M O D U L P A S I N A O N B A S A J A W A K E L A S V I I S E M E S T E R 2 Wiji Budi Lestari, S.Pd. Ayo Padha Sinau Basa Jawa
ATUR PANGIRING Assalamualaikum Wr. Wb. Puji sukur mugi konjuk dhateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking berkah lan sih kanugrahan-Ipun, satemah pangripta saged ngrampungaken jejibahan nyerat Modul Pasinaon Basa Jawa Kelas VII Semester 2 minangka sarana kangge njangkepi tataran Madrasah Tsanawiyah kanthi boten wonten alangan satunggap punapa. Modul Pasinaon Basa Jawa Kelas VII Semester 2 punika karakit adhedhasar Kurikulum Muatan Lokal Mata Pelajaran Bahasa Jawa. Kanthi Modul Pasinaon Basa Jawa Kelas VII Semester 2 kaangkah para siswa saged remen lan gampil anggenipun nampi piwucalan basa Jawi ing madrasah, tundhonipun sansaya tuwuh ngrembaka babagan nilai katakter bangsa ingkang tansah rumaket wonten dhiri pribadhinipun para siswa. Wondene kagem para dwija, kaajab Modul Pasinaon Basa Jawa Kelas VII Semester 2 punika saged minangka satunggaling cepengan salebetipun mucal basa Jawi wonten tataran madrasah. Amrih anggenipun nyinau Basa Jawi boten uwal saking garis ingkang sampun katemtokaken, ing Modul Pasinaon Basa Jawa Kelas VII Semester 2 sampun kaserat Standar Isi semester genap ingkang ngrewat Kompetensi Inti (KI) lan Kompetensi Dasar (KD). Kejawi punika, saben wiwitaning wulangan utawi bab sampun kaserat kanthi urut : Kompetensi Inti (KI), Kompetensi Dasar (KD), indikator, cakupan materi, langkah pasinaon, lan gladhen. Wondene wonten pungkasaning wulangan kaserat soal-soal gladhen Penilaian Akhir Semester 2 (PAS2) taun kepengker. Wasana, kagem para sumitra lan para sutresna basa Jawi, kula tansah mawantu-wantu panyaruwe amrih kasampurnaning Modul Pasinaon Basa Jawa Kelas VII Semester 2 punika. Nuwun Wa'alaikumsalam Wr. Wb. Majenang, Januari 2023 Pangripata, Wiji Budi Lestari, S.Pd. iii
DAFTAR ISI ATUR PANGIRING ...................................................................................... iii DAFTAR ISI ................................................................................................. iv WULANGAN 1 Peristiwa Budaya A. Cerita Peristiwa Budaya ......................................................................................... 1 B. Gladhen Peristiwa Budaya ..................................................................................... 8 WULANGAN 2 Serat Wulangreh Pupuh Sinom A. Tembang Macapat Serat Wulangreh Pupuh Sinom ............................................. 10 B. Gladhen Temang Macapat Serat Wulangreh Pupuh Sinom ................................ 21 WULANGAN 3 Cerita Wayang Ramayana Kidang Kencana A. Cerita Wayang Ramayana Kidang Kencana .......................................................... 22 B. Gladhen Cerita Wayang Ramayana Kidang Kencana ........................................... 44 WULANGAN 4 Dialog (Pacelathon) A. Dialog (Pacelathon) .................................................................................................. 47 B. Gladhen Dialog (Pacelathon) ................................................................................... 55 PENILAIAN AKHIR SEMESTER 2 ......................................................................... 57 DAFTAR PUSTAKA ............................................................................................... 68 iv
Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Indikator Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya. Mengharagi dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (tolerasin, gotong royong), santun, percaya diri, dalam interaksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan dalam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni dan budaya terkait dengan fenomena dan kejadian nyata Mencoba, mengolah, dan menyai dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. 1. 2. 3. 4. Wulangan 1 P E R I S T I W A B U D A Y A 3.1 Memahami isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya 4.1 Menanggapi isi teks deskriptif tentang peristiwa budaya Mengemukakan pendapat secara lisan isi wacana deskripsi yang didengar Menyampaikan nilai positif dari wacana deskripsi Membaca deskripsi tentang peristiwa budaya Mengartikan kata-kata sukar yang dianggap sulit Memberi tanggapan terhadap bacaan Menuliskan ringkasan bacaan Menceritakan kembali isi bacaan dalam ragam krama 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 1
Materi Pasinaon Mangerteni Isi Wacan Deskripsi Bab Prastawa Budaya kadadeyan alam : banjir, lindhu, tsunami, gunung njeblug, lan sapanunggalane. kadadeyan saben dina : suasana ing sekolahan, pasar, papan wisata, lan sapanunggalane. kadadeyan prastawa budaya : sekaten, kirab pusaka, sadranan, labuhan, lan sapanunggalane. Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake salah sawijining bab kanthi peprincen kang remit utawi sagamblang-gamblange nganti wong sing padha maca kaya-kaya bisa weruh, krungu, lang ngrasakake barang utawa kahanan sing digambarake kasebut. Tuladhane : Kadadeyan/prastawa budaya isih akeh diprangguli ing saindhenging nuswantara, apameneh ing tanah Jawa, mligine Jawa Tengah, Yogyakarta, lan Jawa Timur. Kadadeyan/prastawa budaya kasebut ora bisa kapisahake karo panguripan lan kagiyatan masyarakat ing saben dinane. Tuladhane kaya upacara labuhan, sawalan, sadranan, sekaten, lan sapanunggalane. Ayo padha disinaoni, digatekake, lan dirembug bareng-bareng kanthi tekun , teliti, uga tanggung jawab, tuladha wacan deskripsi ngenani prastawa budaya kasebut! 2
Upacara Tradhisi Begalan Begalan yaiku sawijining seni tradhisi budaya masyarakat Jawa kang ngrembaka ing karisidenan Banyumas, kang katindakake nalika prosesi nikahan/krama. Begalan ditindakake ing sajerone acara nalika tekane rombongan penganten kakung mlebu menyang plataran daleme penganten wadon. Perangan utawa uba rampe ing tradhisi begalan iki diarani "Brenong Kepang", yaiku kang isine bekakas pawon. Bekakas pawon iki kayata : ilir, iyan, cething, kukusan, kalo (saringan ampas), tampah, sorokan, centhong, siwur, irus, kenthol, lan wangkring, sarta wlira. Biasane sabubare pagelaran kuwi mau bekakas pawon sing digawa dibalangake kanggo rayahan penonton. Wondene pawongan kang kadhapuk ing acara begalan yaiku ana 2 (loro) penari. Penari kasebut kajibah nggawa brenong kepang kang jenenge Gunareka lan wong kang kajibah mbegal jenenge Rekaguna. Sandhangan kang digunakake penari mau lumrahe awujud klambi kampret sarwa ireng, bebed lansingan bathik Banyumasan, ikete wulung jeblangan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah. Gambar 1 : https://disk.mediaindonesia.com/thumbs/1200x-/news/2020/11/641bf78a09dff5472f9a05282fe66747.jpg Omongan utawa pawicantenan antarane Gunareka lan Rekaguna ing upacara begalan isine pitutur becik kanggo penganten sakloron anggone arep mbangun bale wisma. Gunemane nggambarake simbol kang ana ing brenong kepang, kayata : iyan, minangka pralambang pasangan temanten kudu bisa srawung ing masyaning masyarakat. Ilir minangka pralambang yen salah sijining pasangan temanten lagi krodha pasangane kudu bisa ngadhem-adhemi. Kukusan minangka pralambang muga-muga kabeh kebutuhan ing bale wisma bisa kecukupan kabeh, lan pojok lima ing kukusan werdine wong urip aja nganti ninggalake solat lima wektu. Kuwi mau tuladha pralambang saka "Brenong Kepang" kang bisa dijupuk pitutur luhure kanggo urip ing saben dinane. Kadhangkala pituture dibumboni dagelan kepriwe carane wong urip omah-omah, lanang wadon. Pagelaran iki diiringi gendhing Jawa Banyumasan ricik-ricik, Cirebonan, gurung sari, gudril, lan eling-eling nambahi saya sengsem lan regeng lampahani seni tradhisi begalan. (Kapethik saka Ringkesan Materi Bahasa Jawa untuk SMP/MTs Semester 2 Kelas VII, Tim MGMP Kabupaten Cilacap Taun 2023) Kegiyatan 1 3
