The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by baskorosukristiawan20, 2023-08-14 23:57:29

PANABASA 7 GNP_merged

PANABASA 7 GNP_merged

WULANGAN 1 PRASTAWA BUDAYA UJI KOMPETENSI 5 Surasane Buku WULANGAN 2 SERAT WULANGREH PUPUH SINOM UJI KOMPETENSI 6 WULANGAN 3 CERITA RAMAYANA UJI KOMPETENSI 7 WULANGAN 4 PACELATHON UJI KOMPETENSI 8 GLADHEN PENILAIAN AKHIR TAHUN 7


2 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar 3.1 Memahami isi teks deskriptik tentang peristiwa budaya Indikator 3.1.1 Siswa dapat mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan. 3.1.2 Siswa dapat menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan. 3.1.3 Siswa dapat mengidentifikasi bahasa yang digunakan 3.1.4 Siswa merubah bahasa teks bacaan ke dalam ragam bahasa krama Gambar dolalak I. Teks Deskriptik Bab Prastawa Budaya A. Prastawa Budaya Daya pangaribawane babagan teknologi lan informasi ing jaman saiki tansaya maju banget. Masarakat lan para mudha gampang anggone ngakses pawarta utawa prastawa kang dumadi ing saindenging nuswantara. Gelem ora gelem masarakat kudu melu ambyur melu ombyaking jaman teknologi ananging kang baku aja nganti nerak marang tatanan utawa paugeran syariat agama lan pamerintah. Prastawa iku werna werna babe, ana prastawa budaya, pendhidhikan, olahraga, agama lan sapanunggalane. Prasatawa yaiku sawijining kedadeyan kang gegayutane karo budaya kang dumadi ana salah sijining panggonan lan nglibatake apa wae sing ana ing ndonya iki kayata kedadean gempa bumi utawa lindhu, kedadean kacelakan utawa kecelakaan, kedadean bencana alam banjir, tanah longsor, lan sak panunggalane. Nanging ing bab iki bakal diterangake bab pratawa kang ana gegayutane karo budaya. Supaya luwih cetha mangerteni prastawa budaya, supaya bisa nambahi kawruh lan seserepan coba siswa maca wacan ing ngisor iki ! Wacanen teks prastawa budaya ing ngisor iki ! Mangerteni Seni Dolalak, Warisan Budaya Purworejo DPRD Jateng ngadani dialog kabudayan lan pagelaran ndolalak ing Hotel Sanjaya, Kabupaten Purworejo Setu 12/2 2022. Acara kasebut dirawuhi uga dening pandhemen budaya Kabupaten Purworejo Verra Anggraeni Purwaningrum lan paraga seni tari Krisyanti Tri Astuti. Verra Anggraeni ngandharake menawa kesenian tradhisional minangka sarana asiling cipta rasa WULANGAN 5 PRASTAWA BUDAYA


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 3 lan karsaning manungsa saengga kesenian tradisional iku bisa kanggo identitas utawa jatidhirine sawijining dhaerah. Kesenian tradhisional kasebut tuladhane seni tari dolalak. Seni iki miturut sujarah saka tlatah Purworejo kang ngambarake tindak tanduke serdadu Walanda kang ngaso ing camp camp. Nalika ngaso iki, serdadu walanda pada nindakake tarian lan jejogedan. Astuti mratelakake menawa tari dolalak iki nate dadi pradondi ing madyaning masarakat Purworejo jalaran saka busanane kang diagem bisa ngumbar hawa nepsu. Mula saiki, kairing ombaking jaman busane tari dolalak dipasake marang kahanan para penontone, sing baku pantes disawang ora nerak marang paugeran agama. Wakil Ketua DPRD Jateng Heri Pudyatmoko ngandharake , Indonesia duweni kabudayan kang adiluhung, akeh lan werna werna, emane ora kabeh generasi mudha kang mangerteni lan nggatekake ngengingi kabudayan jawa asli Indoenesia kasebut. Ora sithik generasi mudha malah gandrung marang budaya saka mancaegara kang cethacetha akeh kang sasar susur marang budaya lan tata krama ing Indonesia. Saperangan generasi mudha duwe panganggep menawa budaya saka mancanegara luwih ngetrend,moderen beda karo budaya lokal kang ketinggalan jaman . Ing pangajab minangka Wakil Ketua DPRD Propinsi Jateng ngandharake budaya lan seni tradhisional kang mligine ana ing tlatah Purwoejo lan umume Negara Indonesia iku kudu tetep dijaga lan dilestarekake supaya bisa ngrembaka . Bab iku bisa kasembadan menawa generasi mudha kabeh bisa handarbeni ngrasakake, ngerti, lan mudheng lan gelem nyinaoni marang kesenian saka Purworejo kasebut. Kabesut sakaTribunnews.com kanthi owah-owahan basa jawa I. Negesi tembung Tembung tembung ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih pilihan kang jumbuh kang wis kacawisake ing sisih tengen !. Pilihan 1. Adiluhug a. Nyimpang saka aturan 2. Gandrung b. aturan 3. Handarbeni c. pengarep-arep, harapan 4. Kasembadan d. wong kang seneng 5. Karsaning e. tambah akeh, maju 6. Madyaning f. njelasake 7. Mligine g. nduweni 8. Ngandharake h. kalakon, katekan 9. Ngengingi i. apik, becik 10. Ngrembaka j. seneng 11. Pandhemen k. karep 12. Pangajap l. Tengahing 13. Paugeran m. khususe 14. Pradondi n. Prekara ,masalah 15. Sasar susur o. Bab ( mengenai)


4 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Ngadani : Ngawontenaken II. Basa krama Tuladha : Owahana dadi basa krama tembung tembung ing ngisor iki ! 1. Dijaga : .................................................. 2. Dilestarekake : .................................................. 3. Kahanan : .................................................. 4. Mangerteni : .................................................. 5. Mligine : .................................................. 6. Mratelakake : .................................................. 7. Nggatekake : .................................................. 8. Ngandharake : .................................................. 9. Ngrasakake : .................................................. 10. Sawijining : .................................................. III. Wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi cara milih pratelan B ( Bener) utawa S (salah)! 1. Dialog kabudayan lan pagelaran ndolalak katindakake ing Hotel Sanjaya B - S 2. Ketua DPRD Jateng Heri Pudyatmoko ngandharake, Indonesia duweni B - S kabudayan kang adiluhung akeh lan werna-werna. B - S 3. Kesenian tradisional iku bisa kanggo identitas lan jatidhirine sawijining dhaerah. B - S 4. Kabeh generasi mudha duwe panganggep menawa budaya saka mancanegara B - S luwih ngetrend lan moderen. 5. Generasi mudha kudu ngerti, lan mudheng lan gelem nyinaoni marang B- S kesenian saka Purworejo kasebut. 6. Kabeh kesenian tradhisional iku asale saka tlatah Purworejo. B - S 7. Busana tari dolalak iku becike kudu nerak marang paugeran agama. B - S 8. Generasi mudha akeh kang gandrung marang seni tari dolalak. B - S 9. Paraga pandhemen budaya Kabupaten Purworejo asmane Krisyanti Tri Astuti. B - S 10. Tari dolalak nate dadi pradondi ing madyaning masarakat Indonesia. B - S IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki ! 1. Sapa kang ngadani dialog kabudayan lan pagelaran ndolalak ing Hotel Sanjaya ? Wangsulan : ..............................................................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 5 Nabok nyilih tangan tegese namakake panggawe ala sarana kongkonan wong liya. 2. Kepriye kahanane tari dolalak ing jaman saiki? Wangsulan : ............................................................................................................. 3. Apak kang diandharake Wakil Ketua DPRD Jateng Heri Pudyatmoko ? Wangsulan : .............................................................................................................. 4. Miturut sujarah saka tlatah Purworejo, seni dolalak iku ngambarake ... . Wangsulan : .............................................................................................................. 5. Pangajabe Wakil Ketua DPRD Propinsi Jateng bab budaya lan seni tradhisional kang mligine ana ing tlatah Purwoejo lan umume Negara Indonesia iku kudu... . Wangsulan : ............................................................................................................. 6. Dolalak ing jaman biyen dadi pradondi ing madyaning masarakat Purworejo sebab ... . Wangsulan : .............................................................................................................. 7. Carita ing dhuwur sumbere saka... Wangsulan : .............................................................................................................. 8. Kang diandharake pandhemen kabudayan Verra Anggraeni Purwaningrum yaiku.... . Wangsulan : ............................................................................................................. 9. Miturut saperangan generasi mudha, budaya saka mancanegara iku... . Wangsulan : .............................................................................................................. 10. Budaya la seni tradhisional saka Purworejo bisa maju lan ngrembaka menawa generasi mudha ... . Wangsulan : .............................................................................................................. B. Kawruh Basa I. Bebasan Bebasan yaiku, unen-unen kang ajeg panganggone mawa tegas entar, ngemu surasa pepindhan, kang dipindhaake kaanan utawa sesipate wong. Tuladha : Coba bebasan ing ngisor iki tegesana kanthi milih wangsulan kang ana ing ngisore! 1. Madu balung tanpa isi. 2. Emban cindhe emben siladan. 3. Kocak tandha lokak 4. Dikena iwake aja nganti buthek banyune. 5. Suduk gunting tatu loro. 6. Nututi layangan pedhot.


