The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dwiana499, 2022-12-14 04:58:57

2. BAHAN AJAR WAYANG

2. BAHAN AJAR WAYANG

BAHAN AJAR
CERITA WAYANG KUMBAKARNA GUGUR

INTINING PASINAON

A. Tegesipun Wayang
Wayang ingkang wonten ing nagari Indonesia menika kathah jinisipun, salah

satunggaling inggih menika wayang purwa. Kathah ingkang mastani wayang purwa
menika wayang kulit amargi dipundamel saking kulit/lulang. Ananging wayang ingkang
kadamel saking kulit menika maneka werna jinisipun. Wayang purwa ingkang
dipunkajengaken wonten mriki menika wayang ingkang mula bukanipun saking cariyos
Ramayana lan Mahabharata. Wayang menika satunggaling basa Indonesia (Jawa) asli
ingkang tegesipun wewayang utawi wewayangan. Tembung wayang asalipun saking
tembung wod (akar kata) ”yang” banjur dados wayang. Tembung wayang, hamayang ing
jaman semanten gadhah teges nontonaken wewayangan. Sansaya dangu dados tontonan
wayangan. Saksampunipun menika dados seni pentas wewayangan utawi wayang
(Mulyono wonten ing Sulaksono, 2019: 31)

Babon cariyos wayang menika miturut sujarahipun saking Negara India, inggih
menika saking cariyos Ramayana saha Mahabharata. Cariyos Ramayana ingkang basa
sansekertanipun Rāmâyaṇa saking tembung Rāma dalah Ayaṇa ingkang tegesipun
Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening Walmiki (Valmiki) utawi Balmiki.
Dene cariyos Mahabharata ingkang dipunanggit dening Begawan Byasa atau Vyasa, carios
menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa ingkang rebutan Negara Astina.
Ananging carios Ramayana saha Mahabharata menika rikala ing tlatah Jawa lajeng
kagubah malih dening para winasis, pramila menika wonten bedanipun antawisipun
cariyos Ramayana saha Mahabharata ingkang saking India kaliyan ingkang wonten ing
Jawa. Dene wayang piyambak miturut sumber ingkang wonten, minangka kabudaya asli
Jawa ingkang sampun wonten saderengipun cariyos Ramayana saha Mahabharata mlebet
ing Jawa.

Geser gumantining jaman sabanjuripun sumbering cariyos wayang boten namung
saking Mahabahrata saha Ramayana, ananging ugi wonten babon cariyos wayang
sanesipun kadosdene cariyos Panji, cariyos saking Timur tengah lsp. Bedaning babon
cariyos wayang menika amargi ngrembakaning donya pagelaran wayang. Pramila menika
jininsing wayang boten namung wayang walulang utawi golek nanging sansaya kathah.
Tuladhanipun wonten wayang beber, wayang kancil, wayang pothehi lsp.


Dipuntingali saking bahan ingkang dipunginakaken kangge damel wayang,
wayang kaperang dados pinten-pinten jinis, antawisipun inggih menika Wayang Beber,
Wayang Golek, Wayang Suket, Wayang Gethuk, Wayang Klithik, Wayang Kulit
B. Jinising Wayang

Gambar 1. Jenis-jenis wayang

a. Wayang Beber Inggih menika wayang ingkang
dipuntontonaken kanthi migunakaken
(https://sobara.wordpress.com/2018/10/04/wayan mori ingkang dipunsungging banjur
g-beber-warisan-budaya-indonesia-yang- dipunbeber, bilih sampun paripurna lejeng
terlupakan/) dipungulung malih. Wayang menika salah
satunggalipun nyariosaken lelakonipun
Jaka Kembang Kuning kaliyan Dewi
Sekartaji.

b. Wayang Purwa Inggih menika Wayang
1) Wayang thengul
ingkang kadamel saking
(https://www.konfrontasi.com/content/budaya/disbudpar-bojonegoro-gelar-
seminar-penetapan-tokoh-wayang-thengul) kajeng (kawangun

wong/boneka). Wayang

Thengul adatipun mendet

lakon (crita) Wayang

Menak (Amir Hamzah).


2) Wayang Purwa Gedhog Inggih menika Wayang ingkang
kadamel saking kulit (lulang).
(https://metrum.co.id/wayang-gedog-cerita-panji-dalam- Wayang Gedhog (Wasana)
pewayangan/) adatipun mendet lakon (crita)
Raden Panji Inu Kertapati lan
Dewi Sekartaji.