1.Begalan iku upacara tradhisi saka tlatah ngendi? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 2. Kapan Kesenian upacara adat begalan ditindakake? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 3. Apa kang dikarepake brenong kepang manut wacan ing ndhuwur? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 4. Sapa arane kang ngayahi jejibahan upacara belagan lan jlentrehna! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 5. Sebutna tuladha pralambang kang ana ing tradhisi begalan iku! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... A. Negesi Tembung Ngrembaka : berkembang Kadhapuk : dipasrahi dadi Bale wisma : kulawarga Rayahan : rebutan B. Wangsulana Kanthi Patitis! C. Golekana pitutur/piwulang luhur saka wacan ing ndhuwur! Mbabarake : myritakake, ngandharake Kroda : nesu banget Guneman : omong-omongan Pawicantenan : omong-omongan Wangsulan : 4
Kegiyatan 2 Nginang ing Sekaten Tandhane sekaten wis diwiwiti, menawa gamelan wis keprungu ditabuh. Gamelan sekaten tetinggalane para wali cacahe ana rong pangkon arane Kyai Guntur Sari lan Guntur Madu. Wirama gendhing sing kababar kumandhang saka unine gamelan ngemu pangaribawa. Gamelan loro kasebut kanthi genti-genten ditabuh ing plataran Mesjid Agung Kasunanan Surakarta dening para abdi dalem lan pamengku budaya kraton. Ing sakiwa tengene plataran jejer-jejer kanthi runtut dening ibu-ibu lan simbah-simbah sing wis umur padha dodolan kinang, Kinang iku diedol karo endhog kamal lan kembang setaman. Sing padha tuku racake uga ibu-ibu sing wis tuwa. Wong-wong sing padha tuku kinang percaya, yen kanthi nginang nalika mbarengi gamelan sekaten ditabuh bisa ndadekake awet enom. Mula, akeh warga sing teka ing papan kono padha gelem suk-sukan lan uyel-uyelan karo nginang nyedhaki gamelan nalika gamelan iku ditabuh. Kanggo ngenteni gamelan ditabuh maneh nalika bubar sigeg, para warga padha metu jajan manut pekaremane dhewek-dhewek. Ana sing tuku wedang rondhe, cabuk rambak, sega liwet, lan manekawarna jajanan pasar liyane sinambi ngenggar-enggar penggalih ing sangisore witwitan sing eyup-idhum ing plataran Mesjid Kraton Surakarta. Gambar 2 : https://phinemo.com/mengenal-tradisi-sekaten-solo-dan-yogyakarta/ Kinang kuwi racikan saka mbako, kembang kanthil, suruh, gambri lan enjet. Tradhisi ngingang wis ana wiwit jaman biyen turun-tumurun nganti tekan saiki. Carane ngresepi nikmate wong nginah klebur nyleneh. Sawise racikan suruh, enjet, lan gambir wis cumawis banjur dimamah nangti ngetokake werna abang. Sabanjure mbako rajangan garing sing wis diglindhingi disumpelake ana njerone lambe. Kembang kanthil ora katut dimamah mung kanggo wangi-wangi mbakone wae. Kembang kanthil disumpingake ana ing kupinge sing padha nginang katon tambah enom lan sulistya ing warna. Rasa pait sing kudu dirasakake nalika mamah racikan kinang kuwi ilang entuk ganti kanthi tumekane rasa antenging pikir uga sumelehe ati tumanduk marang sing padha nginang. Kanthi nginang para leluhur paring piwulang marang awake dhewek supaya wani ngandhepi pait-getiring urip kanggo entuk rasa anteng lan meneping pikir. (Kapethik saka Wursita Basa Kelas Kanggo SMP/MTs/SMPLB Kelas VII Kaca 88-90) 5
Ngrembag lan Negesi Tembung-tembung Angel ing Wacan Deskripsi Bab Prastawa Budaya Mangsuli Pitakonan 1.Apa tandhane yen sekaten wis diwiwiti? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 2. Apa arane gamelan sekaten? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 3. Apa kang diedol ing sakiea tengene plataran Mesjid Agung Surakarta nalika Sekaten? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 4. Manut sing padha ningan nalika sekaten, bisa njalari apa yen nginang pinuju gamelane ditabuh? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 5. Wujude apa rajikan kinang iku? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 6
Ngrembug lan Nulis Ringkesan Wacan Deskripsi Sawise nindakake kegiyatan nggoleki tembung-tembung kang angel lan mangsuli pitakonan gayut karo wacan deskripsi babagan prastawa budaya kanthi irahirahan Nginang ing Sekaten. Saiki padha rembugan utawa ndhiskusekna karo kanca sakelompokmu ngenani isine wacan kasebut kanthi tekun, tliti, lan grengseng! Ayo ditindakake kegiyatan-kegiyatan kaya sing kasebut ing ngisor iki! Saben kelompok dhiskusi nyameptakake lan ngadhep wacan deskripsi kanthi irah-irahan Nginang ing Sekatern. Kabeh anggota kelompok banjur maca wacan mau kanthi permati. Tembung utawa ukara sing durung ngerti karepe suwunana pirsa marang gurumu! Rembugan apa isine wacan kasebut banjur ditulis sing apik lan bener apa isine wacan kasebut! Sabanjure salah siji kanca saka kelompokmu macakake asile anggonmu ngringkes ing ngareoe kanca-kanca sakelas! 1. 2. 3. 4. 5. 7
GLADHEN WULANGAN 1 I. Wenehana tandha (X) ing aksara a, b, c utawa d kang dadi wangulane pitakonan kang bener! Begalan yaiku sawijining seni tradhisi budaya masyarakat Jawa kang ngrembaka ing wewengkon Karisidenan Banyumas. Kabupaten kang kalebu karisidenan Banyumas yaiku.... 1. a. Banyumas, Temanggung, Cilacap, lan Banjarnegara b. Banyumas, Wonosobo, Cilacap lan Banjarnegara c. Banyumas, Purbalingga, Cilacap, lan Banjarnegara d. Banyumas, Magelang, Cilacap, lan Banjarnegara 2. Begalan sawijing tradhisi kang ngrembaka ing wewengkon Kariseidenan Banyumas. Tembung "wewengkon duwe teges .... a. seneng c. masyarakat b. tlatah d. dadi tontonan Gatekna pethikan teks ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 3! Omongan utawa pawicantenan antarane Gunareka lan Rekaguna ing upacara begalan isine pitutur becik kanggo penganten sakloron anggone arep mbangun bale wisma. Gunemane nggambarake simbol kang ana ing brenong kepang. 3. Manut pethikan wacan ing ndhuwur upacara begalan sejatine isine bab .... a. Wejangan kanggo penganten lan para tamu kang padha rawuh b. Tononan kanggo panglipur penganten lan para tamu kang rawuh c. Guyonane para paraga kanggo ngramekake adicara penganten d. Ngrebut pekakas brenong kepang lan disebar kanggo para tamu Gatekna pethikan teks ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 4 & 5! Wondene pawongan kang kadhapuk ing acara begalan yaiku ana 2 (loro) penari. Penari kasebut kajibah nggawa brenong kepang kang jenenge Gunareka lan wong kang kajibah mbegal jenenge Rekaguna. Sandhangan kang digunakake penari mau lumrahe awujud klambi kampret sarwa ireng, bebed lansingan bathik Banyumasan, ikete wulung jeblangan, lan sikile kudu nyeker ora kena nganggo trumpah. 4. Manut teks ing ndhuwur, kang ngrebut brenong kepang jenenge .... a. Rekaguna c. Wulung Jeblagan b. Gunareka d. Rekadana 5. Sandhangan kang digunakake paraga loro kuwi lumrahe sarwa ireng. Krama aluse ukara ing ndhuwur yaiku .... a. Sandhangan kang digunakake paraga kalih niku lumrahe sarwa ireng b. Sandhangan ingkang dipunginaken paraga kalih menika limarhipun sarwi cemeng c. Sandhangan kang dipunginakake paraga kalih menika lumrahe sarwi cemeng d. Sandhangan ingkang digunakake paraga kalih menika lumrahipun sarwi ireng 8
A 6. Tandha menawa sekaten wis diwiwiti yaiku .... a. Gamelan wis keprungu ditabuh b. Wong-wong padha nginang c. Nalika sasi sawal ing saben taun d. Warga padha sek-sekan nginang ing teras mesjid 7. Ing ngisor iki arane gamelan sekaten ing Kraton Surakarta yaiku ... a. Kyai Guntur Sekar lan Guntur Madu b. Kyai Guntur Sari lan Gundur Matu c. Kyai Guntur Manis lan Guntur Legi d. Kyai Guntur Rasa lan Guntur Legi 8. Racikan kinang iku wujude kaya ing ngisor iki, kajaba .... a. Gambir c. Enjet b. Suruh d. Kencur 9. Apa kang akeh diedol ing sakiwa tengene plataran Mesjid Agung Surakarta nalika sekaten? a. Kinang c. Jajanan b. Rokok d. Sega pecel 10. Saka nginang para leluhur paring piwulang marang awake dhewek supaya .... a. Wani ngadhepi pait-getiring urip kanggo entuk rasa anteng lan meneping pikir b. Wani ngadhepi bebaya kang ana ing ngarepe awake dhewek kanthi tatag c. Bisa dinggo obat awet enom lan nggawe ayu sulistya merga lamebene abang d. Bisa paring kasil dinggo nyukupi kabutuhan ing urip saben dinane II. Ayo Gathukna Tembung ing Kolom A lan B ing Ngisor Iki Ben Dadi Pratelan Kang Bener! Bale Wisma Timun Rekaguna Wewengkon Brenong Kepang Kababar Nyleneh Gamelan sekaten Abang Cumawis 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. B A. Tlatah B. Diunekake C. Kyai Guntur Sari lan Guntur Madu D. Kulawarga E. Abrit F. Samepta G. Aneh/mbedani H. Rampok ing begalan I. Bekakas ing begalan J. Akir, keri 9
Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya. Mengharagi dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (tolerasin, gotong royong), santun, percaya diri, dalam interaksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan dalam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni dan budaya terkait dengan fenomena dan kejadian nyata Mencoba, mengolah, dan menyai dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. 1. 2. 3. 4. Kompetensi Inti Wulangan 2 S E R A T W U L A N G R E H P U P U H S I N O M 3.2 Memahami isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom 4.2 Menelaah & menyampaikan tanggapan tentang isi teks Serat Wulangreh pupuh Sinom Membaca teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit Menjawab pertanyaan tentang isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom Mendiskusikan pitutur luhur yang terdapat dalam teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom Menuliskan isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom Memberikan tanggapan atau komentar tentang pokok-pokok isi teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Sinom 1. 2. 3. 4. 5. 6. Kompetensi Dasar Indikator 10
Materi Pasinaon 11 Serat Wulangreh menika anggitanipun yasan agung Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV, satunggaling raja ing tlatah Jawa ingkang jumeneng antara taun 1788 tekan taun 1820. Kajaba raja ingkang jumeneng wiwit tasih mudha, panjenenganipun uga kalebu sastrawan ingang kawetar ing antarane anggitane yaiku serat Wulangreh, ingkang isine ngandhut piwulangan utawa ajaran kangge nggulawentah wong urip wiwit kandhutan nganti tekan lair ing donya. Kayadene yasan kasusastran Jawi kang awujud tembang kaya liyane, Serat Wulangreh uga kawujud saka sakperangan pupuh. Saben pupuh ing Serat Wulangreh ana sakperangan pada. Ing saben pupuh migunakaken metrum (pathet) kang jumbuh karo watak lan isine tembang. Cacahing pada saben pupuh ora padha, gumantung karo cacae teks kang digunakake dene ing saben pada dirinci maneh dadi larik utawa gatra. Ing saben gatra kuwi kadhapuk saka sakperangan wanda (suku kata) kang arane guru wilangan. Ing wanda pungkasan kudu ngemu swara vokal kang diarani guru lagu utawi dhongdhing. Dadi saben pupun mesthi ngandhut pada, larik, wanda, lan swara pungkasan kang padha. Semana uga ana ing Serat Wulangreh anggitanipun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana IV iki mengot sakperangan pupuh kalebu pupuh Sinom kang cacahe ana 33 pada. Sinom kuwi nduweni teges bocah enom. Pramila lumrahe dinggo sasmitane tembang Sinom nggunakake tembung kang ngandhut enom kayata nom-noman, anom, ijo, sinoman, lan sapanunggalanipun. Mula, tembang Sinom nduweni watak seneng, akrab, renyah, kenes, lan sumanak. Dene wujude Serat Wulangreh kaya ing ngisor iki. Gambar 3 lan 4 : https://wikisource.org/wiki/Page:Serat_Wulangreh.pdf/9
Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu Cacahing gatra (larik) saben sakpada (bait) temang Sinom yaiku ana 9 gatra/larik Cacahing wanda (suku kata) saben sakgatra ana ing temang Sinom yaiku : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 Tibaning swara (vokal) ana ing pungkasaning gatra/larik temang Sinom yaiku : a, i, a, i, i, u, a, i, a Paugeran Tembang Sinom 12 Teks Tembang Sinom Pada 01 Ambeke kang wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha. Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya Pada 02 Ingsun uga tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita. Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong Pada 03 Tur ta duk masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan. Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah
13 Pada 04 Carita nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan. Adapu cerita yang kuberikan ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita yang kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat. Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan Pada 05 Nanging padha estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa. Namun turitilah nasihat yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan, laksanakan nasihat yang kuingat dari tetua, mudah-mudahan kalian dapat melaksanakan nasihat ini, sebab ajaran orang tua akan membawa berkah Pada 06 Lan aja nalimpang madha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan, ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale tinekan. Dan jangan ada yang berani mencela leluhur. Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur dengan cara ‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai segala yang diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat atau lambat akan dikabulkan jika sungguh-sungguh. Pada 07 Hyang sukma pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa. Bukankah Yang Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala keinginan yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang dikatakan hadits. Buktinya juga ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon sehingga anak, cucu, buyut, canggah, wareng ikut mewarisinya Pada 08 Panembahan senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
14 Panembahan Senopati yang memerintah di Mataram pun berkesesuaian dengan dengan anugrah Yang Mahaesa keturunasnnya berkuasa turun temurun dari berkah leluhur . agar berkahmu lestari, seyogyanya kau ikuti laku Pada 09 Mring leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni, cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan. Para leluhur jaman dulu. ‘Menyiksa diri sudah barang tentu semampumu, semampu kau melaksanakannya. Kurangi sedikit tidur dan makanmu. Tidak perlu meniru seluruhnya perilaku leluhur, sepertiganya atau seperempat saja sudah cukup Pada 10 Pan ana silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang. Bukankah ada peribahasa ‘belajarlah dalam nikmat, sakit dalam sehat, senang dalam penderitaan, prihatin dalam kesukaan, dan matilah dalam hidup. Begitulah laku orang jaman dulu Pada 11 Pamore gusti kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange ta kaki, tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari nama tembaga tuwin kencana. Perhatikan pula manunggaling kawula gusti yangsesungguh-sungguhnya bagai sotyaludira (roh suci). Secara sederhana, Anakku, emas dan tembaga itu lebur dalam api, bercampur menjadi satu, hilanglah nama tembaga dan emasnya Pada 12 Yen aranana kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi, milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane salin, lan rupane sayekti yen warna beda. Jika dinamakan emas sudah bercampur tembaga, jika disebut tembaga sudah bercampur dengan emas, oleh karenanya disebutlak suasa yang merupakan campuran mas dan tembaga. Adapun namanya berubah karena warna dan wujudya berubah Pada 13 Cahya abang tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
15 Suasa murni berwarna merah kekuning-kuningan . jika membuat suasa dengan tembaga yang tidak baik, pegolahannya tidak bersih, atau masnya muda, maka tidak akan bercahaya, namanya pun suasa bubul Pada 14 Yen sira karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi, biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya. Jika kau ingin membuat suasa yang baik, pilihlah tembaga yang baik, syukur-syukur jika mendapatkan tembaga prusi, diolah dengan bersih, emas tua dengan dasar sari yang tidak tercampuri, hasilnya adalah suasa mulia Pada 15 Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir batin, pedimene apan sarira tunggal. Itu hanyalah sebuah perumpamaan sebagai ukuran badan ini. Jika kau ingin memahami manunggaling kawula gusti, sesungguhnya harus bersih, jangan terhinggapi nafsu lawamah dan nafsu amarah, serta suci lahir batin agar jiwamu hening Pada 16 Lamun mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya. Jika tidak demikian, yakinlah tidak akan terjadi. Mempelajari ilmu yang sejati didak boleh diduakan. Bagi yang belum memperoleh pengetahuan memang repot jika tidak sungguhsunguh. Mudah berbicara namun sulit jika belum terbuka Pada 17 Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawaslawas bok pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa udani, apan ana dalile kang wus kalawan. Namun demikian, segala hal yang diperkirakan baik, itu layak jika kau tekuni, lama-kelamaan juga akan kau temukan dan menetap dalam hatimu. Yakini petunjuk guru, jangan cepat bosan jika hendak mencapai kemuliaan karena memang demikianlah hukum yang sudah tertuang dalam dalil Pada 18 Marang leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
