The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by WIJI BUDI LESTARI, 2024-06-24 23:38:15

MODUL PASINAON BASA JAWA KELAS VII SEMESTER 2-WIJI BUDI LESTARI_compressed

MODUL PASINAON BASA JAWA KELAS VII SEMESTER 2

44 Gladhen Wulangan 3 I. Wenehana tandha (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulane pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis! Gatekna pethikan wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal no. 1-5! Raden Rama putra Prabu Dasarata ninggalake Ayodya dikancani dening garwane Dewis Sinta lan Rayine Laksmana. Rombongan ninggalake Ayodya tumuju alas Dandaka. Ana ing alas mau, akeh banget coba lan godha. Rombongan mau ketemu karo Raseksa wedok kang aran Sarpakenaka. Sarpakenakan kepencut marang pasuryaning Rama, Dheweke nyedhaki Rama, ananging Pramu Rama ora nglanggati. Sabanjure Sarpakenaka seneng marang Laksamana, ananging Laksamana uga ora gelem. Pungkasane dadi gelut lan Sarpakenaka kalah. 1. Sumbere crita Kidang Kencana kapethik saka .... a. Mahabarata c. Baratayudha b. Ramayana d. Ramaparasu 2. Asmane Raja Ayodya yaiku ..... a. Prabu Dasarata c. Prabu Dasamuka b. Prabu Laksmana d. Sarpakenaka 3. Rama kaliyan Dewi Sinta ngumara ing .... a. Alas Dhandhaka c. Nagara Ayodya b. Alas Roban d. Nagara Alengka 4. Rombongan ninggalake Ayodya tumuju menyang alas Dhandaka. Basa krama saka pethikan ukara ing ndhuwur kang trep yaiku .... a. Rombongan ninggalaken Ayodya tumuju wana dhandaka b. Rombongan nilaraken Ayodya tumuju alas dhandaka c. Rombongan nilaraken Ayodya tumuju ing dhandhaka d. Rombongan nilaraken Ayodya tumuju dhateng wana dhandhaka 5. Kang ngalahake sarpakenaka saengga dadi tatu yaiku .... a. Rama c. Sinta b. Laksamana d. Anoman ...... Rama ngeculake jemparinge ngenani awake Kidang sakala njerit kelaran. Panjerite Kidang Kencana memper swarane Rama. Sinta kang krungu swara mau banjur ngutus Laksmana marani Rama ...... 6. Kang memba-memba swarane kaya Prabu Rama yaiku .... a. Dasamuka b. Sarpakenaka c. Kalamarica d. Kumbakarna


45 7. Gambar wayang ing sisih pinggir kasebut aran .... a. Raden Laksmana b. Prabu Dastarata c. Raden Rama d. Kalamarica 8. Gambar wayang ing sisih kiwa kasebut aran .... a. Kumbakarna b. Kalamarica c. Rahwana d. Indrajid 9. Gambar wayang ing sisih pinggir kasebut aran .... a. Dewi Drupadi b. Sarpakenaka c. Dewi Anjani d. Dewi Sinta 10. Gambar wayang ing sisih kiwa kasebut aran .... a. Kidang Kencana b. Peksi Jathayu c. Nagagini d. Anoman II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki mawa tembung kang wus sumadya supaya dadi pratelan kang sampurna! Rama, Sinta lan .............................. wis adoh anggone ninggal kraton Ayodya. Kidang mau ndhuweni ules kuning kang sumunar mula aran Kidang .......................... Sinta rumangsa ............................. kepengin nduweni kidang mau. Swanten jelih-jelih kalawau rumaosipun Sinta menika swantenipun ........................... Sinta dipunglandhang dening ..................... Ratuning Alengka. 1. 2. 3. 4. 5. a. Rama d. Kesengsem b. Laksamana e. Kencana c. Rahwana f. Kalamarica


46 III. Tulisen aksara B manawa pratelan ing ngisor iki bener lan S manawa salah! 1. (.........) Ramayana iku crita bab lelakone Rama wiwit kagungan garwa nganti tekaning seda. 2. (.........) Wayang purwa iku wayang kang baboning crita kajupuk saka kitab Mahabarata lan Ramayana 3. (.........) Sinta kaglandhang dening Jathayu digawa menyang negara Alengka 4. (.........) Kidang kapanah dening Rama banjur malih dadi Kalamarica 5. (.........) Rama dalah laksaman badhe ngluruh dhateng nagari Alengka wonten tengahing margi kepanggih wanara sesilih Anoman IV. Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cekak aos! 1.Apa sebabe diarani Kidang Kencana? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 2. Sapa Prabu Dasamuka iku? Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 3. Apa tegese bebasan? Wenehana tuladha loro bae! Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 4. Pratekan ing ngisor iki mawa basa ngoko! Sinta kagungan panganggep bilih swanten kalawau swantenipun ingkang garwa ingkang nemu bebaya wonten ing tengahing wana. Namung kang rayi ya Laksmana sampun asung pemut bilih kalawau sanes swantenipun Rama. Wangsulan : ................................................................................................................... ................................................................................................................... 5. Piwulang apa kang bisa kapethik saka crita Kidang Kencana? Andharna! Wangsulan : ................................................................................................................... ...................................................................................................................


