DOKUMENTASI MGMP BAHASA JAWA MTs SE KAB. PURWOREJO LAUNCHING BAHAN AJAR “PANABASA KELAS VII,VIII, IX Gb. Pelaksanaan MGMP Bahasa Jawa di MTs Negeri 1 Purworejo launching Bahan Ajar Panabasa Kelas 7,8 dan 9 Gb. Pelaksanaan MGMP Bahasa Jawa di MTs Negeri 1 Purworejo launching Bahan Ajar Panabasa Kelas 7,8 dan 9 Gb. Pelaksanaan MGMP Bahasa Jawa di MTs Negeri 1 Purworejo launching Bahan Ajar Panabasa Kelas 7,8 dan 9
2 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL KOMPETENSI DASAR Memahami isi teks cerita Legenda INDIKATOR Peserta didik mampu menjelasan pengertian cerita legenda Mampu membaca cerita Legenda Mampu mengartikan kata-kata yang sulit. Mampu menyebutkan isi cerita A. CERITA LEGENDA Cerita legenda iku kalebu jenesing cerita rakyat kang wis kasebarake gethok tular nganti saiki. Cerita legenda iku nyaritakake asal usul utawa dumadine sawijining tlatah utawa papan panggonan. Amarga ing jaman biyen ceritane katularake kanthi medhia lisan utawa langsung mula cerita iki wis kadhung kasebar ing saindhenging nuswantara tanpa dingerteni sapa pangriptane utawa pengarange. Beda kara cerita jaman saiki kang awujud cerkak utawa cerpen sing wis dingerteni sapa panulise. Ing jaman modern kaya saiki cerita legenda bisa disebaraka kanthi media internet lan medhia sosial. Saben dhaerah utawa wewengkon mesthi duweni cerita legenda dhewe dhewe, kabeh mau bisa diteteni saka jenenge dhaerah sing dianggo kasebut. Minangka kanggo TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelaskan devinisi legenda 2. Mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan 3. Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 4. Mengidentifikasi bahasa yang digunakan 5. Memahami paribasa dan artinya 6. Menuliskan contoh legenda dengan ragam bahasa ngoko alus yang benar. 7. Memahami penerepan basa ngoko lugu dan ngoko alus dalam pergaulan sehari hari. 8. Memahami rurabasa dan mampu memberikan contoh dalam kalimat 9. Menulis kalimat menggunakan angka jawa. Menulis ejaan baku sesuai kaidah penulisan. WULANGAN 1 1 LEGENDA PENGETAHUAN
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 3 tuladha kayata : Asal-usul Salatiga, Asal usul Semarang, Baturaden, Dumadine Candhi Prambanan lan liya-liyane. Supaya bisa kanggo gambaran kaya ngapa cerita legenda iku, ing ngisor iki bakal dibabar sawijining cerita legenda saka tlatah Jawa Tengah. Mangga enggal diwaca muga muga bisa nambahi kawruh lan seserepanmu ! DUMADINE KUTHA SEMARANG Gambar Kutha Semarang Dhek jaman biyen ing kraton Demak ana satunggaling pangeran kang asmane Raden Made Pandhan. Kejaba dadi bangsawan kraton, dheweke uga dadi ulama utawa wong kang wasis ing agama Islam kang wis kondhang lan misuwur. Dheweke diajeni banget karo wong akeh ing sadhengah golongan. Amarga dheweke kuwi tumindake apik, unggah – ungguhe kena kanggo patuladhan kawula alit. Raden Made kagungan putra kang asmane Raden Pandhan Arang. Dheweke kuwi satunggaling putra kang becik tumindake , sopan santun, grapyak, sumeh, ngajeni marang wong tuwane sakloron, lan ora seneng gawe seriking liyan. Sawijining dina Raden Made Pandhan ngajak marang putrane lan pendhereke lunga saka ing kasultanan Demak. Sawise lakune rada suwe pirang – pirang dina wekasan banjur wis tekan ing satunggaling papan kang lemahe subur loh jinawi. Ana ing kono para wargane urip kanthi guyub rukun ora ana sing padha padudon. Antarane siji lan sijine padha mong kinemong lan padha welas asih marang sapadha – padha. Ana ing papan kang anyar mau, Raden Made Pandhan sapendhereke banjur ngedegake omah lan pondhok pesantren kang ancase kanggo papan anggone ngibadah lan kanggo mulang ngaji ngelmu agama Islam. Kabeh wis padha krasan urip lan manggon ana ing kono, uripe padha ayem tentrem amarga dilambari karo ngibadah marang Allah SWT, paugeran desa kang wis ditetepake ora diterak, nanging tansah diestokake kanthi ikhlas amrih padha raharja mulya uripe. Sawetara wektu manggon ing papan kang anyar, Raden Made Pandhan wis katon sepuh. Kasarasane wis rada suda ora kaya maune nalika isih timur. Dina – dinane mung ana ing
4 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL dalem wae. Kabeh pakaryan omah wis dipasrahake dening putrane yaiku Pandhan Arang. Sawijining dina, Raden Made Pandhan nandang gerah sepuh lan ora bisa apa – apa maneh. Salirane wis ora kuwat malah tambah dina tambah kuru awake. Amarga wis ora kuwat maneh ngrasakake gerahe lan wis krasa menawa arep sowan ana ing Ngarsane Allah SWT, mula Raden Made Pandhan weling marang Raden Pandhan Arang menawa bapake wis seda didhawuhi supaya nerusake perjuangane anggone nyebarake agama Islam, aja pisan – pisan ninggalake wewengkon kono, tansah ngugemi lan nindakake dhawuhe Allah SWT, ngibadah sing mantep, eling marang ajarane para wali, insyaAllah sesuk uripe bakal slamet, mulya donya akhirat. Welinge bapake kuwi tansah keprungu ana ing kupinge lan dieling – eling dening Raden Pandhan Arang. Sawise Raden Made Pandhan seda, Raden Pandhan Arang banjur tetep nerusake perjuangane bapake yaiku nyebarake lan mulangake ajaran agama Islam. Dheweke tetep manggon ing papan kono lan ora bakal ninggalake papan kuwi. Tlatah kuwi wis dadi sumbering panguripan, lemah – lemah digarap didadekake sawah lan pekarangan kanggo nandur pari, lan palawija kanggo nyampeti kabutuhane urip saben dina. Sawijining dina nalika isih nggarap sawahe, Raden Pandhan Arang lan para warga liyane weruh ana ing sadhuwure lemah sing subur iku katon ana pirang – pirang wit asem kang thukule adoh – adoh utawa arang – arang. Kabeh wong kang ana ing kono padha gumun meruhi kedadean kuwi yaiku wit asem kang thukule arang – arang, kamangka lemah ing kono subur, kena apa kok wite asem thukule arang – arang, kudune thukule rengket – rengket ora arang – arang. Wong – wong padha nduweni panemu menawa kedadean kuwi aneh. Ana ing wektu iku uga, Raden Pandhan Arang banjur ngendika menawa ana rejane jaman, papan ing kono bakal dijenengi Semarang, saka tembung asem sing arang. Amarga papan kono thukule wit asem kang arang – arang. Nganti tekan seprene papan kuwi dijenengi Semarang kang saiki dadi ibu kotane propinsi Jawa Tengah. Jarwan mardika saka: www.google.co.id/asal-mula-kota-semarang Tegesana tembung ngisor iki banjur gawenen ukara liyane! Wasis : ………………….. ukarane : ……………………………………………………. Sadhengah : ………………….. ukarane : ……………………………………………………. Paugeran : ………………….. ukarane : …………………………………………………… Wekasan : ………………….. ukarane : …………………………………………………… Diterak : ………………….. ukarane : ……………………………………………………. Kasaran : ………………….. ukarane : ……………………………………………………. Wewengkon: …………………. ukarane : ……………………………………………………. Weling : ………………….. ukarane : ……………………………………………………. Nyampeti : ………………….. ukarane : ……………………………………………………. Raharja : ………………….. ukarane : …………………………………………………….
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 5 Golekana basa kramane tembung tembung ing ngisor iki ! - Sawijining dina : .................................. - menawa : .................................... - rada suwe : .................................. - manggon : .................................... - papan kang anyar : .................................... - nerusake : .................................... - padha krasan : .................................... - sadhuwure: .................................... - Sawetara wektu : .................................... - kudune : .................................... - kaya maune : .................................... - banjur : .................................... - ngrasakake : .................................... - Nganti : .................................... - kedadean kuwi : .................................... - liyane : .................................... - ngedegake : .................................... - anyar : .................................... - ninggalake : .................................... - kaya maune: .................................... Wangsulana pitakonan ngisor iki cekak aos! 1. Kena apa Raden Made Pandhan diajeni dening wong akeh? Wangsulan : ……………………………………………………………………………….. 2. Sapa putrane Raden made Pandhan? Lan kepiye tumindake putrane kuwi? Wangsulan : ………………………………………………………………………………. 3. Ana ing papan kang anyar kuwi Raden Made Pandhan sapendhereke banjur ngedegake apa lan apa ancase? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 4. Apa sebabe uripe para warga padha raharja mulya? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 5. Kepiye kahanane awake Raden Made Pandhan sawise manggon ana ing papan kang anyar? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 6. Tulisna sawijining amanat sing bisa kajupuk saka carita ing dhuwur ! Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 7. Apa welinge Raden Made Pandhan marang putrane? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 8. Tulisna paraga paraga ing carita ing dhuwur ? Wangsulan : ……………………………………………………………………………….
