The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by baskorosukristiawan20, 2023-06-07 10:10:35

Materi UUB dan PIDATO (1)

Materi UUB dan PIDATO (1)

2 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL KOMPETENSI DASAR Memahami wayang Ramayana INDIKATOR Mengartikan kata-kata yang sulit dalam bacaan cerita wayang Ramayana. Menjawab pertanyaan bacaan cerita wayang Ramayana dalam ragam krama. M enulis isi cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. Siswa dapat mengidentifi-kasi nilai-nilai budi pekerti dalam bacaan.. Siswa dapat menceritakan kembali isi maupun kesimpulan teks bacaan. A. Mangerteni Carita Wayang Ramayana Anoman Duta Cerita wayang kang bakal dicaritake iki kajupuk saka saka kitab Ramayana anggitane Resi Walmiki. Sapa paraga iki ?”. Dheweke salah sawijining anak dewa, Hanoman jenenge. Wujude kethek putih kang dadi panglima saka raja Ayodya kang asma Rama Wijaya. Kekuatan lan ulah kanuragane wis kodhang kaloka, saben negara wis padha mangerteni kadidayane. Lakon carita iki yaiku Anoman Duta. Anoman kang kadhawuhan amanat saka raja Rama Wijaya supaya methuk Dewi Sinta ing negara Alengka saka rekadayane Prabu Rahwana. Ing ngisor iki bakal dicawicake teks wacana Anoman Duta, siswa bisa maca lan kaajab bisa ngerti karepe lan bisa mangsuli pitakon-pitakonane. ANOMAN DHUTA Prabu Rama lagi duka amarga Dewi Shinta, garwane, didustha dening Rahwana. Anoman banjur diutus budhal menyang Ngalengka kanggo mapag lan nggawa bali Dewi Shinta nanging katekan wanara liya kang jenenge Anggada. Anggada kepengin dadi utusane WULANGAN 1 CERITA RAKYAT TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelaskan cerita Anoman Duta 2. Mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan 3. Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 4. Mengidentifikasi bahasa yang digunakan 5. Menuliskan contoh legenda dengan ragam bahasa ngoko alus yang benar. 6. Memahami penerepan basa ngoko lugu dan ngoko alus dalam pergaulan sehari hari. 7. Memahami rurabasa dan mampu memberikan contoh dalam kalimat 8. Menulis kalimat menggunakan angka jawa. 9. Menulis ejaan baku sesuai kaidah penulisan. PENGETAHUAN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 3 Rama kanggo mapag Dewi Shinta, sakloron padu padha pamer kakuwatan. Minangka solusine, Prabu Rama banjur menehi sayembara kanggo Anoman lan Anggada. Nalika ditakoni sapira suwine wektu kang ditempuh kanggo menyang Ngalengka Anoman mangsuli butuh wektu sepuluh dina, nanging Anggada bisa nempuh mung pitung dina bae. Anoman ngudhunake dadi limang dina lan Anggada mangsuli telung dina. Pungkasane Anoman menang sayembara amarga dheweke saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening Semar, Petruk, lan Bagong. Anoman kepengin cepet-cepet banjur punakawan dilebokake neng kancing gelung Anoman. Wiwitane Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya lan matur supaya srengengene diendheg. Kanthi cara mangkono dinane bakal awan terus lan Anoman bisa teka ing Ngalengka sedina bae kaya janjine. Sawetara suwi mikir, Bathara Surya pungkasane gelem ngendheg lakune srengenge, iku bae amarga Semar kang nyuwun marang Bathara Surya. Sawise iku Anoman mudhun maneh nanging lagi bae midak lemah, dheweke kesedhot segara. Jebule kang nyedhot Anoman iku Ditya Wil Kataksini kang njaga segara Ngalengka banjur diuntal menyang jero wetenge. Anoman ngupaya metu saka jero wetenge Wil Kataksini kanthi mbedhah wetenge nganggo kuku Wajane. Wil Kataksini mati lan Anoman nerusake lakune. Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput. Punakawan banjur nggawa Anoman menyang gowa Windu kang ing kono ana wong wadon tapa jenenge Dewi Sayempraba. Dewi Sayempraba banjur nulungi si Anoman lan punakawan, diwenehi panganan lan ngombe. Anoman ora bae waras saka larane nanging uga kepranan marang dewi kasebut. Sawise krasa cukup suka pari suka karo Dewi Sayempraba, Anoman pamit budhal nerusake laku menyang Ngalengka. Metu saka gowa Anoman dadak ora bisa ndeleng, dheweke dadi wuta. Anoman lan punakawan sedhih karo kahanan kaya mangkono amarga dianggep Anoman bakal gagal menyang Ngalengka kanggo nggawa bali Dewi Shinta kaya kang wis diutus Rama. Anoman dikancani punakawan mbacutake lakune kanthi grayahgrayah nganti pungkasane Anoman ketemu karo Garuda Sempati. Garuda Sempati iku kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane nalika


4 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL nulungi Dewi Shinta. Garuda Sempati banjur nolungi Anoman lan punakawan nggunakake idune lan ndedonga marang Dewa. Anoman lan punakawan kasil ndeleng maneh sawise ditambani Garuda Sempati. Sawise leren sawetara, Anoman atur panuwun marang Garuda Sempati lan pamit nerusake laku. Ing tengahing laku Anoman nglewati dalan kang alus banget kaya babut utawa karpet nanging jebule iku ilate Ditya Ilatmeja utawa Wil Kataksa. Anoman diuntal maneh neng jero weteng nanging saiki karo Wil Kataksa. Kaya kang wis tau kedaden, Anoman mbedhah wetenge Wil Kataksa nganggo kuku Wajane. Sawise kasil metu saka jero wetenge Wil Kataksa, Anoman miber menyeng Ngalengka. Indrajid, putane Prabu Dasamuka kang mangerteni tekane Anoman nggoleki dheweke neng sakupenge praja. Anoman ora kasil ditemokake dening Indrajid amarga sesidheman ing wit nagasari kang ana sajrone Taman Asoka. Banjur Anoman nembang nganti keprungu swarane Dewi Trijatha (adhine Prabu Dasamuka). Dewi Trijatha kang mangerteni bab kasebut kaget ana kethek putih banjur kesengsem. Anoman dielus-elus lan dipangku nganti Anoman mijil kamane lan ceblok ing pangkone Dewi Trijatha. Kama banjur diusapi dening Dewi Trijatha kanthi ron kamal lan dibuwang ing bengawan. Kama Anoman kang korut ing bengawan banjur diopeni Dewi Pratalawati (selir Prabu Dasamuka) ing Negara Guwa Pratala lan ing tembe dadi jabang bayi wujud wanara seta kang dijenengi Raden Triyangga. Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake ali-ali saka Prabu Ramawijaya. Yen ali-ali kasebut ora sesek lan bisa diagem dening Dewi Shinta kanthi longgar mratandhakake yen Dewi Shinta isih suci. Kabukten yen Dewi Shinta isih suci banjur menehake uga marang Anoman kanggo diaturake Prabu Rama susuk kondhe minangka pralambang yen Dewi Shinta ngenteni banget tekane Ramawijaya. Nalika Anoman cecaturan kalawan Dewi Shinta dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka banjur dikepung Indrajid lan prajurite. Anoman digujer tanpa bisa nglawan. Dheweke digawa menyang pasewakan. Printahe Dasamuka kang mangreteni bab kasebut, Anoman dicencang tangan lan sikile kanggo diobong. Tanpa diweruhi liyane, Togog, jelmaan Sang Hyang Antaga menehi Anoman banyu sacegukan kanthi pirembugan yen omahe Togog dijaga saka anane bebaya. Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni ngobong kayu. Ora disangka-sangka dhuwure geni kasebut ora kasil mateni Anoman. Malah Anoman mabur kanthi nggawa geni neng awake. Geni kang digawa banjur diawut-awut neng pojok-pojoke praja nganti sanagara kobong kabeh. Akeh prajurit mati saka pangamuke Anoman. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang semaput amarga dikepruk kangmase dhewe banjur diusadhani dening Anoman. Minangka rasa panuwune, Anoman diterake bali menyang Pancawati dening Raden Wibisana. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake penasihat raja. Mengkone saka Raden Wibisana kasebut Prabu Ramawijaya bisa mangreteni pengapesane para senopati Ngalengka. Anoman kang slamet bali maneh menyang Pancawati banjur crita ngenani lakune menyang Ngalengka lan nuduhake susuk kondhene Dewi Shinta kang mratandhakake gelem baline Dewi Shinta yen dipapag Prabu Ramawijaya.


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 5 Gladhen a. Golekana tegese tembung- tembung ing ngisor iki ! - Grayah-grayah : ........................................ - Didustha : ........................................ - Diusadani : ........................................ - Dumadakan : ........................................ - Kapriksan : ........................................ - Mapag : ........................................ - Mijil kamane : ........................................ - Mratandhakake : ........................................ - Pasewakan : ........................................ - Pengapesane : ........................................ - Pungkasane : ........................................ - Sesidheman : ........................................ - Wanara : ........................................ b. Coba pratelan ing ngisor iki wenehana pilihane bener ( B) apa salah ( S) ! 1. Anoman Duta kadhawuhan Prabu Rahwana nggoleki Dewi Shinta B S 2. Anoman mijil kamane ing pangkonane Dewi Shinta B S 3. Anoman ora saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina B S 4. Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya B S 5. Raden Rama duka jalaran Dewi Shinta kadhusta dening Anoman B S 6. Anoman kang diuntahake Wil Kataksani tiba ing gunung lan semaput B S 7. Kanthi pitulungane Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan Dewi Shinta B S 8. Ing pinggirane segara kang misahake Ngalengka lan Pancawati, Anoman B S nemokake Raden Wibisana. 9. Prabu Dasamuka kang mimpin pembakarane Anoman nyumet geni B S 10. Anoman nemokake Raden Wibisana (adhine Prabu Dasamuka) kang B S sema put amarga dikepruk kangmase dhewe. c. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Ancase Rama Wijaya ngutus marang Anoman yaiku... . 2. Anoman budhal menyang kahyangan kanggo nemoni Bathara Surya, karepe supaya... . 3. Ana ing ngendi Anoman nemokake Raden Wibisono... . 4. Sawise Ngalengka kobong Anoman banjur mulih saprelu sowan marang... . 5. Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shintabanjur menehake... . 6. Sapa kang menehi Anoman banyu sacegukan kanthi kesepakatan yen omahe bakaldijaga saka anane bahaya... . 7. Anggone nggoleki Dewi Shinta, Anoman dikancani dening para... . 8. Apa kang nyebabake para kethek padha adu kekuatan... . 9. Kama Anoman kang korut ing bengawan banjur diopeni dening... . 10. Anoman digujer tanpa bisa nglawan prajurite Rahwana. Dheweke digawa menyang....