Kompetensi Inti Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya. Mengharagi dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (tolerasin, gotong royong), santun, percaya diri, dalam interaksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan dalam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya. Memahami dan menerapkan pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni dan budaya terkait dengan fenomena dan kejadian nyata Mencoba, mengolah, dan menyai dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori. 1. 2. 3. 4. Kompetensi Dasar 3.4 Memahami dialog percakapan/pacelathon 4.4 Membuat teks dialog/pacelathon sederhana 4.5 Mengalihaskarakan paragraf wacan Kidang Kencana berhuruf latin ke aksara Jawa Kompetensi Dasar Wulangan 4 D I A L O G P A C E L A T H O N Membaca teks dialog/pacelathon Mengajukan dan menjawab pertanyaan tentang isi dialog Menulis pokok-pokok isi dialog Menceritakan kembali isi dialog Menyusun kembali pokok-pokok pikiran teks dialog yang dibaca Menyusun pokok-pokok pikiran sebagai kerangka untuk membuat teks dialog Mengembangkan pokok-pokok pikiran menjadi teks dialog Mampu mengalih aksarakan satu paragraf cerita Kidang Kencana Mampu mencermati kesalahan dalam alih aksara mampu membetulkan alih aksara yang salah 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. 9. 10. 47


48 Materi Pasinaon 1 Nalika guneman utawi omong-omongan basa Jawa kudu nggatekake sapa kang diajak omongan lan tataran basa kang endi kang digunakake supaya ora nuwuhake rasa kang ora kepenak. Tuladhane yen matur karo wong kang wis tuwa utawa kang perlu diurmati nggunakake basa krama alus, dene wujude tembung ing basa krama alus yaiku krama inggil kanggo kang diajak guneman lan kanggo awake dhewek cukup nggunakake tembung krama madya. Dene yen guneman karo kancane dhewek basa kang digunakake yaiku ragam ngoko kang wujude tembung ngoko kabeh ora ana tembung krama inggil. Beda maneh yen guneman utawi omong-omongan marang wong wis raket nanging ngurmati nggunakake ragam ngoko alus kang sawetara tembunge nggunakake tembung ngoko lan tembung krama inggil. Tuladha Tembung


48 Tuladha Pacelathon 1 Untung lan Rugine Duwe Handphone Wektu ngaso sepisan wis entek, bel mlebu kelas wis muni, bocah-bocah padha mlebu ing kelase dhewek-dhewek. Jadwale kelase Warih dina iku wulangan basa Jawa, sing ngasta asmane Pak Kusuma. Pak Kusuma rawuh, Warih lan kanca-kancane ngaturake uluh salam bareng-bareng. Murid-murid : "Wilujeng siyang, Pak!" Pak Kusuma : "Wilujeng siyang. Sapa sing ora mlebu dina iki?" Murid-murid : "Retno ..." Pak Kusuma : "Lha, ngapa kok ora mlebu?" Tirta : "Sakit, Pak. Sampun kalih dinten mboten mlebet." Pak Kusuma : "O, ngono. Yen mengkono ayo padha ndongakake muga-muga Retno enggal kaparingan waras saka Gusti Kang Maha Asih." Murid-murid : "Aamiin." Pak Kusuma : "Bocah-bocah, saiki sapa sing isih kelingan wulangan minggu kepungkur ngenani Kidang Kencana. Sapa sejatine Kidang Kencana kuwi?" Tirta : "Kula Pak!" Pak Kusuma : "Ya, kowe Tirta1!" Tirta : "Kidang Kencana sejatosipun ...." Durung rampung anggone tirta atur wangsulan, dumadakan keprungu swara handphone muni. Kawigatene murid-murid kabeh banjur tumuju marang punjere swara HP mau, swasana kelas banjur dadi rame. Pak Kusuma : "Wis, ... wis, padha menenga ndhisik. Handphon-ne sapa sing muni mau?" Ranu : "Nyuwun pangapunten Pak, menika wau handphone kula." Pak Kusuma : "Padha rungokna Bapak arep ngendika bab untung lan rugine duwe handphone!" Murid-murid : "Inggih Pak." Pak Kusuma : "Yen kowe arep tuku handphone kuwi kudu mikir untuk lan rugine, aja mung nuruti kasenengan, apa maneh yen mung kanggo "gengsi". Satemene, tumrap bocah-bocah sekolah durung pati perlu duwe HP. Kajaba larang, isih kudu ngisi kartu perdanane, voucer utawa ngisi pulsane, ing mangka bocah sekolah isih akeh banget kebutuhane kayata : tuku buku, ubarampe utawa piranti sekolah liyane kang gunggunge pra sethithik. Bocah-bocah kudu melu mikir amarga sing diragadi wong tuwa ora mung kowe, liyane uga butuh ragad, semono uga kebutuhan liyane uga isih akeh."


