The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by baskorosukristiawan20, 2023-08-15 00:09:34

PANABASA 8 GENAP_merged

PANABASA 8 GENAP_merged

8 VIII. WULANGAN 5 WAYANG RAMAYANA “PEKSI JATAYU” UJI KOMPETENSI 5 WULANGAN 6 TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI Surasane Buku UJI KOMPETENSI 6 WULANGAN 7 CERITA RAKYAT UJI KOMPETENSI 7 WULANGAN 8 PACELATHON UJI KOMPETENSI 8 GLADHI PENILAIAN AKHIR TAHUN 2 14 17 27 30 42 45 57 60


2 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP I. Mangerteni cerita Wayang Ramayana Peksi Jatayu A. Sujarah wayang cerita Resi Jatayu Ing carita Ramayana sadurunge, garwane Rama Wijaya kang aran Dewi Shinta dicidra dening Rahwana, raja Alengkadiraja arep dialap dadi garwane. Kedadean kasebut dumadi ana ing alas nalika ditinggal Rama ngupadi dununge kidang kencana. Dene ing piwulangan iki bakal dibabarake carita wayang kanthi lakon Resi Jatayu. Resi Jatayu iku kalebu peksi utawa manuk garudha kanca rumakete Prabu Dasarata, minangka wong tuwane Raden Rama. Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing cerita rakyat Ramayana.Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana lan wani. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung (DEWA) mula banjur duweni jejulukan Resi. Resi Jatayu duwe sedulur telu (Trio Garudha) yaiku Garudha Harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya lan Prabu Dasarata. Dina iku, Resi Jatayu nalika Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana sing jahat, spontan Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana sebab ora tega krungu tangise Sinta. Malah, Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrok tiba ana ing lemah bumi. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang terus Rahwana. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe iki. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nah, nalika luru, wusanane ketemu manuk Jatayu sing uwis sekarat. Rama age-age nulungi, Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, matur marang Si Rama menawa Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. B. Maca teks cerita wayang Resi Jatayu Supaya bisa nambahi kawruh babagan carita wayang, ing ngisor iki dicawisake carita Resi Jatayu migunakake basa krama. Kanthi ngulinakake maca teks migunakake basa krama kasebut kaajab siswa bakal duweni kaprigelan lan wasis micara basa krama. Amarga yen wis kulina maca, ngrungokake, apa maneh kulina mraktekake basa krama, anggone nindakake pacelathon ing madyaning pasrawungan ora bakal kaged. Nanging, sawalike siswa bisa tambah. Mula coba teks carita ing ngisor iki kowaca kanthi intonasi lan lagu kang cetha ! Resi Jatayu Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar Memahami isi teks cerita Ramayana ( Resi Jatayu)Indikator Siswa dapat mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan. 3.1.2 Siswa dapat menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan. Siswa dapat mengidentifi-kasi nilai-nilai budi pekerti dalam bacaan.. Siswa dapat menceritakan kembali isi maupun kesimpulan teks bacaan.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 3 a. Pesen b. Mlebu c. Urip d. Emas e. Papane f. Adhine g. Awul-awulan h. Diliwati i. Nyedhihke j. Pratanda k. Mripate l. Mati m. Atine n. Raja o. Lemah p. Alas q.Gawe cilaka r. Sedhih s. Kagawa t. Nyekel Resi Jatayu menika kancanipun Prabu Dasarata ingkang dados nata ing negari Ayodya. Resi Jatayu menika nalika mabur sumerep Dewi Shinta kabekta dening Rahwana. Kamangka mapinten pinten taun Ramawijaya menika kabiyantu dening rayinipun ingkang nama Lesmana madosi dunungipun Dewi Shinta. Saben tlatah sampun dipunliwati, seganten pun disebrangi, wana wana pun disasaki, sungkawaning manah sampun ngrasuk wonten ing salebeting penggalihipun Rama. Piyambakipun pisah kaliyan garwanipun menika nalikaDewi Shinta sumerep kidang kencana ingkang endah sanget, lajeng nyuwun dhateng Rama supados manggihaken lan nyepeng kewan menika. Amargi boten kasil anggenipun nyepeng, Rama lajeng kondur ing papanipun Dewi Shinta. Prayata, blaik….Dewi Shinta sampun boten wonten. Mangertosi Rahwana nyidra Dewi Shinta, Resi Jatayu lajeng mbedhag Rahwana lan kalajengaken kanthi perang tandhing. Rahwana meh mawon saged kapejahi, nanging nalika Rahwana ngedalaken ajianipun, sanalika Resi Jatayu saged dipunrampungaken. Resi Jatayu mosak masik, awakipun kebak tatu, godres rahipun. Prabu Rama manggihaken peksi Jatayu ingkang kawontenan mrihatosaken. Paningalipun merem, badanipun ndhrodhog, kados kados sampun badhe pejah. Saderengipun angemasi, Peksi Jatayu caos sasmita menawi Dewi Shinta kaboyong ing Negari Alengka dening Dasamuka. Peksi menika lajeng nyukani weling dhateng Prabu Rama menawi Rahwana utawi Dasamuka menika gadhah aji Pancasona nalika pejah piyambakipun saged gesang malih menawi badanipun kenging siti. Gladhen a. Tembang – tembung ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih pilihan kang wis cumawis ing sisih tengen ! b. Wangsulana pitakonan ngisor iki cekak kanthi cekak aos! 1. Teks wacan ing ndhuwur duweni lakon? Wangsulan:………………………………………………………………………… 2. Sapa sejatine Resi Jatayu iku ? Wangsulan:………………………………………………………………………… 3. Apa kang ditindakake Resi Jatayu mangerteni Dewi Shinta kacidra dening Rahwana ? Wangsulan:…………………………………………………………………….. 4. Apa sing ditindakake Rama mangerteni Dewi Shinta ilang? Wangsulan:……………………………………………………………………. 1. Nyepeng :……………………. 2. Dunungipun :…………………… 3. Disasaki : …………………... 4. Kencana : …………………... 5. sungkawa :................................ 6. Mosak-masik :…………………… 7. Kaboyong : …………………... 8. Weling : …………………… 9. Ngrasuk :……………………. 10. Gesang :……………………. 11. Rayinipun :……………………. 12. Mrihatosaken :……………………. 13. Sasmita :……………………. 14. Wana :……………………. 15. Nyidra :……………………. 16. Nata :……………………. 17. Siti. :……………………. 18. Penggalihipun :……………………. 19. Pejah :……………………. 20. Paningalipun :…………………….


4 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 5. Apa sebabe Rahwana nyidra Dewi Shinta? Wangsulan:……………………………………………………………………. 6. Tulisna sapa wae paraga paraga kang ana ing carita ing dhuwur ? Wangsulan:……………………………………………………………………… 7. Tulisna watake Ramawijaya, 2 wae ? Wangsulan:……………………………………………………………………… 8. Apa kang njalari Resi Jatayu kalah anggone perang tandhing mengsah Rahwana ? Wangsulan:……………………………………………………………………… 9. Kados pundi kahanipun Resi Jatayu nalika pinanggih Ramawijaya? Wangsulan:……………………………………………………………………… 10. Menapa ingkang dipunaturaken Resi Jatayu dhateng Rama saderengipun pejah ? Wangsulan:…………………………………………………………………… c. Tulisna lima ( 5 ) isi pokok carita ing dhuwur nggunakake basa krama ! 1. …………………………………………………………………………… 2. …………………………………………………………………………… 3. …………………………………………………………………………… 4. …………………………………………………………………………… 5. …………………………………………………………………………… d. Ukara ing ngisor iki sampurnakna kanthi menehi ater-ater, seselan, utawa panambang miturut surasane ukara ! 1. Mbak Fatimah ngulakake (pangan) ana ing pasar Johar Semarang. 2. (pangan) dhisik sing wareg, mengko ning dalan ora jajan lho! 3. Dhik, iki lho ! dakngengehi jenang sungsum, (pangan)! 4. Mau kowe diwenehi sengkulun, apa saiki wis (pangan)? 5. Kowe kok (pangan) wae ta mengko rak awakmu ginak-ginuk. 6. Awake Badriyah seminggu sepisan (timbang). 7. Coba, dhele iki (timbang) sepisan engkas! 8. Bu Muntiah mundhut (timbang) bayi kanggo piranti posyandu. 9. Luwih becik mati (timbang) dijajah Walanda. 10. Prekara kuwi (timbang) ala lan becike supaya ora getun ing tembe! e. Ngowahi tembung krama dadi basa ngoko No Tembung krama Tembung ngoko No Tembung Krama Tembung ngoko 1 Anggenipun Dadi 1 Badanipun ............ 2 Dados ............. 2 Dipunrampungaken ............ 3 Kenging ............ 3 Kawontenan ............ 4 Kabekta ............ 4 Madosi ............ 5 Mangertosi ............ 5 Manah ............ 6 Manggihaken ............ 6 Meh mawon ............ 7 piyambakipun ............ 7 Malih ............ 8 Rahipun ............ 8 Menawi ............ 9 Rayinipun ............ 9 Ngedalaken ............ 10 Salebeting ............ 10 Peksi ............ 11 Siti ............ 11 Saderengipun ............ 12 Seganten ............ 12 Sumerep ............


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 5 I. Nanggapi Isi Teks Cerita A. Teks carita wayang Peksi Jatayu Carita wayang ing ngisor iki wacanen, banjur coba karo kanca kelompokmu bisa nulis panemu apa wae kang bisa kajupuk saka carita. Sawise nemokake panemune, siswa bisa ngandhrake ana ing ngarep kelas ! Wayang Peksi Jatayu Sang Garudha Wicaksana Resi Jatayu salah sawijining paraga ana ing crita Ramayana. Resi Jatayu iku manuk awujud garudha kang duweni watak wicaksana. Dheweke tansah eling marang sang Hyang Agung, mula banjur duweni jejuluk Resi. Resi Jatayu yaiku anak saka Resi Briswawa lan Dewi Brahmanistri. Dewi Brahmanistri yaiku anak wadon saka Dewa Brahma. Dadi, kena dijupuk dudutane yen Resi Jatayu yaiku wayahe Dewa Brahma. Resi Jatayu duwe sedulur telu yaiku Garudha harna, Garudha Brihawan, lan Garudha Sempati. Resi Jatayu nalika isi enom, kekancan raket banget karo Raja Ayodya Prabu Dasarata. Prabu Dasarata iku bapake Prabu Rama. Nalika Dewi Sinta digeret digawa mabur dening Rahwana, Resi Jatayu aweh pitulungan. Resi Jatayu nyamber tangane Rahwana. Resi Jatayu ora tega krungu tangise Dewi Sinta. Dewi Sinta kudu-kudua uwal saka pancekele Rahwana. Ananging tangane Rahwana nggegegi kuat tangan Sinta. Sinta ora bisa uwal. Kabeh perhiasane padha gogrog kececer ana ing lemah. Resi Jatayu kanthi sisa dayane nyerang Rahwana. Ananging tetep ora bisa. Dheweke malah diajar dening Prabu Rahwana. Resi Jatayu akhire swiwine sengkleh. Dheweke akhire tiba ana ing lemah. Nalika iku, Rama lan Lesmana bingung golek Dewi Sinta sing ilang saka kemahe. Rama lan Lesmana luru ngubengi alas Dhandaka. Nalika luru, akhire ketemu manuk Jatayu sing lagi sekarat. Rama age-age nulungi. Ananging, kahanane Jatayu wis ora bisa ditulungi. Resi Jatayu sadurunge nemahe seda, wadul marang Rama. Jatayu nyritakake menawa garwane yaiku Sinta diculik dening Raja Alengka Dasamuka. Banjur Resi Jatayu mati. Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut Kompetensi Dasar 4. 1 Menanggapi isi teks cerita wayang Ramayana Indikator Merubah bahasa teks bacaan ke dalam ragam bahasa krama. Menanggapi tampilalan teks prastawa budaya menggunakan ragam krama 4.4.1 Mengidentifikasi bahasa yang digunakan. Gambar peksi jatayu


