Buku Panduan Belajar Bahasa Jawa
Cerita Pewayangan Mahabarata
BIMA
BUNGKUS
SMA/SMA/MA
KELAS X/2
OLEH ERLIYANA RISHANTI
Satuan pendidikan : Sekolah Menengah Atas
Kelas/Semester : X/Genap
Kompetensi Dasar : 3.2
Materi : Cerita Pewayangan
Alokasi Waktu : 2 x 45 menit
Kompetensi Inti
Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada
bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk
memecahkan masalah.
Kompetensi Dasar
Memahami isi teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus)
Indikator
Peserta didik mampu menemukan isi teks cerita Mahabarata (Bima
Bungkus)
Peserta didik mampu menentukan unsur-unsur instrinsik dalam teks
cerita Mahabarata (Bima Bungkus)
Peserta didik mampu menganalisis nilai-nilai luhur yang terkandung
dalam teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus)
Peserta didik mampu mengkaitkan nilai-nilai luhur dalam teks cerita
Mahabarata (Bima Bungkus) dengan kondisi masyarakan saat ini
Tujuan Pembelajaran
Setelah menemukan isi, menentukan unsur intrinsik dan menganalisis
nilai-nilai luhur pada teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus) peserta
didik dapat menjelaskan mengenai isi kandungan dan struktur pada
teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus) dengan tepat dan benar.
Peserta didik dapat mengambil pesan moral dan mengaitkan nilai
luhur dalam teks cerita Mahabarata (Bima Bungkus) dengan kondisi
masyarakan saat ini dengan baik.
Petunjuk Belajar
1.Berdoalah sebelum memulai belajar.
2.Bacalah KD, Indikator, dan tujuan pembelajaran
pada materi ini.
3.Baca dan pahami mengenai materi pada buku ini
dan berilah tanda atau garis bawah jika ada hal
yang penting.
4.Setelah memahami materi tersebut coba kerjakan
latihan soal pada modul.
5.Jika merasa kesulitan silahkan bertanya kepada
gurumu.
Pangerten Wayang
Wayang yaiku seni tradisional kang asale saka Indonesia sing
ngrembaka ana tlathah Jawa nganti Bali. Miturut KKBI (Kamus Besar
Bahasa Indonesia) wayang kulit yaiku boneka mirip pawongan sing
digawe saka pahatan kulit utawa kayu lan sapiturute sing bisa
digawe meragakake paraga sajrone pentas tradhisional. Wayang
uga bisa diarani pentas tradhisional kang dicritakake dhalang lan
ana alat musik gamelan kanggo ngiringi. Cerita wayang ana loro
jinise yaiku cerita wayang Jawa lan cerita Wayang India. Antarane
cerita wayang kaloro kasebut duweni pambeda saben crita senajan
jenenge paraga padha.
Jinis-Jinise Wayang
1.Wayang Golek
Wayang golek yaiku wayang sing asale saka kayu lan awujud 3
dimensi. jeneng golek asale saka basa Jawa yaiku goleki. mkasud
saka teges wayang kasebut yaiku duweni pangajeg-ajeg sawise
nonton wayang para panonton bisa goleki inti saka crita waayang
kasebut.
2.Wayang Kulit
Wayang kulit yaiku asale saka kulit kebo utawa sapi. carane gawe
yaik kulit digaringne disik sadurunge diukir.
3.Wayang Beber
Wayang beber digawe saka lembaran kain (beberan) ana lembaran
kain kasebut ana lukisan uawa gambar adegan sajrone pertunjukan
pewayangan. Wayang beber dipentasne kanthi cara bentangne kain
embaran siji siji manut karo urutane crita.
4.Wayang Klitik
Wayang klitik asale saka kayu sing bedani saka wayang golek yaiku
kandele yen wayang klitik luwih tipis lan entheng. Wayang klitik asale
saka gesekan kayu sing ana swarane "kliik-klitik".
