The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

3.2. Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula Kelas 7 Smtr 1 -.pptx

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by MAS GURU BAHASA JAWA CHANEL, 2023-05-10 02:26:08

3.2. Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula Kelas 7 Smtr 1 -.pptx

3.2. Serat Wulangreh Pupuh Dhandhanggula Kelas 7 Smtr 1 -.pptx

Keywords: DHANDHANGGULA

Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 PEMBELAJARAN BAHASA JAWA KELAS 9 SEMESTER 1 Materi Pertemuan 1 3.2. Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula Dening Suradi, S.Pd,


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Tujuwan Pasinaon 3.2.1. Mendengarkan tembang macapat Dhandhanggula dengan benar. 3.2.2. Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat dengan benar. 3.2.3. Mendiskusikan nilai-nilai luhur yang ada dalam tembang Macapat Dhandhanggula dengan benar. 3.2.5. Mengungkapkan nilai-nilai luhur dalam tembang Dhandhanggula dengan benar.


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 KAWRUH SERAT WULANGREH Wulang Reh utawa Serat Wulangreh yaiku kasusastran awujud tembang macapat yasan Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Raja Surakarta, kang wiyos nalika surya 2 September 1768. panjenengane jumeneng wiwit 29 November 1788 nganti tekan sedane surya 1 Oktober 1820. Wulang ateges pitutur, Reh ateges warna-warna. Wulangreh ateges piwulang kang isine pitutur warna-warna Sumber : http://jamansemana.com/2011/05/20/ebook-serat-wulangreh/ diaskes Sabtu tanggal 28 Juni 2014 Jam 06.15 WIB Gambar Sri Susuhunan Pakubuwana IV


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 DHANDHANGGULA PADA 1 Pamedhare wasitaning ati Cumanthaka aniru pujangga Dahat mudha ing batine Nanging kedah ginunggung Datan wruh yen akeh ngesemi Ameksa angrumpaka Basa kang kalantur Tutur kang katula-tula Tinalaten rinuruh kalawan ririh Mrih padhanging sasmita DHANDHANGGULA PADA 1 Pamedhare : pamulange, ngandhakake Wasitaning : wewarahe, piwulang Cumanthaka : kumawani, kemendel Dhahat : banget Mudha : bodho Ginunggung : dibombong, dialem Datan wruh : ora ngerti Yen akeh ngesemi : yen akeh sing mesem ngece, bisa ditegesi mesem nanging mencibir. Angrumpaka : nganggit, ngarang Kalantur : kladuk Katula-tula : ngrekasa, asor, ora ana ajine Tinalaten : ditlateni Ruruh : alon Ririh : alon, sabar Sasmita : tandha


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 DHANDHANGGULA PADA 2 Sasmitaning ngaurip puniki Mapan ewuh yen nora weruha Tan jumeneng ing uripe Akeh kang ngaku-aku Pangrasane sampun udani Tur durung wruh ing rasa Rasa kang satuhu Rasaning rasa puniku Upayanen darapon sampurna ugi Ing kauripanira DHANDHANGGULA PADA 2 Sasmitaning ngaurip : tandha pituduhe ngaurip saiki apa dene sing arep tumeka. Mapan : jer, awit Ewuh : ora kepenak Weruha : ngertia Tan : ora Jumeneng : madeg, ngenggoni Udani : ngerti, weruh Satuhu : nyata Upayanen :mbudidaya, usahanen Darapon : supaya Kauripanira : panguripanmu


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 DHANDHANGGULA PADA 3 Jroning Quran nggoning rasa yekti Nanging pilih wong kang uninga Kajaba lawan tuduhe Nora kena denawur Ing satemah nora pinanggih Mundhak katalanjukan Temah sasar susur Yen sira ayun waskitha DHANDHANGGULA PADA 3 Yekti : nyata Uninga : weruh, ngerti Tuduhe : pituduhe, pitulunge, bimbinge Satemah : saengga Mundhak : ing akhire Katalanjukan : kabanjur, kebablasen Sasar-susur : kleru Ayun : arep Waskitha : pinter