16 Seluruh leluhur jaman dulu dalam memohon kepada Yang Mahakuasa agar dapat menguasai Negara dan menjadi pusat tanah Jawa diperolehnya melalui wahyu karena mereka rendah hati dalam melaksanakan laku Pada 19 Tampane nganggo alingan, pan padha alaku tani, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula. Laku dilaksanakan secara diam-diam sambil bertani. Sikap seperti itu dilakukan agar tidak kentara serta bersikap tidak menyombongkan kemampuan diri bahkan mau mengabdi kepada siapapun yang memperoleh wahyu keraton jawa. Pada 20 Punika laku utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran. (penyamaran) Itulah laku yang utama, tidak menampakkan bahwa ia sedang menjalankan laku, sehingga yang disamarkan itu merupakan cita-cita tersembunyi dalam hati, jauh dikejar karena di situlah manungaling kawula gusti mencapai kedalaman. Hal demikian baik jika ditiru, Anak cucuku agar tidak kehilangan keturunan Pada 21 Lan maning ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu ingkang kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha, kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah. Dan ada lagi wasiat berupa tabu yang terucap pada jaman dulu. Wajib kau ketahui sebagai anak cucu yang terakhir, dan jangan ada yang berani melanggar tabu leluhur yang dimuliakan oleh Yang Mahaesa. Mudah-mudahan bermanfaat bagi keluarga besar Pada 22 Wiwitan ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena. Yang pertama kali mengucapkan tabu adalah Ki Ageng Tarub. Ia berpesan agar keturunannya tidak mengenakan keris dan tumbak yang terbuat dari baja, tidak boleh makan daging sapi, dan tidak boleh memelihara abdi perempuan wandan Pada 23 Dene Ki ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe den waleri, kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
17 Adapun Ki Ageng Sela mengucapkan tabu, bahwa keturunannya tidak diperbolehkan berkain cindai, tidak diperbolehkan menanam labu di depan rumah dan tidak boleh memakan buahnya. Panembahan Senapati Ingalaga mengucapkan tabu Pada 24 Ingkang tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken lawang, wuri tan ana nunggoni, dipun emut punika mesthitan kena. Bahwa keturunannya tidak diperkenankan mengendarai kda berwarna abu-abu kekuningkuningan dan dilarang menunggang kuda yang surainya dikepang, makan membelakangi pintu kecuali di belakangnya ada yang menjaga. Ingatlah dan jangan ada yang melanggar itu Pada 25 Jeng Sultan Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen jurit, nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen tan bisa nembang kawi, pan prayoga satedake sinauwa. Kanjeng Sultan Agung Mataram mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperkenankan menunggang kyda yang rewel jika diajak bertempur, tidak memperkenankan tumbak ang bergagang kayu wregu vserta tidak akan diakui sebagai keturunan (Mataram) jika tidak dapat membaca tembang kawi dan mengharuskan belajar tembang kawi Pada 26 Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat, waler mring saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah. Kanjeng Sunan Pakubuwana yang dilantik di Semarang kemudian berkuasa di Kartasura mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan menunggang gajah. Sunan Prabu Amangkurat mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang berziarah ke makam Butuh Pada 27 Lawan tan kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng Susunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan. Jika sedang menungang kuda tidak boleh menyandangkeris tanpa pendhok. Janganlah kau meremehkan tabu-tabu di atas. Adapun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana II mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang Pada 28 Dhahar apyun nora kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha nglakoni, narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa, linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
18 Madat, baik dihisap maupun dimakan. Barang siapa melanggar tabu dengan madat akan dikeluarkan dari daftar keturunan Kanjeng Sunan yang dimakamkan di Laweyan Pada 29 Prasapa Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den lilani, agawe andel ugi, wong sejen ing jinisipun, apan iku linarangan, anak putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa. Adapun Kanjeng Susuhunan III mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan mengangkat orang kepercayaan yang bukan berasal dari bangsa sejenis, serta anak cucu tidak diperkenankan melanggar larangan Pada 30 Wonten waler kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena. Masih ada tabu leluhur ang terlewat, yaitu dilarang merambah Hutan Krendhawana. Adapun yang mengucapkan tabu tersebut adalah Dananjaya. Ada lagi tabu bagi keturunan Mataram, yaitu tidak diperkenankan bermain-main di hutan atau rawa-rawa Pada 31 Dene sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang nyenyirik malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan payung dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak. Adapun tabu bagi keturunan Demak adalah mengenakan pakaian berwarna ungu, tabu keturunan Madiun adalah kain panjang luntang dan paying berhias merah, tabu keturunan Madura adalah mengenakan batik bermotif parang rusak Pada 32 Yen tedhak Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena ajang piring, watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara, miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa. Keturunan Kudus tidak boleh makan daging sapi, keturunan Sumenep tidak diperkenankan makan dengan piring batu, makan daging kijang, dan dilarang menggunakan daun plasa sebagai alas makan Pada 33 Kabeh anak putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa. Semua abak cucu, camkan dan jangan lupa tabu zaman kuno warisan leluhur, patuhilah jangan sampai ada yang melanggar. Barang siapa berani melanggar pasti tidak akan selamat dan yang mendengar ini supaya giris (girisa merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu girisa)
19 Negesi Tembung Tembang Sinom
20 Wangsulana Pitakonan ing ngisor iki adhehasar Serat Wulangreh ing ndhuwur! 1.Manut Tembang Sinom pada 1 ing ndhuwur kepiye satemene sipate rong utama kuwi? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 2. Minangka umating manungsa ana ing pada 7 apa kang kudu ditindakake manawa duwe gegayuhan supaya kaleksanan? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 3. Sapa bae paraga kang kagungan wasiyat kang disebut ana ing temang Sinom ing ndhuwur? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 4. Apa wewaler/larangane Panembahan Senopati? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 5. Apa wewaler/larangane Ki Ageng Tarub kanggo putra wayahe? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 6. Sebutake wewalere/larangan anak turune Kudus! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 7. Sebutake wewalere/larangan anak turune Sumenep! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 8. Sebutake wewalere/larangan anak turune Demak! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 9. Sebutake wasiyate kanggo anak turune Susuhunan Pakubuwana III! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 10. Sebutake wewaler/larangan anak turune Ki Ageng Sela! Wangsulan : ................................................................................................................... ...................................................................................................................