6 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 7. Kegedhen empyak kurang cagak. 8. Ngregem kemarung. 9. Kebanjiran segara madu. 10. Kerot tanpa untu. 11. Dudu berase ditempurake. 12. Ngubak-ubak banyu bening. 13 Mburu uceng kelangan dheleg 14. Katon cepaka sewakul. 15. Nglungguhi klasa gumelar. Pilihane: a. Momong wong sing angel banget aten-atenane. b. Wis rupane ala, atine ala pisan. c. Darbe panjangka nanging ora duwe srana. d. Gawe rerusuh ing papan kang tentrem. e. Sugih omong pratandhane durung akeh kawruhe. f. Ditresnani dening wong akeh. g. Regejegan perkara sepele. h. Urun rembug nanging ora gathuk karo sing dirembug. i. Nindakake pagawean sawarna, kleru, wusana gawe kapitunan luwih saka sawarna. j. Kang sinedya bisa klakon nanging ora nganti gawe gendra. k. Marang siji lan sijine, pangrengkuhe ora padha. l. Ngupaya baline barang remeh kang wis ilang, upama ketemu ora cucuk karo rekasane. m. Pagawean kang sakjane gampang dadi angel jalaran kleru patrape nggarap. n. Kegedhen panjangka kurang srana. o. Ngupadi barang sepele, malah kelangan barang sing luwih pengaji. p. Oleh kanugrahan kang gedhe banget. q. Kari nemu kepenake, kabeh-kabeh wis sarwa cumepak.


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 7 Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut Kompetensi Dasar 4. .1 Menanggapi isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya dengan ragam krama.) Indikator 4.1.1 Siswa mampu mengartikan kata kata sukar 4.1.2 Siswa merubah bahasa teks bacaan ke dalam ragam bahasa krama. 4.1.3 Siswa dapat menanggapi tampilalan teks prastawa budaya menggunakan ragam krama 4.1.4 Mampu mengidentifikasi bahasa yang digunakan. Gambar grebeg sekaten Kompetensi Dasar 2. Nanggapi Teks Narasi Prastawa budaya I. Teks wacana ing ngisor iki wacanen kanthi premati ! SEKATEN Sekaten utawa upacara sekaten (iku saka tembung Syahadatain utawa loro kalimah syahadat) yaiku acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad SAW sing dianakna ing saben tanggal 5 sasi Jawa Maulud (Rabiul awal taun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara iki biyen dianggit dening Sultan Hamengkubuwana I, pendiri keraton Yogyakarta kanggo ngundang masyarakat supaya gelem mlebu agama Islam. Upacara iki biyen saka jaman Kerajaan Demak, yaiku Kerajaan Islam ing Tanah Jawa sing ngadeg sakwuse ambruke Kerajaan Majapahit ing taun 1400 Saka utawa 1478 Masehi. Ambruke Majapahit nggawe kuceme Kerajaan Hindu ing tanah Jawa sing diperintah dening Prabu Brawijaya V. Raja Demak sing pisanan yaiku Raden Patah utawa Sultan Bintara. Raden Patah nyebarna agama Islam ing tanah Jawa, nanging akeh masarakat sing ora ngrasuk agama Islam. Sunan Kalijaga ngusulna cara yaiku ngganti tata cara adate agama Islam supaya padha karo syari’at Islam. Antarane yaiku semedi, biyen semedi kanggo nyembah dewa saiki diganti sholat limang waktu. Sajen, biyen sajen kanggo menehi mangan dewa lan jin. Supaya padha karo agama Islam , banjur diganti zakat fitrah. lan liya-liyane. KETRAMPILAN


8 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Upacara diwiwiti bangi diiringi abdi Dalem (Punggawa Keraton) lan gamelan jawa. Dene tempuking sekaten yaiku anane Grebeg Muludan ing tanggal 12 wiwit jam 8 esuk. Dikawal 10 werna (bregodo/kompi) prajurit keraton : Wirobrojo, Daeng, Patangpuluh, Jagokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero, Surokarso, lan Bugis. Gunungan siji saka ketan, pakanan lan woh-wohan sarta jangan-janganan sing digawa saka Istana Kemandungan nuju Masjid Agung. Sakwuse gunungan didongani, nuli didum-dumna ning masyarakat. Sumber : https://id.wikipedia.org/wiki/Sekaten Negesi Tembung a. Golekana tegese tembung-tembung ingngisor iki kanthi milih piliha kangwis kacawisake ! 1. Ambal warsanipun : 2. Dianggit 3. Diwiwiti 4. Mengeti 5. Ngrasuk b. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis ! 1. Sekaten iku asal usule saka tembung... . 2. Upacara sekaten dianakake kanggo mengeti ambal warsane... . 3. Sekaten biasa diadani ana ing... . 4. Supaya padha karo agama Islam , sajen banjur diganti... . 5. Kerajaan Hindu ing tanah Jawa diperintah dening... . 6. Kang ngusulke ngganti tata cara adate agama Islam supaya padha karo syari’at Islam asmane... . 7. Kerajaan Islam ing Tanah Jawa sing ngadeg sakwuse ambruke Kerajaan Majapahit yaiku... . 8. Dene tempuking sekaten yaiku anane... . 9. Sakwuse gunungan didongani, banjur... . 10. Irah-irahan teks prastawa budaya ing dhuwur yaiku... . II. Wacanen teks prastawa budaya ing ngisor iki ! OM TELOLET OM Gebyaring bel klakson telolet rame banget dicritake masarakat. Ora ana sing ngerti sapa sejatine sing nggawa telolet, nanging miturut kalawarti KR Jogja martakake menawa pengusaha a. Dilekasi b. Mlebu c. Dikarang e. Ulang taun f. Memperingati g. Ngrayakake


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 9 kang aran H. Teuku Eri Rubiansah sing sepisanan nggawa. Pengusaha sing duwe PO Efisiensi iki isih mbangun trayek Jogja-Cilacap lan Jogja-Purwokerto nalika semono. Dheweke nalika ing luar negeri tuku bel supaya armada buse duwe titikan kang mirunggan. Amarga mbudidaya kanthi temen, mempeng lan manteb suwe ning suwi taun mbaka taun wusanane usahane trayek bus dheweke saya maju lan ngrembaka. Bus kasebut saya dikenal masarakat, lan sing dadi narik kawigaten bocah –bocah lan para mudha swara khas telolet prayata bisa ndadekake bungahe ati lan nyenengake dirungokake. Miturut alumni Fakultas Ekonomi Universitas Islam Indonesia iki dheweke sepisanan tuku klakson ana ing pameran otomotif ing Jerman, mapane ing kutha Hannover. Nanging nalika ngepasi tindak haji dheweke tuku maneh ing Jeddah. Amarga swarane telolet werna werna tur apik apik dheweke tuku akeh banget banjur digawa mulih menyang Indonesia. Saiki fenomena ing masarakat Indonesia ‘Om Telolet Om” saya rame. Ora mung ana ing kutha kutha gedhe kayata Jakarta, Semarang,Bandung Surabaya lan kutha kutha liyane, nanging wis sumrambah ana ing pinggir pinggir dalan gedhe saindhenging nuswantara Indonesia., Bab iku amarga saka daya pangaribawa media sosial, media cetak, media elektronik kang ing jaman saiki saya maju. GLADHEN a. Negesi Tembung 1. Daya pangaribawa Pilihan 2. Kalawarti 3. Mbudidaya 4. Mirunggan 5. Temen 6. Titikan 7. Saindhenging 8. Sejatine 9. Wusanane 10. Sumrambah b. Gawe ukara kang becik Tuladha : Budaya : Budaya saka mancanegara iku prayogane ora ditampa kabeh, dienggo sing becik, disingkiri sing ala. Gawenen tembung-tembung ing ngisor iki dadi ukara kang becik ! 1. Gebyare : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 2. Prastawa : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 3. Martakake : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 4. Mbudidaya : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 5. Temen : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 6. Wusanane : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... a. Sumebar b. Akhire c. Satenane d. Sakabehing e. Tenanan f. Khusus g. Koran h. Majalah i. Pengaruh j. Tandha k. Usaha l. Saperlune


10 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 7. Ngrembaka : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 8. Temen : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 9. Kalawarti : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... 10. Sumrambah : .................................................................................................................. c. Wangsulana pitakonan ngisor iki cekak kanthi cekak aos! 1. Warta ing ndhuwur sumbere saka ? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 2. Sejatine sapa sing njalari anane fenomena om telolet om? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 3. Kapan pawarta kuwi disiarake? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 4. Pengusaha armada bus PO Efisiensi isih mbagun trayek ana ing ngendi? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 5. Apa sebabe trayek buse saya maju lan ngrembaka.? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 6. Apa sing ndadekake trayek buse cepet dikenal masarakat ? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 7. Kajaba nindakake haji, apa sing ditindakake H. Teuku ana ing kutha Jeddah? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 8. Kepriye kahanane fenomena om telolet om ing Indonesia ? Wangsulan:………………………………………………………………………………….. 9. Ing kutha kutha gedhe ngendi wae om telolet om rame? Wangsulan:…………………………………………………………………………………. 10. Apa wae sing njalari pengaruh om telolet om cepet sumebar ing nuswantara Indonesia? Wangsulan:…………………………………………………………………………......... d. Ukara ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa krama ! 1. Gebyaring bel klakson telolet rame banget dicritake masarakat Wangsulan : .......................................................................................................................... 2. Ora ana sing ngerti sapa sejatine sing nggawa telolet. Wangsulan : .......................................................................................................................... 3. Dheweke nalika ing luar negeri tuku bel supaya armada buse duwe ciri khusus. Wangsulan : .......................................................................................................................... 4. Suwe ning suwi taun usahane saya maju lan ngrembaka. Wangsulan : ..........................................................................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 11 5. Krungu swara bel telolet, bocah –bocah padha seneng lan bungahe ati. Wangsulan : .......................................................................................................................... 6. Dheweke sepisanan tuku mapane ing kutha Hannover. Wangsulan : .......................................................................................................................... 7. Amarga swarane telolet werna werna lan apik apik. Wangsulan : .......................................................................................................................... 8. Dheweke tuku akeh banget banjur digawa mulih menyang Indonesia. Wangsulan : .......................................................................................................................... 9. Saiki kudu luwih ngati –ati menawa nggunakake medhia sosial Wangsulan : .......................................................................................................................... 10. Kabar apa wae saiki gampang ditampa lumantar medhia sosial. Wangsulan : .......................................................................................................................... e. Critakna maneh isine teks budaya ing dhuwur nganggo basamu dhewe ing ngarep kelas! .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. .............................................................................................................................................................. ..............................................................................................................................................................