6 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 9. Tulisna asal usule kutha Semarang ! Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 10. Kutha Semarang iku kalebu propinsi ngendi? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. I. Rungokna wacan legendha kang diwaca dening kancamu kanthi premati! DUMADINE BATURRADEN Baturraden iku minangka jeneng satunggaling papan wisata kang wujude taman hiburan ana ing kabupaten Banyumas, Jawa Tengah. Papane asri, endah, lan nengsemake ati. Tembung Baturaden asale saka tembung batur lan radin kang ateges lemah kang rata. Ana uga kang nduweni panemu menawa Baturraden iku dumadi saka tembung batur lan adi kang ateges lemah kang endah. Kabeh panemu bener kabeh amarga nduweni paugeran lan alesan dhewe – dhewe. Tembung Baturraden iku dumadi saka tembung loro yaiku batur lan raden. Tembung batur ana ing basa Jawa ateges rewang ( pembantu ), bukit, utawa lemah, wondene tembung raden ateges bangsawan utawa isih trah kraton. Ana ing sacedhake papan kono tekan pareden (pegunungan ) Dieng Plateau ( dataran tinggi Dieng ) uga ana jeneng papan kang nganggo tembung Batur, umpamane Batur Agung, Batur Golek, Batur Semendhe, Batur Macan, Batur Dhuwur, Batur Begalan, lan Batur Wadhas Galengan. Baturraden iku mapane ana ing ereng – erenge gunung Slamet. Dhek jaman biyen, atusan taun kepungkur ana sawijining kadhipaten kang aran „Kuthaliman‟ kang mapan ing sakulone Baturraden udakara 10 km. Adhipatine nduweni anak wadon pirang – pirang. Kejaba iku uga nduweni „ gamel „ kang ayahane ngopeni jaran. Sawijining wektu ana satunggaling anake adhipati kang kesengsem karo gamel mau. Nanging bapakne bocah wadon mau ya si adhipati mau ora sarujuk marang sesambungane anake karo gamel mau, banjur ngamuk – ngamuk malah ngakon lunga anake karo si gamel mau. Bocah loro mau nuli padha lunga saka kadhipaten. Ana ing sawijining wektu anake wadon adhipati babaran ana ing sacedhake kali ing sakupenge Baturraden, banjur kali ing papan kono diwenehi tenger „Kaliputra‟, papane udakara telung kilo meter saklore Kuthaliman. Sawise lelorone padha lunga wis sawetara
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 7 GLADHEN tengen! suwe pungkasane nemu satunggaling papan kang asri, seger, kena kanggo ngaso. Amarga hawane seger lan adhem mula wong sakloron padha manggon ing kono lan urip nganti tekan anak putune besuk. Papan kuwi banjur dijenengi Baturraden kang njupuk saka sesambungane katresnan antarane Batur lan Raden. Wondene Batur iku saka riwayate gamel ( rewange ) lan Raden saka riwayate putrane adhipati Kuthaliman. a. Tegesana tembung ngisor iki kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih tengen! 1. Udakara : …………………. a. Dadine 2. Trah : …………………. b. Nyenengake 3. Nengsemake : ……………… … c. Akhire 4. Sarujuk : …………………. d. Kira kira 5. Sakupenge :………………….. e. Jejibahane/tugas 6. Kepungkur : …………………. f. Sakiwa tengene 7. Ayahane : ……………........ g. Gelem/setuju 8. Pungkasane : ……………........ h. Keturunan 9. Sakloron : ……………........ i. Biyen 10. Dumadine : ……………........ j. Wong loro b. Wangsulana pitakonan ngisor iki cekak aos! 1. Tulisna 3 piweling budi pekerti utawa amanat kang bisa kajupuk ing carita ing dhuwur ! Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 2. Sapa wae sing dadi paraga ing carita Dumadine Baturraden ? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 3. Ing ngendi setting carita ing dhuwur ! Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 4. Tulisna cerita singkat Dumadine Baturraden ! Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 5. Ing tlatah ngendi Baturraden iki lan ing propinsi ngendi ! Wangsulan: ………………………………………………………………………………..
8 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL GLADHEN c. Critakna maneh isine wacan-wacan ing dhuwur nganggo basamu dhewe ana ngarep kelas! d. Tulisna inti carita legenda ing dhuwur migunakake basa ngoko alus ! 1. ……………………………………………………………………………………………….. 2. ……………………………………………………………………………………………….. 3. ……………………………………………………………………………………………….. 4. ……………………………………………………………………………………………….. 5. ……………………………………………………………………………………………….. 6. ……………………………………………………………………………………………….. 7. ……………………………………………………………………………………………….. 8. ……………………………………………………………………………………………….. 9. ……………………………………………………………………………………………….. 10. ………………………………………………………………………………………………. II. Paribasan Paribasan yaiku unen- unen kang ajeg panganggone ( ora kena diowahi ) lan nduweni teges wantah ( kang sabenere ). Tuladha: Njajah desa milang kori, tegese anggone nggoleki nganti nekani desa ngendi wae lan saben lawang dibukak. a. Paribasan ngisor iki tegesana, kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ! 1. Mikul dhuwur mendhem jero a. Saka enom tekan tuwa 2. Kuncung nganti gelung. b. Ngendelake kekuatane, kaluhurane, kapinterane 3. Anak polah bapa kepradhah. c. Sing bener lan sing salah bakal konangan 4. Adigang, adigung, adiguna. d. Entuk kabegjan sing gedhe banget 5. Becik ketitik ala ketara. e. Mburu barang sepele kelangan sing luwih gedhe 6. Adhang adhang tetesing embun f. Mung kanggo jaga jaga 7. Nglungguhi klasa gumelar. g. Polahe anak dadi tanggungane wong tuwane 8. Kejugrugan gunung menyan. h. Njunjung drajade wong tuwa
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 9 9. Mburu uceng kelangan deleg. i. Njagakake barang saoleh-olehe 10. Timun wungkuk jaga imbuh. j. Kari kepenak ora rekasa b. Salinana ukara ngisor iki manut unggah – ungguh kang trep ! 1. Bapak nganggo kathok dawa wernane ireng. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 2. Aku melu kemah suwene telung dina. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 3. Bapak anggone mangan rada akeh amarga ngelih. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 4. Aku diwenehi ibu banyu panas kanggo adus. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 5. Simbah nunggu aku bali saka kemah ana ngarepan. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 6. Sawise bali saka kemah aku banjur turu sedhela. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 7. Pancen melu kemah iku dadi aku bisa nggawe panganan. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 8. Ibu takon marang mbakyu kapan aku bali saka kemah. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 9. Sabubare kemah aku banjur lara rong dina. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 10. Bapak biyen isih cilik wis tau melu kemah. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. III. Unggah-ungguh basa Ndadekake basa Ngoko Lugu dadi basa Ngoko Alus. Tuladha: Bapak menehi aku wedang : Bapak maringi aku wedang. Aku menehi bapak wedang : Aku nyaosi bapak wedang. Bapak menehi simbah wedang : Bapak nyaosi simbah wedang. Simbah menehi bapak wedang : Simbah maringi bapak wedang.
10 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL GLADHEN Ukara ngisor iki dadekna basa Ngoko Alus kaya tuladha ndhuwur ! 1. Aku kandha marang bapak : …………………………………………………… Bapak kandha marang aku : …………………………………………………… Simbah kandha marang bapak : …………………………………………………… Bapak kandha marang simbah : …………………………………………………… 2. Budhe takon marang ibu : …………………………………………………… Ibu takon marang budhe : …………………………………………………… Pakdhe takon marang budhe : …………………………………………………… Budhe takon marang pakdhe : …………………………………………………… 3. Aku ngakon paklik : …………………………………………………… Paklik ngakon aku : …………………………………………………… Pakdhe ngakon paklik : …………………………………………………… Paklik ngakon pakdhe : …………………………………………………… 4. Ibu ngundang aku : …………………………………………………… Aku ngundang ibu : …………………………………………………… Ibu ngundang simbah : …………………………………………………… Simbah ngundang ibu : …………………………………………………… 5. Kangmas njupukake bulik buku : …………………………………………………… Bulik njupukake kangmas buku : …………………………………………………… Bulik njupukake simbah buku : …………………………………………………… Simbah njupukake bulik buku : …………………………………………………… IV. Nulis Aksara Jawa Angka Jawa Angka Jawa iku meh padha utawa padha karo carakan aksara Jawa lan panulisane ana paugerane dhewe. Dene wujude angka Jawa mangkene: 1 = 6 = 2 = 7 =
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 11 GLADH1,3EN 8 = 9 = 0 = 3 = 4 = 5 = Tuladha: 86: 159: 2740: Kanggo mbedakake huruf karo angka ditengeri ………… Angka Jawa ora kena dadi pasangan. Supaya ora dadi pasangan carane dipangku dhisik. Tuladha panulise : Tuku bayem 26 unting. : Sapine saiki sing urip 37. : Kembange kanthil 85 iket. : a. Tulisen nganggo aksara jawa ! 1. Pakdhe kagungan pitik 48. Wangsulan: ………………………………………………………………………………………... ………………………………………………………………………………………. 2. Panen pelem 39 kwintal. Wangsulan: ……………………………………………………………………………………….. ……………………………………………………………………………………… 3. Tanggap warsa sing kaping 52. Wangsulan: ……………………………………………………………………………………….. ……………………………………………………………………………………...