3) Wayang Kulit Purwa

Ringgit ingkang dipundamel
saking lulang (kulit kewan ternak
kadosdene Lembu, mahesa utawi
Mendha), nyriosaken lakon
Mahabharata saha Ramayana

(https://indonesia.go.id/kategori/keanekaragaman-
hayati/763/wayang-purwa-dari-batu-hingga-orang)

4) Wayang Golek Menak

Wayang Ménak inggih menika wayang
ingkang cariosipun adhedhasar lakon
ménak. Wayang ménak adatipun ngangge
wayang golèk (wayang golèk ménak),
nanging ugi wonten ingkang ngangge
wayang kulit. Sapérangan tiyang uga
mastani wayang thengul.

(https://www.senibudayaku.com/2020/02/jenis-
jenis-wayang.html)

5) Wayang Krucil/Klithik
Inggih menika Wayang ingkang kadamel
saking kulit (lulang) cilik-cilik (kawangun
tangane wudhar siji, tangan sijine malang
kerik). Wayang Krucil adatipun mendet
lakon (carios) Babad (kaya kethoprak)


(https://id.wikipedia.org/wiki/Wayang_krucil)

6) Wayang Kulit Betawi/Tambun

(https://old.sumber.com/jalan-jalan-kuliner/dki-jakarta/budaya-dki-jakarta/sumber/wayang-kulit-
betawi.html)

Wayang Betawi utawa wayang Tambun inggih menika wayang kulit khas
Betawi ingkang sumebar ing tlatah Jakarta, Tangerang, Bogor saha Bekasi.
Para ahli sejarah ngira bilih wontenipun wayang menika kawiwitan nalika
Sultan Agung nyerang Jakarta. Gamelan ingkang dipunginaaken kadosdene
wayang kulit Banyumas kadosdene gambang saha calung. Ing babagan
tembang, sabetan, saha lakon wayang kulit betawi kadosdene wayang golek
Sundha. Lelagon khas Betawi ugi saged mlebet kanthi sae. Lumrahipun
ngginaaken basa Betawi ingkang égalitèr, caturan ing antawisipun para
paraga wayang boten nganggo tatakrama kadosdene basa Jawa. Urut-
urutanipun jejer ugi saged dipunwolak-walik. Pagelaran saged dipunwiwiti
kanthi gara-gara. Ingkang dados ciri wancinipun inggih menika caturan ing
antaranipun dhalang kaliyan para pamirsa kadosdene ing lenong.

7) Wayang Wong

wayang ingkang dipunparagaken
kaliyan tiyang kanthi njoged sarta
dipungameli. Wayang Wong
adatipun mendet lakon carios
Ramayana saha Mahabharata

(https://blogkulo.com/wayang-wong-jawa/)

c. Wayang Madya

Inggih menika Wayang ingkang kadamel
saking kulit (lulang). Wayang Madya
adatipun kapendet saking lakon utawi
carios Mahabharata (mendet lakon
Parikesit saha turun-turunanipun,


kadosdene Yudayana, Gendrayana,
Sudarsana dumugi Jayabaya). Wayang
Madya nate kondang nalika jaman Kraton
Demak saha Pajang

(https://budaya-indonesia.org/Wayang-Madya)

d. Wayang Gedhog

Inggih mneika wayang ingkang
kadamel saking kejeng gepeng.
Wayang Klithik adatipun mendet
lakon utawa carios Damarwulan

(https://kamasetra.wordpress.com/2020/07/24/wayang-
gedog/)

e. Wayang Menak

Inggih mneika Wayang ingkang

kadamel saking kajeng

(kawangun tiyang/boneka).

Wayang Menak adatipun mendet

lakon utawa carios dakwah agama

Islam (mendet lakon Wong Agung

Jayengrana, Umarmaya saha

Umarmadi).

(https://blog.hadisukirno.co.id/wayang-menak/) Inggih menika wayang ingkang
kadamel saking kulit utawi lulang
f. Wayang Modern saha kawangun tiyang. Wayang
1) Wayang Wahana Wahana adatipun mendet lakon
utawa carios kahananipun gesang
(https://www.plengdut.com/2013/02/wayang- samenika.
moderen.html)

2) Wayang Kancil


Inggih menika Wayang ingkang
kadamel saking kulit utawi lulang.
Wayang Kancil adatipun mendet lakon
utawi carios kancil

(https://bbmnews.wordpress.com/2013/01/09/wayang-
kancil-buat-si-kecil/)

3) Wayang Wahyu

Inggih menika Wayang ingkang
kadamel saking kulit utawi lulang
saha kawangun tiyang. Wayang
Wahyu adatipun mendet lakon
utawi carios Pawartos Injil
(Piwulang Agama Kristen lan
Khatolik).

