MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 51 WULANGAN III UPACARA ADAT PENGETAHUAN Kompetensi Dasar Menelaah teks deskriptif tentang upacara adat Indikator Menjelaskan pengertian upacara adat Menyebutkan contoh upacara adat Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit. Menjawab/ mengajukan pertanyaan bacaan Menuliskan isi cerita A. Mangerteni Tegese Lan Tuladha Upacara Adat Perlu dingerteni menawa upacara adat yaiku sawijing upacara adat utawa ritual kang biasa dilakoni dening sawijining kelompok utawa masarakat lan isih duwe gegayutan karo etnis, suku utawa kabudayan. Kanggo masarakat sing ora gelem nindakake upacara adat mula dianggep ora umum lan bakal disisihake dening warga / masarakat ing papan panggonan kasebut. Upacara adat yaiku sawijining upacara utawa kegiatan kang ana gandheng cenenge karo tradisi, adat utawa budaya kang turun tumurun saka para leluhur kang dianakake minangka tandha sukur marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Lumrahe upacara adat iki dianggep duweni nilai kang sakral tumrap sawijining masarakat tertemtu. Upacara adat minangka tradhisi utawa asiling budaya kang diwarisake kanthi turun tumurun, mula upacara adat iki isih lestari tekan jaman saiki jalaran kajaba tandha sukur marang Gusti uga minangka wujud kurmat lan ngajeni marang leluhur sing wis seda. Anggone nindakake kegiyatan upacara adat iki isih gegayutan karo papan panggonan kang digunakake, wektu ngadani upacarane nganti piranti utawa ubarampe upacara kang diperlokake. WULANGAN 4 UPACARA ADAT TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelasan devinisi upacara adat dan contohnya 2. Menjelaskan nilai nilai luhur pada setiap contoh upacara adat 3. Menuliskan dan menceritakan salah satu contoh upacara adat 4. Menjelaskan kata kata yang sukar atau istilah – istilah dalam teks upacara adat 5. Memahami tembung rangkep, jenis tembung rangkep dan contohnya
52 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Nanging ing jaman modern saiki anane upacara adat uga wiwit ditinggalake dening para generasi mudha. Ngapa sebabe ? jalaran saperangan upacara adat iki dianggep ana sing nerak marang aturan agama, mula upacara adat kang wis dadi budaya kasebut sethik mbaka sitihik disingkiri. Kanggo ngleluri lan nglestarekake upacara adat kasebut minangka generasi mudha saora-orane kudu gelem ngerteni lan mudheng marang asiling kabudayan kang ditindakake dening masarakat Jawa. Mula saka iku ing ngisor iki bakal digenahake tuladhane upacara adat. 1. Genduren Upacara iki dipandhegani dening tokoh agama utawa tokoh budaya ing papan kono. Upacara genduri utawa upacara slametan iki dianakake menawa sing kagungan gawe duweni hajad nandhang bungah kayata supitan, pawiwahan, utawa sukuran. Utawa isih nadhang sungkawa kayata sanak sedulure sing nembe kasripahan, umume ditindakake ing dina kaping pitu utawa mitung dina, kaping patang puluh utawa matang puluh, dina kaping satus utawa nyatus, mendak utawa kaping telung taun, lan nyewu utawa dina kaping sewu lan haul utawa yen wis punjul saka telung taun. 2. Nglarung Tradhisi nglarung utawa larungan salah sawijining tuladha upacara tradhisional kang ditindakakake dening masarakat suku Jawa. Nglarung asale saka tembung larung tegese mbuwang samubarang ing kali utawa segara. Umume sing dibuwang awujud sesajenan kang wis didongani ditujokake kanggo para leluhur. Ancase nganakake larungan utawa nglarung iki minangka rasa sukur marang Gusti Allah kang wis paring nikmat marang para nelayan sing padha golek iwak saka asil laut. 3. Ruwatan Ruwatan yaiku sawijing upacara adat kang ditindakake ing sawijing dhaerah kang duweni ancas ngresiki diri utawa badan kang dianggep ala, akeh apese lan gampang kena bebaya. Ruwatan iki nggunakake ubarampe banyu lan kembang kanggo adus marang sing dianggep kena apes utawa bebaya mau. Puncake upacara umume nanggap wayang kanthi lakon murwakala. 3. Nyadran Nyadran yaiku upacara tradisi kang dianakake dening masyarakat Jawa kang ditindakake ing wulan Ruwah mapag wulan pasa. Upacara iki dianakake jalaran Allah SWT wis paring asil tetanen/ asiling bumi kang sarwa pepak lan becik tumrap para masarakat . 4. Mantenan adat Jawa Mantenan ada jawa iki kalebu upacara adat kang sakral banget tumrap masarakat Jawa. Amarga ing upacara iki akeh banget proses utawa tahapane kang kudu dilakoni kayata siraman, midodareni, srah-srahan, mecah tigan, balangan suruh , panggih utawa temu temanten, dulangan, kacar-kucur, sungkeman lan liya-liyane. Kanggo nglancarake lampahing upacara kasebut, lumrahe masarakat Jawa uga mbutuhake ubarampe kang kudu dicawisake sajroning upacara kayata pasang tarub migunakake janur kuning, cengkir yaiku kerata basa saka kencenging pikir tegese
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 53 temanten sakloron kudu kenceng pikire ora gampang kapengaruh utawa kagodha dening pria utawa wanita liya, tebu yaiku kerata basa saka antebing kalbu tegese temanten kudu manteb anggone nindakake bale wisma, lan gedhang raja yaiku mengku karep temanten sakloron kaya dene raja kang mandhegani lan ngramut bale wisma supaya tetep langgeng didohake saka congkrah lan pasulayan. 5. Tedhak sinten Upacara tedhak sinten kalebu upacara adat jawa kang ubarampene migunakake kurungan pitik. Upacara iki ditujokake kanggo bayi kang umure kira-kira pitu tekan wolung sasi mangsane bayi gladhen mlaku ing lemah. Ancase nindakake tedhak sinten yaiku minangka rasa sukur wong tuwa awit kesehatane putrane sing wis wiwit napaki siti utawa lemah. Kajaba upacara adat kang diterangake ing dhuwur, ing masarakat Jawa isih akeh banget tuladha upacara adat kang tekan saiki diuri uri lan ditindakake kayata acara tingkeban utawa mitoni yaiku upacara kanggo wanita kang isih ngandhut umur pitung sasi. Upacara iki ditindakake kanthi ancas supaya jabang bayi lan biyunge bayi bisa slamet lir ing sambikala, grebeg lan upacara sekaten upacara iki dianakake dening Kraton Yogyakarta lan Kraton Surakarta ing wulang Mulud. Coba pratelan ing ngisor iki wenehana pilihane kalebu pratelan bener (B) apa salah ( S) ! 