6 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL B. Unggah Ungguh Basa Ing madyaning pasrawungan iku supaya bisa ditampa dening masarakat, prayogane bisa ngetrapake tatakrama lan unggah-ungguh. Amarga bab kasebut wigati banget , kadhangkala ana wong kang tumindak becik nanging anggone micara ora bisa nggunakake unggah- ungguh kang trep. Utawa sawalike ana wong unggah-ungguhe becik nanging tatakramane babagan subasita kurang becik / prayoga. Dadi bisa dicethakake menawa tata kramalan unggah-ungguh iku ora bisa dipisahake siji-lan sijine. Mula ing kene supaya ngerti lan duweni unggah-unggah kang becik siswa kudu sinau bab micara. Siswa bisa micara migunakake basa krama kanthi trep gumantung marang sapa sing diadhepi. Ing ngisor iki bakal diterangke basa krama miturut undha usuking basa. Basa Krama kaperang dadi 2 : a. Basa krama lugu utawa krama madya Basa iki digunake nalika : 1. Micara marang wong enom sing dikurmati, utawa marang wong kang luwih enom umure lan durung rumaket / durung kenal. Tuladha ukara : Mas, sampeyan griyanipun pundi?” Dhik, sakitipun menapa sampun mantun ?” 2. Micara marang wong kang luwih tuwa umure utawa marang wong enom kang wis duweni semat/pangkat lan kalungguhan nanging ngomogake awake dhewe utawa wong enom liyane. Tuladha : “Pak , kula badhe kesah dhateng griyanipun kanca kula” : “Adhik wau sasampunipun adus lajeng tilem, Bu “ Basa krama lugu iki kalebu basa krama kang tatarane tengah – tengah tegese. Mula biasa diarani krama madya.Wondene titikane krama lugu/ krama madya antarane yaiku : marang sapadha-padha kang durung pati kulina mbasakake awake dhewe mbasakake barang / kewan b. Basa krama alus utawa krama inggil Basa iki digunakake nalika : 1. Micara marang wong kang luwih tuwa umure utawa marang wong enom kang wis duweni semat/pangkat lan kalungguhan.


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 7 Basa iki kalebu paling dhuwur utawa alus dhewe tatarane. Bedane antarane krama alus lan krama inggil iki bisa dititeni ing ngendi anggone ngecakake. Menawa krama inggil lumrahe digunakake /dicakake ana ing pasamuan/pertemuan kang resmi kayata acara pahargyan mantenan, supitan,sukuran lan liya-liyane,wondene krama alus digunakake ing pasrawungan padinan. Tuladha “Pakdhe, mangga dipundhahar lan ngunjuk menika pasugatanipun!” : “ Pak guru menapa panjenengan sampun pirsa kabar menika ?” Cak-cakane krama alus/krama inggil yaiku : anak marang wong tuwa murid marang guru wong enom marang wong tuwa andhahan marang pimpinan abdi marang bendara padha-padha priyayi


8 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Gladhen ! • Ing ngisor iki dicawisake tuladha cak-cake basa krama lugu /madya lan krama alus / krama inggil mangga siswa bisa nyinaoni lan nggarap gladhene ! • No Basa Ngoko Basa Krama Lugu / Krama Madya Basa Krama Alus / Krama Inggil 1 Mangan Nedha dhahar 2 Ngombe Nginum ngunjuk 3 Lunga ... tindak 4 Mulih Wangsul ... 5 Nekani ndhatengi ... 6 Mara ... sowan, rawuh 7 Turu ... sare 8 Tangi Tangi ... 9 ... Tumbas mundhut 10 Ngerti ... pirsa, priksa 11 Weruh Sumerep ... 12 nonton, ndeleng ... mirsani 13 ... nyukakaken nyaosaken, maringaken 14 Ngedusi ... 15 Nggawakake ngastakaken 16 Nganggo ... ngagem 17 ... dipunpendhet dipunpundhut 18 Diterake dipundugekaken ... 19 Mari ... dhangan 20 Duwe Gadhah ... • Mbenerake unggah-ungguh ing sajroning micara Tuladha : Bapak samenika taksih (ngeterake) simbah dhateng peken (tuku )bumbon. Bapak samenika taksih (dherekakaken ) simbah dhateng peken (mundhut)bumbon


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 9 Ukara ukara ing ngisor iki garapen kaya tuladha ing dhuwur ! 1. Ibu kula samenika taksih nukokake jajan kanggo adhik ingkang taksih alit. .................................................................................................................... 2. “Bu, kula badhe (ngomong) kaliyan (kowe )amargi wonten bab ingkang wigati sanget “. ................................................................................................................... 3. “Pak, amargi weteng kula kraos (lara), kula nyuwun idin badhe (mulih) rumiyin “ .................................................................................................................... 4. “Mbah bathikipun sampun ( kowe ) (anggo) dereng ?” .................................................................................................................... 5. “Bu, nuwun sewu menapa leres ( klambi ) menika (duwekmu )?” ................................................................................................................... 6. “Pak, panjenengan siyos badhe (lunga) (numpak) menapa ?” .................................................................................................................... 7. Mas, saderengipun ( ngedusi ) adhik kula (dikongkon) bapak sinau rumiyin” ................................................................................................................... 8. “amargi kanca kula dereng (teka ), kula badhe (nggawe ) (wedang) rumiyin. ................................................................................................................... 9. “Pak, dinten menika Pak Guru badhe (teka) mriki kaliyan ( bojone )” .................................................................................................................... 10. Kula kesupen boten (nggawa) buku ( duweke ) Rani kancakula . . ...................................................................................................................


10 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL i. Coba tembung tembung ing ngisor iki rangkepna dadi ukara kang trep adhedhasarunggahunggah basa ! 1. taksih- tumbas – toko- buku-ing-k 2. sekolah - –sakit- amargi - kula - boten- taksih - mlebet 3. menawi -dereng - dhangan - Budhe - gerahipun- simbah - sampun - pirsa 4. sawer- ibu-ing-kamar – sare- taksih menawi. 5. Ngendika- simbah-dipundhawuhi-kula-ndugekaken –supados – adhik- dhateng-kesah-peken. 6. Ibu- unjukan- Shinta- ngersakaken-anget – menawi7. sekolah - samenika- adik - wangsul – dereng 8. Mas Bayu- nedha- ningali- pisang- taksih- tv- sinambi 9. Adhik- arta - pakde- dipunparingi- minggu- kepengker- kathah 10. Gadhah- kula-menda- tiga- cacahipun


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 11 Tembung-tembung ing ngisor iki garapen kaya tuladha ! 1. Nggawa geni : ....................................... 2. Ing pinggirane segara : ....................................... 3. Kang slamet : ....................................... 4. Sakloron padu padha pamer : ....................................... 5. Banjur dilebokake : ....................................... 6. Ngupaya metu saka jero : ....................................... 7. Sawise krasa cukup : ....................................... 8. Nglewati dalan kang alus : ....................................... 9. Ora bisa nemokake : ....................................... 10. Diterake bali menyang : ....................................... I. Kerata Basa Kerata basa uga diarani jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane ( suku kata), utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk. Tuladha : garwa : sigaraning nyawa cengkir : kencenging pikir tebu : antebing kalbu Gladhen ! Kerata basane ing ngisor iki golekana pilihane supaya gathuk karepe ! 1. Karep apa-apa kudu ana lan enak. 2. Dianggo gawe kadang 3. Mangan kaya kebo, gaweyane ora kecacah. 4. Dideleh mak breg terus diangkat 5. Yen ora dicancang ora mingkem. 6. Gedhe-gedhene sumber 7. Teka-teka dhodhok 8. Ngudhal piwulang 9. Sambi sedheku mlayu banter 10. Mara-mara ketemu tuwa 11. Njipuk amale wong sing ora eling 12. Ngaku lepat 13. Diangkat sitok-sitok 14. Ditata supaya katon murub 15. Ruwet tur peteng II. Gladhen Micara a. Pacelathon ing ngisor iki genepana nggunakake unggah-ungguh kang trep ! Bapak : Siti, bapak arep….( lunga) menyang pasar. O,ya apa simbah (lara)…padharane? Siti : Bapak mangke (mulih)……jam pinten?.”Nggih pak leres. Bapak : Jam 3, Oya kowe weruh Ibu ora? Siti : Boten Pak, kula boten (weruh) ......Ibu Bapak : O, yowis. Kowe menyang omah wae ya, ora usah lunga lunga. a. b. c. d. e. f. g. h. Maling Desember Anak Kodhok Weteng Sekuter Brekat Cangkem i. Kathok j. Wedang k. Tarub l. Maratuwa m. Dhalang n. Kupat o. Bocah


12 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Siti : Wah Pak, ngapunten kula badhe (lunga)…. , boten saged wonten (omah) …. Bapak : Kowe arep lunga menyang ngendi, numpak apa? Siti : Dhateng (omahe)….. kanca kula Pak, badhe (numpak)…. sepedha kemawon. Bapak : Yowis kana ati ati. Sit bapak Siti : Nggih Pak matur nuwun b. Gawea pacelathon nggunakake basa krama dene temane manasuka , sawise iku banjur peragakna ana ing ngarep kelas karo kancamu ! .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... .......................................................................................................................................................... c. Salinana ukara ngisor iki nganggo basa krama lugu! 1. Aku tuku dhawet ireng legi banget. : …………………………………. 2. Adhik ora sida mulih amarga isih udan : …………………………………. 3. Kancaku isih lunga durung bali. : …………………………………. 4. Aku ora sida turu amarga panas banget. : …………………………………. 5. Adhik ora gelem mangan amarga isih lara. : …………………………………. 6. Kancaku ndeleng bal-balan ana ing alun-alun : …………………………………. 7. Aku nggawa kayu karo godhong akeh banget. : …………………………………. 8. Adhik turune kepenak banget. : …………………………………. 9. Kancaku ora nduwe pit kanggo mangkat sekolah. : …………………………………. 10.Aku nyekel sega sing rada panas. : …………………………………..... d. Nyusun Ukara Tuladha : Bapak samenika taksih dhahar siyang kaliyan pecel lele raosipun ketingal eca sanget. raosipun -taksih -bapak-dhahar- kaliyan-siyang-ketingal-sanget-samenika-eca- pecel