6 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP Pitutur becik carita Peksi Jatayu : 1. Pitutur kang bisa kajupuk saka Resi Jatayu yaiku awake dhewe kudu tansah gelem aweh pitulungan marang sapa bae kang mbutuhake. 2. ....................................................................................................................................... ....................................................................................................................................... 3. ....................................................................................................................................... ....................................................................................................................................... 4. ....................................................................................................................................... ....................................................................................................................................... Panemu saka carita Peksi Jatayu : 1. Prayogane Rahwana ora ngrusak bale somahe wong liya, kanthi nyidra Dewi Sinta lan meksa kepengin ngalap garwa. 2. ........................................................................................................................................ 3. ........................................................................................................................................ 4. ........................................................................................................................................ Resi Jatayu Prabu Rama kondur saking anggenipun nglari kidang kencana,manggihi ingkang garwanipun sampun boten wonten. Prabu Rama duka sanget, samubarang menapa kemawon badhe dipunsirnakaken toya seganten badhe dipunsataken, tetuwuhan wit-witan badhe dipunbedholi, lan angin badhdipunsigeg. Pramila, rayinipun ingkang nama Raden Lesmana, mbudidaya nglilihaken penggalihipun Prabu Rama kanthi tetembungan ingkang alus lan sareh. Wusananipun saged kasil anggenipun ngleremaken/ngedhemaken dukanipun Rama kasebat. Raden Rama lan Lesmana lajeng madosi dunungipun Dewi Shinta. Nembe tindak sawetawis tebihipun, Prabu Rama manggihaken peksi Jatayu ingkang kahanan mrihatosaken.Paningalipun merem, badanipun ndhrodhog, kados kados sampun badhe pejah. Saderengipun angemasi, Peksi Jatayu caos sasmita menawi Dewi Shinta kaboyong ing Negari Alengka dening Dasamuka. Peksi menika lajeng nyukani weling dhateng Prabu Rama menawi Rahwana utawi Dasamuka menika gadhah aji Pancasona nalika pejah piyambakipun saged gesang malih menawi badanipun kenging siti.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 7 Ngowahi dadi basa ngoko Kaya tuladha ing dhuwur, owahana dadi basa ngoko ukara-ukara ing ngisor iki! 1. Garwanipun sampun boten wonten : ...................................................................... 2. Nembe tindak sawetawis tebihipun : ...................................................................... 3. Wusananipun saged kasil : ...................................................................... 4. Saged gesang malih : ...................................................................... 5. Mbudidaya nglilihaken penggalihipun : ...................................................................... 6. Ngedhemaken dukanipun rama : ...................................................................... 7. Toya seganten badhe dipunsataken : ...................................................................... 8. Lajeng madosi dunungipun : ...................................................................... 9. Kados sampun badhe pejah : ...................................................................... 10. Kondur saking anggenipun nglari : ...................................................................... A. Pilihen wangsulan a, b, c, utawa d kang koanggep bener, banjur wenehana tandha ping (x) ing lembar wangsulan kang wis sumadya! 1. Sapa sejatine Raden Lesmana miturut wacan ing dhuwur... a. Rayinipun Ramawijaya c. Rayinipun Lesmana b. Garwanipun Ramawijaya d. Sedulure Dasarata 2. Rama ngleremaken penggalihipun Rama. Ngleremaken duweni teges... a. Ngedhemake c. Akhire b. Ndadekake d. Nyebabake 3. Miturut wacan ing dhuwur kang njalari Rama duka yaiku... a. Dasamuka mburu kidang kencana c. Rama Ditinggal garwane kesah b. Raja Aleng mboyong Dewi Shinta d. Lesmana bisa ngleremake Rama 4. Rama manggihaken Jatayu taksih gesang, nanging saliranipun sayah. Tembung kagaris kandel ing wacana ing dhuwur tegese... a. Urip c. Rosa b. Mulya d. Kuat 5. Ing ngandhap menika boten kalebet titikanipun dukaning Rama inggih menika... a. Angin badhe kasigeg c. Wana-wana badhe dipunbesmi b. Toya,lepen, seganten badhe dipunsataken d. Tetuwuhan badhe dipunbedholi 6. Ing ngisor ora kalebu wosing/isi teks wacana Peksi Jatayu yaiku... a. Dasamuka mboyong Dewi Shinta. c. Raja Alengka aran Prabu Dasamuka b. Lesmana madosi dunungipun Dewi Shinta d. Jatayu menika gadhah Aji Pancasona 7. Ing ngisor iki piweling luhur utawa amanat ing teks wacana ing dhuwur yaiku... a. Seneng tumindak angkara murka c. Ngadhepi perkara kanthi dalon dalon Tuladha: Manggihaken peksi Jatayu : Nemokake manuk jatayu


8 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP b. Nrima kanthi sabar yen entuk pacoban d. Seneng nggampanganke perkara 8. Ing ngisor iki ora kalebu sipate Raja Alengka Prabu Dasamuka... a. Seneng tumindak durjana c. Kerep mbiyantu marang manungsa b. Kebak angkara murka d. seneng gawe gara gara wong liya 9. Paraga kang kadhapuk nyukani welingmarang Prabu Rama aran... a. Dewi Shinta c. Raden Lesmana b. Kidang kencana d. Raja Alengka 10. Nembe tindak sawetawis tebihipun, Prabu Rama manggihaken peksi Jatayu ingkang kahanan mrihatosaken. “Pratelan kasebut migunakake basa…. a. Ngoko lugu c. krama lugu/krama madya b. Ngoko alus d. krama alus/krama inggil B. Teks wacan ing ngisor iki wacanen kanthi premati ! Palang Merah Indonesia Saben tanggal 8 Mei kita mengeti dina Palang Merah. Bebadan kang nggawa tugas suci ngabdi marang kamanungsan iku ngadeg rikala taun 1863 ana ing Indonesia. Diarani Palang Merah Indonesia, banjur kacekak PMI. PMI iku jejibahane werna-werna antarane ing babagan social. Wong bisa nyumbang getih lumantar PMI. Yen arep nyumbang, getihe kudu dipriksa dhisik lan sing nyumbang utawa pendhonor dharah mau kudu sehat. Wong sing kekurangan dharah bisa njaluk biyantu karo PMI mau. Carane ora grusa grusu luwih dhisik kudu dipriksa kanthi premati golongan dharahe, amarga yen ora ati-ati bakal nemu cilaka antarane alergi, kena virus, utawa kaserang sesakit liyane. Golongan dharah iku werna -werna ana A, AB, B, lan O. Sawise dipriksa, umpama dharahe O ya kudu disumbang dening pendhonor dharah O, mangkono sapiturute. Sapa wae bisa mrisakake golongan dharahe , kalebu bocah sekolah uga bisa. Menawa wis dipriksa bocah sekolah mau banjur diwenehi kartu golongan dharah. Kartu mau prayogane digawa menyang ngendi wae. Umpama awak pinuju apes,kena alangan utawa liya-liyane mangka mbutuhake sumbangan dharah mula ora ndadak bingung-bingung, kari nocogake kartu golongan dharahe karo wong kang cocog golongan dharahe kasebut. (Kapethik saka Trampil Basa kaca :123, kanthi ewah-ewahan sawetawis )


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 9 GLADHEN a. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi migunakake basa krama! 1. Saben kapan dipunpengeti dinten Palang Merah? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 2. Kapan PMI madeg wonten ing Indonesia? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 3. Kados pundi jejibahanipun PMI menika? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 4. Kados pundi syaratipun tiyang badhe dhonor dharah? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 5. Serataken jinising golongan dharah ! Wangsulan : …………………………………………………………………………… 6. Sinten kemawon ingkang saged mriksakaken golongan dharahipun ? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 7. Menapa sebabipun kartu golongan dharah kedah dipunbekta ing pundi kemawon ? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 8. Menapa sebabipun mriksakaken dhonor dharah kedah kanthi premati, boten pareng grusa-grusu? Wangsulan : …………………………………………………………………………… 9. Kartu mau prayogane digawa menyang ngendi wae. Tembung prayogane tegese! Wangsulan : …………………………………………………………………………… 10. “Study kasus”. Putrane Pak Gono sing jenenge Nio duwe kanca jenenge Oki, Ita,Ima, Boni, Eta, Iis, Rio lan Roy. Wong wong kasebut padha arep dhonor dharah. Dene golongan dharahe Nio A,Oki AB, Ita, AB, Ima O, Boni B, Eta A, Iis B, Rio B lan Roy O. Miturut katrangan ing dhuwur, coba gathukna pedhonor dharah saengga cocog bisa digunakake. Wangsulan : …………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………. b. Teks wacana ing dhuwur owahana nggunakake basa krama ! Wangsulan :…………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………


10 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………….. ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………………………… c. Ukara ukara ing ngisor iki salinana nganggo basa krama kang adhedhasar unggahungguh basa ! 1. “Pak Guru, apa kowe dina iki sida arep menehi ulangan ?” Wangsulan : 2. “Budhe, apa kowe wis ngerti yen adhikku lara tangane? Wangsulan : 3. “Aku mengko mulihe sekolah rada sore pak, amarga arep tuku buku ing Purworejo Wangsulan : 4. Aku dikongkon bapak ngeterake simbah menyang kutha Wonosobo Wangsulan : 5. Pak, aku arep takon apa bener iku omahe pak lurah? Wangsulan : 6. Bapak, mengko bengi aku arep nginep ing omahe Dono, kancaku. Wangsulan : 7. Pakdhe Jono durung ngerti yen, bapak wis mari larane. Wangsulan : 8. Aku wingi weruh bu guru isih tuku klambi ing pasar Bringharjo, Jogja. Wangsulan : 9. Pak, sesuk sore aku arep lunga menyang Jakarta numpak kreta. Wangsulan : 10. Bu, omonge simbah mau, mengko Pak lurah arep teka mrene ! Wangsulan : 11. Aku arep ngomong karo kowe ibu, yen saktenane saiki aku wis kerja. Wangsulan :


