Materi Ajar Basa Jawa
Crita Way
ang
Mahabharata
(Bima Bungkus)
Kelas X
Semester 2
SMA/SMK/MA
Dening
Tri Indah Lestari
Carita Wayang Bima
Bungkus
A. Kompetensi Dasar
3.2 Memahami isi teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)
4.2 Menulis sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)
dan menyajikannya
B. Indikator
3.2.1 Menganalisis unsur-unsur pembangun dalam teks wayang
Bima Bungkus
3.2.2 Menentukan nilai-nilai yang terkandung dalam cerita
wayang Bima Bungkus
3.2.3 Menafsirkan amanat teks wayang Bima Bungkus
hubungannya dengan karakter masyarakat sekarang
4.2.1 Menulis sinopsis teks cerita Mahabharata (Bima
Bungkus) dengan struktur dan ejaan yang tepat.
4.2.2 menyajikan secara lisan sinopsis teks cerita Mahabharata
(Bima Bungkus) dengan lafal, intonasi, diksi dan ekspresi yang
sesuai.
C. Ancas Pasinaon
1. Sawise nyinau materi iki siswa bisa mangerteni unsur-unsur
ing teks wayang Bima Bungkus.
2.Sawise maca teks wacan carita wayang Bima Bungkus, siswa
bisa nemtukake niai-niai ing cerita wayang Bima Bungkus.
3.Sawise maca teks wacan carita Wayang Bima Bungkus, siswa
bisa nafsirake amanat teks wayang Bima Bungkus.
4.Sawise maca teks wacan carita wayang Bima Bungkus, siswa
bisa nulis sinopsis.
5.Sawise maca teks wacan carita wayang Bima Bungkus, siswa
bisa nyritakake cerita Mahabharata (Bima Bungkus).
D. Pandom Pasinaon
1.Wacanen materi isi teks cerita Mahabharata (Bima Bungkus)
kanthi permati.
2.Wangsulana gladhen kanthi trep.
MATERI AJAR
Apa kuwi
wayang?
Wayang iku salah sawijining wujud seni pertunjukan kang
lakon caritane saka Ramayana, Mahabharata, utawa Serat
Menak. Sing akeh menawa diweruhi ana ing Puo Jawa an Bai.
Seni petunjukan wayang diiringi gamelan. Wayang wis diakui
dening UNESCO yaiku karya cipta kang edah an
nyengsemake saka ceritane, wayangane, an dadi warisan
kang banget agunge. Pengesahane tangga 7 November 2003.
Ing antarane jinising wayang kaya ing ngisor iki.
a. Wayang Purwa
Wayang purwauga kasebut wayang kuit amarga digawe
saka kuit lembu.sumbering carita saka Ramayana an
Mahabharata kanthi basa Jawa kuna ana ing jaman Raja
Jayabaya. Empu Panuuh, Empu Kanwa yaitu pujangga
kang misuwur ing jaman iku. Sunan Kaijaga saah
satunggaling Wali Sanga (Demak, abad XV) yaiku wong
kang nyipta wayang saka kulit lembu. Dhalang kang
misuwur wayang, anatarane Ki Nartosabdo, Ki Mantep
Sudarsono, Ki Anom Suroto, lan Ki Timbul Hadiprayitno.
b. Wayang Golek
Wayang golek uga diarani wayang tengul. Wayang iki
digawe saka kayu lan diklambeni kaya dene manungsa.
Sumbering carita kajupuk saka sejarah, kayata crita
Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten lan
Trunajaya. Crita wayang iki uga isa kajupuk saka dongeng
Arab. Ciri khase pentas wayang golek, yaiku ora nganggo
kelir utawa layar kayata wayang kulit.
c. Wayang Krucil
Wayang krucil utawa wayang klitik, yaiku wayang
kang digawe saka kayu, kang wujude padha karo
wayang kulit. Wayang iki nduweni ciri khas yaiku
menawa ditanggap ora nganggo gedhebog
tancepan nanging nganggo kayu kang wis
dibolongi. Crita kang kerep ditanggapake yaiku
Damarwulan lan Majapahit.
d. Wayang Beber
Wayang beber yaiku wayang kang digawe saka kain
utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran).