21 Kagiyatan 1 A. Ayo wacanen Serat Wulangreh pupuh Sinom ing ndhuwur! B. Coba rembugana bareng kelompok (anggota 4-5 siswa) apa wae isine piwulang kang ana ing pupuh Sinom lan wenehana pangyaruwe (tanggapan)! Gladhen Wulangan 2 1. Serat Wulangreh dianggit dening .... a. Susuhunan Pakubuwana I c. Susuhunan Pakubuwana III b. Susuhunan Pakubuwana II d. Susuhunan Pakubuwana IV 2. Paugeran tembang macapat Sinom yaiku .... a. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a c. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12i b. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8a, 12a d. 8a, 8i, 7i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 3. Watake temang macapat Sinom yaiku .... a. Galak, sereng c. Grapyak, Semanak b. Sedhih, nelangsa d. Kendho I. Wenehana tanda (X) ing aksara a, b, c, utawa d ing perange pratelan kang bener!
22 Ambege kang wus utama tan ngendhak gunaning janmi amiguna ing aguna sasolahe kudu bathi pintere den alingi bodhone dinolok ngayun pamrihe den inaa aja ana ngarani bangkir suka lila denina sapadha-padha 5. Pada tembang ing ndhuwur nuduhake sipate wong kang .... a. Umuk c. Kemaki b. Gumedhe d. Andhap asor 6. Tumindake kaya sing disebutake ing pada tembang ndhuwur kalebu tumindak .... a. Nista c. Prayoga b. Utama d. Becik 7. Pintere den alingi, bodhone dinokok ngayun. Manut pethikan tembang kasebut sing dipapanake ing ngarep yaiku .... a. Pintere c. Ngilmune b. Bodhone d. Patrape Gathekna pethikan tembang Sinom ng ngisor iki kanggo mangsuli soal no. 5-7! Dene sisirakanira yen tedhak ing Demak ugi anganggo wulung tan kena nyirik malih bebed lonthan tan kena kalamun tedhak Madiyun lan payung dhandhan abang tedhak madura tan keni nganggo poleng lan bathikan parang rusak Gathekna pethikan tembang Sinom ing ngisor iki kanggo mangsuli soal no. 8-10! 8. Manut pethikan tembang ing ndhuwur, isine bab larangan kanggo masyarakat .... a. Madura b. Madiun c. Demak d. Kudus
23 Carita nggon sun nenular wong tuwa kang ngomong dhingin akeh kang padha cerita sun rungokna rina wengi samengko isih eling Sawise diwasa ingsun bapak kang paring wulang miwah ibu mituturi tatakrama ing pratingkah karaharjan 9. Manut pethikan tembang macapat Sinom kasebut, manawa tedhak Madhura ..... a. Ora kena ngaggo bathik parang rusak b. Ora kena nganggo warna ireng-ireng c. Nganggo corak belang-belang d. Nganggo payung warna abang 10. Anganggo wulung tan kena, tegese yaiku .... a. Kena nganggo sarwa ireng b. Supaya nganggo sarwa ireng c. Ora kena nganggo sarwa ireng d. Luwih becik nyandhang ireng-ireng Gatekna pethikan tembang macapat Sinom ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 1- 5! II. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana mawa tembung kang wus cumawis ing sisih ngisor supaya dadi pratelan kang ganep! Manut andharan tembang ing ndhuwur kang momong awake dhewek yaiku .... Bapak lan ibu iku kang paring piwulang babagan .... Piwelinge bapak/ibu dirungokake ing wayah .... Sawise diwasa ingsun. tembung ingsun ndhuweni teges .... Temang sakpada ing ndhuwur bakune cerita bab .... 1. 2. 3. 4. 5. a. Aku b. Anak kang bareng wis dewasa kelingan pituture Bapak/Ibune c. Tata krama ing pratingkah karaharjan d. Bapak/Ibu e. Awan bengi f. Keslametan g. Karaharjan
23 Yen tedhak Kudus tan kena yen dhahara daging sapi yen tedhak Sumenep iku nora kena ajang piring watu tan den lilani lawan kidang ulamipun tan kena yen dhahara miwah lamun dhahar ugi nora kena ajang godhonge pelasa Gatekna pethikan tembang macapat Sinom ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan no. 1- 5! III. Tulisen askara B manawa pratelan iku jumbuh karo wacan, lan S manawa cengkah karo wacan! (........) Manut temang ing ndhuwur, manawa menyang Kudus ora kena mangan iwak sapi (........) Larangan manawa menyang sumenep iku ora kena mangan iwak kidang (........) Tan kena yen dhahara. Manawa didadekake ukara lumrah yaiku kena padha mangan (........) Tembang sakpada ing ndhuwur bakune crita bab awisan/larangan ing papan 1. 2. 3. 4. tartamtu 5. (........) Miwah lamun dhahar ugi. Tembung liya miwah yaiku lan IV. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cekak aos! 1.Sebutaken watake tembang macapat Sinom! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 2. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang macapat Sinom! Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 3. Tembang macapat Sinom kang ana ing Wulangreh dumadi saka ..... pada. Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 4. Tembang macapat Sinom ing Wulangreh isine piwulang bab apa? Wangsulan : ..................................................................................................................... ..................................................................................................................... 5. Manut pitutur para leluhur, supaya gegayuhane bisa kaleksanan kudu ngurangi dhahar lan guling, tegese yaiku? Wangsulan : ..................................................................................................................... .....................................................................................................................
22 Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya. Mengharagi dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (tolerasin, gotong royong), santun, percaya diri, dalam interaksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan dalam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni dan budaya terkait dengan fenomena dan kejadian nyata Mencoba, mengolah, dan menyai dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. 1. 2. 3. 4. Kompetensi Inti Kompetensi Dasar Indikator Wulangan 3 C E R I T A W A Y A N G R A M A Y A N A " K I D A N G K E N C A N A " 3.3 Memahami cerita wayang Ramayana (Kidang Kencana) 4.3 Meringkas teks cerita wayang Ramayana (Kidang Kencana) Mengartikan kata-kata yang dianggap sukar Menjawab/mengajukan pertanyaan bacaan menuliskan isi cerita Mengungkapkan pesan yang tersirat dalam cerita secara tertulis Membaca pemahaman teks cerita wayang Ramayana (Kidang Kencana) Mendiskusikan unur-unsur intrinsik teks cerita wayang Ramayana (Kidang Kencana) Menuliskan ringkasan cerita dan menceritakan kembali bacaan secara lisan 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7.