12 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL - - 4. Sasi Besar 1431 Hijriyah. Wangsulan: ………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………… 5. Tampi rapote 19 Juni sesuk. Wangsulan: ………………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………………… b. Wacanen aksara Jawa ngisor iki banjur tulisen aksara Latine! 1. Wangsulan: ……………………………………………………………………………… 2. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 3. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 4. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 5. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. V. Rura Basa Rura Basa tegese rusak, luput (salah). Rura Basa tegese basa sing luput, nanging yen dibenerake dadi katon ora lumrah. Mula, Rura Basa uga diarani tembung salah kaprah. Tuladha: nguleg sambel = nguleg lombok, uyah, trasi, lsp. supaya dadi sambel. nggodhog wedang = nggodhog banyu kanggo gawe wedang.
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 13 - - - menek klapa = menek wit klapa. ngenam klasa = ngenam mendhong / pandhan arep digawe klasa. dheplok gethuk = ndheplok godhogan tela supaya dadi gethuk. a. Golekana 10 tuladha rura basa banjur gawea ukara sing becik ! 1. ……………………………………………………………………………………………….. 2. ……………………………………………………………………………………………….. 3. ……………………………………………………………………………………………….. 4. ……………………………………………………………………………………………….. 5. ……………………………………………………………………………………………….. 6. ……………………………………………………………………………………………….. 7. ……………………………………………………………………………………………….. 8. ……………………………………………………………………………………………….. 9. ……………………………………………………………………………………………….. 10. ………………………………………………………………………………………………. b. Miliha panulisan tembung kang bener miturut EYD basa Jawa kanthi nyorek ngisore! 1. ndhudhuk sega / nduduk sega 6. tela mrambat / thela mrambat 2. nggodog suweg / nggodhog suweg 7. katok dawa / kathok dawa 3. gedhang kapok / gedang kapok 8. mentung tikus / menthung tikus 4. mendunge ireng / mendhunge ireng 9. tape kethan / tape ketan 5. kandel tipis / kandhel tipis 10. kethuthuk pacul / ketutuk pacul Ngajeni lan bekti marang bapa biyung iku minangka sangu lan simpenan ngamal ing akhirat
14 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL I. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi menehi tenger ping(X) ana ing aksara a. b. c. utawa d kang koanggep bener ! 1. Ing ngisor iki piwulang kang tinemu ana ing carita kutha semarang yaiku … . a. Dadi wong seneng tumindak ala c. Golek ngelmu ora kenal wektu b. Aja seneng rekasa d. Seneng golek ngelmu. 2. Kutha semarang ana ing tlatah jawa tengah. Kang ora kalebu dasanama Tlatah yaiku ... a. Kondhang c. Papan b. Laladan d. Wewengkon 3. Mbah Kamdi wasis nabuh gamelan. Tegese tembung wasis yaiku …. a. Wangsit c. Weruh b. Pinter d. Nduwe 4. Ing ngisor iki ukara kang migunakake basa ngoko alus ana ing …. a. Kabeh pakaryan omah wis dipasrahake dening Pandhan Arang b. Dheweke tetep manggon ing papan kono. c. Raden Made Pandan seda nalika putrane wis gedhe. d. Pandhan Arang nemu asem kang thukule arang arang 5. Gara gara ora ati ati bocah kae tiba njalari tekan patine. Pratelan ing dhuwur kaya dene paribasa kriwikan dadi grojogan sing tegese… . a. Ora gelem ati ati c. Kabeh sing ngalangi disingkiri b. Prekara cilik dadi gedhe d. Pagawean kang ditindakake terus 6. Mas, kowe aja nganti duwe lelaku kang adigang adigung adiguna ing samubarang papan. Paribasan kang kagaris miring duwe teges… . a. Wong kang pawehan c. Wong kang seneng tetulung b. Wong kang umuk (sombong) d. Wong kang sumeh 7. Met, bapakku saiki isih … kayu ana ing alas. a. Mbeta c. Ngasta b. Nggawa d. Nyangking 8. Dhik, mau awan Bu Camat isih … ana ing garep kecamatan. a. Ngadeg c. Njejejer UJI KOMPETENSI1
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 15 . b. Jumeneng d. Jenengan 9. Ing ngisor iki Budhe … ana ing pawon. a. Ngelan c. Nyayur b. Njangan d. Ngolah-olah 10. Ukara ing ngisor iki kang migunakake rurabasa ana ing ukara… . a. Bapak saiki diaturi tindak rapat c. Bocah kuwi gedhe sirahe b. Polahe adhik anteng kitiran d. Aku bisa ngenam klasa 11. Amarga ana dhayoh teka, simbah age-age wungu. Tembung kacithak kandel tegese … . a. Metu c. Mulane b. Banjur d. Cepet-cepet 12. Muga Allah tansah paring kasarasan kagem bapak lan ibuku ing dalem. Kasarasan tegese… . a. Keslametan c. Nindaki b. Mbudidaya d. Kesehatan 13. Panulisan aksara jawa kasebut unine …. a. Aku mbeta kubis 17 bagor c. Aku nggawa kubis 71 bagor b. Aku nggawa kubis 17 bagor d. Aku ngasta kubis 17 bagor 14. Aksara Jawa kiwa iki macane …. a. Nduwe sambel c. Duliti sambel b. Nduruti gawe sambel d. Ana njupuk sambel 15. Carita legenda iku nyaritakake… . a. Asal usul papan panggonan c. Cerita jaman biyen sing ora nyata kedadean b. Kang ana gegayutane karo alam ghaib d. Prasatawa jaman saiki sing nyata kedadean 16. Ing ngisor kalebu carita legenda… . a. Kidang karo kancil, Gunung Merap c. Candi Borobudur, Rawa Pening b. Malin Kundhang, Keong mas d. Nyi Blorong, Jaka Tarub 17. Ing jaman biyen cerita legenda kasebarake lumantar… . a. Media cetak c. Media sosial b. Media tulis d. Media lisan
16 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 18. Ing ngisor iki ora kalebu carane nulis legenda… . a. Nemtokake tema lan irah-irahan c. Gawe cengkorongan luwih dhisik b. Nemtokake paraga cerita d. Nyiapake ragad kanggo nulis carita 19. Aksara jawa, tembang-tembang jawa,kesenian lan aset aset budaya liyane kudu tetep dipepetri amrih bisa maju. Dipepetri tegese... a. Dilombakake c. Dilestarekake b. Ditonton d. Disimpen 20. Panulisan ejaan kang bener ing ukara ngisor iki yaiku... a. Pakde lunga menyang kutha karo adik. c. Mas, kowe sido metuk jam pira? b. Koncoku Dino mengko arep metuk aku. d. Amargo tiba, aku banjor priksa dokter. II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki kanthi bener! 1. Basa sing salah kaprah uga diarani …. 2. Melu seneng seneng ora gelem cawe-cawe. Paribasane ukara kasebut yaiku… . 3. Wong iku nunggu putrane nganti kuncung tekan gelung. Paribasa kang kagaris miring tegese… . 4. Kangmas nandangi pagawean iku. Tegese tembung kang kacithak miring yaiku …. 5. Bacutna tembung rura basa iki: Ibu ngenam … . 6. Salinana nganggo aksara Jawa! Lunga menyang desa : … . 7. Aksara Jawa kiwa iki unine … . 8. Mbakyu ora sida bali amrga udan deres. Basa krama aluse yaiku … . 9. Pakdhe kowe wingi lunga saka ngendi?. unggah-ungguh kang bener ukara ing dhuwur yaiku… . 10. Adik mentong tikos ngangga utek gedi. Ukara kasebut benerna panulisane… . III. Wangsulana pitakonan ngisor iki cekak aos! 1. Sebutna tuladha cerita legenda kang kondhang sing kongerteni ! Wangsulana:………………………………………………………………………………
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 17 2. Ukara ing ngisor iki owahana nganggo basa krama ! a. “Budhe, saiki aku karo adhiku arep mara menyang omahe pak guru”. b. “Pak guru kowe mau ngomong apa, aku ora krungu !” Wangsulana:……………………………………………………………………………… 3. Benerna tulisan luput iki : Aku thuru dewekan nganthi dhurung thangi. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 4. Salinana basa krama : Nalika aku mulih sekolah, simbah wis tangi anggone turu. Wangsulan:………………………………………………………………………………... 5. Salinana aksara Jawa: Mbunteli klepon legi. Wangsulan:………………………………………………………………………………… BIJI :
18 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Kompetensi Dasar Menelaah teks piwulang serat Wulangreh pupuh Gambuh Indikator : Menjelaskan pauageran tembang macapat Gambuh Membaca teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh gambuh Mengartikan kata-kata yang diaggap sulit Menjawab pertanyaan tentang isi teksPiwulang (Serat Wulangreh pupuh Gambuh) Menemuka amanat teks tembang macapat Gambuh A. Nliti Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Ana perangan iki mengko kowe bakal nyinau bab tembang Gambuh kang dijupuk saka Serat Wulangreh. Ing kono kowe kudu bisa nembang kanthi bener, nggoleki piwulang becik kang ana ing sajroning tembang uga bisa ngandharake ing ngarep kelas !Sanajan kayata angel nanging sejatine tembang macapat iku yen digladhi kanthi temen, suwening suwe bakal bisa mangerteni lan mudheng marang tembang saengga sing diajap siswa bisa nembang lan bisa nggancarake tembang. Ing ngsior iki bakal diandharake tembang Gambuh saka Serat Wulangreh, mangga diwaca, ditembangake lan sinaunen ! WULANGAN 2 TEKS PIWULANG SERAT WULANGREH PUPUH TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelaskan tentang tembang macapat Gambuh 2. Menjelaskana paugeran tembang macapat 3. Menjelaskan kata kata pendek di dalam tembang Gambuh 4. Melagukan dan mengerti isi dan maksud tembang macapat Gambuh 5. Memahami tembung rangkep, ukara tanduk lan ukara tanggap 6. Memahami jenis jenis layang 7. Memahami salah satu kawruh basa PENGETAHUAN
