46 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL a. Raja nangka c. Raja pati b. Raja singa d. Raja lele 10. Gedhang … iku pacen enak banget tur larang regane. Tembung kang trep kanggo ngisi ukara ing dhuwur yaiku… . a. Raja c. Raja kaya b. Raja nangka d. Raja brana 11. Mbah, kowe omahe ngendi !‟ Yen matur karo simbah prayogane… . a. Mbah, Sampeyan menika griyane pundi c. Mbah,panjenengan dalemipun pundi ? b. Mbah njenengan wau dalemipun? d. Mbah, jenengan pundi dalemipun? 12. Ing ngisor iki sing nggunakake basa krama lugu ana ing ukara… . a. Mbah, kula sampun tilem wau. c. Bu, mengko jenengan tindak rapat ora? b. Bu, bapak taksih sare d. Pakdhe,budhe sampun kondur? 13. Wong kang gaweane nyusun teks paswarta diarani… . a. Wartawan c. Redaksi b. Reporter d. Sutradara 14. Paraga kang jejibahane macakake teks pawarta yaiku… . a. Narasumber c. Narator b. Wartawan d. Presenter 15. Ing donya pewayangan kang duweni watake kasar, sawenang – wenang, gumedhe yaiku.. a. Buta/ raseksa c. Satriya b. Nalendra/raja d. Wanara/kethek 16. Wondene paraga wayang kang watak bab solah bawane ndhingkluk iku nerangake… . a. Sabar lan waspada c. Watake atos lan ngeyel kandhanane b. Manutan lan kepenak d. Brangasan 17. Ibukota negara Indonesia mapan ing… . a. c. b. d. 18. … . a. b. Bodho Pinter c. d. Sugih Semangat 19. … .
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 47 a. Pulisi c. Kepala sekolah b. Dokter d. Guru 20. Penulisan ejaan kang bener tembung ing ngisor iki ana ing … . a. Muntuk, gathok, nggowo c. Sekeca, mundhut, woconen b. Munggah, nggodhok, menthunk d. Krasa, methuk, mbalik II. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi patitis ! 1. Prastawa utawa kedadean kang dumadi ing sawijining papan diarani.... 2. Reporter iku pakaryane... . 3. “Son,angger kowe gelem ngancani aku, mengko bakal dakjak dolan”. Ukara kasebut tuladha ukara.... 4. Pamerintah mratelakake menawa covid mbebayani tumrap kesehatan. Mratelakake tegese... . 5.dina ik ora udan,saengga aku bisa mangkat sekolah. 6. Maca pawarta iku bisa nambahi... . 7. Pawarta disebarake lumantar media cetak yaiku kalawarti lan... . 8. wacane yaiku... . 9. Pawarta kan becik yaiku pawarta kang isih actual ora lawas. Actual tegese... . 10. Anggone macakake pawarta iku kanthi ulat kang... . III. Wangsulana pitakon ngisor iki cekak aos! 1. Sebutna apa carane nulis pawarta ! Wangsulana:…………………………………………………………………………… 2. Tegesana tembung tembung ing ngisor iki ! a. Redhaksi b. Reporter Wangsulana:…………………………………………………………………………… 3. “Coba kepriye yen matur marang bu guru, nalika kowe arep takon siwa mulih jam pira“ Wangsulan:…………………………………………………………………………… 4 Ukara ing ngisor iki owahana dadi ukara tanduk ! Gedhange simbah sida dituku bakul mau awan. Wangsulan:…………………………………………………………………………… 5. Tulisna tuladha ukara pangajak ! Wangsulan:……………………………………………………………………………
48 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Kompetensi Dasar : Memahami isi teks dialog berisi pesan Indikator Memahami arti berdialog/ pacelathon. Memahami etika berdialog Membaca dialog/percakapan. Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi dialog Menulis pokok-pokok isi dialog A. Mangerteni tegese pacelathon Pacelathon asale sekang tembung lingga celathu sing tegese omongan utawa guneman. Dadi sing diarani pacelathon yaiku guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro, telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab. Cak-cakake nidakake pacelathon umpamane antarane bocah cilik karo bocah cilik,bocah cilik karo bocah sing wis diwasa, bocah cilik karo wong tuwa, diwasa karo diwasa, wong tuwa karo diwasa, wong tuwa karo wong tuwa, anak karo wong tuwa, siswa karo guru, lan liya-liyane. Hablum minannas utawa gegayutane wong siji lan wong liyane ora bisa uwal saka sing jenenge komunikasi utawa nindakake pacelathon . Kajaba kanggo ngraketake paseduluran, ancase nindakake pacelathon iku digunakake kanggo atur pawarta. Minangka wong muslim, awake dhewe kudu bisa nggatekake tatakramane nindakake pacelathon. Aja nganti nggawe larane atine wong sing dijak guneman, kajaba iku uga ora dikeparengake nggunemake alane wong liya. Ing ngisor iki tata kramane nindakake pacelathon : 1. Micara sing becik lan ora ngapusi. Bisa micara iku kalebu peparing saka Allah SWT, mula minangka rasa syukur kudu bisa micara kanthi becik ora goro marang wong liya. Menawa goroh , bakal entuk dukani Allah SWT. WULANGAN 4 TEKS PACELATHON LAN NGATURAKE PESEN TUJUAN PEMBELAJARAN 1. Mengetahui etika atau tatakrama dalam percakapan/ pacelathon 2. Mampu berbicara berbahasa jawa krama dengan trampil dan benar 3. Mampu menulis teks pacelathon. 4. Mampu menyampaikan pesan dengan menggunakan bahasa krama yang baik dan benar. 5. Mampu menulis atur –atur berbagai acara PENGETAHUAN
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 49 2. Ndeleng wong sing diajak guneman Bab iki menawa bisa ditrapake ndadekake sing diajak guneman bisa seneng atine lan rumangsa diurmati. 3. Ora munggel gunemane wong liya. Menawa arep ganten micara nunggu selahe dhisik nganti sing dijak guneman iku leren tawa mandheg dhisik. 4. Ora nggunemake alaning liyan. Bab iki kayane abot banget,nanging menawa digladhi lan dikulinakake micara kang becik dirasakake bakal kepenak ing ati lan ora ndadekake dosa. 5. Ngendhani micara kang ndadekake sulaya/ perdebatan. 6. Nggatekake ngadisarira utawa polahe awak. Cara ngadege, lungguhe, obahe tangan uga kudu nganggo waton ora sakarepe dhewe. 7. Polatan sumeh lan nyengsemake Kajaba bisa ngetrapake tata krama kaya ing dhuwur , anggone micara utawa nindakake pacelathon iku kudu bisa empan papan tegese bisa mapagake marang papan lan sapa diadhepi nalika guneman. Coba tuladha pacelathon ing ngisor iki wacanen ! Medhayoh Ani : “Assalamu alaikum...., assalamu alaikum..., kula nuwun Pak.. Bu...?” Ibu Ayu : “Wa alaikum salam.., eh.. Mbak Ani.., mangga pinarak !” Ani : “Inggih Bu Ayu..., maturnuwun, pangapunten mbok menawi ngganggu Ibu saweg lelenggahan.” Ibu Ayu : “ Ora ...ora kok, wong mung lagi santai karo nonton tivi.” Ani : “ Nuwun sewu Ibu, kula sowan dhateng dalem panjenengan amargi kala wingi kula maos wonten selebaran poster, menawi samenika dipunbikak pendaftaran les MC basa Jawa wonten sanggar budaya ibu, menapa leres informasi menika Bu?” Ibu Ayu : “Oh..ya..ya..bener banget Mbak, Ibu mbukak maning pendaftaran tahap 2, kae wis mulai ana sing ndaftar. Ani : “Nuwun sewu, persyaratane menapa kemawon nggih Bu?” Kula kepengin tumut les pranatacara menika, supados gadhah keprigelan teng babagan seni, mliginipun pranatacara, Bu..” Ibu Ayu : “Persyaratan pendaftaran ora angel-angel, mung ngisi formulir karo ngumpulna