12 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Paribasa Tuladha : Mburu uceng kelangan deleg. Tegese : Mburu barang sepele kelangan barang sing luwih gedhe. 3. KAWRUH BASA I. Paribasa yaiku unen unen kang ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhan. Gladhen Tegesana unen-unen ngisor iki kanthi milih wangsulan ing ngisore! 1. Keplok ora tombok. 2. Sepi ing pamrih rame ing gawe. 3. Tuna satak bathi sanak. 4. Ana dhaulate ora ana begjane. 5. Rawe-rawe rantas malang-malang putung. 6. Sembur-sembur adas siram-siram bayem. 7. Undhaking pawarta sudaning kiriman. 8. Sapa gawe nganggo sapa nandur ngundhuh. 9. Jer basuki mawa beya. 10. Desa mawa cara negara mawa tata. Pilihane: a. Yen kepengin urip mulya kudu gelem ngetokake ragad. b. Saben papan utawa panggonan duwe adat tata cara dhewe-dhewe. c. Melu seneng-seneng nanging ora gelem melu ngetokake ragad. d. Rugi bandha bathi sedulur. e. Arep nemu kabegjan ora sida. f. Kabeh kang ngalang-alangi sedyane bakal disingkirake. g. Anggone tumandang gawe kanthi ora duwe melik apa-apa. h. Pawarta iku lumrahe luwih saka nyatane. i. Bisa kaleksanan sedyane amarga saka pandongane wong akeh. j. Tumindak ala lan becik iku bakal oleh piwales jumbuh karo panggawene iku


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 13 Tuladha : Baguse, kaya Bathara Kamajaya. Brengose, nglaler mencok. II. Pepindhan yaiku : tetembungan sing ngemu surasa pepindhan, irib-iriban. Mulane biyasane diwiwiti nganggo tembung-tembung pindha, lir, kaya. Pepindhan asale saka tembung pindha kang tegese kaya, lir, pendah, kadya, kadi, lan sapanunggalane Gladhen Golekana pepindhane ukara-ukara ing ngisor iki kanthi milih pilihan kang bener ana ing ngisore! 1. Wadya bala kang nganggo klambi abang padha ngumpul kaya …. 2. Prajurit kang seda akeh banget kaya …. 3. Kabeh lungguhe anteng banget kaya …. 4. Bocah kang khatam mau bengi ayu-ayu kaya …. 5. Putrane pak Syukri tumindake beda banget siji apik sing siji ala kaya …. 6. Omongan ngecuwis nanging bareng ibune rawuh banjur meneng klakep kaya.. 7. Para takziah nganggo klambi ireng padha ngumpul kaya …. 8. Kang nganggo klambi kuning padha ngumpul kaya …. 9. Bulik karo paklik nek tindakan ning endi wae bareng lan rukun banget kaya.. 10 . Putrane mbak Daonah kembar. Jan persis banget ora ana bedane kaya …. Wangsulane: a. Dewi Ratih g. mbelah-belahna bumi l . gagak reraton b. bumi karo langit h. suwe mijet wohing ranti m. yangkem kodhok c. jambe sinigar i. orong-orong kepidak n. podhang reraton d. kapuk diwusoni j. bantheng ketaton o. mimi lan mintuna e. alas kobongan k. sulung lumebu ing geni f. sapi ompong III. Tembung saroja yaiku tembung loro sing tegese padha dianggo bebarengan. Tuladha : Tandurane iku ijo royo royo disawang katon adhem ayem Terusna tembung saroja ing ukara ukara ngisor iki, kanthi milih pilihan wangsulan kang sumadya ing sisih ngisor ! Pepindhan Tembung Saroja


14 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 1. Prabu Rahwana pancen raja kang sekti.... nanging tumindak angkara... 2. Marang wong tuwa kudu ngetrapake tata... lan awatak andhap... . 3. Amarga peteng...aku ora bisa weruh dalan kang ndadekake tiba nganti babak... . 4. Marang sanak... kudu sing guyup... . 5. Srawung iku prayogane awake dhewe kudu bisa ngetrapake tepa.. lan unggah... . 6. Kerepa olahraga supaya kaparingan bagas... 7. Negara Indonesia iku alame gemah... rakyate kerta... . 8. Kulinakna ngaturake puji... marang Allah swt supaya kaparingan rahayu... 9. Yen duwe prekara ruwet... njaluke eguh.... marang wong tuwa. 10. Sesawangan Pantai Jatimalang iku pancen edi... lan kondhang ... tekan ngendi endi. a. Krama, asor e. Endah, banget i. Syukur, basuki b. Kadang, rukun f. Abot, pamrayoga j. Pangestu, Begja c. Ripah, raharja g. Ndhedhet, bundhas k. Peni, kaloka d. Peni, kaloka h. Selira, ungguh l. Mandraguna, murka IV. Tembung panggandheng yaiku tembung kang dadi panggandheng antarane tembung lan tembung, frasa lan frasa, klausa lan klausa utawa ukara lan ukara. Tuladha tembung panggandheng antarane : 1. Nggadhahi teges ngumpulake ; tuwin, saha, sarta, sumawana, lan 2. Teges pangarep-pangarep utawa pangajap; muga-muga, mbok menawa, supaya lsp. 3. Teges mratelakake kosok balen ; nanging, sanajan, ewa semono lsp. 4. Teges mratelakake sebab kedadeyan; sebab, karana, amarga, jalaran, nganti, wekasane lsp. 5. Teges mratelakake janggelaning tindak; menawa, yen, umpama, ing saumpama, angger lsp. 6. Teges lelakon utawa kedadeyan; yen, bilih lsp Tembung Panggandheng


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 15 GLADHEN Ukara –ukara ing ngisor iki ganepana kanthi milih pilihan kang wis sumadya ing sisih tengen No Ukara Pilihan 1. Sawise makarya ing manca negara wong kae uripe mulya apa apa kecukupan…., emane kawit saiki durung payu rabi. - nganti - angger - amarga - ewa semono - supaya - menawa - lan - nanging - saengga - bilih - mula - utawa 2. Saiki Mbah Urip…. garwane padha tindakan menyang candhi Prambanan. 3. Tumindaka sing luhur lan becik ya mas…….mengko uripmu kepenak. 4. …. Aku nggawa buku mau, aku mesthi ora diparingi tugas maneh saka pak guru. 5 Amarga konangan tumindak ora bener Ozi dithuthuki kancane…… kelaran. 6. ….wedi mengko mundhak ora lulus, siswa siswi padha nindakakake les 7. Simbahku isih gerah…. saiki ora bisa ngrawuhi rapat ing desa. 8. ……………ing taun 90an akeh wong kang durung duwe HP. 9. ….. Tumindakmu isih dibaleni kaya mangkono, Allah kang bakal mbales 10. Aku mempeng sinaune……. aku bisa entuk rangking 1 Pilihen ukara ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah ungguhing basa ! B S 1. Adhik nyaosi dhaharan kaliyan simbah kakun ... ... 2. Budhe,kula badhe rawuh wonten ing dalem panjenengan ... ... 3. Acara prastawa budaya muludan iku lumrahe ditindake ing wulan ruwah ... ... 4. Acara sekaten iku dianakake saben taun kaping pindho. ... ... 5. Tembung Sekaten iku asale saka tembung syahadatain ... ... 6. Adhik siyos tindak dhateng Stasiun Balapan nitih kreta. ... ... 7. Kula dereng pirsa ngendikanipun enjing wau adhik menawi simbah sakit ... ... 8. Kula badhe mundhut ageman rumiyin mbah, kangge adhik kula ingkang wuragil ... ... 9. Pak Parjana menika kagungan putra kathah sanget. ... ... 10. “Dalem kula celak kaliyan griyanipun Pak Lurah bu ! “. ... ... GLADHEN


16 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP I. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi menehi tenger ping ana ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep bener! 1. Pahargyan kuwi dianakake kanggo mengeti wiyosan Dalem Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pahargyan tegese… a. Keslametan c. kesenengan b. kesehatan d. kabudayan 2. Grebeg kuwi wiwitane dianakake kanggo ngundang para warga supaya kumpul ana ing… . a. alun-alun c. pinggir dalan b. pasar d. pendhapa 3. Ing ngisor iki ora kalebu gunungan grebeg antarane… . a. jajanan tradhisional c. busana b. woh-wohan d. janganan 4. Pahargyan sekaten kasebut katon grengseng banget. Tembung kagaris kandel tegese… . a. sepi c. rame b. geger d. lancar 5. Acara grebeg sekaten kasebut dianakake ing sakiwa tengene… . a. kraton c. wewangunan b. kantor pamerintah d. pasar 6. Nedyane bapak , pengin ngupakara tanduran sengon akeh banget. Nedyane tegese... a. karepe c. kerep b. penting d. nggolek 7. Bapak nalika arep tindak ngluru kunci kontak ora ketemu. Tembung ngluru tegese... . a. karep c. kesusu b. penting d. nggolek 8. Goleka ngelmu supaya… . a. pinter c. mulyo b. sugih d. kondang 9. Wadyabala Pendhawa padha ngamuk kaya… a. mimi lan mintuna c. gabah dienteri b. bentheng ketaton d. alas kobong 10. Mengko bengi bakal dianakake acara kang wigati banget. Wigati tegese... a. penting c. biasa b. sae d. begja 11. Bab iku ana gegayutane karo seni lan budaya. Gegayutane tegese.... a. Klakon c. hubungane b. Tujuan d. isine UJI KOMPETENSI 5