49 Wangsulana kanthi minunakake basa krama sing becik! Kagiyatan 1 Warih : "Nyuwun pirsa Pak, sejatosipun lare sekolah menika mbekta HP dipunparengaken menapa boten ta, Pak?" Pak Kusuma : "Sejatine ora kena, jumbuh karo aturan sing kapacak ing tata tertib sekolah dhewek sing uga ngatur bab handphone. Amarga saya suwe bocah-bocah saiki saya akeh sing padha ora empan papan anggone nggunakake HP-ne. Tegese padha ora ngerti kapan lan ing ngendi kudu nggunakake HPne mau. Apameneh HP weton saiki kang diwenehi fasilitas werna-werna kayata sawernane game, kamera, video, MP4, internetan, facebookan, BBM, line, WA, lsp. Ora sethithik bocah sing ketungkul dolanan handphone lali karo kewajibane sing baku minangka dasi murid yaiku sinau." Teja : "Menawi mekaten Pak, amargi Ranu sampun damel rendheting pasinaon menika, kedahipun dipunparingi paukuman supados benjing boten dipuntiru kanca-kanca sanes." Pak Kusuma : "Yoh, becik usulmu kuwi, Teja. Ranu ayo maju kene, saiki kowe nembanga tembang macapat sing gampang kanggomu. Pocung apa Maskumambang apa Gambuh pilihen salah siji minangka paukumanmu!" Ranu maju ing ngarep kelas banjur nembang Gambuh sing dadi pilihane. Pak Kusuma kuwi guru apa? Nalika Pak Kusuma ngasta ing kelasw Warih, sapa sing ora mlebu sekolah? Sapa sing nggawa handhpone nalikane Pak Warih lagi ngasta? Coba aranana apa wae rugine nduwe handphone kanggo murid! Apa paukuman kanggo Ranu amarga wis konangan nggawa HP? 1. 2. 3. 4. 5. Apa bae isine pacelathon ing ndhuwur? Sabanjure critakna kanthi ringkes isine pacelathon mau! Papan kanggo wangsulan :


50 Kabeh kang melu lomba sesorah wis maju. Kabeh paraga padha ngatonake kabisane dhewek-dhewek. Juri kang padha mbiji uga wis nindakake ayahane. Sawise ditliti kanthi permati, asile lomba banjur dibiwarakake. Widiati oleh juara siji. Dheweke katon bungah banget. Bu Guru : "Selamat ya Wid, ... kowe bisa oleh juara siji ing lomba sesorah iki." Widiati : "Inggih maturnuwun sanget Bu. Sedaya wau inggih saking donga lan pangestunipun Ibu. " Bu Guru : "Ya padha-padha. Lan iki ana bebungah kang wus dicepakake kanggo kowe. Enggal ditampanana." Widiati : "Maturnuwun Bu." Widiati nampani bebungah. Ora lali banjur salaman lan ngaturake panuwun. Bu Guru : "Bebungah iki ora sipiraa Wid. Satemene bebungah iki mung kanggo nggugah kowe lan kancamu kabeh supaya luwih tekun lan tumemen anggonmu padha sinau. Supaya kowe kabeh bisa dadi bocah kang pinter lan migunani." Widiati : "Inggih ... mugi-mugi kula sakanca tansah saged ngestokaken dhawuh- ipun ibu." Bu Guru : "Mongkog atiku krungu aturmu Wid., muga-muga kabeh wis kasembadan. Pancen arep dadi wong pinter kuwi abot. Kowe kudu wani ngrekasa lan prihatin. Kuwi mau pancen pas karo apa kang dadi isine sesorahmu mau. Ngelmu iku kalakone kanthi laku." Widiati : "Inggih ... Bu." Sawise bocah sing entuk juara nampa hadiah/bebungah, kanca liyane uga padha melu seneng kanthi ngucapake selamat, ngajak salaman. Sanajan ora enthuk juara sing padha melu lomba ora duwe rasa serik. Dheweke ngakoni manawa ana sing luwih becik, mula ya kudu bisa nampa kanyatan mau. Tuladha Pacelathon 2 Wangsulana kanthi minunakake basa krama sing becik! Paraga kang omong-omongan yaiku .... Sing diomongake ing pacelathon mau yaiku .... Papan kang ana ing pacelathon yaiku ana ing .... Basa kang digunakake yaiku : 1. 2. 3. 4. Paraga ...... nggunakake basa ...... nalika guneman karo ...... Paraga ...... nggunakake basa ...... nalika guneman karo ...... Paraga ...... nggunakake basa ...... nalika guneman karo ...... 5. Isine pitutur luhur saka Ibu Widiati yaiku .... Gawea pacelathon kanthi nggatekake bab-bab ing ngisor iki! Tema : Liburan Paraga : Siswa : nggunakake basa krama alus 1. 2. Bu Guru : nggunakake ragam ngoko 3. Papan : Ruang Guru 4. Swasana : Nyenengake


51 Materi Pasinaon 2 Aksara Jawa (Nglegena/Carakan) lan Pasangan Wujud Sandhangan Aksara Jawa A. Sandhangan Swara


52 B. Sandhangan Panyigeg Wanda B. Sandhangan Wyanjana Tuladha Ing Ukara Raden Rama putra saka prabu Dasarata Rama ninggalake Ayodya karo Dewi Sinta. Sarpakenaka tresna marang Rama


53 A. Tulisen nganggo aksara Jawa ukara ing ngisor iki! Rama ngoyak Kidang Kencana. Nalika Rama ngeculake jemparinge ngenani awake kidang. Kidang Kencana memper swarane Rama. Sinta kang mireng swara mau banjur ngutus Lemana marani Rama. Lesmana ora gelem amarga kelingan dhawuhe kakange. 1. 2. 3. 4. 5. B. Tulisan aksara Jawa kang salah ing ngisor iki, coba benerna! Rahwana nyolong Sinta Sarpakenaka seneng marang Lesmana Kagiyatan 2 C. Kanthi cara diskusi kelompok, ayo pethikan crita Kidang Kencana ing ngisor iki owahana mawa aksara Jawa kang trep! Ora wetara suwe ana kledange kidang kang ulese cumlorot kuning pindha emas, mula aran Kidang Kencana. Sinta rumangsa kepranan atine kepengin banget bisa nduweni Kidang Kencana. 1. Kelompok 1 Wangsulan : .............................................................................................................................. ..............................................................................................................................