50 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL foto copy identitas diri, bisa kartu pelajar uga bisa KTP. Ibu salut karo bocah-bocah enom sing minat lan duwe kepenginan nyinauni bab mc nganggo basa jawa Mbak. sip!!.” Ani : “Inggih Bu, kula rumaos remen kaliyan Basa Jawa, mila kula badhe gladhi bab pranatacara”. Bu Ayu : “Bener banget kuwe, kiye formulire, diisi ya Mbak. . , dina Minggu ngesuk mulai tindak neng sanggar. bareng-bareng karo kanca gladhi MC Jawa, kanggo nguriuri budaya Jawa sing adhi luhung.” Ani : “Inggih Bu, matur nuwun sanget, insya Allah dinten Setu kula mangkat kalih mbekta foto copy kartu pelajar. Nuwun sewu kula kinten cekap semanten, kula nyuwun pamit. Assalamu alaikum warahmatullohi wabarakatuuh.” Ibu Ayu : “ Ya Mbak padha-padha, wa alaikum salamwarahmatullohi wabarakatuuh.” Gladhen ! Wangsulana pitakon-ptakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Tulisna paraga paraga ing pacelathon ing dhuwur ! Wangsulan : .................................................................................................................... 2. Miturut pacelathon ing dhuwur, Ani arep melu les apa ? Wangsulan : ..................................................................................................................... 3. Tulisna apa wae sarate melu kegiyatan mc ! Wangsulan : ..................................................................................................................... 4. Apa sing kongerteni ngengingi pranatacara ? Wangsulan : ..................................................................................................................... 5. Miturut panemumu kepriye cak-cakane basa teks pacelahon ing dhuwur ! Wangsulan : ..................................................................................................................... B. Ngaturake Pesen / Atur-atur Atur-atur iku saka tembung lingga atur. Atur iku kalebu tataran tembung krama inggil. Tembung atur ngokone undang. Dadi, tembung atur bisa ditegesi undang. Mula, tembung atur-atur iku tegese undang-undang. Undang-undang ing kene dudu ateges ngundang wong kanthi suwara kang seru, nanging nggunakake tata cara tinamtu (tertentu). Pramila, tembung atur-atur iku mligi (khusus) kanggo ngundang
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 51 kanthi lisan supaya wong sing diundang rawuh ing daleme sing ngundang (sing duwe gawe). Ngundang kanthi lisan iki sing merlokake tata cara tinamtu. Gambar : Nindakake atur-atur kudu ngetrapake tatakrama lan subasita Atur-atur iku dilakoni dening wong lanang (tiyang jaler), utawa bisa uga wong wadon (tiyang estri). Nanging lumrahe (umumnya) dilakoni dening wong lanang. Yen wong wadon biasane atur-atur kanggo njaluk tulung masak utawa tata dhahar. Dene tata carane atur-atur yaiku : 1. Nganggo rasukan (busana) sing pantes, rapi, lan prasaja (sederhana). 2. Pilih wektu sing pas, kayata ora bebarengan karo wektu sembahyang lan istirahat. 3. Sawise tekan ing omahe sing arep diatur-atur, thothok lawang lan uluk salam. 4. Sawise dibukakake lawang lan dimanggakake mlebu dening sing duwe omah, mlebua kanthi sopan. Aja langsung lungguh sadurunge sing duwe omah nyumanggakake lungguh. Banjur lungguha kanthi sopan lan ora grusa-grusu, sawise dimanggakake lungguh. 5. Sawise lungguh, banjur matur apa sing dikarepake atur-atur (biasane sing duwe omah takon tujuane apa karo sing atur-atur). Olehe matur nggunakake basa krama alus kanthi solah bawa kang apik. 6. Sawise sing duwe omah nanggapi atur-ature mau, lan rampung apa sing dikarepake atur-atur, banjur nyuwun pamit. Menawa disuguh unjukan, ya diombe ndhisik kanthi sopan sadurunge pamit.
52 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 7. Sawise atur-atur wis rampung kabeh, prayogane caos (memberi) lapuran marang sing ndhawuhi (ngongkon) atur-atur, ora kena mung meneng bae. Kanthi mengkono ndadekake tentreming pikir sing didhawuhi lan sing ndhawuhi. I. Tuladha ulem Khitanan / Supitan Assalamu’alaikum, Wr. Wb. Winantu Sagunging Pakurmatan Karana netepi wajibing sudarma, darmaning sepuh, mbok bilih Gusti ingkang Murbeng Dumadi angganjar wilujeng saha boten wonten rubeda menapa kemawon, kula badhe ngawontenaken syukuran anggen kula gadhah hajad nigas sesuker utawi khitan anak kula inggih Iqbal Taufik Mahmud. Pramila saking menika Bapa / Ibu / sedherek, kasuwun ikhlasing saha renaning penggalih rawuh wonten gubug kula saperlu paring pandonga pangestu dhateng anak kula menika ing : Dinten/Tanggal : Selasa Kliwon (Anggara Kasih), 25 Februari 2022 Wanci : Tabuh 13.00 – 15.00 Papan : Wonten ing griya kula, jl. Suwarga Loka Purworejo Pramila, prasasat nampi kanugrahan saha kabingahan ingkang ageng kadya kejugrugan gunung menyan menawi panjenengan kersa rawuh ngestreni panyuwunan kula ing nginggil. Atur panuwun ingkang tanpa upami, menawi panjenengan kersa minangkani panyuwunan kula dalah kulawarga. Nuwun. Wassalamu’alaikum, Wr. Wb. Atur kula, Imam Sudibya Aji sakulawargi Gladhen ! a. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Sapa sing ngundang acara kasebut... . 2. Kapan acarane layang ulem ing dhuwur... .