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 19 GLADHEN Tembang macapat iku nduweni paugeran-paugeran sing jenenge guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Katrangan kang ana gegayutane karo tembang macapat antarane : 1. Pupuh : Kumpulane pada ( paragraf) 2. Pada : kumpulane gatra kang mangun sawijining tembang macapat 3. Guru gatra : Cacahing larik / gatra ing tembang macapat 4. Guru wilangan: cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra 5. Guru lagu : Tibaning swara a,i,e,u,o ing pungkasaning gatra. a. Tegesana tembung-tembung ngisor iki ! 1. Sekar : …………………. 2. Catur : ………………….. 3. Polah : ………………….. GAMBUH Sekar Gambuh ping catur Kang cinatur polah kang kalantur Tan patutur katula tula- katali Ka daluwarsa katutuh Kapatuh pan dadi awon Aja nganti kabanjur, Barang polah ingkang nora jujur, Yen kebanjur sayekti kojur tan becik, Becik ngupayaa iku, Pitutur ingkang sayektos. Tutur bener puniku sayektine apantes tiniru nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo
20 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 4. Kalantur : ………………….. . 5. Tanpa tutur : …………………... 6. Katula-tula : ………………….. . 7. Kebanjur : …………………... 8. Sayekti : …………………... 9. Nora becik : …………………... 10. Ngupaya : …………………... 11. Tiniru : …………………... 12. Sudra pepeki : …………………... 13. Muruk : …………………... 14. Pantes : …………………... 15. Gambuh : …………………... b. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi patitis ! 1. Tembang macapat ing dhuwur dijupuk saka sumber ? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 2. Tembang Gambuh ing dhuwur kedadean saka pirang gatra, pirang pada ? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 3. Ing gatra kapisan, tulisna guru lagune lan ana pira guru wilangane ! Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 4. Kepriye akibate yen polah iku wis kalantur ? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 5. Tulisna 2 nilai amanat sing ko ngerteni saka tembang ing dhuwur ! Wangsulan: ………………………………………………………………………………..
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 21 GLADHEN Negesi Tembung Isenana ceceg ceceg ing ngisor kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih tengen ! 1. Tembang macapat ing dhuwur kadadean saka ....pada 2. Kang cinatur polah kang... . 3. Pitutur bener iku kudune... . 4. Becik bener iku pitutur ingkang... . 5. Cacahing wanda saben sagatra diarani... . 6. Tembang macapat Gambuh duweni. ..gatra 7. Polah kang tanpa tutur bakal katula-tula... . 8. Tumindak kang kebanjur ndadekake... . 9. Kumpulane gatra ing sawijining tembang macapat diarani... . 10. Watake tembang Gambuh yaiku... I. Tembung Rangkep Isenana ceceg – ceceg ngisor iki nganggo tembung rangkep kang trep kanthi milih ing tengene! 1. Mas aja . . . .kondur a. isin - isin 2. Ibu tindak pasar mundhut . . . . b. mangar - mangar 3. Sing durung mudheng wulangan iki matura aja . . . . c. kelap - kelip 4. Awan – awan ngene mbok aja panasan, kuwi raimu abang . . . . d. kolang kaling 5. Peleme diopek sing . . . ya aja sing pentil. e. dol - dolane 6. Sing . . . ana sawah kae kunang apa lampu? f. kala – kala 7. Bebek kuru ngene paling . . . mung selawe ewu. g. gedhi - gedhi 8. . . . kuwi menawa kepidak mesthi banjur meneng. h. ngguya - ngguyu 9. Dhahar sate iku apik nek mung . . . . wae nanging aja kekerepen. i. orong - orong 10. Sapa ta sing . . . kae kok sajak lagi bungah atine. j. suwe - suwe k. enggal -enggal - Ditiru - Guru wilangan - Kalantur - 3 - 7 - Katali - Awon - Pada - Rumaket - Kojur
22 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL GLADHEN II. Ukara Tanduk lan Ukara Tanggap 1. Ukara Tanduk ( kalimat aktif ) yaiku ukara kang nuduhake jejere ( subjek ) dadi punjere ( sentral ) lan nindakake pagawean. Tuladha : Farida maca buku, Syahri nyapu latar. 2. Ukara Tanggap ( kalimat pasif ) yaiku ukara kang nuduhake lesane ( objek ) dadi punjere (sentral ) lan nandang utawa dikenani pagawean. Tuladha : Buku diwaca Farida, Latar disapu Syahri. Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap utawa ukara tanduk! 1. Syamsudin nggawa kebo ning sawah. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 2. Wakingah ngresiki jogan omah. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 3. Kayu digeret Faturrohman nganggo tali. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 4. Ilham nyembelih pitik telu. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 5. Temboke dicet Rohman. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 6. Bu Hilda maringi garapan P-R. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 7. Krambil dislumbati Kadir. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 8. Klambi abang dijerengi Fitri. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 9. Choirul Asni medhaki adhik nganggo pupur. Wangsulan:………………………………………………………………………………… 10. Tape tela dipepe Rohim ning buri omah. Wangsulan:…………………………………………………………………………………
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 23 Kompetensi Dasar : Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Gambuh dengan ragam krama. Indikator Membaca teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh Mendiskusikan nasihat yang terdapat teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh Menuliskan isi teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh Memberikan tanggapan atau komentar secara tertulis tentang pokok-pokok isi teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh Menyampaikan tanggapan secara lisan terhadap isi teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh B. Nanggapi Tembang Macapat Gambuh Ana ing perangan iki siswa bisa nyinaoni nembang lan mangerteni isine tembang macapat. Sawise mangerteni isene tembang siswa bisa ngowahi dadi gancaran. Apa iku gancaran?. Gancaran uga kerep diarani prosa, utawa sawijining karangan kang ora kaiket dening aturan tertemtu. Beda kaya tembang macapat kang duweni paugeran kang baku kayata guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Coba Tembang macapat ing ngisor iki tembangna ing ngarep kelas ! Gambuh, Pl. Nem Ing ngisor iki ana tabel siswa kari menehi tanggapan manut panemune dhewe. Sanadyan mangkono tetep dijumbuhake karo surasane tembang Gambuh. KETRAMPILAN 2 Se 6 3 - kar 5 5 - Gam - 3 - na6 2 5 5 3 5 6 buh - ping - ca - tur 2 3 5 5 3 56 Kang- ci tur - po - lah - kang- ka - lan - tur 2 1 12 2 2 2 2 ka 3 2 tu 1 2 2 3 1 6 5 Tan - pa - tu - tur - 1 la – tu la ka ta li 2 3 Ka - da - lu - war - sa- ka- tu- tuh 3 5 5 5 3 2 3 1 2 Ka - pa - tuh – pan - da - di - a - won
24 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL No Isi Tanggapanmu 1 Kang diomongake sakarepe dhewe Menawa micara sakarepe dhewe iku kalebu tumidak kang ora bener,bisa ngrugekake awake dhewe lan wong liyane. 2 ................................. ......................................................................................... 3 ................................. ......................................................................................... 4 ................................. ......................................................................................... I. Unggah Ungguh Basa Ing madyaning pasrawungan iku supaya bisa ditampa dening masarakat, prayogane bisa ngetrapake tatakrama lan unggah-ungguh. Amarga bab kasebut wigati banget , kadhangkala ana wong kang tumindak becik nanging anggone micara ora bisa nggunakake unggah- ungguh kang trep. Utawa sawalike ana wong unggah-ungguhe becik nanging tatakramane babagan subasita kurang becik / prayoga. Dadi bisa dicethakake menawa tata kramalan unggah-ungguh iku ora bisa dipisahake siji-lan sijine. Mula ing kene supaya ngerti lan duweni unggah-unggah kang becik siswa kudu sinau bab micara. Siswa bisa micara migunakake basa krama kanthi trep gumantung marang sapa sing diadhepi. Ing ngisor iki bakal diterangke basa krama miturut undha usuking basa. Basa Krama kaperang dadi 2 : 1. Basa krama lugu utawa krama madya Basa iki digunake nalika : a. Micara marang wong enom sing dikurmati, utawa marang wong kang luwih enom umure lan durung rumaket / durung kenal. Tuladha ukara : Mas, sampeyan griyanipun pundi?” Dhik, sakitipun menapa sampun mantun ?”