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 11 12. Bapak mau takon karo aku, apa ibu wis mulih kantor. Wangsulan : 13. Pak, Minggu wingi aku tuku wedhus yen Pak Indro tuku sapi. Wangsulan : 14. Bu, Ucup wingi weruh Bu Darto isih mangan ana ing warunge Bu Harti. Wangsulan : 15. Pakdhe, aku isin banget amarga mau bengi Pak Guru weruh isih mangan ing angkringan. Wangsulan : d. Mbenerake unggah ungguh ing sajroning pacelathon ! Tuladha : Benerna unggah ungguhe tetembungan ing ngisor iki ! 1. Bulik, mangga menawi badhe mulih kula terke samenika. Wangsulan : ...................................................................................................... 2. Bu guru, kowe wau ngomong menapa kula boten krungu. Wangsulan : ..................................................................................................... 3. Pakdhe menapa dereng ngerti menawi simbah sampun mari larane. Wangsulan : ..................................................................................................... 4. Bu, enjing menika kula sios lunga dhateng Jogja golek klambi bathik. Wangsulan : ...................................................................................................... 5. Wau dalu kula weruh simbah taksih lungguhan sinambi ngomongan karo Pak Lurah. Wangsulan : ...................................................................................................... 6. Bu, adhik dereng mulih amargi taksih sinau kelompok ing omahe kancane. Wangsulan : ....................................................................................................... 7. Nggih bu guru, mangke kula takon karo kanca sekelas, menawi dereng ngerti badhe takon bu guru. Wangsulan : ...................................................................................................... 8. Amargi dereng entuk wedhuse, kula dereng siyos melu qurban. Wangsulan : ...................................................................................................... 9. Adhik dikongkon bapak, benjing enjing supados ngeterake simbah dhateng peken Wangsulan : ...................................................................................................... 10. Pak, dinten menika bapak kula badhe nekani acara wonten ing omahe pakdhe. Wangsulan : ...................................................................................................... a. Pak, dinten menika kula badhemenehi bapak panganan b. Pak, dinten menika kula badhe nyaosi bapak dhaharan


12 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP e. Benerna panulisan kang luput ngisor iki miturut EYD basa Jawa! 1. Adik esok mau kepetuk pakde iseh mundot gendhes. Wangsulan: …………………………………………………………………………… 2. Koncomu dikon mlebu ojo ono jobo wae. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 3. Sopo kang gawe dholanan kuwi? Wangsulan: …………………………………………………………………………… 4. Nggowo banyu ojo nganti wuthah. Wangsulan: …………………………………………………………………………… 5. Klopo thuwa menowo digawe srundheng ora enak. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 6. Bude mau esok arep tindhak menyang kuta. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 7. Adiku didawuhi pakde supoyo metuk ibu. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 8. Sawise moco koran aku banjor lunga dholan. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 9. Bapak arep mundot gulo eng dheso Purwosari Wangsulan:…………………………………………………………………………… 10. Mugo-mugo rego kabutuhan ora pada mundak. Wangsulan:…………………………………………………………………………... f. Homograf Homograf yaiku tetembungan loro utawa luwih kang padha tulisane (aksarane) nanging beda pocapane lan tegese. Tembung geger ing rong ukara dhuwur iku tulisane padha, nanging pocapan lan tegese beda adoh banget. Tembung geger ing ukara kapisan tegese perang. Wondene tembung geger ing ukara kapindho tegese perangan awak sisih buri. Gladhen: Tegesana tembung homograf kang kacithak miring ngisor iki! 1. Wong kere iku anane sarwa susah arep apa-apa ora keturutan. (...............................) Supaya ora panas lawange pasangen kere saka pring. (...............................) Tuladha : Nalika ana geger jaman Walanda yuswane simbah isih patbelas taun. Geger sisih dhuwur iki mbok tulung kukurna kok krasa gatel temen.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 13 2. Menawa arep mlebu omah kudu kesed dhisik! (...............................) Dadi bocah mbok sing sregep aja kesed. (...............................) 3. Ibu anggone ngelan nganggo kecap. (...............................) Menawa mangan aja kecap ya, saru! (...............................) 4. Jeruk kang pentil menawa dipangan pait sengir. (...............................) Karet pentil kuwi kena kanggo gawe tali plintheng. (...............................) 5. Nyimpene pari ana ing pepet pager. (...............................) Kalene ora mili amarga pepet nggon ngisor jembatan. (...............................) 6. Wilangan kuwi kalebu petung kang njlimet. (...............................) Pring petung kena kanggo gawe cagak gubug. (...............................) 7. Wit kang wingi dikethok kae saiki wis semi. (...............................) Lomba geguritan iku saiki wis semi final. (...............................) 8. Aku wingi pethuk kancamu ning toko buku. (...............................) Dadi bocah ki mbok aja pethuk, nggarap kaya ngono wae ora bisa. (...............................) 9. Kethek kuwi kalebu kewan kang pinter amarga bisa dilatih. (...............................) Bumbu pecel kuwi diwenehi kethek supaya krasa pulen. (...............................) 10. Kancaku nabuh kendhang wondene aku nabuh rebab. (...............................) Kalunge adhik kendhang ana ing kali wingi sore. (...............................) SURADIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI TEGESE : ANGKARA MURKA UTAWA KADURJANAN BISA DIKALAHAKE DENING KABECIKAN (SEMUA KEJAHATAN AKA BISA DIKALAHKAN DENGAN KEBAIKAN)


14 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP I. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan a,b,c utawa d sing ko anggep bener ! 1. Paraga ingkang boten kadhapuk ing teks carita Resi Jatayu nginggil inggih menika... a. Raden Lesmana c. Raden Janaka b. Dewi Shinta d. Ramawijaya 2. Paningalipun merem, badanipun ndhrodhog, kados kados sampun badhe pejah Tembung ingkang kacithak kandel ing teks ing nginggil tegesipun... . a. Rawa - rawa c. Ngantuk b. Banyu d. Mripat 3. Ing ngandhap menika wosing/isi teks wacana Jatayu inggih menika... . a. Rama nyulik Dewi Shinta c. Lesmana ngleremake dukane Rama b. Raja Alengka jenenge Lesmana d. Dewi Shinta nemokake kidang 4. Teks wacana Jatayu ing nginggil nggadhahi piweling luhur utawi amanat... . a. Ngrampungi perkara grusa grusu c.Seneng tumindak angkara murka b. Seneng ngganggu wanita d. Ngadhepi pacoban kanthi sabar 5. Ing ngisor iki dudu sipate Raja Alengka Prabu Dasamuka... a. Seneng tumindak durjana/ ala c. Kebak angkara murka b. Seneng gawe rusuh d. Kerep mbiyantu para manungsa 6. Prabu Rama kondur saking anggenipun nglari kidang kencana,manggihi ingkang garwanipun sampun boten wonten. “Pratelan kasebut migunakake basa…. a. Krama lugu c. Ngoko lugu b. Krama alus d. Ngoko alus 7. Prabu Rama duka sanget, samubarang menapa kemawon badhe dipunsirnakaken. Duka tegese... . a. Seneng c. Ngamuk b. Rekasa d. Ngawur 8. Resi Jatayu iku kajupuk saka serat... . a. Mahabarata c. Cerita cekak b. Ramayana d. Babab tanah Jawa 9. Kartu mau prayogane digawa menyang ngendi wae. Tembung kagaris ngisor tegese... . a. Supaya c. karepe b. Disiyapake d. becike 10. PMI iku jejibahane werna-werna antarane ing babagan social. Tembung kacithak kandel ing dhuwur tegese... . a. Tugase c. usahane b. Nerangake d. ngladeni 11. Bu, nuwun sewu kula badhe kesah rumiyin tumbas sepedha. Ukara ing dhuwur migunakake basa... . a. Ngoko lugu c. krama lugu b. Ngoko alus d. krama alus 12. Ukara ing ngisor iki migunakake basa ngoko alus... . a. Aku mau mara ing omahe budhe c. Bu guru esuk iki rawuhe gasik. b. Bapak taksih sarean sinambi dhahar d. Adhik wau nedha ing sekolah 13. Ukara kang trep miturut unggah-ungguh bisa ditemokake ing... . a. “Kula badhe ngendika rumiyin ”c. Kula dhahar ngantos kemlakaren b. “Mbah, mangga kula dherekaken kondur”.d. Adhik mundhut ageman ing toko UJI KOMPETENSI 5


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 15 14. Bu, menapa kowe sampun ngerti kabar menika . Tembung kang bener miturut unggah-ungguh basa yaiku... . a. Panjenengan, ngerti c. Panjenengan, pirsa b. Sampeyan, mangertos d. Sampeyan, mudheng 15. Aku diwenehi bapak klambi. Ukara kasebut basa kramane... . a. Kula dicaosi bapak busana c. Kula dipunparingi bapak rasukan b. Kula nyaosi bapak ageman d. Kula disukani bapak ageman 16. Tetembungan loro utawa luwih kang padha tulisane (aksarane) nanging beda pocapane lan tegese diarani... . a. homograf c. Dasanama b. homofon d. Hipernim 17. Ing ngisor iki tuladha homograf ana ing... . a. Seneng, tresna c. Ramai, regeng b. Dawa tangane d. Geger 18. Ing ngisor iki panulisan ejaan kang bener ana ing... . a. Ngetok wet randhu gareng c. Mangga sami didhahar b. Pitike iseh cilek-cilek d. Pak guru wes ngendhika 19. Kajaba duweni unggah – ungguh kang trep,saben manungsa kudu bisa ngetrapake ...ing madyaning pasrawungan a. Tata krama c. Rasan - rasan b. Mesam-mesem d. Bakti sosial 20. Saben tanggal 8 Mei iku negera Indonesia kerep mengeti dina... . a. PMI International c. Sukarelawan b. Bakti sosial d. PMR II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki cekak aos ! 1. Manuk kang duweni tumindak becik mbudidadya mungsuh marang Dasamuka yaiku... . 2. Resi Jatayu menika kancanipun Prabu.... 3. Sadurunge pejah, Resi Jatayu kepanggih... . 4. Dewi Shinta kacidra dening Raja Alengkadiraja asmane... . 5. Carita Peksi Jatayu itu nyaritakake nalika kepethuk Dasamuka kanthi ancas kepengin nylametake... . 6. Saderengipun angemasi, Peksi Jatayu caos sasmita menawi Dewi Shinta kaboyong ing Negari Alengka dening Dasamuka. Tembung kacithak kandel ing dhuwur tegese... . 7. Bu samenika kula badhe ngeterake Simbah. Ngeterake basa kramane... . 8. Sebutna golongan darah sing kongerteni... . 9. Umpama awak pinuju apes,kena alangan utawa liya-liyane lumrahe mbutuhake.... 10. Kula badhe wangsul saking griyanipun kanca kula. Ukara kasebut migunakake basa... . III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi patitis ! 1. Tulisna 2 pesen moral sing bisa kajupuk saka carita Resi Jatayu ! Wangsulan : .........................................................................................................


