Cangkriman De n i n g S U RADI Materi Kelas 7 Semester 2 BEST SELLER
Daftar isi Sampul................................................................................................i Tegese Cangkriman......................................................................1 Tujuan Pembelajaran.....................................................................1 Daftar isi.............................................................................................ii ii Jinise Cangrkiman...........................................................................1 A. Cangrkiman Wancahan...........................................................1 B. Cangrkiman Pepindhan...........................................................2 C. Cangrkiman Blenderan...........................................................3 D. Cangrkiman Tembang.............................................................3 Daftar Pustaka.................................................................................4
Cangkriman Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu menganalisis dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang tepat dari berbagai teks sastra cangkriman dalam bentuk audiovisual. Tegese Cangkriman Cangkriman yaiku unen-unen kang tetep panggonane lan kudu dibatang utawa mbutuhake wangsulan lan uga diarani bedhekan utawa batangan. Cangkriman asalipun saking tembung 'cangkrim' ingkang tegesipun 'bedhek, badhe, batang, cape', tembungipun samangke teka-teki. Cangkriman=batangan=bedhekan, tegese tetembungan sing kudu dibatang kekarepane, amarga tetembungan mau nduweni teges ora sabenere Jinise Cangkriman Cangkriman kaperang dadi 4, yaiku: A. Cangkriman Wancahan Cangkriman wancah punika cangkriman ingkang awujud wewancahaning tembung- tembung. Wancah tegesipun cekak, wancahan ateges cekakan. Conto cangkriman wancahan; 1) "Wiwa wite, lesbadhonge, karwapeke", yaiku; uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikal dawa tipake. 2) "Pakboletus", yaiku; tapak kebo ono lelene satus. 3) "Pak bomba, pak lawa, pak piyut", yaiku; tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut. 4) "Pindhangkileng", yaiku; sapi nang kandhang, kaki mentheleng. 5) "Pak kenthik", yaiku; tapak teken sithik. 6) "Surles pedheg wer-weran", yaiku; susur teles dipepe nang gedheg jewer-jeweran. 7) "Burnas kopen", yaiku; Bubur panas kokopen. 8) "Gerbong tulis", yaiku; Pager kobong watune mendhelis. 9) "Kicak ketan", yaiku; Kaki macak iket-iketan. 10) "Tuwan sinyo", yaiku; Untu kedawan gusi menyonyo. 11) "Langdikum ditasbir", yaiku; Lulang dikum dientas njebibir. 12) "Gowang pelot", yaiku; Jagone ana lawang cempene mencolot. 13) "Itik pertis ibu perbeng ijah perlong", yaiku; Tai pitik memper petis, tai kebo memper ambeng, tai gajah memper golong. 14) "Ling cik tu tu ling ling yu", yaiku; maling mancik watu, watu nggoling maling mlayu. 15) "Pindhang kutut", yaiku; sapi mblandhang lukune katut. 16) "Pothel kidi", yaiku; Tompo cemanthel kaki wedi. 17) "Rangsinyu muksitu", yaiku; Jurang isi banyu gumuk isi watu. 18) "Segara beldhes", yaiku; Segane pera sambele pedhes. 1
19) "Surles penen", yaiku; Susur teles pepenen. 20) "Tuwok rawan", yaiku; Untune krowok larane ora karuwan. 21)"Suru bregitu", yaiku; Asu turu dibregi watu. 22) "Nituk lersure", yaiku; Nini ngantuk diseler susure. 23) "Kablok ketan", yaiku; Nangka jiblok ning suketan. 24) "Manuk biru", yaiku; Pamane punuk bibine kuru. 25) "Buta buri", yaiku; Tebu ditata mlebu lori. 26) "Yu mahe rong, lut mahe ndhut", yaiku; Yuyu omahe ngerong, welut omahe endhut. 2. Cangkriman pepindhan Cangkriman pepindhan punika cangkriman ingkang kajumbuhaken kaliyan pepiribaning barang. Pindha ateges kaya, kadi, kadya, lir, pendah. Cangkriman pepindhan uga diarani irib-irib. Conto cangkriman pepindhan: 1) "Sega sekepel dirubung tinggi", = salak. 2) "Pitik walik saba meja", = sulak/ kemoceng. 3) "Anake diidak-idak, emboke dielus-elus", = andha/ tangga. 4) "Pak Demang klambi abang, nek didudul gondhal gandhul, nek disuduk manthuk- manthuk", = Ontel gedhang/ bunga pisang. 5) "Bocah cilik blusak blusuk nang kebon", = Dom/ Jarum. 