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 53 3. Ana ing ngendi acarane... . 4. Wosing layang ulem ing dhuwur yaiku... . 5. Pramila, prasasat nampi kanugrahan saha kabingahan ingkang ageng kadya kejugrugan gunung menyan . Ukara kang kagaris miring ing dhuwur tegese... . 6. Mugi boten wonten rubeda menapa kemawon. Rubeda tegese... . 7. Atur panuwun ingkang tanpa upami, menawi panjenengan kersa minangkani panyuwunan kula dalah kulawarga. Tembung kagaris ngisor nunggal tegea karo... 8. Kula badhe ngawontenaken syukuran anggen kula gadhah hajad nigas sesuker.Tembung kagaris miring tegese... . 9. Sapa sing bakal ditigas sesukere... . 10. Acara kasebut arep ditindake ing wanci... . b. Coba siswa nulis ngaturake pesen/ atur-atur kanthi tema milih ing ngisor iki , banjur yen wis rampung paragakna ing ngarep kelas ! - Sukuran lulus sarjana - Sukuran Ngenggoni omah anyar - Acara pawiwahan/mantenan - Sukuran ketampa dadi pegawe .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. ................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. .................................................................................................................................................. ..................................................................................................................................................
54 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL II. Paribasan ing ngisor iki tegesana kanthi nggathukake wangsulan kang wis cumawis ing ngisore! 1. Yitna yuwana lena kena. 2. Ana catur mungkur. 3. Adigang, adigung, adiguna. 4. Durung pecus keselak besus. 5. Sadumuk bathuk sanyari bumi. 6. Blaba wuda. 7. Suwe mijet wohing ranti. 8. Kuncung nganti gelung. 9. Mbidhung api rowang. 10. Busuk ketekuk, pinter keblinger. Pilihane: a. Wiwit bocah nganti tekan tuwa b. Banget lomane nganti dheweke ora keduman c. Prekara lemah direwangi tekan patine d. Nyingkiri rerasan kang ora apik e. Wong kang ngendelake kekuwatane, kaluhurane, lan kagunan (pintere) f. Durung sembada ( bisa ) nanging wis neka – neka g. Pakaryan kang ditindakake cepet lan gampang banget h. Wong sing pinter lan bodho padha nemoni cilaka i. Arep gawe sengsara nanging ethok – ethok nulungi j. Sing ngati – ati bakal slamet sing sembrana bakal cilaka III. Salinana ukara ngisor iki dadi basa Krama Alus ( krama inggil )! 1. Pakdhe ndeleng wayang karo lungguhan. Wangsulan: ……………………………………………………………………………… 2. Bapak lunga kumpulan durung bali. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 3. Ibu menehake wedang panas marang simbah. Wangsulan: ……………………………………………………………............................. 4. Kepriye anggone paklik ngomong mau? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 5. Kangmas takon apa bener pak RT sida teka?
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 55 Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 6. Mbakyu ora nekani pengajian amarga isih ana tamu. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 7. Ibu njangan kanggo mangan mengko sore, Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 8. Saiki wis nganti bengi anggone nunggu tekane kangmas saka lelungan. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 9. Pak Rohman tuku lenga arep kanggo ngobong bata. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 10. Bapak ibu guru anggone ndeleng jadwal karo ngadeg. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. C. Maca lan Nulis Aksara Jawa I. Wacanen aksara Jawa ngisor iki kanthi las – lasan lan trep! Banjur tulisen Latine!
56 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Aksara Latine: …………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………… …………………………………………………………………………………………. Wangsulana pitakonan wacan ing dhuwur kanthi cekak aos! 1. Apa irah – irahane wacan aksara Jawa ing dhuwur? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 2. Sapa wae kang ngajine wis rampung lan arep khataman? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 3. Sing arep khataman lanange ana pira lan wadone ana pira? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. 4. Khatamane wayah apa lan malem apa? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 5. Sabubare khatamane banjur diterusake apa lan sapa kang medhar sabda? Wangsulan: ……………………………………………………………………………….
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 57 6. Anggone maca Al – Qur‟an wis padha kepiye? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 7. Sawise khataman wis rampung banjur padha kepiye marang kang rawuh? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 8. Kena apa wong tuwane padha bungah lan mongkog penggalihe? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 9. Apa dongane marang sing khataman? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. 10. Sing ngisi pengajian saka tlatah ngendi ? Wangsulan: ………………………………………………………………………………. II. Salinana ukara ngisor iki nganggo aksara Jawa! 1. Mlaku wayah esuk kepethuk trenggiling. Wangsulan: ……………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………. 2. Bapak mundhut kopyah ireng ning pasar. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. ……………………………………………………………………………… 3. Sholat iku dadi wajibing wong Islam. Wangsulan:……………………………………………………………………………….. ………………………………………………………………………………… 4. Taun 2012 simbah tindak haji karo ibu. Wangsulan: ………………………………………………………………………………. ………………………………………………………………………………. 5. Bulik kagungan tasbih lembut ana 15. Wangsulan: ……………………………………………………………………………… ……………………………………………………………………………..