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 25 b. Micara marang wong kang luwih tuwa umure utawa marang wong enom kang wis duweni semat/pangkat lan kalungguhan nanging ngomogake awake dhewe utawa wong enom liyane. Tuladha : “Pak , kula badhe kesah dhateng griyanipun kanca kula” : “Adhik wau sasampunipun adus lajeng tilem, Bu “ Basa krama lugu iki kalebu basa krama kang tatarane tengah – tengah tegese. Mula biasa diarani krama madya.Wondene titikane krama lugu/ krama madya antarane yaiku : marang sapadha-padha kang durung pati kulina mbasakake awake dhewe mbasakake barang / kewan 2. Basa krama alus utawa krama inggil Basa iki digunakake nalika : a. Micara marang wong kang luwih tuwa umure utawa marang wong enom kang wis duweni semat/pangkat lan kalungguhan. Basa iki kalebu paling dhuwur utawa alus dhewe tatarane. Bedane antarane krama alus lan krama inggil iki bisa dititeni ing ngendi anggone ngecakake. Menawa krama inggil lumrahe digunakake /dicakake ana ing pasamuan/pertemuan kang resmi kayata acara pahargyan mantenan, supitan,sukuran lan liya-liyane,wondene krama alus digunakake ing pasrawungan padinan. Tuladha “Pakdhe, mangga dipundhahar lan ngunjuk menika pasugatanipun!” : “ Pak guru menapa panjenengan sampun pirsa kabar menika ?” Cak-cakane krama alus/krama inggil yaiku : anak marang wong tuwa murid marang guru wong enom marang wong tuwa andhahan marang pimpinan abdi marang bendara padha-padha priyayi
26 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Gladhen ! a. Ing ngisor iki dicawisake tuladha cak-cake basa krama lugu /madya lan krama alus / krama inggil mangga siswa bisa nyinaoni lan nggarap gladhene ! No Basa Ngoko Basa Krama Lugu / Krama Madya Basa Krama Alus / Krama Inggil 1 Mangan Nedha dhahar 2 Ngombe Nginum ngunjuk 3 Lunga ... tindak 4 Mulih Wangsul ... 5 Nekani ndhatengi ... 6 Mara ... sowan, rawuh 7 Turu ... sare 8 Tangi Tangi ... 9 ... Tumbas mundhut 10 Ngerti ... pirsa, priksa 11 Weruh Sumerep ... 12 nonton, ndeleng ... mirsani 13 ... nyukakaken nyaosaken, maringaken 14 Ngedusi ... 15 Nggawakake ngastakaken 16 Nganggo ... ngagem 17 ... dipunpendhet dipunpundhut 18 Diterake dipundugekaken ... 19 Mari ... dhangan 20 Duwe Gadhah ... b. Mbenerake unggah-ungguh ing sajroning micara Tuladha : Bapak samenika taksih (ngeterake) simbah dhateng peken (tuku )bumbon. Bapak samenika taksih (dherekakaken ) simbah dhateng peken (mundhut)bumbon Ukara ukara ing ngisor iki garapen kaya tuladha ing dhuwur ! 1. Ibu kula samenika taksih nukokake jajan kanggo adhik ingkang taksih alit. ....................................................................................................................
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 27 2. “Bu, kula badhe (ngomong) kaliyan (kowe )amargi wonten bab ingkang wigati sanget “. ................................................................................................................... 3. “Pak, amargi weteng kula kraos (lara), kula nyuwun idin badhe (mulih) rumiyin “ .................................................................................................................... 4. “Mbah bathikipun sampun ( kowe ) (anggo) dereng ?” .................................................................................................................... 5. “Bu, nuwun sewu menapa leres ( klambi ) menika (duwekmu )?” ................................................................................................................... 6. “Pak, panjenengan siyos badhe (lunga) (numpak) menapa ?” .................................................................................................................... 7. Mas, saderengipun ( ngedusi ) adhik kula (dikongkon) bapak sinau rumiyin” ................................................................................................................... 8. “amargi kanca kula dereng (teka ), kula badhe (nggawe ) (wedang) rumiyin. ................................................................................................................... 9. “Pak, dinten menika Pak Guru badhe (teka) mriki kaliyan ( bojone )” .................................................................................................................... 10. Kula kesupen boten (nggawa) buku ( duweke ) Rani kancakula . .................................................................................................................... b. Coba tembung tembung ing ngisor iki rangkepna dadi ukara kang trep adhedhasar unggah-unggah basa ! 1. taksih- tumbas – toko- buku-ing-k 2. sekolah - –sakit- amargi - kula - boten- taksih - mlebet 3. menawi -dereng - dhangan - Budhe - gerahipun- simbah - sampun - pirsa 4. sawer- ibu-ing-kamar – sare- taksih menawi. 5. Ngendika- simbah-dipundhawuhi-kula-ndugekaken –supados – adhik- dhateng-kesahpeken. 6. Ibu- unjukan- Shinta- ngersakaken-anget – menawi7. sekolah - samenika- adik - wangsul – dereng 8. Mas Bayu- nedha- ningali- pisang- taksih- tv- sinambi 9. Adhik- arta - pakde- dipunparingi- minggu- kepengker- kathah 10. Gadhah- kula-menda- tiga- cacahipun II. Jinising Layang Golekana jinising layang kanthi milih ing ngisore! 1. Layang kang isine bab kedhinesan kang dikirimake saka instansi kang magepokan karo Pamarentahan, diarani . . . .
28 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 2. Layang sesuwek kang isine cekak aos kanggo nyumurupi diarani . . . . 3. Layang kiriman kang isine magepokan karo pribadine kang dikirimi diarani . . . . 4. Layang kang diubengake marang sapa wae ( serkiler ) supaya kabeh ngerti arane . . . . 5. Layang kang ngemot pawarta werna – werna kang nembe kelakon arane . . . . 6. Layang kang surasane kabar kesripahan diarani . . . . 7. Layang kang isine kanggo netepake utawa pikuwat kaya SK diarani . . . . 8. Layang kang isine bab wangsulan sabubare tampa diarani . . . . 9. Layang kang isine aweh weruh sarta nyuruhi supaya teka diarani . . . . 10. Buku kang ngemot sejarah campur dongeng diarani . . . . Pilihane: a. Layang kitir f. Layang kekancingan b. Layang ideran g. Layang ulem c. Layang kabar h. Layang piwales d. Layang lelayu i. Layang dhines e. Layang Babad j. Layang iber – iber III. Kawruh Basa: Isenana ceceg- ceceg ngisor iki kanthi milih pilihan kang bener ing sisih tengen ! 1. Papan kanggo njaga kampung supaya aman arane . . . . a. senthong 2. Papan kanggo wadhah rokok arane . . . . b. gerdhu 3. Papan kanggo mapan turu ana ing njero omah arane . . . . c. slepen 4. Papan kanggo ngguwang jenasah ing pewayangan arane . . . . d. krangkeng 5. Papan kanggo nggolek ngelmu agama Islam arane . . . . e. pendhapa 6. Papan kanggo kandhang pitik arane . . . . f. padasan 7. Papan kanggo nemoni para tamu ana ing ngarep arane . . . . g. pondhok 8. Papan kanggo nyimpen beras arane . . . . h. pasetran 9. Papan kanggo wadhah banyu kanggo wudhu arane . . . . i. padaringan 10. Papan kanggo kandhang kewan galak dipageri wesi arane . . . . j. pranji Alusing atur lan budi marang wong tuwa minangka wajibing para putra
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 29 I. Wangsulana pitakonan ngisor iki kanthi menehi tenger ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep bener! 1. Ing ngisor iki tembang macapat sing duweni 4 gatra yaiku… . a. Gambuh, Sinom c. Maskumambang, Gambuh b. Megatruh, Mijil d. Gambuh, Megatruh Kanggo nggarap no 2-4 Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tanpa tutur katula tula katali kadaluarsa katutuh kapatuh pan dadi awon 2. Tembung kalantur ing dhuwur duweni teges… . a. Kebablasen c. Tumindak b. Seneng d. Kadhung 3. Guru wilangan lan guru lagu gatra katelu tembang ing dhuwur yaiku… . a. 12 a c. 11 i b. 12 I d. 10 i 4. Tembang ing dhuwur kedadean saka… . a. Sagatra c. Sapada b. Sapupuh d. Sawanda 5 Ukara kang nuduhake jejere dadi punjere lan nindakake pagawean diarani …. a. Ukara tanggap c. Ukara tanduk b. Ukara pitakon d. Ukara pakon 6. Ing ngisor iki ngendi kang kalebu ukara tanduk yaiku… . a. Ibu methiki kangkung. c. Bapak didhawuhi pak lurah. b. Mbakyu didherekke adhik. d. Menthog disembeleh Fadli. 7. Ukara ing ngisor iki kalebu tuladha ukara tanggap yaiku… . a. Budi mangan soto c. Tanggaku kerja durung mulih b. Adhik isih turu d. Segane dipangan pitik 8. Bayem dipethiki budhe. Ukara kasebut kalebu ukara … . a. Ukara pitakon c. Ukara pitakon b. Ukara tanduk d. Ukara tanggap UJI KOMPETENSI 2
30 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 9. Layang kang isine aweh weruh sarta nyuwun supaya teka diarani… . a. Layang iber-iber c. Layang dhines b. Layang ulem d. Layang kabar 10. Kedadean kuwi wis limang sasi kepungkur. Tegese tembung kepungkur yaiku …. a. Sing durung tekan c. Sing arep teka b. Sing wis kliwat d. Ngepasi 11. Ibu … ana ing njaba. a. Lungguh c. Njagong b. Lungguhan d. Lenggah 12. Papan kanggo papan wundhu diarani… . a. Padasan c. Padaringan b. Padusan d. Pasiraman 13. Bapak takon marang aku. Ukara kasebut basa krama aluse yaiku… . a. Bapak mundhut pirsa dhateng kula. c. Bapak nyuwun pirsa dhateng kula. b. Bapak tanglet dhateng kula d. Bapak taken dhateng kula 14. Ukara ing ngisor kang nuduhake ukara tanggap yaiku… . a. Budi mangan tela c. Ibu masak tela akeh banget b. Telane dientekake adhine Budi d. Bapak mundhut tela 15. Ukara ing ngisor iki kang nuduhake ukara tanduk yaiku… . a. Mas, bakpaone wis kopangan? c. Kathoke wis dianggo kancaku b. Aku njupuk buku gambar d. Manuke bapak wis ditokake 16. Layang kang surasane kabar kesripahan diarani… . a. Layang iber-iber c. Layang sripahan b. Layang ulem d. Layang sedhahan 17. Papan kanggo nemoni para tamu ana ing ngarep arane… a. Pendhapa c. Padharingan b. Gardhu d. Kantor 18. “Mas, mbok aja… kondur didhahar dhisik iku dhaharane ?” Tembung rangkep kang mathuk kanggo ngisi ukara ing dhuwur yaiku… . a. Kesesa c. Enggal-enggal b. Cekat ceket d. Mangga-mangga 19. “Pak guru, aku nyuwun ijin arep mulih !” Menawa matur marang bapak guru prayogane… . a. “Pak guru kula idin nggih badhe kondur b. “Pak guru, kula idin nggih badhe mulih!” c. Pak guru kula nyuwun idin badhe kondur!” d. Pak guru kula nyuwun idin badhe wangsul !”