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 17 13. Bapak kagungan peksi ingkang kaloka tekan saindhenging kutha. Kaloka tegese... a. manuk c. werna b. kondhang d. anyar 14. Acara pawiwahan(mantenan) tanggaku suguhane mbanyu mili. Mbanyu mili tegese... a. kaya banyu c. terus-terusan b. akeh banyune d. sithik banget 15. Negara Indonesia duwe pangangkah pengin mulyakake masarakat Indonesia. Pangangkah ateges... a. program c. panglipur b. pepenginan d. kasenengan 16. Aku … mbakyu sore iku padha pit-pitan. a. lan c. supaya b. menawa d. amarga 17. Ing ngisor iki tulada basa ngoko alus kang bener ana ing... . a. Bapak taksih tindak nitih kreta c. Dhik,ibu wis kondur durung?” b. “Mas, mengko mulih jam pira?” d. Jon, kula wangsul rumiyin. 18. Kulinakna nyuwun donga... marang wong tuwamu supaya kaparingan rahayu. Tembung saroja kang trep kanggo ngisi ukara ing dhuwur yaiku... . a. bekti c. panjurung b. pangestu d. puji 19. Tandange wong iku ndrawasi kaya... . a. bantheng ketaton c. ula dawa b. macan turu d. Penganten 20. “Bapak, adhik badhe ....kopi samenika !” a. ngunjuk c. mimik b. nginum, d. nyruput II. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi cetha ! 1. Prastawa budaya iku wis disebarake lumantar media elektronik yaiku ariwarti lan... . 2. Kedadean kang ana gegayutane karo budaya utawa adat lan tradhisi kang dumadi ing sawijining dhaerah iku diarani... 3. Grebeg Sekaten iku dianakake ing wulan Mulud dening Kraton Surakarta lan... . 4. Kabudayan jawa iku prayogane kudu tetep ... . 5. Kabudayan jawi iku dening masarakat asring ditindakake kanthi ancas ngaturake syukur marang... 6. Candhi Prambanan minangka cagar budaya kang kondhang... Tembung saroja kang jumbuh kanggo ngisi tembung kang kacithak kandel yaiku... .


18 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 7. Mas, bapak mau sawise kondur saka kantor nggawa jajan akeh banget. Nggawa basa kramane... . 8.ora nggawa payung, adhiku kudanan awake klebus. Tembung panggandheng kanggo nerusake ukara ing dhuwur yaiku... . 9. Nggoleki barang sepele kelangan barang sing luwih gedhe, paribasane... . III. Grebeg sekaten iku diadani dening kraton Ngayogyakarta. Tembung kagaris kandel tegese.. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi patitis ! 1. Sebutna carane nguri nguri kabudayan jawa , 3 wae ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 2. Tulisna 3 kesenian asiling budaya kang ana ing dhaerahmu ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 3. Apa sebabe bab kabudayan jawa iku perlu dilestarekake ?. Wangsulan : ....................................................................................................................... 4. Gawea ukara kang becik migunakake tembung : kabudayan jawa ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 5. Tulisna tuladha tembung saroja banjur tulisna ukara kang becik ! Wangsulan : ..........................................................................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 19 Kompetensi Inti 3.Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar Memahami teks piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom Indikator Mendengarkan teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom 3.2.3 Mengidentifikasi syair teks Serat Wulangreh Pupuh Sinom 3.2.3 Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit 3.2.4. Menjawabpertanyaan tentangisiteks Serat WulangrehPupuh Sinom. I. Mangerteni Teks Piwulang Pupuh Sinom Gb. Paraga tembang isih maragakake tembang macapat Tembang Sinom yaiku kalebu jenising tembang macapat kang duweni paugeran sanga larik/gatra saben sapada. Tembang macapat kang paling akeh cacahe larik sawise tembang Dandanggula. Tembang iki duweni sipat renyah, tegese kepenak dirungokake lan bisa ngresep ana ing jero ati. Tembang macapat iku duweni paugeran tembang kang beda karo tembang jawaa liyane. Wondene bedane, ing tembang macapat duweni paugeran tembang macapat antarane yaiku guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Apa siswa wis ngerti apa ta sing diarani paugeran paugeran kasebut? Yen durung ing bab iki bakal diterangake : Guru gatra yaiku cacahing larik utawa gatra saben sapada/sabait. Guru wilangan yaiku cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra/salarik. Guru lagu yaiku tibaning swara a,i,e,u,o ing saben pungkasaning gatra. A. Maca Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom anggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV Ingsun uga tan mangkana Balilu kang sun alingi Kabisan sun dokok ngarsa Isin menek den arani Balilune angluwihi WULANGAN 6 SERAT WULANGREH PUPUH SINOM


20 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Nanging tenanipun cubluk Suprandene jroning tyas Lumaku ingaran wasis Tanpa ngrasa prandene sugih carita Gladhen a. Tembang tembung ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih ngisor ! 1. Ingsun 2. Lumaku : ………………… : ………………… 6. Tenanipun 7. Cubluk : ………………… : ………………… 3. Ngarsa : ………………… 8. Jroning tyas : ………………… 4. Den alangi : ………………… 9. Wasis : ………………… 5. Angluwihi : ………………… 10. Tanpa ngrasa : ………………… a. Pinter f. Tenane k. Trampil b. Dialangi g. Ngarep l. Dicedhaki c. Jroning ati h. Aku d. Munjuli i. Mlaku e. Bodho j. Ora ngrasa b. Sawise maca tembang ing dhuwur, wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki ! 1. Ana pirang gatra tembang ing dhuwur ! 2. Tulisna guru wilangan lan guru lagune gatra 1,3 ! 3. Tulisna guru wilangan lan guru lagune gatra 4,6 ! 4. Tulisna guru wilangan lan guru lagune gatra 7,9 ! 5. Ana pirang pada tembang ing dhuwur ? 6. Tulisna sumbering tembang ing dhuwur ! 7. Sapa sing nganggit tembang ing dhuwur ? 8. Apa tegese tembung nganggit ? 9. Tembang Sinom ing dhuwur kalebu jenising tembang? 10. Kosob balene tembung wasis, yaiku? Ingsun uga tan mangkana Balilu kang sun alingi Kabisan sun dokok ngarsa Isin menek den arani Balilune angluwihi Nanging tenanipun cubluk Suprandene jroning tyas Lumaku ingaran wasis Tanpa ngrasa prandene sugih carita


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 21 Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang. Kompetensi Dasar 3.2. Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Sinom dengan ragam krama. Indikator 3.2.1. Membaca teks/syair tembang Sinom. 3.2.2. Mendiskusikan nasihat / pesan moral tembang macapat 3.2.3. Menulis syair tembang Sinom II. Nanggapi Isi Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Sinom A. Wacanen Serat Wulangreh Pupuh Sinomanggitan Sri Susuhunan Pakubuwana IV pada kaping 4 ing ngisor iki ! Carita nggonsun nenular Wong tuwa kang momong dhingin Akeh kang padha carita Sun rungokna rina wengi Samengko isih eling Sawise diwasa ingsun Bapa kang paring wulang Miwah ibu mituturi Tata krama ing pratingkah karaharjan B. Tegesana tembung tembung ing ngisor iki,banjur owahana nganggo basa krama madya! 1. Nenular : ………………krama madyane : ………………… 2. Momong : ………………krama madyane : ………………… 3. Rina wengi : ………………krama madyane : ………………… 4. Isih eling : ………………krama madyane : ………………… 5. Diwasa : ………………krama madyane : ………………… 6. Ingsun : ………………krama madyane : ………………… 7. Paring : ………………krama madyane : ………………… 8. Wulang : ………………krama madyane : …………………


22 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 9. Mituturi : ………………krama madyane : ………………… 10. Karaharjan : ………………krama madyane : ………………… C. Tulisna isi utawa pesan moral tembang macapat ing dhuwur ! 1. ………………………………… 2. .………………………………… 3. ………………………………… 4. ………………………………… D. Wenehana tanggapan isi, basa, paugerane tembang macapat ing dhuwur ! 1. ………………………………………………………. 2. ………………………………………………………. 3. ………………………………………………………. Gladhen ! Sawise ketemu nggoleki tegese tembung tembung ing tembang macapat ing dhuwur coba saiki wangsulana pitakon –pitakon ing ngisor iki ! 1. Tulisna bab apa kang diwulangake bapak ibu marang anak ! 2. Apa sebabe wong iku kudu nyuda mangan lan turu? 3. Supaya gegayuhan bisa kagayuh apa sing kudu ko lakoni ! 4. Tulisna tata kramane nalika micara marang wong liya ! 5. Kepriye carane nguri nguri tembang macapat !


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 23 Rura Basa III. KAWRUH BASA Tegese Rurabasa Rura tegese rusak, dadi kang diarani Rurabasa yaiku : basa sing salah kaprah / rusak nanging jalaran wis kulina dianggo ing masarakat dadi katon lumrah/ora luput. Tuladha : Bapak menek klapa tegese : sing dipenek wite klapa, dudu klapane Adhik nggodhog wedang tegese : sing digodhong banyune supaya dadi wedang Rura basa ing ukara ing ngisor iki golekana tegese ! 1. Budheku mbuntel sate kanggo adhik. 2. Budi mau ngenam klasa nganti sore. 3. Mbah Jaya isih ndheplok gethuk . 3. Bu Salamah njait klambi bathikku 4. Pak Hasan mikul dhawet nganti kabotan 5. Sawise adang sega bulikku banjur sare. 6. Pakdhe nggawe bata kanggo mbangun omah. 7. Judika tuku jarum 76 kagem bapak. 8. Bocah kae nunggu manuk ing sawah. 9. Bapak isih nggawe cilok bakar. 10. Sesuk esuk adhik arep ertiga.. E. Piliha panulisan tembung kang bener ing ngisor iki miturut paugeran panulisan tembung kang trep! 1. Murub / murup 2. Ndablek / ndableg 3. Mongkog / mongkok 4. Ndredek / ndredheg 5. ngethoki wit / ngetoki wet 6. Sumpeg / sumpek 7. Reget / reged 8. Judheg / judhek 9. Nacat / nacad 10.Jagad / jagat 11. Kinanthi / kinanti 12. Ketoprak / kethoprak 13. Dateng / dhateng 14. Pathisari / patisari 15. Nithipriksa/nitipriksa 16. Redi / redhi 17. Ngayak wedhi / ngayak wedi 18. Iwak bethik / iwak betik 19. meniko / menika 20. nggondheli / nggondeli F. Tulisen mawa aksara jawa tembung tembung ing ngisor iki ! 1. Menyang Sawah : ..................................................... 2. Wayah esuk : ..................................................... 3. Aku wis tangi : ..................................................... 4. Nyandhak pacul : ..................................................... 5. Budhal makarya : ..................................................... 6. Sabin kulon omah : ..................................................... 7. Lunga pasar : .....................................................