16 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 2. Tulisna 4 paraga carita kang kadhapuk ing carita Resi Jatayu ! Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 3. Apa sing kongerteni babagan homograf, wenehana tuladha 1 wae ! Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 4. Bu, njaluk ngapura aku ora bisa mara ing omahmu mau bengi. Ukara ing dhuwur owahana dadi basa krama kang trep adhedhasar unggah-ungguh ! Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 5. Benerna panulisan ejaane ukara ing ngisor iki ! a. Getuke adek didahar pakde b. Amargo udhan aku ora sido metok simbah Wangsulan : ......................................................................................................... .......................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ NUTUTI LAYANGAN PEDHOT TEGESE : NGGOLEKI BARANG SEPELE / NGUPAYA SAMUBARANG CILIK NANGING MALAH NGENTEKAKE RAGAD AKEH / GEDHE (MENCARI/ BERUSAHA MENGGAPAI SESUATU YANG SIA – SIA MALAH BANYAK MENG )ELUARKAN BIAYA)


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 17 I. Mangerteni Teks Piwulang Pupuh Kinanthi Tembang macapat iku duweni paugeran tembang kang beda karo tembang jawa liyane. Wondene bedane, ing tembang macapat duweni paugeran tembang macapat antarane yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Apa siswa wis ngerti apa ta sing diarani paugeran paugeran kasebut? Yen durung ing bab iki bakal diterangake : Guru gatra yaiku cacahing larik utawa gatra saben sapada/sabait. Guru wilangan yaiku cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra/salarik. Guru lagu yaiku tibaning swara a,i,e,u,o ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat iku jenise ana 11 tembang,nanging ing piwulangan iki kang disinaoni yaiku tembang kinanthi. Tembang Kinanthi yaiku kalebu jenising tembang macapat kang duweni paugeran enem larik/gatra saben sapada. Kajaba Kinathi, tembang macapat sing duweni enem gatra saben sapada yaiku tembang mijil. Tembang kinanthi duweni sipat utawa Watake yaiku Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi Indikator Mendengarkan teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi 3.2.3 Mengidentifikasi syair teks Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi 3.2.3 Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit 3.2.4. Menjawabpertanyaan tentangisiteks Serat WulangrehPupuh Kinanthi 3.1.4. Siswa dapat menceritakan kembali isi maupun kesimpulan teks bacaan. Gb. Gambar Paraga tembang MACAPAT


18 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP seneng, gumbirah, sengsem lan welas asih. Gunane kanggo menehi pitutur uga medhar rasa tresna asih. Mula saka iku, selaras karo watake cakepane tembang kinanti isine wejangan,pitutur bab tresna asih lan ngemot piwulang urip. Para siswa, ing tulisan iki panulis arep medharake babagan Serat Wulangreh pupuh Kinanthi.Serat Wulangreh dianggit dening Susuhan Pakubuwana IV Surakarta Hadiningrat. Serat Wulangreh tembang Kinanthi iku ana 16 pada (bait). A. Maca Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Kinanthi anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV Pada I Gancarane : Kowe kulinakna ngasah ati lan pikiran, landhep nyekel pratandha Aja mung seneng mikir mangan lan turu, duwea watak pahlawan Gladhi awakmu kanthi ngurangi mangan lan turu Pada II Gancarane : ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. Pada III Gancarane : ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ........................................................... Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling. Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lawan aja asukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, suda prayitnaning batin. Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 19 Pada IV Gancarane : ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ........................................................... Negesi Tembung Tembung tembung ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih tengen ! 1. Anenulari 2. Asor 3. Gulangen 4. Kalbu 5. Kaprawiran 6. Lakunireku, 7. Lantip 8. Pijer 10. Nendra 11. Raketana 12. Sasmita 13. Sawatawis 14. Wurung 15. Wruh Nadyan asor wijilipun, yen kelakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapon mundhak kang budi. a. b. c. d. e. f. g. h. Ala Ngerti Ora sida Nulari Wulangen Pratandha Turu pinter i. Satria j. Rumaketana k. Ati l. Sawetara m. Mikir n. Lelakonmu o. Pikiraning 9. Prayitnaning NGUNDHUH WOHING PAKERTI TEGESE : NAMPA AKIBAT SAKA TUMINDAKE DHEWE (MEMETIK BUAH PERBUATAN SENDIRI))


20 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP ............................................................ ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. II. Nulis cakepan Tembang Macapat Kinanthi A. Coba tembang ing ngisor iki golekana paugerane , guru gatra, guru wilangan lan guru lagune ! Paugerane tembang : Guru gatra :.............................. Guru wilangan :.............................. Guru lagu :.............................. Paugerane tembang : Guru gatra :.............................. Guru wilangan :.............................. Guru lagu :.............................. ` Tulisna gancarane ........................................................... ........................................................... ........................................................... ........................................................... ........................................................... ........................................................... Sanadyan ta nora melu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, iku panuntuning eblis. Panggawe becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan, aras-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki. Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut Kompetensi Dasar 4. 2 Menulis syair serat Wulangreh pupuh Kinanthi dengan ragam krama. Indikator Membaca tampilan teks tembang macapat Kinanthi. Menuliskan aturan /paugeran membuat tembang Kinanthi Menulis syair tembang macapat Kinanthi


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 21 Tulisna gancarane ........................................................... ........................................................... ........................................................... ........................................................... ........................................................... ........................................................... Sawise siswa gladhen nulis tembang kinanthi coba asil garapanmu bisa diwedharake ing ngarep kelas ! III. Kawruh Basa a. Paribasa Paribasa yaiku : unen – unen kang ajeg pananggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Tegesana unen-unen ngisor iki kanthi milih wangsulan ing ngisore! 1. Keplok ora tombok. 2. Sepi ing pamrih rame ing gawe. 3. Tuna satak bathi sanak. 4. Ana dhaulate ora ana begjane. 5. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. 6. Sembur-sembur adas siram-siram bayem. 7. Undhaking pawarta sudaning kiriman. 8. Sapa gawe nganggo sapa nandur ngundhuh. 9. Jer basuki mawa beya. 10. Desa mawa cara negara mawa tata. ............................................................ ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. ............................................................. Tuladha : Becik ketitik ala ketara tegese : Sapa sing tumindak becik utawa ala ing tembe mburi bakal konangan Ngundhuh wohing pakarti tegese : Sapa wonge sing tumindak becik utawa ala bakal konangan


22 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP Pilihane : Pilihane : a. Yen kepengin urip mulya kudu gelem ngetokake ragad. b. Saben papan utawa panggonan duwe adat tata cara dhewe-dhewe. c. Melu seneng-seneng nanging ora gelem melu ngetokake ragad. d. Rugi bandha bathi sedulur. e. Arep nemu kabegjan ora sida. f. Kabeh kang ngalang-alangi sedyane bakal disingkirake. g. Anggone tumandang gawe kanthi ora duwe melik apa-apa. h. Pawarta iku lumrahe luwih saka nyatane. i. Bisa kaleksanan sedyane amarga saka pandongane wong akeh. j. Tumindak ala lan becik iku bakal oleh piwales jumbuh karo panggawene iku. b. Dasanama Dasanama yaiku tembung-tembung kang duweni teges padha, punjul saka siji. Gladhen Tembung-tembung ngisor iki kalebu dasanama tembung apa? 1. buwana, bantala, pertiwi, basundari, kisma, bawana,....... 2. diyu, ditya, danawa, yaksa, asura....... 3. kardi, karya, karti, yasa....... 4. aldaka, ancala, meru, parwata, redi, wukir...... 5. bajra, maruta samirana, sindhung, riwut....... 6. brama, dahana, latu, agni...... 7. basuki, widada, raharja, nugraha, wilujeng, sugeng...... 8. kaonang, kasusra, kombul, misuwur, kaloka, kawentar, kongas....... 9. sasadhara, sitaresmi, sitengsu, basanta....... 10.rewanda, wanara, kapi, pragosa........ a. Gunung d. Bumi g. j slamet. b. Kethek e. kondhang h. wulan c. Angin f. Nyambud gawe i. geni Tuladha : Pinter dasanamane : lantip, wasis, mumpuni, lebda Apik dasanamane : becik, sae, prayoga


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 23 IV. Nulis Aksara Jawa A. Tenger Wacan ing aksara Jawa Tenger wacan ( tanda baca) ing aksara Jawa mligine tenger titik diarani pada lungsi lan tenger koma diarani pada lingsa. Tenger titik ( . ) gunane kanggo mungkasi ukara. Wondene tenger koma ( , ) gunane kanggo endhegan lan ambegan sedhela, kanggo siaga ing tembung candhake. 1. Pada Lungsi (tenger titik) : . Menawa ora ana sing dipangku ing pungkasane ukara iku anggone nulis tenger wutuh yaiku = . tuladha: z Simbah mundhut sega. = Nanging menawa pungkasane aksara dipangku ( mati ) mula tenger pangku kuwi dianggep siji dadi nulise tenger titik iku mung = \, tuladha: Ibu dhahar thiwul. = Ora kena ditulis = 2. Pada Lingsa (tenger koma) : , Gunane kanggo nengeri menawa ukara kasebut mandheg sedhela kanggo ambegan sawetara tumuju ing tembung candhake. Tuladha: Aku mau bengi sinau, maca, lan nulis. = Nanging menawa nulis koma ana ing tembung sigeg utawa aksara mati, mula nulise tenger koma mung cukup pangkon wae utawa : ora kena ditulis: Tuladha : Aku maca kitab, lan hadis. = Ora kena ditulis = Gladhen Tulisen aksara Jawa ukara ing ngisor ik ! 1. Aku tuku buku. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 2. Simbah dhahar sengkulun. Wangsulan:…………………………………………….............................................


24 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 3. Tuku sega, jamu, lan bumbu. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 4. Aku adus, dandan, lan mangkat. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 5. Ibu sampun dhangan, samenika saras. Wangsulan:…………………………………………………………………………… Gladhen Tembung - tembung nganggo tulisen aksara Jawa ing ngisor iki , latinana ! :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... :........................................... Tulisen migunake aksara jawa tembung-tembung ing ngisor iki ! 1. Numpak jaran : ......................................................................... 2. Tembang kinanthi : ......................................................................... 3. Gladhen maca : ......................................................................... 4. Mudhun gunung : ......................................................................... 5. Sarwa kondhang : ......................................................................... 6. Mbangun griya : ......................................................................... 7. Ngupakara tanduran : ......................................................................... 8. Sampun sayah : ......................................................................... 9. Gethuk enak : ......................................................................... 10. Pak guru rawuh : .........................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 25 Gathukna tembung ing ngisor iki karo pilihan wis sumadya ing sisih tengen ! Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor nganggo tulisan aksara Jawa, utawa bisa milih tembung kang wis kacawisake ing sisih ngisor ! 1. Ibukota negara Indonesia mapan ana ing kutha.... 2. Bocah sing pinter iku mesthine sregep ... . 3. Dol tinuku barang lumrae dumadi ana ing... . 4. Yen awak sayah prayogane kanggo.... . 5. Maca pawarta iku kajaba bisa nambahi seserepan uga bisa nambahi... . 6. Pulo sing ana ing negara Indonesia sing duweni alas amba lan jembar yaiku... . 7. Bebrayan ana ing masarakat kudu bisa ngetrapake tata krama lan.... . 8. Awake dhewe yen awak lara enggal priksa marang... . 9. Para siswa biasa nggulawenthah pendhidhikan ana ing .... 10. Profesi kang pakaryane mulang mahasiswa diarani.. . a. Mangsa udan b. Nitih kreta c. Golek warta d. Tumbas menda e. Duwe gegayuhan f. Bocah pinter g. Mendhet hape h. Nguyak jaran i. Mangan sate j. Angon sapi a. e. i. b. f. j. c. g. k. d. h.


