanthi premati ! WULANGAN 1 1 TEKS NARASI KEDADEAN TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menceritakan kembali cerita narasi kedadean. 2. Menemukan pesan atau amanat yang bisa diambil 3. Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 4. Mengidentifikasi bahasa yang digunakan. 5. Menjelaskan dan memberikan contoh tembung entar dan kosok balen. 6. Memahami bebasan dan memberikan contohnya. 7. Mempraktikkan berbicara menggunakan unggah ungguh basa yang benar


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 3 Gb. Swasana Kirab Budaya Mengeti Manganyubagya Pamerintah Kab. Purworejo kaping 192 Kirab Budaya Manganyubagya Kutha Purworejo Kaping 192 Purworejo iNews.id –, cacahe ana 16 bregada ngregengake kirab budaya manganyubagya madege Kabupaten Purworejo kaping- 192,( Senin/2/2023). Kirab iki dipandhegani dening Bupati Purworejo Agus Bastian tumuju ngubengi kutha Purworejo. Kirab iki dianakake minangka wujud nglestarekakke adat lan tradhisi Jawa. Kabeh peserta kira migunakake busana adat Jawa surjan lan kebaya. Kirab budaya iki minangka wujud kawigaten pameritah amrih masarakat bisa manganyubagya lan grengseng nindakake tanggap warsane Kabupaten Purworejo,” mangkono Bupati Purworejo Agus Bastian medharake. Kirab bergada iki wis dadi icon sujarah Kabupaten Purworejo kang diadani setaun sepisan . Ancase yaiku nepangake bab sujarah Purworejo jaman biyen. Kirab ing taun 2023 iki diwiwiti saka pendopo rumah dinas bupati. Para pangombyong sepisan yaiku bupati dan ibu, kadherekake dening kereta kang katitihi dening Forkompinda ( forum koordinasi pimpinan daerah), kepala Organisasi Perangkat Daerah (OPD). Saperangan Kepala OPD uga nitih turangga bareng camat kadherekake dening para pangembating praja lan para bregada. Kajaba iku kanggo nambah grengsenge acara kirab, para prajurit padha saiya saeka kapti nyekel tombak, lan ana kang jejibahane nabuh drum, gong lan suling. Para prajurit kasebut mlaku kanthi gagah prakosa ing sadawaning dalan utama Kabupaten Purworejo udakara 4 kilometer. Para warga masarakat Purworejo padha jejel riyel ngebaki dalan padha kepengin nyekseni regeng lan grengsenge prosesi lakuning kirab kasebut. Agus Bastian minangka Bupati Purworejo ngandharake menawa anane ngadani kirab budaya iki minangka wujud nglestarekake budaya Purworejo, kanthi pangajap muga muga bisa nguwatake Citra Purworejo lan bisa menehi gambaran utawa inspirasi kanggo dhaerah liyane.


4 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Negesi Tembung Tembung tembung ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih pilihan wangsulan kang wis kacawisake ing sisih ngisor ! - ngandharake - regeng - kadherekake - bregada - parade budaya - dititihi - mengeti - manganyubagya - grengseng - tlatah - turangga - jejibahane - pangembating praja - diwiwiti - diadani Pilihan a. Dhaerah f. Barisan k. Diterake b. Pemerintah g. Jaran l. Ngrayakake c. Dilekasi h. Semangat m. Rame d. Dianakake i. Ngrayakake Kasenengan n. Pawai /tontonan e. Njelasake j. Tugase o. Ditumpaki Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Tulisna andharane Bupati Kabupaten Purworejo,ngengingi kirab budaya ! Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... 2. Apa kang ditindakake Pamerintah Kabupaten Purworejo kanggo manganyubagya kaping 192? Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... 3. Kirab budaya iki minangka wujud kawigaten pameritah tumrap ? Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... 4. Sapa wae paraga kang ndherekake Bapak Bupati nitih turangga ? Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... 5. Tulisna jejibahane para prajurit kang melu kirab ? Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... 6. Sapa wae para paraga kang kadhapuk ing acara manganyubagya KabupatenPurworejo ! Wangsulan:…………………………………………………………………………………..…........................ .................................................................................................................................. 7. Apa kang njalari acara kirab tambah regeng ? Wangsulan:………………………………………………………………………………………....................... ..................................................................................................................................... 8. Tulisna ancas dianakake kirab budaya miurut wacan ing dhuwur ! Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... GLADHEN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 5 9. Kepriye busana kang diagem ing acara kirab ? Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... 10. Sapa kang jejel riyel ngebaki dalan padha kepengin nyekseni regeng lan grengsenge prosesi lakuning kirab ? Wangsulan:………………………………………………………………………………………......................... ..................................................................................................................................... Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi cara milih pratelan B ( Bener) utawa S (salah)! 1. Sawisenindakake parade budaya, Bupati Purworejo Agus Bastian paring dhawuh marang masarakat? B-S 2. Swasana kirab tambah regeng nalika para pekathik padha nitih turangga B-S 3. Maneka warna kesenian tradhisional uga ditonton dening masarakat B-S 4. Dalan utawa rute kangdiliwati udakara 4 kilometer B-S 5. 6. Acara Kirab budaya iki katindakake minangka mengeti dumadine Kabupaten Purworejo kaping 192 taun Ing taun iki kereta kencana kang diagem migunakake kereta kagungane B-S 7. Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat Para prajurit saiya saika kapti grengseng melu ngramekake acara kirab budaya . B-S B-S 8. Bupati Purworejo Agus Bastian mandhegani rombongan kirab budaya B-S 9. Acara kirab budaya bisa kalaksanan kanthi gangsar rahayu. B-S 10. Kirab bergada iki wis dadi icon sujarah Kabupaten Purworejo kang diadani setaun sepisan B-S I. Kosok Balen Tuladha : Njaga kosok balene rusak Munggahake kosok balene mudhunake Apa kosok baline tembung kang kacithak miring ngisor iki? 1. Menawa omong kuwi bok sing temenan lan ana nyatane. ……………..…. 2. Anggone duwe gawe mantu gedhen nganti wong sadesa diundang .………..…….. 3. Bocah kuwi wiwit cilik laranen wae. ………..……... GLADHEN GLADHEN


6 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 4. Barang kang wis diwenehake aja dijaluk. ………….……..


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 7 5. Urip kaya mangkono iku jenenge ngebreh. ………………… 6. Yen nyambut gawe aja klemar-klemer. ………………… 7. Ngepit ana ing dalan gedhe aja sembrana. ...…………….. 8. Janji kudu diugemi amarga sesuk ning akhirat bakal ditakokake. ..……………... 9. Tembungmu kuwi bok aja sing kasar-kasar ngono kuwi. ………………… 10. Karo kanca aja sok congkrah, iku ora becik. ………………… II. Tembung Entar Yaiku tembung sing duwe teges ora sabenere, tembung kasebut ngemot teges entar utawa kiasan Tuladha : Bocah kuwi dawa tangane tegese : seneng jupuk barange liyan. Adhiku isih ngangsu kawruh ana ing eropa. tegese : golek ngelmu a. Tembung entar kang tinemu ing ukara ngisor iki, golekana tegese ! 1. Mung prekara kaya ngono kok dipenggalih ta, bok ya sing jembar segarane. 2. Bondhan saiki rupak jagade amarga saka tumindake dhewe banjur saiki ora wani metu omah. 3. Desaku saiki padhang jagade wis ora ana wong kang kekurangan pangan tur maneh aman. 4. Anggone golek sawo ning kebon padha ngemut driji amarga jebule wite sawo wis ditegor. 5. Bocah kuwi ora ndalan amarga ana wong sepuh lenggah kok ya bludhas-bludhus ora matur. 6. Nalika wong tuwane sugih uripe mulya, nanging bareng wis seda saiki banjur ilang jarake. 7. Omonganmu kuwi mung ngenakiati supaya ora didukani bapak ta? 8. Urip ana ing pasrawungan kudu dilambari jembar dhadhane supaya bisa urip rukun. 9. Nyenyuwun karo wong tuwa kudu bisa angon mangsa supaya bisa kasembadan sing dijaluk. 10. Kowe kuwi rak mung kanggo mbuwang tilas ta? Sejatine aku ngerti satemene. Pilihane: a. tumindake supaya ora dingerteni f. sabar b. ayem tentrem g. sugih pangapura c. ora ngerti aturan h. mung gawe senenge ati wae d. entek kasugihane i. kentekan pasaban e. ora entuk apa-apa j. golek mangsa kang becik GLADHEN