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 13 Coba tembung-tembung ing ngisor iki , rantama supaya dadi ukara kang becik kaya tuladha ing dhuwur ! 1. Kondur - saking – kantor - taksih - bapak – adhik – sinau- wonten ing- nalika- kamar2. Budhe - simbah - gerahipun menawi- sampun - dere- ng - dhangan- pirsa3. Jatimalang - wisata - kondhang -ing -tlatah -Purworejo - Pantai - papan- ingkang – dados- menika. 4. Adhik - menawi - benjing - pengin - –guru- mulang- para - gadhah -siswa - gegayuhan - ageng - dados 5. Menika - salah - ingkang - ngrasuk - ingkang - ageng - sadonya – Indonesiamasarakatipun - satunggaling- agami Islam- negari 6. Anoman - Rama Wijaya –methuk - ing -negara Alengka - Dewi Sinta - kadhawuhan - supaya 7. Raja Alengka - Raden Rama - jalaran - kadhusta – dening- - asmane - Prabu Rahwanaduka- Dewi Shinta. 8. Manungsa - Covid 19- menika –virus – ingkang - –tumrap - kesehatan - salah - satunggaling- mbebayani – sanget. 9. Pasrawungan - tatakrama - lan - unggah-ungguh - dipuntrapaken - ing - madyaning - kedah- menika 10. Pumpung -taksih -enem -mangga –sami- mempeng –anggenipun- sinau –supadosnggadahi kawruh- lan - seserepan.


14 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Kompetensi Dasar : Menanggapi isi teks cerita Ramayana (Anoman Duta ) Indikator : Menulis pokok-pokok isi cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta Menyampaikan secara lisan pokok-pokok isi cerita wayang Ramayana lakon Anoman Duta. Mampu menjawab pertanyaan teks wacana Mampu menyebutkan persamaan kata Mampu menceritakan ringkasan cerita Anoman Duta. 11. Nanggapi carita Anoman Duta I. Teks wacana ing ngisor iki wacanen kanthi premati ! ANOMAN DUTA Anoman Kacariyos nalika Dewi Shinta kacidra dening Raja Alengka inggih menika Prabu Rahwana, Rama Wijaya lan rayinipun ingkang asma Raden Laksmana tansah mbudidaya ngupadi dunungipun Dewi Shinta. Rama lajeng dhawuh dhumateng Anoman supados purun dados dutanipun madosi garwanipun kasebat. Anoman purun boten betahaken wekdal dangu piyambakipun age-age tandang gawe Anoman lajeng nglajengaken lampah. Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asokka kanthi mlumpati baluwerti saperlu manggihi Dewi Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun ngantos kesumerepan dhumateng para yaksa prajineman ingkang jagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan lan kapireng dening Dewi Trijatha, putrinipun Raden Gunawan Wibisana minangka rayinipun Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten punika kang boten sanès suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha sanalika nandhang asmara/gerah wuyung. KETRAMPILAN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 15 Gladhen ! Déning Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipunsowanaken dhumateng Dewi Sinta. Ing mriku, Anoman lajeng maringaken kalpikanipun Rama. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka pralambang bilih Dewi Sinta sanget ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya. Nalika Anoman nembé wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng saged kapikut déning Raden Indrajid putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipunsowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipunobong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipunbesem, eloking kawontenan, Anoman boten saged tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman punika dipunawut-awut saéngga Kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng nagari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi premati ! 1. Rama Wijaya lan rayinipun ingkang asma Raden Laksmana tansah mbudidaya ngupadi dunungipun... . 2. Anoman lajeng nglajengaken lampah.Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing... . 3. Sinten ingkang mbiyantu Anoman sowan kaliyan Dewi Sinta... . 4. Anoman sumerep Dewi Tijatha sanalika langsung nandhang ... . 5. Ingkang saged nyepeng Anoman ing negara Alengka inggih menika... 6. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipunobong wonten ing... . 7. Dewi Shinta kacidra dening Raja Alengka inggih menika... . 8. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe dhateng Anoman pinangka pralambang bilih Dewi Sinta taksih... . 9. Sareng nagari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing... . 10. Menapa ingkang dipunlampahi Anoman nalika kahanan Taman Asoka sepen... .


16 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 11. Ngowahi dadi basa ngoko No Basa krama Basa ngoko 1 Dutanipun Utusane 2 Piyambakipun ................................... 3 Betahaken ................................... 4 Manggihi ...................................


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 17 5 Kawontenan ................................... 6 Rayinipun ................................... 7 Nglajengaken ................................... 8 Dipunbesem ................................... 9 Ngarsanipun ................................... 10 Suwantenipun ................................... 11 Dipunsowanaken ................................... 12 Tumuli ................................... 13 Ngupadi ................................... 14 Madosi ................................... 15 Kacidra ................................... 12. Negesi Tembung Tegesana tembung-tembung ing ngisor iki kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih tengen ! age-age dipunawut-awut kacidra kapidhana kalpikanipun kapikut kasugenganipun budidaya wuyung wawan pangandhikan 13. Rembugan karo kancamu pitutur apa wae sing bisa kajupuk saka carita ing dhuwur ! Papan kanggo nggarap ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... a. cepet-cepet b. gandrung,kasmaran c. keslametane d. kanca guneman e. usaha f. diubal-ubal g. ali-ali h. diukum i. diculik j. kecekel


18 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 14. Gladhen nulis pokok-pokok isine teks wacana Tulisen pokok-pokok isine teks wacana Anoman Duta ing dhuwur nganggo basa krama ! No Pokok pokoke isi teks wacana 1. Rama Wijaya lan rayinipun ingkang asma Raden Laksmana tansah mbudidaya ngupadi dunungipun Dewi Shinta 2. .......................................................................................................................... 3 ......................................................................................................................... 4 ......................................................................................................................... 5 ......................................................................................................................... 6 ......................................................................................................................... 7 ......................................................................................................................... 8 ......................................................................................................................... 9 ......................................................................................................................... 10 ......................................................................................................................... II. Kawruh Basa a. Dasanama Dasanama yaiku : tembung sing duweni teges luwih saka siji. Tuladha : omah dasanamane : griya, dalem, wisma, bale, gubug lsp. lara dasanamane : gering, mriyang, mrumap, sakit, gerah lsp Ukara : Amarga anggone mangan kurang ati-ati, tanggaku saiki ngrasakake lara weteng wis ana telung dina durung mari. Tembung tembung ing ngisor iki golekana dasanamane kaya tuladha ing dhuwur,banjur gawea ukara kang becik ! 1. Sedhih : ……………………........................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... 2. Kartika : ……………………......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... 3. Kusuma : ……………………......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... 4. Srengenge :…………………….......................................................................... ..... Ukara : …………………….........................................................................


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 19 5. Geni :…………………….......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... .... 6. Kondhang :…………………….......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... ..... 7. Banyu :…………………….......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... ..... 8. Gunung :…………………….......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... ...... 9. Bumi :…………………….......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... ...... 10. Slamet :…………………….......................................................................... Ukara : ……………………......................................................................... b. Tembung Entar Tembung entar, yaiku tembung silihan, tembung kang ora kena ditegesi mung sawantahe bae. Dadi tegese ora salugune. Diarani uga arti kiasan. Tembung entar tegese tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere. Ing Basa Indonesia diarani kiasan utawa ungkapan. Tuladha a. Cilik atine tegese : gampang nesu b. Dawa tangane tegese : seneng njupuk barange liyan Tembung tembung ing ngisor iki golekana tembunge entare kanthi milih pilihan kang wis sumadya ! 1. Mung lelamisan, ethok-ethok ora tenanan. 2. Kewirangan, kisinan 3. Mamerakake baguse 4. Ora bisa mikir 5. Nyambut gawe abot 6. Ala bebudene 7. Seneng nyambut gawe,/seneng nulung wong liya. 8. Kuwatir banget, keweden banget 9. Ora gampang sumelang, ora wedian 10. Ngandhakake wewadining liyan 11. Tansah ngrepotake wong liya. 12. Tumindak becik marang wong liya. a. Abang-abang lambe b. Adus kringet c. Abang raine d. Mbukak wadi e. Atine ana wulune f. Entheng tangane g. Entek atine h. Ndhedher kabecikan i. Dadi gawe j. Gedhe atine k. Adol bagus


20 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan ab,c utawa d sing koanggep bener ! 1. Kadange Garuda Jatayu kang dipateni Prabu Dasamuka kanthi pedhang Menthawane aran... . b. Garuda simpati c. Dewi Trijatha c. Wil Kataksa d. Dewi Shinta 2. Wujude kethek putih duwei kekuatan lan ulah kanuragane wis kodhang kaloka, saben negara wis padha mangerteni kadidayane. Paraga kasebut asmane... . a. Anoman b. Sugriwa 3. Anoman menang sayembara amarga dheweke saguh teka ing Ngalengka kanthi wektu sedina. Anoman banjur budhal dikancani dening a. Semar, Petruk, lan Bagong c. Semar, Jatayu,Dewi Trijatha b. Semar, Gareng, Bagong d. Dewi Trijatha, Jatayu, Bagong 4. Ingkang ngutus Anoman supados madosi dunungipun Dewi Shinta asmanamipun... . a. Raden Lasmana c. Prabu Dasarata b. Raden Rama Wjaya d. Prabu Rahwana 5. Kanthi pitulungan saka Dewi Trijatha, Anoman kasil sowan marang Dewi Shinta banjur menehake... . a. Busana c. Layang tresna b. Kalpika d. Kabar 6. Sasampunipun angsal dhawuh, Anoman boten betahaken wekdal dangu piyambakipun age-age... . a. Tandang gawe c. Malih rupa b. Golek bala d. Ngabari kanca 7. Sasampunipun sumerep Dewi Trijatha, Anoman sanalika rumaos... . a. Lara atine c. Angel panjaluke b. Rekasa uripe d. Bungah atine 8. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka pralambang piyambakipun taksih... . a. Ngarep arep tekane Anoman c. Kepengin dikancani Dewi Trijatha UJI KOMPETENSI 1