Saben beberan ngambarake seadegan crita. Yen wis
rampung dilakonke, beberane digulung meneh.
Wayang iki digawe jaman Kerajaan Majapahit. Wayang
iki asale saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki
digawe kanthi kuwat ing rong bab dimensine kanthi
seni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nguri-uri
wayang iki, yaiku Musyafik kanthi gawe wayang beber
kang narasine paraga-paraga wayang, Suhartono
kanthi luwih nyiptakake figure wayang kang corake
dekoratif lan ornamentik, sarta Agus Nuryanto gawe
wayang beber kanthi saka wujud wayang purwa
banjur diabstraksi saka realitas uripe manungsa ing
saben dinane.
e. Wayang Gedog
Wayang iki wujude padha karo wayang kulit. Kang
digawe kurang luwih taun 1400-an. Sumbering carita
saka carita raja ing Jawa antarane Banten, Singasari,
Mataram, lan Kediri. Saiki wayang iki among bias
ditemokake ana museum.
f. Wayang Suluh
Wayang suluh kalebu wayang modern, kang digawe
saka kulit nanging wujude manungsa jaman saiki,
sandhanagane kayata nganggo rok, clana, klambi, lan
sapanunggalane. Wayang iki nduweni tujuwan
pencerah masarakat. Sumbering crita yaiku
perjuangan rakyat Indonesia merangi penjajah.
g. Wayang Wong
Wayang wong yaiku wayang kang diperagake wong
kang ana gerakan tarine.sumbering acrita saka
Ramayana lan Mahabharata. Paguyuban kang
misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngesthi
Pandawa (Semarang)lan Sriwedari (Surakarta).
Unsur Pambangun Crita
a. Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur sing mbangun karya sastra saka
jero.
1. Tema
Tema yaiku sawijining crita kang bias makili isining
crita (pujering crita).
2. Alur
Alur yaiku urutaning prastawa kang kedadeyan ing
sajroning crita.jenise alur ana telu :
1. Alur maju
2. Alur mundur
3. Alur campuran
3. Watak wantune paraga
Watak wantune paraga (penokohan)yaiku karakter utawa
watak wantune kang disuweni dening saben paraga. Cara
kanggo nemtokake watak wantune aparaga bias dideleng
saka ing ngisor iki.
a) Apa sing ditindakake paraga.
b) Pocapan-pocapane paraga.
c) Panggambaran fisik paraga dening pangripta.
d) Katrangan langsung saka paraga liya.
Jinis-jinise paraga kaya mangkene:
a) araga utama (dadi punjering carita).
b) Paraga sampingan (dadi panyengkuyung carita).
c) Paraga protagonist (paraga kang asipat apik).
d) Paraga antagonis (paraga kang asipat ala).
4. Busananing basa
Cara sawijining pangripta anggone milih tema, prekara, lan
nintingi prekara kang dicritakake sajroning crita.
5.Pamawase pangripta
Sudut pandangan kang dijupuk saka pangripta kanggo
ndeleng sawijining kedadeyan sajroning crita.
6. Latar
Katrangan kang nuduhake panggonan, wayah lan swasana
sajroning crita.
7. Amanat
Yaiku pitutur kang bias dijupuk pamaca sajroning carita
kasebut.
b. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crita saka
sanjabane crita. Kang mangaribawani (memengaruhi) dianggite
sawijining crita saka unsur unsur ekstrinsike iku kayata ngenani
kondisi budaya, sosial, ekonomi, nilai-nilai kang ana ing
masyarakat. Kang biyasane ana sajrone crita yaiku unsur
biografi, unsur sosial lan unsur nilai.
Kepriye Carane
Gawe Sinopsis?
Sinopsis yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi
tetep migatekake unsur-unsur intrinsike crita iku. Lumrahe
sinopsis kurang saka telung atus tembung. Kaya mangkene
carane gawe sinopsis.
a. Maca nasakah asli kanggo nggolek gagasan umume panulis.
b. Nyatet gagasan utama kang penting.
c. Ngrantam maneh gagasan utama dadi paragraf.
d. Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane.
e. Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.