(https://www.kompasiana.com/www.godril.com/55
2fddcd6ea834ac568b4592/menengok-wayang-
wahyu-ngajab-rahayu-surakarta)

4) Wayang suluh (Pancasila) Inggih manika wayang

(https://sundabahasa.blogspot.com/2013/10/pengertian-wayang- ingkang kagawe saka
pancasila.html?m=1)
kulit atawi lulang saha

kawangun tiyang.

Wayang Suluh

adatipun mendet lakon

caritoas gesang saha

pagesangan tiyang ing

sabendintenipun

5) Wayang Dongeng Wayang dongeng menika
boten namung kangge lare
(https://infotegal.com/2014/dwiyanto-dalang-wayang-dongeng- alit, naging ugi para wiranem,
asal-tegal-selatan/) saha tiyang sepuh. Wayang
dongèng ing mriki
migunakakén paraga awujud
kéwan. Paraga kéwan ing
mriki dipunparingi jeneng


miturut jenising kéwan
kasebat

6) Wayang Potehi

Inggih menika Wayang ingkang
kadamel saking kajeng (kawangun
tiyang/boneka nanging wujudipun alit-
alit). Wayang Potehi adatipun mendet
lakon/ carios Babad Cina (Kraton Tar-
Tar)

(https://www.blorakab.go.id/index.php/public/berit
a/detail/1647/pertunjukan-wayang-potehi-pikat-
penonton-di-halaman-klenteng-hok-tik-bio-blora)

7) Wayang Jemblung Inggih menika Wayang ingkang

(https://www.antarafoto.com/mudik/v1342271713/festival- kadamel saking kajeng (kawangun
wayang-indonesia)
tiyang/boneka). Wayang

Jemblung adatipun mendet lakon

utawi carios Babad (kadosdene

kethoprak). Wayang Jemblung

sumebar wonten ing tlatah Pesisir

Ler Jawa (Blora, Cepu saha

Bonjonegara)

C. Piranti Ing Pagelaran Wayang Deskripsi
Piranti

Wayang Kulit Dipundamel saking lulang utawi kulit lembu utawi

mahesa namung wonten ingkang dipundamel saking

kulit mendh

Gamelan Piranti kangge ngiringi wayang

Debog Debog gedang ingkang kangge nancepaken wayang

(simpingan). Disimping utawi dijajar. Anggenipun


Kotak Wayang nancepake wayang wonten aturanipun pundi ingkang
kedah wonten sisih tengah dalang utawi sisih kiwa
Cempala dalang.
Kotak punika ukuranipun kirang langkung 1,5m X
Janget 2,5m. Ginanipun kangge wadah wayang. Wayang
Kelir ingkang dipun simping (dijajar) wonten iring kiwa
Blencong tengene dalang ugi ingkang bade dipun kangge mayang
dalang. Kejawi punika ugi kangge keprak saha
nyanthelaken kepyak. Kotak ugi dipunpanggenaken
caket kalih dalang sisih kiwa saha caket kaliyan kepyak.
Piranti ugi senjata tumrap dalang kangge marangi
sedaya perintah dateng wiraniyaga, wiraswara ugi
waranggana. Ujudipun arjitik kadyan meru saged
katabuhaken dateng kotak minangka keprak saha saged
ugi dateng kepyak.
Tali lulang kanggo nyencang kelir.

lawon/ mori putih kanggo nampani wayanganing
(bayangan) wayang lulang/ kulit.
menika diyan/ lampu kangge tedheng dianggem
madhangi wayang.

D. Pralambang Ing Pagelaran Wayang
a. Wayang mralambangaken manungsa
b. Kelir mralambangaken langit
c. Debog mralambangaken bumi
d. Blencong mralambangaken srengenge, bulan, lintang
e. Gamelan mralambangaken kebutuhane manungsa (sandhang, pangan saha papan)
f. Kothak mralambangaken sangkan paran
g. Gunungan mralambangaken urip
h. Cempala mralambangaken jantung
i. Kepyak mralambangaken lakuning getih

E. Cerita Wayang Ramayana
Sumber cariyos wayang purwa menika asalipun saking kitab Ramayana lan

Mahabarata. Wonten ing bahan ajar menika ingkang dipunandharaken menika cariyos

wayang Ramayana ingkang dipunanggit dening Mpu Walmiki. Cariyos Ramayana menika


kaperang dados pitu lajeng dipungubah mawi wujud syair kanthi gunggung 24.000 seloka.
Perangan cariyos Ramayana menika kawastanan kandha, dados saben perangan cariyos
menika kapungkasan mawi tembung kandha.