1. Upacara tingkeban iku kanggo bayi sing umur pitu utawa wolung sasi 2. Upacara mbuwang sesajenan ing tengah segara kang wis didongani ditujokake kanggo para leluhur diarani mitoni. 3. Upacara adat iku dening para generasi mudha kudu tetep dilestarekake. 4. Grebeg sekaten ditindakake ing saben wulan ruwah. 5. Ubarampe kang digunakake ing upacara mantenan yaiku cengkir, tebu lan janur kuning. 6. Kacar kucur lan balangan suruh kalebu ritual ing upacara tingkeban. 7. Upacara kang diadani ing wulan Ruwah mapag pasa yaiku nyadran. 8. Upacara kang ana gandheng cenenge karo tradisi, adat utawa budaya kang turun tumurun diarani upacara adat. 9. Anggone nindakake kegiyatan upacara adat iki isih gegayutan karo papan panggonan,wektu,piranti lan ubarampe upacara kang digunakake. 10. Tebu yaiku kerata basa saka antebing kalbu tegese temanten kudu manteb anggone nglakoni bale wisma. I. aca Teks Upacara Wacanen teks upacara adat ing ngisor iki kanthi premati ! B s B s B s B S B s B s B s B s B s B s
54 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Gladhen Upacara Adat Nyadran Gambar 2: para leladi isih nyawisake dhaharan ing upacara adat Sasi ruwah mujudake wektu kang mirunggan kanggo nyadran kang padatan katindakake kanthi upacara kendhuri ing makaming leluhur saha sanak sedulur kang wus sumare. Tembung nyadran asale saka tembung sraddha (Jawa kuna), tegese mengeti lan ngurmati sedulur kang wis tilar donya. Miturut andharane Rama Sindhunata, S.J., upacara nyadran wis ana wiwit jaman kuna. Kawiwitan katindakake dening para abdi dalem Kraton Majapahit kang mengeti Kanjeng Ratu Tribhuwana kang wus kondur kasedan jati. Wondene rerangkene awujud kolak wilujengan kanthi srana kolak, ketan lan apem. Bisa uga dijangkepi nganggo gedhang sanggan raja setangkep, kinangan lan rokok. Sawise slametan banjur padha nyekar nggawa kembang setaman ing pasarean leluhur. Miturut pranataning upacara adat nyadran iki kawiwitan surya 15 Ruwah bengi ngarepe sasa Pasa. Wong-wong uga padha adus kramas,sesuci lair lan batine miwiti ibadah pasa. Prosesi upacara adat Jawa durung akeh kang dimangerteni dening para mudha. Akehakehe para mudha mau mung melu-melu tumrap adat kang ditindakake dening masarakat. Bab isi lan urutan sing sabenere akeh wong kang babar pisan ora ngerti. Mula yen budaya Jawa arep lestari saha gampang dimangerteni saben ana upacara adat perlu digawe film/rekam. Asile mau bisa disinaoni lan digladhi para mudha mligine para siswa. Ananging anggone nindakake upacara iki aja nganti nerak saka aturan agama. (Kapethik saka Yogya Basa kanthi ewah-ewahan sawetawis) a. Negesi Tembung Tegesana tembung-tembung ing ngisor iki kanthi milih pilihan kang wis cumawis ing sisih tengen ! No Tembung-tembung Pilihan wangsulan 1 Mirunggan a. Khususe 2 Padatan b. Kepaten 3 Mengeti c. Aturan 4 Kasedan d. Dilatih 5 Sumare e. Ngrayakake 6 Andharane f. Umume 7 Abdi Dalem g. Wis padha seda 8 Pranataning h. Penjelasane 9 Digladhi i. Wong kang pakaryane ngurusi kraton 10 Mligine j. Special
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 55 b. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama ! 1. Miturut padatan, nyadran katindakake kanthi cara? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 2. Apa sing diwedharake Rama Sindhunata, S.J ? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 3. Ing jaman biyen ubarampe apa wae kang digunakake kanggo nyadran ? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 4. Miturut aturane kapan umume dianakake nyadran? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 5. Nyadran kawiwitan katindakake rikala ? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 6. Apa wae kang kudu ditindakake nalika arep nindakake pasa ? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 7. Wacan ing dhuwur sumbering saka ngendi? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 8. Ngengingi upacara nyadran, kepriye kahanane para mudha jaman saiki? Wangsulan : ………………………………………………………………………… 9. Babagan wacan nyadran ing dhuwur, wedharake pamanggihmu ! Wangsulan : ………………………………………………………………………… 10. Kepriye carane ngembangake budaya – budaya Jawa supaya tetep lestari ? Wedharake pamanggihmu ! Wangsulan : ………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………….... II. Tembung Rangkep Yaiku tembung sing dirangkep dadi siji. Miturut isine Tembung rangkep ana 3 : 1. Tembung rangkep dwilingga Yaiku tembung sing dirangkep yaiku linggane. Tembung rangkep iki kaperang dadi 3 a. Tembung dwilingga salin swara Yaiku tembung rangkep sing swarane molak malih tuladhe : mlebu-metu, bolakbalik, jupak-jupuk, moca-maca lsp. b. Tembung dwilingga padha swara Yaiku tembung rangkep sing padha swarane tuladha : mangan-mangan, mlakumlaku, sinau-sinau lsp. c. Tembung Dwilingga semu : Yaiku tembung rangkep sing kudu dianggo bareng, ora oleh dipisah-pisah. Tuladha : ondhe-ondhe, kupu-kupu, ali-ali, untir-untir lsp. 2. Tembung rangkep dwi Purwa Yaiku tembung sing dirangkep purwane, utawa wanda sing ngarep. Tuladha : Pe + putra = peputra, la + lunga = lelungan, la + luhur = leluhur, lsp. 3. Tembung rangkep dwiwasana Yaiku tembung sing dirangkep wasanane, utawa wanda sing mburi. Tuladha : Cenges+ nges = cengenges, besik + sik =besisik, lsp
56 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Nggawe ukara migunakake tembung rangkep Tuladha Dlongap dlongop Amarga kurang kawruh lan seserepane bocah kuwi bisane mung dlongap dlongop nalika dijak lelungan menyang kutha. Cengengesan Dadi bocah iku aja seneng cengengesan, mundhak bisa mateni ati saengga bisa atos lan angel kandhanane. 1. Golekana tuladha dwilingga padha swara 2 bae, banjur gawea ukara kang becik ! ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. 2. Golekana tuladha dwilingga salin swara 2 bae , banjur gawea ukara kang becik ! ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. 3. Golekana tuladha dwilingga semu 3 bae, banjur gawea ukara kang becik ! ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. 4. Golekana tuladha dwipurwa 2 bae, banjur gawea ukara kang becik ! ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. 5. Golekana tuladha dwiwasana 2 bae, banjur gawea ukara kang becik! ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. ................. ................................................................................................................. ................................................................................................................. Gladhen