W Wayang kuwi apa ya? J ujude kaya apa ya? inise apa wae ya? 23
Pangerten wayang Wayang kuwi asale saka tembung wod kang nduwe teges pada karo tembung “ wewayangan ” nanging ora nganggo rerimbagan dwipurwa lan panambang –an. Wayang kuwi wewayangan/gambaran watak lan jiwaning manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan dhiri pribadhine manungsa. Wayang biasane dipentasaken nganggo boneka kang wujud 2 dimensi lan 3 dimensi, lumrahe katon endah lan ana wewayangane, kang dilakokake dening dhalang kanthi diiringi gamelan. Sejarah wayang Wayang dikenal dening masyarakat Jawa wiwit taun 700 Saka/778 M. Crita wayang kang ngrembaka ana ing Jawa kuwi nduwe punjer saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang wis diadaptasi karo budayane wong Jawa. Wayang dipentasake dening dhalang kang diiringi gamelan slendro lan pelog. 24
Sejarah wayang Miturut pamanggihe Satoto kanthi adhehasar luwih saka sawijining dhata, bilih sejarahe wayang kaya ing ngisor iki: Wayang wis ana awit Jaman Airlangga (980 Saka/1028M), wiwit abad IX SM ing kraton Kediri wis ana pagelaran wayang Wayang kuwi migunakake boneka saka kulit kang inukir Wayang kuwi dipentasake/diproyeksikakae ana ing kelir Dhalang nglakokake peran paraga watak sing diwujudake ana ing wayang (wataking paraga) Wayang nalika semana wis ngrembaka amarga akeh masyarakat kang seneng Abad XII SM pagelaran wayang wis mignakake gamelan kanggo ngiringi Pagelaran Wayang mligine wayang kulit wis dadi sarana panglipur masyarakat Jawa Pangertene wayang wis ngerti. Sejarahe wis ngerti. Terus.....jinis-jinise wayang apa wae ya? 25
Jenis-jenise wayang Wayang Purwa Wayang Purwa uga asring sinebut wayang kulit. Wayang iki salahsawijining wayang Jawa kang digawe saka welulang (kulit kewan kayata lembu, kebo, lan sapanunggalane). Ceritane kajupuk saka kakawin Ramayana lan Mahabharata Wayang Beber Wayang iki digawe saka kain utawa welulang kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan ngandharake siji cerita, menawa wis rampung, beberan kuwi digulung lan dibeber cerita sabanjure. Wayang iki digawe nailika jaman Majapahit. Wayang Klithik Wayang klithik kuwi uga sinebut wayang krucil. Wayang iki kagawe saka kayu, kang wujude padha karo wayang kulit. Wayang iki duwe ciri khas yaiku yen ditanggap ora nganggo gedhebog tancepane nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi. Carita kang kerep ditanggapke ya iku nyaritakakè Damarwulan lan Majapait. Wayang Golek Wayang golek uga kawentar kanthi jeneng wayang Tengul. Wayang iki digawe saka kayu lan disandhangi kaya denen manungsa. Sumber cerita wayang golek kajupuk saka sejarah, kayata cerita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, lan sapanunggalane. Wayang Gedhog Wayang gedhoh wujude meh padha karo wayang kulit. Wayang iki digawe kurang luwih taun 1400-an. Sumber cerita wayang gedhog kuwi nyritakake ratu ing Tanah Jawa, antarane Banten, Singasari, Mataram, Kediri lan sapanunggalane. Wayang iki saiki mung bisa ditemokake ing museum. 26
Wayang Menak Wayang menak digawe saka kayu kang digawe persis kaya dene manungsa. Cerita ana ing wayang menak iki babagan dakwah islam, kadosta Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi. Wayang Wong Wayang wong yaiku wayang kang diparagakake dening manungsa lan ana tariane. Sumbering cerita wayang iki padha kaya wayang kulit, yaiku saka kakawin Ramayana lan Mahabharata. Paguyuban wayang wong kang kondhang yaiku Ngesthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta), Barata (Jakarta). Wayang Kancil Wayang Kancil ugi kawentar kanthi jeneng wayang Dupara. Wayang iki digawe saka welulang (kulit kewan kaya dene lembu, kebo, lsp). Cerita ing wayang iki nyeritake cerita kancil. Wayang Wahyu Wayang wahyu yaiku wayang kang digawe dening Bruder L. Timotius Wignyosubroto, FIC. tanggal 2 Februari 1960, sumber carita wayang saka Alkitab utawa Injil. Wayang iki kanggo nyiarake agama Katolik marang sadhengah umat ing Tanah Jawa. Wayang Jemblung Wayang jemblung yaiku wayang kang digawe saka kayu lan disandhangi persis kaya manungsa. Wauang iki sumebar ana ing laladan pesisir lor Jawa, kayata Blora lan Cepu. Cerita kang dicritakake wayang jemblung kuwi babagan Cacad kaya kethoprak. 27
Saiki aku wis ngerti jinisjinise wayang. Saiki aku arep sinau Cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana, jumbuh karo materi pelajaran Basa Jawa kelas 7 28
Ramayana iku asale saka basa Sansekerta Ramayana, yaiiku saka tembung Rama lan Ayana sing tegese Lakuning Rama ana ing sawijining crita epos/kepahlawanan saka tanah India kang dianggit dening Resi Walmiki. Crita Ramayana iki ing kasusastran Jawa wujude kakawin Ramayana kang migunakake basa Jawa Kuna. Kakawin Ramayana iki kawujud saka 7 (sapta) kandha/kitab, yaiku : Balakandha Isine nyritakakae Prabu Dasarata ing Ayodya sing duwe garwa telu, yaiku Kosalya, Kekayu, lan Sumitra. Saka garwa mau banjur peputra Rama, Bharata, Laksmana, lan Satrughna. Banjur Sang Rama kasil menang sayembara lan nggarwa Dewi Sinta, putri Prabu Janaka. Ayodyakandha Isine ngenani nglembarane Rama ana ing alas Dhandhaka bareng karo Dewi Sinta lan Laksamana amarga saka panjaluke Dewi Kekayi. Prabu Dasarata seda marga wis tuwa lan Bharata ora gelem dijumenengake raja malah banjur nyusul Rama ing alas Dhandhaka. Rama wegah bali menyang kraton, pungkasane Bharata kapeksa dadi ratu makili Rama. Aranyakanhda Isi ceritane Rama, Sinta, lan Laksmana ing tengah alas lara lapa nglembara nganti Sinta kesengsem kidang kencana banjur didhusta dening Rahwana lan perange antarane Jatayu karo Rahwana. Kiskindhakandha Perangan iki nyritakake ketemune Rama karo Sugriwa, lan perang kakang adhi antarane Sugriwa karo Subali. Amarga pambiyantune Rama, Sugriwa bisa menang banjur nyawiji kanggo nglurug perang mungsuh Rahwana ing Ngalengka. Sundarakandha Isine bala wanara andhahane Sugriwa mbangun kreteg kanggo liwat prajurit saka dharatan Indhia nyabrang segara tekan Alengka. Banjur Rama ngutus Anoman dadi sisik melik menyang Ngalengka. Anoman kecekel banjur diobong nanging bisa slamet bali sowan dhateng Rama. Yuddhakandha Ing perangan pungkasan iki, nyritakake perang gedhe antarane Rama sing dibantu dening Sugriwa sabalane mungsuh Rahwana lan prajurit raseksa. Amarga saka pambiyantune Wibisana, adhine Rahwana sing katundhung lunga, Rama bisa menangake paperangan Rahwana tumekaning pralaya. Rama lajeng bali bareng Dewi Sinta 29
Ayok saiki kenalan karo paraga wayang Ramayana "Kidang Kencana " 30