54 2. Gandheng panjaluking garwa kang banget ditresnani Rama enggal-enggal ngoyak Kidang Kencana. Ananging sadurunge meling marang adhine yaiku Lesmana supaya njaga mbakyune yaiku Sinta. Kelompok 2 Wangsulan : .............................................................................................................................. .............................................................................................................................. 3. Lumayune kidang banter banget ora nyana wis tekan tengahing alas kang gung liwang-liwung, peteng ndhedet lelimengan. Ora watara suwe Rama ngerti kumlebate kidang. Age-age Rama menthang gendewa, kiang banjur kapanah kena awake. Eloke lelakon kidang mau malih rasesksa aran Kalamarica. Kidang njerit karo ngrerintih sambat-sambat ngrasakake lara. Kelompok 3 Wangsulan : .............................................................................................................................. .............................................................................................................................. 4. Sinta ngira manawa iku swarane Rama kang kelaran amarga nemu bebaya ing tengahing alas. Banjur dhawuh marang Lesmana supaya nulungi kangmase yaiku Rama. Lesmana asung pemut manawa iku dudu swarane Rama. Ananging Sinta percaya manawa iku mau swarane Rama. Kelompok 4 Wangsulan : .............................................................................................................................. .............................................................................................................................. 5. Rama bali arep nemoni sinta lan Lesmana, ana tengah dalan kepethuk Lesmana banjur wong loro bebarengan bali menyang papane Sinta. Saeba kagete Rama lan Lesmana, jebul Sinta ora ana, banjur padha nggoleki ana ngendi dununge Sinta. Kelompok 5 Wangsulan : .............................................................................................................................. .............................................................................................................................. 6. Ora watara suwe, ing tengahing dalan Rama lan Lesmana kepethu manuk Jathayu kang awake kebak tatu. Rama ngira manawa sing nyidra Sinta manuk Jathayu. Ananging manuk Jathayu crita manawa dheweke mentas nulungi Sinta sing diglandhang dening Prabu Rahwana ya Dasamuka ratu ing nagara Alengka. Kelompok 6 Wangsulan : .............................................................................................................................. ..............................................................................................................................


55 1.Basa kang digunakake manawa matur karo Simbah yaiku .... a. ngoko alus c. krama alus b. ngoko lugu d. krama lugu 2. Pak Anton lan pak Budi kuwi kanca guru kang raket banget. Ananging padha-padha ngurmati mula yen ngendikan ora nganggo krama alus nanging nganggo basa .... a. ngoko alus c. krama alus b. ngoko lugu d. krama lugu 3. "Inggih .... kula lan Fatimah punika minangka wakilipun kanca-kanca pemudha Mekar Sari ing Ketapang ngriki badhe .... prakawis adicara tirakatan mengeti dinten kamardikan Slasa ngajeng punika. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur yaiku .... a. sowan, matur c. rawuh, matur b. teka, sanjang d. sowan sanjang 4. Nalika aku bali sekolah, simbahku saka Bumiayu teka. Saka ukara ing ndhuwur, basa krama aluse yaiku .... a. Nalika kula wangsul sekolah, Simbahku sekang Bumiayu rawuh. b. Nalika kula wangsul sekolah, Simbah kula saking Bumiayu rawuh. c. Nalika aku wangsul sekolah, Simbahku saking Bumiayu rawuh. d. Nalika kula kondur sekolah, Simbah kula saking Bumiayu rawuh. 5. Kula sampun dhahar, nanging Simbah dereng dhahar. Ukara ing ndhuwur durung bener kang bener yaiku .... a. Kula sampun maem, nanging Simbah dereng dhahar. b. Kula sampun mangan, nanging Simbah dereng dhahar. c. Kula sampun nedha, nanging Simbah dereng dhahar. d. Kula sampun madhang, nanging Simbah dereng dhahar. Gladhen Wulangan 4 I. Wenehana tandha (X) ing aksara a, b, c. utawa d kang dadi wangsulane pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis! 6. Tembung "Kidang Kencana" yen ditulis aksara Jawa kang bener yaiku .... 7. Kang dadi kidang kencana sejatine .... a. Dasarata c. Rama b. Putra d. Raden


56 Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi cekak aos! a. Lasmana mituhu marang kakange sepuh b. Lesmana mitulungi marang kadang sepuh c. Lesmana miturut marang kadange sepuh d. Lesmana mituhu marang kadange sepuh 1. Suswanto kuwi putra mbarepe pakdhe Parjo. Ukara kasebut basa krama aluse yaiku .... Wangsulan : ............................................................................................................................. ............................................................................................................................. 2. Saksampunipun tangi sare, Simbah lajeng siram. Tembung tangi ing ukara kasebut ora bener. Tembung kang bener yaiku .... Wangsulan : ............................................................................................................................. ............................................................................................................................. 3. Sarpakenaka irunge dibabat dening lesmana. Ukara kasebut tulisen nganggo aksara Jawa kang bener! Wangsulan : ............................................................................................................................. ............................................................................................................................. Aksara Jawa ing ndhuwur kuwi unine .... Wangsulan : ............................................................................................................................. ............................................................................................................................. Tulisan aksara Jawa iki ana sing salah. Coba benerna supaya dadi ukara "Raden Lesmana rayine Raden Rama."! Wangsulan : ............................................................................................................................. .............................................................................................................................