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 21 b. Ngarep arep tekane Rama Wjaya d. Kepengin manggen ing taman 9. Sabanjure teka ing Pancawati Raden Wibisana diangkat dulur enom dening Ramawijaya lan didadekake... a. Pekathik jaran c. Penjaga kraton b. Prajurit pilihan d. Penasihat raja 10. Anoman iku awujud wanara seta ang dadine Rama. Tembung kagaris ngisor kasebut tegese... . a. Kethek sekti c. Kethek putih b. Kethek trengginas d. Kethek cilik 11. Negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk. Uga diarani jarwa dhosok. Bab kasebut diarani... . a. Kerata basa c. Saloka b. Dasanama d. Tembung entar 12.Ing ngisor iki kalebu tuladha kerata basa ana ing... . a. Eseme mbakyuku pait madu c. Kathok tegese diangkat sitok-sitok b. Bocah kuwi sregep banget d. Duwe kalungguhan aja gedhe sirahe 13. Ing ngisor iki kalebu dasaname surya... . a. Srengenge, toya, bagaspati c. Bagaspati, raditya, srengenge b. Redi, raditya, srengenge d. Wukir, seganten, srengenge 14. Bocah kuwi kudu kendel, aja gampang wedi lan sumelang ngrapungake samubarang. Pratelan ing dhuwur tembung entare... . a. Entek atine c. Gedhe atine b. Atine ana wulune d. Gedhe sirahe 15. Sanajan abot rasane nanging awake dhewe kudu ngulinakake jembar segarane ngadhepi samubarang prekara. Tembung kagaris miring ing dhuwur tegese... . a. Sabar c. Alon-alon b. Tliti d. Ati-ati 16. Ukara ing ngisor iki kang migunakake basa krama lugu.... a. “Mas, panjenengan dalemipun pundi?” c. “ Pak, kula badhe wangsul nggih ?” b. „Kula sampun kagungan dalem Bu”. d. “ Mangga sami di dhahar rumiyin”. 17. Ukara ing ngisor iki bener miturut unggah-ungguh basa... . a. “ Pak, njenengan griyane pundi?” c. “Bu, mangga kula dherekaken tindak?” b. “ Bu, Sampeyan wau nyaosi menapa?” d. “ Pak, sida boten mangke acarane?”


22 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 18. Amargi simbah... kathah sanget, kula lajeng... pelem tiga cacahipun. a. Ngasta, dipunparingi c. Mbekta, disukani b. Ngasta , maringi d. Mbekta,dipuncaosi 19. Bapak wau... kaliyan adhik menawi pakdhe mangke sonten siyos ... mriki. a. Ngendika, sowan c. Sanjang, dugi b. Matur , dhateng d. Ngendika, rawuh 20. Pak guru : Enjing menika para siswa sami gladhen nulis aksara Jawa Siswa ....................................................................................................... ? Aturipun siswa ingkang leres inggih menika... . a. Nggih pak, aja suwi suwi pak !” c. “Oalah ko materi menika terus Pak !” b. “Radi angel menika pak, sanese mawon” d.“Siyap,dipunwurugi rumiyin nggih ?” B. Wangsulana pitakon –pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos ! 1. Carita wayang Ramayane anggitane... . 2. Lakon carita wayang kang wose Rama utusana marang duta supaya ngupadi Dewi Shinta yaiku... . 3. Anoman ketemu garwanipun Rama ana ing taman... . 4. Ing ing negara Alengka Anoman gandrung utawa nandhag tresna marang... . 5. Yen srawung ing madyaning pasrawungan kudu ngetrapake... lan... . 6. Srawung kudu duweni watakbecik aja nganti ati ana wulune. Tembung kagaris miring tegese... . 7. Bapak iku isih nandang sungkawa jalaran ditinggal lunga putra kinasihe. Sungkawa tegese... . 8. Kerata basane cengkir yaiku... . 9. Dasanamane gunung yaiku redi, wukir lan... . 10. Wau kula sampun menehi simbah dhaharan. Tembung menehi prayogane... . C. Pitakon –pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis ! 1. Tulisna carita ringkes lakon Anoman Duta ! Wangsulan: ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ....................................................................................................................................


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 23 2. Tembung tembung ing ngisor iki golekana kerata basane , banjur gawea ukara kangbecik a. Garwa b. Tebu Wangsulan : ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... 3. Apa tegese tembung tembung ing ngisor iki ! a. Mbudidaya b. Sesidheman Wangsulan: ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... .......................................................................................................................................... 4. Tulisna 3 ( telu ) amanat carita Anoman Duta !Wangsulan : ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... 5. Ukara –ukara ing ngisor iki owahana dadi basa krama ! a. “Bu, mengko sore aku arep lunga menyang omahe Rudi njupuk buku “ b. “Pak guru , esuk iki aku njaluk idin ya arep ngomong karo pak guru menawawetengku krasa lara banget “ Wangsulan : ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ........................................................................................................................................... ...........................................................................................................................................


24 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL I. Pidhato Basa Jawa A. Mangerteni Pidato Gambar : Praktik nindakake pidato 1. Tegese Pidhato Pidhato yaiku medharake gagasan, pamanggih utawa panemu ing sangarepe wong akeh jumbuh karo wigatining sedya. Pidhato uga diarani medhar sabda, tanggap wacana, atur pangandikan utawa sesorah. Dene wong kang jejibahane nindakake pidhato diarani pamedhar sabda. 2. Tujuwane pidhato Ancase pidhato antarane yaiku : a. Caos panglipur utawa hiburan Pidhato iki lumrahe katindakake ing acara pahargyan, tuladhane syukuran, pawiwahan utawa mantenan. Tujuwane supaya acarane bisa regeng lan gayeng (meriah). Kajaba iku, tujuwan pidhato ing acara kasripahan yaiku supaya sing nandhang sungkawa rumangsa kalipur ati saengga bisa teteg lan sabar nampa pacoban. b. Caos kawruh Pidhato iki isine medharake utawa njlentrehake sawijing bab, supaya pamiyarsa mudheng WULANGAN 2 PIDATO Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar 3.3 Memahami teks pidato Indikator Pengetahuan 1. Mampu memahami definisi dan nama lain pidato 2. Mampu mengetahui ancas pidato 3. Mampu menyebutkan teks kerangka pidato Indikator ketrampilan 1. Mampu menuliskan teks pidato 2. Mampu menyebutkan tata cara menyampaiakan pidato 3. Mampu memperagakan pidato di depan kelas dengan baik.


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 25 lan ngerti apa sing dikarepake saengga tambah kawruhe/ngelmune. Tuladha pidhato sosisalisas pemilu, penyuluhan kesehatan, program posyandu lsp.


26 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL c. Caos ajak-ajak Isine pidhato yaiku ngajak-ajak marang pamiyarsa. Pamicara/pamedhar sabda medharake sawijing bab kanthi nggunakake pawadan utawa alasan, bukti, lan tuladha tuladha supaya pamiyarsa luwih yakin lan percaya saengga gelem nindakake apa sing dikarepake. Tuladha : ceramah agama, kampaye lsp. 3. Perangan Pidhato a. Salam pambuka Ngaturake salam marang para pamiyarsa, kawiwitan tembung Assalamu’alaikum, nuwun, Sugeng Rahayu, lsp b. Purwaka basa Purwaka basa kaprinci dadi ; 1. Atur Pakurmatan Wose ngaturake pakurmatan marang para pamiyarsa, supaya sing diwenehi pakurmatan rumangsa diajeni lan diurmati. Tuladha : Para sesepuh, saha pinisepuh ingkang dahat kinabekten, para lenggah kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. 2. Atur pamuji Wose ngaturake atur pamuji marang Allah SWT. Tuladha : Mangga sareng-sareng kula dherekaken munjukaken raos puja pudyastuti dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring brekah, kasarasan saha karahayon dhumateng kula saha panjenengan sedaya. 3. Surasa basa Ngaturake wigatining sedya. 4. Dudutan Wose ngaturake ringkesaning bab kang diwedharake. 5. Pengarep-arep Wose ngaturake pangajap, supaya apa sing dijangka bisa kaleksanan. 6. Wasana basa Wose ngaturake nyuwun pangapura menawa anggone ngaturake pidhato ana kekurangan lan kaluputane. Tuladha : Cekap semanten ingkang saged kula aturaken ,menawi wonten kalepatan awit saking kiranging seserepan, basa saha sastra kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama, nuwun. 7. Salam Panutup Wose ngaturake salam minangka panutup kanthi ngaturake Wasallamu’alaikum, nuwun, lsp. 4. Bab – bab kang kudu digatekake nalika sesorah a. Basa utawa (Wicara)


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 27 Basa sing digunakake kudu trep karo unggah-ungguh basa, gumantung sapa sing diadhepi. Anggone micara, ngaturake saben tembunge cetha ora blero, tuladha : kula kinten, ora diaturake kula kinthen, kula badhe nyaosi ora diaturake kula badhe maringi, lsp. Bab basa iki b. Patrap utawa Solah bawa (wiraga ) Patrape kudu sing manteb, ngaded jejeg, tangan ngapurancang, ora kakehan obah, sirah ora ndhingkluk utawa ndhangak. Sing baku kabeh polahe badan mau kudu luwes ngepasake marang kahanan kang diadhepi. c. Swara (wirama) Wiramane prayogane cetha, kepenak dirungokake, ora keseron utawa kelirihen bisa ngepasake marang kahanan. d. Rasa (wirasa) Pamedhar sabda bisa ngolah rasa tegese atine bisa nglebur selaras karo bab kang diwedharake, tuladhane pidhato ing acara sripahan prayogane atine bisa ngrasakake sungkawa, ing acara pawiwahan, atine kudu melu bungah, cahyane sumringah. e. Busana (ngadisarira) Busana sing dianggo kudu resik, sukur sukur bisa narik kawigaten saengga para pamiyarsa bisa jenjem lan betah anggone nyawang. 5. Tuladha sesorah acara sukuran Nuwun, para sesepuh, pinisepuh saha kasepuhan ingkang satuhu pinundhi-pundhi, sagung para lenggah kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon Saderengipun sumangga kula dherekaken munjukaken puja pudyastuti wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos ingkang sampun paring mapinten-pinten rohmat, hidayah, kasarasan saha kasugengan dhumateng kula saha panjenengan sadaya satemah ing titiwanci kalodhangan punika saged pinanggih ing papan punika kanthirancag kalis ing sambikala amin. Sagung para lenggah, kula minangka talanging atur saking Bp. Hadi Sugiyo sakulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh sarta sugeng rawuh dene panjenengan sadaya sampun kersa nglonggaraken wekdal nglonggaraken salira rawuh ing adicara punika. Bapak saha ibu ingkang minulya, Bp. Hadi Sugiyo sakulawarga pikantuk kanugrahaning Gusti sampun kaparingan putra kakung, mijil rikala tanggal 19 Desember kala wingi tabuh 11.00 dalu kanthi wilujeng. Putra kasebat dipunparingi nama Bagus Barista Surya Abdulah. Bp. Hadi Sugiyo tansah ngajap lan nyuwun donga pangestu bapak ibu sedaya mugi mugi ingkang putra saged dados putra ingkang soleh, bekti, mbarokahi lan murakabi tumrap kulawarga, masarakat, bangsa lan negari amin. Bapak ibu ingkang minulya, Bp Hadi Sugiyo sakulawarga ngaturaken agunging pangapunten ing bok bilih anggenipun nampi panjenengan boten saged caos papan palengahan, pasugatan saha saha sanes-sanesipun ingkang mranani penggalih panjenengan saestu kanthi luhuring budi panjenengan sedaya keperanga paring pangapunten. Salajengipun menawi panjenengan sampun ngersakaken badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi dumugi dalem piyambak-piyambak kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Sepisan malih kulawarga bapak Hadi Sugiyo ngaturaken agunging panuwun awit kawigatosan panjenengan sedaya. Ing wasana, kula pungkasi semanten atur kula, bok menawi anggen kula matur kirang mranani penggalih panjenengan kula ngaturaken agunging sih samodra pangaksama. Nuwun. (Kapethik saka kumpulan sesorah Bas.com)