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 31 20. Nalika kula wangsul sekolah, kula … bapak taksih dhahar ing wande. Tembung kang trep miturut unggah-ungguh kanggo nerusake ukara ing dhuwur yaiku… . a. Weruh c. Sumerep b. Ningali d. Pirsa II. Isenana ceceg-ceceg ngisor iki kanthi bener! 1. Paugeran tembang macarap kang nerangake cacahing wanda saben sagatra diarani …. 2. Kajaba Gambuh tembang macapat sing duweni gatra 5 larik yaiku te mbang… . 3. Becik ngupayaa iku, cakepan kasebut duweni guru wilangan lan guru lagu… . 4. Gardhu iku papan kanggo …. 5. Gawea ukara tanduk ukara iki : Peleme dipangan adhik … . 6. Masku mau esuk nggawa buku akeh banget, ukara kasebut kalebu ukara … . 7. Aksara Jawa kiwa iki unine … . 8. Pak, kowe mulih jam pira. Basa krama aluse yaiku … . 9. Pakdhe, ngapurane ya kowe sida mulih ora? Unggah-ungguh kang bener ukara ing dhuwur yaiku… . 10. Layang iber iber iku uga diarani layang… . III. Wangsulana pitakonan ngisor iki cekak aos! 1. Sebutna apa wae lan terangna paugerane tembang macapat ! Wangsulana:……………………………………………………………………………... 2. Tegesana tembung tembung ing ngisor iki ! a. Senthong b. Krangkeng Wangsulana:……………………………………………………………………………… 3. “Coba kepriye yen matur marang bu guru, nalika kowe arep takon siwa mulih jam pira “ Wangsulan:……………………………………………………………………………… 4. Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanduk ! Gedhange simbah sida dituku bakul mau awan. Wangsulan:……………………………………………………………………………… 5. Tulisna tuladha ukara tanggap bab pasinaon ing kelas ! Wangsulan:………………………………………………………………………………
32 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL WULANGAN III TEKS BERITA TEKS BERITA Kompetensi Dasar : Memahami isi teks berita Indikator : Memahami dan mendengarkan teks berita. Mencatat kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam berita. Menjawab pertanyaan tentang isi berita dalam ragam krama. Menceritakan isi berita yang didengar. Membaca teks berita. Mencari unsur-unsur berita 5 W dan 1 H yang terdapat dalam berita Menuliskan pokok-pokok isi berita. A. Mangerteni Tegese Pawarta Urip ing alam donya iki ora bisa uwal saka jenenge pawarta. Amarga kanthi anane pawarta utawa berita bisa nambahi kawruh lan seserepan tumrap wong sing maca utawa ngrungokake. Apa ta sing diarani pawarta iku?. Pawarta yaiku cathetan kedadean utawa pastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing maneka warna medhia. Pawarta iku bisa disebarake lumantar media langsung utawa face to face antarane yaiku: 1. Medhia cetak; kalawarti utawa majalah lan ariwarti utawa koran 2. Medhia elektronik ; radio lan tv, 3. Medhia internet, WULANGAN 3 TUJUAN PEMBELAJARAN Diharapkan siswa dapat : 1. Menjelaskan devinisi pawarta 2. Menyebutkan hal hal yang diperhatikan dalam menyampaiakan pawarta 3. Membaca contoh pawarta dan mengetahui isinya 4. Mengartikan kata-kata sukar dalam bacaan 5. Menjawab pertanyaan yang berkaitan dengan isi bacaan 6. Mengidentifikasi bahasa yang digunakan. 7. Menyebutkan Wujud Ukara dan memberikan contohnya. 8. Menjelaskan salah contoh kawruh basa 9. Berbicara menggunakan krama alus PENGETAHUAN
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 33 CORANA VIRUS DISEASE – 19 4. Medhia sosial; facebook, intagram,WA lan liya-liyane. Paraga kang pakaryane nyebarake pawarta iku diarani wartawan dene reporter iku salah sawijining jabatan wartawan kang pakaryane ngliput / golek pawarta ing lapangan lan nglapurake marang publik kanthi bentuk tulisan utawa lumantar medhia. Ing ngisor iki bab bab kang prelu digatekake nalika arep nulis utawa nyebar pawarta antarane yaiku : 1. Pawarta iku kudu bener isine tegese ora ngapusi utawa hoax 2. Wose pawarta isih anget, anyar utawa aktual. 3. Ora nyebarake bab alaning wong liya, yen kepeksa nyebut gunakake nganggo inisial. 4. Ditulis kanthi tetembungan lan ukara kang becik 5. Basane gampang dingerteni utawa komunikatif. 6. Anggone nulis utawa nyebarake dikantheni dina, tanggal utawa taun 7. Lsp Wondene carane macakake pawarta yaiku : 1. Pambukaning maca teks kanthi salam lan nerangake namane. 2. Paraga awak ora kakehan obah 3. Ulat disawang katon nyengsemake 4. Teks kang diwaca cetha 5. Anggone macakake intonasi lagu trep lan kepenak dirungkake. I. Ing ngisor iki siswa bakal dicawisake wacan pawarta kang wektu samono dadi pawarta kang viral banget. Mangga bisa diwaca kanthi premati ! CORONA VIRUS DISEASE - 19 Jakarta-Virus corona 19 iki ditemokake ing Wuhan, China ing pungkasaning taun 2019. Miturut pawarta saka CNN (15/4/2020) ngandharake virus iki wis nginfeksi kurang luwih 2.016. 861 jiwa ing 210 negara sadonya kanthi angka kepaten kecathet jiwa. Kasus positif COVID -19 iki paling akeh dumadi negara Amerika Serikat
34 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL GLADHEN kang nyathet kepaten 26.064 jiwa. Ing negara Pamamsam iki kurang luwih 30% saka kasus corona virus sadonya. Wondene ing negara Eropa kayata Italia kepaten cacah 21.607 kurban jiwa ,Spanyol kepaten 18.579 kurban, Perancis, India mangkono data saka WHO (World Health Organitations) Virus iki sumebare cepet banget bisa lumantar kontak langsung utawa interaksi sosial. Uga bisa lumantar droplet utawa cipratan, tetesan nalika wong sing lara mau kena watuk, flu. Virus iki bisa nular lumantar tangan utawa barang barang kang nembe digocek. Ing Indonesia pandemi virus corona sing positif kena cacahing meh ngancik angka 4000 wong, wondene sing wis mari 341 wong , sing mati ana 459 wong. Virus iki wis sumeber ing saindenging nuswantara kang sing paling akeh bisa ditemokake ing tlatah Jakarta. Mula saka iku pamerintah Indonesia mratelakake menawa virus corona iki mbebayani banget tumrah kesehatane masarakat. Kanggo ngawekani lan ngurangi tibaning kurban, Pemerintah banjur mundhut langkah cepet antarane yaiku kegiatan sekolah dipreikake gantine pasinaon online ing omah, para pegawi uga padha kerja ing omah utawa WFH (work from home), nengeri tandha-tanda marang sapa wae sing bisa kena virus iki kayata wong teka saka luar kutha diarani ODP utawa orang dalam pantauan, wong sing wis nduweni tandha tandha kena virus iki diarani PDP utawa pasien dalam pantauan. Kajaba iku pamerintah maringi kebijakan tumrap rakyate supaya bareng bareng saiya saika kapti menawa lelungan ngulinakake nganggo masker, wisuh nganggo sabun, ing omah wae (stay at home) ora prelu lunga lunga yen ora penting, jaga jarak kurang luwih 1 meter ( phsycal distance) lan ora nindakake patemon punjul saka wong 10 ( social distance). Mangga para pamaca kabeh bareng bareng dedonga muga muga bencana biologis iki enggal purna ing bumi pertiwi Indonesia kepara malah ing donya satemah manungsa padha bisa urip kanthi ayem tentrem lan tansaya mempeng anggone ngibadah marang Gusti kang Maha Kuwasa, aamiin. Golekana tegese tetembungan ing ngisor iki kanthi milih pilihan wangsulan kang wis kacawisake ! 1. Pungkasan :….. 2. Dumadi :….. 3. Lumantar :…..