Dewi Sinta kuwi garwane Prabu Ramawijaya saka Pancawati. Kasatriyane Dewi Sinta saka nagara Manthili. Dewi Sinta kuwi putrane Prabu Janaka. Dheweke dipercaya mingangka titisane Batari Sri Widowati garwane Batara Wisnu. Dewi Sinta nduweni sipat setya dhateng garwa, temen, prasaja, sabar, lan narima. Kadigdayane yaiku ora bisa kobong ing geni. Dasanamane Dewi Sinta yaiku Dewi Janaki. Paraga Wayang Crita Kidang Kencana Ramawijaya Ramawiyaja kasatriyane ana ing Pancawati. Gamane yaiku panah Gunajiwa. Rama kagungan sipat bela kautaman, belani tumindak leres, njejegaken perkawis kanthi adil, ngayomi para brahmana lan kawula. Garwane Ramawijaya aran Dewi Sinta kang asale saka Manthili. Dasanamane Ramawijaya yaitu Ramayana, Ramaragawa, Ramacandra, Rawadewa lan Raguputra. Ramawijaya iki putrane Prabu Dasarata raja ing Ayodya lan ibune yaiku Dewi Kusalya. Rama ugi nduweni papat sedulur kang beda ibu yaiku Leksmana saka Permaisuri Dewi Sumitra, Bharata, Satrugna, lan Dewi Kawakwa saka Permaisuri Dewi Kekayi. Ramawijya karo Dewi Sinta uga nduwe putra loro kang aran Lawa lan Lusya. Dewi Sinta Laksmana Laksmana kuwi rayine Prabu Ramawijaya saka ibu Dewi Sumitra. Kasatriyane ana ing nagara Girikastuba. Laksamana kuwi minangka kesatria brahmacari utawa kswatria kang ora kawin (ora nduwe garwa). Aji-aji utawa gaman kang diduweni Laksmana yaiku Jemparing Naracabala, Panah Banuwasta, Rajah Kalacakra, lan mantra Kalacakra. Laksaman nduweni watak kang jujur, bekti dhateng sedherek sepuh, santosa ing tekad, tansah bela ingkang leres, jejegaken prekawis kanthi adil, seneng ngayomi lan paringpitulungan marang wong liya kang sengasar lan kaaniaya. Dasanamane yaiku Widagwa, Sumitratmaja. Dasamuka kuwi nduweni dasanama Rahwana, wis-rawaputra, Sukesiputra, lan Dasawanda. Kasatriyane ana ing nagara Alengka. Gaman utawa ajiajine yaiku pedhang mentawa utawa pancasona. Kadigdayane yaiku angel mati jalaran siahipun ana sepuluh lan ora bisa mati. Watake Dasamuka iki nduweni watak kang angkara, sumongah sasorangan, wengis, kejem, lan licik. Dasamuka iki putra saka Resi Wirsawa kaliyan Dewi Sukesi putrine Prabu Sumali ing Alengka. Dasamuka nduweni sedulur telu kang aran Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka, lan Wibisana. Dasamuka 31
Kalamarica wujude raseksa kang mapan ing alas Dhandhaka. Dheweke minagka sawijining patihe Dasamuka saka nagara Alengka. Kalamarica iki kang malih dadi kidang kencana nalika Dasamuka arep ndhusta Dewi Sinta ing alas Dhandaka. Nalika kuwi, Kalamarica ora gelem ngestokaken dhawuhe Dasamuka, ananging dheweke arep dipateni yen ora manut marang Dasamuka. Kamangka Kalamarica banjur gelem ambiyantu Dasamuka malih dadi kidang kencana kang endah banget. Kalamarica/Kidang Kencana Jatayu kuwi wujude manuk kaya dene manuk Garuda kang gedhe banget lan bisa ngomong kayadene manungsa. Jatayu kuwi putra kaping telu saka Resi Briswara kang isih titisan langsung saka Dewi Brahmanistri, putri Batara Brahma. Jatayu nduweni telung sedulur kandhung yaiku Garuda Harna, Garuda Brihwan, lan Sempati. Jatayu kuwi kanca rakete Prabu Dasarata raja ing nagara Ayodya. Ana ing cerita Ramayana, Jatayu iki kang bakal nulungi Dewis Sinta nalika didhusta Prabu Rahwana ing alas Dhandhaka. Jatayu Anoman Anoman kuwi wujude wanara kang wulune putih ananging bisa ngomong lan nduweni tata krama kaya dene manungsa. Dasanamane Anoman yaiku Anjani Putra, Bayudara, Kapiwara, Palgawa Seta, Maruti, Ramanda, Dayapati, Bayusiwi, Guruputra, Yudawisma, Maruta, Prabancana, lan Resi Mayangkara. Kasatriyane ana ing Kendhalisada. Gaman kang diduweni Anoman yaiku Aji sepiangin, aji pameling, lan aji mundri. Kadigdayane yaiku yen mlaku kaya angin, gampang mangerteni yen dibutuhaken, lan kekuwatan tangane ngedap-edapi. Watake Anoman yaiku santosa ing tekat, jujur, kendel, bekti lan setya dhateng Gusti. Sarpakenaka kuwi adhine Prabu Dasamuka utawa Rahwana. Kasatriyane ana ing Alengka. Sarpakenaka putrine Resi Wisrawa lan Dewi Sukesi. Sarpakenaka nduwe garwa Ditya Karadusana, Wirupaksa, Animpraba, Pratamadagni, lan Wilugangga. Wengis, kejem, srakah, lan lemeran kuwi mawu watake Sarpakenaka. Kadigdayane yaiku trengginas lan ora nduwe rasa wedi. Banjur, aji-ajine Sarpakenaka yaiku kuku asta kang mawa wisa. Sarpakenaka 32
Indrajit Indrajit dasanamane yaiku Megananda. Kasatriyane ana ing nagara Bikukungpura. Gaman utawa aji-ajine Indrajit awujud panah Wijalita kang saged ngetokake latu, panah rante Wimahanasta kang bisa ngetokake wisa, lan panah Nagasapa kang bisa dadi sawer maewu-weu utawane aji sirep. Kadigdayane yaiku nduweni kekuwatan kanggo nelukaken ratu-ratu jajahan, bisa mabur, lan nyipa kembarane akeh banget nganti maewu-ewu. Indrajit nduweni sipat sumonggah sasorangan, kendel, lan santosa ing tekad. Garwane yaiku Dewi Sumbagawati lan Dewi Indraningrum. Kumbakarna kasatriyane ana ing Panglebur gangsa. Kumbakarna iku nduweni watak jiwa kasatriyan, jujur, mbelani tumintak apik, lan ngrungkepi pertiwi. Kadigdayane yaiku bisa numpes bala wanara lan gamane yaiku gedhog menga sarta pethakgelak sakethi. Dasanamane Kumbakarna yaiku Arya Lemburgangsa. Kumbakarna Dewi Trijatha Dewi Trijatha kuwi kasatriyane ana ing Alengka. Dewi Trijatha putrine Raden Wibisana lan Dewi Tirtawati. Watake yaiku setya bekti dhateng guru lan Gusti, tanggungjawab, mbelani tumindak bener, lan kautaman. Dewi Trijatha kagarwa Kapi Jembawan lan nurunaken Jembawati. Dewi Trijatha iki kang ngancani Dewi Sinta nalika ana ing kraton Alengka sawise didhusta dening Rahwana. Wibisana minangka putra ragil saka Wirsawa lan Kaikesi. Wibisana kuwi adhine Prabu Rahwana. Wibisana kagungan garwa yaiku Betari Tirwati lan nduweni putra Dewi Trijata lan Bisawarna. Ana ing Cerita Wayang Ramayana, Wibisana ora mbala kangmase Rahwana ananging mbela Ramawijaya Wibisana 34
Bareng wis ngerti paragane wayang, ayok diwaca ceritane wayang Ramayana kanthi lakon Kidang Kencana 35