Supaya luwih paham meneh ngenani, pengerten, jenis-jenise,
unsur intrinsik lan unsur ekstrinsike wayang bias diselok lan
dirungokake video saka tautan link ing ngisor iki.
https://youtu.be/hy73R_xnXMg
sawise mangerteni pengerten wayang, jinis-jinise wayang, unsur
pembangun carita wayang lan cara gawe sinopsis teks carita
wayang. Saiki wacanen teks carita wayang Mahabharata ing
ngisor iki!
Bima Bungkus
Ing Negara Ngastina wonten ratu ingkang asmanipun Prabu
Prabu Pandu Dewanata. Sang Prabu kagungan garwa ingkang
asma Dewi Kunthi. Putrane ingkang angka kalih lair awujud
bungkus. Awake kabungkus selaput tipis mboten saged disuwek
ngagem gaman punapa mawon, ndadosaken Prabu lan Dewi
Kunthi sedhih. Banjur Prabu Pandu nyuwun tulung marang
kurawa supados saged mecah bungkus wau. Para kurawa
kepingin mecah bungkus menika, amargi yen bungkuse sampun
pecah para kurawa badhe mejahi bayi menika. Nanging bayi
bungkus menika mboten saged pecah dangune 8 tahun dumugi
adine lair ingkang dijenengi Permadi.
Bareng Permadi sampun dewasa. Permadi sowan dhateng
begawan Abiyasa. Begawan Abiyasa maringi dhawuh supaya
bayibungkus menika dibucal wonten ing wana Mandalarasa.
Nganti wana dadi rata. Ndadekake sak isine wana geger. Para jin
sing ana ing wana kasebut krasa keganggu, mula Batari Durga
ratu jin kaliyan Batara Guru, rajane dewa, Batara Bayu, Batari
Durga lan Gajah Sena, gajah tunggangane Batara Indra lan Batara
Narada mudun kanggo mecahke bungkuse bayi kasebut. Batara
ngutus Gajah Sena mecah bungkus menika.
Nalika pecah, Batari Durga mlebu ana bungkus menehi klambi
kanggo bayi mau, klambi kui “Poleng Bang Bintulu” (kathah
kepanggih wonten ing pulau Dewata Bali minangka busanane
patung-patung sing dianggep sakral). Boten namung klambi, uga
ana gelang Candrakirana, kalung Nagabanda, Pupuk Jarot Asem,
Sumping Surengpati (Mahkota) lan Kuku Pancanaka. Banjur Gajah
Sena nyoba mecah bungkus bayi kasebut, Gajah Sena nabrak,
uga neruduk nganggo gadinge nanging bayi kui mau malah
ngelawan, metu saka bungkuse. Gajah Sena ditendhang langsung
mati. Bima digawa Batara Bayu tekan Begawan Sapwani,
dijenengi Bima.
Bayi kasebut uga dijenengi Jayadrata utawa Tirtanata. Jeneng
liyane Bratasena, Werkudara tegese weteng srigala, Bima,
Gandawastratmaja, Dwijasena, Aryasena awit manunggal karo
Gajah Sena, Wijasena, Dandum Wacana awit manunggal karo raja
Jodipatin adina Prabu Yudhistira, Jayadilaga, Kusumayuda,
Kusumadilaga sing tegese menang ana paprangan menang.
Aryabrata awit tahan rekasa, wayunendra, Wayu Ananda,
Bayuputra, Bayusuta, Bayusiwi awit putrane Batara Bayu, Bondan
Peksajandu, tegese kebal racun lan Bungkus timbalan katresnan
Prabu Kresna marang Bima.
Bima nduweni sedulur Tunggal Bayu yaiku Anoman, Gunung
Maenaka, Garuda Mahambira, Naga Kurawa, Liman/ Gajah
Setubanda, Kapiwara, Yaksendra, Yayahwreka lan Pulasiya. Bima
awake gagah perkasa, watake wani, teges, teguh imane. Bima
meguru karo Resi Drona babagan olah batin lan kaprajuritan.
Banjur uga meguru karo Begawan Kepra lan Prabu Baladewa
babagan migunakake Gandha.