24 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP GLADHEN 8. Wedhus ucul : ..................................................... 9. Isih enom banget : ..................................................... 10. Sugih bandha : ..................................................... Maca lan nulis aksara Jawa CARAKAN AKSARA JAWA Ha na ca ra ka da ta sa wa la Pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga Tulisna latin tulisan aksara jawa ing ngisor iki ! : .................................................... : .................................................... : .................................................... : .................................................... : .................................................... : ....................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 25 : .................................................... : .................................................... Isenana ceceg-ceceg ing ngisor ik kanthi milih pilihan kang wiskacawisake ing sisih tengen ! 1. Bapak ... pisang godhog A 2. Pak Guru taksih... ing kelas B 3. Dadi siswa jejibahane kudu sregep... C 4. Rania... dhateng kitha Jogja D 5. Simbah ing peken... gendhis E 6. Salah sawijining piranti transportasi .... F 7 Adhik menyang alas arep... kayu. G 8. Yen kepengin pinter kudu kerep maca... . H 9. Sregepa... supaya awak tetep bagas waras I 10. Para siswa ana ing... isih padha maca buku lan koran J Gathukna tulisan latin ing ngisor iki karo tulisan aksara Jawane ! 1. Sabar kepara ngalah 2. Becik bebudene 3. Jembar segarane 4. Alus guneme 5. Ora grusa grusu 6. Aja sembrana 7. Tindak tanduke 8. Sumeh gawe seneng 9. Nyenengake ati 10. Aja gawe gela


26 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP I. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi menehi tenger ping ana ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep bener! Tembang macapat ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 1-2 bareng ngangsu kawruh utawa golek ngelmu kanthi temen lan manteb. Ginulang sadina dina Wewekane ing basa lan basuki Ing jubriya kibiripun Sumunungah sesongaran Mung sumendhe sakarsanira Hyang Agung Ujar sirik kang rineksa Kautaman ulah wadi 1. Tembang ing dhuwur kadadean saka... . a. 1 gatra c. 7 gatra b. 5 gatra d. 8 gatra 2. Guru wilangan lan guru lagu gatra kapindho yaiku... . a. 11i c. 12 i b. 10i d. 13 i 3. Tembang macapat iku kaiket saka paugeran tembang macapat antarane yaiku... . a. guru gatra,guru lagu, guru sastra b. guru wilangan, guru sastra, piwulangan c. guru gatra, gatra wilangan, guru lagu. d. guru sastra, Guru jawa, Guru lagu Teks wacana kanggo mangsuli pitakon no 4-7 Ngangsu Kawruh Sapa wae wajib golek ngelmu, tanpa ngelmu wong bakal sasar. Angele kaya ngapa, sing jenenge ngelmu bisa disinaoni. Sapa nandur mesthi ngundhuh. Bebasan iku duweni teges sapa wonge kang seneng golek samubarang kawruh, ing tembe mburi bakal nampa mumpangate, urip bisa mulya lan kepenak. Kamangka ngelmu iku beda karo bandha. Bandha gampang enteke apa maneh yen dijaluk wong mesthi saya kalis, yen ngelmu dijaluk wong malah saya tambah ngelmune, bebasan digembol ora mrojol, dikandhut ora mrucut. Mula, mangga kita para mudha bareng www. Bas.com 4. Ngangsu kawruh , tegese… . a. golek rejeki c. aja kesed b. golek banyu d. golek ngelmu 5. Ing ngisor iki ora kalebu wosing/isi teks wacana ing dhuwur yaiku… . a. ngelmu beda karo bandha b. kanthi ngelmu mesthi bakal urip kondhang c. bandha digembol mesthi mrojol d. ngelmu iku bisa disinaoni 6. Saka wacan ing dhuwur, ancas /tujuane golek ngelmu yaiku… . a. Supaya urip kondhang b. bakal disenengi marang wong akeh c. Urip bisa tentrem, mulya lan kepenak. d. bisa ngrasakake nitmating donya 7. Digembol ora mrojol, dikandhut ora mrucut, Unen-unen kasebut duwe teges… . a. ngelmu iku saya suwe saya ilang b. yen dijaluk wong, ngelmu iki saya tambah c. ngelmu yen dijaluk wong saya entek. d. ngelmu iku pancen angel golekane 8. Pak Guru : Budi kowe wingi arep lunga menyang ngendi?” Budi..................................................... ? Aturipun Budi kang prayoga yaiku… . a. Haha…. Wah ora ngertos ta pak Guru ki, walah walah… kula seka mundhut buku Pak” b. Pak Guru, wingi aku arep tumbas buku nanging bukune telas. c. Wah, kula niku asline nggih boten ngertos kok pak badhe teng pundi hehe… d. “Hehe….kula UJI KOMPETENSI 6


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 27 e. badhe kesah dhateng pantai Jatimalang, Pak”. “Kok bapak pirsa?” 9. Pantai Dewaruci iku mapan ana ing Jatimalang udakara 20 km adohi saka kutha Purworejo. Udakara tegese... . a. Dalane c. Kondhang b. Tumuju d. Kira-kira 10. Sawise turu ibu banjur mangan. Basa krama aluse ukara ing dhuwur yaiku... a. Sawise tilem ibu banjur dhahar b. Sasampunipun sare ibu lajeng nedha c. Sasampunipun sare ibu lajeng dhahar d. Sawise sare ibu banjur dhahar 11. Desa Hulosobo menika mapan ana ing tlatah Kabupaten Purworejo. Tembung Mapan tegese... . a. Dhaerah c. Manggon b. Cedhak d. Sisih 12. Kabupaten Boyolali iku kalebu tlatah ing Jawa Tengah. Tlatah tegese... . a. Dhaerah c. Dhusun b. Kondhang d. Tumuju 13. Yen micara marang kancamu prayogane migunake basa... . a. Ngoko Lugu c. Krama lugu b. Ngoko Alus d. Krama alus 14. Mbak, mau bengi ibu. ing kamar dhewe. Tembung kang trep kanggo ngisi ukara kasebut yaiku... . a. Turonan c. Sare b. Turu d. Tilem 15. Panulisan ejaan baku tembung ing gisor iki ana ing... . a. Nggowo getok c. Nggawe gulo b. Badhe kondor d. Mbedhol tela 16. Pak, mengko bengi simbaha arep rawuh mrene. Ukara kasebut migunakake basa... . a. Ngoko Lugu c. Krama lugu b. Ngoko Alus d. Krama alus 17. Simbah ...nganti sore. oleh-oleh akeh banget. a. Dhateng, tumbas c. Rawuh, ngasta b. Tekan, mundhut d. Rawuh, tuku 18. Siswa yen kesed sinau suwening suwe nyebabake cubluk pikire. Cubluk tegese... a. Pinter c. Wegah b. Trampil d. Bodho 19. Siswa iku kajaba bisa ngetrapake unggahungguh, uga kudu bisa ngetrapake... . a. Tata krama b. Micara waton muni c. Tumindak awon d. Waton sembrana 20. Adhik isih nunggu manuk ing sawah. Ukara ing dhuwur kalebu tuladha... . a. Tembung entar c. Paribasa b. Tembung d. Sanepo


28 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP II. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi cetha ! 1. Tanpa ngrasa prandene sugih carita, cakepan kasebut guru wilangane ana... . 2. Sinom iku kalebu tembang macapat kang cacahe... gatra. 3. Paugeran tembang macapat iku ana guru wilangan , guru gatra lan... . 4. Saben tembang macapat iku guru wilangane saben gatra ... . 5. Bapak ngenam klasa, rura basa kasebut tegese... . 6. Esok iki pakdeku mbedol thelo, panulisane ejaan kang bener yaiku... . 7. Sasampunipun kula wangsul sekolah kula lajeng nginum susu menawi bapak...... kopi. 8. “Adhik durung adus bu !”menawa matur karo tiyang sepuh dadine... . 9. Mas, wengi iki bapak arep tindak menyang Hongkong. Ukara kasebut migunakake basa... . 10. Bandha gampang enteke apa maneh yen dijaluk wong mesthi saya kalis. Kalis tegese... . III. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi patitis ! 1. Apa sing ko ngerteni bab guru gatra, guru lagu lan guru wilangan ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 2. Tulisna tuladha rura basa banjur gawea ukara kang becik ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 3. Apa bedane ngelmu karo bandha , coba terangna ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 4. Coba aturna migunakake ukara kang becik nalika kowe arep nawani simbahmu mangan lan ngombe ! Wangsulan : ....................................................................................................................... 5. Tulisna aksara jawa : Bapak sampun dhahar ! Wangsulan : .......................................................................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 29 Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar 3.3 Menelaah cerita Ramayana (Kidang Kencana) Indikator 3.3.1. Siswa dapat mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan. 3.3.2 Siswa dapat menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan. 3.3.3 Siswa dapat mengidentifikasi nilai-nilai budi pekerti dalam bacaan.. 3.3.4 Siswa dapat menceritakan kembali isi maupun kesimpulan teks bacaan. I. Mangerteni Isi Cerita Wayang Ramayana A. Sujarah wayang Carita wayang Ramayana iku sumbere saka serat Ramayana anggitane Walmiki, panulis misuwur saka negara India. Carita iki nyaritakake lelabuhane Raden Ramayana karo Dewi Shinta. Amarga ora sisa didadekake raja ing Praja Ayodya ngganteni bapakne kang aran Prabu Dasarata, Raden Ramawijaya nuli katundhung saka negarane. Dheweke nindakake lelana kairing garwane lan adhine kang aran Lesmana. Ing lelampahane Dewi Shinta banjur kacidra dening Rahwana raja negara Alengkadiraja. Dene carita Mahabarata iku katulis sumbere saka Serat Mahabarata kang nyaritake perjuangane Pandhawa ( Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa) para Pandhawa njaluk hak awujud lemah marang sedulure sepupu kang aran Kurawa kang cacahe ana 100 manungsa. Dene Kurawa sing paling gedhe arane Duryudana. Bapakne Pandhawa iku aran Pandu Dewanata kang sejatine isih adhine bapakne Kurawa dhewe yaiku Destarasta. B. Wacanen teks Carita wayang Gb. Kidang Kencana Kidang Kencana Nalika Ramawijaya kaliyan garwanipun asma Dewi Shinta taksih wonten wana, dumadakan Dewi Shinta sumerep kidang kencana kang sulistya ing warni. Bab menika WULANGAN 7 CERITA RAMAYANA