58 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL III. Sanepa Sanepa yaiku unen – unen kang ajeg panganggone ngemu surasa tetandhingan ( kosok balen ) lan nduwe teges mbangetake. Tuladha: Ambune arum jamban, tegese ambune banger banget Awake kuru semangka, tegese awake lemu banget Balunge atos debog, tegese balunge empuk banget Bobote abot kapuk, tegese bobote entheng banget Gladhen: Apa tegese Sanepa ing ngisor iki? 1. Cahyane abang dluwang : ……………………………………………………………. 2. Dedege dhuwur kencur : ……………………………………………………………. 3. Eseme pait madu : ……………………………………………………………. 4. Kawruhe jero tapak meri : ……………………………………………………………. 5. Rasane legi bratawali : ……………………………………………………………. 6. Polahe anteng kitiran : …………………………………………………………… 7. Playune lonjong botor : …………………………………………………………… 8. Rembuge peret beton : …………………………………………………………… 9. Tatune arang kranjang : …………………………………………………………… 10. Pikirane landhep dhengkul : …………………………………………………………… F. Miliha tembung kang bener miturut EYD basa Jawa kanthi nyorek ngisore! 1. manok mabor / manuk mabur 6. suket gareng / suket garing 2. totop botol / tutup botol 7. kali banjir / kali banjer 3. nganggo kemul / nganggo kemol 8. tuku panceng / tuku pancing 4. lagi macul / lagi macol 9. Taline munter / taline muntir 5. ngumbah sarong / ngumbah sarung 10. Kembang kanthil / kembang kanthel
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 59 G. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki kanthi milih ing ngisore! 1. Watak manungsa kang umuk, gumedhe rumangsa anggep iku kalebu . . . . 2. Wong kang nyebal utawa metu saka agama Islam diarani....... kuwi dosa gedhe banget. 3. Wong kang....... kuwi antarane batin lan laire ora padha. 4. .. iku tegese wong kang nindakake dhawuhe lan ngedohi larangane Allah SWT. 5. Wong kang manembah marang patung , wit gedhe, gunung utawa papan sing diangep angker jenenge .. . . . 6. Resikan kuwi minangka perangan saka . . . . 7. Kita kabeh kudu seneng ...... lan ndedonga marang Allah SWT supaya bisa kasembadan. 8. Anggone nindakake sholat kanthi.......banget, muga – muga ditampa dening Allah SWT. 9. Wong kang dadi mandhegani sholat jamangah diarani . . . . 10. Anggone nindakake pagawean iki muga – muga entuk......saka Allah SWT. Pilihane: a. munafik f. iman b. ridha g. takabur c. imam h. taqwa d. murtad i. ikhtiyar e. musrik j. khusuk Bapa biyungmu kuwi kang wis nggulawenthah kowe wiwit cilik nganti saiki, mula bektenana lelorone supaya uripmu ora sasar susur ing tembe buri
60 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL I. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih pilihan a,b,c utawa d sing koanggep bener ! 1. Pacelathon asale seka tembung lingga celathu sing tegese ... a. Guneman c. Matur b. Ngomong d. Nindakake 2. Ing ngisor iki ora kalebu tatakramane nindakake pacelathon... . a. Micara kanthi cetha ora nglarani ati c. Micara kang ndadekake sulaya b. Ora munggel micarane wong liya d. Polatan sumeh lan nyengsemake 3. Ngundang kanthi lisan supaya wong sing diundang rawuh ing daleme sing ngundang, diarani... . Iku kalebu tegese... . a. Pacelathon c. Srawung b. Atur atur d. Micara 4. Ing ngisor iki tata carane nindakake atur-atur... . a. Nganggo rasukan (busana) sing wangi c. Langsung mlebu bludhus b. Pilih wektu sakarepe d. Ngaturake panuwun sawise atur atur 5. Ing ngisor iki tuladha sanepa... . a. Kringete mbakyuku akeh banget c. Adhik isih nunggu manuk ing sawah b. Sawise turu adhiku banjur sinau d. Darti arep nagih janji marang kancane 6. Eseme Mbak Ningsih pancen pait madu tenan. Sanepa kasebut tegese... . a. Eseme Mbak Ningsih ora nyenengke c. Eseme Mbak Ningsih kaya madu b. Mbak Ningsih ora seneng mesem d. Mbak Ningsih eseme manis banget 7. Sita, mau bengi bapakku ..... wayang ana ing garep kecamatan karo jumeneng. a. Nonton c. Mirsani b. Sumerep d. Ningali 8. Pak guru wau panjenengan..... menapa kula boten mireng ! a. Ngomong c. Matur b. Guneman d. Ngendika 9. Wong kang .......kuwi antarane batin lan laire ora padha. a. Khusyuk c. Kufur UJI KOMPETENSI IV
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 61 b. Iman d. Munafik 10. Panulisan ejaan kang bener ngisor iki ana ing... . a. Bapak nggodok thela c. Monggo sami didahar b. Adek angon wedos d. Korane isih diwaca pakdhe Doni 11. Doni : Mbah panjenengan dalemipun pundi? Simbah : Simbah daleme Joga, lha kowe sapa jenengmu lan omahmu ngendi? Doni .............. ? Wangsulane Doni kang trep miturut unggah-ungguh yaiku... a. Nama kula Fendi, griya kula Purworejo mbah b. Asma kula Fendi mbah, omah kula Purworejo. c. Diemut-emut ya mbah nama kula Fendi , dalem kula Purworejo d. Lha Panjenengan jki menapa dereng ngertos kula ta Mbah? 12. Ing ngisor iki ukara kang trep adhedhasar unggah-ungguh ana ing... a. Mbah, menapa sampeyan sampun mangertos kabare Dani? b. Pak , sakniki kula badhe kondur rumiyin nggih? c. Pakdhe panjenengan wau rawuh jam pinten? d. Alhamdulillah samenika kula sampun kagungan arta kathah mbah ! 13. Anggone ngenteni wong tuwane mulih saka mancanegara rumangsane rasane suwi banget. Pratelan kasebut jumbuh karo bebasan ing ngisor iki .... . a. Nganti kuncung nganti gelung c. Sadumuk bathuk sanyari bumi b. Kriwikan dadi grojogan d. Durung pecus keselak besus 14. Wong ya isih cilik sekolah wae durung purna, ko wis duwe kepenginan sing mokal candhakane. Pratelan kasebut jumbuh karo bebasan... . a. Nganti kuncung nganti gelung c. Sadumuk bathuk sanyari bumi b. Kriwikan dadi grojogan d. Durung pecus keselak besus 15. Pumpung isih wancine sekolah, mempenga sinau goleka kawruha saakeh-akehe amrih jembar seserepane. Tembung kagaris miring duwene teges... . a. Gampang golek dhuwit c. Akeh kancane b. Gampang golek gaweane d. Akeh wawasane/ ngelmune 16. Ancase nindakake pacelathon iku lumrahe digunakake kanggo... . a. Ngraketake paseduluran c. Nambahi cecongkrahan b. Ngedohi kekancan d. Nindakake pasulayan
62 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 17. Negara Indonesia mardika taun... . a. 1948 c. 1954 b. 1949 d. 1945 18. , asmane... . a. c. b. d. 19. ing... . a. Pasar c. Pasrawungan b. Kantor d. Sekolahan 20. Ukara ing ngisor iki kang bener miturut unggah-ungguh basa... . a. “ Mbah mangga kesahe kula dugeke” b. “Pak, kula badhe tindak samenika mawon” c. “ Pak, sampeyan badhe taken napa?” d. “ Kula wangsul kaliyan kanca bu!” II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis ! 1. Nindakake pacelathon duweni ancas bisa ngraketake... . 2. Anggone celathu iku prayogane ora dikeparengake nggunemake... . 3. Lumrahe anggone nindakake pacelathon kudu ngendhani micara kang ndadekake... . 4. Amrih bisa padha ngurmati anggone micara kudu bisa ngetrapake... . 5. Menawa kadhawuhan ngaturake pesen prayogane kudu bisa tekan marang... 6. Ngaturake pesen marang wong supaya gelem teka marang wong sing ngundang diarani... 7. Sawise atur-atur wis rampung, prayogane caos (memberi) lapuran marang sing... . 8. Polahe anteng kitiran, tegese... . 9. Tanggaku kae utange akeh banget, mula bisa diarani tatune arang... 10. Kudu bisa njaga aja nganti ngomongake alaning liyan. Pratelan kasebut bebasane... .