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 57 Kompetensi Dasar Menulis teks deskriptif tentang upacara adat Indikator : Menuliskan kembali salah satu teks wacana upacara adat Menceritakan kembali bacaan secara lisan di depan kelas dengan bahasa sendiri. Menyampaiakan amanat atau nilai luhur yang ada pada teks wacana Menuliskan ringkasan cerita B. Nulis teks wacana upacara adat Sawise mangerteni ngengingi tegese upacara adat lan tuladhane upacara adat kang wis diwedharake ing dhuwur, siswa bisa rembugan karo kanca kelompok kanggo nulis teks wacana upacara adat kang ana ing dhaerahmu. Jalaran saben dhaerah duweni adat lan tradhisi kang akeh lan beda-beda, mula saben kelompok bisa nulis teks upacara kang ora padha. Sawise ngrantam teks upacara lan nulis teks wacana sabanjure siswa bisa nentokake nilai luhur utawa nilai-nilai budaya ing upacara adat. I. Maca Teks Upacara Adat a. Upacara Adat Krobongan Ing ngisor iki dicawisake teks wacana upacara adat bisa kanggo tuladha sadurunge siswa nindakake jejibahan nulis teks upacara adat. Mangga teks kanthi irahirahan Upacara Adat Krobongan ing ngisor iki wacanen kanthi premati ! UPACARA ADAT KROBONGAN Ing wewengkon Surakarta, mliginipun Keraton Surakarta Hadiningrat, lampahipun pahargyan temanten taksih jangkep, arupi panggih penganten lan krobongan. Ingkang dipunwastani upacara adat krobongan tumraping penganten, inggih menika upacara ingkang katindakaken sabibaripun panggih (dhaup). Dene tata caranipun inggih menika kados ing ngandhap punika: 1. Timbangan Ingkang nindakaken timbangan inggih punika ramanipun penganten putri kanthi cara mangku penganten kekalih kiwa tengen. Minangka pasemon bilih rama ibunipun KETRAMPILAN
58 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL penganten putri anggenipun ngrengkuh dhumateng penganten kekalih boten emban cindhe emban siladan kados putra piyambak, tegese mboten pilih kasih antawisipun putra setungal lan putra saenesipun. 2. Kacar-kucur Penganten kakung maringi rejeki kanthi wujud arta receh, beras kawak, kacang kawak, dhele kawak linambaran klasa bangka dhumateng penganten putri. Bab kasebut minangka pralambang tanggel jawab dhumateng kulawarga, tansah mempeng pados pagupajiwa utawi sandhang pangan 3. Dulangan Katindakaken kanthi ngepel sekul pethak lajeng kadulangaken cekap kaping sepisan. Piring wadhah sekul lan lawuh lajeng katangkepaken, ingkang dipunwastani gambuhan. Sabibaripun dulangan, dipunlajengaken ngunjuk rujak degan ingkang kapendhet saking klapa ingkang wala (nembe uwoh sepisan). Tegesipun bab menika inggih menika temanten kekalih kedahipun anggenipun nindakaken bale wisma kedah rumaket, guyub rukun tebih saking raos congkrah lan pasulayan saengga tetep sageda tansah manunggal lan jumbuh kang ginayuh. 4. Sungkeman Tradhisi menika ing rantaman upacara adat mantenan kedah dipuntindakaken. Wondene ingkang dipunsungkemi penganten kekalih inggih punika rama ibunipun penganten kekalih. Ancase bab menika inggih menika temanten kekalih kedah ngabekti lan ngurmati dhateng tiyang sepuh kados pundi kawontenanipun, sae kawontenanipun ingkang sekeca menapa taksih nandhang rekaos utawa sungkawa. b. Tradhisi Sedhekah Laut utawa Larungan Wacanen upacara adat larungan ing ngisor iki kanthi intonasi lagu kang becik lan cetha ! Tradhisi Sedhekah laut Gambar :swasana pantai kidul Upacara tradhisi sedhekah laut dianakake minangka salah sijinine pambudi kanggo ngumpulake nilai nilai luhur kabudayan Jawa kang wis kawentar edi peni. Sedhekah laut dianakake dening masarakat ing pesisir, mligine para tani lan nelayan. Sedhekah kang awujud sajen mau minangka wujud rasa sukur marang Gusti Kang Akarya Jagad jalaran para tani lan nelayan wis diparingi rejeki kang wis ditampa saka laut. Tujuane supaya tansah pinaringan keslametan, ayem tentrem lan bisa kasembadan apa sing disedya. Ing sadhengah panggonan, sedhekah ing laut kidul dipunjungake marang Nyi Rara Kidul, wujude kain poleng, kain Teluk Watu, selembar semekan dringi, semekan songer, kain ngisep sari, kain pandhan, kain bangun tolak, utawa kain mori telung
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 59 Gladhen lembar. Ing tlatah laut Jawa lor, sedhekah nganggo endhas kebo ditambah ubarampe liyane banjur dilarung ing samodra. Kabeh mau ditindakake kanthi pangajap ditambahi keslametan lan kaberkahane, umpamane gampang oleh iwak menawa golek ing laut, praune ora kena ombak gedhe, nelayan bisa menyang mulih lancar ora entuk godha lan memala. Ing wewengkon Semarang adat iki uga katindakake ing papan wisata laut Tanjung Mas, pantai Marina, Ing wewengkon Demak yaiku ana ing Desa Moro Kecamatan Wedung, ing Yogyakarta sedhekah laut bisa katemokake ing segara kidul yaiku pantai Parangtritis, Parangkusuma dene ing tlatah Purworejo ana ing Pantai Jatimalang lan akeh maneh papan liyane. Sawise kabeh acara ritual katindakake, purnaning acara kanthi nanggap wayang kulit, wayang wong, kethoprak, lsp. Menawa nanggap wayang kulit, para dhalang umume njupuk lakon Semar Mbangun Khayangan, Babab Alas Wanamarta, Rama Tambak, Semar Mbangun Negara lan sapiturute. (Kapethik saka Marsudi Basa lan Sastra Jawa, kaca 108) Negesi Tembung Wewengkon : tlatah, dhaerah Mliginipun : khususe Pahargyan : perayaan Panggih : patemon, ketemune penganten putr karo temanen kakung Dipunwastani : diarani Pralambang : pratandha Congkrah : udur, padu Pasulayan : rame, padudon, kisruh Manunggal : nyawiji ( bersatu) Ginayuh : Kajangka, karanggeh, katekan apa sing dikarepake Rantaman : susunan Ancase : tujuwane Kawontenanipun : kahanan Sungkawa : sedhih, kingkin, dhuhkita Sekeca : kepenak Kawentar : kondhang, kaloka Edi peni : endah, becik, sae Disedya : dikarepake I. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki patitis ! 1. Ing ngendi wae sedhekah larugan ing tlatah Yogyakarta sakiwa tengene katindakake !