Perangan Cariyos Ramayana Bala Kandha
Ayodya Kandha
Aranya Kandha
Sundara Kandha
Kiskendha Kandha
Yudha Kandha
Uttara Kandha

1. Bala Kandha (Sayembara Manthili)
Nyariosaken babagan Prabu Dasarata ratu Kosala kanthi ibukota Ayodya.

Putranipun Prabu Dasarata minangka putra mahkota inggih menika Ragawa utawa
Rama. Amargi Ragawa dereng kagungan garwa banjur pikantuk dhawuh mupu
sayembara ing nagara Manthili. Sayembaranipun njunjung gandewa lan sinten ingkang
saged njunjung gandewa bakal dados jaturamanipun Dewi Sinta, putranipun Prabu
Janaka. Wusana Ragawa kasil njunjung gandewa lan dhaup kaliyan Sinta.
Sasampunipun palakrama, Sinta dipunboyong dhateng Ayodya.

2. Ayodya Kandha (Rama Tundhung)
Prabu Dasarata mireng Rama kasil mupu sayembara, enggal njumenengaken

Rama dados ratu. Ananging garwanipun Prabu Dasarata ingkang nomer tiga kanthi
asma Dewi Kekayi boten sarujuk lajeng ngemutaken bilih rumiyin kersa
dipundadosaken garwa kanthi panyuwun menawi gadhah putra kakung menika bakal
dados ratu. Kejawi menika Dewi Kekayi nyuwun supados Rama kedah jengkar saking
kraton Kosala. Mireng pangandikan Dewi Kekayi, Prabu Dasarata gerah banjur
mangkat. Minangka tandha bekti marang tiyang sepuh, Rama nindakaken dhawuh
bapakipun. Sasampunipun nyuwun pamit, Rama, Sinta lan Laksmana medal saking
kraton.


3. Aranya Kandha (Rama Gandrung)
Saksampunipun nilar kraton Rama, Sinta lan Laksmana mapan ing alas

Dandaka. Ing mriku Dewi Sinta manggihi kidang kencana. Dewi Sinta nyuwun supados
Rama saged nyekel kidang kasebut. Rama ngoyak banjur manah kidang kasebut,
dumadakan kidang kasebut dados Kala Marica. Amargi Rama boten kondur lan Sinta
mireng jeritan Rama, Dewi Sinta dhawuh marang Laksmana madosi Rama. Laksmana
nilar Sinta kanthi ndamel bunderan lan nyuwun supados Sinta boten medal saking
bunderan kasebut.

Boten dangu wonten pandhita sepuh nyerak dhateng Sinta. Dewi Sinta ingkang
badhe paring dhaharan marang pandhita, nalika nyaosaken dhaharan astanipun
dipuntarik dening pandhita satemah Sinta medal saking bunderan ingkang dipundamel
Laksmana. Pandhita badhar dados Dasamuka lan mbeta Sinta mabur dhateng Alengka.
Sinta njerit-njerit ngantos keprungu dening Garuda Jatayu ingkang ugi mitranipun
Prabu Dasarata. Dasamuka ngasoraken Jatayu kanthi njabuti wulu satemah boten saged
mabur. Rama lan Laksmana manggihaken Jatayu ingkang maringi pirsa bilih Sinta
dipunbeta dening Dasamuk, ratu raseksa ing Alengka.
4. Sundara Kandha (Anoman Dhuta)

Rama lan Laksmana mlampah ing satengahing alas madosi dununge kraton
Alengka. Ing satengahing dalan kepanggih kethek putih kang aran Anoman. Rama
ngutus Anoman dhateng Alengka kangge mesthekaken dunungipun Sinta. Kejawi
menika Rama ugi nitip ali-ali kangge Sinta. Saksampunipun kepanggih kaliyan Sinta
lan putranipun Gunawan Wibisana ingkang asmanipun Dewi Trijatha, Anoman enggal
kesah saking taman Arga Soka. Anoman damel geger lan dipuncekel dening Indrajid
lajeng dipunpatrapi ukuman obong. Nalika geni sampun murup lan ngobong badanipun
Anoman, Anoman tiwikrama dados ageng lajeng mbeta geni kangge mbakar kraton
Alengka. Sedaya kobong kejawi taman Arga Soka.
5. Kiskendha Kandha (Rama Tambak)