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 63 III. Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi cetha ! 1. Apa tegese ajining dhiri gumantung saka lathi Wangsulan : ................................................................................................................. 2. Tulisna apa wae tata kramane nindakake pacelathon ! Wangsulan : ................................................................................................................... ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 3. Tulisna tata carane ngaturake atur atur ! Wangsulan : .................................................................................................................. ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 4. Bapak angsal bebungah Sepedha 3 cacahe. Ukara kasebut tulisen aksara Jawa ! Wangsulan : ................................................................................................................... ..................................................................................................................... .................................................................................................................... 5. Tulisna tuladha panutup sawise nindakake atur atur ! Wangsulan : ................................................................................................................... ..................................................................................................................... ....................................................................................................................... Aja kendhat anggomu nyenyuwun mring Gusti Allah, insyaAllah bakal kasembadan
64 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Abdurahman Ahmad. ---- Petunjuk Sunah dan Adab Sehari – hari Lengkap. Cirebon: Pustaka Nabawi Ach Nadhif.-------------------- Tradisi Keislaman. Surabaya: Al – Miftah Andjar Any.1980. Raden Ngabei Ranggawarsita, Apa yang Terjadi? Semarang: Aneka Ilmu Baidhowi Syamsuri. 1995. Kisah Walisanga. Surabaya: Apollo Imansyah Hadad. 2006. Wisata Ziarah Purworejo. Purworejo: Pemkab Purworejo Jaya Baya. 1994 Surabaya Joko Priyono. 2005. Kawruh Pepak Basa Jawa Anyar. Surakarta: Pustaka Mandiri Kuswa Endah, M.Pd. 2003. Telaah Pranata Sosial Jawa. Yogyakarta: FPBS UNY Margono Notopertono.------- Pakartitama. Klaten: C.V. Rizqi Mandhiri TIM MGMP Basa Jawa Kabupaten Purworejo. Memetri Basa Jawa Kabupaten Purworejo: Grafika Agung Press Padmosukotjo S. 1958. Ngengrengan Kasusastran Djawa 1, 2 . Yogyakarta: Hien Hoo Sing Paku Buwana IV ----------- Serat Wulangreh Pemerintah Propinsi Jawa tengah, Jawa Timur dan DIY. 1996. Pedoman Penulisn Aksara Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama R. S. Subalidinata. Drs.1994. Kawruh Kasusastran Jawa. Surakarta: Yayasan Pustaka Nusatama Siswadi. 1988. Kridha Basa. Klaten: Intan Pariwara Soetarno, Drs. 1994. Mardi Basa. Surakarta: Widya Duta Sri Atun. 2010. Artikel Wawasan: Kecap Tempe Busuk: Semarang Tim. 2010. Standar Isi Muatan Lokal bahasa Jawa W.J.S. Poerwadarminta.1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N. V. (Http : //Rudikurniawan763.blogspot.co.id) 10/2/2013 Kapustakan
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 65 BAB I LEGENDA Negesi Tembung - Pinter Ukara : Kamardikan dwija - Saben Ukara : Kamardikan dwija - Keri Ukara : Kamardikan dwija - Dilanggar Ukara : Kamardikan dwija - Kesehatane Ukara : Kamardikan dwija - Tlatah, dhaerah, wilayah Ukara : Kamardikan dwija - Pesen Ukara : Kamardikan dwija - Nyukupi Ukara : Kamardikan dwija - Slamet, wilujeng Ukara : Kamardikan dwija Goleki Basakramane - Satunggaling dinten Menawi - Radi dangu Manggen - Papan ingkang enggal Nerasaken - Sami kraos Sainggilipun - Sawetawis wekdal Kedahipun - Kados waunipun Lajeng - Ngraosaken Ngantos - Ngedegaken Enggal - Nilaraken Kados waunipun Mangsuli Pitakon 1. Amarga tumindake becik, unggah-ungguhe kena kanggo patuladhan kawula alit 2. R. Pandhan Arang ,tumindake becik, grapyak,sumehlan ngajeni marang wong tuwa 3. Ngedegake omah lan pondok pesantren ancase kanggo ngibadah lan mulang ngaji. 4. Amargi dilambari karo ngibadah marang Allah SWT kanti ikhlas 5. Kahanane wis katon sepuh, kasarasane rasa suda. 6. Ngibadah marang Allah SWT ndadekake awak ayem tentrem, Tumindak becik marang sapa wae ndadekake lancar sakabehane, lsp 7. R.Pandan Arang supaya gelem nerusake perjuangane nyebarake agama Islam . 8. R. Made Pandan, R.Pandan Arang , para warga 9. Asal usul Semarang , saka tembung asem sing arang ( thukule wit asem kang arang ) 10. Jawa Tengah GLADHEN a. 1. D 6. i 2. h 7.e 3. b 8. c 4. g 9 . j 5. f 10. A b.. 1. Anak kudu manut lan bekti marang wong tuwa, kudu sabar nampa lelakon ora becik, dadi wong ora meksa karepe anak, wong tuwa lan anak kudu urip guyub rukun. 2. Adhipati Kuthaliman, anak adhipati, gamel 3. Kadhipaten Kuthaliman, kali ing sacedhake Baturaden. 4. Kamardhikane dwija sastra 5. Ing tlatah Purwokerto, Jateng c. Kamardhikane dwija sastra d. Kamardhikane dwija sastra