26 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP Genepana tembung Saroja ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wis cumawis ing tengene! 1. Rembugan kuwi aku ora ngerti gandheng …. a. sungkem 2. Tumindak kang bisa gawe tunane wong iku kalebu angkara …. b. bakal 3. Nyuwun pangapunten menawi atur kula wonten galap …. c. sita 4. Pak Fadhullah iku ing desa kene kalebu wong kang dadi cikal …. d. pandonga 5. Muga-muga warga kene uripe padha karta … lan sayuk …. e. cenenge 6. Amarga saka puji … saka kowe marang Allah aku bisa kasil. f. sumelang 7. Ana ing alam bebrayan agung kudu tansah nduweni watak welas …. g. murka 8. Murid marang gurune aja lali ing suba … menawa kepethuk ning dalan. h. gangsul 9. Sembah … marang eyang aturake ya, amarga aku ora bisa mulih. i. asih 10. Menawa wis pasrah mara Allah majua kanthi mantep aja was …. j. raharja, rukun MBURU UCENG ELANGAN DHELEG TEGESE : MBURU BARANG KANG SEPELE NANGING KELANGAN BARANG SING LUWIH AJI (MEMBURU BARANG SEDERHANA TETAPI MALAH KEHLANGAN BARANG YANG LEBIH BERHARGA )


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 27 I. Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan a,b,c utawa d sing ko anggep bener ! 1. Ing ngisor iki tembang macapat kang duweni 6 gatrayaiku ... . a. Kinanthi, mijil c. Sinom, gambuh b. Asmarandana, pangkur d. Pocung, kinanthi Gatekake tembang ing ngisor iki ! Yen wus tinitah wong agung, aja sira gumunggung dhiri, aja raket lan wong ala, kang ala lakunireku, nora wurung ngajak-ajak, satemah anenulari. 2. Tembang macapat ng dhuwur kedadean saka.... pada. a. 1 c. 5 b. 3 d. 6 3. Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping III yaiku... . a. 8 a c. 9o b. 8o d. 9a 4. Tembung kacithak kandel cakepan ing dhuwur tegese... . a. Tumindak prayoga c. ora mikir b. Ngepenake awak d. sakarepe dhewe 5. Surasane cakepan tembang ing dhuwur yaiku... . a. Ngulinakake tumindak ala c. Cedhak cedhak karo wong ala b. Aja srawung marang wong ala d. Nulari marang kanca 6. Ing ngisor iki nerangake karo tembung kagaris ngisor ing tembang ing dhuwur yaiku ... . a. Seneng sinau bareng kanca c. Nulari tumindak ala marang kanca b. Manungsa titahe Gusti Allah d. Karo kanca kudu akur lan rumaket 7. Ing ngisor iki kalebu watake tembang kinathi... . a. Rumaket c. Tresna asih b. Luwes d. Galak 8. Serat Wulangreh pupuh kinanthi iku anggitane.... a. Sri Susuhunan Pakubuwana IV c. Sri Susuhunan Mangkunegara IV b. Sri Susuhunan Pakubuwana V d. Hamengku Buwana IV 9. Sapa wonge sing tumindak asor bakale rekasa dhewe. Asor tegese... . a. Prayoga c. Ala b. Apes d. Prihatin 10. Ing sadhengah papan yen wis digladhi ulah kaprajuritan mesthine wong iku bakal duweni watak.... . a. Kendel c. Sawiyah-wiyah b. Kumalungkung d. Kaprawiran UJI KOMPETENSI 6


28 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 11. Tumindak becik marang sapadha padha iku prayogane ora ngarep arep pawewehe liyan. Pratelan kasebut jumbuh karo paribasa... . a. Sepi ing pamrih rame ing gawe c. Jer basuki mawa beya b. Becik ketitik ala ketara d. Ngundhuh wohing pakarti Gatekake pratelan ing ngisor iki ! Budi salah sawijining siswa MTs kang kalebu siswa kang temen. Dheweke sinau sregep tanpa kendhat, saben pepalang kang ngalang-ngalangi bakal diadhepi kanthi mempeng lan manteb amrih gegayuhane dadi tentara bisa kasembadan. Pasa Senin-Kamis kawit kelas VII tekan saiki ora dilereni, sholat wengi dilakoni, tumindak luhur marang sapa wae. 12. Dudutan carita ing dhuwur yaiku.... a. Nggayuh gegayuhan aja rekasa-rekasa c. Dadi siswa kudu pinter b. Nggayuh gegayuhan kudu mempeng d. Ngulinake pasa saben dina 13. Tembung kacithak kandel ing carita ing dhuwur tegese... a. Ndaftar c. Nyoba b. Klakon d. Kekarepan 14. Paribasa kang trep kanggo nggambarake carita ing dhuwur yaiku.... . a. Rawe rawe rantas malang-malang putung c. Tuna satak bathi sanak. b. Jer basuki mawa beya d. Ana dhaulate ora ana begjane. 15. Ing ngisor iki ora kalebu surasa/ wose carita ing dhuwur ... . a. Budi siswa MTs kang temen c. Budi sregep sinau b. Budi kulina pasa Senin lan Kamis d. Budi watake asor 16. Ing ngisor iki tulisan kang migunakake pada lungsi yaiku... . c. d. 17.17. a. 10 c. 12 b. 11 d. 13 18. ... . a. Sepatu c. Buku b. Busana d. Duren 19. Pantai Jatimalang utawa Pantai Dewaruci iku kalebu papan wisata kang misuwur ing saindhenging tlatah Jawa Tengah. Tembung kagaris ngisor ing dhuwur dasanamane... a. Rame c. Sakabehing b. Kondhang d. Lestari 20. Buwana, bantala, kisma, lan bawana kalebu dasanama saka tembung.... a. Srengenge c. Gunung b. Bumi d. Geni a. b. ... .


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 29 II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cekak aos ! 1. Tembang Kinanthi iku guru gatrane ana... 2. Guru wilanganlan guru lagune gatra kaping V yaiku... . 3. Melu seneng seneng nanging ora gelem urun ragad paribasane... . 4. Unen – unen kang ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. 5. Dadiya lakunireku, cegah dhahar lawan guling. Pratelan kasebut tegese... . 6. latine... 7. Tembang kinanthi iku duweni watak.... 8. Aldaka, ancala, meru, parwata, redi, lan wukir kalebu dasanama tembung.... . 9. Cacahing wanda saben sagatradiarani... . 10. .... . III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor kanthi patitis ! 1. Tulisna 1 pada tembang macapat kinanti ? Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 2. Padha gulangen ing kalbu ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling Tembang macapat ing dhuwur tulisna paugerane tembang ! Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 3. Bapak arep lunga menyang Jogja tuku klambi kanggo simbah. Ukara ing dhuwur basa krama aluse ! Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... 4. Tulisna 2 tuladha paribasa genep karo tuladhane ! Wangsulan : ......................................................................................................... .......................................................................................................................................... ....................................................................................................................................... 5. Tulisen aksara Jawa : Adhik taksih kesah Wangsulan : ......................................................................................................... ......................................................................................................................................... .........................................................................................................................................


30 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP I. Mangerteni tegese legenda A. Teks Cerita Legenda Legendha yaiku cerita rakyat kang nerangake dumadining papan panggonan kang gegandhengan karo prastawaning alam.Cerita legendha iku ing masarakat dianggep nyata.(cemerlang.com kaposting dening Muhammad Aminudin 2/11/2016). Carita legendha iki ora dingerteni sapa pangriptane nanging wis turun temurun ana ing masarakat lan kasebarake kanthi gethok tular utawa kanthi lisan. Saben papan panggonan mesthi duwe carita. Ana ing tlatah Jawa Tengah tuladhane asal usul Baturaden, Rawa Pening, Asal- usul Salatiga, Candi Prambanan utawa Roro Jonggrang. Dene saka tlatah Jawa Timur tuladhane kayata dumadine Kutha Surabaya, Tlaga Sarangan lsp. Ing ngisior iki bakal diandharake cerita legendha kang ana gegayutane karo dumadining sawijining panggonan kang ana ing tlatah Jawa Tengah. 1. Wacanen teks legenda ing ngisor iki kanthi lagu lan intonasi kang trep ! RORO JONGGRANG Dhek jaman biyen ing laladan Prambanan ana sawijining kerajaan kang dadi nata asmane Prabu Boko. Panjenengane kagungan putra siwi kang sulistya ing warni kang aran Roro Jonggrang. Prabu Boko raja kang kawentar kejem lan kurang nggatekake kawulane. Mula akeh rakyate kang padha sengsara.Kahanan mangkono iku dimanfaatke Kraton Pengging lumantar senopatine kang Aran Bandung Bandawasa kanggo nyerang kerajaane Prabu Boko. Amarga kurang siyaga ngawekani tekane mungsuh, Bandung Bandawasa kasil ngalahake lan mejahi Prabu Boko. Sasedaane Prabu Boko, Bandung Bandawasa banjur kepethuk Roro Jonggrang ing taman. Mangerteni endahing pasuryaning Roro Jonggrang, Bandung sanalika langsung kepencut marang putri raja kasebut.Dheweke duweni gegayuhan kepengin nggarwa Roro Jonggrang. Roro Jonggrang kaget jalaran pawongan ing ngarepe iku sing nyedani ramane. Mula dheweke sumpah ora gelem menawa dipundhut garwa Bandung Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar 3.3 Memahami legenda asal-usul tempat Indikator 3.3.1 Menjelaskan devinisi cerita rakyat dan jenis jenis cerita rakyat 3.3.2 Mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan 3.3.3 Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 3.3.4Mengidentifikasi bahasa yang digunakan 3.35 Menemukan isi dan amanat cerita.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 31 Bandawasa. Dheweke gelem dipundhut garwa menawa ing wektu sewengi Bandung Bandawasa bisa nggawe candhi cacah sewu. Mangerteni syarat sing diajokake Roro Jonggrang kasebut, Bandung age age nindakake. Kanthi pambiyantu jin – jin panguwasa ing wektu sewengi Bandhung meh kasih ngrampungake pagaweane kasebut. Mangerteni kahanan mangkono Roro Jonggrang banjur gawe cara kepriye carane pambudidayane Bandung wurung. Dheweke dedonga marang Dewata amrih kaparingan pitunjuk supaya bisa owal saka pangrekuhe Bandung. Amarga saking mempenge lan yakine anggonededonga, ora let suwe dheweke nemu dalan. Dheweke kabiyantu dening prawan prawan sakiwa tengen kraton nyawisake ubarampe kanggo gawe urub-urub nyumet obor kareben padhang sinambi klothekan lesung.Swara ramene iku banjur keprungu dening Bandung.Dheweke kaget krungu swara jago pating kluruk, mratandhani wanci esuk tumeka. Jin lelembut padha bubar mawut ninggalake bandhung Bandawasa ijen tanpa bala dhewe tanpa kanca.Bab iku nyebabake candhi cacah sewu ora kasil kagarap. Roro jonggrang kang meruhi kadadean iku rumangsa mongkog atine, dheweke seneng bisa nggawe Bandung kalah . Saengga ing batine Roro , dheweke ora sida didadekake garwane Bandung. Rumangsa dipaeka, Bandung muntab penggalihe dheweke banjur ngendika “Candhi sing kokarepake iki kurang siji cacahe yaiku isih 999 cacahe mula saka iku sing bakal nggenepi 1000 yaiku awakmu dhewe. Sanalika Roro dadi patung utawa reca nggenepi candhi sing digawe Bandung Bandawasa. (Kapethik saka Widya Adi Basa Jawi kaca 10 kanthi ewah-ewahan sawetawis ) 2. Mangsuli pitakon Tuladha : Pitakon : Tulisna irah-irahan carita legendha ing dhuwur ! Wangsulan : Irah-irahan carita ing dhuwur yaiku Roro Jonggrang Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitiskaya tuladha ing dhuwur ! 1. Apa sebabe rakyat kraton Boko padha sengsara uripe ? Wangsulan : ........................................................................................................................... 2. Tulisna paraga paraga kang kadhapuk ing carita ing dhuwur ! Wangsulan : ........................................................................................................................... 3. Apa sebabe Kraton Pengging kasil ngalahake kraton Boko? Wangsulan : ........................................................................................................................... 4. Sapa Senapati Kraton Pengging kang kasil mejahi Prabu Boko? Wangsulan : ........................................................................................................................... 5. Apa kang dikersakake Senapati Pengging meruhi Roro Jonggrang? Wangsulan : ........................................................................................................................... 6. Apa sarat sing jaluk Roro Jonggrang karo Senapati Pengging? Wangsulan : ...........................................................................................................................