60 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Wangsulan :.................................................................................................... 2. Sawise nindakake acara ritual sedhekah, purnaning acara ditindakake apa wae ! Wangsulan :.................................................................................................... 3. Sedhekah ing segara kidul kapunjungake kanggo sapa? Wangsulan :.................................................................................................... 4. Sapa kang nindakake sedhekah laut ? Wangsulan :.................................................................................................... 5. Apa sing njalari dianakake sedhekah? Wangsulan :.................................................................................................... 6. Pangajap apa wae kang dikarepke dening masarakat cedhak laut ? Wangsulan :.................................................................................................... 7. Sebutna ubarampe-ubarampe kang dibutuhake kanggo munjung Nyi Rara Kidul ! Wangsulan :.................................................................................................... 8. Lakon-lakon apa wae kang dipilih dhalang ing acara ritual sedhekah ! Wangsulan :.................................................................................................... 9. Tulisna nilai-nilai moral utawa piwulang luhur kang bisa kajupun ing teks wacana kasebut ! Wangsulan :.................................................................................................... 10. Saka wacana ing dhuwur golekana tuladha tembung saroja, 2 bae ! Wangsulan :.................................................................................................... II. Wacana ing dhuwur tulisna nganggo basa krama, kagarap karo kanca kelompokmu, banjur wacane ing ngarep kelas ! III. Nulis teks wacana upacara adat Coba saiki karo kanca kelompokmu bisa nulis sawijining teks wacana upacara adat ing dherahmu. Aggone nulis migunakake basa kang becik kang trep karo unggah-ungguh. Sawise nulis, asil garapanmu wedharna ing ngarep kelas ! Papan kanggo nggarap ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ......................................................................................................................................................
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 61 ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... Tulisna nilai nilai luhur utawa nilai nilai budaya kang bisa katemokake ing teks wacana upacara adat kang wis diwedharake kasebut ! ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ...................................................................................................................................................... ......................................................................................................................................................
62 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan ab,c utawa d sing koanggep bener ! 1. Sawijing upacara adat utawa ritual kang biasa dilakoni dening sawijining kelompok utawa masarakat lan isih duwe gegayutan karo etnis, suku utawa kabudayan diarani... . a. Upacara sakral c. Upacara b. Upacara adat d. Upacara Merti dhusun 2. Upacara adat iku dening genersi mudha prayogane... a. Diuri uri lan dilestarekake c. Dilirwakake b. Ditinggalake d. Dikabarake 3. Ing ngisor iki ora kalebu tuladha upacara adat yaiku... a. Grebegan c. Nyadran b. Pasa d. Tingkeban 4. Upacara kang migunakake kurungan pitik, ancase ditujokake kanggo bayi kang umure kira-kira pitu tekan wolung sasi mangsane bayi gladhen mlaku ing lemah. Upacara adat kasebut diarani... . a. Mitoni c. Kacar kucur b. Tedhak sinten d. Muludan 5. Ing ngisor iki ubarampe kang digunake ing pahargyan mantenan yaiku... . a. Tebu, cengkir, gedhang raja c. Endhog, uyah, gedhang b. Gedhang ambon, suruh, klasa d. Suruh, klasa, cengkir 6. Tradhisi krobongan ditindakake ing wewenkon... . a. Karanganyar c. Semarang b. Surakarta d. Magelang 7. Ingkang dipunwastani upacara adat krobongan tumraping penganten, inggih menika upacara ingkang katindakaken sabibaripun... . a. Kacar kucur c. Sungkeman b. Dulangan d.Timbagan 8. Penganten kakung maringi rejeki kanthi wujud arta receh, beras kawak, kacang kawak, dhele kawak linambaran klasa bangka dhumateng penganten putri. Menika dipunwastani... . a. Kacar kucur c. Sungkeman b. Dulangan d.Timbangan 9. Upacara adat larungan kang ditindakake ing tengahing segara duweni ancas... . UJI KOMPETENSI IV
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 63 a. Ditambahi keslametan lan kaberkahane c. Ngisi kegiatan b. Diparingi tambah mulya d. Lancar gaweane 10. Upacara sedhekah laut utawa larungan bisa katemokake ing ngisor iki kajaba... a. Pantai Parangtritis c. Waduk Sempor Banjarnegara b. Pantai Parangkusuma d. Pantai Jatimalang Purworejo 11. Ing jaman modern iki anane upacara adat uga wiwit ditinggalake dening para generasi mudha sebabe... . a. Ana sing nerak marang aturan agama c.Para mudha seneng nguri-uri b. Ora kalah karo anane medhia sosial d. Trep karo kahanan saiki 12. Sasi ruwah mujudake wektu kang mirunggan kanggo nyadran kang padatan katindakake kanthi upacara kendhuri. Padatan tegese... . a. Kudu c. Dilakoni b. Umume, lumrahe d. Rame 13. Ing wewengkon Semarang adat larungan uga katindakake ing papan wisata laut Tanjung Mas, lan pantai Marina. Wewengkon tegese... . a. Kabupaten c. Kabudayan b. Masarakat d. Dhaerah 14. Tradhisi sedhekah laut dianakake minangka salah sijinine pambudi kanggo ngumpulake nilai nilai luhur kabudayan Jawa kang wis kawentar. Kawentar tegese... . a. Suwi c. Kalakon b. Apik d. Kondhang 15. Anggone nindakake kegiyatan upacara adat ing masarakat Jawa ora ana gegayutan karo... a. Papan panggonan kang digunakake c. Paraga / tokoh upacara adat b. Wektu ngadani upacarane d. Ubarampe kang diperlokake. 16. Ruwatan yaiku sawijing upacara adat kang ditindakake ing sawijing dhaerah kang duweni ancas... . a. Ngresiki diri utawa badan kang dianggep ala c. Sukuran asil bumi bisa panen b. Ibu kang ngandhut bisa mbayi lancar d. Supaya jabang bayi slamet 17. Para mudha kudu bisa nglestarekake tradhisi para leluhur. Tembung leluhur kalebu tuldha tembung rangkep ... . a. Dwiingga salin swara c. Dwiwasana b. Dwiligga semu d. Dwipurwa 18. Ing ngisor ukara kang migunakake tembung rangkep dwiwasana yaiku.... a. Dadi bocah aja seneng cengengesan c. Santi wedi karo kupu-kupu b. Adhik numpak pit mbolak mbalik wae d. Kancaku wis peputra jaler
64 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 19. Ing ngisor iki tuladha dwilingga salin swara... . a. Undur-undur, ati-ati c. Rena-rene, mlebu-metu b. Pepadhang, reresik d. Besisik, cuwowo 20. Ing ngisor iki tuladha ukara migunakake dwilingga padha swara yaiku... . a. Mangga sami ngurmati para leluhur c. Kolang kalinge dimasak ibu b. Saben dina Ahad ayo padha reresik omah d. Lare-lare sami sinau ing kelas B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi premati ! 1. Sawijing upacara adat utawa ritual kang biasa dilakoni dening sawijining kelompok utawa masarakat lan isih duwe gegayutan karo etnis, suku utawa kabudayan diarani... . 2. Upacara adat prayogane kudu diuri-uri lan... . 3. Tradhisi utawa adat kanggo wanita kang ngandhut pitung sasi diarani upacara... . 4. Ing acara mantenan lumrahe migunakake ubarampe gedhang raja lan... . 5. Upacara nyadran ing sawijing dhaerah uga kerep diarani upacara adat... . 6. Upacara nyadran ditindakake ing wulan... . 7. Upacara adat ing jaman saiki ana sing ora ditinggakake dening para mudha jalaran nerak marang... . 8. Upacara adat kang ditinggakake ing segara diarani... . 9. Umume upacara adat iku katindakake minangka raos sukur marang... . 10. Ari-ari, kura-kura, kalebu tuladha tembung rangkep... . C. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cetha ! 1. Sebutna tahapane upacara adat mantenan ing tlatah Jawa Wangsulan:……………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………….................. 2. Apa sing diarani sungkeman, jlentrehna pamedharmu ! Wangsulan:……………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………................. 3. Apa sing kongerteni bab upacara adat, wenehana tuladha 4 wae ! Wangsulan:……………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………….................. 4. Tulisna carane nguri nguri lan nglestarekake upacara adat ! Wangsulan:……………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………….................. 5. Apa diarani midodareni , jlentrehna pamedharmu ! Wangsulan:……………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………..................