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 DHANDHANGGULA PADA 4 Nanging yen sira nggeguru kaki Amiliha manungsa kang nyata Ingkang becik martabate Sarta kang wruh ing khukum Kang ngibadah lan kang wirangi Sokur oleh wong tapa Ingkang wus amungkul Tan mikir pawewehing liyan Ingkang pantes sira guronana kaki Sartane kawruhira DHANDHANGGULA PADA 4 Nggeguru : maguru Kaki : sesebutan tumrape anak putu Wirangi : ngurangi Tapa : prihaten/nglakoni mati raga sarta sumingkir saka alam rame Amungkul : temenan


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Isine Tembang Dhandhanggula Pada 1 Ngandharake piwulange ati, kemendel niru pujangga, nadyan wis yuswa nanging ngrumangsa isih bodho ing babangan ilmu batine. Nanging kudu dibombong/dialem kanggo nggedhegake atine, ora ngerti yen akeh sing ngesemi nanging maido, meksa nganggit/ngarang basa sing kladuk, tutur sing ora ana ajine, ditlateni lan sabar supaya padhanging sasmita. DHANDHANGGULA PADA 1 Pamedhare wasitaning ati Cumanthaka aniru pujangga Dahat mudha ing batine Nanging kedah ginunggung Datan wruh yen akeh ngesemi Ameksa angrumpaka Basa kang kalantur Tutur kang katula-tula Tinalaten rinuruh kalawan ririh Mrih padhanging sasmita


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Isine Tembang Dhandhanggula Pada 2 Pralambang/pituduh ngaurip ora bisa dingerteni/angel dingerteni yen durung ngerti pralambang mau, wong mau atine ora tentrem, akeh wong ngaku-aku pangrasane wis ngerti,nanging sejatine durung mudheng bab rasa pangrasa, durung ngerti bab rasa kang nyata, mula mbudidaya/ngupayaa supaya sampurna uripmu DHANDHANGGULA PADA 2 Sasmitaning ngaurip puniki Mapan ewuh yen nora weruha Tan jumeneng ing uripe Akeh kang ngaku-aku Pangrasane sampun udani Tur durung wruh ing rasa Rasa kang satuhu Rasaning rasa puniku Upayanen darapon sampurna ugi Ing kauripanira


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Isine Tembang Dhandhanggula Pada 3 Jroning Quran mapaning rasa sing nyata, nanging durung mesthi saben wong ngerti/paham isine, kejaba wong sing antuk pituduhe Gusti Allah, nora kena diawo, yen diawor mengko mundhak ora ketemu kepara malah kebablasen dadi kleru. Mula yen sira pengin pinter lan ngerti kasampurnaning ngaurip kudu maguru utawa golek guru. DHANDHANGGULA PADA 3 Jroning Quran nggoning rasa yekti Nanging pilih wong kang uninga Kajaba lawan tuduhe Nora kena denawur Ing satemah nora pinanggih Mundhak katalanjukan Temah sasar susur Yen sira ayun waskitha Sampurnaning sajroning badanireki Sira anggegurua


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Isine Tembang Dhandhanggula Pada 4 Yen sira nggolek guru anak putuku, amiliha manungsa kang nyata (sugih kawruh lan pengalaman), kang becik martabate lan ngerti ing khukum, lan wong kang temen-temen anggone ngibadah ing ngarsaning Gusti Allah, lan sing gelem nyuda kanikmataning donya, sokur bage oleh wong tapa, kang wis ora mikir ing pawewehing liyan, lha iku pantes den guronana anak putu ku. DHANDHANGGULA PADA 4 Nanging yen sira nggeguru kaki Amiliha manungsa kang nyata Ingkang becik martabate Sarta kang wruh ing khukum Kang ngibadah lan kang wirangi Sokur oleh wong tapa Ingkang wus amungkul Tan mikir pawewehing liyan Ingkang pantes sira guronana kaki Sartane kawruhira


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Pertemuan Ke-2 Melanjutkan Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula MATUR NUWUN


Kaca Ngarep Tujuwan Pasinaon Kawruh Wulangreh Paugeran Tembang Dhandhanggula Tembung angel 1-4 Isi Tembang Dhandhanggula 1-4 Inggih Boten


Click to View FlipBook Version