28 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL GLADHEN A. Golekana tegese tembung-tembung ing ngisor iki ! 1. sesepuh :……………............... 13. minulya :……………............ 2. pinisepuh :……………............... 14. mijil :……………............ 3. sagung :……………............... 15. murakabi :……………............ 4. pinundhi-pundhi :……………............... 16. pasugatan : ……………........... 5. puja pudyastuti :……………............... 17. luhuring budi :……………............ 6. kasarasan :……………............... 18. keparenga :……………............ 7. kasugengan :……………............... 19. wilujeng :……………............ 8. kalodhangan :……………............... 20. kawigatosan :……………............ 9. rancag :……………............... 21. pungkasi :………………….... 10. kalis :……………............... 22. mranani :……………............ 11. sambikala :……………............... 23. agunging :……………............ 12. talanging atur :……………............... 24. pangaksama :……………............ B. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Ing perangan pambuka, sadurunge ngaturake puji syukur marang Allah swt prayogane ngaturake... . 2. Kula minangka talanging atur Bapak Hadi Sugiyo sakulawarga. Talanging atur tegese... . 3. Ngaturake sugeng rawuh marang para lenggah iku diarani atur... . 4. Miturut teks kasebut Bapak Hadi sugiyo gadhah acara... . 5. Apa pangajap sing disuwun Bp. Hadi Sugiyo... . 6. Ing acara pambagya harja iku kajaba njaluk pangapura bab papan palenggahan, uga bab... . 7. Kula ngaturake lumunturing sih samodra pangaksama. Tetembungan kagaris ngisor kasebut tegese... . 8. Kita sedaya saged. .......ing papan menika kanthi sugeng boten wonten alangan satunggal menapa. Ceceg ceceg ing ukara kasebut prayogane diisi... . 9. Menawa arep ngrampungake sesorah sadurung salam panutup prayogane ngaturake... 10. Sagung para lengah mangga sami didhahar menika pasugatanipun. Para lenggah tegese... .


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 29 C. Pilihen ukara ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah ungguhing basa! B S 1. Wong sing nindakake pidhato diarani pamedhar sabda ... ... 2. Pidhato uga diarani pranata adicara. ... ... 3. Inti cengkorongan pidhato iku pambuka, surasa, dudutan, panutup ... ... 4. Atur pambagyaharja iku ngaturake sugeng rawuh marang para lenggah... ... 5. Atur pakurmatan iku diaturake sadurunge atur pamuji marang Gusti ... ... 6. Sadurunge mungkasi pidhato prayogane atur pangapura dhisik ... ... 7. Pidhato iku nggatekake wiraga, wirasa, wicara lan wirasa ... ... 8. Ngaturake pidhato ora kudu nganggo unggah ungguh ... ... 9. Migunakake busana kang pantes nalika arep nindakake pidhato ... ... 10. Wicara iku ana gegayutane karo tetembungan lan basa kang diaturake ... ... D. Gawea atur pambagyaharjo acarane mangga manasuka siswa dhewe, katulis nganggo basa lan unggah ungguh lan trep. Teks banjur diperagakake ing ngarep kelas. ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... .... “Golek uceng kelangan deleg” Tegese : mburu barang sepele kelangan sing luwih gedhe ( memburu barang sederhana, kehilanga barang yang lebih besar manfaatnya)


30 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL I. Nulis lan ngaturake pidhato A. Atur Pambagyaharja Menawa duwe gawe utawa acara kang ngaturi rawuhe wong akeh, lumrahe wong sing duwe gawe / acara bakal ngaturake atur pambagyaharja utawa ngaturake sugeng rawuh (selamat datang ) marang para tamu. Atur iki minangka tandha sukur marang tamu amarga wis kersa rawuh netepi undhangan. Atur pambagyaharja digunakake ana ing pasamuan resmi tuladhane yaiku acara sripahan, sukuran, arisan, mantenan lan liya liyane. Anggone matur yaiku kanti lisan ing ngarsane para tamu, lan sing nindakake pidhato atur pambagyaharja iki dening sing kagungan acara ( sing duwe gawe) dipasrahake utawa diwakilake dening wong sing wasis micara. Dene bab-bab kang prelu diaturake ing atur pambagyaharjo antarane yaiku: Ngaturake sugeng rawuh lan atur panuwun Njaluk pangapura anggone nampa, caos papan palenggahan, caos pasugatan Ngaturake panuwun awit pambiyantune para kadang panitya lan liya- liyane. Ngaturake pangajap ( harapan) utawa pengarep arep Supaya luwih cetha lan gamblang kepriye isi pidhato bab atur pambayaharja, ing ngisor iki bakaldicawicake tuladhane. Mangga diwaca lan digatekake kanthi premati ! Sesorah Atur Pambagyaharja ing Lelayu Assalamu’alaikum Wr. WbNuwun… Para pinisepuh miwah sesepuh ingkang kinabekten, serta para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Awit saking dhawuhipun kaluarga Bpk. Sholeh, keparenga kula, Khairunnisa, matur ingngarsa dalemipun panjenengan, minangka wakilipun saking kulawarga. Sumangga kula dherekaken tansah ngaturaken pamuji syukur mring pangeran Gusti Kang Maha Agung ingkang sampun keparing pirang karahmatan saha kawilujengan satemah ing titi wanci punika kanthi kebagaswarasan, kula miwah panjenengan saged makempal manunggal wonten ing papan menika. Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut Kompetensi Dasar 4.3 Membuat dan menyampaikan teks pidato Indikator .


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 31 Salajengipun sampun sawetawis panjenengan lenggah, kula ngaturaken pambagya sugeng rawuh.Panjenengan sampun keparenng rawuh saperlu paring belasungkawa ing adicara lelayu menika. Awitsaking menika, kula ngaturaken agunging panuwun Kula minangka wakiling saking kaluarga, nyuwun dedonganipun panjenengan kagem Alm. MbahRohim. Supados sedanten amal lan tuminda becike nalika tasih ing donya saged mbiyantu ing akhirat. Lan mugi-mugi, Allah SWT nampi sedanten amal perbuatan punika. Mboten kesupen, mugi-mugi Allah SWT paring panggonan ingkang becik wonten ing akhirat, amin. Kula pribadi, mbok menawi anggen kula ngacarani rawuh panjenengan para tamu wontenkiranging tata karma, kula sakaluarga nyuwun agunging pangaksama. Kalamun para kadang sampunngaturaken pasugatan unjukan serta dhaharan, kersa para rawuh dhahar kanthi mardikaning panggalih. Panyuwun kula, mugi para tamu sekeca lelenggahan ngantos paripurnaning adicara. Bokmenawi wonten atur miwah solah bawa kula ingkang kirang mranani panggalih, kula naming saged matur kupat bumbune santen, menawi lepat kula nyuwun pangapunten. Nuwun… Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Gladhen Tegesana tembung tembung ing ngisor iki kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih ngisor ! 1. Pasugatan 11. lelenggahan 2. Paripurna 12. pangaksama 3. Mranani 13. makempal 4. Penggalih 14. manunggal 5. Pasamuan 15. Titi wancine 6. Pangajap 7. Mbiyantu 8. Sekeca 9. Dicawisake 10. mardikaning a. Suguhan h. pangapura b. Nyenengke i. kumpul c. Patemon(pertemuan) j. Wis wektune d. Disiapke k. Nyawiji ( bersatu) e. Manasuka(bebas) l. rampung f. Kepenak m. nulungi g. Jagongan o. Ati


32 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL UJI KOMPETENSI II I. Pitakon pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih pilihan a, b, c utawad sing ko anggep bener ! 1. Sesorah uga diarani… . a. medhar sabda c. atur-atur b. pranatacara d. ceramah agama 2. Sing dudu dasanama sesorah yaiku… a. tanggap wacana c. atur-aturan b. atur pangandikan d. medhar sabda 3. Wong kang jejibahane nindakake sesorah diarani… . a. pambiwara c. pranatacara b. pamedhar sabda d. wong pinter 4. Bab kang ora perlu digatekake ing sesorah … . a. wirama c. wicara b. wirasa d. Wiguna 5. Menawa nindakake sesorah kudu nggatekake swara. Swarane ora keseron utawa kelirihan. Bab iki gegayutan karo… . a. wicara c. wirama b. wiraga d. wirasa 6. Nindakake sesorah kudu manteb, asta ngapurancang, ngadeg jejeg ora miyar-miyur. Bab iki gegayutan karo… . a. wirama c. wirama b. wirasa d. wiraga Teks 1, kanggo nggarap no 7-9 Cekap semanten atur saking kula, menawi boten mranani penggalih panjenengan kula nyuwun pangapunten. 7. Pratelan sesorah ing dhuwur kalebu tuladha… . a. purwaka basa c. dudutan b. wose utawa isi d. wasana basa 8. Mranani, tegese… a. nyusahake c. ngepenakake b. ngrugekake d. nglarani 9. Boten mranani penggalih panjenengan. Penggalih dasanamane… . a. awak c. barang b. ati d. rasa 10. Teks sesorah perangan pangajab utawa pangarep-arep kang trep yaiku… . a. Para rawuh mangga adicara enggal kawiwitan