32 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 7. Sapa wae sing mbiyantu Roro Jonggrang Wangsulan : ........................................................................................................................... 8. Apa kang njalari Senapati pengging kaget lan ndadekake jin lelembut padha bubar? Wangsulan : ........................................................................................................................... 9. Tulisna sumbering carita ing dhuwur? Wangsulan : ........................................................................................................................... 10. Tulisna apa wae pesen amanat carita ing dhuwur 2 wae ! Wangsulan : ........................................................................................................................... 3. Dhiskusi Bab Isi Cerita Legenda Sawise maca teks cerita legenda ing dhuwur,siswa banjur ndhiskusekake marang kanca kelompok ngengingi isi cerita legenda. Coba tulisna asiling kerja siswa ana ing ngisor iki! No Keterangan Isi Cerita 1. Dhek jaman biyen ing laladan Prambanan ana sawijining kerajaan kang dadi nata asmane Prabu Boko. Panjenengane kagungan putra siwi kang sulistya ing warni kang aran Roro Jonggrang. Prabu Boko kagungan putra siwi kang sulistya ing warni kang aran Roro Jonggrang. 2. Prabu Boko raja kang kawentar kejem lan kurang nggatekake kawulane. Mula akeh rakyate kang padha sengsara. Kahanan mangkono iku dimanfaatke Kraton Pengging lumantar senopatine kang Aran Bandung Bandawasa kanggo nyerang kerajaane Prabu Boko …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... 3. Roro Jonggrang kaget jalaran pawongan ing ngarepe iku sing nyedani ramane. Mula dheweke sumpah ora gelem menawa dipundhut garwa Bandung Bandawasa. Dheweke gelem dipundhut garwa menawa ing wektu sewengi Bandung Bandawasa bisa nggawe candhi cacah sewu. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... 4. Mangerteni syarat sing diajokake Roro Jonggrang kasebut, Bandung age age nindakake. Kanthi pambiyantu jin – jin panguwasa ing wektu sewengi Bandhung …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………...


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 33 meh kasih ngrampungake pagaweane kasebut. 5. Mangerteni kahanan mangkono Roro Jonggrang banjur gawe cara kepriye carane pambudidayane Bandung wurung. Dheweke dedonga marang Dewata amrih kaparingan pitunjuk supaya bisa owal saka pangrekuhe Bandung. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... 6. Amarga saking mempenge lan yakine anggone dedonga, ora let suwe dheweke nemu dalan. Dheweke kabiyantu dening kenya kenya sakiwa tengen kraton nyawisake ubarampe kanggo gawe uruburub nyumet obor kareben padhang sinambi klothekan lesung. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………..... 7. Swara ramene iku banjur keprungu dening Bandung. Dheweke kaget krungu swara jago pating kluruk, mratandhani wanci esuk tumeka. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... ………………………………………….... 8. Jin lelembut padha bubar mawut ninggalake bandhung Bandawasa ijen tanpa bala dhewe tanpa kanca.Bab iku nyebabake candhi cacah sewu ora kasil kagarap. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………............ 9. Roro jonggrang kang meruhi kadadean iku rumangsa mongkog atine, dheweke seneng bisa nggawe Bandung kalah . Saengga ing batine Roro , dheweke ora sida didadekake garwane Bandung. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………........ 10. Bandung muntab penggalihe dheweke banjur ngendika “Candhi sing kokarepake iki kurang siji cacahe yaiku isih 999 cacahe mula saka iku sing bakal nggenepi 1000 yaiku awakmu dhewe. Sanalika Roro dadi patung utawa reca nggenepi candhi sing digawe Bandung Bandawasa. …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... …………………………………………... 4. Gladhen a. Nyaritakake maneh ing ngarep kelas Sawise maca teks cerita legenda ing dhuwur coba caritakna maneh ana ing ngarep kelas nggunakake basa sing trep karo unggah-ungguh.


34 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. .............................................................................................................................................. b. Negesi tembung Sawise teks cerita ing dhuwur kowaca, coba tegesana/ dasanamane tembung tembung angel kaya tuladha ing dhuwur ! NO Tembung tembung angel Tegese 1. Putra siwi ……. 2. Sulistya ……. 3. Pawongan ……. 4. Pambudidayane ……. 5. Kenya Kenya ……. 6. Nyawisake ……. 7. Ubarampe ……. 8. Mratandhani ……. 9. Tumeka ……. 10. Mongkog atine ……. Tuladha : Nata tegese : raja, sri, nalendra,nareswara, dhatu Laladan tegese : dhaerah, wewengkon, tlatah, papan


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 35 c. Nulis ukara Tembung-tembung ing ngisor iki tulisna ukara kang becik kaya tuladha ing dhuwur ! 1. Pambudidaya :.................................................................................................... 2. Prastawa : .................................................................................................... 3. Wurung : .................................................................................................... 4. Tlatah : .................................................................................................... 5. Age-age : .................................................................................................... 6. Nata : .................................................................................................... 7. Kagungane : .................................................................................................... 8. Ngawekani : .................................................................................................... 9. Ngekadaya : .................................................................................................... 10. Ngati-ati : .................................................................................................... III. Ngowahi nganggo basa krama Tuladha : Ngoko Lugu : Prabu Boko iku kalebu raja kang ora nggatekake rakyate Basa Krama : Prabu Boko menika kalebet raja ingkang boten ngatosaken rakyatipun Gladhen ing ngisor iki garapen kaya tuladha ing dhuwur ! NO Basa Ngoko Basa Krama 1. Dhek jaman biyen ing laladan ………………………………………………. Prambanan ana sawijining kerajaan ………………………………………………. kang dadi raja asmane Prabu Boko. ………………………………………………. 2. Prabu Boko raja kang kawentar ………………………………………………. kejem lan kurang nggatekake ………………………………………………. kawulane. Mula akeh rakyate kang ………………………………………………. padha sengsara Tuladha: Dalan : Amarga saking mempenge lan yakine anggone dedonga, ora let suwe dheweke nemu dalan Kasembadan : Amarga saking manteb lan temenne


36 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 3. Mangerteni syarat sing diajokake ………………………………………………. Roro Jonggrang kasebut, Bandung ………………………………………………. age age nindakake ………………………………………………. 4. Mangerteni kahanan mangkono ………………………………………………. Roro Jonggrang banjur gawe cara ………………………………………………. kepriye carane pambudidayane ………………………………………………. Bandung wurung 5. Amarga saking mempenge lan ………………………………………………. yakine anggone dedonga, ora let ………………………………………………. suwe dheweke nemu dalan. ………………………………………………. 6. Swara ramene iku banjur keprungu ………………………………………………. dening Bandung. Dheweke kaget ………………………………………………. krungu swara jago pating kluruk. ………………………………………………. 7. Jin lelembut padha bubar mawut ………………………………………………. ninggalake papan kono, mula ………………………………………………. nyebabake candhi cacah sewu ora ………………………………………………. kasil kagarap. 8. Bandung banjur ngomong candhi ………………………………………………. sing kokarepake iki kurang siji ………………………………………………. cacahe. ………………………………………………. 9. Roro jonggrang kang meruhi ………………………………………………. kadadean iku rumangsa mongkog ………………………………………………. atine, dheweke seneng bisa nggawe ………………………………………………. Bandung kalah. 10. Sanalika Roro dadi patung utawa ………………………………………………. reca nggenepi candhi sing digawe ………………………………………………. Bandung Bandawasa.. ………………………………………………. Desa mawa cara, negara mawa tata Tegese : saben papan utawa dhaerah nduwe adat lan tatacarane dhewe-dhewe. ( Setiap tempat atau daerah mempunyai tata cara dan aturan sendiri)


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 37 II. Nulis lan ngringkes carita legenda A. Wacanen teks carita legenda ing ngisor iki ! 1. Asal usul kutha Salatiga “Dipuncriyosaken bupati Ki Ageng Pandan Arang (Pandanaran) inggih punika pangageng ingkang tamak lan serakah. Piyambakipun lan semahipun remen meres rakyat kaliyan nyukani paos ingkang inggil. Pandanaran kepanggih kaliyan setunggaling tiyang embah kakung sepuh ingkang mbekta rumput kangge ternak. Piyambakipun nedha setumpuk rumput puniku lan namung nyukani opah setunggal keping koin. Sang embah kakung mboten angsal nolak panedha raja lan pungkasanipun nyukani rumput kasebat. Embah kakung sepuh mboten nampi koin kasebat ananging nglebetaken dhateng lebet tumpukan rumput. Bab puniki kedados terusan lan pungkasanipun dipun ngertosi Ki Pandanaran. Piyambakipun rumaos asor lan murugi embah kakung kasebat. Wekdal dukanipun wutah, embah kakung sepuh kasebat ebah wujud dados Sunan Kalijaga. Ki Pandanaran ndadak rumaos lingsem lan nedha dhateng Sunan Kalijaga kangge nyukupi pangupajiwa. Sunan Kalijaga nggih nyukani setunggsl syarat dhateng Pandanaran lan semahipun. Piyambakipun sedaya dipun-ajak lelana kangge nyiaraken kesaenan tanpa mbekta barang napa mawon. Semah Ki Pandanaran mboten nuruuti syarat kasebat lan ing tengahing lelampahan piyambakipun sedaya diadhang dening para begal . Sadayaning angge-angge ingkang dipunbekta semah Ki Pandaran karudapeksa dening begal. Sunan Kalijaga wicanten ing Pandaran lan semahipun bab tigang kelepatan ingkang piyambakipun sedaya damel, inggih punika kikir, umuk lan sampun nyengsarake rakyat. Laladan ingkang piyambakipun sedaya tinggali nggih dipunwastani Salatiga. Saking pinten-pinten sumber, prasasti Plumpungan dados dhasar asal mula kitha punika.” Kompetensi Inti 1. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. Kompetensi Dasar 4.3 Meringkas isi teks legenda asal-usul /tempat Indikator 4.3.1 Meringkes carita legenda 4.3.2 Menyimpulkan isi dan pesan moral 4.3.3 Menulis carita legenda yang dibaca dengan bahasa dan imajinasinya sendiri. 4.3.4 Siswa dapat menceritakan kembali isi maupun kesimpulan teks bacaan.