8 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL III. Bebasan Bebasan yaiku unen unen sing ajeg panganggone mawa teges entar ngemu surasa pepindhan kang dipindhakake kahanan utawa sesipate wong utawa barang. Tuladha : Baladewa ilang gapite Tegese : wis ilang kekuatane Yuyu rumpung mbarong rone Tegese : ketoke sugih sejatine mlarat Tegesana bebasan ing ngisor iki kanthi milih wangsulan ing ngisore! 1. Obah ngarep kobet buri. 2. Opor bebek mentas awake dhewek. 3. Mrojol selaning garu. 4. Kakehan gludhug kurang udan. 5. Ketepang ngrangsang gunung. 6. Sedhakep ngawe awe 7. Jati ketlusuban ruyung. 8. Kalah cacak menang cacak. 9. Becik ketitik ala ketara. 10. Ngubak ubak banyu bening. Pilihane: a. Kakehan omong nanging ora ana buktine. b. Embuh kalah embuh menang sing wigati nyoba. c. Solah bawane wong gedhe dadi panutane wong cilik. d. Nggawe kerusuhan ing papan tentrem e. Golongane wong becik kelebonan wong ala. f. Njangka prekara kang mokal kelakone. g. Rukun nganti tekan patine. h. Kasil (mentas) saka rekadayane dhewe. i. Tumindak becik lan ala bakal katara ing tembe burine. j. Uwal saka bebaya. k. Mari tumindak ala ing batin isih pengin mbaleni maneh Salinana ukara ing ngisor iki nganggo basa Ngoko Alus! 1. Ibu ora sida tuku klambi amarga isih lunga. Wangsulan: ………….......................…………………………………………………………………… GLADHEN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 9 2. Bapak lara wis telung dina durung mari. Wangsulan:………….......................…………………………………………………………………… 3. Bulik ngundang aku supaya nggawekake wedang. Wangsulan:………….......................…………………………………………………………………… 4. Simbah durung bali saka pengajian wektu Shubuh. Wangsulan: ………….......................…………………………………………………………………… 5. Pakdhe anake ana lima lanange loro, wedoke telu. Wangsulan:………….......................…………………………………………………………………… 6. Amarga udan mula pakdhe ora sida rawuh mrene. Wangsulan:………….......................…………………………………………………………………… 7. Simbah ngomong menawa bengi-bengi ora kena metu. Wangsulan:………….......................…………………………………………………………………… 8. Paklik ngundang Pakdhe supaya dikongkon mangan. Wangsulan:………….......................…………………………………………………………………… 9. Bulik tulisane apik banget saiki lagi nulis kanggo simbah. Wangsulan: ………….......................…………………………………………………………………… 11. Bu Hamidah ora bisa nekani kumpulan amarga tanggane ana sing mati. Wangsulan: ………….......................…………………………………………………………………… IV. Mbenerke unggah-ungguh sing durung trep ! Tuladha : Bu, wingi siyang (weteng )kula kraosipun ( lara )sanget ! Bu wingi siyang weteng kula kraosipun sakit sanget Garapen kaya tuladha ing dhuwur ! 1. Pakdhe , nuwun sewu kula dereng saged ngomong karo kowe ! 2. Bu, ngapunten mas kula badhe mulih rumiyin badhe mulihake sepedhanipun pakdhe ! 3. Pak, mangga dipangan menika panganane ! 4. Pak lurah panjenengan dikon teka ing acara mangke dalu ! 5. “Bu, kula badhe takon kaliyan panjenengan” GLADHEN


10 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Kompetensi Dasar 4.1 Menanggapi isi wacana narasi tentang peristiwa atau kejadian. Indikator : 4.1.1 Membaca teks narasi 4.1.2 Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi bacaan dalam ragam krama 4.1.3 Menulis ringkasan. 4.1.4 Memberi tanggapan hasil diskusi berkaitan teks naratif tentang peristiwa atau kejadian 2. Nanggapi Teks Narasi Prastawa I. Teks wacana ing ngisor iki wacanen kanthi premati ! BEBAYANE COVID 19 OMICRON Covid 19 varian omicron Pebruari 2022 wiwit nyebar ing saindhenging tlatah Indonesia, mangkono andharane Presiden RI Joko Widodo. Miturut Kementerian Kesehatan RI (Kemenkes), sanajan varian Omicron duweni tingkatan perawatan ing rumah sakit kang luwih entheng tinimbang varian Covid-19 sadurunge,nanging sumebare virus iki kalebu cepet banget mula tetep kudu waspada. Menteri Kesehatan Budi Gunadi Sadikin njaluk supaya masarakat mengerteni titikane lan tandha-tandhane varian omicron. Sedyane pak menteri kasebut duweni ancas kanggo mbudidaya ngawekani sumebare covid 19 tansaya ngambra-ambra. Kementerian Kesehatan nyathet kasus konfirmasi Omicron tekan Setu (8/1) cacahe 414 wong. Saka cacah kasebut, 50 wong kena kasus transmisi local, dene turahe saka wong kang nindakake lelaku ing mancanegara. Mangerteni prastawa mangkono Juru Bicara Vaksinasi COVID-19 Kementerian Kesehatan dr. Siti Nadia Tarmizi ngandharake masarakat supaya ora nindakake lelaku tekan mancanegara, awake dhewe aja nganti lena, aja nganti prastawa ing negara India dumadi ingIndonesia. Perlu dingerteni menawa kasus nulare Omicron paling akeh asale saka negara Turki dan Arab Saudi. Sanajan wis nindakake vaksinasi COVID-19, nanging vaksinasi KETRAMPILAN Tolong dikasih gambar


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 11 ora njamin saben wong ora ketularan virus covid 19. Mula saka iku perlune netepi protokol kesehatan antarane yaiku njaga jarak, maskeran, wisuh tangan, ngurangi lelungan, lan ngedohi kumpulan /kerumunan. Kemenkes uga duweni pangajap saben dhaerah bisa nguatake kegiatan 3T (Testing, Tracing, Treatment), aktif nindakake pemantauan menawa ditemokake cluster-cluster anyar covid-19 lan age-age nglapurake lan koordinasi marang pamerintah utawa satgas covid ing saben dhaerah. Gladhen ! a. Coba tembung tembung ing ngisor iki gathukna tegese kanthi milih pilihan kang bener ing sisih tengen ! 1. Saindhenging 2. Tlatah 3. Andharane 4. Waspada 5. Ancas 6. Mbudidaya 7. Ngawekani 8. Ngambra-ambra 9. Prastawa 10. Dumadi 11. Pangajab 12. Age age b. Tembung tembung ing ngisor iki owahana dadi basa krama - Mangkono : .............................. - njaluk : .............................. - Andharane : .............................. - supaya : .............................. - Sanajan : .............................. - turahe : .............................. - Duweni : .............................. - kang : .............................. - luwih entheng : .............................. - nindakake : .............................. - sadurunge : .............................. - lelaku : .............................. - kalebu : .............................. - tekan : .............................. - kudu : .............................. - aja nganti : .............................. - mangerteni : .............................. - awake dhewe: .............................. - kena : .............................. - marang : .............................. c. Tulisna surasane / isi pokok wacan ing dhuwur ! ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... a. Cepet-cepet d. kedadean b. Pengarep-arep e. nyegah c. Tambah ake/gedhe f. Ati - ati g. Saben h. dhaerah i. tujuwan j. usaha k.klakon/dumadi l. penjelasane


12 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL II. Rura Basa Tegese Rurabasa Rura tegese rusak, dadi kang diarani rurabasa yaiku basa sing salah kaprah / rusak nanging jalaran wis kulina dianggo ing masarakat dadi katon lumrah/ora luput Tuladha Tuladha Bapak menek klapa tegese : sing dipenek wite klapa, dudu klapane Adhik nggodhog wedang tegese : sing digodhong banyune supaya dadi wedang Rura basa ing ukara ing ngisor iki golekana tegese ! 1. Budheku mbuntel sate kanggo adhik. : ....................................................................................................................................... 2. Budi mau ngenam klasa nganti sore. : ....................................................................................................................................... 3. Mbah Jaya isih ndheplok gethuk . : ....................................................................................................................................... 4. Bu Salamah njait klambi bathikku : ....................................................................................................................................... 5. Pak Hasan mikul dhawet nganti kabotan : ....................................................................................................................................... 6. Sawise adang sega bulikku banjur sare. : ....................................................................................................................................... 7. Pakdhe nggawe bata kanggo mbangun omah. : ....................................................................................................................................... 8. Judika tuku jarum 76 kagem bapak. : ....................................................................................................................................... 9. Bulik nunggu manuk ing sawah : ....................................................................................................................................... 10. Pakdhe tilpun budhe ngagem XL : .......................................................................................................................................