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 35 Tembung tembung ing ngisor iki owahana nganggo basa krama ! 1. Ditemokake : ................................... 2. Ngandharake : ................................... 3. Kurang luwih : ................................... 4. Sumebare : ................................... 5. Cepet banget : ................................... 6. Wis mari : ................................... 7. Sing paling akeh : ................................... 8. padha kerja : ................................... 9. Bisa urip : ................................... 10. Anggone : ................................... Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Apa sing kongerteni bab corona virus 19 ! Wangsulan :…………………………………………………………………… :…………………………………………………………………… 2. Apa sing diandharake CNN ing tanggal 14 april 2020 ? Wangsulan :…………………………………………………………………… :…………………………………………………………………… 3. Kepriye cara panularane sumebare covid -19 iku marang manungsa ! Wangsulan :…………………………………………………………………… :…………………………………………………………………… a. rampung k. kutha b. diterangke l. mangerteni c. dhaerah m. lekas d. njelasake e. lantaran f. keri g. medeni h. kumpul-kumpul i. kabeh j. kedadean 4. Saindhenging :….. 5. Diandharake :….. 6. Tlatah :….. 7. Mratelakake :….. 8. Mbebayani :….. 9. Patemon :….. 10. Purna :…..
36 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 4. Apa sing dijaluk dening panulis saka pamaca ? Wangsulan :…………………………………………………………………… :…………………………………………………………………… 5. Apa kang dipratelakake pamerintah Indonesia ngengingi sumebare virus 19 ? Wangsulan :…………………………………………………………………… :…………………………………………………………………… Coba tulisna wosing carita ing dhuwur , banjur terangna maneh ing ngarep kelas ringkesing carita wacana ing dhuwur migunakake basa kang becik ! ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... ............................................................................................................................................... Basa kramakna lugu tetembungan ing ngisor iki ! 1. Kurang luwih cacahe akeh banget : …………………………………………… 2. Mula saka iku padha ngati ati : …………………………………………… 3. Bisa ditemokake ing ngendi wae : …………………………………………… 4. Luwih apik yen kerja ing omah : …………………………………………... 5. Sapa wae bisa kena : …………………………………………… 6. Supaya bareng bareng njaga : …………………………………………… 7. Wis nduweni : …………………………………………… 8. Wong sing teka : …………………………………………… 9. Menawa lelungan nganggo masker : …………………………………………… 10. Padha bisa urip kepenak : ……………………………………………
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 37 Miliha tulisan kang bener miturut EYD basa Jawa kanthi nyorek ngisore! 1. mlakuwa / mlakua 6. baliya / balia 2. majuwa / majua 7. tangia / tangiya 3. nganggoa / nganggowa 8. ngajiya / ngajia 4. tukua / tukuwa 9. dadia / dadiya 5. nyapuwa / nyapua 10. sadean / sadeyan II. Watake Wayang 1. Watake manut jinise: - Satriya : watake alus, luhur budine, dhemen tetulung. - Buta : watake kasar, sawenang – wenang, gumedhe. - Kethek: watake wik – wikan, wira – wiri. 2. Watake manut wernane: - Abang : watake kendel. - Kuning, ireng, putih: watake suci - Biru : watake jirih utawa wedian 3. Watake manut solahe: - Ndhingkluk : watake sabar lan tansah waspada - Ndengangak : watake brangasan, gampang nesu - Mendelik : watake galak
38 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Kompetensi Dasar : Menulis dan membacakan teks berita. Indikator : Membaca dalam hati contoh teks berita Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang teks berita. Menulis ringkasan teks berita Menyusun kerangka teks berita Mengembangkan kerangka teks berita menjadi berita media elektronik. Menulis teks berita radio B. Nyemak pawarta kang digiyarake lumantar medhia elektronik Sawise mangerteni carane nulis pawarta kang wis katerangake materi ing ngarep, siswa bisa nyemak tuladha teks pawarta ing ngisor iki banjur siswa bisa nanggapi bab isine pawarta lan bisa mangsuli pitakon-pitakone. Assalamu’alaikum Wr. Wb. Nuwun, Sugeng enjang para pamiyarsa lan para sutresna basa Jawi, sugeng pepanggihan malih kaliyan giyaran pawartos basa Jawi lumantar radhio Al Maulana FM. Kaleres samenika dinten Setu Pon surya kaping 12 November 2022. Kula pun Indra Subekti ajeng ngaturaken pawartos ingkang sampun karantam saha karacik dening kadang-kadang redhaksi. Para pamiyarsa ingkang kula tresnani, Bapak gubernur tigang provinsi inggih menika provinsi Jawa Tengah, provinsi Jawa Timur, saha provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta sampun ngawontenaken pasarujukan ndadosaken piwulangan basa Jawi minangka muatan lokal (mulok) wajib provinsi wonten ing tataran SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA se Jawa Tengah, Jawa Timur, saha Daerah Istimewa Yogyakarta. Kanthi wontenipun SK menika pramila sedaya pawiyatan wonten ing tigang provinsi menika kedah ngawontenaken piwulangan basa Jawi saking tataran kelas andhap dumugi tataran kelas inggil saha bijinipun mangkenipun kaserat wonten ing ijasah. Wontenipun piwulangan basa Jawi dados muatan lokal wajib provinsi kanthi nggadhahi ancas supados basa Jawi tetep lestantun, ngrembaka, saha kangge nuwuhaken watak budi pakarti ingkang luhur kagem para siswa-siswi. KETKRETARAMMPPILAI NLAN
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 39 Para pamiyarsa, mekaten pawartos ingkang saged kita aturaken. Mugi-mugi ndadosaken pamriksa panjenengan sedaya lan saged nambahi kawruh. Sugeng pepanggihan malih kaliyan pawartos candhakipun wonten ing radhio Al Maulana FM kanthi frekwensi saha wekdal ingkang sami. Nuwun. Wassallamualaikum wrwb Gladhen ! a. Tegesana tembung-tembung ing ngisor iki kanthi milih pilihan kang wis kacawisake ing sisih tengen ! 1. Karantam : .................... 2. Giyaran : .................... 3. Redhaksi : .................... 4. Piwulangan : .................... 5. Pawiyatan : .................... 6. Tataran : .................... 7. Ancas : .................... 8. Nuwuhaken : .................... 9. Lestantun : .................... 10. Ngrembaka : .................... 11. Kawruh : .................... 12. Candhakipun : .................... 13. Pawartos : .................... 14. Pepanggihan : .................... 15. Surya : .................... b. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Sapa kang macakakake pawarta ing dhuwur ... . 2. Kapan pawarta kasebut digiyarake.... 3. Ana ing ngendi pawarta kasebut kagiyarake... 4. Apa isi / wose pangajape paraga kang macakake pawarta marang pamiyarsa... . 5. Pawarta ng dhuwur katujokake tumrap... a. Terusane b. Siaran c. Patemon d. Lestari e. Tingkatane f. Wong kang pakaryane nulis berita g. Disusun h. Tanggal i. Pasinaon j. Berita k. sekolah l. Ngelmu m. Tambah akeh n. Nukulake o. tujuan
40 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 6. Provinsi ngendi wae kang gubernure nganakake netepake basa Jawa minangka piwulangan muatan lokal wajib provinsi... . 7. Piwulangan basa Jawa dadi mulok wajib provinsi wiwit tataran... . 8. Ancase basa Jawa dadi mulok wajib provinsi ing piwulangan yaiku... 9. Muatan lokal wajib dianakake supaya basa jawa bisa tetep lestantun lan... 10. Pawarta ing dhuwur karantam dening.... c. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Pawarta iku bisa disebarake lumantar media.... 2. Paraga kang jejibahane macakake pawarta diarani... . 3. Paraga kang pakaryane golek lan ngumpulake pawarta diarani... 4. Paraga kang pakaryane nglapurake pawarta marang publik diarani... . 5. Ngulinakake maca pawarta bisa nambahi... . 6. Sifate pawarta iku kudu aktual tegese... . 7. Sarana medhia cetak kanggo nyebarake pawarta yaiku... lan ... 8. Basa kang digunakake ing pawarta yaiku komunikatif, tegese... . 9. Paraga kang pakaryane ngrantam / nyusun pawarta diarani... . 10. Prastawa kang kedadean ing sawijing papan utawa panggonan diarani... . d. Critakna maneh isine pawarta saka radhio ing dhuwur nganggo basamu dhewe ana ing ngarep kelas! .................................................................................................................................................... ................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 41 e. Tulisna sawijining pawarta kang aktual saka dhaerahmu utawa nasional. Tulisen bisa nganggo basa ngoko alus utawa krama kanthi ejaan kang baku. Menawa ora ditulis, siswa bisa langsung praktik ing ngarep kelas ngabarake pawarta kang aktual marang kanca kancamu ! Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………...........…………………… ………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………… ……………………………………………...........…………………………………………… I. Wujuding Ukara Wujude ukara miturut surasane : 1. Ukara Andharan ( kalimat berita ) Yaiku ukara kang isine nyritakake kahanan sanyatane lan dipungkasi tenger titik ( . ). Tuladha : Ing wulan Romadhon akeh wong – wong padha nindakake pasa wajib. 2. Ukara Pitakon ( kalimat tanya ) Yaiku ukara kang isine nakokake samubarang apa wae lan dipungkasi tenger takon ( ? ). Tuladha : Apa kowe wis ngerti sedhela maneh wulan Romadhon? 3. Ukara Pakon ( kalimat perintah ) Yaiku ukara kang isine ngakon utawa mrentah lan dipungkasi tenger perintah ( ! ) Tuladha : Wulan Romadhon sesuk kowe kabeh padha nindakake pasa ya! 4. Ukara Pamenging ( kalimat larangan ) Yaiku ukara kang isine menging utawa nglarang nindakake samubarang. Tuladha : Wulan Romadhon aja mangan ing wayah awan.