Soal Gladhen Ulangan Akhir Semester Genap Kapiliha jawaban ingkang leres kanthi cara nyukani tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawi d ing lembar jawaban ingkang sampun cumawis! Pethikan teks kanggo soal nomer 1-2 Adat utawi tradhisi kendhuren inggih menika tradhisi ingkang sampun turun tumurun saking nenek moyang ing jaman rumiyin. Tradhisi kendhuren kawontenan ing masyarakat Jawa Tengah ingkang taksih asring dipuntindakaken ngantos sakmenika. Tradhisi menika kagungan ancas nyuwun keslametan dening Gusti Allah. Wonten adat menika ingkang kedah dipuncawisaken inggih menika tumpeng jangkep kaliyan lawuhipun. Tumpeng lan lawuhipun dipundongani sesepuh adat. Saksampunipun tumpeng dipundongani lajeng dipunbagekaken ingkang asring dipunwastani carikan utawi brekat. 1.Dututan saka teks ing ndhuwur yaiku .... a. Tradhisi kendhuren becike kudu dianakake supaya para warga dadi tentrem. b. Tradhisi kendhuren iku ora perlu dianakake ing jaman kang wis modern iki. c. Tradhisi kendhuren ora perlu dianakake ing kutha-kutha gedhe ing Jawa Tengah. d. Tradhisi kendhuren kanggo sarana nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Agung. 2. Manut teks ing ndhuwur kang kudu disiapake nalika kendhuren yaiku ..... a. Tumpeng lan brekate b. Tumpeng lan lawuhe c. Tumpeng lan wargane d. Tumpeng lan wadhahe Pethikan teks kanggo soal nomer 3-4 Bersih desa iku salah sijining upacara adat Jawa kang dianakake bubar panen pari kanthi ancas ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga panen pari kasil apik. Sakliyane iku kanggo sarana nyenyuwun marang Gusti Allah supaya para warga desa diadohake saka gangguan penyakit tuwin bencana. Bersih desa iki dadi gambaran kanggo ngresiki desa lan wargane saka alangan supaya kahanan desa dadi aman lan tentrem. 3. latar swasana kang jumbuh karo teks ing ndhuwur yaiku .... a. Bungah b. Nggegirisi c. Nelangsa d. Sumelang 4. .... penyakit tuwin bencana. Tegese tembung tuwin saka teks kasebut yaiku .... a. Saka b. Ing c. Lan d. Iku 57


Pethikan teks kanggo soal nomer 5-6 Candhi iki mujudake candhi Budha sing mapan ing Magelang sing mapan Magelang, Jawa Tengah Indonesia. Papane candhi dumunung watara 100 km ing kidul kulone Semarang, 86 km ing sisih kulone Surakarta lan 40 km ing lor kulone Yogyakarta. Candhi kang awujud stupa iku didegake dening para pangrasuk agama Budha Mahayana kira-kira taun 800-an Masehi ing jaman paprentahan wangsa Syailendra. Candhi kasebut minangka salah sawijining monumen Budha kang paling gedhe sadonya, mula saka iku dadi salah sijining papan kang paling akeh ditekani para plancong ing Indonesia. 5. Pitutur luhur saka teks ing ndhuwur yaiku .... a. Nguri-uri papan petilasan warisan para leluhur b. Wewangunan petilasan lawas becike ditinggalake c. Wewangunan kang wis lawas becike dimusnakake d. Nyengkuyung ngrembakane budaya-budaya manca. 6. Manut teks kasebut mupangate candhi kanggo bangsa Indonesia yaiku .... a. papan wisata b. papan dolanan c. papan palenggahan d. papan paprentahan 58 Pethikan teks kanggo soal nomer 7-8 Ing Cilacap, saben dina jemuah kliwon utawa slasa kliwpn ing sasi Sura dianakake upacara tradhisi sedhekah laut. Upacara iki ditindakake dening para misaya mina Cialaca ing tlatah Sidakaya, Donan, Tegalkatilayu, Lengkong, Pandanarang, lan Kamiren amarga wis diparingi dening Allah SWT panen iwang ang maremake. Ubarampe kang dicawisake lan dilarung ing segara iku minangka wujud sukur marang Allah amarga para misaya mina wis diparingi rejeki saka laut mligine iwak. 7. Kang nganakake upacara sedhekah laut manut teks ing ndhuwur yaiku …. a. pedagang b. pegawe c. petani d. nelayan 8. Ancas dianakake upacara sedhekah laut yaiku …. a. supaya tumindake lan watak wantune tansah dieling-eling anak turune b. minangka wujud sukkur marang Gusti Allah amarga diaringi rejeki saka laut c. supaya kabeh kang ditindakake migunani kanggo kaluwarga lan awake dhewek d. dadi manungsa kang mulya supaya tansah diajeni dening wong liya ing sakitare.