38 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP Gladhen a. Tulisna isi lan amanat carita ing dhuwur ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... b. Tulisna ringkesing carita Asal Usul Kutha Salatga ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... ......................................................................................................................................... c. Negesi Tembung Tembung ing ngisor iki goelakana tegese kaya tuladha ing dhuwur ! 1. Damel 2. Dipuncriyosaken 3. dipunwastani 4. dukanipun 5. ebah 6. karudapeksa 7. Kelepatan 8. Laladan 9. lelana 10. lelampahan 11. Lingsem 12. Murugi 13. Piyambakipun 14. pungkasanipun 15. Rumaos a. b. c. d. e. f. g. h. i. j. Diarani Panggonan Ngumbara Lelaku Rumangsa Akhire Nesune Dicaritakake Diganggu Obah k. marai l. Isin m. Kesalahan n Gawe o. Dheweke p. Gela Tuladha : Semahipun : Bojone Wicanten : Guneman,micara


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 39 2. Dumadine Rawa Pening Kacarita ing jaman rumiyin, ing lembah ing antawisipun Gunung Merbabu lan Telomoyo wonten desa ngasem. Ing desa iku manggon sepasang bojo jenenge Ki Hajar lan Nyai Selakanta. Ing jaman biyen, Nyai Selakanta sedhih amarga bebrayane durung dikaruniai anak. Pungkasane, Ki Hajar mutusake kanggo tapa ing guwa kanggo njaluk marang Gusti Allah supaya menehi anak. Sawise suwe dikunjara, Nyai Selakanta pungkasane ngandut lan nglairake anak. Pranyata bocah iku naga omong jenenge Baru Klinthing. Sawise Baru Klinthing gedhe, dheweke ketemu bapake, Ki Hajar sing isih dikunjara ing guwa lan nerangake yen dheweke putrane Ki Hajar. Banjur Ki Hajar dhawuh supaya putrane dikunjara ing Bukit Tugur. Ringkesing cerita, Baru Klinthing dicekel warga masarakat ing latah kono lan ditugeltugel lan dimasak dadi panganan warga. Pranyata Baru Klinthing wis malih dadi manungsa. Baru Klinthing kang lagi krasa ngelih banjur njaluk pangan marang warga Pathok sing lagi padha pesta. Nanging, ora ana sing ngganggu. Wangsulane, Baru Klinthing nancepake tongkat menyang lemah lan nantang wong-wong desa supaya metu. Ora ana wong siji-sijia sing bisa narik kayu. Kanthi kekuwatan gaib, Baru Klinthing medhot tongkat kasebut lan saka tongkat kasebut metu banyu sing banjur klelep kabeh desa nganti ana telaga sing diarani Rawa Pening. 3. Tembung Saroja Tembung saroja yaiku tembung loro sing tegese padha dianggo bebarengan. Terusna tembung saroja ing ukara ukaraa ngisor iki ! 1. Prabu Rahwana pancen raja kang sekti.... nanging senenge tumindak angkara... 2. Marang wong tuwa kudu ngetrapake tata... lan awatak andhap... . 3. Amarga peteng...aku ora bisa weruh dalan kang ndadekake tiba nganti babak... . 4. Marang sanak... kudu sing guyup... . 5. Marang tangga... kudu ngulinakake tulung... 6. Srawung marang tangga kudu tansah ngetrapake tepa... lan unggah. sing becik. 7. Negara Indonesia iku alame gemah... rakyate kerta... . 8. Nalika kaparingan rejeki lan rahayu... tansah ngaturake puji ... marang Allah swt . 9. Yen duwe prekara ruwet... njaluka eguh.... marang wong tuwa. 10. Srawung marang sapa wae kudu bisa empan... lan ngetrapake budi... . a. Tinulung g . Bundhas m. Krama s. Raharjo b. Ungguh h. Renteng n. Rukun t. Teparo c. Selira i. Wilujeng o. Papan u.Pitutur d. Mandraguna j. Ripah p. Luhur e. Murka k. Ndhedhet q. Sedulur f. Pratikel l. Asor r. Syukur Tuladha : Tandurane iku ijo royo royo disawang katon adhem ayem


40 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP Gladhen Unggah-ungguh Babagan srawung marang wong akeh iku ora bisa luput saka kepriye carane bisa ngetrapake unggah-ungguh kang bener. Jalaran kanthi ngecakake unggah-ungguh kasebut, kita bakal diurmati dening wong liya. Sing baku nalika micara kudu ngerti sapa sing diadhepi. Amrih bisa trampil anggone micara migunakake unggah-ungguh kang trep, awake dhewe kudu gelem lan seneng micara marang wong tuwa migunakake basa krama lugu lan krama alus. Sethithik mbaka sethithik suwening suwe mengko awake dhewe bisa tansaya prigel micarane. Saiki coba kanggo nggladhi kawasisan babagan basa, siswa bisa nggarap gladhen ing ngisor iki ! a. Tembung ing ngisor iki owahana dadi tembung ngoko ! 1. Dipuncriyosaken 2. dipunwastani 3. dukanipun 4. ebah 5. karudapeksa 6. Kelepatan 7. Laladan 8. lelana 9. lelampahan 10. Lingsem 11. Murugi 12. Piyambakipun 13. pungkasanipun 14. Rumaos 15. Wekdal b. Adhedhasar unggah ungguhing basa, pilihen ukara ukara ing ngisor iki bener apa salah! B S 1. Bu, panjenengan samenika didhawuhi adhik sowan daleme mas Wahyu. ... ... 2. “Bu, kula badhe ngendika kaliyan panjenengan pareng boten?” ... ... 3. “Pak, panjenengan mangga dhahar pisang goreng menawi kersa !” ... ... 4. “Mas, dina iki simbah arep turu kene , awake dhewe diaturi ibu resik resik”. ... ... 5. Nggih, bu mengko kula badhe maringi mas Bayu angsal angsal saking Solo. ... ... 6. Adhik siyos tindak dhateng Stasiun Balapan nitih kreta. ... ... 7. Ngendikanipun adhik enjing wau, simbah sakit wetengipun ... ... 8. Kula mundhut ageman rumiyin mbah, kangge adhik kula ingkang wuragil ... ... 9. Pak Parjana menika kagungan putra kathah sanget. ... ... 10. “Dalem kula celak kaliyan griyanipun Pak Lurah bu ! “. ... ... a. b. c. d. e. f. g. h. i. j. Diarani Panggonan Ngumbara Lelaku Rumangsa Akhire Nesune Dicaritakake Diganggu Obah k. Marai l. Isin m. Kesalahan n Gawe o. Dheweke. p. Gela q. Wektu Tuladha : Kitha Damel Ketok : Kutha : Gawe : Ketingal


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 41 c. Garapen ukara ukara ing ngisor iki supaya dadi basa krama lugu / krama madya ! 1. Pak, aku arep mulih ndhisik ngeterake adhik lunga sekolah ! Wangsulan :................................................................................................................ 2. Bu, aku durung ngerti kabar iku yen Badrun lara. Wangsulan :................................................................................................................ 3. Mbah, adhik mau durung gelem mangan lan ngombe. Wangsulan :................................................................................................................ 4. Bu, ngapurane ya aku lali ora nggawa buku . Wangsulan :................................................................................................................ 5. Ya, bu mengko klambine adhik tak gawake. Wangsulan :................................................................................................................ 6. Ya, aku dak ngomong karo Bu guru mengko . Wangsulan :................................................................................................................ 7. Saiki jaman saya maju yen tetuku ora prelu lunga adoh. Wangsulan :................................................................................................................ 8. Apa bener kandhamu kui dhik, kowe aja golek gara gara Wangsulan :................................................................................................................ 9. Sawise tangi turu aku banjur age age nukukake jajan adhik. Wangsulan :................................................................................................................ 10. Apa anane sing ana ing kono men padha melu krungu. Wangsulan :................................................................................................................ Mikul dhuwur mendhem jero Tegese : anak kudu bisa njunjung drajate wong tuwa. ( Setiap anak seharusnya bisa menjunjung derajat orang tuanya.


42 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP A. Pilihen wangsulan a, b, c, lan d kang koanggep bener, banjur wenehana tandha ping (x) ing lembar jawab kang wis sumadya! 1. Ing ngisor iki ora nerangake bab carita legenda yaiku... . a. Isine nyaritakake jaman biyen c. Sumber caritane saka rakyat b. Mesthi yaritakake asal usul kadipaten d. Ora dingerteni sapa pangripatane 2. Ing ngisor iki ora kalebu carita legenda saka wewengkon Jawa Tengah... . a. Rawa Pening c. Roro Jonggrang b. Baturaden d. Dumadine kutha Banyuwangi 3. Rawa Pening menika salah satunggaling papan wisata ing tlatah... . a. Purwokerto c. Yogyakarta b. Semarang d. Surabaya 4. Sapa sejatine Bandung Bandawasa miturut wacan ing dhuwur... a. Senapati Kraton Prambanan c. Sisihane Roro Jonggrang b. Senapati Kraton Pengging d. Balane Prabu Boko 5. Penggalihe Bandung Bandhawasa panas, jalaran dipaeka dening Rara Jonggrang. Tembung kagaris ngisor ing ukara ing ndhuwur duweni teges... a. Atine c. Rai b. Awake d. Swasana 6. Rakyat ing laladan Prambanan padha sengsara amarga... a. Rajane seneng meres bandhane rakyat ` c. Rajane ora nggatekake rakyate b. Rakyate padha kakehan utang d. Kerep melu perang 7. Mangerteni endahing pasuryaning Roro Jonggrang, Bandung sanalika langsung kepencut. Tembung kagaris ngisor ing dhuwur tegese... . a. Rai c. Dalem b. Tamane d. Papan wisata 8. Ing ngisor ora kalebu wosing/isi teks wacana Rara Jonggrang yaiku... a. Prabu Boko kagungan putra Roro Jonggrang c. Prabu Boko watake kejem b. Bandhung Bandawasa kasil dipejahi rakyate d. Bandung gawe candhi 9. Roro jonggrang kang meruhi kadadean iku rumangsa mongkog atine. Mongkog atine tegese... a. Manteb c. Seneng b. Gela d. Keweden 10. Piweling luhur kang tinemu ing teks wacana Rara Jonggrang yaiku... a. Seneng tumindak angkara murka c. Kejem marang para manungsa. b. Tumindak apa wae kanthi grusa grusu d. Dadi panguwasa kudu luhur 11. Ing ngisor iki sing ora kalebu tuladha carita legenda saka tlatah Jawa Tengah.... . a. Baturaden c. Roro Jonggrang b. Rawa pening d. Asal usul Kutha Banyuwangi 12. Sasedaane Prabu Boko, Bandung Bandawasa banjur kepethuk Roro Jonggrang ing taman. Ukara ing dhuwur migunake basa… . a. Ngoko lugu c. Krama alus b. Ngoko alus d. Krama lugu UJI KOMPETENSI 7