Kidang Kencana Kocap kacarita sawise nglakoni paukuman 15 taun, Rama, Sinta lan rayine yaiku Laksmana tekan tengahing alas Dhandhaka. Ana ing alas padha leren sawetara wektu, awit ngrasakake sayah. Ora watara suwe ana kledhange kidang kang ulese cumlorot kuning pindha emas, mula aran kidang kencana. Sinta rumangsa kepranan atine kepengin banget bisa nduweni kidang kencana. Gandheng panjaluking garwa kang banget ditresnani, Rama enggal-enggal ngoyak kidang kencana. Ananging sadurunge, meling marang adhine yaiku Laksamana supaya njaga mbakyune yaiku Sinta. "Lesmana tulung jaganen mbakyumu, sajrone aku mbedhag kidang kencana, keslametane mbakyumu dak pasrahake sliramu. Aja pisan-pisan kowe ninggalake Sinta dhwekekan!" "Sendika dhawuh kangmas Rama, pesenipun kangmas badhe kula estokaken, ngatos-atos kangmas." Mangkono ature Laksmana. Lumayune kidang banter banget ora nyana wis tekan tengahing alas kang gung liwang liwung, peteng ndhedhet lelimengan. Ora watara suwe Rama ngerti kumlebate kdiang. Ageage Rama menthang gandhewa, kidang banjur kapanah kena awake. Eloke lelakon kidang mau malih rasesksa aran Kalamarica kang njreit karo ngrerintih, sambat-sambat ngrasakake lara. Sinta ngira menawa swara iku swarane Rama kang kelaran amarga nemu bebaya ing tengahing alas. Sinta banjur dhawuh marang Lasmana supaya nulungi Rama. "Dhimas kae swarane kangmasmu kang lagi nampa bebaya, enggal paranana, tulungana kangmasmu dhimas." Mangkono ature Sinta marang Laksmana. "Nyuwun pangapunten Kakangmbok, menika sanes swantenipun Kangmas Rama. Menika swanten priyantun sanes." Mangkono ature Laksmana. Laksmana asung pemut menawa iku dudu swarane Rama. Ananging, Sinta tetep puguh lan percaya menawa iku mau swarane Rama. Wusana, Laksmana nuruti dhawuhe Kakangmbok Sinta, banjur nyusul Rama menyang tengah alas. Beda kang cinarita, Rama bali arep nemoni Sinta lan Laksmana, ana tengahing dalan kepethuk Laksmana banjur wong loro bebarengan bali menyang papane Sinta. Saeba kagete Rama lan Laksmana jebul Sinta ora ana. Banjur, padha nggoleki ana ing ngendi dununge Sinta. Ora wetara suwe ing tengah dalan Rama lan Laksmana kapethuk Jathayu kang awake kebak tatu. Rama ngira yen Jathayu nyidra Sinta. Ananging, Jathayu crita menawa dheweke mentas nulungi Sinta sing diglandhang dening Prabu Rahwana ratu ing nagara Alengka. 36
Saka cerita Kidang Kencana mau, jebul akeh tembung sing ora takngerteni. Coba ditegesi bareng-bareng, mesthi bakal gampang. 37
Nyilakani, nglarani, nyolong Tembung-tembung Angel lan Tegese Tembung Teges Kocap Rayi Sayah Kepranan atine Garwa Mbedhag Gendhewa Dhawuh Swanten Asung pemut Puguh Dunung Nyidra Kacarita, kaucap Adhi Kesel Tertarik, kesengsem Sisihan, bojo Ngoyok, mburu Panah Prentah, omongan Swara Ngemutake, ngelingake Teteg, mantep Paran, panggonan 38
39 Kegiyatan 1 A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan cerita wayang Ramayana "Kidang Kencana"! B. Ganepana ukara gothang ing ngisor iki kanthi tembung kang trep kang cumepak ing ngisor! Ing tengahing ......... (1) kang peteng ndhedhet, ilang lacaking Kidang Kencana. Nalika Rama ........... (2) klebating Kidang Kencana, enggal siaga menthang langkap, panah lumepas tumancep ing ........... (3) Kidang, ndadekake ........... (4) Kidang Kencana. Bareng karo gumblundhunging Kidang Kencana ........... (5) Kala Marica. ........... (6) swara dumeling memba-memba kaya swarane Rama kang jelih-jelih sambat marang Laksmana. Sinta lan Laksmana kang nunggu ........... (7) Rama, dumadakan krunguswara sambat angrerintih. Ing batine Dewi Sinta ngira menawa swarane Rama mbutuhake pitulungan. Dewi Sinta banjur ........... (8) marang Laksaman supaya nggoleki Rama lan menehi ........... (9) Raden Laksmana ........... (10) yen swara kuwi dudu swarane Sang Rama, ananging Dewi Sinta tetep nganggep kuwi swarane ingkang garwa. 1.Dijupuk saja sumber/babon crita wayang apa kidang kencana kuwi? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 2. Sapa sejatine paraga Kidang Kencana kuwi? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 3. Sebutna dasanamane tembung "Kencana"! Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 4. Manut crita ing ndhuwur watake Rama yaiku? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 5. Nalika nggoleki Sinta, Rama lan Laksmana dibiyantu dening sapa? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... a. keprungu b. pitulungan c. ngemutake d. alas e. matine f. kongkonan g. tekane h. anggane i. weruh j. malihane
40 Kira-kira unsur ceritane ana apa wae ya? C. Sebutna pitutur/piwulang kang kaemot ing crita "Kidang Kencana" ing ndhuwur andhedhasar pratelan ing ngisor iki! Dewi Sinta pirsa Kidang Kencana kang endah banget banjur nyueun marang garwane supaya nyekelake Kidang mau. Saka pratelan iki piwulang kang bisa kapethik yaiku .... Raden Rama nuruti panyuwune Dewi Sinta nyekel Kidang Kencana. Piwulange yaiku .... Ana swara niru swarane Rama kang sambat nyuwun pitulungan. Piwulange yaiku .... Sang Anoman goleki Rama arep suwita nganti tekaning pati. Saka pratelan iki piwulang kang bisa kapethik yaiku .... Prabu Dasamuka ndhuwsta Dewi Sinta arep didadekake garwa kamangka Dewi Sinta wis dadi garwane Rama. Saka pratelan iki piwulang kang bisa kapethik yaiku .... 1. 2. 3. 4. 5.
Unsur Instrinsik ing Cerita Tema Tema yaiku gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh Alur/Plot Alur Maju : crita urut saka wiwitan tekan pungkasan Alur Mundur : crita kang dicritakake nggambarake biyen-biyene/urutan critane saka mbiyen tekan saiki Alaur Campuran : crita kang dicritakake campuran urutane saka maju lan mundur Setting/Latar Wektu : wingi, dina , jam, taun, lan sapanunggalane Papan : panggonane ana ngendi, tuladhane ana alas, pasar, kutha, njero omah, lan sapanunggalane Swasana : nudhuhake kahanane, tuladhane sedhih, nrenyuhake, nengsemake, nggegirisi, lan liyan-liyane Paraga lan Penokohan Protagonis : paraga utama kang watake apik Antagonis : paraga kang watake ala Tritagonis : paraga kang netral utawa dadi pambiyantu antarane protagonis lan antagonis Amanat Amanat yaiku pesen kang arep diaturake marang pamaos cerita Cara Mawas/Sudut Pandang Cara mawas utawa sudut pandang yaiku dununge panulis ing carita wong kapisan, wong kapindho, lan wong katelu 41
42 Cara Nulis Ringkesan Cerita Nalika arep nulis ringkesan cerita, kudu nggatekake perangan-perangan kaya ing ngisor iki : Maca lan mahami teks cerita Nulis ide pokok paragraf Nulis nganggo basane dhewek Ringkes lan nggunakake ukara efektif Diwaca lan ditliti malih asiling ringkesan wis urut apa durung
43 Kegiyatan 2 A. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki adhedhasar wacan cerita wayang Ramayana "Kidang Kencana"! 1.Sapa jenenge Raja Ayodya? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 2. Raden Rama, Dewi Sinta, lan Laksamana anggone ngumbara menyang ngendi? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 3. Sawise weruh ulese Kidang, apa kang disuwun Sinta marang Rama? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 4. Sapa arane kakange Sarpakenaka? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 5. Sapa paraga kang duwe watak sabar lan setya marang kadange? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... B. Golekana unsur intrinsik crita wayang "Kidang Kencana" ing teks ndhuwur kanthi ngisir pitakonan ing ngisor iki! Setting papan ing crita kasebut yaiku ... Alur ing crita kasebut yaiku .... Paraga protagonis yaiku .... Paraga antagonis yaiku ,,,, Amanat saka crita kasebut yaiku .... 1. 2. 3. 4. 5. C. Wacan crita wayang Ramayana "Kidang Kencana" critakake maneh kanthi migunakake basamu dhewek! Papan kanggo wangsulan :