Unsur Pambangun Carita
Sajrone carita meshti ana unsur-unsur kang ana teks, babagan
kasebut bisa ana supaya teks carita ana kaendahane banjur para
pamaca bisa nganalisis isi teks crita kasebut. Banjur apa wae unsur-
unsur sajrone teks carita?. Coba gatekna ing ngisor iki!
Unsur Intrinsik
Tema
Tema yaiku masalah kan dadi pokok pangomongan utawa inti
topik saka teks kasebut sing mmo kedadeyan sajrone carita.
Alur
Alur yaiku urutane kedadyan sajrone crita, bisa alur maju,
mundhur utawa campuran.
Latar
Latar yaiku panggen kedadeyan crita. Latar kaperang dadi telu
yaiku latar weksu, panggenan, swasana.
Paraga
Paraga yaiku pawongan kang ana sajrone carita sing duweni
karakter dhewe-dhewe yaiku antagonis, protagonis, tritagonis lan
paraga pembantu.
Pamaragan
Pamaragan yaiku karaktere saben paraga.
Sudhut Pandhang
Sundhut pandhang yaiku arah padhang sing dijupuk pangripta
kayata sudhut padhang wong kapisan utawa sudhut pandhang
wong katelu.
Amanat
Pesen kang bisa dijupuk saka isine carita.
Unsur Ekstrinsik
Unsur eksrinsik yaiku unsur kang ngandharake latar kahanan
saka pangripta nyiptakake karya sastra kasebut. unsur ekstrinsik isa
uga diarai unsur pambangun sajabane carita sing ngandhut babagan
kahanane sosial, budaya, ekonomi lan sapiturue.
Sajrone pentas wayang akeh manekawernane crita utawa lakon
sing digawe salah sawijine lakon Mahabharata (Bima Bungkus). Coba
wacanen lan gatekna crita wayang ing ngisor iki, banjur garapen soal
kang ana ngisore!
Bima Bungkus
Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti
jalaran lahire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan
ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa
uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung
lelamisan, bakune arsa nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa
sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan
Raden Permadi kang kaderekaken repat punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus,
sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang
sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng
Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi
sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe
nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal
dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu
jati…”
Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra sang
batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga
dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi
Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si
bungkus.
Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi
Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit, ireng,
kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka.
Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus
dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun.
Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan
daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara Narada Si Bungkus tumakon marang Sang
Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi
sejatine putra kapindho ratu ing Amarta Prabu
Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning
dewa sira kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi
tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking Tasikmadu kang nyuwun senjata
pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken raja
raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta
lan Kala Ranu. Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan
saking raseksi wau nyawiji marang Raden Bratasena, inggih
punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
Bausastra : Link Youtube
Pembelajaran
Arsa : diarep-arep
Bucal : dibuwang
Duhkita : sedhih https://www.youtu
Kagyat : kaget
be.com/watch?
v=FHOJnPVwwOo
Latiyan Soal
1. Sapa iku Bima Bungkus ?
2. Apa alur sing digunakake sajrone crita Mahabatara (Bima
Bungkus) kasebut ?
3. Sebutna paraga uga jlentrehna watake para paraga crita
Mahabatara (Bima Bungkus) ?
4. Jlentrehna apa wae amanat kang bisa dijupuk saka crita
kasebut !
5.Tulisen maneh crita Mahabatara (Bima Bungkus) kanthi
ringkes gunakake basamu dhewe !
Refleksi
1. Apa wae sing kok mangerteni saka materi wayang
kasebut ?
2. Apa wae sing kok mangerteni saka unsur sajrone crita
wayang ?
3. Kepriye anggomu jupuk pesen moral sing saka
kesenian wayang iki ?