Pethikan teks kanggo soal nomer 9-11 Upacara kirab pusaka ing kraton Surakarta sampun kalampahan wiwit jaman kina ingkang dipunwontenaken saben surya kaping 1 Muharram utawi 1 Sura. Adicara menika kaangkah supados manungsa tansah pinaringan kasarasan, kaslametan, dipuntebihaken saking alangan tuwin godha rencana. Sedaya ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun siyaga salebeting kraton wiwit tabuh 8 ndalu. Sedaya ubarampe kangge kirab sampun sumadya. Kintenkinnten tabuh setengah sewelas, para piyantun ingkang badhe ngayahi jejibahan sampun sami baris. Sasampunipun wonten pratandha mlampah, para abdi ingkang kajibah ngasta pusaka sami mlampah medal saking kraton. 9. Latar wektu kang jumbuh saka teks kasebut yaiku …. a. awan b. sore c. wengi d. esuk 10. Ancas dianakake upacara kirab pusaka manut pethikan teks ing ndhuwur yaiku …. a. pinaringan kasarasan ingkang sae tinimbang tiyang sanes b. pinaringan kanca lan kaluwarga ingkang sansaya kathah c. pinaringan kawruh agami ingkang langkung inggil lan sae d. pinaringan kasarasan, kaslametan, tebih saking alangan 11. Upacara kirab pusaka ditindakake saben tanggal …. a. 1 Muharram c. 1 Mulud b. 1 Rajab d. 1 Syawal 59 Pethikan teks kanggo soal nomer 12-14 Ing Cilacap, saben dina jemuah kliwon utawa slasa kliwpn ing sasi Sura dianakake upacara tradhisi sedhekah laut. Upacara iki ditindakake dening para misaya mina Cialaca ing tlatah Sidakaya, Donan, Tegalkatilayu, Lengkong, Pandanarang, lan Kamiren amarga wis diparingi dening Allah SWT panen iwang ang maremake. Ubarampe kang dicawisake lan dilarung ing segara iku minangka wujud sukur marang Allah amarga para misaya mina wis diparingi rejeki saka laut mligine iwak. 12. Upacara tingkeban ugi dipunwastani mitoni. Basa ngoko kang trep saka ukara kasebut yaiku …. a.Upacara tingkeban uga diasmani mitoni b.Upacara tingkeban uga diarani mitoni c.Upacara tingkeban ugi diarani mitoni d.Upacara tingkeban ugi diwastani mitoni 13. Tradhisi tingkeban taksih perlu dianakake. Andharan kang trep saka ukara ing ndhuwur yaiku …. a.Ora perlu dilestarikake amarga wis ora jumbuh karo jaman b.Kadhangkala ditindakake supaya warga ora was sumelang c.Perlu diuri-uri supaya warga seneng lan tentrem atine d.Perlu dilestarikake, amarga kanggo nguri-uri budaya Jawa


14. Pitutur luhur saka teks kasebut yaiku …. a. Adat lan budaya perlu dilestarikake b. Adat lan budaya becike ditinggalake c. Budaya manca becike tansah diuri-uri d. Budaya manca becike perlu dituladhani 60 Pethikan teks kanggo soal nomer 15-17 Mrih luhur ing kuna-kuna Enggone ambanting dhiri Iya sakuwasanira Sekuwate anglakoni Nyegah turu sathithik Sarta nyuda dhaharipun Pirabara bisaa Kaya ingkang dhingi-dhingin Atirua sapratelon saprapatan 16. Miturut teks ing ndhuwur, kang disuda supaya hawa nepsu bisa dikendhaleni yaiku …. a. siram lan dhahar b. matur lan kondur c. tindak lan sare d. sare lan dhahar 17. Sarta nyuda dhaharipun. Dasanama saka tembung nyuda yaiku …. a. ngganepi b. ngilangi c. ngurangi d. nambahi 15. Wos saka tembang ing ndhuwur yaiku …. a. Nglakoni pitutur wong jaman saiki b. Carane dibrekati para leluhur c. Carane ngendhhaleni hawa nepsu d. Tumindake wong kang durjana Pethikan teks kanggo soal nomer 18-20 Ingsun uga tan mangkana Balilu kang sun alingi Kabisan sun dekek ngarsa Isin menek denarani Balilu ing sujanmi Nanging barin ingsun cubluk Parandene jroning tyas Lumaku ingaran wasis Tanpa ngrasa prandene sugih carita 19. Balilu kang sun alingi. Tegese gatra asebut yaiku …. a. pinterku sing taktutupi b. bodhoku sing taktutupi c. benerku sing taktutupi d. salahku sing tak tutupi 18. Solah bawa kang digambarake saka pada tembang kasebut yaiku …. a. umuk b. srakah c. sregep d. kesed