Gladhen
Kegiyatan 1
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener!
1.Ana pira unsur pambangun crita iku? Sebutna!
2.Para paraga ing sajroning crita ana kang kalebu protagonist
lan antagonis katitik saka watak wantune paraga ing crita.
Miturut panemumu, kepriye cara nemtokake watak wantune
paraga?
3.Kepriye wujude wayang gedog lan kapan wiwit digawe?
4.Apa kang komangerteni babagan watak wantune paraga?
5.Kepriye ciri khase wayang golek nalika pentas?
Kegiyatan 2
1.Saka teks carita Bima Bungkus ing dhuwur. Rembugen
wonten ing kelompokmu tetembungan ingkang angel,
saged maos utawi madosi tegesipun wonten kamus!
2.Sumangga dipunserat wosing cariyos teks carita
Wayang Bima Bungkus ing dhuwur!
3.Sumangga dipunserat tetembungan ingkang angel ing
sajroning teks carita Wayang Bima Bungkus!
Penilaian
A. Penilaian Pengetahuan
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi bener lan trep!
Unsur-unsur intrinsik kang ana ing sajroning crita wayang Bima
Bungkus!
1. Saka teks carita Bima Bungkus ing dhuwur. Wedharna
paraga lan watak saka teks crita wayang Bima Bungkus!
Paraga Watak
2. Jlentrehna latar saka crita wayang Bima Bungkus!
a. Waktu kedadean
b. Swasana
c. Papan panggonan
3. Wedharna pitutur luhur kang ana ing sakjroning crita wayang
Bima Bungkus!
4. Gayutana pitutur luhur kang ana ing sakjroning crita wayang
Bima Bungkus kaliyan
kahanan jaman saiki!
Pedoman Penskoran
1. No 1 nilai diberi dengan penjabaran setiap sebagai berikut:
Indikator Penskoran Skor
Paraga lan watak tersampaikan dengan sangat tepat, lengkap, dan benar 4
Paraga lan watak tersampaikan dengan tepat, lengkap, dan benar 3
Paraga lan watak tersampaikan dengan cukup tepat, lengkap, dan benar 2
1
Paraga lan watak tersampaikan dengan kurang tepat, lengkap, dan benar
2. Soal no 2 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:
Indikator Penskoran Skor
Menjelaskan latar dengan sangat lengkap tepat dan benar 4
3
Menjelaskan latar dengan lengkap tepat dan cukup benar 2
Menjelaskan latar dengan lengkap cukup tepat dan cukup benar 1
Menjelaskan latar dengan kurang lengkap tepat dan cukup benar
3. Soal no 3 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:
Indikator Penskoran Skor
4
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, diberikan kutipan
yang mendukung, diksi yang digunakan tepat, struktur kalimat sesuai dengan 3
kaidah kebahasaan 2
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, tidak disertakan 1
kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan tepat, struktur kalimat sesuai
dengan kaidah kebahasaan.
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, tidak disertakan
kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan kurang tepat, struktur
kalimat sesuai dengan kaidah kebahasaan.
Dapat menemukan pitutur luhur yang terdapat dalam crita, tidak disertakan
kutipan yang mendukung, diksi yang digunakan kurang tepat, struktur
kalimat tidak sesuai dengan kaidah kebahasaan
4. Soal no 4 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:
Indikator penskoran Skor
4
Dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita dengan kehidupan
sehari-hari, disertakan contoh yang mendukung, diksi yang digunakan tepat, struktur 3
kalimat sesuai dengan kaidah kebahasaan.
Dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita dengan kehidupan
sehari-hari, tidak disertakan contoh yang mendukung, diksi yang digunakan tepat,
struktur kalimat sesuai dengan kaidah kebahasaan
Kurang dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita dengan 2
kehidupan sehari-hari, tidak disertakan contoh yang mendukung, diksi yang digunakan 1
kurang tepat, struktur kalimat sesuai dengan kaidah kebahasaan.
Kurang dapat menjelaskan kaitan pitutur luhur yang terdapat dalam crita dengan
kehidupan sehari-hari, tidak disertakan contoh yang mendukung, diksi yang digunakan
kurang tepat, struktur kalimat kurang sesuai dengan kaidah kebahasaan.