Saksampunipun pikantuk warta saking Anoman, kanthi pambiyantu Sugriwa,
Rama sigra nglurug dhateng Alengka. Rama bingung amargi kedah nyabrang segara.
Rama nancepaken jemparing sekti wonten ing segara, Sang Hyang Baruna ingkang
dados panguwasa samodra manggihi Rama lan paring pamanggih supados Rama
mbendhung utawi gawe tambak ingkang mangke bakal dipunginakaken minangka
dalan tumuju ing Alengka. Dipunbiyantu dening para wanara Rama saged nambak
segara.


6. Yudha Kandha (Brubuh Alengka)
Saksampunipun dugi ing Alengka banjur perang ageng. Perang antawisipun

wadya balanipun Rama ingkang awujud wanara lan wadya balanipun Dasamuka
ingkang wujud raseksa. Patih Prahasta, Indrajid, Sarpakenaka, Kumbakarna, Aswani
Kumba lan Kumba-kumba gugur sedaya. Dasamuka boten saged mati amargi gadhah
aji Pancasona, wusananipun badanipun Dasamuka namung diurug gunung dening
Anoman. Saksampunipun perang kapungkasan, Sinta kepanggih kaliyan Rama
ananging Sinta kedah mbuktekaken menawi tasih suci kanthi mlebet ing geni. Amargi
tasih suci Sinta saged medal saking geni kanthi rahayu.
7. Uttara Kandha

Sasampunipun perang kapungkasan, Sinta dipunboyong kondur menyang Rama.
Ananging amargi mireng swaraning bakul sinambi wara, Rama kirang pitados kaliyan
kasuciyan Sinta. Pungkasan Sinta dipuntundhung dening Rama. Sinta menika nembe
mbobot lan saksampunipun babaran pikantuk putra kembar kanthi asma Lawa lan
Kausya.

F. Cariyos Wayang Ramayana Lakon Kumbakarna Gugur
KUMBAKARNA GUGUR

Kacarita, Dewi Sukesi nganakaké sayembara sing sapa bisa ngudhar Sastra
Jendra Hayuningrat, yèn wadon bakal dadi sedulur sinarawèdine, yèn ta putra dadi
garwané. Resi Wisrawa saguh lan kasil mbabaraké Sastra Jendra Hayuningrat
marang Dewi Sukesi. Bab mau ndadèkaké gègèring kayangan kadewatan, amarga
sastra mau klebu laranganing dewa. Bathara Guru lan Dewi Uma banjur mudhun
manjing anèng badané Wisrawa lan Sukesi, mula dadi kontak asmara kang ora
samesthiné kalakon. Sukesi ngandhut banjur nglairaké Rahwana, Kumbakarna,
Sarpakenaka, lan Wibisana minangka pralambang nepsuné Wisrawa lan Sukesi.


Ngerti kedadeyan mau, Arya Jambumangli minangka senopati perang andelane
Kraton Alengka kang satemené tresna marang Sukesi dadi duka. Satemah dadi
perang tandhing antarane Wisrawa mungsuh Jambumangli. Jambumangli kasor,
ditugel-tugel dening Wisrawa. Sadurungé mati, Jambumangli nyupata yèn ta bésuk
bakal kalakon salah sijining putra Wisrawa bakal nemahi lelakon kang padha.
Putrane Wisrawa kang bakal nemahi lelakon ngono mau ora liya ya Kumbakarna.

Raden Kumbakarna iku sawijining danawa kang nduwé watek satriya, jujur,
seneng marang bebener, lan panggah mbélani negarané. Raden Kumbakarna mapan
anèng Kasatriyan Panglebur Gangsa. Kumbakarna oleh jodho widadari Dewi
Kiswani lan peputra kembar wujud raseksa aran Kumba Kinumba lan Aswani
Kumba. Nalika Alengka diserang déning para wanara sekutuné Sri Rama,
Kumbakarna matur marang Dasamuka supaya Sinta dibalèkaké marang Rama,
sebab perkara mau bisa ndadèkaké Alengka rubuh. Krungu aturé Kumbakarna,
Dasamuka banjur duka lan prasapa bakal mbelani Sinta nganti tekaning pati.
Kumbakarna ditundhung lunga saka Alengka.