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 13 I. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan a,b,c utawa d sing ko anggep bener ! 1. Teks carita kang nyaritakake kedadean kanthi urut lan cetha diarani teks... . a. Deskripsi c. Narasi b. Persuasi d. Argumetasi 2. Ing ngisor iki kang ora ana gegandhengane ngengingi teks narasi.... a. Caritane nyata utawa ora nyata kedadean c. Dumadi ing sawijining papan b. Dicaritakake kanthi urut lan cetha d. Isine nggambarake kahanan 3. Ing ngisor iki ora kalebu carane nulisteks narasi yaiku.... a. Nemtokake nderaning rembug / tema c. Nemtokake guru gatra lan guru lagu b. Milih irah –irahan / judul kang trep d. Milih tetembungan kang mentes 4. Ing ngisor iki kalebu tuladha rura basa ... . a. Adus kringet c. Kepenak dirungokake b. Atos atine d. Nggawe jadah 5. Sapa wae bisa nulis teks carita narasi kang isine nyata sebab... . a. Saben wong durung tau ngalami kedadean c. Ngalami kedadean utawa lumantar kabar b. Isine nyenengake d. Saben wong bisa carita 6. Goleka ngelmu saakeh akehe pumpung isih enom supaya duwe seserepan akeh lan mumpangat. Tembung kacithak miring dhuwur tegese… . a. Pengetahuan c. Pengalaman b. Gawean d. Dhuwit 7. Prastawa budaya kang kagelar dening Pemerintah Purworejo arane… . a. Kirab Kencana Agung c. Kiraban dolalak lan kethoprak b. Kirab Kencana mangayubagya d. Kirab Kereta Kencana 8. Kereta kencana kang diagem migunakake… . a. Kereta kagungane Pemkab Purworejo c. Masarakat Purworejo b. Saka 16 kecamatan ing Purworejo d. Kagungane Kraton Ngayogyakarta 9. Para pangembating praja padha nitih turangga saengga ndadekake… acara kirab budaya. a. Tambah akeh c. Jejel riyel b. Tambah regeng d. Slamet 10. Tembung kagaris ngisor ing wacan ing dhuwur tegese… . a. Kecamatan c. Kutha b. Dhaerah d. Manggon 11. Ing taun iki kereta kencana kang diagem migunakake kereta kagungane Kraton Ngayogyakarta. Ukara ing nginggil ngginakaken basa… . UJI KOMPETENSI I


14 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL a. Ngoko lugu c. Krama lugu b. Ngoko alus d. Krama alus 12. Alhamdulillah acara kasebut bisa kalaksanan kanthi gangsar rahayu. Gangsar rahayu tegese… a. Rame banget c. Lancar lan slamet b. Keslametan d. Lancar banget 13. Ing ngandhap menika boten kalebet wosing teks “Kirab Kereta Kencana Manganyubagya Kutha Purworejo Kaping 189”inggih menika… . a. Acara dianakake ing dina Setu, 07 Maret 2020 b. Warga masarakat pada nonton jejel riyel c. Barisan bergada padha nitih turangga d. Acara kalaksanan kanthi lancar 14. Ing kesenian wayang iku, ana wong kang jejibahane nabuh gamelan. Paraga kasebut arane... a. Juru kunci c. Dhalang b. Niyaga d. Sindhen 15. Aja seneng ngubak – ubak banyu bening. Ukara kasebut kalebu tuladha... a. Sanepo c. Paribasa b. bSaloka d. Bebasan 16. Ing ngisor iki panulisan ejaan kang bener miturut paugeran panulisan basa Jawa yaiku …. a. Ngethoki, mudhun, nggawa c. Mudheng, njupok, dhuwet b. Budeg, nggowo, nyekel d. Nggandal, nyangkeng, gareng 17. Ukara ukara ing ngsior iki kang bener miturut unggah-ungguh basa ana ing … . a. a. “Pak, wis mangan durung awakmu?” c. “Pakdhe panjenengangan pun tilem?” b. b. “Bu, mangke sampeyan kesah boten?” d. “Mbah, ngunjuk kopi kersa boten?” 18. Ing ngisor iki ukara kang migunakake kosok balen ana ing… . a. Sawise mangan aku turu c. Sawise ngadeg aku njagong maneh b. Adhiku nututi layangan pedhot d. Mbaknyu nguyak wedhus gembel. 19. Sawise ngangsu kawruh ana ing universitas, adhiku dadi jembar kawruhe. Tembung kagaris ngisor tegese… . a. Pengalaman c. Kuminter b. Pinter d. Padhang atine 20. Covid 19 varian omicron Pebruari 2022 wiwit nyebar ing saindhenging tlatah Indonesia, mangkono andharane Presiden RI Joko Widodo. Tembung kagaris kandel ukara ing dhuwur tegese... . a. Kabupaten c. Dhaerah b. Masarakat d. Kutha II. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi ringkes lan cetha ! 1. Prastawa kirab kasebut katindakake dening Pemda Purworejo. Prastawa tegese... 2. Acara kirab budaya iki katindakake minangka mengeti dumadine.... 3. Mbakyuku sawise purna anggone sinau ana ing kampus Nyogyakarta saiki tambah jero kawruhe.Jero kawruhe tegese.. . 4. Turangga kang diagem kirab dituntun dening... . 5. Kesenian budaya kang diperagakake salah sijine yaiku....


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 15 6. Masarakat Purworejo katon regeng nonton kirab kencana kasebut. Regeng tegese.... 7. Bapak arep nggawe omah. Ukara kasebut kalebu tuladha... . 8. Wakil Bupati Yuli Hastuti kanggo mandhegani rombongan kirab. Tembung kagaris miring tegese... 9. Yuyu rumpung mbarong ronge. Bebasan kasebut duweni teges... . 10. Dina iki Adhik didhawuhi bapak supaya nunggu manuk ing sawah. Ukara kasebut rura basane.... III. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor kanthi patitis! 1. Tulisna tuladha rurabasa 3 wae, banjur gawea ukara kang becik ! Wangsulan : …………………………………………………………………………...........…………………………………………….. ……………………………………………………................................................................................. ....................................................................................................................................... 2. Golekana tegese bebasan ing ngisor iki ! a. Golek banyu bening b. Idu didilat maneh Wangsulan : …………………………………………………………………………............................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ 3. Mbah, kowe mengko sore sida lunga menyang Jogja ora? Menawa matur karo simbah nggunakake unggah-ungguh kang bener dadine ? Wangsulan: ……………………….......................................………………………………………………… 4. Golekana tegese tembung tembung ing ngisor iki ! a. Manganyubagya b. Grengseng Wangsulan: ……………………………………………………….........................................…………………................... ........................................................................................................................................ ....................................................................................................................................... 5. Gawea teks narasi ngengingi sawijing prastawa / kedadean sing isih viral ing dhaerahmu (dawane cerita kurang luwih sapada wae) Wangsulan : …………………………………………………………………………............................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................