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 33 b. Para lenggah mangga dhahar sawontenipun. c. Sagung para lenggah mugi-mugi acara menika saged kalampahan kanthi lancar d. Kathah lepat saestu kula nyuwun pangapunten 11. Agus arep takon omahe Pak Lurah marang wong tuwa kang isih lenggahan ana emperan daleme. Ukaranipun Agus ingkang trep prayoginipun… . a. Bapak, ngapurane ya badhe tanglet daleme Pak Lurah ngendi?” b. Pak, kepareng matur griyane Pak Lurah Pundi ko kula boten ngerti. c. Pak, ngapunten badhe mundhut pirsa omahipun pak Lurah pundi nggih?” d. Bapak, ngapunten badhe nyuwun pirsa dalemipun pak Lurah pundi? 12. “Simbah mangga ngombe, dak jupuke ya” Menawi matur kaliyan tiyang sepuh, prayoginipun… . a. “Eyang, mangga diunjuk aku pendhetaken nggih?” b. “Simbah mangga dipununjuk, kula jupukaken nggih?” c. “Eyang mangga dipun unjuk, kula pundhutaken nggih?” d. “Simbah mangga diinum, kula pundhutaken ya?” 13. Samenika ibu Siti taksih …. dhateng peken …. Gendhis kaliyan kabetahan sanesipun. Ceceg-ceceg ingkang trep kangge ngisi ukara ing nginggil, inggih menika… . a. lunga, tumbas c. kesah, madosi b. tindak, tuku d. tindak, mundhut 14. Nadya: “Panjenengan badhe mirsani menapa bapak?” Bapak: “ Bapak arep mirsani wayang”. “Kowe arep nonton ora?” Nadya ...................................? Midherek unggah ungguhing basa, aturipun Nadya ingkang prayogi ingih menika… , a. “Boten Pak, kula boten remen kaliyan wayang badhe mirsani film mawon. b. Ah, males Pak kula badhe tengga dalem kaliyan nonton tv. c. “Boten pak dhalange kanca kula dolan, dados pun kerep pethuk, bosen !“ d. Wah, inggih pak, kula remen sanget badhe ningali wayang “. 15. “Pak Guru, menapa sampeyan sampun mangertos menawi kula gerah? Ukara ing nginggil lepat, ingkang leres inggih menika… a. Pak Guru apa panjenengan wis pirsa yen aku lara? b. Pak guru, menapa panjenengan sampun pirsa menawi kula sakit? c. Pak guru apa sampeyan pun ngertos menawi kula sakit?” d. Pak guru, menapa njenengan wis ngertos menawi aku sakit? Teks II,kanggo nggarap no 16-17 Kabupaten Purworejo ugi gadhah salah saatunggaling kesenian tradhisional ingkang asli saking tlatah Purworejo. Kesenian menika sampun misuwur dumugi manca Kabupaten kepara malah dumugi saindenging nuswantara. Kesenian tradhisional menika namanipun Dolalak. 16. Kang ora kalebu dasanamane dhaerah yaiku… a. tlatah c. sumber b. wewengkon d. wilayah


34 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 17. Kesenian menika sampun misuwur dumugi manca kabupaten. Misuwur tegese… . a. payu c. resmi b. kondhang d. maju 18. Ing ngisor tata kramane nindakake srawung, kajaba… . a. seneng nyatur liyan c. alus guneme b. grapyak sumanak karo sapa wae d. sumeh polatane 19. Asiling kesenian jawa iku kudu diuri uri supaya... . a. mingslep c. aman b. mekar d. lestari 20. Apa sing perlu ditindakake para mudha supaya bisa ngembangake kabudayan?... a. nganakake penyuluhan b. duwe rasa seneng lan nyinaoni kabudayan lan seni seni tradhisional c. Nganakake lomba nembang campursari setaun pisan. d. Ethok ethok seneng supaya dialem. 21. Ati ati bakal slamet, sembrono mesthi cilaka, paribasane… . a. endhas pethak dikepeti c. diwenehi ati ngrogoh rempela b. sluman-slumun slamet d. sabar sareh mesthi pikoleh 22. Tumindak samubarang ing ngalam donya kudu dilambari watak suci lan… a. bebuden luhur c. dawa tangane b. gedhe endhase d. entheng tangane 23. latine… a. Khusnulisa c. Khusnul Khanisah b. Khuntiasih d. Khoirotun Nisa 24. Wong Islam kudu ngulinakake… . a. c. b d. 25. Tembung kang kagaris ngisor wacane… . a. khatam c. khikmah b. kharomah d. khotib


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 35 II. Wangsulana pitakon-pitaakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Basa kang digunakake ing sesorah prayogane komunikatif, tegese… ……………….. 2. Anggone nindakake sesorah bisa mapagake ati jumbuh karo apa sing wedharake ing sesorah. Ing sesorah bab iki diarani… ……………….. 3. Mugi mugi lumantar acara menika saged dadosaken kemajengan tumrap kabudayanPurworejo. Ing sesorah pratelan ing dhuwur kalebu perangan…………..… 4. Cekap semanten ingkang kula……….… menawi wonten kalepatan, kula nyuwunpangapunten. Tutugna ukara ing dhuwur supaya bisa dadi ukara kang becik ! 5. Sumangga pasugatan menika dipundhahar sawontenipun. Pasugatan tegese... . 6. Ngaturake sugeng rawuh marang para tamu diarani... . 7. Atur pambagyaharja digunakake ana ing pasamuan resmi tuladhane yaiku acara sripahan lan... 8. Pak Lurah samenika…... ….. (kowe), dipunaturi rawuh ing..................... (omah) kula. Ukara ing dhuwur benerna unggah-ungguhe ! 9. Wong kang jejibahane nindakake pidhato diarani... . 10. Pinisepuh iku tegese... . III. Wangsulana pitakon - pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Sebataken tata kramane nindakake pidhato, 3 wae ! Wangsulan :……………………………………………………………………… :…………………………………………………………………….. 2. Tulisna bab-bab kang prelu diaaturake ing atur pambagyaharja, 3 wae ! Wangsulan : ……………………………………………………………………… :………………………………………………………………………. :………………………………………………………………………. 3. Tulisna cengkorongane pidhato ! Wangsulan : ……………………………………………………………………… :………………………………………………………………………. 4. Gawea tuladha teks pidhato perangan panutup ! Wangsulan : ……………………………………………………………………… :…………………………………………………………………….. 5. Tetembungan ing ngisor iki golekana tegese : a. Atur pakurmatan b. Atur pambagyaharjo Wangsulan :…………………………………………………………....................... :…………………………………………………………....................... :………………………………………………………….....................


36 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL WULANGAN II SERAT WULANGREH PUPUH DANDANGGULA Kompetensi Dasar: Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula Indikator Mampu menjelaskan teks piwulang serat Wulangreh Mampu menjelaskan isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Dandanggula Mampu mengetahui paugeran tembang macapat Dandanggula Mampu menjelaskan amanat teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Dandanggula A. Mangerteni Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Dandanggula Wulangreh asale saka tembung Wulang lan Reh. Wulang tegese wulangan, dene reh tegese solah bawa utawa tumindak. Dadi Wulangreh tegese wulangan kanggo manungsa babagan solah bawa marang sapa bae ana ing alam donya. Wulangreh iku anggitane Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV. Serat Wulangreh satemene minangka pandom kanggo para putrane sunan supaya tansah eling anane tandha-tandha mudhune solah bawa nalika Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV dados ratu. Isi Serat Wulangreh Serat Wulangreh ana 13 pupuh tembang kang isine yaiku tembang Dhandhanggula 8 pada, Kinanthi 16 pada, Gambuh 17 pada, Pangkur 17 pada, Maskumambang 34 pada, Megatruh 17 pada, Durma 12 pada, Wirangrong 21 pada, Pucung 23 pada, Mijil 26 pada, Asmarandana 28 pada, Sinom 33 pada, lan Girisa 25 pada. Dene isine serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula iku sejatine ana 8 pada (bait) nanging ing ngisor iki tuladhane Pupuh dhandhanggula dipundhut 3 kaya ing ngisor iki : 01 Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga, PENGETAHUAN WULANGAN 3 SERAT WULANGREH PUPUH DANDANGGULA TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelaskan tentang tembang macapat Dandanggula 2. Menjelaskana paugeran tembang macapat 3. Menjelaskan kata kata pendek di dalam tembang Dandanggula 4. Melagukan dan memahami isi dan maksud tembang macapat Dandanggula 5. Memahami panyandra dan menyebutkan contohnya 6. Memahami tembung entar dan menyebutkan contohnya 7. Mampu menulis dan membaca aksara jawa ( aksara swara )


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 37 dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula -tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita. 02 Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku -aku, pangrasane sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira. 03 Jroning Quran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang unginga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, tedah sasar susur, yen sira ajun waskita, sampurnane ing badanira puniki, sira anggugurua. Negesi tembung : pamedhare : ngandharake wasitaning : wewarah, pitutur cumanthaka : kumendel dhahat : banget ginunggung : dialem angrumpaka : ngentha -entha kalantur : kebacut katula -tula : kalunta -lunta rinuruh : tumungkul ririh : alon sasmitane : wisik, tandha, pituduh ewuh : angel, repot nora : ora jumeneng : ngadeg, teguh udani : ngerti, mudheng satuhu : sabenere darapon : supaya yekti : bener