66 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL II. Paribasa a. . 1. H 6. I 2. A 7. J 3. G 8. D 4. C 9. E 5. C 10. F b. 1. Bapak ngagem lancigan panjang werninipun cemeng. 2. Kula tumut kemah sadangunipun tigang dinten. 3. Bapak anggenipun dhahar radi kathah amargi luwe. 4. Kula dipunparingi toya benter kangge adus. 5. Simbah nengga kula wangsul saking kemah wonten ngajengan. 6. Sasampunipun wangsul saking kema kula banjur tilem sekedhap 7. Panc tumut emah menika dados kla saged ndamel tetedhan. 8. Ib mundut pirsa dhateng mbakyu kapa kula wangsul sakng kemah 9. Sabibaripun kemah kula lajeng sakit kalih dinten. 10. Bapak rumiyin nalika alit sampu nate tumut kemah. III. Unggah-ungguh 1. Aku matur marang bapak Bapak ngendika marang aku Simbah ngendika marang bapak Bapak maturmarang simbah 2. Budhe mundut pirsa marang ibu Ibu nyuwun pirsa marang ibu Pakdhe mundhut pirsa marang budhe Budhe nyuwun pirsa marang pakdhe 3. Aku ngaturi marang paklik Paklik ndhawuhi aku Pakdhe ndhawuhi paklik Paklik ngaturi pakdhe 4. Ibu nimbali aku Aku ngaturi ibu Ibu ngaturi simbah Simbah nimbali ibu 5. Kangmas mundhutake bulik buku Bulik mendhetake kangmas buku Bulik mundhutake simbahbuku Smbah mendhtetake bulik buku GLADHEN a. , b. 1. Masangi lemut ireng kang mbebayani 2. Kringeten sawise makarya 3. Simbah sih ndulangi adhik 4. Nggulawenthah putra ngangge ilmu agami. 5. Ngudi laku luhur V. Rurabasa a. No 1-10 Kamardhikane dwija b. . 1. Ndhudhuk sega
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 67 2. Nggodhog suweg 3. Gedhang kapok 4. Mendhunge ireng 5. Kandel tipis 6. Tela mrambat 7. Kathok dawa 8. Menthung tikus 9. Tape ketan 10. Kethuthuk pacul UJI KOMPETENSI 1 I. NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban 1 D 6 B 11 D 16 C 2 A 7 C 12 D 17 D 3 B 8 B 13 B 18 D 4 C 9 A 14 C 19 C 5 B 10 B 15 A 20 - II. . 1. Rurabasa 6. luzmev= [fs 2. Keplok ora tombok 7. Ngguyu kepingkel-pingkel 3. Saka cilik tekan tuwa 8. Mbayu boten sios kondur argi jawah deres 4. Nindakake, ngrampungi 9. Pakde panjengn kala wingi tindak saking pundi 5. Ngenamn klambi 10. Adhikmenthung ikus nganggo uthik gedhi III. 6. Roro Jonggrang, Baturaden, Rawa Pening, DumadineSemarang. 7. - Budhe samenika kula kaliyan adhi kula badhe sowan dhateng dalemipun Pak Guru - Pak guru panjenengan wau ngendika menapa, kula boten mireng. 8. Aku turu dhewekan nganti durung tangi 9. Nalika kula wangsul sekolah, simbah sampun wungu anggenipun sare. 10. amBunTeli [kL[ponLegi WULANGAN 2 PENGETAHUAN
68 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL A. Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Gladhen a. 1. Tembang 2. Papat 3. Tumindak 4. Nglantur, kebablasen 5. Ora dikandhani,ora dipituturi 6. Mesakake 7. Kadhung 8. Temenan, sabenere 9. Ora becik 10.Mbudidaya 11.Ditiru 12.Wong cilik 13.Mulang 14.Luwes,apik 15.Kenal, akrab b. . 1. Serat Wulangreh 2. 7 gatra, 3 pada 3. A,ana 7 4. Bakal ketua tula katali 5. Yen polah kudu sing jujur,ptutur becik kudu ditiru, aja nganti tumindak ora jujur. Gladhen Negesi Tembung 1. 3 2. Kalantur 3. Ditiru 4. - 5. Guru wilangan 6. 7 gatra 7. Katali 8. Kojur 9. Pada 10.Rumaket I. Tembung Rangkep 1. K 6. C 2. D 7. E 3. A 8. I 4. B 9. F 5. G 10. H Gladhen 1. Kebo digawa Syasudin ning sawah 2. Jogan omah diresiki Wakingah 3. Faturohman nggeret kayu nganggo tali. 4. Pitik telu disembeleh Ilham 5. Rohman ngecet tembok. 6. – 7. Kadir nylumbati krambil. 8. Fitri njerengi klambi abang. 9. Adhike diwedhaki Choirl Asni nganggo pupur. 10. Rohim mepe tela ning buri omah.
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 69 KETRAMPILAN ( 28-33) a. 1. – 11. Pirsa 2. – 12. Ningali 3. Kesah 13. Menehake 4. Kondur 14. Ngedusi, nyirami 5. Ngrawuhi 15. Mbektakaken 6. Dhateng 16. Ngangge 7. Tilem 17. Dijupuk 8. Wungu 18. Dipundherekaken 9. Tuku 19. Mantun 10.Mangertos 20. Kagungan b. . * 1. Numbasaken, kangge 2. Matur, panjenengan 3. Sakit, wangsul 4. Panjenengan, agem 5. Ageman, kagungan panjenengan 6. Tindak, nitih 7. Ngedusi, dipundhawuhi 8. Dhateng, ndamel wedang/inuman rumiyin. 9. Rawuh, garwanipun 10.Mbekta, gadhahanipun . 1. Kula taksih tumbas buku ing toko 2. Kula boten mlebet sekolah amargi taksih sakit. 3. Budhe dereng pirsa menawi simbah gerahipun sampun dhangan. 4. Menawi ibu taksih sare ing kamar 5. Simbah ngendika kula dipundhawuhi supados ndugekaken adhik kesah dhateng peken. 6. Ib u Shinta menawi ngersakaken unjukan anget. 7. Samenika adhik dereng wangsul sekolah 8. Mas Bayu taksih nedha pisang sinambi ningali TV 9. Minggu kepengker adhik dipunparingi pakdhe arta kathah. 10.Kula gadhah menda 3 cacahipun. 1. I 2. A 3. J 4. B 5. C 6. D 7. F 8. H 9. G 10. E Kawruh Basa 1. B 2. C 3. A 4. H
70 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL GLADHEN 5. G 6. J 7. E 8. I 9. F 10. D UJI KOMPETENSI 2 I NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban 1 - 6 A 11 D 16 C 2 A 7 D 12 A 17 A 3 B 8 D 13 A 18 C 4 A 9 B 14 B 19 D 5 C 10 B 15 B 20 C II. 1. Guru wilangan 2. Gambuh, Megatruh 3. 8u 4. Rondha /siskamling 5. Adhik mangan pelem 6. Ukara tanduk 7. Gegayuhane kasembadan 8. Pak, panjenengan kondur jam pinten. 9. Pakdhe, ngapunten nggih panjenengan siyos kondur boten? 10. Layang pribadhi III. 1. Guru gatra : Cacahing larik / gatra ing tembang macapat Guru wilangan: cacahing wanda utawa suku kata saben sagatra Guru lagu : Tibaning swara a,i,e,u,o ing pungkasaning gatra. 2. Senthong : papan kanggo turu Krangkeng : Papane macan 3. Bu guru nuwun sewu kula badhe nyuwun pirsa mangke para siswa wangsul jam pinten? 4. Bakul sida nuku gedhange simbah mau awan. 5. Garapane wis digarap dening para sisiswa ( Manasuka guru ) WULANGAN 3 ( 36-48) Gladhen 1. Keri 2. Kedadean 3. Lantaran ( melalui) 4. Kabeh 5. Diterangake 6. Dhaerah 7. Njelasake 8. Medeni 9. Kumpul-kumpul