16 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL WULANGAN 2 CERITA RAKYAT TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Mmenjelaskan devinisi cerita rakyat dan jenis jenis cerita rakyat 2. Mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan 3. Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 4. Mengidentifikasi bahasa yang digunakan 5. Menuliskan contoh cerita rakyat dangan ragam bahasa ngoko alus yang benar. 6. Memahami penerepan tembung panggandheng dalam kalimat 7. Memahami penerepan basa ngoko lugu dan ngoko alus dalam pergaulan sehari hari 8. Membedakan tembung lingga dan tembung andhahan 9. Menerapkan tembung rangkep dalam kalimat 10.Menulis ejaan baku sesuai kaidah penulisan Kompetensi Dasar: 3.2 Memahami cerita rakyat Indikator : 3.2.1 Menjelaskan devini dan jenis jenis cerita rakyat. 3.2.2 Mendengarkan wacana cerita rakyat 3.2.3 Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit 3.2.4 Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi teks 3.2.5 Menemukan amanat cerita A. CERITA RAKYAT Carita rakyat mujudake carita kang asale saka rakyat utawa masarakat. Carita rakyat ora dingerteni saka ngendi sumbere lan sapa pangripta/ pengarange. Ananging carita iki wis turun tumurun bisa kanthi gethok tular utawa lisan. Carita rakyat bisa lestari nganti tekan saiki jalaran ngemot pitutur becik kanggo patuladhan kang ancase supay nglakoni urip ing donya iki ora sasar utawa nyimpang saka tatanan. Jenis –jenis carita rakyat antarane: 1 . Fabel : Yaiku carita rakyat kang isine nyaritakake kewan. Tuladha:Kancil lan baya, kancil nyolong timun lsp 2. Legenda : Yaiku carita kang nyaritakake asal –usul dhaerah utawa panggonan. PENGETAHUAN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 17 Tuladha : Dumadine Danau Toba, Tangkuban Prau, Rawa Pening, Baturaden lsp 3. Mite : Carita rakyat kang isine nyaritakake dewa-dewi, ngemu rasa sakral utawa mistis. Tuladha : Nyi Roro Kidul, Dewi Sri lsp 4. Sage : Yaiku carita rakyat kang isine ngemot sujarah. Tuladha : Damarwulan, Ciung Wanara. I. Maca Teks Wacanen cerita rakyat ing ngisor iki ! Candhi Prambanan Gb: Candi Prambanan ing tlatah Prambanan, Klaten Jawa Tengah Dumadine candhi Prambanan ora bakal uwal saka Senapati Pengging kan asma Bandhung Bandhawasa. Sawise ngalahake Prabu Boko, Bandhung kasil nguasani Kraton Prambanan lan dadi nalendra ing kono. Bandhung gandrung marang Rara Jonggrang, putrine Prabu Boko. Bandhung banjur kepengin ngalap Jonggrang dadi garwane, nanging Rara Jonggrang ora gelem amarga ramane wis dipejahi marang dheweke. Jonggrang nolak kanthi alus, dheweke duwe sedya supaya digawekake candhi cacahe sewu iji lan sumur kembar. Sumur lan candhi kudu rampung kagawe ing wektu sewengi. Bandhung Bandhawasa nyaguhi panjaluke Rara Jonggrang. Kanthi pambiyantu lan panyengkuyung para jin, Bandhung bisa gawe candhi lan sumur, dene cacahe candhi isih 999 nalika para jin pengin ngrampungake keprungu swara warga padha nutu pari. Tandang gawene Jonggrang kabiyantu para kenya kenya warga sakiwa tengene kraton Boko iku njalari kewan-kewan alas lan raja kaya liyane padha geger rumangsa wayah esuk tumeka. Bab iku uga kang ndadekake para jin kewedan wusanane padha kukut ora sida ngrampungake gawe candhi. Kanthi kawasisane Rara Jonggrang bisa ngrekadaya Bandhung Bandhawasa, amarga rumangsa dipaeka Bandhung Bandhawasa ora trima banjur nyupatani Rara Jonggrang supaya dadi candhi nggenepi supaya bisa sewu.


a. Tembung tembung ing ngisor iki golekana tegese ! NO TETEMBUNGAN TEGESE 1 Dumadide ………………………………………… 2 Nalendra ………………………………………… 3 Gandrung ………………………………………… 4 Ngalap ………………………………………… 5 Sedya ………………………………………… 6 Panyengkuyung ………………………………………… 7 Raja kaya ………………………………………… 8 Kukut ………………………………………… 9 Kawasisane ………………………………………… 10 Ngrekadaya ………………………………………… b. Tembung-tembung ing ngisor iki gawea ukara kang becik ! 1. Pambiyantu : .............................................................................................................. 2. Ngrekadaya : ............................................................................................................. 3. Kenya : ............................................................................................................. 4. Rumangsa : ............................................................................................................. 5. Geger : ............................................................................................................. 6. Nyaguhi : .............................................................................................................. 7. Nyupatani : ............................................................................................................. 8. Gadrung : .............................................................................................................. 9. Wusanane : .............................................................................................................. 10. Keweden : .............................................................................................................. c. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi patitis ! 1. Sapa sejatine Bandhung Bandhawasa iku ? Wangsulan : .............................................................................................................. GLADHEN


18 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 2. Apa sing dumadi sawiseBandhung Bandhawasa ngalahake Prabu Boko? Wangsulan : .............................................................................................................. 3. Apa sebabe Jonggrang ora gelep dialap garwa Senapati Pengging? Wangsulan : ............................................................................................................ 4. Apa panjaluke Jonggrang marang Bandhung? Wangsulan : ............................................................................................................. 5. Apa sing ditindakake Jonggrang supaya kasil ngrekadaya Bandhung Bandhawasa? Wangsulan : ............................................................................................................ 6. Jonggrang njaluk pambiyantune sapa amrih kekarepan bisa kasembadan? Wangsulan : ............................................................................................................. 7. Apa sing dumadi nalika kewan kewan alas lan raja kaya padha geger ? Wangsulan : ............................................................................................................ 8. Tulisna sapa wae paraga carita kang kadhapuk ing carita ing dhuwur ! Wangsulan : ............................................................................................................ 9. Tulisna 3 watake Bandhung Bandhawasa miturut teks cerita ing dhuwur ! Wangsulan : ............................................................................................................ 10. Apa sing ditindakake Bandhung mangerteni dipaeka Roro Jonggrang ? Wangsulan : ............................................................................................................ b. Tulisna amanat utawa pesen moral kang bisa kajupuk saka cerita kasebut ! 1. ………………………………………………………………………………....................................…………… 2. ………………………………………………………………………………....................................…………… 3. ………………………………………………………………………………....................................…………… 4. ………………………………………………………………………………....................................…………… 5. ………………………………………………………………………………....................................……………


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 19 Kompetensi Dasar 4.2 Memahami cerita rakyat Indikator : 4.2.1 Menulis kembali cerita rakyat yang didengar 4.2.2 Menulis salah satu contoh cerita rakyat 4.2.3 Berbicara menggunakan basa ngoko alus 4.2.4 Menjelaskan tentang tititembung dan contohnya 4.2.5 Menulis menggunkana ejaan yang benar A. Nulis Carita Rakyat Coba sawise maca teks carita rakyat ing dhuwur siswa bisa nulis sawijing carita rakyat sing kongerteni nggunakake basa sing becik ! ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... .....................................................................................................................................................


20 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL I. Tembung Panggandheng Tembung panggandeng yaiku tembung kang digunakake nggandheng ukara siji lan sijine saengga ndadekake ukarane dadi cetha karepe. Tuladha tembung panggandheng antarane : lan,banjur, menawa, ewadene, dene, nanging, amarga, sebab/ jalaran, supaya, utawa lsp. Tuladha : Bapak sasampunipun dhahar lajeng ngunjuk kopi. Ukara-ukara ngisor iki ganepana nganggo tembung panggandheng kang gumathuk ! 1. Sawise adus adhik … didulang ibu. 2. Kangmas ndhawuhi aku … nggarap PR basa Jawa. 3. Syifa … Wardatul jebule isih sedulur misan. 4. Wetengku lara banget … wingi awan dijak lutisan karo kancaku. 5. Bulik wingi sore ngendika … ora bisa kumpulan dasa wisma. 6. Rampung nggarap laporan, kangmas … tindak pengajian. 7. Pakdhe nalika tindak kepleset … pancen dalane lunyu banget. 8. Mbakyu lagi wae kemutan … sesuk kuwi jebule dina Jemuwah Kliwon. 9. Simbah … ibu nembe wae kondur saka manasik haji. 10. Pituture Budhe kuwi becik banget yaiku … kowe kabeh bisaa urip kang kepenak. II. Unggah-ungguh Basa Jawa Unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi 4 yaiku : basa ngoko lugu, basa Ngoko Alus (ngoko andhap ), basa krama lugu, lan basa krama alus (krama inggil ). Ana ing wulangan siji iki sing dirembug yaiku basa ngoko lugu lan basa ngoko alus (ngoko andhap). 1. Ngoko Lugu Ngoko lugu yaiku basa kang tembunge ngoko kabeh. Cak-cakane kanggo wong sapadha-padha, wong tuwa karo wong enom, wong sing wis akrab, wong kang lagi ngunandika (omong dhewe), utawa bendara karo rewange. Wujude basa yaiku tembunge ngoko kabeh. Tuladha: a. “Aku karo kowe saiki mlaku-mlaku.” b. “Dhik, apa kowe wis mangan?” c. “Sesuk menawa wis gedhe aku arep dadi guru basa Jawa ing MAN.” 2. Ngoko Alus Ngoko Alus yaiku basa kang cak-cakane kanggo wong enom marang wong tuwa utawa sing diajeni. Bisa uga wong tuwa marang wong enom nanging nduweni drajat kang luwih dhuwur. Wujude : tembunge ngoko kacampur krama. Sing dikramakake yaiku tembung sing mbasakake wong tuwa utawa sing diurmati, yaiku kang mratelakake : tembung kriya (kata kerja), tembung aran (kata benda), tembung kaanan (kata sifat) utawa tembung sesulih wong kapindho ‘kowe’ diganti “panjenengan”