Ringkesan
Wayang yaiku seni tradisional kang asale saka Indonesia sing
ngrembaka ana tlathah Jawa nganti Bali. Unsur-unsur sajrone
carita wayang ana loro yaiku unsur intrinsik (tema, praga,
pamaragan, alur, latar, sudhut pandhang, amanat) lan unsur
ekstrinsik. Crita Mahabharata (Bima Bungkus) nyritakake ngenani
putrane Pandu lan Dewi Kunti kang duwe anak nomer loro kang
laire wujude bungkus. Saking rosane bungkus kasebut para
Kurawa ora bisa mecah. Banjur bungkus bayi kasebut diguwak
menyang alas Krendawahana. Ing salah sawijine dina Batara Guru
nyeluk Gajahsena putrane kang sejatine manungsa supaya bisa
mecah bungkus kasebut. Bungkus kasebut bisa kabukak ning
Gajahsena sirna. Salah sawijine dina Si Bungkus takon Sang
Kabayandewa ngenani sejatine dheweke sapa. Unsur crita wayang
yaiku ana unsur Intrinsik tema, alur, latar, penokohan, sudut
pandang lan amanat. Banjur ana unsur ekstrinsik yaiku latar
belakang, kahanane pengarang, lan kahanan masyarakat.
Uji Kompetensi Wulangan I
A. Pilihen soal ing ngisor iki !
1. Miturut sejarahe, wayang kang asale saka negara manca iku,
dianggit luwih ngrembaka lumantar kaprigelan lan kawicaksanane....
a. para Wali kang nyebarake kabudayan lan agama
b. para orientalis walanda wiwit abad 19 lan abad 20
c. para sarjana kesenian lan kabudayan kang kreatif
d. para sutrsna kabudayan Jawa kareben lestari
e. para Dhalang minangka sarana golek pangupa jiwa
2. Wayang sing digawe asale saka kayu kang awujud telu dimensi
yaiku....
a. wayang purwa
b. wayang golek
c. wayang wong
d. wayang kulit
e. wayang klitik
3. Sajrone wayang kulit bahan utama sapa gawene yaiku saka kulit.
Banjur kulit apa sing di gawe....
a. sapi lan wedhus
b. pithik lan kebo
c. kebo lan sapi
d. wedhus lan kebo
e. babi lan macan
4. Crita wayang sing ana neng Indonesia bisa disebut....
a. wayang Jawa
b. wayang Cina
c. wayang Mahabarata
d. wayang India
e. wayang Ramayana
5. Wong sing ana sajrone crita wayang miturut unsur crita yaiku....
a. paraga
b. pamaragan.
c. wayang
d. bima
e. alur
6. Lumakune crita sing yritakake kedadeyan jaman biyen di arani....
a. alur maju
b. alur mundhur
c. alur campuran
d. konflik
e. latar
7. Pamargan yaiku....
a. karaktere paraga
b. sing dadi paraga
c. isi sajrone crita
d. panggonane crita
e. jenise paraga
8. Sapa paraga utama kang ana sajrone wacanan ing dhuwur....
a. Arjuna
b. Bima
c. Pandudewanata
d. Dewi Kunti
e. Gajah Sena
9. Putrane sapa BIma....
a. Dasamuka
b. Dewi Arimbi
c. Puntadewa
d. Pandudewanata
e. Dursasana
10. Sapa sing bisa bukak bungsuk bayi kasebut....
a. Kurawa
b. Pandu
c. Gajah Sena
d. Resi
e. Dewi Umayi
B. Isinen soal neng ngisor iki !
1.Apa sing diarani wayang ?
2.Ana pira jenise wayang, banjur jelasna ?
3.Sebutna unsur kang ana sajrone crita !
4.Analisisen crita "Bima Bungkus" gunakake unsur ekstrinsik !
5. Amanat apa kang ana crita "Bima Bugkus" ?
Dhaptar Pustaka
Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa. Jawa Timur : Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur.
https://www.mindmeister.com/2033320436/unsur-unsur-cerita-wayang
https://www.kompas.tv/article/233009/mengenal-jenis-jenis-wayang-
berdasarkan-bahan-pembuatannya
P. Ardhi, Yogyasmara. 2010. Wayang Kulit sebagai Media Dakwah.
Jakarta:UIN Syarif Hidayatullah Jakarta.
Suparno, Darsia. 2015. Film Indonesia "Do'a untuk Ayah" Tinjaua Unsur
Intrinsik dan Ektrinsik. Jakarta : UIN Syarif Hidayatullah