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 65 WULANGAN IV SANDIWARA Kompetensi Dasar 3.4 Menelaah Sandiwara Indikator 3.4.1 Menjelaskan devinisi sandiwara 3.4.2 Menjelaskan unsur instrinsik sandiwara 3.4.3 Mengetahui istilah-istilah yang digunakan dalam sandiwara. 3.4.4 Menjelaskan isi dan amanat sandiwara 3.4.5 Menjelaskan kata kata yang sukar dalam sandiwara 3.4.6 Mampu menulis contoh sandiwara A. Mangerteni Tegese Sandiwara Umume sing diarani sandiwara yaiku drama. Wondene miturut KBBI ( Kamus Besar Bahasa Indonesia) sandiwara yaiku tontonan kang awujud carita kang ditindakake dening paraga. Sandiwara kalebu sawijing carita awujud carita tinulis utawa ora ditinulis kanthi ancas diperagakake. Miturut sujarah, sandiwara iku karipta dening Mangkunegara VII, kang asale saka tembung sandhi lan warah. Sandhi tegese wadi utawa rahasia dene warah tegese piwulang utawa pitutur. Saengga bisa ditegesi carita kang diperagakake ing ngarepe wong akeh kang ngemu pitutur utawa piwulang kanthi sesidheman utawa rahasia. Sandiwara kaya dene karya sastra liyane duweni perangan-perangan kang mapan ing sajroning karya. Perangan-perangan sandiwara kasebut kabangun seka unsur-unsur intrinsik kayata : tema, watak, setting, plot, lan amanat. 1. Tema : Underaning rembug, utawa dhasaring crita ing sandiwara mula diarani ide sentral. 2. Paraga : Sapa bae sing dicritakake ing sandiwara kasebut 3. Watak : Sipate, karaktere paraga sandiwara. WULANGAN 5 SANDIWARA TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelaskan devinisi sandiwara 2. Menjelaskan unsur instrinsik sandiwara 3. Mengetahui istilah-istilah yang digunakan dalam sandiwara. 4. Menjelaskan isi dan amanat sandiwara 5. Menjelaskan kata kata yang sukar dalam sandiwara 6. Mampu menulis contoh sandiwara 7. Mampu menceritakan isi sandiwara hasil karya sendiri/kelompok. 8. Mampu menulis dan membaca menggunakan aksara rekan. PENGETAHUAN Kompetensi Dasar Menelaah Sandiwara Indikator Menjelaskan devinisi sandiwara Menjelaskan unsur instrinsik sandiwara Mengetahui istilah-istilah yang digunakan dalam sandiwara. Menjelaskan isi dan amanat sandiwara Menjelaskan kata kata yang sukar dalam sandiwara Mampu menulis contoh sandiwara
66 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 4. Setting : Latar ana ngendi lan kahanan kepriye crita mau kadadean lan wektu kedadeane. 5. Plot : Uga diarani alur utawa lakuning carita , ana alur maju lan alur mundur. 6. Amanat : Pesen kang ngemot pitutur utawa piwulang ing sajroning crita sandiwara. Kajaba unsur instrinsik uga ana tetembungan utawa istilah kang ana gandheg cenenge karo sandiwara antarane yaiku: a. Babak Yaiku perangan-perangan lakuning carita sandiwara. Ing pementasan sandiwara kadhangkala salakon sandiwara bisa kedadeyan seka sebabak utawa luwih. b. Adegan Yaiku perangan babak sing nggambarake sawijining swasana, kahanan utawa lakuning paraga kang diperagakake. c. Skenario Yaiku naskah sandiwara kang awujud paelathon-pacelahon lakuning carita kang katulis kanthi urut. Skenario iki isine sakabehing prastawa utawa kedadean kang dumadi ing sajroning carita. d. Prolog Yaiku isine adegan kanggo mbukani sawijine carita sandiwara. Prolog kuwe penting banget merga duwe tugas aweh pangerten maring pamirsa bab lakon sandiwara sing arep diperagakake. e. Epilog Epilog iku kosok baline prolog, yaiku isine adegan kanggo mungkasi sawijine carita sandiwara. f. Irama utawa Musik Irama iku wigati banget tumrap lakuning carita sandiwara. Anane irama ndadekake sandiwara tambah apik lan luwes. g. Mimik Yaiku ekspresi utawa obahing rai paraga kanggo nuduhake rasa utawa wataking paraga. h. Gestur Yaiku obahing saperangan awaking paraga, kayata obahing tangan, mripat, rai, lan perangan awak liyane kang duweni teges tertemtu ing carita sandiwara. i. Bloking Yaiku owahe utawa pindhahe swasana papan carita siji menyang swasana papan liyane. j. Akting Yaiku obahing perangan awak lan rai paraga minangka pambudidaya anggone ngresepi ing sajroning lakuning carita sandiwara. k. Panggung Yaiku papan kanggo mentasake sandiwara l. Dialog Yaiku pacelathon kang ditindakake dening para paraga ing sajroning sandiwara Wujude Sandiwara a. Dramatikal
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 67 Yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi solah bawa. b. Pantomin Yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik lan ekspresi saking rupane lakon. c. Komedi Yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng. d. Parodi Yaiku salah satunggaling wujud pacelathon antarane naskah saha oposisi (kontras). Miturut alat utawa piranti kang digunakake, sandiwara kaperang dadi 6! 1. Sandiwara panggung Sandiwara iki diperagakake ing panggung pagelaran lan pamiyarsa ana ing sakiwa tengene panggung saengga pamiyarsa bisa mirsani, mirengake, lan mangerteni para paragane kanthi langsung. 2. Sandiwara radio Pagelaran iki bisa dimirengake lumantar radio nanging ora bisa ditingali kanthi langsung. 3. Sandiwara TV Sandiwara ing TV iki bisa dimirengake lan dipersani. Pagelaran sandiwarane bisa kanthi langsung lan uga bisa kanthi rekaman. 4. Sandiwara Film Sandiwara kang migunakake layar lebar ing jero bioskop. 5. Sandiwara wayang Titikane sandiwara wayang iki ditindake dening dhalang. Piranti kang digunakake yaiku wayang kang duweni jeneng paraga lan watake paraga wayang. 6. Sandiwara boneka Sandiwara iki migunakake piranti boneka. Caritane ditindakake utawa dicaritake awujud pacelathon. Miturut arane naskah, sandiwara kaperang dadi loro yaiku : 1. Sandiwara tradisional Yaiku tontonan sandiwara kang tanpa migunakake naskah. Watak, paraga, pacelathon, lan obahing awak kaserahake kabeh tumrap para paraga.Tuladha kethoprak (Jateng), Ludruk (Jatim), Lenong (Betawi) 2. Sandiwara modern Yaiku sandiwara kang migunakake naskah, naskah kang isine dialog/pacelathon lan obahing awak para paraga. Tegese para paraga ngapalake dialog lan paraga/obahing awak kang ditampilake padha karo naskah kang diapalake. Bab – bab kang dibutuhake ing sandiwara antarane yaiku : a. Naskah / skenario sandiwara f. Tata busana b. Paraga g. Tata panggung c. Sutradara h. Tata lampu d. Tata rias i. Tata swara e. Pamiyarsa / penonton