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 21 Katrangan : dene tembung-tembung kang mratelakake katerangan wektu, papan, ora perlu dikramakake. Tuladha a. “Bapak apa wis dhahar?” b. “Ibu ora bisa sare amarga gerah.” c. “Dhik, kapan arep tindak kantor maneh, cutine rak wis entek ta?” d. Saiki aku wis ngerti daleme pak guru. e. Nalika aku mlaku mlaku ana ing alun-alun Magelang, aku weruh Bu Guru isih padha lenggahan karo garwane. Salinana nganggo basa ngoko alus! 1. Budhe ora bisa teka amarga isih lunga PKK. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 2. Pakdhe mangane ora bisa akeh amarga wis wareg. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 3. Kapan anggone Pak Ali bali saka kedhutaan? Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 4. Simbah nggawa kayu telung unting. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 5. Bulik wingi sore lunga nggawa gula akeh . Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 6. Simbah ngguyu bola-bali nganti kaya arep nangis. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 7. Pak Lurah anggone sesorah karo ngadeg. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 8. Paklik ndeleng rapote adhik karo lungguh Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 9. Pakdhe tuku wedang rondhe ana warung. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. 10. Mbah putri ngombe banyu putih adhem akeh banget. Wangsulan: …………………………………………………………………............................………….. GLADHEN


22 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Nulis ukara nganggo basa ngoko alus Tuladha Gladhen ! a. Apa basa ngoko aluse tembung ngisor iki banjur gawenen ukarane! 1. Tuku, mangan : ……………... Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 2. Mlaku, numpak : ……………... Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 3. Turu, nonton : ……………... Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 4. Bali,omah : ……………... Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 5. Gawa, duweke : …………….. Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 6. Ngomong, teka, : …………….. Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 7. Lunga,bojone : ……………... Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 8. Njupuk, Ngombe : ……………… Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 9. Maca, nulis : …………….. Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. 10. Lara, mripat : …………….. Ukarane : …….…………………………......................................…………………………. b. Ukara basa ngoko ing ngisor iki owahana dadi basa ngoko alus ! Tuladha : Ibu saiki sida jupuk klambi ana ing omahe bu Lurah ( ngoko lugu) Ibu saiki mundhut ageman ana ing daleme bu Lurah ) ngoko alus) 1. Aku sukur banget nembe mara ing omahe pakdhe langsung diwenehi pelem akeh banget. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 2. Wingi esuk simbah lunga ing pasar tuku clorot karo apem. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… Njupuk, duweke Ukara : mundhut, kagungane : esuk mau ibu mundhut montorn kagungane simbah


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 23 3. Aku kelingan apa sing dikandhakake guru, yen pengin pinter kudu sregep sinau. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 4. Yosan nalika mlaku mlaku ing alun alun weruh bu guru karo adhine isih mangan soto. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 5. Manuke murai duweke simbah, saiki dituku Pak Bupati. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 6. Jalaran lara weteng, ibuku mung turonan wae ing kamar. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 7. Bu guru lunga kerja numpak bus. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 8. Met, apa kowe sida nggawa apa sing diperintahke Pak guru kae ! Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 9. Aku arep ngeterake simbah mriksakake sirahe. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… 10. Pak lurah isih nonton wayang ing alun alun Purworejo. Wangsulan : …………………………………………………………..........................…………… Pilihan wangsulan : - Mirsani - tindak - ngasta - dipundhut - tindak - Mustakane - sarean - padharane - sowan - mundhut - Didhawuhake - nitih - kagungane - dingendikake - daleme - Ndherekake - gerah - dhahar - rayine - diparingi III. Titi Tembung Tembung yaiku : Kumpulane aksara utawa wanda ( suku kata ) kang nduweni teges ganep. Wujuding tembung yaiku : 1. Tembung Lingga Tembung Lingga yaiku tembung kang durung owahsaka asale utawa kata dasar. Tuladha : pangan, jupuk, sabet, gawa, deleng, tulis, cuwil, lsp. 2. Tembung Andhahan Ater ater utawa awalan, antarane : m,n,ny, ng, dak, ko, di Tuladha : m + pangan = mangan ny + cokot = nyokot n + tari = nari dak + gawa = dakgawa ng + godhog = nggodhog ko + silih = kosilih


24 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Seselan utawa sisipan, antarane : in, el,er, um lsp Tuladha : Tumpuk + in = tinumpuk Gantung + um = gumantung Panambang utawa akhiran, antarane : a,na,ana,e, ke, ake, i, lsp Tuladha: Tulis + a = tulisa kasur + e = kasure Waca + na = wacakna tiba + ke = tibake Sapu + ana = saponana resik + ake = resikake Tembung andhahan uga bisa gabung antarane ater ater lan panambang , kayata : m + paku + ake = makokake ng + gugah + ana = nggugahana n + tinggal + i = ninggali dak + uncal + na = dakuncalna ny + seneng + ake = nyenengake ko + teles + ana = kotelesana 3. Tembung Wod Yaiku tembung sawanda / sakecap nanging wis nduweni teges kanggo ndhapuk tembung candhake. Tuladha : plung, bles, pyur, lap, byur, lsp. Sampurnakake tembung tembung ing ngisor iki supaya bisa dadi tembung andhahan ! 1. M + buwang + i : ……. 2. Ny + slumbat + ake : ……. 3. Ng + gedhe + ke : ……. 4. Ng + obat + i : ……. 5. Ng + kepenak + e : ……. Tembung andhahan ing ngisor iki udhalen supaya cetha ater,ater tembung lingga lan panambange ! 1. Ngunggahake : ……………….. 6. Munggahake : ……………….. 2. Ndhisiki : ……………….. 7. Nglintingi : ……………….. 3. Njengkelake : ……………….. 8. Ngubengna : ……………….. 4. Mbebayani : ……………….. 9. Ngentekake : ……………….. 5. Nglakokake : ……………….. 10. Ngrawuhi : ……………….. GLADHEN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 25 Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tembung apa? 1. tuku, sapu, gawe : ………………… 11. njupuk, nyangking : ………… 2. nekani, mbukaki : ………………… 12. ngumbahi. Mbalekake : ………… 3. ngangkat, nyruduk : ………………… 13. bali, tutup, dhawuh : ………… 4. kojupuk, dipindhah : ………………… 14. ngombe, ngendhog : ………… 5. diwaca, ditulisake : …………………. 15. pacul, sendok, ombe : :………… 6. pangan, sabet, : …………………. 16.sulam, garuk, ubeng : …………. 7. njupuk, nggambar : …………………. 17. dipethuk, dakguwang : …………. 8. nyundhul, mikul : …………………. 18. tendhang, cucuk : …………. 9. nyekel, nyumet : …………………. 19. dikedhuk, nggethuk : …………. 10. kacu, sulak : ………………… 20. ndamu, ngulaki : ………….. Nulis Ejaan Baku Ukara ing ngisor iki benerna panulisaan ejaane! 1. Kucinge Nggandhal lawoh okeh banget :............................................................................................................................. 2. Wedhose pakde ono limo :............................................................................................................................. 3. Adik wes muleh soko sekolah :............................................................................................................................. 4. Monggo sami didahar menika pacithane :............................................................................................................................. 5. Eng kretek iku aku pada dolanan :.............................................................................................................................


26 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL A. Wangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap punika kanthi milih wangsulan a, b, c, utawa d ingkang koanggep leres ! 1. Sawijining carita rakyat kang nyaritakake asal usul dhaerah utawa papan panggonan diarani... . a. Legenda c. Fabel b. Dongeng d. Sage 2. Ingkang boten kalebet paraga ing cariyos Candhi Prambanan inggih menika... . a. Rara Jonggrang c. Prabu Boko b. Bandhung d. Dayang 3. Kapan Bandhung Bandhawasa kasil nguwasani Kraton Boko?... . a. Nalika ketemu Rara Jonggrang c. Nalika bisa mateni Prabu Boko b. Nalika bisa dadi ratune para jin. d. Nalika bisa nggawe andhi sewu 4. Bandhung Bandhawasa kasmaran marang ayune Rara Jonggrang. Ingkang boten kalebet dasanamanipun kasmaran inggih menika... . a. tresna c. gandrung b. seneng d. Sungkawa 5. Panyuwunipun Rara Jonggrang dhumateng Bandhung Bandhawasa inggih menika... a. Nyuwun Prabu Boko aja dipateni c. Supaya digaweke wewangunan gedhe. b. Nyuwun digawekake candhi d. Kraton Boko aja dirusak 6. Ingkang njalari candhi boten saged kadamel cacahipun sewu inggih menika... a. para jim padha wedi marang Bandhung c. Cacahe jim kurang akeh b. Bandhung kentekan tenaga d. Rara Jonggrang gawe rekadaya 7. Ing ngandhap menika wose / isi supatanipun Bandhung Bandhawasa dhumateng Rara Jonggrang... a. Rara Jonggrang disupatani dadi bocah c. Rara Jonggrang bakal mati b. Rara Jonggrang disupatane dadi candhi. d. Bakal dadi prawan tuwa 8. Ing ngandhap menika pratelan ingkang jumbuh kaliyan cariyos ing nginggil inggih menika... a. Rara Jonggrang gelem digarwa Bandh c. Rara Jonggrang dadi candhi b. Bandhung mateni prabu Boko d. Bandhung melu dadi candhi 9. Nilai budi pekerti ingkang saged kapendhet inggih menika... . a. Seneng gawe laraning manungsa. c. Aja seneng nyupatani manungsa b. Nyupatani menawa digawe wirang. d. Seneng kekancan marang jim 10. “Rum, aku wingi sowan menyang daleme Bu Lurah, kok kowe ora melu?” Ukara ing dhuwur migunakake basa… a. Ngoko lugu c. krama lugu UJI KOMPETENSI 2