38 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL uninga : ngerti pinanggih : ketemu katalunjuk : kadhung ayun : pingin waskita : pinter Isine : Pada 1 Iki minangka isining uneg unege ati, kayadene niru para pujangga, nanging rumangsa kudu dialem, basa sing nglantur lan sakarepe dhewe, sing dijingglengi kanggo padhange isine ati. Pada 2 ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ Pada 3 ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ Tembang macapat iku nduweni paugeran-paugeran sing jenenge guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Katrangan kang ana gegayutane karo tembang macapat antarane : 1. Pupuh : kumpulane pada ( paragraf) 2. Pada : kumpulane gatra kang mangun sawijining tembang macapat 3. Guru gatra : cacahing larik / gatra ing tembang macapat 4. Guru wilangan : cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra 5. Guru lagu : Tibaning swara a,i,e,u,o ing pungkasaning gatra. Sas – mi - ta -ning -nga - u- rip -pu- ni- ki, Guru wilangan lan guru lagu gatra 1 :10 i Ma -pan- e -wuh -yen -o- ra -we- ru-ha, Guru wilangan lan guru lagu gatra 2 : 10a tan- ju- me- neng -ing -u -ri -pe, Guru wilangan lan guru lagu gatra 3 : 8e a- keh -kang- nga -ku-a -ku, Guru wilangan lan guru lagu gatra 4 : 7u pang- ra- sa – ne - sam - pun -u- da - ni, Guru wilangan lan guru lagu gatra 5 : 9 i tur -du - rung- wruh -ing - ra -sa, Guru wilangan lan guru lagu gatra 6 : 7a


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 39 ( ), ra- sa -kang- sa - tu -hu, Guru wilangan lan guru lagu gatra 7 : 6u ra- sa - ning- ra - sa - pu - ni - ka, Guru wilangan lan guru lagu gatra 8 : 8a u -pa ya- nen-da –ra- pon- sam –pur-na- ugi, Guru wilangan lan guru lagu gatra 9 :12i ing -ka-u-ri-pa-ni-ra. Guru wilangan lan guru lagu gatra 10 : 7a Wondene paugerane tembang macapat Dandanggula ing dhuwur yaiku cacahe gatra ana 10 gatra I. Nulis Aksara Swara 1. Aksara swara utawa aksara vokal iku ana 5 yaiku (A). E), (I), (O), lan 2. Aksara swara gunane kanggo nulis sing dadi wandane (suku kata), umume saka mancanegara. 3. Aksara swara ora bisa didadekake aksara pasangan saengga aksara sigegan( konsonan) sing ana ing ngarepe kudu dipateni gunakake pangkon. 4. Aksara swara bisa diwenehi sandhangan wignyan ( .... layar (... ) lan cecak ( .. ). Ing ngisor iki tuladha aksara swara lan tuladha cak-cakane. Aksara Swara Wujude Tuladha panulisane A Kitab Aquran wus akil baleg Ahmad Dahlan E Embrio tindak Eropa I Islam Pak Ismu O Organisasi tim ormas (U).


40 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL U Urbanisasi Mas Usman Coba ukara-ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara jawa ! 1. Saiki wulan Oktober : ....................................................................... 2. Sinau hadist Ibnu Majah : ....................................................................... 3. Mangga menyang Amerika : ....................................................................... 4. Raden Untung Suropati : ....................................................................... 5. Bu Esti lan bu Indah : ....................................................................... Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihane ing sisih tengen ! No Pitakon Pilihan 1 ... a.Indonesia 2 ... b.Insiyur Habibie 3 ... . c.Asia 4 ... . d.Islam 5 ... . e.Urbanisasi 6 ... . f. Organisasi 7 ... . g.Eropa 8 ... . h.Abu Bakar 9 ... i. Umar bin Khatab 10 ... . j. Bhineka TunggalIka II. Panyandra Panyandra miturut Drs R.S Subalidinata ing bukune Kawruh Kasustran Jawa yaiku unenunen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta duwe teges mirip utawa


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 41 Gladhen memper. Sing di candra bab kang becik lan mengku ngalem kaendahan, kayata kaananing manungsa, sato kewan, tetuwuhan, utawa kaanan alam. Candra mengku teges rembulan, sasi, utawa gegambaran ngenani samubarang apa wae kanthi tetembungan kang endah. Umume akeh pamedhar sabda kang nggunakake panyandra ing sesorahe. 1. Dene tuladhane panyandra ing tetembungan RA Kartini punika praupanipun ayu wiwit lair kadya Dewi Ratih , solah bawa alus lumah lameh kadya macan luwe. 2. Candra perangane awak : untune miji timun, drijine mucuk eri, irunge ngudhup mlathi. 3. Candra solah bawa : lakune kaya macan luwe, swarane kaya mbelah-mbelahna bumi, rukune kaya mimi lan mintuna. a. Panyandra Kahanan Awak Panyandra (kahanan awak) yaitu ukara kang nggambarake kahanan awake manungsa kanthi migunakake pepindhan. Kanggo mangerteni cak-cakane panyandra , ing ngisor iki bakal diwenehi tuladhane. Ceceg - ceceg ngisor iki isenana kanthi milih pilihan ing sisih tengene supaya dadi panyandra kang trep ! 1. Dedege . . . . a. ngudhup mlathi 2. Kulite kuning . . . . b. ngandhan - ngandhan 3. Rambute . . . . c. nawon kemit 4. Irunge . . . . d. athi - athine 5. . . . nduren sajuring. e. nyela cendhani 6. . . . ndamar kanginan. f. nglaler menclok 7. . . . tumengeng tawang. g. mucuk eri 8. . . . ngudhup turi. h. dhuwur kencur 9. Untune . . . . i. mripate 10. Lambene . . . . j. micis wutah 11. Bangkekane . . . . k. idepe 12. Bathuke . . . . l. kuning emas sinangling 13. Brengose . . . . m. miji timun 14. Sinome . . . . n. njambe siniga 15. Drijine . . . . o. pipine b. Panyandra Solah Bawa Panyandra (solah bawa) yaitu ukara kang nggambarake tindak-tanduke manungsa kanthi migunakake pepindhan. Kanggo mangerteni cak-cakane panyandra solah bawa , ing ngisor iki bakal diwenehi tuladhane. Tuladha : Alise nanggal sepisan. Pundhake nraju mas. Tangane nggendhewa pinenthang.


42 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Gladhen Ceceg – ceceg ngisor iki isenana kanthi milih pilihan ing sisih tengen supaya dadi panyandra kang trep ! 1. Playune kaya . . . . a. mbelahna bumi 2. Antenge kaya . . . . b. bantheng ketaton 3. Rukune kaya . . . . c. lonjong botor 4. Swarane kaya . . . . d. bisa mutung wesi jligen 5. Ngadeg njegegreg kaya . . . . e. gabah diinteri 6. Polahe wadya bala kadya . . . . f. mbata rubuh 7. Tandange kaya . . . . g. tugu sinukarta 8. Jogede kaya . . . . h. temanten ditemokake 9. Sumbare kadya . . . . i. merak kesimpir 10.Surake kaya . . . . j. mimi lan mintuna Kompetensi Dasar : Menulis syair serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula dengan ragam krama. Indikator : Mampu melagukan tembang macapat Dhandhanggulan. Mampu menuliskan aturan membuat tembang Dhandhanggula. Mampu menulis syair tembang macapat Dhandhanggula Mampu menulis pokok-pokok / amanat tembang macapat Dandanggula B. Nembangake Tembang Macapat Dandanggula Tembang Macapat Dandanggula iku kalebu salah sijine tembang macapat. Tembang iki duweni watak tembang luwes, ngresepake. Lumrahe ditembangake kanggo pambuka nalika medharake piwulangan lan pitutur, rasa kasmaran / gandrung. Pralambang tumrap para nom-noman nalika nadhang gandrung utawa kasmaran lan ngalami kedadeyan kang endah-endah. Dene sasmitaning tembang Dandanggula yaiku manis, sardula, madu, drawa, gendhis. Siswa bisa gladhen tembang macapat Dandanggula kanthi wewarah bapak utawa ibu guru. Sanajan katon angel, kanthi tekad lan krenteg kang kuat ing tembe buri siswa bakal trampil lan wasis nembang macapat Dandanggula. Ing ngisor iki bakal dicawisake tuladha tembang macapat Dandanggula , mangga siswa bisa gladhen kanthi mempeng lan semangat ! Tuladha Lakune kaya macan luwe. Pasedulurane kaya banyu karo lenga. KETRAMPILAN


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 43 DHANDHANGGULA Slendro Sanga 2 5 6 6 6 1 2 2 2 2 Yo gya ni ra kang pa ra pra ju rit 2 2 1 1 1 1 1 1 1 1. 6 La mun bi sa si ra a nu la dha 5 6 6 6 6 6 6. 16. 5 Ka dya ngu ni ca ri ta ne 6 1 2 1 6 1. 65 6 An de li ra Sang Pra bu 6 6 1 6 5 2 2 2 2 232 1. 6 Sa sra ba u ing Ma es pa ti 6 1 1 1 1 1 1 A ran pa tih Su wan da 1 6 1 2 3 1 6 5 Le la bu ha ni pun 2 2 2 2 2 2 2 2 Kang gi ne lung tri pra ka ra 5 3 2 1 6 6 6 6 6 1 2 2 Gu na ka ya pu run ing kang den an te pi 1 1 1 6 2 1. 65 6.1 Nu ho ni trah u ta ma I. Negesi tembung Tegesana tembung ngisor iki banjur gawenen ukara liyane! Yogyanira :……………….. Ukarane :……………………………………………….................................................. Lamun :……………….. Ukarane : ……………………………………………….................................................. Anuladha :……………….. Ukarane : ……………………………………………….................................................. Lelabuhan :……………….. Ukarane :……………………………………………….................................................. Nguni :……………….. Ukarane : ……………………………………………….................................................. Nuhoni :……………….. Ukarane : ……………………………………………….................................................. Kadya :……………….. Ukarane :………………………………………………………… II. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi cekak aos! 1. Patuladhan becik ana ing tembang Dhandhanggula dhuwur iku kanggo sapa? Wangsulan:……………………………………………………………………………… 2. Tulisna piwulang luhur kang tinemu ing tembang macapat ing dhuwur ! Wangsulan:……………………………………………………………………………... 3. Sebutna telung prakara kang kudu diantepi! Wangsulan:……………………………………………………………………………… 4. Tulisna paugerane tembang macapat ing dhuwur ! Wangsulan;………………………………………………………………………………