20. Pitutur luhur saka tembang macapat Sinom ing ndhuwur yaiku …. a. Tumindak awon bisa ndhadekake diajeni liyan b. Tumindak gumedhe bisa ndadekake mulya c. Dadi manungsa aja rumangsa pinter dhewek d. Dadi manungsa aja rumangsa mulya dhewek 61 Pethikan teks kanggo soal nomer 21-23 Ing sawijining dina Rama, Sinta, lan Laksamana ana ing wana. Nalika wong telu kuwi ngasa ana ing wana, banjur dumadakan ana kidang elok banget. Sungune dawa lan wulune emas. Kidang kuwi playon ana sangarepe wong telu kuwi. Sinta kepencut atine, karepe kepengin nduweni kidang iku. Sinta njaluk marang garwane supaya nyekel kidang kuwi kanggo dheweke. Amarga tresnane Rama sing banget gedhene, dheweke ora bisa nolak panjalukane Sinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep nyekel kidang kuwi, dheweke pesen marang Laksmana, “Rayi, aku titip mbakyumu Sinta. Aja nganti kok tanggal dhewek ana ing wana kene.” Banjur Laksmana semaur, “Inggih kangmas, dak eling-eling wekasanmu. Ora bakal aku ninggal mbakyu Sinta ana wana kene dhewek.” 21. Pratelan kang nudhuhake menawa Rama tresna banget marang garwane yaiku …. a. Rama ndhawuhi laksmana nyekel kidang kencana b. Rama nggawa kidan kencana kanggo Sinta c. Rama disusul Laksmana ing tengah wana d. Rama ora bisa nolak panjaluke Sinta 22. Manut teks kasebuut, kang nyebabake sinta kepengin nduweni kidang kencana yaiku …. a. Kidang iku awak lan sungune gedhe b. Kidang iku elok lan wulune saka emas c. Kepengin dhahar daging kidang emas d. Kepengin ngumpulake kewan kang elok 23. Pitutur luhur kang becik saka teks ing ndhuwur yaiku …. a. Waspada marang manungsa kang duwe watak ala b. Aja gampang kepencut marang kaendahaning donya c. kabeh kekarepane manungsa kudu kaleksanan d. Dadi sedulur ora perlu setya lan tulung tinulung Pethikan teks kanggo soal nomer 24-26 Banjur Rama mangkat golek kidang kencana kuwi kanggo Sinta. Kidang kuwi mlayu nganti tekan jroning wana. Sansaya jero sansaya peteng amarga cahyaning surya ora bisa nimbus tengah wana kkuwi. Peteng remeng-remeng sing katon mung ayang-ayang kidang kencana. Amarga pegel atine, sanalika Rama langsung ngunus lan ngeculake jemparing. Amarga daya kasektene Rama, sanajan peteng ndhedhet lelimengan, kidang mau kena jemparinge Rama. Idang kencana ambruk ana lemah nanging dumadakane ilang bareng karo swara raseska Kalamarica. Kalamarica yaiku rasesksa saka Alengka, kongkonane Rahwana. Swara kuwi ngemba-emba kaya swarane Rama njaluk tulung marang Laksmana.


24. Banjur Rama mangkat golek kidang kencana. Basa krama alus kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku …. a.Lajeng Rama tindak pados kidang kencana b.Lajeng Rama mangkat pados kidang kencana c.Banjur Rama tindak pados kidang kencana d.Lajeng Rama tindak golek kidang kencana 25. Dasanamane saka tembung “jemparing” yaiku …. a. tumbak b. panah c. keris d. cudrik 26. Latar papan kang jumbuh karo teks ing ndhuwur yaiku …. a. gegana b. kraton c. lepen d. wana 62 Pethikan teks kanggo soal nomer 27-28 Rama rumangsa yen kena apuse kidang kencana. Raden Rama banjur cepetcepet bali menyang papane Sinta lan Laksamana. Ing tengah dalan Rama ketemu karo Laksamana. Sawise crita menawa kidang kencana iku malih dadi prajurite Rahwana, kekarone banjur bali menyang papane Sinta. Tekan papane Sinta, kekarone kaget amarga Sinta ora ana. Kekarone banjur nggoleki Dewi Sinta. 27. Wos saka pethikan teks kasebut yaiku …. a. Laksmana malih dados kidang kencana kang endah b. Raden Rama kenging apus dening prajurit Rahwana c. Raden Rama saged nyepeng kidang kencana kang elok d. Kidang kencana menika sejatosipun malihanipun Rahwana 28. Swasana kang jumbuh karo pethikan teks ing ndhuwur yaiku …. a. sumelang b. bungah c. remen d. rame Pethikan teks kanggo soal nomer 29-30 Rama lan Laksmana kepethuk Jathayu. Sadurunge nemoni pati, Jatayu isih bisa crita yen Sinta diculik dening Rahwana lan digawa menyang kraton Alengka. Rasa murkane Rama metu amarga Sinta diculik raseksa kang angkara murka iku. Sawise crita babagan Sinta, Jatayu nemoni pati amarga kena sabetan pedhange Rahwana nalika nulungi Sinta. Rama janji jroning atine bakal nggawa bali Sinta. 29. Saka teks ing ndhuwur, watake Jatayu yaiku … a. seneng nesu b. seneng tetulung c. seneng ngapusi d. srei lan gumedhe


63 1. kang endah 2. kidang kencana 3. ing wana 4. pirsa 5. Dewi Sinta 32. “Raden Rama menika putra mbajenge Prabu Dasarata. Ing sawijining dina Prabu Rama ngumbara karo Sinta lan rayine Raden Laksmana ing sajroning wana.” Manut teks ing ndhuwur, putrane Prabu Dasarata yaiku …. a.Sinta lan Rama b.Sinta lan Laksmana c.Rama lan Dasarata d.Rama lan Laksmana 33. Gambar ing ngisor iki kang mujudake paraga Raden Rama yaiku …. a. c. b. d. 30. paraga kang nduweni watak antagonis saka crita kasebut yaiku …. a. Rahwana b. Laksmana c. Jatayu d. Rama Gatekna andharan ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 31! 36. Supaya dadi ukara kang bener, urutan kang trep yaiku …. a.5-4-3-2-1 b.5-4-2-1-3 c.4-2-3-1-5 d.4-5-2-1-3 Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara kasebut yaiku ….