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 27 b. ngoko alus d. krama alus 11. Aku kudu sregep sinau lan mempeng ngibadah supaya gegayuhanku kasembadan Ukara ing dhuwur tembung andhahan ana ing tembung... . a. Sregep c. Ngibadah b. Mempeng d. Supaya 12. Ibu arep nonton tv, yen adhik arep adus Menawa micara marang kancamu sekolah, prayogane … . a. Ibu ajeng nonton tv, menawi rayi badhe adus b. Ibu badhe ningali tv, yen adhik badhe pakpung c. Ibu badhe mirsani tv,menawi adhik badhe adus d. Ibu arep mirsani tv, menawa adhik arep adus 13. Sunan dhawuh marang para muride supaya duweni watak kang temen lan jujur. Ukara kasebut migunakake basa… a. Ngoko lugu c. Krama lugu b. Ngoko alus` d. Krama alus 14. Ing ngisor iki kalebu tembung andhahan… a. Mangan, turu, jupuk c. Dhahar, nggawakake b. Nyenengake, ngedusi d. Laptop, kembang 15. Menawa micara karo kanca sekolah, kanca dolan utawa marang sedulur enom prayogane nganggo basa …. a. Ngoko Alus c. Ngoko Lugu b. Krama Alus d. Krama Lugu 16. Tembung-tembung ing ngisor iki kalebu tuladha tembung lingga ana ing… . a. Nunggoni, nyukeki, reged c. Lunga, gawe, ngresiki b. Sikat, sayah, nggusak d. Lali, weruh, ngerti 17. Jalaran lara mripat, bapak mung turonan wae ing kamar. Menawa didakake basa ngoko alus tembung kagaris ngisor prayogane… . a. Gerah mata, sarean c. Sakit paningal, tileman b. Gerah soca, sarean d. Gerah paningal, pasarean 18. Bab kang wigati nalika micara karo wong liya iku prayogane nggatekake… a. Subasita c. Unggah-ungguh b. Kaluhurane d. Busanane 19. Bocah kuwi pancen… banget , angger kepethuk wong mesthi aruh-aruh. Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara kasebut yaiku … . a. Grapyak c. Empan papan b. Wicaksana d. Anteng 20. Ngrampungake prekara iku kudu bisa diadhepi kanthi cara… . a. Wicaksana c. Sakarepe dhewe b. Alus d. Padha ngertine


28 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL B. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Sawise ngedusi adhik kangmas ku banjur ngresiki kamar mandi. Tembung kagaris ngisor tembung linggane… . 2. Budi ora sida nggawani snack amarga wetenge wis wareg. Tembung andhahan ukara kasebut yaiku… 3. Para jin kewedan wusanane padha kukut ora sida ngrampungake gawe candhi. Tembung kacithak miring tegese… . 4. Tulisna 1 amanat utawa piweling luhur kang bisa kajupuk saka carita Roro Jonggrang… . 5. Paringana 3 tuladha cerita rakyat sing kawentar ana ing tanah jawa ... 6. Ibu wis lunga menyang kantor mau esuk. Ukara kasebut owahana dadi basa ngoko alus… . 7. Basa ngoko alus iku digunakake kanggo nggunemake… . 8. Menawa srawung karo kanca sekolah lan kanca padinan prayogane migunakake basa… . 9. Bapak ngomong karo aku. Ukara kasebut menawa micara marang kancamu unine… . 10. Aturan utara paugeran kang gegayutan karo cak-cakaning basa jawa uga diarani… . C. Pitakon-pitakon ing ngisor iki terangna kanthi cetha lan patitis ! 1. Apa sing kongerteni ngengingi carita rakyat ! Wangsulan : ..................................................................................................................................... 2. Coba tulisna bedane antarane legenda karo dongeng, banjur wenehan tuladhane 3 ! Wangsulan : ..................................................................................................................................... 3. “Pak, dina iki apa kowe sida lunga menyang omahe Pak Darto”. Ukara ing dhuwur owahana nganggo basa ngoko alus ! Wangsulan : ..................................................................................................................................... 4. Sawise ngeterake adhik, mas Anang banjur nglebokake motore ing njero omah. Coba sebutna tembung andhahane saka ukara ing dhuwur ! Wangsulan : ..................................................................................................................................... 5. Benerna panulisane ukara ing ngisor iki ! a. Pakde durong sidho rawoh eng omahe simbah ngasto wedos. b. Kulo dhereng siyos mendet getuke adek. Wangsulan : .....................................................................................................................................


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 29 TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam teks 2. Mengetahui aturan tembang macapat Pangkur. 3. Mengetahui guru gatra, guru lagu dan guru wilangan tembang pangkur 4. Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 5. Mengidentifikasi bahasa yang digunakan. 6. Menuliskan isi teks piwulang serat Wulangreh Pupuh Pangkur. 7. Menulis dan membaca kata kata pendek beraksara Jawa. 8. Memahami yogyaswara dan mampu memberikan contoh 9. Mengetahui etika atau tata krama berbicara dengan orang banyak PENGETAHUAN Kompetensi Dasar 3.3 Menelaah teks Piwulang Wulangreh Pupuh Pangkur Indikator : 3.3.1 Mengetahui devinisi tembang macapat lan jenis jenis tembang macapat Pangkur 3.3.2 Mengartikan kata kata sulit teks tembang macapat Pangkur 3.3.3 Mengajukan dan menjawap pertanyaan Menuliskan kembali isi dan amanat teks tembang macapat. 3.3.4 Membaca dan menulis kata – kata pendek aksara jawa A. Nyinaoni Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur I. Mangerteni Tembang Macapat Gb: Maneka warna jenis gamelan minangka sarana kanggo nembang macapat WULANGAN 3 PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR


30 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Tembang macapat iku salah sawijining tembang jawa kang carane nglagokake iku gunakake paugeran utawa aturan tembang macapat. Dadi ora mung sasenenge sindhen utawa sing nembangake. Dene paugeran tembang macapat iku antarane : a. Guru gatra Yaiku cacahing larik ing saben sawanda/suku kata b. Guru wilangan Yaiku cacahing wanda ing saben sagatra/salarik c. Guru lagu Yaiku tibaning swara a,i,e,u,o ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat iku cacahe ana 11 yaiku: 1. Maskumambang , tembang iki duweni guru gatra 4 larik/gatra 2. Pocung , tembang iki duweni guru gatra 4 larik/gatra 3. Megatruh , tembang iki duweni guru gatra 5 larik/gatra 4. Gambuh , tembang iki duweni guru gatra 5 larik/gatra. 5. Mijil, tembang iki duweni guru gatra 6 larik/gatra 6. Kinanthi, tembang iki duweni guru gatra 6 larik/gatra 7. Pangkur , tembang iki duweni guru gatra 7 larik/gatra 8. Durma , tembang iki duweni guru gatra 7 larik/gatra 9. Asmarandana, tembang iki duweni guru gatra 7 larik/gatra 10. Sinom, tembang iki duweni guru gatra 9 larik/gatra 11. Dadanggula, tembang iki duweni guru gatra 10 larik/gatra Wondene ing bab iki kang bakal diandharake utawa diwulangake yaiku materi tembang macapat Pangkur saka serat Wulangreh. Supaya bisa mangerteni isine coba wacanen banjur tembangna ! PANGKUR Sekar pangkur kang winarna lelabuhan kang kanggo wong ngaurip ala lan becik puniku prayoga kawruhana adat waton puniku dipun kadulu miwah ingkang tata krama den kaesthi siyang ratri. Deduga lawan prayoga myang watara reringa away lali ikut parabot satuhu tan kena tininggala tangi lungguh angadeg tuwin lumaku angucap meneng myang nendra duga duga aja kari