68 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL I. Tuladha sandiwara Sawise siswa mangerteni babagan sandiwara lan apa wae kang gegandhengan karo sandiwara, ing ngisor iki bakal dicawisake tuladha sandiwara. Siswa maca kanthi premati, banjur mangsuli pitakon-pitakone ! AKHLAKUL KARIMAH Wektu iku bel istirahat nembe wae muni, ateges para siswa padha ngaso. Kelas 9 A nembe diwulang dening Ibu Rochayati. Ing ngarep kelas ana bocah – bocah kang padha omong – omongan. Mangkene gunemane . . . . Sofyan : “Wan, kowe bisa nggarap ora ulangan karo bu Rochayati nembe iki?” Ridwan : “Alhamdulillah aku bisa, mung wae soal angka papat aku rada bingung. Lha kowe kepiye?” Sofyan : “Menawa aku ya bisa nanging yakuwi pancen soal angka papat iku kang rada angel.” Ridwan : “Aku kok wiwit mau durung weruh Rafli ya. “Apa dheweke ora mlebu?” Sofyan : “Lha ning papan absen rak wis ditulis ta, menawa Rafli dina iki ora mlebu jalaran lara, nanging lara apa ya aku dhewe ya durung ngerti.” (Bocah loro kuwi banjur padha mikirke kancane yaiku si Rafli sing dina iku ora mlebu. Dumadakan Badrun teka lan nggembul banjur nyela omongane bocah loro mau) Badrun : “Iki isih padha ngrembug apa ya kok sajak ana sing dipikirke.” Ridwan : “Kuwi Bad, dina Senen iki si Rafli rak ora mlebu ning papan absensi ditulis lara. “Kira – kira kowe ngerti ora dheweke kuwi lara apa?” Badrun : “O ......kuwi ta. Aku mau nalika mangkat sekolah dititipi layange si Rafli kuwi Kagem bu guru. Ngendikane bapake, Rafli iku lara Demam Berdarah lan kudu opname ing rumah sakit.” Badrun : “Mengko menawa bisa padha nggawa oleh – oleh ya kanggo Rafli supaya atine bungah. Kanthi mengkono muga – muga lelarane enggal saras lan bisa sekolah maneh.” (Bareng bareng : “Amin........ “) ( Sawise padha rembugan ning kelas anggone arep niliki Rafli, udakara jam setengah papat sawise sholat Ashar, bocah – bocah padha kumpul ning omahe Badrun kang cedhak karo rumah sakit papane Rafli opname. Ora let suwe bocah – bocah wis padha tekan rumah sakit lan wis bukak banjur kabeh padha njujug ing kamar papane Rafli opname ). Sofyan : “Assalamu‟alaikum.” Pak Hasim : “Waalaikumsalam. O kancane Rafli ta, rene – rene Nak lungguh kene. Gilo Raf, kancane padha teka niliki kowe.” Rafli : “Matur nuwun banget ya kabeh wae wis padha nglodhangake wektu niliki aku.” Badrun : “Ya, padha –padha. Sejatine laramu kuwi apa ta?” Pak Hasim : “Larane Rafli iku demam berdarah Nak, anggone krasa wiwit dina Setu sore kae. Banjur dipriksa dokter jebul ngendikane demam berdarah kuwi lan kudu opname. Ya wis piye maneh banjur aku manut wae. Malah trombosite wingi kuwi diukur sithik banget. Nanging saiki wis normal maneh.”
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 69 Ridwan : “Keleresan Pak menika kula sakanca ugi mbeta jambu kluthuk, ngendikanipun para winasis saged nginggilaken trombosit supados saged sae malih.” Pak Hasim : “Wah kok padha repot – repot. Matur nuwun lho ya.” Badrun : “Dhawah sami – sami Pak.” ( diwangsuli bebarengan Badrun lan kanca-kancane) Sofyan : “Nggih sampun Pak kados cekap semanten rumiyin sowan lan tuwi kula sakanca, mugi – mugi Rafli enggal diparingi saras malih kados wingi uni saha saged sekolah malih kempal kalih kancanipun malih.” Pak Hasim : “Semono uga aku ya Nak, matur nuwun banget kowe kabeh wis gelem niliki Rafli, muga – muga dadi amal silaturrahim lan amal kabecikan. Kowe kabeh wis bisa ngetrapake tumindak akhlakul karimah, muga – muga ndadekake rumakete anggone kekancan lan oleh piwales saka Ngarsa Dalem Allah SWT. Sepisan maneh matur nuwun banget.” Ridwan : “Amin “ (diwangsuli bebarengan Ridwan lan kanca-kancane ) Ridwan : “Nggih sampun Pak kula sakanca kepareng. Assalamu „alaikum.” Pak Hasim : “Waalaikumsalam. Ati – ati kabeh wae.” a. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis ! 1. Irah-irahane sandiwara ing dhuwur yaiku ? Wangsulan : .............................................................................................................................. 2. Sapa wae paraga sandiwara ing dhuwur lan kepriye watake ? Wangsulan : ............................................................................................................................... 3. Tulisna 3 amanate sandiwara ing dhuwur ! Wangsulan : .............................................................................................................................. : ............................................................................................................................... : ............................................................................................................................... 4. Ana perlu apa Ridwan lan kanca- kancane mara ing rumah sakit ? Wangsulan : ............................................................................................................................... 5. Apa sebabe Pak Hasim ngaturake panuwun marang Badrun lan kanca-kancane ? Wangsulan : .............................................................................................................................. 6. Badrun lan kanca-kancane didongake apa dening Pak Hasim ? Wangsulan : .............................................................................................................................. 7. Apa sing digawa Ridwan lan kanca –kancane menyang rumah sakit ? Wangsulan : ............................................................................................................................... 8. Ana ing ngendi Badrun lan kanca-kancane padha rembugan ? Wangsulan : ............................................................................................................................... 9. Tulisna setting nalika Badrun lan kanca-kancane kumpul arep menyang rumah sakit ! Wangsulan : .............................................................................................................................. 10. Tulisna isi sandiwara ing dhuwur ! Wangsulan : ..............................................................................................................................