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 71 10. Rampung 1. Dipanggihaken 2. Ngandharaken 3. Kirang langkung 4. Sumebaripun 5. Enggal enggal, cepet sanget 6. Sampun mantun/dhangan 7. Ingkang paling kathah 8. Sami nyambud damel/ ngasta 9. Saged gesang 10. Anggenipun Manguli pitakon 1. Virus kang mbebayani banget tumrah kesehatane masarakat. 2. Virus iki wis nginfeksi kurang luwih 2.016. 861 jiwa ing 210 negara sadonya kanthi angka kepaten kecathet 128.000 jiwa. 3. Bisa lumantar kontak langsung utawa interaksi sosial. Uga bisa lumantar droplet utawa cipratan, tetesan nalika wong sing lara mau kena watuk, flu. Virus iki bisa nular lumantar tangan utawa barang barang kang nembe digocek 4. Kabeh bareng bareng dedonga muga muga bencana biologis iki enggal purna ing bumi pertiwi Indonesia kepara malah ing donya satemah manungsa padha bisa urip kanthi ayem tentrem lan tansaya mempeng anggone ngibadah marang Gusti kang Maha Kuwasa. 5. Mratelakake menawa virus corona iki mbebayani banget tumrah kesehatane masarakat. Nulis ringkesaning carita Mangga kersa guru Gadhen Basa krama Lugu 1. Kiranglangkung cacahipun kathah sanget. 2. Mila saking menika sami ngatos-atos 3. Saged dipunpanggihaken ing pundi kemawon. 4. Langkung sae menawi nyambud damel ing griya. 5. Sinten kemawon saged kenging 6. Supados sareng sareng njagi 7. Sampun nggadhahi 8. Tiyang ingkang dhateng 9. Menawi kekesahan ngangge masker 10.Sami saged gesang sekeca. Ejaan Baku 1. Mlakua 6. Balia 2. Majua 7. Tangia 3. Nganggoa 8. Ngajia 4. Tukua 9. Dadia 5. Nyapua 10. Sadean KETRAMPILAN a. Gladhen 1. G 2. B 3. f 4. I
72 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 5. K 6. E 7. O 8. N 9. D 10. M 11. L 12. A 13. J 14. C 15. H b. Mangsuli pitakon 1. IndraSubekti 2. dinten Setu Pon surya kaping 12 November 2022 3. lumantar radhio Al Maulana FM 4. Mugi-mugi ndadosaken pamriksa panjenengan sedaya lan saged nambahi kawruh 5. para pamiyarsa lan para sutresna basa Jawi 6. provinsi Jawa Tengah, provinsi Jawa Timur, saha provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta 7. SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA se Jawa Tengah 8. .nggadhahi ancas supados basa Jawi tetep lestantun, ngrembaka, saha kangge nuwuhaken watak budi pakarti ingkang luhur kagem para siswa-siswi. 9. ngrembaka, saha kangge nuwuhaken watak budi pakarti ingkang luhur kagem para siswa-siswi. 10. Kadang redhaksi c. Mangsuli pitakon 1. Media sosial 2. . 3. Wartawan 4. Reporter 5. Kawruh lan seserepan 6. Isih anyar/anget 7. Kalawarti lan ariwarti 8. Gampang dimangrteni 9. Redhaksi 10. pawarta d. Nyaritakake maneh Mangga kersa guru e. Nulis Carita Mangga kersa guru Gladhen a. Jenise ukara 1. Ukara pitakon 2. Ukara pamrayoga 3. Ukara pangajab 4. Ukara pangajak 5. Ukara adharan
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 73 6. Ukarapamrayoga 7. Ukara ubaya 8. Ukara pamrayoga 9. Ukara panjaluk 10. Ukara pangajab b. Mangsuli pitakon nganggo tembung kang wis cumawis ! 1. L 2. D 3. J 4. C 5. I 6. A 7. G 8. H 9. E 10. B c. Gladhen Basa Krama Alus 1. Bapakdhahar ngagem ulam toya 2. Ibu boten saged sare amargi raosipun benter sanget 3. Kangmas panci sios rawuh sonten menika. 4. Simbah ndherek pengaosan ngantos dumugi dalu. 5. Pakdhe ngasta kajeng kathah raosipun awrat. 6. Bapak dipuncaosi pakdhe unjukan benter kalih cangkir. 7. Simbah kakung saged maos ing wanci dalu. 8. Paklik taun kepengker boten saged ndherek siyam amargi taksih operasi. 9. Mbakyu ngelanipun boeten sekeca amargi kirang sarem. 10. Simbah nyuwun dipundherekaken wonten ing ngajengan. UJI KOMPETENSI III I. Pilihan Ganda NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban 1 - 6 B 11 C 16 A 2 C 7 B 12 A 17 A 3 B 8 B 13 C 18 B 4 A 9 B 14 D 19 D 5 B 10 B 15 A 20 D
74 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL II. 1. Pawarta 2. Golek pawarta 3. Ukara ubaya 4. Ngandhakake 5. Muga muga 6. Kawruh lan seserepan 7. Ariwarti 8. Pawarta 9. Anyar,anget 10. Nyengsemake,sumringah III. 1. - Pawarta iku kudu bener isine tegese ora ngapusi utawa hoax - Wose pawarta isih anget, anyar utawa aktual. - Ora nyebarake bab alaning wong liya, yen kepeksa nyebut gunakake nganggo inisial. - Ditulis kanthi tetembungan lan ukara kang becik - Basane gampang dingerteni utawa komunikatif. - Anggone nulis utawa nyebarake dikantheni dina, tanggal utawa taun 2. Redhaksi : Jejibahane nyusun/ngrantam pawarta Reporter : Jejibahane golek pawarta 3. Bu, kula badhe nyuwun pirsa mangke siswa badhe wangsul jam pinten? 4. Mau awan bakul sida nuku gedhange simbah. 5. Mas, ayo mengko sore gelem melu aku ora menyang Solo. WULANGAN 4 TEKS PACELATHON LAN NGATURAKE PESEN Gladhen Mangsuli pitakon 1. Ani , Ibu Ayu 2. Les MC basa jawa 3. Ngisi formulir lan kartu pelajar utawa ktp 4. Paraga kang jejibahane mandhegani acara. 5. Basane sampun trep karo unggah-ungguh Kaca 54 a. Mangsuli pitakon 1. Imam Sudibya Aji sakulawarga 2. Selasa Kliwon 25 Februari 2022 3. Wonten ing griya Bp Imam Sudibya jl Suwarga Loka Purworejo 4. Serat ulem acara khitanan putranipun bp Imam Sudibya. 5. Ngrasakake seneng banget amarga entuk kanugrahan /rizki gedhe banget. 6. Bebendu, pepalang, pacoban, bebaya. 7. Lan,saha