6) "Dicokot bongkote sing kelong pucuke", = rokok. 7) "Dikethok malah dadi dhuwur", = Kathok dowo/ Celana panjang. 8) "Dijupuki malah mundhak akeh", = Wong ngedhuk lemah/ Orang menggali tanah. 9) "Duwe rambut nanging ora duwe endhas", = Jagung. 10) "Yen cilik dadi kanca, yen gedhe dadi mungsuh", = geni/ api. 11) "Urang sapikul matane pira?", = ana 6; urang, sapi, kul. 12) "Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong", = Kates/ Buah papaya. 13) "Gajah nguntal sangkrah", = pawon/ tungku api kayu. 14) "Kebo bule cancang merang", = Buntil/ Makanan khas Jawa yang dibungkus daun pepaya berisi parutan kelapa, ikan teri dan lain-lain. 15) "Lampu apa nek dipecah matu uwonge?", = Lampu toko sing lagi tutup/ lampu toko yang baru saja tutup. 16) "Ana tulisan arab, macane saka ngendi?", = Saka alas/ dari hutan. 17) "Tibane ngisor digoleki ndhuwur", = Gendheng bocor/ genteng bocor. 18) "Yen mlaku sikile loro, yen mandheg sikile patbelas", = Bakul sate dipikul/ Orang jualan sate dipikul; 8 kaki yang dipikul; 4 kaki dingklik; 2 kaki penjualnya. 19) "Bocah cilik nggendong omah", = Keong/ Siput. 20) "Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran", = ngundhuh krambil/ memetIk kelapa. 21) "Disuguh opak angin", = ora disuguhi apa-apa/ Tidak dijamu apa-apa. 22) "Anake gelungan ibune ngrembyang", = pakis. 23) "Wis gedhe kok ngguyu tawa", = nangis. 24) "Yeng ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak",= salak. 25) "Lawa lima, kalong telu dadi pira?", = Wolu/ delapan. 26) "Ngarep ireng, mburi ireng seng tengah methentheng", = Wong mikul areng/ orang memikul arang. 2
3. Cangkriman blenderan Cangkriman blenderan punika cangkriman ingkang mengku suraos srekalan, plesedan. Blender ateges plesed, glundhung. Contoh cangkriman blenderan; 1) "Wong ketiban duren bakal sugeh pari", = pari karepe paringisan amarga kelaran. 2) "Tulisane arab, macane saka ngendi?", = macan ya saka alas 3) "Saiki ula-ula ora ana sing mandi", = ula-ula balungan ing geger. 4) "Biru bisane dadi wungu dikapakake?", = Digebug. 5) "Wong dodol tempe ditaleni", = Sing ditaleni dudu wonge, nanging tempene. 6) "Wong dodol klapa dikepruki", = Sing dikepruki dudu wonge, nanging klapane. 7) "Gajah ngidak endhog ora pecah", = Sing ora pecah gajahe. 8) "Wong mati ditunggoni wong mesam-mesem", = Sing mesam-mesem dudu wong mati, nanging sek nunggoni. 4. Cangkriman tembang Cangkriman pepindhan sejatosipun awujud cangkriman pepindhan, nanging kagarap sarana tembang. Conto cangkriman tembang pocung; 1) "Bapak pocung, renteng-renteng kayu kalung,Dawa kaya ula, Pencokanmu wesi miring, Sing disaba, si pocung mung turut kutha. (tegese; sepur)" 2) "Bapak pocung, cangkemu marep mandhuwur,Sabane ing sendhang, pencokane lambung kering,Prapteng wisma si pocung mutah kuwaya. (tegese; klenthing)." 3) "Bapak pocung, dudu watu dudu gunung,Sangkamu ing Plembang, Ngon ingone sang Bupati,Yen lumampah si pocung lembehan grana. (tegese; gajah)." 4) "Namung tutuk, Lan netra kalih kadulu,Yen pinet kang karya, Sinuduk netrane kalih,Yeku sarat ira bangkit ngemah-ngemah. (tegese; gunting) 5) "Bapak pocung, amung sirah lawan gembung,padha dikunjara, mati sajroning ngaurip,mijil baka, si pocung dadi dahana. (tegese; penthol korek)" 6) "Bapak pocung rupane saenggo gunungTan ana kang tresna, kabeh uwong mesthi sengit, Yen kanggonan denlus-elus tinangis. (tegese; wudun)" 7) "Bapak pocung sasadulur ana pitu, Tan ana kang padha, mati enem urip siji, Dulur pitu tan nate urip barengan. (tegese; saptawara/ dinten)" 8) Conto Cangkriman Tembang Asmaradana; "Wonten ta dhapur sawiji, Tanpa sirah tanpa tenggak, Mung gatraning weteng bae, Miwah suku kalihira, Nging tanpa dlamakan, Kanthaning bokong kadulu, Rumaket ing para priya. (tegese; kathok)." 9) Conto Cangkriman Tembang Kinanthi; "Wonten putri luwih ayu, Tan ana ingkang tumandhing, Sariranira sang retna, Owah-owah saben ari, Yen rina kucem kang cahya, mung ratri mancur nelahi. (tegese; rembulan)." 3
Daftar Pustaka https://www.senibudayaku.com/2019/11/cangkriman.html tanggal 12 Januari 2023, pukul 14.00 WIB 4