70 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Kompetensi Dasar Menulis naskah sandiwara Indikator Menulis naskah sandiwara Mendiskusikan dan menuliskan isi sandiwara Menceritakan kembali sandiwara yang dibuat didepan kelas B. Nulis Carita Sandiwara Sawise mangerteni tegese sandiwara lan bab-bab kang gegayutan karo sandiwara, Siswa bisa sinau kepriye carane nulis skenario utawa carita sandiwara kasebut. Ing ngisor iki kalebu carane gawe teks Sandiwar antarane yaiku : 1. Nemtokake undeaning rembug utawa tema 2. Nemtokake irah-irahan 3. Nemtokake paraga-paraga kang kadhapuk 4. Nemtokake alur utawa urutaning carita/ skenario Gladhen ! I. Tulisna sawijining sandiwara bisa jupuk carita sing kongerteni utawa bisa saka asil rembugan karo kancamu , garapen karo kelompokmu !. Garapan ditulis migunakake basa sing trep karo unggah-ungguh . Sawise digarap banjur caritakna ana ing ngarep kelas ! Papan kanggo nggarap .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................................. KETRAMPILAN
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 71 Sawise nulis lan nyaritakake sandiwara, garapen gladhen ing ngisor iki ! 1. Tulisna isine sandiwara karyamu ! ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... 2. Tulisna apa wae amanat carita sandiwara sing kotulis ! ...................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... 3. Tulisna paraga lan watak paraga sandiwara ! ...................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... ....................................................................................................................................................................... II. Nulis Aksara Jawa Migunakake Aksara Rekan a. Aksara Rekan Aksara iki pigunane kanggo nulis tembung – tembung saka manca negara kang aksarane ora tinemu ana ing Aksara Jawa ( Carakan ). Umpamane tembung saka Arab, Inggris, lsp. Panulisane aksara rekan iku migunakake tandha .... ... Cake-cakane Aksara Rekan dicawisake ing ngisor iki ! No Aksara Rekan Tuladha Panulisane 1 Kh/Q : : Khatijah : Qodar 2 F/V : : Fatimah : Vulkanik
72 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL : Pak Fikri 3 Dz : : Dzikir : Wis dzikir : Musdalifah 4 Z : : Zubaidah : Mas Zein 5 Gh : : Ghofur : Pak Ghofar Penget: Aksara Rekan kena dadi pasangan Gladhen: Ukara ngisor iki salinana nganggo aksara Jawa! 1. Mas Kholiq isih lunga : ……………………………………………………………… 2. Idul fitri sedhela maneh : ……………………………………………………………… 3. Kabeh padha ziarah kubur. : ……………………………………………………………… 4. Sinau Kitab Al Quran : ……………………………………………………………... 5. Zaini, Vian lan Fahmi : ……………………………………………………………… Gathukna tembung tembung kang katulis aksara Jawa ing ngisor iki karo pilihan kang wis cumawis !
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 73 III. Unggah-ungguh basa lan tata krama Gladen micara karo wong sing luwih tuwa migunakake ungga-ungguh kang trep ! Ngoko Pak guru omahmu ngendi,kowe duwe bojo durung ? Krama alus Pak guru dalemipun panjenengan pundi , panjenengan kagungan garwa? Ngoko Aku arep lunga tuku wedhus dhisik ya Mbah ! Krama madya Kula badhe esah menda rumiyin nggih mbah ! Gladhen ! a. Ukara ukara ing ngisor iki salinana nganggo basa krama kang adhedhasar unggahungguh basa ! Pilihan Wangsulan a. Zuhri mlayu b. Alam barzah c. Siti Khotijah d. Usman Bin Afan e. Bagas Kafi latihan f. Alim fakhih g. Nonton tivi h. Fatma Khusul Wati i. Al Fatikhah j. Alam ghoib Tuladha
74 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 1. “Pak Guru, apa kowe dina iki sida arep menehi ulangan ?” Wangsulan : 2. “Budhe, apa kowe wis ngerti yen adhikku lara tangane? Wangsulan : 3. “Aku mengko mulihe sekolah rada sore pak, amarga arep tuku buku ing Purworejo Wangsulan : 4. Aku dikongkon bapak ngeterake simbah menyang kutha Wonosobo Wangsulan : 5. Pak, aku arep takon apa bener iku omahe pak lurah? Wangsulan : 6. Bapak, mengko bengi aku arep nginep ing omahe Dono, kancaku. Wangsulan : 7. Pakdhe Jono durung ngerti yen, bapak wis mari larane. Wangsulan : 8. Aku wingi weruh bu guru isih tuku klambi ing pasar Bringharjo, Jogja. Wangsulan : 9. Pak, sesuk sore aku arep lunga menyang Jakarta numpak kreta. Wangsulan : 10. Bu, omonge simbah mau, mengko Pak lurah arep teka mrene ! Wangsulan : b. Ukara ukara ing ngisor iki genepana supaya bisa dadi ukara kang trep. Dene pilihan wangsulan wis kacawisake ing sisih ngisor ! 1. Wisnu tumindake pancen... ,dheweke gelem nulungi wong kang nembe kena alangan ing tengah dalan. 2. Awake dhewe kudu bisa ngetrapake ... menawa micara marang masarakat ing pasrawungan padinan. 3. Ita kae bocahe anteng tur yen micara ... , mula akeh kanca-kancane kang padha seneng. 4. Sanajan kaparingan pacoban kang abot banget, kancaku bisa nglakoni kanthi... 5. Yen arep rumangsa aman, aja seneng ngresahi liyan, jalaran sejatine manungsa kang becik iku duweni rasa...