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 31 Tembang Pangkur ing dhuwur kaiket dening paugeran tembang macapat Pangkur kang kedaedean saka guru gatra guru lagu lan guru wilangan. Itungane paugeran kasebut wis gumathok dadi wis ora bisa diowahi maneh dening sapa wae. Bab paugeran tembang macapat iki kang dadi tetenger mirunggan/ khusus sing mbedakake antarane tembang macapat karo tembang jawa liyane kayata campursari, uyon uyon, panembrama lsp. Ing ngisor iki siswa bakal dingerteni kepriye itungane guru wilangan lan guru lagune. Coba semaken ! De - du – ga - la - wan – pra- yo- ga kedadean saka 8 wanda tibane A myang – wa – ta - ra – re- ri- nga- a- way – la- li kedadean saka 11 wanda tibane I I - kut – pa – ra- bot - sa- tu - hu keedadean saka 8 wanda tibane U tan - ke - na – ti- ning- ga – la kedadean saka 7 wanda tibane A ta - ngi - lung – guh - a – nga – deg - tu – win - lu – ma – ku kedadean saka 12 wanda tibane U a – ngu - cap - me - neng - myang - nen – dra kedadean saka 8 wanda tibane A du – ga - du - ga - a - ja - ka - ri kedadean saka 8 wanda tibane I Tembang ing dhuwur kadadean saka 7 gatra / larik. Saka cacah 7 larik kasebut uga bisa diarani sapada utawa sabait. Wondene kumpulane pirang pirang pada iku diarani pupuh. a. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Tembang ing dhuwur golekana guru wilangane ! Wangsulan : ………………………………………………………............................……………………...... 2. Tulisna guru lagu tembang ing dhuwur ! Wangsulan : ………………………………………………………............................……………………...... 3. Miturut tembang (1) ing dhuwur tullisna 2 amanat kang bisa dijupuk ! Wangsulan : ………………………………………………………............................……………………...... 4. Tembung tegese tembung tembung ing ngisor iki ! a. prayoga c. siyang ratri b. nendra d. duga duga Wangsulan : ………………………………………………………............................……………………...... GLADHEN


32 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 5. Tembang macapat Pangkur pada kapindho ing dhuwur golekana dasanamane tembung sing ko ngerteni 2 tembung wae Wangsulan : ………………………………………………………………………………………... b. Tulisna tuladha sekar Pangkur sing ko ngerteni utawa bisa ngripta dhewe asil karyamu banjur dikumpulake ! Wangsulan : ……………………………………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………………………………………………… II. Nulis Aksara Jawa Aksara Jawa iku ana 20, dene wujude carakan utawa alfabete mangkene : CARAKAN AKSARA JAWA ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga 1. Sandhangan Swara: u (suku) :….. tuladha : ( tuku, kuru)


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 33 … `e (taling) : … tuladha : ( lele, sate) e (pepet) :….e tuladha : ( sega, sepet ) i : (wulu) :. … tuladha : (Siti, Tugi) o (taling tarung) : tuladha : ( toko, loro) Penget: wanda ( suku kata ) le lan re panulise aksara Jawa ora kena dipepet, gantine yaiku menawa le iku nga lelet ( 2. menawa re iku pa ceret ( Wahyu isih ngaji : Darti lungguh ing kursine cahyo : Pasangan Aksara Jawa: No Carakan Pasangan Tuladha panganggone Unine Katrangan 1 … Raharjo Nyekel Enthok Yen pasangan ha entuk sandhangan taling, talinge diwenehake sawise aksara Ha ), ) ). Tuladha: le --------- legi : kalem : re --------- rega : marem : Wedang legi : Resik Banget : Sandhangan Panyigeging Wanda ( suku kata ): Ng ( ceceg ) : ( menyang, gampang) H ( wijah ) : (gajah, sayah) R ( layar ) : / ( Parti, Sartini) Tuladha :


34 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 2 … Nulis Wit nanas 3 … Cahya Muncar 4 … Rusuh Wisrusak 5 … Kuthaku Pak Karim Mas Kus Pasangan ka yen antuk sandhangan suku (u) panulisane ka dadi wutuh. 6 … Darma Sukandar 7 … Tugel Dibuntel Pak Tugino Pasangan ta yen antuk sandhangan suku (u) panulisane ta dadi wutuh. 8 … Siji Mas Mardi Pak Sena Yen pasangan sa entuk sandhangan taling(e) , talinge diwenehake sawise aksara sa 9 … Wicara Mangan Wuni


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 35 10 … Lunyu Pak Liham Watak luhur Pasangan la yen antuk sandhangan u panulisane la dadi wutuh. 11 … Palupi Tampi Dakpenake Yen pasangan pa entuk sandhangan taling, talinge diwenehake sawise aksara pa 12 … Gedhang Kendhang 13 … Jojon Manjur 14 … Wayang Dhik yani 15 … Nyokot Wis nyapu 16 … Manungsa Wajik Mambu 17 … Gori pak Gani 18 … Bakul tambang


36 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 19 … Methuk Penthung 20 … Ngaso Wis ngulon a. Carakan aksara Jawa ing dhuwur apalna! Banjur tembung ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa! 1. sapa ngira : …………………. 6. wani maju : …………………………. 2. lunga adoh : …………………. 7. bocah bagus : …………………………. 3. lungguh kursi : …………………. 8. Mas Yakub : …………………………. 4. gethuk enak : …………………. 9. iwak layur : …………………………. 5. sayuk rukun : …………………. 10. mudha basuki : …………………………. b. Ukara ing ngisor iki salinana nganggo aksara Jawa! 1. Tela goreng mempur :………………………………………………………………... 2. Sega kuning gurih : ………………………………………………………………… 3. Mangan jenang abang : ……………………………………………………………… 4. Gedhang kepok mateng : ………………………………………………………………… 5. Simbah tindak mesjid : ………………………………………………………………… 6. Aja nganti rekasa :………………………………………………………………… 7. Awas lembah durjana :………………………………………………………………... 8. Ana peyek remuk : ………………………………………………………………… 9. Mangga sami donga : ………………………………………………………………… 10. Methuk budhe pasar : ………………………………………………………………… GLADHEN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 37 c. Gathukna tulisan aksara Jawa ing ngisor iki supaya trep karo tulisan latine ! - - - - - - - - - - d. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi milih pilihan wangsulan kang wis cumawis sisih ngisor ! Pilihane a. Mangan apem i. Tindak Solo b. Endah banget j. Bapak kondur c. Gathutkaca gugur k. Bapakku arep sare d. Satria piningit l. Satria wisanggeni e. Munggah gunung m.Nguyak kancil f. Mangani pelem n. Ngekum kendhil g. Gathutkaca mabur o. Ngidak watu h. Raden Arjuna p. Njupuki watu … … … … … … … … … … a. Pinter b. Guru c. Jujur d. Wong tuwa e. Semangat f. Akrab g. Makarya h. Dedonga i. Guru lan karyawan j. Ngendi wae papan


38 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL III. Tembung Yogyaswara Tembung Yogyaswara iku tetembungan kanggo nuduhake lanang lan wadone. Tuladha: widadara - widadari, siswa - siswi, putra - putri, lsp. Gladhen: Tembung ngisor iki gawea dadi tembung Yogyaswara kaya ing dhuwur! 1. dewa . . . . . . . . . . . . . . . 6. prameswara . . . . . . . . . . . . 2. hapsara . . . . . . . . . . . . . 7.......................mahasiswi 3. . . . . . . . . .. . . …. bathari 8. raseksa . . . . . . .. . . .. .. . . . 4. kedhana . . . . . . . . . . . . . 9.......................taruni 5. . . . . . . . . . . .. . . . . .yaksi 10. gandarwa . . . . . . . . . . . . . . II. Susur Galur Kulawarga Siswa prelu ngerti bab susur galur kulawarga utawa garis keturunan iki amarga jaman saiki kadhang kala siswa padha ora ngerti sapa buyut lan canggah awake dhewe apa maneh tekan wareng utawa udheg udheg. Ing sub bahasan iki bakal dijlentrehake urutan lan peprenahan kulawarga saengga diajab siswa mudheng karepe lan bisa nularakemarang kanca, sanak sedulur utawa garis keturunanmu ing sesuk mben. Mula mangga padha digatekake urutan susur galur kulawarga ing ngisor iki ! 1. Urutan Kulawarga: 2. Peprenahan Kulawarga: lsp Gantung siwur Udheg - udheg Wareng Canggah Buyut Bapa/Biyung R + A B + K D + L Simbah Bapa / Biyung Anak M + E I F + P J S + G H + T W + C Katrangan: A/B = anak A-K/R-B = ipe R-K = pripean