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 75 8. Khitanan 9. Iqbal Taufik Mahmud 10. Tabuh 13.00-15.00 b. Mangga kersa bapa / ibu guru 1. J 2. D 3. E 4. F 5. C 6. A 7. G 8. A 9. I 10. H Basa Krama alus 1. Pakdhe mirsani wayang kaliyan lenggahan. 2. Bapak kempalan dereng kondur. 3. Ibu nyaosi unjukan benter dhateng simbah 4. Kados pundi anggenipun paklik ngendika wau. 5. Kangmas mundhut pirsamenapa leres pak RT siyos rawuh? 6. Mbakyu boten ngrawuhi pengaosan amargi taksih wonten tamu. 7. Ibu ngelan kagem dhahar mangke sonten. 8. Samenika ngantos dalu anggenipu nengga rawuhipun kangmas saking tindakan. 9. Pak Rohma n mundhut lisahbade kagem mbesmi banon. 10. Bapak ibu guru anggenipun mirsani jadwal kaliyan jumeneng. Nulis Aksara Jawa ( kaca 56) Kataman Bambang ngajine wis rampung banjur arep padha kataman. Kanane sing kataman 7 bocah. Lanange ana 3, menawa wedoke ana 4 yaiku Putri, Risma, Santi, Mawar. Katamane ing wayah wengi malem setu bocah-bocah padha prei sekolahe. Sabubare kataman banjur diterusake pengajian. Kang medar sabda yaiku bapak Harjo saking tlatah Magelang. Sawise kataman wis rampung banjur padha salaman marang wong kang padha rawuh. Wong tuwane banget mongkog ing penggalihe amarga putranewis bisa kataman bisa maca Quran kanthi lancar. Kabeh padha andonga muga muga bocah kang nembe kataman dadia bocah sing soleh lan solekhah bekti marang tiyang sepuhipun. Kena kanggo sangu urip ana ing alam donya lan akhirat. Kajawi menika dados lare ingkang migunani dhateng sesami.aamiin. Mangsuli pitakon 1. Kataman 2. Putri, Risma, Santi, Mawar, lan 3 bocah lanang liyane. 3. Lanange ana 3, menawa wedoke ana 4 4. Wayah wengi malem setu 5. Padha salaman, Bapak Harjo 6. Bisa maca Quran kanthi katam lan lancar. 7. Kabeh padha ndonga 8. Amarga putranewis bisa kataman bisa maca Quran kanthi lancar. 9. dadia bocah sing soleh lan solekhah bekti marang tiyang sepuhipun. 10. yaiku bapak Harjo saking tlatah Magelang
76 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL Maca aksara Jawa 1. mLku wyh [asukKepeqk\ t}=gili= 2. bpkMunDu[tKp-h aix= ni=ps/ 3. [soltHikuffiwj[bB [wo=IsLm\ 4. taun\;2012; simBh tinFkHjik[ro aibu. 5. bulikKguznTsBih 2mBut Hn;15; Sanepo Gladhen 1. cahyane pucet banget 2. dedege cendhek banget 3. eseme manis banget 4. kawruhe cehek banget 5. rasane pait banget 6. polahe usil banget. 7. Playune banter banget 8. Rembuge mencla mencle 9. Tatune akeh banget. 10. Pikirane kethul banget. Milih tembung kang bener 1. Manuk mabur 2. tutup botol 3. nganggo kemul 4. lagi macul 5. ngumbah sarung 6. suket garing 7. kali banjir 8. tuku pancing 9. taline muntir 10. Kembang kanthil Ngiseni ceceg-ceceg 1. G 2. D 3. A 4. H 5. E 6. F 7. I 8. J 9. C 10. B UJI KOMPETENSI IV II. Pilihan Ganda NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban NO Kunci Jawaban 1 A 6 D 11 A 16 A 2 C 7 C 12 C 17 D
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 77 3 B 8 D 13 A 18 A 4 D 9 D 14 D 19 C 5 - 10 D 15 D 20 D II.Mangsli pitakon 1. Paseduluran 2. Alane liyan 3. Sulaya,congkrah 4. Unggah unggu lan tataakrama sing bener. 5. Sing diundang 6. Atur-atur 7. Ndhawuhi atur atur 8. Olahe usil banget. 9. Wulu kucing/kranjang 10. Ana catur mungkur III Uraian 1. Tegese becik alane manungsa iku bisa katitik saka kepriye anggone micara. Menawa micarane becik bia diarani kapribadene becik, mangkono sawalike . 2. - Micara sing becik lan ora ngapusi.
78 MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL - Ndeleng wong sing diajak guneman - Ora munggel gunemane wong liya. - Ora nggunemake alaning liyan. - Ngendhani micara kang ndadekake sulaya/ perdebatan. - Nggatekake ngadisarira utawa polahe awak. - Polatan sumeh lan nyengsemake 3. a. Nganggo rasukan (busana) sing pantes, rapi, lan prasaja (sederhana). b. Pilih wektu sing pas, kayata ora bebarengan karo wektu sembahyang lan istirahat. c. Sawise tekan ing omahe sing arep diatur-atur, thothok lawang lan uluk salam. d. Sawise dibukakake lawang lan dimanggakake mlebu dening sing duwe omah, mlebuakanthi sopan. Aja langsung lungguh sadurunge sing duwe omah nyumanggakake lungguh. Banjur lungguha kanthi sopan lan ora grusa-grusu, sawise dimanggakake lungguh. e. Sawise lungguh, banjur matur apa sing dikarepake atur-atur (biasane sing duwe omahtakon tujuane apa karo sing atur-atur). Olehe matur nggunakake basa krama alus kanthi solah bawa kang apik. f. Sawise sing duwe omah nanggapi atur-ature mau, lan rampung apa sing dikarepake aturatur, banjur nyuwun pamit. Menawa disuguh unjukan, ya diombe ndhisik kanthi sopan sadurunge pamit. 4. pkH=slBebuzh se[pd;3;cch[a 5. Atur panuwun ingkang tanpa upami, menawi panjenengan kersa minangkani panyuwunan kula dalah kulawarga. Nuwun. Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.
MODUL BAHASA JAWA - KELAS 8 - SMT GASAL 79