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 75 6. Awake dhewe minangka wong enom nalika weruh bapak lagi nyapu ing ndalem prayogane,. ...nggenteni bapak nyapu. 7. Sanajan duwe semat lan kelungguhan , manungsa kudu... aja kumalungkung lan gumedhe. 8. ... iku tegese bisa mangerteni, mapagake, utawa ngetrapake awak/dhiri kanthi trep ing samubarang papan lan kahanan. 9. Jaman saiki akeh para mudha kang ninggalake... ing pasrawungan , akeh kang padha nerak marang tatanan. 10. Menawa ana wong kang gawe luput marang awake dhewe, banjur dina candhake njaluk ngapura, prayogane awake dhewe duwe sipat... 11. Ngulinakake tangi lan sholat wengi kajaba entuk pahala uga ndadekake pikiran... 12. Kulinakna srawung marang kanca lan tangga teparo, umpama kepethuk biasakna sumeh kanthi polatan... 13. Menawa ngrampungake perkara kudu bisa... aja nganti ngrugekake wong liya. 14.iku seneng aruh aruh menawa srawung marang wong liya. Gelem nanduki menawa dijak guneman. 15. Dikandhani wangkot ora gelem nggugu, nglakoni tumindak manut kekarepane dhewe diarani... Pilihan : a. tata krama h. unggah-ungguh q. sabar b. tanggap sasmita i. andhap asor r. wening c. empan papan j. alus guneme s. grapyak d. luhur l. wicaksana e. gedhe pangapurane m. atos atine f. tepa selira o. subasita g. sumringah p. entheng tangane
76 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL A. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan ab,c utawa d sing koanggep bener ! 1. Sawijing carita awujud carita tinulis utawa ora ditinulis kanthi ancas diperagakake diarani... . a. Sandiwara c. Wayang b. Pidhato d. Ludruk 2. Pesen kang ngemot pitutur utawa piwulang ing sajroning crita sandiwara katelah... . a. Underaning rembug c. Latar b. Amanat d. Plot 3. Ing ngisor iki ora kalebu unsur-unsur intrinsik sandiwara... . a. Lakuning carita utawa alur c. Epilog b. Watak d. Setting Teks Wacana kanggo mangsuli pitakon no 4-9 Warti : “Bu, bapak wau badhe tindak pundi kok kaliyan pakdhe?” Ibu : “Bapak karo pakdhe arep tindak menyang Wadas ”. Warti : “Walah lha wonten acara menapa ta Bu?( takone Warti karo njupuk sega ana ing meja mburi) Ibu : “Arep mirsani kahanan kang lagi rame ing sajroning layang kabar kae lho. Jare-jare ana kang ora sarujuk yen watu ing Wadas kajupuk kanggo mbangun Bendungan Bener” Warti : “O, makaten ta, mugi enggal wonten pirembagan amrih sae sedayanipun”. Ibu : “Kowe aja melu mrana kuwi dudu urusanmu!”. Warti : ……………………… 4. Teks pacelathon ing dhuwur minangka pambukaning atur, Warti migunakake basa… a. Ngoko lugu c. Krama lugu b. Ngoko alus d. Krama alus UJI KOMPETENSI V
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 77 5. Pacelathon ing dhuwur ngrembug bab… a. Arep menyang Wadas c. Layang kabar b. Kahanan kang rame ing Wadas d. Mbangun bendungan desa 6. Pacelathon antarane ibu karo Warti dumadi ana ing… a. Jero kendharaan c. Jero omah b. Ngarep omahe d. Ing dalan desa 7. Ature Warti kang prayoga kanggo ngisi ceceg ceceg ing dhuwur yaiku… a. Hem, kula badhe ngrika bu.. c. Inggih bu, ngestoaken dhawuh b. Ya bu,ya ! d. Sedhela sedhela nglarang ta Bu ! 8. Ing ngisor iki ora kalebu paraga ing sandiwara ing dhuwur yaiku... . a. Ibu c. Warti b. Adhik d. Bapak 9. Watak paraga Ibu ing dhuwur yaiku... . a. Galak c. Ora grusa grusu lan ngati-ati b. Anteng klemah-klemeh d. Kejem 10. Prolog sandiwara ing dhuwur yaiku... . a. Warti takon marang ibune c. Ibune Warti metu saka omah b. Warti njupuk sega d. Warti dipeseni ibune 11. Pambukaning sandiwara kang katindakake dening sawijining narator diarani . . . . a. Prolog c. Pacelathon/ Dhialog b. Epilog d. Paraga 12. Ing ngisor iki ora kalebu carane gawe teks Sandiwara yaiku... a. Nemtokake irah-irahan lan tema c. Nemtokake kapan dipentasake b. Nemtokake paraga-paraga kang kadhapuk d. Nemtokake alur caritane 13. Kesenian kethoprak kalebu sandiwara . . . . a. Tradisional c. Sandiwara manca negara b. Sendratari d. Modern 14. Naskah sandiwara kang awujud paelathon-pacelahon lakuning carita kang katulis kanthi urut diarani... . a. Bloking c. Skenario b. Adegan d. Prolog
78 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 15. Obahing perangan awak lan rai paraga minangka pambudidaya anggone ngresepi ing sajroning lakuning carita sandiwara diarani... . a. Amanat c. Epilog b. Akting d. Antagonis 16. Srawung marang wong akeh ing madyaning pasrawungan kudu bisa ngetrapake... . a. Unggah-ungguh lan atos guneme c. Wening lan wicaksana b. Tata krama lan wening d. Tata krama lan unggah-ungguh 17. Andi weruh bapake isih sare, mula Andi anggone nonton tv ora seru-seru. Patrap Andi ing dhuwur ngetrapake ... . a. Unggah-ungguh c. Grapyak b. Sabar d. Tepa selira 18. Pak, ngapunten nuwun sewu kula badhe takon kaliyan kowe. Menawa matur marang wong tuwa , tembung kang kagaris ngisor prayogane... . a. Taken, sampeyan c. Mundhut pirsa, sliramu b. Nyuwun pirsa, sampeyan d. Nyuwun pirsa, panjenengan 19. Ing ngisor iki ukara kang bener miturut unggah-ungguh dumunung ing... . a. “ Bu, sakondure saking sekolah kula lajeng sare c.”Pak, sampeyan sakit napa?” b. “Pakdhe arep nedha lan nginum samenika” d. Bu, kula kesah rumiyin nggih” 20. ... . a. c. b. d. B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Miturut sujarah sandiwara karipta dening... . 2. Sandiwara iku asale saka tembung... . 3. isine adegan kanggo mbukani sawijine carita sandiwara diarani... . 4. Paraga kang duweni tanggung jawab ngatur lan mandhegani sawijing sandiwara yaiku... . 5. Salah sawijining unsur instrinsik sandiwara kang magepokan karo swasana lan papan panggonan diarani... . 6. Paraga kang awatak ala ing sajroning carita sandiwara katelah... .
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 79 7. latine... . 8. Sanajan sugih Bayu ora gelem nuduhake kasugihane. Bayu duweni watak ... . 9. Tata krama lan ungguh-ungguh kudu ditrapake ana ing ....padinan. 10. Bisa mapagake, utawa ngetrapake awak/dhiri kanthi trep ing samubarang papan lan kahanan diarani... . C. Pitakon –pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cetha ! 1. Tulisna carane gawe teks Sandiwara ! Wangsulan :......................................................................................................................... .......................................................................................................................... .......................................................................................................................... .......................................................................................................................... 2. Apa wae wujude sandiwara, terangna tegese ! Wangsulan :........................................................................................................................ .......................................................................................................................... .......................................................................................................................... .......................................................................................................................... 3. Tulisna tuladha ngetrapake tepa selira lan tumidak luhur ana ing pasrawungan padinan! Wangsulan :........................................................................................................................ .......................................................................................................................... .......................................................................................................................... .......................................................................................................................... 4. Sebutna unsur-unsur instrinsik sandiwara ! Wangsulan :........................................................................................................................ .......................................................................................................................... 5. Benerna urut-urutane tembung ing ngisor iki supaya dadi ukara kang trep ! Kalawarti - kula - dumugi –kula - bapak - sarean maos - sasampunipun - griya – sumerep taksih- sinambi Wangsulan :........................................................................................................................ ..........................................................................................................................
80 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL DAFTAR PUSTAKA http://adigunaku.blogspot.com/ https://www.receh.in/2022/02/jumlah-pengguna-internet-di-indonesia.html 15 Pebruari 2022 http://risangaryodw.blogspot.com/2017/11/jenis-jenis-sandiwara.html Margana, dkk. 2005. Trampil Basa. Karanganyar:Setya Grafika. Priyantono dkk. 2011. Marsudi Basa lan Sastra Jawa.Jakarta : Erlangga Pedoman penulisan aksara Jawa
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL 81 Catetan: ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ...............................................................................................................................................................................
82 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GASAL Catetan: ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................................... ...............................................................................................................................................................................