64 35. Dasanamane Dasamuka yaiku …. Gatekna andharan ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 36-37! 36. Sandhangan kang ana ing ukara kasebut ana apa wae …. a. taling, cecak, wulu b. taling, layar wulu c. taling, wulu, suku d. taling, layar, pepet 37. Pasangan kang ana ing ukara kasebut yaiku …. a. ba lan ta b. wa lan la c. ra lan ta d. ra lan la 38. Kidang lumebu ing wana. Ukara ing ndhuwur manawa ditulis nganggo aksara Jawa …. Gatekna andharan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 39!


65 40. Saka teks kasebut paraga kang nduweni watak disiplin sinau yaiku … a. Toto b. Tata c. Aku d. Wicak 41. Mupangat disiplin sinau saka teks pacelathon kasebut yaiku … a. Supaya bisa pamer karo kancane b. Supaya dialembana dening bu guru c. Tugas sekolah meshti rampung d. Tugas sekolah sansaya abot lan akeh 42. Wos saka teks kasebut yaiku …. a. Bocah sekolah kang seneng tetulung marang kanca-kancane b. Bocah sekolah kang sregep anggone nglakoni kuwajiban c. Bocah sekolah kang seneng dolan tanpa ngerteni wayah d. Bocah sekolah kang tansah melu lomba ing sekolah 39. Supaya dadi ukara kang bener, urutane kang trep yaiku …. a.2-4-3-1 b.1-4-3-2 c.2-4-1-3 d.1-3-2-4 Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 40-42! Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 43-44! 43. Kula badhe nyuwun pirsa. Basa ngoko saka tembung “nyuwun pirsa” yaiku …. a. aweh b. njaluk c. takon d. nampa


66 44. Wangun umah Jawa manut teks kasebut yaiku … a. Wangun joglo, limasan, lan kampong b. Wangun joglo, limasan, lan gadang c. Wangun limasan, gadang, lan honai d. Wangun limasan, honai lan kampong Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 47-48! Pak Adi : “Jo, bapakmu ….. ngendi kok ora nang ndalem?” Tejo : “Wau bapak ngomog badhe dhateng dalemipun Pak RT, Pak.” 45. Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara kasebut yaiku …. a. mangkat b. menyang c. lunga d. tindak 46. “Wau bapak ngomong badhe dhateng dalemipun Pak RT, Pak.” Tembung ngomong saka ukara ing ndhuwur durung bener. Tembung kang bener yaiku … a.Celathu b.Guneman c.Ngendika d.Matur Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 47-48! Ayu : “Bu, Bapak badhe tindak pundi?” Ibu : “Bapakmu arep tindak daleme Pak RT.” Ayu : “Wonten acra menapa, Bu?” Ibu : “Suuran putrane amarga wis lulus kuliahe.” Ayu : “Ooo, kula kinten bahde nyuwun surat pengantar.” 47. Manut teks kasebut bapak tindak daleme Pak RT amarga …. a. Badhe rapat RT b. Nyuwun surat pengantar c. Wonten acara sukuran d. Wonten tamu ingkang rawuh 48. Saka teks ing ndhuwur kang nyuwun pira marang ibu yaiku …. a. Aku b. Ayu c. Bapak d. Simbah


67 Gatekna pethikan pacelathon ing ngisor iki kanggo mangsuli nomer 49-50! Bu Ningsih : “Yas, ibumu kondur durung?” Tyas : “……, Bu? (soal nomer 49) Bu Ningsih : “Ngendikane arep kondur jam pira?” Tyas : “ …………..” (soal nomer 50) Bu Ningsih : “Oh yaw is nek ora ngerti. Salam wae kanggo ibu.” Tyas : “Inggih, Bu.” 49. Tembung kang trep karo unggah-ungguh basa kanggo njangkepi mature Tyas yaiku … a. ora weruh b. ora ngerti c. durung d. dereng 50. Tembunge Tyas kang bener kanggo mangsuli pitakone Bu Ningsih yaiku …. a. “Boten ngertos, Bu.” b. “Boten ngerti, Bu.” c. “Ora ngertos, Bu.” d. “Kurang ngertos, Bu.”


DAFTAR PUSTAKA Suyono. 2016. Wursita Basa Kanggo SMP/SMPLB/MTs Kelas VII. Klaten : CV Sahabat Priyantono & Sawukir. 2014. Marsudi Basa lan Sastra Jawa Kanggo SMP lan MTs Kelas VII. Jakarta : Erlangga MGMP Kabupaten Cilacap. 2022. Ringkasan Materi Bahasa Jawa Untuk SMP/MTs Semester 2 Kelas VII. MGMP Kabupaten Cilacap https://drive.google.com/file/d/1HeTosPUNPOnFVIdw6E23QpKNc Ou-NvCN/view https://www.kompasiana.com/rahmanwe/5aa32d36cbe52315f61 b44f2/wayang-golek-mahabudaya-yang-tak-lekang-oleh-waktu (Diakses tanggal 19 Desember 2022. 22.51 WIB) https://www.suaramerdeka.com/hiburan/048366090/kisahpewayangan-mengenal-tokoh-gunawan-wibisana-adik-rahwanayang-berpihak-pada-rama (Diakses tanggal 20 Desember 2022, 22.15 WIB) https://pameranbersama.ranggawarsitamuseum.id/wayangkancil/ (Diakses tanggal 21 Desember 2022, 22.10 WIB) 68


Click to View FlipBook Version