Kumbakarna banjur tapa turu, ora pengin weruh negara Alengka lemah
klairané rubuh merga perkara wanodya. Nalika perang gedhèn kedadèn, Dasamuka
ngutus Indrajit supaya nggugah tapané Kumbakarna lan njaluk supaya Kumbakarna
dadi senopati perang mungsuh Sri Rama. Indrajit kasil nggugah Kumbakarna
nanging Kumbakarna ora gelem mèlu perang, nyalahaké Rahwana kang tegel
ngorbanaké rakyat Alengka kanggo kepentingané dhéwé, ing atasé ratu gung
binathara kok ngrampas garwané wong liya. Kanggo gawé nesuné Kumbakarna,
Indrajit matur yèn putrané sakloron Kumba Kinumba lan Aswani Kumba diperjaya
dening Sri Rama. Krungu ature Indrajit, Kumbakarna duka yayah sinipi lan prasapa
bakal mbélani negara lemah klairané saka serangan mungsuh. Kumbakarna maju ing
palagan perang lan ndadèkaké bala kethèk padha mlayu amarga Narpati Sugriwa
dhéwé minangka senopatining perang ora kuwawa ngadhepi Kumbakarna.

Gunawan Wibisana kang ora sarujuk marang panemuné Dasamuka uga metu
saka krajan Alengka lan gabung dadi siji kaliyan Sri Rama. Wibisana matur yèn ta
Kumbakarna bakal kasor kalamun Sri Rama lan Leksmana. Kumbakarna kena panah
Gunawijaya Sri Rama kang wola-wali mutung tangane banjur siskile satemah kari
sirah lan gembung. Ewa semana ora luntur tekade Kumbakarna gawe pepati seakeh-
akehe. Dumadakan sanjatane Prabu Rama panah Gunawijaya, ngrampungi krodhane


Kumbakarna. Kanthi mangkono apa kang dadi supatané Jambumangli bakal
katekan. Kumbakarna gugur ndhepani bumi Alengka, minangka pahlawan kang
setya béla nusa bangsané.

PANUTUP

A. Rangkuman
Wayang menika satunggaling basa Indonesia (Jawa) asli ingkang tegesipun

wewayang utawi wewayangan. Tembung wayang asalipun saking tembung wod (akar
kata) ”yang” banjur dados wayang. Babon cariyos wayang menika miturut sujarahipun
saking Negara India, inggih menika saking cariyos Ramayana saha Mahabharata. Cariyos
Ramayana ingkang basa sansekertanipun Rāmâyaṇa saking tembung Rāma dalah Ayaṇa
ingkang tegesipun Lampahing Rama. Carios menika dipunanggit dening Walmiki
(Valmiki) utawi Balmiki. Dene cariyos Mahabharata ingkang dipunanggit dening
Begawan Byasa atau Vyasa, carios menika wosipun ngengingi Pandawa saha Kurawa
ingkang rebutan Negara Astina.

Miturut jenisipun wayang menika wonten wayang beber, wayang purwa, wayang
madya, wayang gedhog, wayang menak lan ugi wayang modern. Piranti ingkang
dipunginakaken wonten ing satunggaling pagelaran wayang inggih menika : wayang kulit,
debog, kotak wayang, gamelan, kelir, janget, blencong, lan cempala. Sedaya piranti
pagelaran wayang menika minangka pralambang pagesangan manungsa lan saiisinipun
wonten ing ngalam donya menika.

Salah satunggaling sumber cariyos wayang inggih menika wayang Ramayana
ingkang dipunanggit dening Empu Walmiki. Cariyos Ramayana menika kaperang dados
7 kandha (perangan cariyos wonten ing wayang Ramayana) inggih menika Bala Kandha,
Ayodya Kandha, Aranya Kandha, Sundara Kandha, Kiskendha Kandha, Yudha Kandha
lan Uttara Kandha.


DAFTAR PUSTAKA

Damarjati, Triwik. 2015. WIBAWA (Wiyata Basa Jawa) Kelas X. Yogyakarta: Dinas
Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta.

Dwiyanto, Djoko, dkk. (2009). Ensiklopedi Wayang Dilengkapi Dengan Gambar.
Yogyakarta: Ragam Media

https://jelajahnusantara.co/art-n-cultur/asal-usul-dan-sejarah-singkat-wayang-kulit/
Sulaksono, Djoko. (2019). Pendalaman Materi Bahasa Jawa Modul 6 Seni Pentas
Jawa. Surakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan.
https://jurnal.isbi.ac.id/index.php/pantun/article/download/754/455


Click to View FlipBook Version