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 39 C-D C/D = = sedulur naksanak utawa nakdherek (tunggal mbah) putu bapa biyung E/F = Buyut E-F = sedulur misan (tunggal mbah buyut) G/H = Canggah G-H = sedulur mindho (tunggal mbah canggah) J/K = sedulur ping telu (tunggal mbah wareng) / = Utawa + = jejodhoan karo Sawice maca lan nyinaoni bab susur galur kulawarga ing dhuwur, wangsulana pitakon iki kanthi patitis ! 1. Hamid karo Fatim kakang adhi. Bojone Hamid karo bojone Fatim diarani sedulur …. 2. Mbakyune ibu diarani …. 3. Rofi putrane mbakyuku, mula Rofi isih ....................... ku. 4. Salma adhine Rifai. Anake Rifai ngundang Salma yaiku …. 5. Wong tuwane mbah buyut diarani … . 6. Bojone kakangku karo aku prenah … . 7. Wong tuwane mbah wareng yaiku … . 8. Simbah buyute Yu Kamsiyah karo Yu Kasanah kakang adhi, dadi lorone diarani sedulur 9. Anis adhine Harun, anake Anis ngundang Harun yaiku … . 10. Simbahku karo simbahe Dahlan kakang adhi, mula aku karo Dahlan isih sedulur…. GLADHEN


40 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Kompetensi Dasar Menanggapi isi teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur Indikator : Menulis pokok pokok isi teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur Menanggapi pokok - pokok isi teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur Memahami tata krama bergaul di masyarakat B. Nanggapi Isi Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur Ing ngisor iki bakal dicawisake cakepan piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur pada kaping papat lan lima. Tugas siswa nggoleki bakuning isi Serat Wulangreh kasebut. Pada 4 Kalamun ana manungsa ........................................................ Tan anganggo ing duga lan prayogi ........................................................ Iku watake tan patut ........................................................ Awor lawan wong kathah ........................................................ Degsura andaludur tan wruh ng edur ........................................................ Aja sira pedhak-pedhak ........................................................ Noara wurung neniwasi ........................................................ Pada 5 Pan wus watake manungsa ........................................................ Pan ketemu ing laku lawan linggih ........................................................ Solah muna – muninipun ........................................................ Pan dadi panengeran ........................................................ Ingkang pinter kang bodho miwah kang luhung ........................................................ Kang sugih lan kang malarat ........................................................ Tanapi manungsa singgih ........................................................ Sawise nggoleki bakune tembang, coba golekana pesen utawa piweling luhur kang tinemu ing dhuwur kasebut. Pada 4 .................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................... Pada 5 .................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................... KETRAMPILAN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 41 I. Tata Krama Ing Pasrawungan Salah sijinig siswa maca wacan ing ngisor iki, siswa liyane nyemak kanthi premati ! Tata Krama Wong Srawung Gb: Tatakrama berbicara dengan orang lain. Menawa kita srawung marang wong sing wis ditepungi utawa durung ditepungi ana ing sadhengah papan, prayogane kudu nggunakake tata krama kang becik. Bab tata krama iki bisa digladhi kanthi temen wiwit saka kulawarga, sekolah utawa lingkungan masarakat. Aja njagakake sinau tata krama mung ana ing bangku pasinaon (sekolah) wae, ananging kabeh papan bisa kanggo ajang gladhi tata krama. Sing baku diwiwiti lingkungan kulawarga, tuladhane tata cara lungguh, carane mangan, carane nganggo busana, carane nampa dhayoh lsp. Ing lingkungan masarakat tuladhane lelungan nganggo busana kang pantes, ora mepet utawa ketat, carane madhayoh, carane aruh aruh marang tangga, lsp. Menawa tatakramane wong mau becik, mesthi bakal akeh kang ngajeni lan ngurmati. Sawise mangerteni mumpangate duweni tata krama banjur dikulinakake ditrapake ing pasrawungan padinan. Kajaba tata krama, basa uga duwe pengaruh gedhe marang ajining dhiri wong kasebut. Jalaran menawa bisa migunakake basane kanthi bener adhedhasar unggah-ungguh bisa ndadekake wong kasebut diurmati dening wawan gunem utawa sing diajak gunemen. Dadi menawa srawung ing masarakat tata krama lan basa iku siji lan sijine ora bisa dipisahake. Sebab tata krama lan basa iku tumuju marang kabecikan lan kamulyaning urip. Ana tetembungan “Ajining dhiri gumantung saka lathi “. Teges unen unen kasebut yaiku awake dhewe yen kepenging diurmati uga kudu gelem ngajeni lan ngurmati wong liya. Menawa apa sing diaturake awake dhewe iku ala, ateges nglarani atine sing ngrungokake bisa diarani ajining dhiri awake dhewe ala.


42 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL Suwening suwe yen wis dadi pakulinan awake dhewe bakal diadohi utawa ora disenengi marang wong liya. Semono uga sawalike. Wondene babagan busana ana unen unen “ajining raga saka busana “ Bab iki duweni teges menawa becik alane wong iku uga bisa disawang saka panganggone. Mula kudu bisa ngepasake busana sing dianggo marang kahanan. Bab iki uga bisa diarani empan papan. Minangka kanggo tuladha nalika takziah , sanajan nalika nganggo busana apik lan larang regane nanging menawa werna busanane kasebut abang, kuning, ijo utawa rupa sing nyolok mata liyane iku diarani ora sopan. Supaya cetha, ing ngisor iki tuladha bab- bab kang kudu digatekake menawa srawung ing masarakat : 1. Menawa guneman sing cetha, alus, aja nglarani atining wong liya. 2. Miliha tembung sing becik, ora kasar. 3. Micara migunakake unggah-ungguh basa gumantung sapa sing diadhepi. 4. Polatan sumeh, sumringah ora mbesengut. 5. Guneman aja kesusu, keseron nanging bisa trep marang kahanan. 6. Ngulinakake tembung tembung prasaja nanging gedhe tegese; nuwun sewu, matur nuwun, nyuwun pangapunten. 7. Badan bisa nyelarasake marang kahanan , umpama guneman padha ngadeg prayogane tangan ngapurancang. Tembung tembung ing ngisor iki golekana tegese, banjur gawea ukara kang becik ! 1. Aruh-aruh :........................................................................................................... 2. Digladhi :........................................................................................................... 3. Guneman :........................................................................................................... 4. Ngajeni :........................................................................................................... 5. Sadhengah :........................................................................................................... 6. Prayogane :........................................................................................................... 7. Ajining dhiri :........................................................................................................... 8. Babagan :........................................................................................................... 9. Ala :........................................................................................................... 10. Empan papan :........................................................................................................... GLADHEN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 7 - SMT GASAL 43 Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi trep ! 1. Kepriye carane srawung marang wong sing wis ditepungi utawa durung ditepungi? Wangsulan :.................................................................................................................... 2. Tata krama bisa digladhi ing ngendi wae? Wangsulan :.................................................................................................................... 3. Apa mumpangate menawa srawung ing masarakat nggunakake basa kanthi becik? Wangsulan :.................................................................................................................... 4. Wenehana tuladha tata cara srawung ing masarakat kang nggunakake tata krama 3 wae ? Wangsulan :.................................................................................................................... 5. Apa sing ko ngerteni unen-unen “Ajining dhiri gumantung saka lathi” ! Wangsulan :.................................................................................................................... Benerna panulisan kang luput ngisor iki miturut EYD basa Jawa! 1. Sego liwet dhigawe supoyo mathenge luwih cepet. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 2. Koncomu dikon mlebu ojo ono jobo wae. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 3. Sopo kang gawe dholanan kuwi? Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 4. Nggowo banyu ojo nganti wuthah. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 5. Klopo thuwa menowo digawe srundheng ora enak. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 6. Bude mau esok arep tindhak menyang kuta. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 7. Adiku didawuhi pakde supoyo metuk ibu. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 8. Sawise moco koran aku banjor lunga dholan. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 9. Bapak arep mundot gulo eng dheso Purwosari Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................……. 10. Mugo-mugo rego kabutuhan ora pada mundak. Wangsulan: ………………………………………………………………………………...........................…….


Click to View FlipBook Version