30 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP ndadosaken Dewi Shinta kapilut lan kepranan manahipun. Sanalika lajeng matur dhateng garwanipun supados kersa nyepengaken. Mangestosi makaten, Ramawijaya enggal enggal madosi dunungipun kidang kencana kasebat. Nalika dipuncelaki kidangipun saya nebih, nanging nalika Ramawijaya kendel anggenipun nguyak kidangipun malah nyelaki kanthi sajak ngina Ramawijaya. Bab menika njalari dukanipun Ramawijaya. Tanpa mikir panjang, Ramawijaya ngedalaken jemparingipun sanalika kidang kasebut dipunpanah. Kidang mberot mberot lan tulung tulung kanthi swanten kang mirip Rama. Swanten kasebut dipunpirengaken Dewi Shinta. Piyambakipun lajeng dhawuh dhateng rayinipun supados nyusul Ramawijaya. Sejatosipun Laksmana boten purun amargi sampun dipunweling Rama supados njagi Dewi Shinta, nanging sinareng Dewi Shinta meksa, pramila Laksama ndherek kemawon. Kacariyos, Ramawijaya sampun mbudidaya saestu nanging kidang dereng kasil kabekta, wusananipun Rama kondur tumuju dhateng papanipun Dewi Shinta, nanging pranyatanipun Dewi Shinta sampun boten wonten. Piyambakipun sampun kacidra dening Rahwana tumuju dhateng negaripun inggih menika Praja Alengkadiraja. Prabu Rama duka sanget, samubarang menapa kemawon badhe dipunsirnakaken toya seganten badhe dipunsataken, tetuwuhan wit-witan badhe dipunbedholi, lan angin badhe dipunsigeg. Nanging Rayinipun ingkang nama Raden Lesmana, saged kasil anggenipun ngleremaken dukanipun Rama kasebat. Raden Rama lan Lesmana lajeng madosi dunungipun Dewi Shinta kanthi sabar lan nrimah amargi sedaya wau sampun pepesthining Gusti. Kabesuk saking buku …kanthi ewah ewahan sawetawis. C. Golekana tegese tembung tembung ing ngisor iki kanthi milih wangsulan kang wis cumawis ing sisih ngisor ! 1. Bebujeng : ………………. 11. Pinanggih : ………… 2. Dipunsirnakaken : ………………. 12. Kacidra : ………… 3. Seganten : ………………. 13. Kapilut : ………… 4. Tetuwuhan : ………………. 14. Dipunsigeg : ………… 5. Dunungipun : ………………. 15 . Kepranan : ………… 6. Mbudidaya : ………………. 16. Samubarang : ………… 7. Pranyatanipun : ………………. 17. Swanten : …………. 8. Sejatosipun : ………………. 18. Wusananipun : ………… 9. Dumadakan : ………………. 19. Kasil : …………. 10. Ngedalaken : ………………. 20. Dukanipun : …………. Pilihan wangsulane a. Ketemu h. Jebule o. Kagodha b. Segara i. Swara p. Diculik c. Seneng j. Teka-teka, ujuk-ujuk q. Entuk d. Tethukulan k. Papane r. Satenane e. Dikethok l. Kasembadan(berhasil) s. Akhire f. Mburu kewan m. Nesune t. Diilangake g. Ngetokake n. Usaha u. Apa wae (sesuatu )


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 31 Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang. Kompetensi Dasar 4.3 Meringkasteks carita Ramayana Kidang Kencana Indikator 4.3.1 Siswa dapat menulis/ meringkas cerita Ramayana 4.3.2 Siswa dapat menyampaikan secara ringkas jalan cerita Ramayana di depan kelas 4.3.3 Siswa dapat menuliskan amanat yang terkandung. 4.3.4 Siswa dapat menyampaikan isi menggunakan bahasa krama D. Wangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap menika kanthi patitis ! 1. Tulisna 4 paraga paraga kang kadhapuk ana ing carita Kidang Kencana ! Wangsulan : …………………………………………………………. 2. Apa sebabe Dewi Shita kepranan atine weruh Kidang Kencana ? Wangsulan : …………………………………………………………. 3. Apa ancase Kidang Kencana nggodha Ramawijaya? Wangsulan : …………………………………………………………. 4. Dewi Shinta njaluk apa marang Garwane nalika weruh Kidang Kencana? Wangsulan : …………………………………………………………. 5. Apa sing ditindakake Ramawijaya nalika Dewi Shinta weruh Kidang Kencana? Wangsulan : …………………………………………………………. 6. Tulisna watake Rahwana, 3 wae ! Wangsulan : …………………………………………………………. 7. Ana ing ngendi Rahwana ngrudapeksa/nyidra Dewi Shinta? Wangsulan : …………………………………………………………. 8. Apa sing dialami Dewi Shinta nalika ditinggal garwane bebujeng ! Wangsulan : …………………………………………………………. 9. Apa bedane carita Ramayana karo carita Mahabarata. Wangsulan : …………………………………………………………. 10. Manut Panemumu watake Ramawijaya iku ? Wangsulan : …………………………………………………………. II. Ngringkes Isi Teks Cerita Ramayana “Kidang Kencana” A. Ringkesen carita wayang Ramayana Kidang Kencana ing dhuwur , banjur critakna ana ing ngarep, siswa liyane menehi tanggapan ! Wangsulan


32 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... .....................................................................................................................................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 33 ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................................... I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi cara milih Aksara B menawa bener lan milih aksara S menawa salah ! 1. Babon carita wayang iku Ramayan lan Dewi Shinta B-S 2. Crita Kidang Kencana kalebu lakon ing wayang Ramayana. B-S 3. Ing kraton Dewi Shinta sumerep kidang kencana kang sulistya ing warni. B-S 4. Mbudidaya kanthi saestu, wusanane kidang dereng kasil dipun B-S cepeng Ramawijya. 5. Dewi Shinta sampun kacidra dening Rahwana tumuju dhateng B-S negaripun Alengkadiraja. 6. Ramawijaya kabiyantu dening Lesmana madosi Dewi Shinta B-S 7. Pandhawa menika taksih sedherek kaliyan Kurawa. B-S 8. Pandhawa arep njaluke hake awujud lemah marang Pandhawa. B-S 9. Kurawa iku kancane Rahwana B-S 10. Destarasta iku isih pakne gedhe Pandhawa B-S II.Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Garwanipun Ramawijaya aran… . 2. Amargi … Dewi Shinta kapilut dhateng Kidang Kencana. 3. Bapakne Kurawa iku asmane… . 4. Carita Pandhawa lan Kurawa iku ditulis ana ing serat … . 5. Ingkang nyidra Dewi Shinta inggih menika… . 6. Ramawijaya madosi dunungipun Dewi Shinta. Tembung dunungipun tegese… . 7. Rahwana iku dadi raja ing… . 8. Tetuwuhan badhe dibedholi, segara bakal disatake. Tembung segara dasanamane… 9. Lesmana sampun kasil anggenipun …. Ramawijaya saking dukane. 10. Kita kedah sabar lan nampi sedaya pacoban menika amargi sampun… . Gusti.


34 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP III. Owahana ukara ukara ing ngisor iki nganggo basa krama ! 1. Dewi Shinta weruh kidang ana ing alas : ……………………….… 2. Dewi Shinta seneng marang kidang kasebut. : ……………………….… 3. Dheweke banjur ngomong karo Ramawijaya. : ……………………….… 4. Ramawijaya cepet cepet nyekel kidang mau. : ……………………….… 5. Lesmana iku adhine Rama : ……………………….… 6. Awake dhewe kudu seneng marang budaya wayang. : ……………………….… 7. Amarga bisa dijupuk isi lan pesen morale. : ……………………….… 8. Rama nggoleki ana ing ngendi Dewi Shinta manggon : ……………………….… 9. Yen entuk pacoban kudu ditampa sing sabar lan nrima : ……………………….… 10. Mula dadi wong sing apik iku aja gampang nesu. : ……………………….… IV. Golekana tegese tembung tembung ing ngisor iki ! 1. Bebujeng : ………………. 6. Pinanggih : ………………. 2. Dipunsirnakaken : ………………. 7. Kacidra : ………………. 3. Seganten : ………………. 8. Kapilut : ………………. 4. Tetuwuhan : ………………. 9. Dipunigeg : ………………. 5. Dunungipun : ………………. 10. Kepranan : ………………. V. Wangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap menika kanthi patitis ! 1. Tulisna 4 paraga paraga kang kadhapuk ana ing carita Kidang Kencana ! Wangsulan : ………………………………………………………… 2. Apa sebabe Dewi Shita kepranan atine weruh Kidang Kencana ? Wangsulan : ………………………………………………………… 3. Apa ancase Kidang Kencana nggodha Ramawijaya? Wangsulan : ………………………………………………………… 4. Dewi Shinta njaluk apa marang Garwane nalika weruh Kidang Kencana? Wangsulan : ………………………………………………………… 5. Apa sing ditindakake Ramawijaya nalika Dewi Shinta weruh Kidang Kencana? Wangsulan : ………………………………………………………… 6. Tulisna watake Rahwana, 3 wae ! Wangsulan : ………………………………………………………… 7. Ana ing ngendi Rahwana ngrudapeksa/nyidra Dewi Shinta? Wangsulan : ………………………………………………………… 8. Apa sing dialami Dewi Shinta nalika ditinggal garwane bebujeng ! Wangsulan : …………………………………………………………


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 35 9. Apa bedane carita Ramayana karo carita Mahabarata. Wangsulan : …………………………………………………………


36 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Kompetensi Inti 5. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang. Kompetensi Dasar 4.3 Meringkasteks carita Ramayana Kidang Kencana Indikator 4.3.1 Siswa dapat menulis/ meringkas cerita Ramayana 4.3.2. Siswa dapat menyampaikan secara ringkas jalan cerita Ramayana di depan kelas 4.3.3 Siswa dapat menuliskan amanat yang terkandung. 4.3.4 iswa dapat menyampaikan isi menggunakan bahasa krama 10. Manut Panemumu watake Ramawijaya iku ? Wangsulan : ………………………………………………………… II.Ngringkes Isi Teks Cerita Ramayana “Kidang Kencana” A.Ringkesen carita wayang Ramayana Kidang Kencana ing dhuwur , banjur critakna ana ingngarep, siswa liyane menehi tanggapan ! …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. …………………………………………………………………………………………………….. ……………………………………………………………………………………………………..