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 43 13. Bandung langsung sanalika kepencut marang putri raja kasebut. Tembung kagaris kandel ing dhuwur dasanamane… . a. Tresna c. Serik, b. Duka d. Mangkel 14. Ing ukara ngisor iki kang migunakake tembung saroja ana ing... . a. Adhik sirahe mumet kemut-kemut c. Kancakukerja adus kringet b. Sawise entuk biji satus Dika gedhe sirahe d. Bocah iku kudu ngerti tata krama 15. Marang sanak... kudu sing guyup... . Tembung saroja kanggo ngisi ukara ing dhuwur yaiku... . a. Kadang, aman c. Sedulur, tentrem b. Sedherek, ayem d. Sedulur, rukun 16. Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa krama lugu... . a. Bapak taksih sare c. Kula dereng wangsul b. Adhik mundhut gendhis d. Ibu arep tindak 17. Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa krama alus... . a. Simbah mirsani tv c. Budhe isih dhahar b. Ibu tileman ing kamar d. Boni mbekta rasukan 18. Adhik wau ... peksi wonten peken. kancanipun. Tembung kang trep kanggo nerusake ukara ing dhuwur yaiku.. . a. Mundhut, diterake c. Tumbas, dipundugekaken b. Tumbas, didherekake d. Mundhut, dipunkancani 19. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basa yaiku... . a. Kula kagungan menda kathah. c. Edo ngangge rasukan ijem b. Bapak gadhah lembu sekawan d. Fian dereng ngerti kabare Dita 20. Ki Pandanaran ndadak rumaos lingsem kaliyan Sunan Kalijaga. Tembung lingsem tegese.... a. Jengkel c. Ora kepenak b. Wedi d. Isin B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Carita kang ana gegayutane karo asal usul papan panggonan diarani… . 2. Prayogane menawa arep nulis cerita legendha sadurunge nemtokake irah-irahan iku kudu nemtokake… . 3. Mangerteni kahanan mangkono Roro Jonggrang banjur gawe cara kepriye supaya pambudidayane Bandung wurung. Tembung kacithak kandel tegese… . 4. Asal usul dumadine Surabaya kalebu carita legenda saka tlatah... 5. Ing jaman biyen carita rakyat kasebarake lumantar... . 6. Nyi Pandanaran karudapeksa deningpara begal. Tembung kagaris ngisor tegese... 7. Rawa Pening sawijing carita legenda saka wewengon Jawa Tengah. Wewengkon dasanamane... lan... . 8. Kula badhe ngomong kaliyan ibu. Tembung kang trep kanggo ngganti tembung kacithak kande yaiku... .


44 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 9. Samenika Dito sampun dhateng wonten ing griyanipun Mala. Ukara kasebut migunakake basa... . 10. Supaya gegayuhanku bisa kasembadan, aku tansah njaluk donga ...marang bapak ibu. Tembung saroja kanggo nerusake tembung ing dhuwur yaiku... . C. Wangsulana kanthi cetha pitakon-pitakon ing ngisor iki ! 1. Tulisna tuladha cerita legendha ing tlatah Jawa Tengah 3 bae ! Wangsulan : ........................................................................................................................................ ......................................................................................................................................... 2. Tulisna cara nulis cerita legenda 3 bae ! Wangsulan : ......................................................................................................................................... ....................................................................................................................................... 3. Tulisna unsur-unsur instrinsik carita legenda ! Wangsulan : ......................................................................................................................................... ....................................................................................................................................... 4. Tembung tembung ing ngisor iki tulisna ukara migunakake basa krama kang trep ! a. Ndherekaken b. Ndugekaken Wangsulan : ................................................................................................................................... ................................................................................................................................. 5. Tulisna ukara sing becik migunakake tuladha tembung saroja ! Wangsulan ......................................................................................................................................... .......................................................................................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 45 I. Tata krama nindakake pacelathon Wong urip ing alam donya iki ora bisa urip ijen dhewekan. Saben wong ikut bakal mbutuhake tulung tinulung marang antarane wong siji lan wong liyane. Bab iki sing diarani makhlus sosial. Mula wong kasebut uga gelem ora gelem kudu nindakake srawung marang wong liya. Anggone srawung kasebut supaya bisa ditampa becik, wong kaebut kudu kurmat kinurmatan lan nduweni tata krama kang prayoga. Bab tata krama iki bisa ditrapake nalika wong siji lan sijine nindakake ngendikan utawa guneman. Bab kasebut diarani pacelathon. Ing piwulangan iki bakal diandharake tata krama nindakake pacelathon. Tata krama nindakake pacelathon antarane yaiku : 1. Sing digunemake becik ora dora utawa ngapusi 2. Micara kanthi ulat kang nyenengake, ora mbesengut lsp 3. Micara alus kepenak dirungokake ora nglarani ati. 4. Nalika nindakake pacelathon nyawang marang sing dijak guneman. 5. Anggone nindakake pacelathon migunakake unggah ungguh kang trep gumantung sapa sing dijak guneman. 6. Lsp Supaya luwih cetha praktik nindakake pacelathon, ing ngisor iki bakal dicawisake tuladha pacelathon. Siswa bisa meragakake ana ing ngarep kelas ! GOLEK NGELMU Bu Ita : Sugeng sonten Bu Lurah? Bu Lurah : Sugeng sonten Bu Ita, taksih menapa panjenengan?” Bu Ita : Saking dugekaken lare nembe les matematika, Bu” Bu Lurah : ”O, makaten ta”. “Samenika putranipun panjenengan kelas pinten? Bu Ita : Doni, ingkang alit taksih kelas gangsal (5) SD Bu, dene ingkang mbarep, Rahma samenika semester sekawan (4). “Menawi putra panjenengan samenika nglajengaken wonten pundi? Bu Lurah : Anak kula Denok, pados ngelmu wonten Pondok Bu“ Lha Mbak Rahma kuliah wonten pundi lan mendhet jurusan menapa bu, samenika ? Bu Ita : Kuliah wonten Stikes ing Yogyakarta Bu, mendhet jurusan keperawatan”. Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar Menelaah isi dialog/percakapan Indikator Mangerteni tata krama nindakake pacelathon marang wong tuwa. Tata carane nulis pacelathon Nulis pacelathon nganggo unggah-ungguh kang trep Praktik nindakake pacelathon ing ngarep kelas WULANGAN 8 PACELATHON


46 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP Bu Lurah : ” Wah sae sanget jurusanipun mbak Ratna. Miturut pawartos ingkang kula tampi, benjing pamerintah badhe ngangkat kathah tenaga kesehatan”. Bu Ita : “Nggih menapa Bu?” Bu Lurah : Inggih Bu, babagan kesehatan menika minangka program pamerintah ingkang sanget dipungatosaken. Malah anggaran bidhang kesehatan taun menika mindhak tinimbang taun kepengker. Bu Ita : Lajeng, menapa wonten sesambetanipun anggaran kesehatan mindhak kaliyan kabetahan tenaga kesehatan Bu?” Bu Lurah : Nggih wonten kemawon ta Bu, kanthi anggaran ingkang ageng pamerintah saged mbayar para pegawenipun kanthi lancar. Awit saking menika pamerintah badhe ngangkat tenaga kesehatan sakathah kathahipun taun mbaka taun. Bu Ita :“ Wah marem kula mirengaken pawartos saking panjenengan Bu, raosipun bingah lan ageng ing pangajeng – ajeng kula mugi sasampunipun purna anggenipun sinau ing pawiyatan inggil samangke anak kula saged daftar lan ketampi dados pegawe kesehatan”. Bu Lurah : Amin, menawi ketampi nggih kula ugi ndherek bingah Bu” Bu Ita : Inggih Bu, matur nuwun pawartos lan kawigatosan panjenengan”. Bu Lurah : “Inggih Bu sami-sami” Gladhen 1. Sapa kang nindakake pacelathon ing dhuwur? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 2. Pacelathon ing dhuwur ngandharake bab apa? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 3. Sinten kemawon putranipun Bu Ita !, Wangsulan : ………………………………………………………………….. 4. Bu Lurah nyukani pawartos menapa kaliyan ibu Ita? Wangsulan : …………………………………………………………………. 5. Putranipun bu lurah pados ngelmu wonten pundi? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 6. Putranipun ibu Ita ingkang mbajeng sinau ing? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 7. Menapa sesambetanipun anggaran kesehatan ingkang mindhak kaliyan kabetahan tenaga kesehatan? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 8. Menapa ingkang dipunraosaken ibu Ita mireng ngendikanipun Bu Lurah? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 9. Menapa pangajapipun Ibu Ita? Wangsulan : ………………………………………………………………….. 10. Kaseratna watak watak Bu Lurah 2 kemawon ! Wangsulan : ………………………………………………………………….. Kutuk marani sunduk Tegese : Sengaja marani bebaya ( Sengaja mendatangi mara bahaya )


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GENAP 47 II. Nulis lan meragakake Teks Pacelathon A. Praktikna teks pacelathon ing ngisor iki karo kancamu ing ngarep kelas! Virus Corona Dito : Pak, nyuwun ijin, kula badhe kesah wonten griyaniipun kanca. Bapak : Koe aja lunga-lunga sik tho, Le. Dito : Lha wonten menopo, Pak? Ibu : Le, mulakno aja nonton sinetron karo dolanan game wae, pisan-pisan cobo nonton berita. Bapak : Saiki lagi akeh sing terinfeksi virus corona, Le. Dito : Virus corona niku menopo, Pak? Bapak : Corona kui virus sing nginfeksi sistem pernapasan atas. Ibu : Virus siji iki gampang banget nular, Le, kaya penyakit flu kae nanging gejalane luwih parah. Dito : O njih, lha pripun cara ngertos menawi wonten tiang terinfeksi virus corona, Bu? Ibu : Gejalane macem-macem, ana sing ringan, nanging ya ana sing parah. Biasane, uwong bakal panastinggi, sesek, awak rasane pegel kabeh, mumet, watuk kering, lan lara tenggorokan. Dito : Wah, medeni njih, Bu. Dados, pripun cara ngindari virus corona? Ibu : Ya salah sijine sing dilarang bapakmu mau, yaiku aja metu-metu sik. Sakliyane iku, awakdewe kudu nganggo masker, jogo jarak siji nganti loro meter, lan kudu kerep wisuh tangan nganggo sabun. Dito : O njih, kados niku. Njih pun, kula mboten sios tindak mawon, Pak. Bapak : Nah, ngono kui sing becik, Le. Dito : Njih, Pak. Wose pacelathon ing dhuwur yaiku : ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. Kompetensi Dasar Menulis dan menyajikan teks dialog yang melibatkan tokoh orang tua. Indikator Meragakake pacelathon ing ngarep kelas Ngandharake wose pacelathon. Nulis lan meragakake pacelathon sing digawe ing ngarep kelas. Gladhen maca lan nulis aksara Jawa Mangerteni tembung Entar Mangerteni wangsalan


Click to View FlipBook Version