The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by MAS GURU BAHASA JAWA CHANEL, 2023-05-10 00:46:52

TEMBANG MACAPAT GAMBUH

TEMBANG MACAPAT GAMBUH

Keywords: GAMBUH

TEMBANG MACAPAT GAMBUH SERAT WULANGREH SURADI, S.Pd.


Cakepan tembang Gambuh pada 1 Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluwarsa katutuh Kapatuh pan dadi awon Tembang gambuh ingkang kaping sekawan, inggih punika ngandharaken tindak-tanduk ingkang kabablasen, tanpa pitutur bakal nemahi kacilakan, menawi sampun dados pakulinan, satemah ndadosaken pakartinipun awon sekar : tembag catur : papat/omong cinatur : diomongke polah : tumindak,perilaku kelantur : nggladrah,ora teratur,kebacut tanpa tutur : ora nganggo diomongi katula-tula katali : tansah nandhang cilaka kadaluwarsa : kebacut katutuh : didakwa,kapaido kapatuh :kaanggep,katletuh pan : rak,jer, nanging,mung


Cakepan tembang Gambuh pada 2 Aja nganti kebanjur Barang polah ingkang nora jujur Yen kebanjur kojur sayekti tan becik Becik ngupayaa iku Pitutur ingkang sayektos Aja nganti kebablasen, tindak-taduk ingkang boten jujur/goroh, yen wis kebacut mesthi awon, becik budidaya pitutur ingkang sejati/sae Nora : ora Kojur : nemahi cilaka Sayekti : sanyata,temenan Ngupaya : golek,ngreka Sayektos : sayekti,bener


Cakepan tembang Gambuh pada 3 Pitutur bener iku sayektine apantes tiniru nadyan metu saking wong sudra papeki lamun becik wurukipun iku pantes sira anggo Ajaran/piwulang ingkang leres wajib dipunnut/dipuntiru, senajan wulangan punika asalipun saking tiyang pidak pideran( kaum rendah,miskin,pangkate cilik), nanging yen wulanganipun punika wau becik,patut dipuntiru Pitutur : nasehat Apantes : ora pantes Sudra : papa, asor, nistha, ora duwe Papeki : sembrana,kurang ngati-ati, sengsara Lamun : manawa Wuruk : mulang, ngajari


Cakepan tembang Gambuh pada 4 Ana pocapanipun adiguna adigang adigung pan adigang kidang adigung pan esthi adiguna ula iku telu pisan mati samyoh wonten unen-unen /paribasan ingkang ungelipun adigang adigung adiguna, adigang/kekuwatan dipunlambangaken kewan kidang, adigung/kaluhuran dipunlambangaken gajah kewan kang gedhe, adiguna /mupangat/kegunaan dipunlambangaken ula. Nanging tetiganipun mati bareng. Pocapan : ucapan, paribasan Adigang : ngendel-ngendelake kekuatan ( kidang ) Adigung : ngendelake keluhurane/derajat ( gajah ) Adiguna : ngendelake kapinterane ( ula ) Esthi : gajah Sampyoh : bareng


Cakepan tembang Gambuh pada 5 Sikidang umbagipun ngendelaken kebat lumpatipun pan si gajah ngendelaken gung ainggil ula ngendelaken iku mandine kalamun nyakot Kidang watakipun angendelaken banter playunipun, gajah angkuh ngendelaken awakipun ageng inggil, ula ngendelaken mandinipun upas/racun yen nyakot. Umbag : watak,rumangsa luwih Kebat : banter


Cakepan tembang Gambuh pada 6 Iku upamanipun aja ngendelaken sira iku suteng Nata iya sapa kumawani iku ambege wong digung ing wasana dadi asor Punika sadaya amung unen-unen. sampun angkuh lan congkak amargi saking trah raja/bangsawan. nggadhahi panggangep boten wonten tiyang sanes ingkang wantun dhateng piyambakipun. punika sedaya tingkah laku adigung/sombong. kados ngaten punika bakal ngasoraken drajatipun pribadi Sira : awakmu Suteng : suta + ing : suta : anak Nata : raja Ambeg : watak Wasana : akhire Asor : ala


Cakepan tembang Gambuh pada 7 Adiguna puniku ngandelaken kapinteranipun samubarang kabisan dipundheweki sapa pinter kaya ingsun togging prana nora enjoh Watak adiguna punika tiyang ingkang sombong amargi kapinteranipun, sedaya kapinteran ingkang wonten punika, rumaos gadhahipun piyambak. sedaya tiyang dipunanggep boten saged punapa-punapa. Ing mangkeh wusananipun piyambakipun mandar boten saged punapapunapa/ katinggal bodhonipun Samubarang : sakabehe Kabisan : kapinteran, ketrampilan Dheweki : diaku, diduweni Ingsun : aku Togging : jero Prana : ati Enjoh : bisa, saged


Cakepan tembang Gambuh pada 8 Ambek digang puniku angungasaken kasuranipun para tantang candala anyenyampahi tinemenan boya purun satemah dadi geguyon Watak adigang inggih punika watak ingkang ngendelaken kekewatanipun. sedaya tiyang dipuntantang lan dipunjak gelutan. Nanging menawi tiyang ingkang dipuntantang wau wantun, piyambakipun madar ajrih piyambak. Sedaya punika malah dados dhagelan ingkang boten lucu/dipungujeng tiyang kathah amargi konyol Kasuranipun : kewanen, kekendelan Tandang : tumindak Candhala : tumindak ala utawa elek Anyemnyampahi : moyoki Tinemenan : ditenanani Pecus : bisa, pinter Satemah : wusanane