Nilai Akhir :
Jumlah skor x 100
Skor maksimal
B. Penilaian Keterampilan
Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
1.Sasampunipun waos crita Wayang Bima Bungkus, sumangga
damel cengkorongan
2.teks carita Mahabharata Bima Bungkus!Sumangga
cengkorongan crita Mahabharata Bima Bungkus
dipunkembangaken dados sinopsis!
3.Sumangga asiling sinopsis teks carita Wayang Mahabharata
Bima Bungkus dipuncariyosaken ing ngarep kelas!
Pedoman Penskoran
1. Soal no 1 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:
Pedoman Penskoran Skor
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi
yang digunakan tepat 4
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi yang 3
digunakan kurang tepat
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi 2
yang digunakan kurang tepat 1
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat kurang tepat,
diksi yang digunakan kurang tepat.
2. Soal no 2 nilai diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut:
Indikator Penskoran Skor
4
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi
yang digunakan tepat 3
2
Pokok-pokok pikiran urut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi yang
digunakan kurang tepat 1
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat tepat, diksi
yang digunakan kurang tepat
Pokok-pokok pikiran kurang runrut, kalimat logis, struktur kalimat kurang
tepat, diksi yang digunakan kurang tepat.
3. Soal no 3 diberikan dengan penjabaran setiap sebagai berikut :
No Nama Indikator Penskoran Jumlah
skor
Lafal Intonasi Jeda Diksi Tampilan
Keterangan: Sangat baik dan tidak ada kekurangan
Baik, terdapat sedikit kekurangan
Skor 4
Skor 3 Cukup dan terdapat cukup bayak kekurangan
Skor 2 kurang dan sangat banyak kekurangan
Skor 1
Nilai Akhir :
Jumlah skor x 100
Skor maksimal
Refleksi
Sabanjure maca materi ing dhuwur, apa kang drung
dimangerteni saka materi ing dhuwur?
Apa wae unsur intrinsik sajrone carita wayang Bima
Bungkus lan kepriye carane gawe sinopsis?
Ringkesan
Wayang iku salah sawijining wujud seni pertunjukan kang lakon
caritane saka Ramayana, Mahabharata, utawa Serat Menak. Seni
petunjukan wayang diiringi gamelan.jinis-jinise wayang ing
Indonesia akeh banget, salah sawijine wayang purwa, wayang
golek, wayang krucil, wayang beber, wayang gedog, lan wayang
wong. Saben crita mesthi duweni unsurunsur-unsur
pambangune. Ing teks carita wayang iki kang kalebu saka jerone
carita yaiku : tema. Alur, watak wantune paraga, gaya basa, sudut
pandang pangripta, latar, lan amanat. Yen unsur ekstrinsik yaiku
unsur-unsur kang ana ing sanjabane carita yaiku unsur biografi,
unsur sosial lan unsur nilai.
Sinopsis yaiku salah sawijining wujud nyekakake crita kanthi tetep
migatekake unsur-unsur intrinsike crita iku. Lumrahe sinopsis
kurang saka telung atus tembung. Kaya mangkene carane gawe
sinopsis. Maca nasakah asli kanggo nggolek gagasan umume
panulis, nyatet gagasan utama kang penting, ngrantam maneh
gagasan utama dadi paragraf, dialog lan monolog cukup ditulis isi
utawa garis utamane,sinopsis ora kena owah saka lakune crita
asli.
Kapustakan
Gandung Widaryanto dkk.2014. Prigel Basa Jawa kanggo
SMA/SMK/MA KelasXI. Jakarta: Erlangga (kaca 86-95).
Nugroho, Dwi Catur dan Slamet Mulyono. 2015. Trampil Basa :
Ndhidhik Karakter Luhur Kanggo SMA/SMK/MA Kelas X.
Surakarta: Mediatama (kaca 81-92).
Sulistyanto. 2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Surakarta:
Cendrawasih.
Suwardi. 2009. 30 Metode Pembelajaran Bahasa dan Sastra Jawa.
Yogyakarta: Lumbung
Ilmu.