44 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 5. Tembang Dhandhanggula ing dhuwur iku kapethik saka ngendi? Wangsulan:……………………………………………………………………………… III. Maca aksara Jawa Wacanen aksara Jawa ngisor iki banjur tulisen latine! 1. Latine: ……………………………………………………………………………….. 2. Latine:………………………………………………………………………………… 3. Latine:………………………………………………………………………………… 4. Latine:………………………………………………………………………………… 5. Latine:………………………………………………………………………………… IV. Maca Teks Wacana Wigatine ngetrapake tata krama lan subasita ing madyaning pasrawungan media sosial Ing era milenial iki, tanpa dinyana wong luwih seneng migunakake internet tinimbang micara langsung. Internet utawa media sosial murakabi banget tumrap manungsa. Saking akeh banget migunanine, internet iki wis dadi sarana pokok tumrap masarakat. Ancase nggunakake internet antarane yaiku kanggo srawung utawa sosialisasi, sarana golek pangupajiwa utawa nyambud gawe silahturohim marang kanca, relasi lan sedulur, malah tekan ngetokake uneg uneg utawa isining ati. Srawung lumantar media sosial tuladhane whatsapp Facebook, Instagram, tekan Youtube, layang elektronik utawa email. Miturut data We Are Social & Hootsuit saka lapuran digital 2022 Global Overview Report medharake saka 7,91 miliar populasi sadonya, akehe 4,95 miliar masarakat utawa 62,5% wis kasil ngakses internet. Rata rata wong ngentekake wektu 6 jam 58 menit sedina. Miturut Direktorat Jenderal Kependudukan lan Pencatatan Sipil (Dukcapil) Kementerian Dalam Negeri, cacahe masarakat Indonesia ngancik 273,87 yuta jiwa data ing 31 Desember 2021 (databoks.katadata.co.id). Wondene masarakat Indonesia sing nggunakake internet cacahe tekan 73,7 % saka jumlah masarakat Indonesia. Nah, amarga saking akehe wong kang migunakake internet ing media sosial, mula perlu dingerteni lan digatekake bab wigatine ngecakake tatakrama lan subasita ing media sosial kasebut. Tumindak becik lan ngetrapake tata krama lan subasita kajaba dicakake ing pasrawungan nyata , uga kudu ditrapake nalika migunakake media sosial. Bab iki wigati banget, jalaran menawa tumindak utawa ngandharake panemu utawa gagasan ing media sosial sakarepe dhewe lan ora ngati ati bakal ndadekakake pasulayan lan cilakane awake dhewe.


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 45 Gladhen Kajaba iku wong kasebut bisa kena pasal UU ITE No11 tahun 2008 babagan informasi lan transaksi elektronik kang dadekake kena paukuman. Mula ing ngisor iki minangka tuladha ngecakake tata kramane lan subasita ing media sosial, yaiku : 1. Migunakake basa kang becik kepenak dirungokake / diwaca 2. Ora gampang ngetokake tetembungan kang nglarani ati 3. Ora mbukak wadine wong liya. 4. Nalika menehi pamanggih utawa komentar kang beda karo ngen ngene mula nggunakake tembung nuwun sewu, njaluk ngapura lsp. 5. Ngaturake panuwun menawa diwenehi kabecikan (entuk postingan kang akeh mumpangate) saka wong liya. 6. Anggone menehi pamanggih utawa ngabari marang wong liya kudu ngerti wayah. Bab tata krama ing madyaning pasrawungan iki bisa kanggo patuladhan supaya bisa wicaksana migunakake media sosial ing sadhengan wektu lan papan. Negesi Tembung a. Tembung tembung ing ngisor iki gatukna karo pilihan kang wis cumawis ing sisih tengen! b. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Apa sebabe internet iki wis dadi sarana pokok tumrap masarakat ? Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 2. Tulisna ancase migunakake internet ! Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... No Tetembungan Pilihan wangsulan 1 Wigatine a. Migunani 2 Madyaning b. Njelasake 3 Pamanggih c. Padudon 4 Murakabi d. Rahasiane 5 Medharake e. Wektu 6 Ngandharake f. Saben 7 Pasulayan g. Nggenahake 8 Wadine h. Tengahing 9 Wayah i. Panemu, pendapat 10 Sadhengah j. Pentinge k. Pasrawungan


46 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 3. Tulisna apa wae sing diarani media sosial iku ! Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 4. Sapa kang medharake bilih saka 7,91 miliar populasi sadonya, akehe 4,95 miliar masarakat utawa 62,5% wis kasil ngakses internet ? Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 5. Tulisna irah-irahan teks wacana ing dhuwur ! Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 6. Apa sing diandharake Direktorat Jenderal Kependudukan lan Pencatatan Sipil (Dukcapil) Kementerian Dalam Negeri ? Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 7. Tumindak becik lan ngetrapake tata krama lan subasita kajaba dicakake ing pasrawungan nyata , uga kudu ditrapake nalika migunakake media sosial, apa sebabe ? Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 8. UU ITE No11 tahun 2008 ngandharake bab apa ? Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 9. Tulisna tuladha ngecakake tata kramane lan subasita ing media sosial ! Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... 10.Cacahe wong sing nggunakake internet ing negara Indonesia ana pira ? Wangsulan : ................................................................................................................ ..................................................................................................................................... c. Gawe Ukara Tembung Tuladha Tata krama Ing sadhengan papan tata krama iku kudu ditrapake nalika nindakake srawung marang sapa wae No Tetembungan Cak-cakane Ukara 1 Wigatine ................................................................................................................ ............................................................................................................ 2 Madyaning ................................................................................................................ ........................................................................................................... 3 Pamanggih ................................................................................................................ ........................................................................................................... 4 Murakabi ................................................................................................................ ............................................................................................................


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 47 5 Medharake ................................................................................................................ ............................................................................................................ 6 Ngandharake ................................................................................................................ ........................................................................................................... 7 Pasulayan ................................................................................................................ ........................................................................................................... 8 Wadine ................................................................................................................ ........................................................................................................... 9 Wayah ................................................................................................................ ............................................................................................................ 10 Sadhengah ................................................................................................................ ........................................................................................................... A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan ab,c utawa d sing koanggep bener ! 1. Serat Wulangreh iku anggitane ... . a. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV d. Hamengku Buwana IV b. Kanjeng Susuhunan Pakubuwana VI c. Hamengku Buwana V 2. Tembang macapat kang duweni guru gatra 10 gatra yaiku... . a. Pangkur c. Maskumambang b. Sinom d. Dandanggula Teks I kanggo mangsuli pitakon no 3-8 ! Pamedhare wasitaning ati, cumanthaka aniru pujangga, dahat muda ing batine. Nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita. 3. Tembang ing dhuwur kalebu tembang macapat... . a. Pangkur c. Dandanggula b. Gambuh d. Pocung 4. Gatra III tembang ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune... . a. 8 e c. 10 a UJI KOMPETENSI II


48 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL b. 9 e d. 11 i 5. Tembung sasmita cakepan ing dhuwur tegese... . a. Dalan c. Jagad b. Pratandha d. Seneng 6. Tembang ing dhuwur cacahe pada ana... . a. 1 c. 9 b. 2 d. 10 7. Miturut cakepan ing dhuwur duweni amanat... . a. Micara sakarepe dhewe ndadekake cilaka c. Kudu niru para pujangga b. Amrih padhang kanggo pratandha d. Bocah enom kudu seneng mikir 8. Tembung kacithak kandel ing cakepan ing dhuwur tegese... . a. Ngendikane c. Pengeling-eling b. Cethane d. Lumrahe 9. Ukara kang nggambarake kahanan awake manungsa kanthi migunakake pepindhan... . a. Panyandra c. Sanepo b. Sengkalan d. Saloka 10. Nggendhewa pinenthang iku panyandra saka ... . a. Pundhak c. Driji b. Alis d. Tangan 11. Mbakyuku kae pancen wanita kang endah banget angger wong sing nyawang mesthi bisa kesengsem marang praupane. Untune miji timun, rambute ngandhan-andhan dene bangkekane... . a. Duren sajuring c. Nawon kemit b. Ngudhup turi d. Nanggal sepisan 12. Bocah anyar kang nembe mlebu ana ing sekolahanku kae tandange kaya... . a. Mimi lan mintuna c. Banteng ketaton b. Mbelah-mbelahna bumi d. Macan luwe 13. Salah sawijining benua arane... . a. c. b. d. 14. Ing negara Indonesia wong wong akeh kang ngrasuk agama... . c. d. a. Dewa c. Allah SWT b. Pemimpin d. Presiden 16. Ing ngisor iki tata kramane nindakake srawung ing media sosial... . a. Seneng mbukak wadi wong liya c. Micara sakarepe dhewe b. Micara kang ndadekake pasulayan d. Micara alus ora nglarani ati 17. Ing ngisor iki kalebu piranti media sosial yaiku... . a. Youtube, facebook, layang c. Ariwarti, layang, youtube a. b. 15. ... .


MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 49 b. Instagram, WA, kalawarti d. Twitter, facebook, WA 18. Micara ing media sosial menawa ora ngati ati bakal ndadekakake pasulayan. Pasulayan tegese... . a. Kekancan c. Rumaket b. Paseduluran d. Congkrah 19. Ing ngisor iki ora kalebu gunane internet yaiku... a. Kanggo srawung utawa sosialisasi c. Ngedohake paseduluran b. Ngetokake uneg uneg utawa isining ati d. Silahturohim marang kanca 20. Internet utawa media sosial wis dadi sarana pokok tumrap masarakat, mula teknologi kasebut murakabi banget tumrap manungsa. Murakabi dasanamane... . a. Kemajuan c. Ngepenake b. Sarwa kepenak d. Migunani B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Tembang Dandanggula guru gatra katelu duweni guru wilangan lan guru lagu... . 2. Cacahing gatra saben sapada diarani... . 3. Serat Wulangreh iku anggitane... . 4. Pamedhare wasitaning ati, wasitaning tegese... 5. Sing miji timun iku... . 6. Tandange kancaku kae kaya... . 7. Ancase nggunakake internet antarane yaiku bisa kanggo sarana golek pangupajiwa. Pangupajiwa tegese... . 8. Ing media sosial iku supaya bisa ditampa dening wong akeh mula kudu bisa ngetrapake... 9. sesantine wong... . C. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cetha ! 1. Sebutna apa wae tata karamane nindakake srawung ing media sosial ! Wangsulan : .............................................................................................................. ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... 2. Tulisna paugerane tembang macapat Dandanggula ! Wangsulan : .............................................................................................................. ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... 10. ... .


50 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 3. Gawea sawijining tuladha tembang macapat Dandanggula ! Wangsulan : .............................................................................................................. ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... 4. Tulisna latin wacan aksara Jawa ing ngisor iki ! a. b. Wangsulan :.............................................................................................................. ................................................................................................................................... ................................................................................................................................... 5. Apa panyandra peranganing awak ing ngisor iki ! a. Brengose b. Bathuke c. Pundhake Wangsulan :.............................................................................................................. ................................................................................................................................... ...................................................................................................................................


Click to View FlipBook Version