Cakepan tembang Gambuh pada 9 Ing wong urip puniku aja nganggo ambek kang tetelu anganggowa rereh ririh ngati-ati den kawang-kawang barang laku den waskitha solahing wong Tiyang gesang punika sampun ngantos nglampahi barang tetelu wau (adigang, adigung, adiguna). Gadhah watak ingkang sareh, alus lan ngatos-atos. sedaya tindak tanduk kedah dipunkendhaleni. Tingkah lakunipun tiyang sanes ingkang becik wau patut dipuntiru, ingkang awon dipunsingkiri Rereh : sareh, lerem Ririh : ati-ati, alus Den : yen, di Kawangwang : katon, ketok Waskhita : ngerti Solahing : tindak-tanduk


Cakepan tembang Gambuh pada 10 Dening tetelu iku si kidang suka ing panitipun pan si gajah alena patinireki si ula ing patinipun ngedelken upase mandos Saking tuladha kewan tiga wau, kidang pejah amargi kasenenganipun, gajah pejah amargi lena, ula pejahipun amargi katelasan upas/racun Alena : kurang ati-ati Mandos : mandi, manjur


Cakepan tembang Gambuh pada 11 Tetelu nora patut yen tiniru mapan dadi luput titikane wong anom kurang wewadi bungah akeh wong kang ngunggung wekasane kajalomprong Saking tuladha tiga wau sedaya boten patut dipuntiru. Sedaya tuladha wau yen dipuntiru malah dados lepat. Tiyang nem titkanipun inggih punika remen yen dipungunggung/dipunalem dening tiyang sanes/tiyang kathah. Nanging sedaya punika wusana bakal njlomprongaken badanipun piyambak. Patut : pantes Wawadi : wewadi, barang kang rahasia Kurang wawadi : kurang ngerti wewadi Nggunggung : ngalem Kajalomprong : kejlomprong, kejegur


Cakepan tembang Gambuh pada 12 Yen wong anom puniku kakehan panggunggung dadi kumprung pengung bingung wekasane pan angoling yen ginunggung muncu-muncu kaya wudun meh mencothot Manawi lare nem punika asring dipunalem, wekasanipun dados lare ingkang bodho,bedheg, lan bingungan. Wusana gampang dipunpaeka/dipunapusi, yen dipungunggung kanthi linuwih/muncumuncu, kados dene wudun ingkang badhe mbledhos/mencolot. Kumprung : bodho banget,gumedhe, sombong Penggung : bodho Angoling : nggoling, kutah Muncu-muncu : kebak banget,


Cakepan tembang Gambuh pada 13 Dene kang padha nggunggung mung sepele iku pamrihipun mung warege wadhuke klimising lathi lan telese gondhangipun reruba alaning uwong Tiyang ingkang remen ngalem wau, mung prasaja panyuwunanipun/pepingananipun, inggih punika tuwuk padharanipun ,tansah teles lambe lan gorokanipun. sedaya wau kaleksanan kanthi nyatur alaning tiyang sanes. Wadhuk : weteng Lathi : lambe Gondhangipun : gorokane, Ruruba : paweweh kanggo golek pamrih, ijol


Cakepan tembang Gambuh pada 14 Amrih pareke iku yen wus kanggep nuli gawe umuk pan wong akeh sayektine padha wedi tan wurung tanpa pisungsung adol sanggup sakehing wong Amrih cerak kalihan panguwasa/pejabat, Sedaya ingkang awon dipuntindaken. Yen sampun katekan niyat/sedyanipun/kekarepanipun, lajeng damel ontran-ontran/pokal supados tiyang sanes ajrih. Kanthi mengkaten piyambakipun nampi bebana/hadiyah saking nyade kapinteranipun tiyang sanes Parek : cedhak Tan wurung : wekasane Pisungsung : hadiyah, paweweh


Cakepan tembang Gambuh pada 15 Yen wong mangkono iku nora pantes cedhak lan wong agung nora wurung anuntun panggawe juti nanging ana pantesipun wong mangkono didhedheplok Tiyang ingkang tumindakipun kados mekaten boten pantes nyedhaki panguwasa/pejabat amargi saged nuwuhaken tindak-tanduk ingkang awon/jahat. Tiyang ingkang kados mekaten pantesipun dipundheplok/dipuntutu/dipunpalu supados musna saking bumi punika Juti : jahat. Maling, nyolong Didhedheplok : diplok, dijur


Cakepan tembang Gambuh pada 16 Aja kakehan sanggup durung weruh tuture agupruk tutur nempil panganggepe wruh pribadi pangrasane keh wong nggunggung kang wus weruh amelengos Sampun kegedhen rumaos, rumaosnipun ngertos sedaya. Dereng ngertos piyambak nanging sampun kathahipun pangandikan kados-kados ngertos kahanan saleresipun. Tiyang ingkang kados mekaten dipunkinten kathah ingkang ngalem. Tiyang ingkang mangertos tumindakipun, bakal mlengos saking piyambakipun Gupruk : gupyuk, yak-yaka Nempil : melu nunut, tuku sethithik


Cakepan tembang Gambuh pada 17 Aja nganggo sireku kalakuwan kang mangkono iku nora wurung cinirenen den titeni mring pawong sanak kang weruh nora nana kang pitados Sampun kagungan kalakuwan lan tindak-tanduk ingkang kados mekaten, sanak sedulur bakal nyireni/niteni kalakuwan wau, wusana boten pitados malih dhateng panjenengan Sireku : sira + iku Datan wurung : ora wurung Pitados : percaya


Click to View FlipBook Version