42 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL GLADHEN 5. Ukara Panjaluk ( kalimat permintaan ) Yaiku ukara kang isine njaluk samubarang supaya diwenehi utawa dituruti. Tuladha : Daksuwun kowe kabeh padha pasa ing wulan Romadhon sesuk ya. 6. Ukara Ubaya ( kalimat persyaratan ) Yaiku ukara kang isine ngandharake syarat. Tuladha : Kowe taktukokake kudhung meling – meling anggere nutug pasamu. 7. Ukara Pangajak ( kalimat ajakan ) Yaiku ukara kang isine ngajak – ngajak supaya nindakake samubarang. Tuladha : Ayo padha saur supaya pasamu betah lan khusyuk. 8. Ukara Pamrayoga ( kalimat nasehat, saran ) Yaiku ukara kang isine aweh saran utawa pitutur. Tuladha : Becike kowe sikatan sawise padha saur. 9. Ukara Pangajab ( kalimat harapan ) Yaiku ukara kang isine pengarep – arep lan pandonga. Tuladha : Muga – muga kowe kabeh bisa nindakake pasa tekan rampung lan ditampa dening Allah SWT a. Ukara ing ngisor iki kalebu jinising ukara apa? 1. Apa kowe sida mulih karo kancamu? : ........................ 2. Kowe aja seneng nggodha adhimu. : ……………… 3. Muga – muga kowe kabeh padha guyub rukun karo kanca. : ……………… 4. Ayo padha sinau sing sregep supaya bisa lulus biji apik. : ……………… 5. Mau bengi aku sinau nganti jam sewelas. : …………....... 6. Ngajia sing sregep supaya beja donya akhirat. : ……………… 7. Kowe taktukokake pit anyar angger bijimu apik. : ……………… 8. Becike mangan dhisik, anggone dolan mengko. : ……................ 9. Daksuwun kowe ngumpulke tugas pas wektune. : ……………… 10. Muga – muga MTs kene ujiane lulus kabeh tur bijine apik. : ……………… b. Ukara ngisor iki ganepana nganggo tembung kang wis cumawis ing ngisore! 1. Pak Ikhsan pegaweane dadi bakul . . . .
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 43 2. Pakdhe Agus gerah . . . saiki ning rumah sakit. 3. Mau bengi ana kenthong . . . . 4. Penganten iku uga sinebut . . . . 5. Prabu Pandhu nganakake sesaji . . . . 6. Gedhang ..... kuwi adate kanggo isi molen tur rasane gempi. 7. Raden ..... disirnakake karo Raden Jagal Abilawa. 8. Bu Maimunah kawentar wong sing sugih . . . . 9. Pari kang rasane paling enak wektu saiki yaiku pari . . . . 10. Buku Pustaka ......iku satunggaling buku anggitane Raden Ngabei Ranggawarsita Pilihane: a. raja nangka d. raja singa g. raja mala j. raja pati b. raja purwa e. raja lele h. raja brana k. raja gedhang c. raja sedina f. raja nangka i. raja sunya l. raja kraton c. Salinana ukara ngisor iki dadi basa krama alus ( krama inggil )! 1. Bapak mangan nganggo iwak banyu. Wangsulan: ……………………………………………………………………………… 2. Ibu ora bisa turu amarga rasane panas banget. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 3. Kangmas pancen sida teka sore iki. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 4. Simbah melu pengajian nganti tekan bengi. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 5. Pakdhe nggawa kayu akeh rasane abot. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 6. Bapak diwenehi pakdhe wedang panas rong cangkir. Wangsulan; ……………………………………………………………………………….. 7. Simbah kakung bisa maca ing wektu bengi. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 8. Paklik taun wingi ora bisa melu pasa amarga isih operasi. Wangsulan; ……………………………………………………………………………….
44 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 9. Mbakyu njangane ora enak amarga kurang uyah. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 10. Simbah njaluk diterake ana ing ngarepan. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. II. Nulis Aksara Jawa Para siswa ora prelu bingung anggone nulis aksara jawa. Jalaran nulis aksara jawa iku sejatine ora angel.Siwa kudu duwe pawitan pokok utawa karep kang kenceng kepengin bisa nulis aksara Jawa.Yen wis duweni karep siswa bisa wiwit sinau ngapalake aksara dentayana (aksara jawa) kang wujude ana 20 aksara. Kajaba iku siswa bisa ngapalake pasangan lan sandhangane. Tuladha nulis ukara nganggo aksara jawa : Bapak taksih dhahar : Ibu tindak peken : Adhik dereng wangsul : Sawise gladhen nulis aksara Jawa kaya tuladha ing dhuwur , saiki coba siswa bisa nulis ukara-ukara ing ngisor iki nganggo aksara Jawa ! 1. Wulan pasa teka : …………………………………………………….. 2. Seneng atine adhik : …………………………………………………….. 3. Aja tumindak awon : …………………………………………………….. 4. Omongan ala disingkiri : …………………………………………………….. 5. Kulinakna maca kitab suci : …………………………………………………….. 6. Tambah ganjarane : …………………………………………………….. 7. Mempeng ngibadah : …………………………………………………….. 8. Mas Bayu saur gasik : …………………………………………………….. 9. Sing dadi Imam masku : …………………………………………………….. 10. Wayah wengi dedonga : ……………………………………………………..
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 45 I. Wenehana tenger ping(X) ana ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep bener! 1. Pawarta utawa berita iku diwaca utawa dirungokake kanthi ancas supaya… . a. Nambahi paseduluran c. Tambah kawuh lan seserepane b. Bisa nduweni rasa tentrem d. Ngakehi bandha lan rejekine 2. Ing ngisor iki ora kalebu carane nulis pawarta yaiku… . a. Isine prastawa kang nyata ora hoax b. Dikantheni wektu nyebarake c. Basane kudu krama alus d. Basane komunikatif / gampang dimangerteni. 3. Medhia cetak kang digunakake kanggo nyebarake pawarta jenenge… . a. Email c. Kalawarti b. Facebook d. Internet 4. Miturut pawarta saka CNN ngandharake virus iki wis nginfeksi kurang luwih 2.016. 861 jiwa Tembung kacithak kandel tegese… . a. Njelasake c. Mulangi b. Ngumumake d. Ngrungokake 5. Ing ngisor kalebu uladha ukara pamenging… . a. Ibu sida methiki kangkung ? c. Bapak didhawuhi pak lurah. b. Mas, ati ati aja lewat dalan kuwi ! d. Menthog disembeleh Fadl mau esuk. 6. Pak, Menapa leres menika dalemipun Pak Broto?”. Ukara kasebut tuladha … . a. Ukara tanggap c. Ukara pamrayoga b. Ukara pitakon d. Ukara Pangajak 7. Mangga para pamaca kabeh bareng bareng dedonga muga muga bencana biologis iki enggal purna . Tembung kagaris ngisor ing dhuwur nunggal teges karo… . a. Anyar c. Mangga b. Cepet d. Kesusu 8. Kedadean kuwi wis limang sasi kepungkur. Tegese tembung kepungkur yaiku …. a. Sing durung tekan c. Sing arep teka b. Sing wis kliwat d. Ngepasi 9. Ati ati yen duwe lalara . . . , iku bebayani banget. Tembung kang trep kanggo ngisi ukara ing dhuwur yaiku… . UJI KOMPETENSI III