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 37 Bapak arep lunga saiki mas ! Bapak arep tindak saiki mas ! Dina iki simbah wis gelem mangan Dina iki simbah wis kersa dhahar I. a. Gladhi Basa ngoko lan ngoko alus Ngoko Lugu Ngoko Alus Unggah Ungguh Basa


38 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Pak, aku arep lunga menyang Solo Pak, kula badhe kesah dhateng Solo Ukara ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa ngoko alus ,! 1. Mas , apa mau simbah wis sida ngombe jamu? Wangsulan : ......................................................................................................... 2. Bu, aku mengko arep mara ing omahe pak lurah !” Wangsulan : ......................................................................................................... 3. Pak, kowe krungu durung kabar yen kancaku mulih saka London “ Wangsulan : ......................................................................................................... 4. Bu, mau awan adhik durung sida sinau saiki dikongkon simbah sinau ing kamar” Wangsulan : ......................................................................................................... 5. Dhik, mau bapak pesen awake dhuwe akon pak RT supaya teka mrene ! Wangsulan : ......................................................................................................... 6. Mas , saiki aku dikongkon simbah ngeterake ibu Wangsulan : ......................................................................................................... 7. Bu, wis kepenaka durung awakmu” Wangsulan : ......................................................................................................... 8. Pak, pak guru mau teka mrene karo bojone “ Wangsulan : ......................................................................................................... 9. Bu, aku weruh bu guru isih tuku HP ing toko ” Wangsulan : ......................................................................................................... 10. Dhik mengko kowe sida ngomong karo pak RT ya ! Wangsulan : ......................................................................................................... b. Gladhi Basa krama lugu lan krama alus Tuladha : Ngoko Krama Lugu Ngoko Krama Alus Salinana ukara ngisor iki nganggo basa krama ! 1. Ibu lunga banjur saiki durung mulih. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 2. Apa kang ndadekake bapak durung mangan nganti saiki? Wangsulan:…………………………………………………………………………… 3. Paklik anggone lungguh ora kepenak amarga isih lara. “Bu, kowe sida mulih mengko?” “Bu , panjenengan sios kondur mangke?


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 39 Wangsulan:…………………………………………………………………………… 4. Bulik wis rampung melu kumpulan ing omahe bu RT. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 5. Bu, mengko sore aku mulih sore arep dolan ing omahe Dina. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 6. Pak guru, aku arep takon pelajaran wingi aku durung mudheng. Wangsulan: …………………………………………………………………………… 7. Pak Lurah ngomong marang wargane supaya urip sing apik-apik. Wangsulan: …………………………………………………………………………… 8. Pakdhe sida nggawe omah ing cedhak dalan gedhe. Wangsulan: …………………………………………………………………………… 9. Aku weruh Ibu isih tuku bumbon ana ing kutha Purworejo. Wangsulan:……………………………………………………………………………… 10. Jarene Budhe sesuk simbah kakung arep teka banjur turu kene. Wangsulan:……………………………………………………………………………


40 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP Dasanama II. Danama yaiku tembung sing padha tegese Tuladha : srengenge : surya, raditya, arka, bagaskara,bagaspati. Gathukna tembung-tembung ing ngisor iki karo dasanama kang wis kacawisake! No Tembung Dasanama 1 Wasis, lebda, pana, trampil, widura Seneng 2 Griya, gubug, dalem, wisma, sanggar Klambi 3 Sekeca, mulya Omah 4 Wangsul, kondur, bali, Pinter 5 Batur, rewang, prajurit, andhahan Endah 6 Wukir, Aldaka, redi, semeru Slamet 7 Busana, rasukan, ageman, sandhangan Gunung 8 Ayu, edi peni, sulistya, apik, merak ati, Mulih 9 Remen, suka, tresna, asih Abdi 10 Rahayu, basuki, widodo, wilujeng, sugeng Kepenak Dasanama Mburu uceng kelangan dheleg Tegese : Duweni panjangka gedhe nanging ora kasembadan gara gara mung ngupaya samubarang kang cilikutwa ora aji. ( Mengejar sesuatu yangsederhana / sepele namun kehilangan sesuatu yang lebih besar )


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 41


42 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP a. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi menehi tenger ping ana ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep bener! 1. Nuwun sewu Pak, kula dados boten mbekta buku PR ipun. Tembung kang trep prayogane diisi... a. kemutan c. klalen b. kesupen d. eling 2. Bu, kepareng matur menapa leres menika dalemipun mbah Tarjo? Tembung kang trep prayogane diisi... a. nuwun sewu c. ngrepoti b. njaluk pangapura d. matur panuwun 3. Mas, kandhange pitik apa wis. ..?. Tembung kang trep kanggo ngisi ukara kasebut yaiku... a. ditutupi c. ditutupake b. kotutup d. daktutupi . 4. Dheweke seda ing jakarta lan disarekake ana ing taman makam pahlawan Kalibata. Tembung kagaris kandel tegese... a. diturokake c. dilairake b. dikubur d.digawekake 5. Simbah durung … amarga isih …. a. nedha, gerah c. dhahar, lara b. maem, gerah d. dhahar, sekeca 6. Srawung marang sapa wae, ing ngendi wae kudu ngetrapake tata krama amarga…. a. Bisa mangerteni kahanane sing diajak guneman b. Supaya katon luwih pinter c. Supaya katon andhap asor. d. Bisa luwih ngurmati lan ngajeni 7. Ing ngisor ora kalebu tatacarane micara marang wong liya yaiku…. a. Micara kanthi alus ora nglaani ati b. Ora prelu nggatekake sing diajak guneman c. Micarane ora kesusu d. Swantene ora keseron utawa kelirihen 8. Awakke dhewe nalika micara kudu ngulinakake basa kang adhedhasar …. a. Unggah-ungguh basac. Tepa selira b. Tata krama d. Subasita 9. Sawise kondur saka kutha Solo, bapak banjur…. ing kamar. Tembung kanggo ngisi ukara kasebut yaiku…. a. Tilem c. Nyipeng b. Sare d. Nyare Teks I kanggo mangsuli pitakon No 10-17 Kidang Kencana Dasamuka nggoleki Marica saprelu ngandhahakake menawa dheweke kepengin ndhusta Dewi Shinta. Marica ora sarujuk menawa Dasamuka utawa raja Alengka kasebut tumindak culika, mangerteni mangkono Dasamuka duka lan arep mateni marica. Nanging , amarga Marica abdi kang setya mula dheweke banjur atur pamrayoga bakal malih dadi kidang kencana. Tenan, kidang kencana banjur wira wiri tumuju marang Dewi Shinta, Dewi Shinta kepranan atine banjur nyuwun marang garwane supaya nyekel kidang kasebut. Sadurunge nyembadani panjaluke Dewi Shinta, Rama paring piweling marang Lesmana supaya tetep njaga mbakyune kanthi kahanan apa wae. 10. Miturut wacan ing dhuwur papan utawa latare dumadi ana ing... a. Alas roban c. Kraton Alengka b. Alas Dhandhaka d. Kraton Ayodya 11. Sapa sejatine kidang kencana miturut wacan ing dhuwur... a. Abdine Rama c. Lesmana b. d. Abdine Rahwana d. Dasarata 12. Tembung kang kagaris kandel ing dhuwur duweni teges... UJI KOMPETENSI III


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 43 a. Menehi rejeki c. Njaluk tulung b. Menehi kongkonan d. Menehi nasihat 13. Tembung kagaris ngisor ing wacana ing dhuwur tegese... a. Nuruti c. Nyenengake b. Ngandhakake d. Nyaritakake 14. Miturut wacan ing dhuwur kang dadi raja ana ing negara Alengka aran... a. Dasamuka c.Raden Lesmana b. Dasarata d.Ramawijaya 15. Ing ngisor ora kalebu wosing/isi teks wacana ing dhuwur yaiku... a. Dewi Shinta kepranan marang kidang kencana b. Rama nyembadani panyuwune Shinta c. Marica iku sejatine kidang kencana d. Raden Lesmana nyekel kidang kencana 16. Piweling luhur utawa amanat kang bisa dijupuk ana ing teks wacana ing dhuwur yaiku... a. Seneng mburu kewan alas b. Aja seneng tumindak angkara murka c. Kudu sregep nindakake dhawuhe wong liya. d. Seneng ndhusta marang wong liya 17. Paraga paraga kang ana ing wacana ing dhuwur yaiku.... a. Dewi Shinta, Lesmana, Dasarata b. Lesmana, Dasarata, Dasamuka c. Ramawijaya, Dasamuka, Marica. d. Marica, Dewi Arimbi, Ramawijaya 18. Ayu, edi peni, sulistya, apik, merak ati kalebu dasanama saka tembung... . a. Endah c. Seneng b. Mulya d. Kondhang 19. Leyeh leyeh sinambi dhahar pisang goreng iku rasane pancen sekeca. Sekeca tegese... . a. Apik c. Kepenak b. Enak d. Seneng 20. “Bapak, samenika kula badhe kesah tumbas peksi !” Ukara kasebut migunakake basa... . a. Ngoko lugu c. Krama lugu b. Ngoko alus d. Krama alus II. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi cetha ! 1. “Budheku , sida tindak menyang kantor mau. Pratelan kasebut migunakake basa... . 2. Dewi Shinta kacidra dening Raja Alengka. Tembung kagaris ngisor kasebut tegese... . 3. Ing carita wayang kidang kencana paraga protagonis kang dadi garwane Shinta asmane... . 4. Dewi Shinta sumerep kidang kang sulistya ing warni.Tembung kacithak miring kasebut tegese... 5. Panjaluke Sinta dicekelake kidang kencana ora kasembadan. Ora kasembadan tegese... . 6. Seneng iku dasanamane suka, asih, tresna,lan... . 7. Wukir, aldaka, redi, ardi kalebu dasanama saka tembung... . 8. Budhe sampun ngerti menawi adhik sakit. Tembung ngerti prayogane... . 9. Micara maranag kancamu nanging ngomongake wong tuwa prayogane nganggo basa... . 10. Bu mangga sami didhahar lan dipununjuk menika pasugatanipun. Ukara kasebut migunakake basa... .


44 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP III. Wangsulana pitakon pitakon iki kanthi premati ! 1. Unggah ungguh ing ukara ing ngisor iki, benerna ! Aku mau esuk, diwenehi bapak dhuwit, kandhane bapak supaya ditabung. Wangsulan:…………………………………………………………………………… .................................................................................................................................... 2. Tulisna paraga paraga kang kadhapuk ing carita Kidang Kencana , 4 wae ! Wangsulan:…………………………………………………………………………… 3. Mau awan pak lurah teka ing omahku. Ukara kasebut owahana dadi basa ngoko alus ! Wangsulan:…………………………………………………………………………… ..................................................................................................................................... 4. Tulisna 3 wa pesen moral budi pekerti saka carita Kidang Kencana ! Wangsulan:……………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………................................................. ..................................................................................................................................................... 5. Golekana dasanamane tembung : pinter 4 wae ! Wangsulan:……………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………….................................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 45 Kompetensi Inti 3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian tampak mata. Kompetensi Dasar Menelaah dialog/percakapan Indikator Mampu menulis dhialog menggunakan ejaan yang benar Mampu menemukan inti teks percakapan Mampu mengetahui pesan yang dapat diambil I. Nyinau Pacelathon A. Tata kramane nalika nindakake pacelathon Tata Krama Wong Srawung Menawa kita srawung marang wong sing wis ditepungi utawa durung ditepungi ana ing sadhengah papan, prayogane kudu nggunakake tata krama kang becik. Bab tata krama iki bisa digladhi kanthi temen wiwit saka kulawarga, sekolah utawa lingkungan masarakat. Aja njagakake sinau tata krama mung ana ing bangku pasinaon (sekolah) wae, ananging kabeh papan bisa kanggo ajang gladhi tata krama. Sing baku diwiwiti lingkungan kulawarga, tuladhane tata cara lungguh, carane mangan, carane nganggo busana, carane nampa dhayoh lsp. Ing lingkungan masarakat tuladhane lelungan nganggo busana kang pantes, ora mepet utawa ketat, carane madhayoh, carane aruh aruh marang tangga, lsp. Menawa tatakramane wong mau becik, mesthi bakal akeh kang ngajeni lan ngurmati. Sawise mangerteni mumpangate duweni tata krama banjur dikulinakake ditrapake ing pasrawungan padinan. Kajaba tata krama, basa uga duwe pengaruh gedhe marang ajining dhiri wong kasebut. Jalaran menawa bisa migunakake basane kanthi bener adhedhasar unggah-ungguh bisa ndadekake wong kasebut diurmati dening wawan gunem utawa sing diajak gunemen. Dadi menawa srawung ing masarakat tata krama lan basa iku siji lan sijine ora bisa dipisahake. Sebab tata krama lan basa iku tumuju marang kabecikan lan kamulyaning urip. Ana tetembungan “ajeni wong liya kaya dene ngajeni awake dhewe”. Supaya cetha, ing ngisor iki tuladha bab- bab kang kudu digatekake menawa srawung ing masarakat : 1. Menawa guneman sing cetha, alus, aja nglarani atining wong liya. 2. Miliha tembung sing becik, ora kasar. 3. Micara migunakake unggah-ungguh basa gumantung sapa sing diadhepi. 4. Polatan sumeh, sumringah ora mbesengut. WULANGAN 8 PACELATHON


46 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 5. Guneman aja kesusu, keseron nanging bisa trep marang kahanan. 6. Ngulinakake tembung tembung prasaja nanging gedhe tegese; nuwun sewu, matur nuwun, nyuwun pangapunten. 7. Badan bisa nyelarasake marang kahanan , umpama guneman padha ngadeg prayogane tangan ngapurancang. 8. Lsp. B. Pacelathon ing ngisor iki tindakna ing ngarep kelas ! Ucup : Kula nuwun mbah Bowo Mbah Bowo : Mangga mangga, o mas ucup ta mangga lenggah kene. Ucup : Inggih mbah, matur nuwun. Mbah Bowo : Wonten menapa mas? Ucup : Mbah Bowo, nuwun sewu kepareng matur. Mbah Bowo : Nggih mangga, arep matur apa mas Ucup? Ucup : Mangke dalu panjenengan dipunaturi ndherek pangaosan wonten masjid Agung Purworejo mbah. Mbah Bowo : Sek sek kuwi pengajian apa banjur sapa sing ngundang? Ucup : Menika pangaosan rutin Mbah saben malem jumat dipunadani. Ingkang ngaturi Ketua Ta’mir masjidipun Mbah Bp H Muh Abas. Mbah Bowo : O, ngono ta, banjur mengko undangane jam pira? Ucup : Nggih leres mbah, mangke kirang langkung tabuh jam 19.30 an mbah. Mbah Bowo : Banjur kuwi mengko nggawa Alqur’an apa mung ngrungokake ceramah wae? Ucup : Nggih saenipun ngasta Mbah, jagi jagi mbok menawi mangke sami maos Al Qur’an. Mbah Bowo : O, ngono ta. Yowis matur nuwun ya. : O ya nganti lali iki lho unjukane diunjuk dhisik. Ucup : Nggih mbah sami-sami, nggih mbah. Mbah Bowo : Lha saiki panjenengan wis kagungan putra pira? Ucup : Kula sampun gadhah lare kalih mbah, ingkang mbajeng setri, ingkang alit jaler. Mbah Bowo : Apa wis padha sekolah putra panjenengan kuwi? Ucup : Ingkang mbajeng sampun kelas setunggal SD mbah, ingkang alit dereng nembe sekawan taun. Mbah Bowo : O, yowis dongane simbah muga muga putra panjenengan bisa dadi putra sing bekti lan migunani tumrap kulawarga, masarakat, bangsa lan negari. Ucup : Aamiin, nggih mbah matur nuwun donganipun. Sampun sonten, kula badhe nyuwun pamit mbah Mbah Bowo `: O, ya matur nuwun ati-ati mas ! C. Tembung-tembung ing ngisor iki golekana kosok balene ! 1. lenggah :................................... 6. saenipun :.................................. 2. mengko :................................... 7. sampun :.................................. 3. mbajeng :................................... 8. setri :.................................. 4. alit :................................... 9. lali :................................... 5. bekti :................................... 10. migunani :...................................


BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 7- SMT GENAP 47 D. Wangulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama ! 1. Apa ancase Ucup sowan marang Mbah Bowo? Wangsulan :................................................................................................................... 2. Ing ngendi Mbah Bowo arep nindakake pangaosan? Wangsulan :................................................................................................................... 3. Apa kang dingendikake mbah Bowo sadurunge Ucup pamit saka daleme? Wangsulan :................................................................................................................... 4. Basa apa kang digunakake mbah Bowo karo Ucup Ing pacelathon ing dhuwur ? Wangsulan :................................................................................................................... 5. Miturut pamawasmu apa paraga-paraga ing dhuwur wis ngetrapake tata krama kanthi becik? Wangsulan :................................................................................................................... II. Praktik Micara A. Unggah Ungguh Basa Miturut unggah ungguh basa, basa kaperang dadi basa ngoko lan basa krama. ing bab iki kang dirembug yaiku basa krama, dene basa ngoko wis katulis ana ing pamulangan ngarep. 1. Basa Krama Basa krama kaperang dadi 2, yaiku : a. Krama lugu / krama madya Basa iki digunakake nalika guneman marang wong enom kang diurmati, utawa nalika guneman marang wong nanging kanggo mbasakake awake dhewe. Tuladha : Pak, sasampunipun nedha kula badhe kesah tumbas buku .Nama kula Siti, samenika umur kula 13 taun. b. Krama alus/ krama inggil Basa iki digunakake nalika guneman marang wong tuwa, marang wong enom kang duwe kalungguhan utawa pangkat. Basa iki uga digunakake nalika ana ing acara acara resmi, kaya ta supitan, pawiwahan/mantenan, syukuran lsp. Tuladha : Bapak samenika taksih dhahar, menawi ibu taksih sare. Simbah wau mirsani tv lajeng tindak ngaos. GLADHEN ! Tuladha : Ngoko lugu : Saiki aku arep lunga karo adhiku tuku wedhus. Krama lugu : Samenika kula badhe keah kaliyan adhik kula tumbas menda


Click to View FlipBook Version